Anda di halaman 1dari 12

Assalamualaikum Wr. Wb.

Apa kabar anak pintar?


Bahasa jawa
KD. 3.8
Wulangan 5 “ Katulusan”

A. Nyemak Crita Rakyat


Rungokno crita ing ngisor iki kang diwaca dening kancamu!
Meguru
Ki Ageng Pengging kagungan putra siji yaiku Karebet
.Eman dene isih cilik karebet wis lola.Nyi ageng Tingkir
bareng krungu pawarta menawa Ki Ageng Pengging lan Nyi
Ageng wis padha tinggal Donya,sakala eng Pengging
kagungan putra siji yaiku atine prihatin banget.Nyi Ageng
Tingkir nuli budhal menyang Pengging. Sedyane mupu anak
Mas Karebet.
Mas karebet kaboyong menyang Tingkir. Ana ing Tingkir Mas Karebet dadi bocah lantip
trapsila lan ora urakan. Mas Karebet manut menyang Ki Ageng Tingkir malah taberi
mbiyantu Nyambut gawe . Saya gedhe Mas Karebet katon saya bagus rupane dhemen
tetulung ,dheweke kondhang ing saindenge Tingkir mula banjur katelah jeneng Jaka
Tingkir.

Jaka Tingkir seneng ngumbara ,Njajah desa milang kori ,munggah gunung
mudhun jurang .yen ditakoni apa sedyane ,wangsulane kepingin sekti mandra guna.

Jaka Tingkir tinampa dadi muride Ki ageng Sela . Saben dina tansah diwulang
ngelmu werna- werna. Ki Ageng resep banget nyawang Jaka Tingkir ,dhasar bagus
rupane ,ganep tata kramane tur lantip pikirane

Ki Ageng Sela aweh pitutur marang Jaka Tingkir “Kowe ngawula marang
kasultanan Demak”
B. Negesi Tembung
No. Tembung saka teks wacan Tegese
1. kagungan duwe
2. pawarta kabar
3. Tinggal donya mati
4. lola Ora duwe bapak ibu
5. mupu ngepek
6. Lantip pinter
7. taberi sregep
8. kondhang kawentar
9. aweh paring
10. pitutur Pepeling/nasehat
Isenana ceceg-ceceg ing
ngisor iki

1. Ki Ageng Pengging kagungan putra siji yaiku….

2. Eman dene isih cilik karebet wes lola. Lola tegese….

3. Nyi Ageng Tingkir nuli budhal menyang Pengging,sedyane

mupu anak mas karebet .Mupu tegese….


4. Ana ing Tingkir Mas Karebet dadi bocah lantip ,trapsila lan ora

lan ora urakan . Lantip tegese….

5. Ki Ageng Sela aweh pitutur marang Jaka Tingkir “ Kowe ngawula

marang Kasultanan ….
KITA KOREKSI JAWABMU YUK!

1. Ki Ageng Pengging kagungan putra siji yaiku Karebet


2. Eman dene isih cilik karebet wes lola. Lola tegese ora
duwe bapak ibu
3. Nyi Ageng Tingkir nuli budhal menyang
Pengging,sedyane mupu anak mas karebet .Mupu
tegese ngepek
4. Ana ing Tingkir Mas Karebet dadi bocah lantip ,trapsila
lan ora urakan . Lantip tegese pinter
5. Ki Ageng Sela aweh pitutur marang Jaka Tingkir “ Kowe
ngawula marang Kasultanan Demak

4.
Tembung Camboran

Tembung Camboran yaiku tembung loro


utawa luwih sing dienggo bebarengan.

Tembung camboran kaperang dadi loro yaiku :


1. Tembung camboran wutuh
Tegese tembung sing dicambor arupa
arupa tembung wutuh

Tuladha :. nagasari , madu mangsa, papan


tulis , kacamata, bapa biyung, piring beling

2. Tembung camboran wancahan


tegese tembung sing disuda wandane
(suku katane )salah siji utawa kabeh

Tuladha : Bangjo( abang ijo), lunglit ( balung


kulit ), Bulik ( ibu cilik), Pakdhe (bapak gedhe)
Ayo kita isi sesarengan

1. Barbeh ( bubar kabeh ) = Tembung camboran ……


2. Madu mangsa = Tembung camboran …..
3. Jiro ( siji loro ) = Tembung camboran …..
4. Lunglit ( balung kulit ) = tembung camboran….

5. Nagasari = Tembung camboran …..


KITA KOREKSI JAWABMU YUK!

1. Barbeh ( bubar kabeh ) = Tembung camboran


wancahan
2. Madu mangsa = Tembung camboran wutuh
3. Jiro ( siji loro ) = Tembung camboran wancahan
4. Lunglit ( balung kulit ) = tembung camboran
wancahan

5. Nagasari = Tembung camboran wutuh


TUGAS DI RUMAH

1. Jawablah pertanyaan pada LKS Bahasa jawa


halaman 11 Romawi I dan II !
Alhamdulillah pelajaran pada hari ini setah usai.
Sekarang saatnya kita akhiri dengan membaca
hamdallah.

TERIMAKSIH DAN SEMOGA BERMANFAAT


Sampai jumpa di pembelajaran berikutnya ya
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai