Anda di halaman 1dari 4

BAHASA JAWA

Nama Siswa : Hari/Tanggal:

No Absen :

KD 3.1
Wacan kanggo soal nomer 1 – 5
Wacanen kang patitis
Upacara Grebeg Mulud Sekaten
Bawa karo bapak lan ibune plesir menyang Kraton Ngayogyakarta ngepasi ana Upacara Sekaten.
Bawa seneng atine amarga bisa ngerti upacara ritual ing Kraton Ngayogyakarta.
Sanajan dino iku mendhung, ananging acara Grebeg Mulud tetep lumaku lancar. Bawa karo bapak
lan ibune tetep melu nyekseni lumakune Upacara Grebeg Mulud Sekaten.
Kaya adat saben, ing sasi Mulud (Rabiul Awal) taun Jawa, Kraton Ngayogyakarta padha ngadani
sawijining acara tradhisional yaiku kang aran Sekaten. Acara sekaten kasebut diadani kanggo mengeti
wiyose Kanjeng Nabi Muhammad SAW ing tanggal 12 Rabiul Awal.
Acara kasebut duwe maneka rerangken prosesi kang diwiwiti saka tanggal 5 Mulud tekan tanggal
11 Mulud. Dene Grebeg Mulud diadani tanggal 12 Rabiul Awal.
Ing prosesi Grebek Mulud taun iki, kraton gawe gunungan cacah wolu. Kabehing gunungan iku
diarak dening prajurit kanthi rute Plataran Magangan Bangsal Kencana – Plataran Srimanganti – Regol
Brajanala – Siti Hinggil – Pagelaran – Alun-alun Lor. Gunungan kang diarak bakal dirayah, kanggo
ngalap berkah.

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki miturut isining wacan!


1. Apa irah-irahan wacan ung dhuwur?
Jawab: ……………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………
2. Sapa sing mlaku-mlaku menyang Kraton Ngayogyakarta?
Jawab: ……………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………
3. Kapan Upacara Grebeg Mulud Sekaten ditindakake?
Jawab: ……………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………
4. Sapa sing ngarak gunungan ing prosesi Grebeg Mulud?
Jawab: ……………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………
5. Apa pamrihe masyarakat padha ngrayah gunungan kang diarak dening para prajurit?
Jawab: ……………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………

KD 3.2
Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c, utawa d ing sangarepe wangsulan kang bener!
Kanggo soal nomor 6 -7
Kinanthi
Aja pisan demen saguh
Yen tan bisa angklakoni
Yen wis saguh lakonana
Nistha lamun mblenjani
Wong saguh prasasat utang
Utang wajib den sauri
6. Tembang kinanthi ing dhuwur kedadean saka . . . gatra
a. 4 c. 8
b. 6 d. 10

7. Guru lagu lan guru wilangan ing dhuwur . . .


a. 8u, 8i, 8a, 8a, 8i, 8i c. 8u, 8i, 8i, 8u, 8a, 8i
b. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i d. 8u, 8i, 8u, 8i, 8a, 8i
Kanggo soal nomor 8 – 9
Eling-eling lan waspada
Ora perlu ati nglokro
Ora perlu getun lan nggresula
Isih ono dalan dawa

8. Pesen kang kaemot geguritan ing dhuwur iki, yaiku . . .


a. urip ora perlu sedih c. urip liwat dalan dawa
b. urip ora sakarepe dhewe d. urip kudu tansah ngati-ati

9. Ati ora perlu nglokro. Tembung nglokro tegese . . .


a. susah c. seneng
b. semplah d. semangat

10. unen-unen kang dumadi sampiran la nisi diarani . . .


a. bebasan c. parikan
b. paribasan d. cangkriman

11. Sapa sing (thuthuk) kaca candela mau?


Tembung kang ana dikurung rimbage yaiku . . .
a. nuthuk c. thuthuki
b. dithuthuk d. nuthukake

12. Karangan nganggo Basa Jawa kang ora kaiket paugeran diarani . . .
a. bebasan c. parikan
b. geguritan d. cangkriman

Kanggo soal nomor 13 - 15


Udan sawengi natas
Nyirep hawa panas
Banyu terus mili ngebaki kali-kali
Ora ana sing bisa nyegah
Tanggul-tanggul padha bedhah
Banyu wiwit mlebu omah

Wong-wong sing ora dosa


Kudu nandhang sengsara lan cilaka
Kelangan bandha donya
Kelangan raja brana
Uga nyawa

Manungsa padha elinga


Jagad iki kudu dijaga
Aja kok rusak, kok entekna
Marang anak putu ngengehana
Supaya bisa urip tentrem, mulya

13. Nyirep hawa panas. Tegese tembung nyirep yaiku . . .


a. ngleremake c. nggatekake
b. ngenengake d. nyenengake

14. Kelangan raja brana. Tegese tembung raja brana yaiku . . .


a. barang sing didarbeki
b. kewan ingon-ingon sing ngetokake kaya
c. pepinginan sarta kamurkaning ati
d. bandha sarta barang-barang sing akeh pengajine

15. Supaya bisa urip tentrem, mulya. Tegese tembung tentrem, mulya yaiku . . .
a. nyante lan kepenak c. kasembadan lan beja
b. kasembadan lan urip mulya d. ora duwe was sumelang lan luhur
KD 3.3
Isenono ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!
16. Salah sawijine pilihan obat kang digunakake dening masyarakat desa diarani . . .
17. Bahan baku kang kanggo gawe jamu kunir asem yaiku . . .

KD 3.4
18. Ibu . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . pirsa bab jamu kunir asem.
19. Simbah . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . jamu godhong tela, dene
adhiku . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . .jamu beras kencur sing dipundhut ibu.
20. Rasane jamu godhong tela iku . . . . . . . . . . . . . . . . . .

Kanggo soal nomer 21 – 23


Gatekno pacelathon ing ngisor iki!
Dolan Menyang Omahe Reni
Rika : “Kula nuwun.”
Ibune Reni : “Nggih.”
Rika : “Ngapunten Bu, Reni wonten dalem punapa mboten nggih, Bu?”
Ibune Reni : “Owalah, Rika ta. Tak kira sapa. Ayo mlebu dhisik!”
Rika : “Nggih, Bu.”
Ibune Reni : “Kae Reni lagi adus, entenana sedilit. Kowe mau wis sarapan during?”
Rika : “Sampun, Bu. Kala wau sarapan soto kaliyan tempe goreng.”
Reni : “Lho Rik, kowe uwis teka to? Wis ket mau apa lagi wae?”
Rika : “Lagi wae kok Ren, iki lagi wae tekan.”
Ibune Reni : “Kok dengaren Rika dolan rene? Meh kerja kelompok ta?
Rika : “Nggih, Bu. Kala wingi Pak Guru maringi PR Basa Jawa babagan unggah-ungguh.”
Reni : “Nggih, Bu. Tugasipun damel pacelathon padinan.”
Ibune Reni : “Ya wis ndang digarap, ibu tak masak dhisik.”
Reni lan Rika : “Nggih, Bu.”

21. Irah-irahane pacelathon ing dhuwur yaiku . . .


22. Sing nindakake pacelathon iku . . .
23. Tujuane Rika teka ing omahe Reni yaiku . . .
24. Omong-omongan antarane wong loro utawa luwih babagan salah sawijining bab kang ditindakake
kanthi langsung diarani . . .
25. Bu Guru tindak sekolahan . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . mobil

KD. 3.5
Wacanen aksara Jawa ing ngisor iki banjur tulisen latine!

26.

Jawab:

27.

Jawab:

28.

Jawab:

A. Ukara iki tulisen nganggo aksara jawa!


35. Aku seneng sinau basa Jawa

Jawab:
36. Segera bening banyu biru

Jawab:

Anda mungkin juga menyukai