Anda di halaman 1dari 5

KD 3.1 Memahami wacana yang memuat paribasan dan tembung entar.

Wacanen kanthi tliti!

GEDHE TEKADE

Nuju wayah sore, Bima matur marang bapake, ”Pak, kula nyuwun benjang anggenipun bidhal sekolah,
kula badhe nyepedha piyambak. Prelunipun kula mboten ngrepotaken Bapak.”

Bapak wangsulan, “Aku mathuk, Bim. Nanging apa kowe wis wani numpak sepedha dhewe tekan
sekolahan? Aku isih kuwatir, saiki dalane rame.”

Bima matur. “Wantun pak, saking ngriki kancanipun kathah. Bapak sampun kuwatos, kula badhe ngatos-
atos.”

Bapak ngendika, “Wah aku sarujuk, Bim. Aku ora ngiro kowe wis thukul pikire. Sesuk dak tukokake
sepedha anyar. Sepedhamu kae wis rusak.”

Bima matur, “Boten kemawon Pak. Sepedha punika kemawon dipundadosaken. Artanipun saking
celengan kula.”

Bapak mangsuli, “Kowe kok gemi, Bim. Tegese gemi, ngati-ati anggone ngecakake dhuwit.”

Ibune krungu rembuge Bima karo Bapake. Ibune ngendika, “Bim, ya bocah kaya kowe kuwi kena
diparibahasanke opor bebek mateng awake dhewek, tegese bisa mentas saka daya rekane dhewe.”

Pitakon-pitakon iki wangsulanan manut isining wacan!

1. Kapan Bima matur marang Bapake? …

2. Bima matur kepriye marang Bapake? …

3. Genea Bima kepengin numpak sepedha dhewe? …

4. Genea Bapake kuwatir? …

5. Apa tegese “thukul pikire”? …

6. Saka ngendi dhuwit kanggo dadoske sepedha? …

7. Apa tegese gemi? …

8. Krungu rembuge Bima lan Bapake, Ibune ngendika apa? …

9. Apa tegese “opor bebek mateng awake dhewek”? …

10. Apa tegese “gedhe tekade”? ..


KD 3.2 Memahami unggah-ungguh bahasa untuk menjawab dan mengajukan pertanyaan dengan bahasa
krama.

I. Wenehana tandha ping (X) aksara a,b,c, utawa d ing pratelan sing bener!

1. Tamu : “Kula nuwun”

Tari : “ ……………”

Wangsulane Tari sing bener yaiku ………

a. Ndene c. Mlebu

b. Wonten d. Mangga

2. Simbah : Matur nuwun ya cah ayu, wis ngewangi Simbah.

Utami : …………

Wangsulane Utami sing bener yaiku ………

a. Nggih, sami-sami Mbah c. Yo, sante wae mbah

b. Nggih, siap mbah d. Nggih, ora apa-apa mbah.

3. Nuwun sewu Pak, budhe nembe ………”

a. Adus c. Pakpung

b. Umbah-umbah d. Siram

4. Buku basa Jawa iki regane pira, Mbak? Ukara iku kramane ………
a. Buku basa jawa punika reganipun pinten, Mbak?

b. Buku basa jawi punika regi pinten, Mbak?

c. Buku basa jawi punika reginipun pinten, Mbak?

d. Buku basa jawi iku reginipun pira, Mbak?

5. Sapa durung ngerti tegese RW pitu? Ukara iku kramane ………

a. Pinten dereng mangertos tegesipun RW pitu?

b. Wonten pundi dereng mangertos tegesipun RW pitu?

c. Sinten dereng mangertos tegesipun RW pitu?

d. Sinten dereng ngertos tegese RW pitu?

6. Kang kalebu tembung kriya yaiku ………

a. Meja, watu, lan buku c. Apik, resik, lan ayu

b. Maca, nulis, lan macul d. Siji, loro, lan telu

7. Anggenipun blanja ndhawuhi wayah kemawon, Mbah. Wayah tegese ……

a. Anak c. Ibu

b. Bapak d. Putu

8. Yen matur marang wong tuwa, marang guru utawa marang wong liya kudu nganggo…

a. Basa ngoko c. Basa inggris

b. Basa krama d. Geguyon

9. Bocah sing duwe budi pakerti kang becik yaiku ………


a. Ngajeni marang wong tuwa, guru, lan marang sapadha-padha

b. Ngajeni wong tuwa, nanging ora ngajeni guru

c. Seneng ngelek-elek kanca

d. Seneng tembung ala

10. Yen pinuju arep liwat ing ngarepe wong tuwa sing lagi padha lenggahan, tata kramane ngucapake
………

a. Sugeng rawuh c. Nuwun sewu, dherek langkung

b. Hai mbah d. Halo wong tuwa

KD 4.1 Menyampaikan wacana yang memuat paribasan dan tembung entar.

MITRA KENTHEL

Ing sendhang pinggir Desa Karang Kabulutan ana iwak sing diarani Kolik. Sawijing dina, ana kewan tiba
saka wit krambil merga lara. Kewan mau yaiku Bajing. Bajing nibani Kolik, nanging Kolik ora nesu amarga
duweni ati segara. Bajing tiba amarga lara. Amarga mesakake Kolik kepengin ngewangi Bajing golek
tamba. Bajing nerangake yen tambane yaiku nguntal endhog pitik.

Kolik banjur mubeng pinggir sendhang menawa ana endhog pitik. Jebule ngisor wit randhu pinggir
sendhang ana endhog pitik. Kolik mentas saka banyu banjur mlompat-mlompat ana lemah kanggo
njupuk endhog mau. Sawise endhog dicaplok, Kolik njegur ana sendhang lan endhog pitik mau
ditambakake marang Bajing. Ora let suwe Bajing banjur waras

Tutuge crita samengko genti Kolik sing lara, Bajing kudu golek tamba. Cekaking crita, kolik lan Bajing
olehe kekancan lan paseduluran saya rumaket, mula banjur diarani “Mitra Kenthel”.

I. Pitakon-pitakon iki wangsulanan manut isining wacan!

1. Ana ing ngendi pernahe sendhang ing wacan “Mitra Kenthel” iku? …

2. Sapa sing mapan ana sendhang mau? …

3. Apa tegese “ati segara” ing wacan Mitra Kenthel? …


4. Apa tambane larane Bajing supaya waras maneh? …

5. Kekancan sing rumaket, tansah tulung-tinulung diarani apa? …

II. Ceceg-ceceg iki isenana nganggo tembung sing bener!

6. Wahyu melu kondhangan ana dalemipun Pak Lurah, banjur mogel ilate. Mogel ilate tegese …

7. Wektu ing sekolah, Utomo omong marang Tono arep sinau bareng mengko sore. Sawise wis sore,
Utomo malah dolanan bal-balan. Watake Utomo paribasane …

8. Gareng pancen sugih omong nanging mrantasi. Watake gareng mau paribasane …

9. Rebutan balung tanpa isi tegese ………

10. Bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake. Paribasane ……

KD 4.2 Memahami unggah-ungguh bahasa untuk menjawab dan mengajukan pertanyaan dengan bahasa
krama.

A. Gawea ukara basa krama nganggo tembung:

1. Guru : ………………………………………

2. Wijik : ………………………………………

3. Sinten : ………………………………………

4. Wonten pundi : …………………………..

B. Basana krama ukara ing ngisor iki!

5. Pakdhe lagi lunga menyang Klaten : ……………………

6. Omahe Bu Rini gedhe banget : ……………………

7. Anake Pak Camat pira? : …………………

8. Pak Camat kae duwe anak loro : …………………

9. Siwi sampun bidhal dhateng sekolah. Bidhal tegese ………….……

10. Bu Astuti nembe mriksa tiyang gerah. Tiyang tegese …………

Anda mungkin juga menyukai