Anda di halaman 1dari 11

Materi Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 2

Kereta basa Kereta basa; Kerata basa yaiku negesi tembung saka wandane
(mengartikan kata dilihat dari suku katanya/makna kata dari
penjabaran kata asalnya).
Contone
1. Piring = sepine yen miring.
2. Tebu = antebing kalbu.
3. Cengkir = kencenging pikir.
4. Gedhang = digeged bubar (lebar) madhang.
5. Kupluk = Kaku nyempluk.
6. Kaji = tekade mung siji.
7. Maling = Njupuk ngamale wong sing ora eling.
8. Sopir = yen ngaso banjur mampir.
9. Sekuter = sedheku nanging banter.
10.Krikil = keri ing sikil.
11.Suruh = kesusu weruh.
12.Wedang = ngawe kadang.
13.Tuwa = ngenteni metune nyawa.
14.Sruwal = saru yen uwal.
15.Kotang = sikute diutang.
16.Kuping = kaku njepiping.
17.Sindur = isin yen mundur.
18.Simah = isine omah.
19.Guru = digugu lan ditiru.
20.Ukir = ukurane pikir.
21.Bocah = mangane kaya kebo pegaweyane ora kecacah.
22.Prawan = yen pepara (dolan) wayah awan.
23.Kursi = yen diungkurake banjur isi.
24.Andhong = anake supaya gelis nggendhong.
25.Setir = senajan singset tetep bisa muntir.
26.Garbu = yen ora mbegar ora bisa mlebu.
27.Mantu = dieman-eman meksa metu.
28.Kathok = diangkat baka sithok.
29.Ruji = diruru siji-siji.
30.Buta = kalbu sing ora ditata.
31.Anak = karep apa-apa kudu ana lan nak
32.Bapak = bap apa-apa pepak
33.Batur = embat-embating tutur
34.Bocah = yn mangan kaya kebo, penggawyan ora kecacah
35.Brekat = didlh mak breg terus diangkat
36.Cangkem = yn ora dicancang ora mingkem
37.Cangkir = kanggo nyancang pikir
38. Cengkir = kenceng pikir
39. Dsmber = gedh-gedhn sumber
40. Dongeng = dipaido ora mngng
41. Garwa = sigaran nyawa
42. Gedhang = digeget bar madhang
43. Gusti = bagusing ati
44.Januari = udan saben arikaji
45.Kathok = diangkat sitok-sitok
46.Kodhok = tka-tka ndhodhok
47.Krikil keri = nang sikil
48.Kupluk = kaku nyempluk
49.Kursi = yn diungkurak banjur isi
Jenising layang Jenising layang;
1. Layang biwara (surat kabar, surat laporan)
2. Layang iber-iber (surat kiriman)
3. Layang dhawuh (surat perintah)
4. Layang lelayu (surat kematian)
5. Layang kitir (surat singkat / cekak aos)
6. Layang ulem (surat undangan)
Perangane layang Perangane layang
1. Satata Basa : Alamate layang bisa katulis pojok tengen utawa kiwa
ing dhuwur.
Tuladha :
Katur
Bapak/Ibu Guru
SD Negeri Salatiga 06
Salatiga
2. Adangiyah (Salam pambuka/salam taklim) : Tembung pamuji rahayu
upamane :
a. Assalamualaikum Wr.Wb.
b. Rinengga sugenging pakurmatan.
c. Tansah winantu suka basuki.
d. Katentreman lan karahayon
e. Winantu ing bagya mulya.
f. Sembah sungkem.
g. Ingkang sembah pangabekti.
3. Purwaka (Pambuka layang) : Nelakake kabar kaslametane kang kirim
layang lan pangareparep supaya kang dikirimi uga slamet.
Tuladha :
Ingkang sembah pangabekti.
Sesarengan surat menika ingkang putra ngaturi kabar, bilih bapak lan
ibu saha adik-adik pinaringan wilujeng. Ingkang kula suwun Pak Dhe
lan Bu Dhe inggih semanten ugi.
4. Surasa Basa : Isine layang, kekarepane layang.
Tuladha :
Pak Dhe lan Bu Dhe, benjang liburan tanggal 20 Mei 2013 liburan
semester 2 , kula badhe liburan dateng dalemipun Pak Dhe lan Bu Dhe
kaliyan adhik-adhik. Dene menawi Pak Dhe lan Bu Dhe kagungan
wekdal kula dipunteraken dateng Owabong.
5. Wasana Basa (Panutup layang) : Pungkasaning layang, tuladhane :
a. Cukup semene dhisik liya wektu disambung maneh.
b. Wasana cekap semanten menawi wonten kelepatan atur kuala
nyuwun pangapunten.
c. Cukup semene dhisik layangku, aku nunggu layang balesanmu.
Matur nuwun.
6. Titi Mangsa (Papan lan titi mangsa) : Nelakake wektu panulisaning
layang.
a) Salatiga, 8 April 2013
7. Peprenah : Asale layang saka sapa tuladha :
a. Saking ingkang putra
b. Bapakmu ing omah
c. Adhimu saka paran, lsp
8. Tapak Asma/Tandha Asma : Tanda tangan kang gawe layang.
9. Asma Terang : Asma terang sing gawe layang.
Tembung Lingga Lan 1. Tembung Lingga (Kata Dasar)
Tembung Andhahan Tembung lingga yaiku tembung kang durung owah saka asale, kang
durung oleh imbuhan apaapa, utawa tembung kang isih wungkul, isih
wantah utawa isih asli. Tembung lingga isoh digolongake wujud bebas
(bentuk bebas). Tembung lingga ana kang dumadi saka sakwanda, rong
wanda, utawa telung wanda (suku kata).
Tuladha :
Turu
Tangis
Pari
Pangan
Mustaka
Tulis
Laku
Caping
kramas
adus
lukis
2. Tembung Andhahan (Kata jadian)
Tembung andhahan yaiku tembung kang owah saka asale. Tembung
andhahan dumadi saka tembung lingga kang oleh imbuhan utawa
tembung lingga kang wis dirimbag. Owahowahan iku bisa awujud :
Wuwuhan (imbuhan)
Ngrangkep tembung (kata ulang)
Nyambor tembung (kata majemuk)
Salah sawijini cara ndhapuk tembung andhahan iku kanthi menehi
wuwuhan, wuwuhan iku ana telu yaiku : ater-ater (awalan), seselan
(sisipan), lan panambang.
a. Ater Ater (awalan),
Tembung andhahan amarga oleh ater ater umpamane :
Nyilih : ny- + silih
Mlaku : m- + laku
Diwaca : di- + waca
Kesandhung : ke- + sandhung
Dakjupuk : dak- + jupuk
b. Seselan(sisipan)
Tembung andhahan amarga seselan umpamane :
Gumuyu : um + guyu
Tinulis : in + tulis
Kerelip : er + kelip
c. Panambang (akhiran)
Tembung andhahan amarga oleh panambang umpamane :
Telatan : telat + -an
Awake : awak + -e
Bukuku : buku + -ku
Tulisen : tulis + -en
d. Wuwuhan Gabung
Tembung andhahan amarga oleh wuwuhan gabung umpamane :
Digawakake : di- + gawa -ake
Njupaki : n- + jupuk -i
Nilisaka : n- -ake
TEMBUNG SAROJA Tembung saroja yaitu tembung rangkep kang tegese meh pada.( dua kata
yang mempunyai arti sama)
Contone :
a) Sato kewan = bermacammacam hewan
b) Tangga teparo = tetangga
c) Welas asih = belas kasih
d) Adap asor = rendah hati
e) Ayem tentrem = senang bahagia
Tuladha :
1.Sajake warga desa padha katon ayem tentrem lan sayuk rukun mbangun
desa.
Ayem = tentrem
Sayuk = rukun
2.Susilowati olehe mlaku gandheng renteng karo kancane
Gandheng = renteng
3.Paseduluran katon guyub rukun
4.Yen ana bot repote aja pisanpisan sambat aku
5.Raden Gatut kaca iku satriya Sekti mandraguna
6.Lungguha kang becik aja jejel riyel mangkono kuwi
Iki wadi temenan suket godhong aja nganti krungu.
Tembung Entar Tembung Entar yaiku tembung kang nduweni teges dudu sabenere
utawa wantah. Tembung Entar uga diarani tembung silihan (kata
kiasan). Tuladha :
1. Dawa tangane = seneng njupuk barange liyan
2. Lunyu ilate = mencla-mencle omongane
3. Jembar segarane = gampang manehi pangapura
4. Adol bagus = pamer bagus / kemayu
5. Rai gedheg = ora ana isin nang uwong
6. Lobok atine = sabar
7. Nganakake dhuwit = dhuwit dibungai
8. Adus kringet = nyambur gawe rekasa banget
9. Ngangsu kawruh = meguru
10.Padhang ulate = sumeh / ngguyuan
11.Nandur kabecikan = nggawe kabecikan
12.Entheng tangane = seneng tandhang nggawe
13.Abang kupinge : nesu banget
14.Abang-abang lambe : ora temenanan
15.Baling liring : nglirik mripat
16.Bening atine : sumeh
17.Cancut taliwanda : tandang gawe
18.Cupet atine : gampang nesu
19.Dadi gawe : ngrepotake
20.Gadho ati : gawe susah ati
21.Jembar kaweruhe : akeh ngelmune
22.Kuwat drajad : cocok dadi pemimpin
23.Lara ayu : lara cacaren
24.Mata dhuwitan : srakah marang dhuwit
25.Padhang dalane : mlebu surge
26.Udan tangis : akeh sing padha nangis
27.Mogel ilate : mangan sing sarwa enak
Sanepa Sanepa tegese unen-unen bangsane pepindhan lan ajeg panganggone
ngemu surasa mbangetake nanging nganggo tembung sing tegese kosok
baline karo karepe.
Tuladha:
a. Arang kranjang : kerep banget
b. Arang wulu kucing : akeh banget
c. Arum jamban : banger/mambu banget
d. Pait madu : legi banget
e. Atos debog : empuk banget
f. Jero tapak meri : cethek banget
g. Abang dluwang : pucet banget
Unsur Intrinsik 1. Paraga Utama
Bacaan Paraga sing nduweni sesambungan karo kedadean crita sing paling
akeh.
2. Paraga Tambahan
Paraga sing kanggo geganep crita utawa paraga sing arangarang
sesambungan karokedadean crita.
3. Paraga Protagonis
Paraga sing pakartine utama.
4. Paraga Antagonis
Paraga sing pakartine ala.
5. Alur
Urut urutane kedadean sing ana ing crita, alur ana sing maju, mundur
lan campuran.
6. Latar panggonan
Samubarang sing nggambarake papan kedadean crita. Tuladha: Ing Alas,
Ing desa, ing omah, lsp
7. Latar wektu
Wektu sing nggambarake kedadean iku dumadi. Tuladha : biyen, dhek
semana, jam, dina, sasi, lsp.
8. Tema
Bakune crita utawa bab sing wigati utawa sing akeh karembug ing crita.
9. Watake paraga
Sipatsipat kang diduweni saben paraga ing crita.
10. Amanat
Pesan moral utawa piwulang becik saka crita
Macapat Macapat; artine maca papat-papat.
Macapat ana 11;
1. Mijil : tresna marang pepadha, prihatin, pituthur
2. Kinanthi : seneng, tresna
3. Sinom : ethes
4. Asmaradana : susah, seneng
5. Dhandhanggula : luwes
6. Gambuh : sumanak, sumadulur
7. Maskumambang : nelangsa
8. Durma : nesu, mangkel
9. Pangkur : kereng, nepsu
10. Megatruh : susah, prihatin, getun
11. Pocung : gregetan, kendho
Guru Gatra, Guru Macapat adalah tembang atau puisi tradisional Jawa.
Wilangan lan Guru Guru gatra adalah jumlah baris dalam tembang macapat
lagu tembang Tuladha :
Perhatikan contoh tembang macapat Mijil di bawah ini:
Payo kanca bareng ngudi ngilmi Baris ke-1
Mumpung isih enom Baris ke-2
Ja katungkul gegojegan wae Baris ke-3
Bapak ibu guru wus maringi Baris ke-4
Kawruh kang sayekti Baris ke-5
Agung gunanipun Baris ke-6
Berdasarkan contoh Mijil di atas maka: Guru gatra berjumlah 6
Guru wilangan adalah jumlah suku kata dalam tembang macapat.
Tuladha :
Pa-yo -kan-ca- ba-reng- ngu-di -ngil-mi = 10
Mum-pung i-sih e-nom = 6
Ja- ka-tung-kul -ge-go-je-gan-wa-e = 10
Ba-pak- i-bu- gu-ru- wus-ma-ri-ngi = 10
Kaw-ruh -kang- sa-yek-ti = 6
A-gung- gu-na-ni-pun = 6
Guru lagu adalah jatuhnya suara di akhir baris tembang macapat.
Guru Lagu :
Payo kanca bareng ngudi ngilmi = i
Mumpung isih enom = o
Ja katungkul gegojegan wae = e
Bapak ibu guru wus maringi = i
Kawruh kang sayekti = i
Agung gunanipun = u
Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu tembang macapat
Sekar Macapat
Sekar Macapat Guru Guru wilangan Guru lagu
gatra
Mijil 6 10, 6, 10, 10, 6, 6 i, o, e, i, i ,u
Sinom 9 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 a, i, a, i, i, u ,a ,i,
a
Dhandhanggula 10 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, i, a, e, u, i, a, u ,a
12, 7 ,i, a
Kinanthi 6 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8 u, i, a, i, a, i
Asmarandana 7 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8 a, i, e, a, a, u, a
Durma 7 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7, a, i, a, a, i, a, i
Pangkur 7 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8, a, i, u, a, u, a, i
Maskumamban 4 12, 6, 8, 8 i, a, i, a, a
g
Pucung 4 12, 6, 8, 12 u, a, i, a
Gambuh 5 7, 10, 12, 8, 8 u, u, i, u, o
Megatruh 4 12, 8, 8, 8, u, i, u, i, o
Peribahasa Bahasa Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake
Jawa anake
Polahe anteng kitiran; bocah akeh polahe.
Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran
Sadumuk bathuk sanyari bumi = pasulayan dilabuhi toh pati
Kejugrukan gunung madu = nemu kanugrahan.
Arane Turunan, Arane Kendahana-kendhani : anak 2 lanang, wadon
Anak Wong Kendhini, kendhaha : anak 2 wadon, lanang
Ontang-anting : anak 1 lanang
Unting-unting : anak 1 wadon
Uger-uger lawang : anak 2 lanang
Kembang sepasang : anak 2 wadon
Cukil dulit : anak 3 lanang
Gotong mayit : anak 3 wadon
Saramba : anak 4 lanang
Sarampi : anak 4 wadon
Pandhawa : anak 5 lanang
Pancagati : anak 5 wadon
Contoh tembang Kinanthi
kinanthi lan mijil Kabeh kudu nuntut ilmu ( 8u )
Kanggo pedomane urip ( 8i )
Ing donya lan ing akhirat ( 8a )
Kehe ilmu dingantosi ( 8i )
Mula akeh keuntungan ( 8a )
Lan ketentremaning urip ( 8i )
MIJIL
Golek ilmu nganti luar Negri ( 10i )
Golek podo podo ( 6o )
Ilmu iku penting kanggo kabeh (10e )
Ilmune digowo sampek mati ( 10i )
Lan guna ing akhir ( 6i )
Ayo nuntut ilmu ( 6u )
Ayahane tembung/ Ayahane tembung kalau dalam Bahasa Indonesia adalah Jabatan
Ngudal ukara Kalimat.
Ateges ngudal ukoro manut ayahane tembung kanggo nggoleki
perangane ukoro sing diarani
1. Jejer /Subyek,
2. Wasesa/predikat,
3. Lesan / obyek
4. katerangan
Tuladha :
a) Comil //adus // kali
Jejer wasesa lesan
b) Wily // linggih// jejer bolong.
Jejer wasesa lesan
c) Bocah-bocah//ngedegake//tendha//ing sacedhake grojogan
Jejer wasesa lesan katrangan panggonan
d) Kurbane//ditulungi//para petugas//esuk mau
jejer wasesa lesan katrangan wektu
e) Wetenge Sari//diblonyohi//minyak kayu putih// Supaya ora masuk angin
jejer wasesa lesan katrangan Tujuwan
d. Dhik Rini//disuntik//Pak Mantri//Jalaran lara weteng
Jejer wasesa lesan katrangan Sebab
e. Mas Bayu//ngethoki//kayu//nganggo arit.
Jejer wasesa lesan katrangan piranti
f. Masyarakat lan petugas//nulungi//para kurban
Jejer wasesa lesan
Artine tembung 1. Dhuwur kenchur; cendhek banget.
2. Nglemah bengkah; nela-nela/nyela-nyela.
3. Gemi, nestiti lan ngati-ati.
4. Welas asih.
Aksara lan Angka Jawa Huruf Dasar (Aksara Nglegena) Aksara Nglegena adalah aksara inti yang
terdiri dari 20 suku kata atau biasa disebut Dentawiyanjana

Aksara Pasangan Huruf Pasangan (Aksara Pasangan)


Aksara pasangan dipakai untuk menekan vokal konsonan di
depannya. Misal, untuk menuliskan mangan sega (makan nasi) akan
diperlukan pasangan untuk se agar n pada mangan tidak bersuara.
Tanpa pasangan s tulisan akan terbaca manganasega (makanlah nasi).
Berikut daftar Aksara Pasangan:
KETERANGAN:

1. Pasangan aksara yang ditulis sejajar dengan aksara jawa ada 3:

2. Pasangan aksara yang ditulis sejajar dan dibawah aksara jawa hanya ada satu:

Aksara Murda Huruf Utama (Aksara Murda)


Aksara Murda yang digunakan untuk menuliskan awal kalimat dan kata
yang menunjukkan nama diri, gelar, kota, lembaga, dan nama-nama lain
yang kalau dalam Bahasa Indonesia kita gunakan huruf besar.
Berikut Aksara Murda serta Pasangan Murda:

Aksara Swara Huruf Vokal Mandiri (Aksara Swara)


Aksara swara adalah huruf hidup atau vokal utama: A, I, U, E, O dalam
kalimat. Biasanya digunakan pada awal kalimat atau untuk nama
dengan awalan vokal yang mengharuskan penggunakan huruf besar.

Sandhangan Huruf vokal tidak mandiri (Sandhangan) Berbeda dengan Aksara Swara,
Sandangan digunakan untuk vokal yang berada di tengah kata,
dibedakan termasuk berdasarkan cara bacanya.
Tuladha :
Wignyan: diberi imbuhan
h (contoh: gajah),
Cecak: diber imbuhan ng
(contoh: layang),
Layar: diberi imbuhan r
(contoh: bubar),
Pangku: untuk
mematikan huruf akhir
(contoh: mangan).

Pratandha Tanda Baca (Pratandha)


Dalam penulisan kalimat dalam Aksara Jawa dibutuhkan pula
pembubuhan tanda baca, yang berbeda-beda dalam penggunaannya.
Aksara Wilangan

PARIBASAN a) Adigang, adigung, adigunaNgandelak kakuwatan, kaluhuran, lan


(PERIBAHASA JAWA) kapinteran.
Mengandalkan dan mengaplikasikan kekuatannya, kekuasaannya
dan kepandaiannya. Bathok bolu isi maduWong asor nanging sugih
kapinteran.
Orang biasa (bukan pejabat) tapi memiliki Banyak ilmu (para kiyai
pondok pesantren yg berilmu shg banyak santri yang datang untuk
belajar)
b) Becik ketitik ala ketara becik lan ala bakalan ketara ing mburin
Baik dan buruk akan ketahuan pada akhirnya, meskipun
dirahasiakan. Misalnya: Para pejabat yang korupsi akhirnya ditangkap
KPK (Gayus, Dana, Angelina, Nazarudin, siapa lagi,,,?)
c) Dhemit ora ndulit, setan ora doyanTansah diparingi slamet ora ana
kang ngrusuhi
Selalu diberi keselamatan tidak ada aral melintang. Misalnya: Kancil
dalam dongeng, selalu selamat meskipun mengorbankan yang lain.
d) Emban cindh emban siladan Pilih kasih ora adil
Melakukan diskriminasi atau pilih kasih dan tidak adil dalam
bersikap. Misalnya: pada jaman orde baru ada diskriminasi antara
pribumi dan non pribumi, agama kong hucu dan agama yang diakui di
Indonesia. Sekarang tidak lagi ada atas jasa Gusdur.
e) Enggon welut didoli udhet Panggon wong pinter dipameri kapinteran
sing ora sepirowa
Bagaikan menggarami lautan. Orang yang belum banyak
pengalaman tapi berlagak di depan pakar.
f) Gupak pulut ora mangan nangkan Mlu rekasa nanging ora mlu
ngarakak kepnak
Ikut sengsara dalam perjuangan tapi tidak ikut menikmati hasilnya.
Misalnya nasib para Veteran (pejuang) yang sekarang mencari nafkah
hanya dengan menjual kalender.
g) Jer Basuki mawa ba Samubarang gegayuhan mbutuhak wragat
Jika ingin sukses harus mau membayar harganya atau menanggung
biayanya.
h) Kacang ora ninggal lanjaran Anak niru wong tuwan
Kepribadian anak akan meniru orang tuanya, As the tree so the
fruit. Jika orangtuanya cerdas biasanya anak juga ada potensi cerdas.
i) Kaya banyu karo lenga Wong kang ora bisa rukun
Tidak bisa damai, misalnya anjng dan kucing, kucing dan tikus, Iran
dan AS.
j) Kebo nusu gudl wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
Orang tua minta belajar sama anak muda. Misalnya: sekarang ini
banyak ustadz muda yg mengajar pada jamaah bapak-bapak atau ibu-
ibu.
k) Kegedhen empyak kurang cagak Kegedhn kakarepan nanging kurang
sembada
Banyak kemauan tapi tidak mau berusaha keras. Apa daya ungkin
kurang fasilitas, maka usahanya harus lebih keras lagi.
l) Kuthuk marani sunduk Ula marani gepuk Marani bebaya
Mencoba mendekati bahaya. Sudah tahu kalau demo yang anarkis
itu berbahaya, jangan dekat-dekat bisa kena bacok atau peluru nyasar.
Sebaiknya di rumah saja nonton berita demo di TV.
m) Maju tatu mundur ajur Prakara kang sarwa pakwuh
Bagaikan makan buah simalakama, bila dimakan rasanya pahit bila
tidak dimakan kelaparan, jadi serba tidak enak.
n) Nabok Nyilih tangan Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
Berbuat jahat dengan menyuruh orang lain. Misalnya menyewa
pembunuh bayaran, menyanthet melalui dukun.
o) Sapa Sing salah bakal slh Sapa sing salah bakal konangan
Barang siapa yang bersalah akan ketahuan juga.
p) Tumbak cucukan Wong kang seneng adu-adu
Orang yang suka mengadu-adu, Misalnya AS dan Israel, untuk
melemahkan Umat Islam selalu mengadu-adu antara umat Islam
Sunnah dan Syiah.
q) Tulung Menthung ditulungi malah ngrusuhi
Habis ditolong bukannya berterima kasih tapi malah merugikan si
penolong. Misalnya anak yang diongkosi belajar ternyata malah
terjerumus narkoba sehingga orangtuanya berantakan.
r) Wiwit kuncung nganti gelung Wiwit cilik nganti tuwa
Dari kecil hingga dewasa.

Anda mungkin juga menyukai