Anda di halaman 1dari 7

 Gambuh ateges jumbuhaken (nggambuhi

ateges nglarasaken), tegesipun ing gesang

bebrayan kita kedah jumbuhaken ing kahanan.


 Guru wilangan : 7, 10, 12, 8, 8

 Guru lagu : u, u, I, u, o

 Guru gatra : 5
watake tembang gambuh kui sumanak
sumadulur cocok kanggo paseduluran.
Tembang gambuh mbok menawa pancen
kebak ing pitutur. Pitutur kang nggiring
manungsa supaya eling marang tumindak-
tumindake.
 Miturut maknane, tembang Gambuh iku nggambarake watak
pawongan kang ngancik dewasa utawa pribadii kang sansaya
dewasa, mula isa njumbuhake kabutuhan lair lan batin, kluwarga
lan masarakat, pribadi karo Gusti. Tembang iki menehi pitutur,
anggenah-nggenahake utawa tansah menehi pangerten.
Tuladhane Pancen lumrahe piyayi sepuh tansah isa njumbuhake
panguripane lan seneng aweh pitutur marang anak putu, patrap
lan pangucap isa nyawiji, panguripane ayem tentrem lan ora bot
sisih. Makna sawijine sawise omah-omah kudu padha ngertine,
asah asih asuh marang sawenehe kabutuhan, tanggung jawab lan
perkara ing sajroning kluwarga kang saya abot lan maneka warna.
 Sekar gambuh ping catur
tembang gambuh keempat
 Kang cinatur polah kang kalantur
sing diomongne babagan prilaku kang klewatan
 Tanpa tutur katula-tula katali
tanpa nasehat bakal cilaka/ sengsara
 Kadaluwarsa katutuh
kebacut dadi pakulinan ala
 Katutuh pan dadi awon
pakulinan ala bisa dadi ala
1. Gaweya tuladha tembang Gambuh kang surasane

“pitutur becik”!nganggo ukarane dewe?

2. Artine saben larik lan kesimpulane??

3. Jlentrehna pathokane tembang gambuh?

4. Kelompok 1 tembang anggota 2 siswa atau

siswi?

Anda mungkin juga menyukai