Anda di halaman 1dari 11

UTAMA

DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA

PEMERINTAH KABUPATEN BLORA


DINAS PENDIDIKAN
UJIAN KOMPREHENSIF
SMP KABUPATEN BLORA
TAHUN PELAJARAN 2019 / 2020

Mata Pelajaran : Bahasa Daerah Hari/Tanggal :


Kelas : IX (sembilan) Waktu :

PETUNJUK UMUM :
1. Sebelum mengerjakan soal tulislah dahulu Nama dan Nomor Ujian Anda pada kolom lembar
jawaban yang telah disediakan
2. Tulislah jawaban soal Anda pada lembar jawaban yang telah disediakan
3. Periksa dan bacalah dengan teliti sebelum Anda menjawab
4. Laporkan kepada pengawas kalau terdapat tulisan yang kurang jelas, rusak atau jumlah soal
kurang
5. Dahulukan soal-soal yang Anda anggap mudah
6. Mintalah kertas buram kepada pengawas bila diperlukan
7. Periksalah kembali lembar jawaban Anda sebelum diserahkan kepada pengawas

SELAMAT MENGERJAKAN

PETUNJUK KHUSUS
I. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c utawa d minangka wangsulan
kang bener!
Wacan kanggo nomer 1 lan 2

Pangkur
Sekar pangkur kang winarna,
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip,
Ala lan becik puniku,
Prayoga kawruhana,
Adat waton punika dipunkadulu,
Miwah ingkang tata krama,
Den kaesthi siyang ratri.

1. Ala lan becik puniku prayoga kawruhana. Tembung prayoga tegese ... .
a. perlu
b. bener
c. kudu
d. becik
2. Miwah ingkang tata krama, den kaesthi siyang ratri, tegese ... .
a. tata krama iku ora perlu mungguhe wong urip
b. tata krama iku kudu tansah dienggo awan apa dene bengi
c. awan bengi ora perlu nganggo tata krama
d. tata krama perlu mungguhe wong urip
Wacan kanggo nomer 3

JAKA TARUB
.................................................................................................................
Pakne, aku dak umbah-umbah karo ngedusi anake menyang kali, nanging
welingku pakne, kowe aja pisan-pisan mbukak kekep dangdangan ana pawon.
Nawangwulan nggendhong anake karo nyangking kumbahan menyang kali.
Jaka Tarub ing omah dhewe thukul pitakonan sajroning atine, genea pari ing
lumbung wis pirang-pirang sasi didang kok ora ana kalonge. Jaka Tarub saya
kepengin ngerti kepriye carane adang nalika Nawangwulan meling marang dheweke
supaya aja pisan-pisan mbukak kekep dangdangan ana pawon. Kedereng saka
anggone kepengin ngerti mau Jaka Tarub menyang pawon kanthi alon-alon mbukak
kekep saeba kagete nalika nyawang ing njero kukusan ana pari mung sauli. Jaka
Tarub saya gumun piye carane pari sauli kok bisa dadi sega akeh. Kanthi nggembol
pitakonan kang kaya mangkono mau kekep ditutupake maneh.
Nawangwulan bali saka kali banjur menyang pawon arep ngentas segane.
Kekep dibukak Nawangwulan kaget pari sauli tetep ora bisa malih dadi sega
mangka biasane pari sauli bisa dadi sega sakukusan kebak.
Pakne, sampeyan wis ora nggugu karo piwelingku, mesthi kekep iki mau
sampeyan bukak. Mula saiki aku gawekna lesung lan alu kanggo nutu pari supaya
dadi beras.

3. Welinge Nawangwulan marang Jaka Tarub nalika arep umbah-umbah karo ngedusi
anake menyang kali ... .
a. Jaka Tarub dikongkon mbukak kekep dangdangan ana pawon
b. Jaka Tarub dipenging mbukak kekep dangdangan ana pawon
c. Jaka Tarub dikongkon nggawekake lesung lan alu
d. Jaka Tarub dikongkon nutu pari supaya dadi beras

Wacan kanggo nomer 4

KIDANG KENCANA

Rama kaged, Kidang Kencana kuwi bakal maeka dheweke, banjur age-age
bali menyang papan panggonane Sinta lan Lesmana. Jebul ketemu Lesmana ing
tengah dalan. Kekarone padha enggal-enggal bali ing papan panggonane Sinta.
Bebasan kaya disamber bledhek, Sinta wis ilang.
Rama lan Lesmana banjur nggoleki ing sakiwa tengene alas kono ing dalan
ketemu manuk Jatayu sing lagi sekarat. Manuk iku mau lagi wae perang mungsuh
Rahwana amarga arep njaluk Sinta sing dicolong Rahwana. Saka critane manuk
Jatayu kuwi Rama ngerti yen Sinta dicolong Rahwana. Manuk Jatayu mati muksa,
dene Rama lan Lesmana mbacutake laku nggoleki Sinta.
4. Isine wacan asesirah Kidang Kencana ing dhuwur yaiku ... .
a. Kidang Kencana maeka Rama
b. Rama lan Lesmana nggoleki Sinta kang dicolong Rahwana
c. Manuk Jatayu arep nyolong Sinta
d. Manuk Jatayu perang mungsuh Rahwana
5. Kala kula kelas kalih kalung kula kolang kaling. Tetembungan iki migunakake
purwakanthi ... .
a. guru swara
b. guru sastra
c. guru basa
d. guru lagu
6. Supaya ora digethingi karo tangga teparo, kanca-kancane lan sapa wae, wong urip
bebrayan iku kudu enthengan tangan. Tembung enthengan tangan tegese ... .
a. cengkiling
b. mara tangan
c. seneng nulung
d. ora tau nulung
7. Walah, bocah cilik kok wis pinter sandhalan. Tembung sandhalan iku asale saka
tembung lingga sandhal lan oleh panambang –an. Tembung sandhalan tegese ... .
a. gawe sandhal
b. nggawa sandhal
c. tuku sandhal
d. nganggo sandhal
8. 1. Klambi bathik dijahit Bu Wulandari.
2. Merake Pak Lurah dicekel Mas Sugiyono.
3. Sapu sada ditata Suci Lestari.
4. Pakdhe makani menthok.
Ukara-ukara ing dhuwur kang nganggo gatra lesan panindak yaiku nomer ... .
a. 1,3 lan 4
b. 1 lan 3
c. 1,2 lan 3
d. 2 lan 4

Gambuh
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kelantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon.

9. Tembung cinatur ing tembang gambuh kasebut tegese ... .


a. diomongke
b. diendha
c. papat
d. dibagi
Wacan kanggo nomer 10

ASAL USULE GAGAK RIMANG


.................................................................................................................
Kocap kacarita nalika Harya Penangsang lan Patihe, kang asma Mentaun
nembe bebadra (mlaku-mlaku) ana laladan Jipang Panolan ing sisih lor, ana ing
satengahing ara-ara kang jembar lan nedheng-nendhenge thukul suket kang ijo, ing
kono Harya Penangsang priksa ana sawijing jaran kang lagi nyenggut suket. Banjur
jaran iku mau diparani nanging ora mlayu malah nyedhaki marang Harya
Penangsang, lulut ora rewel, malah kaya-kaya jaran mau kepingin ditumpaki dening
sang Adipati. Sanalika Sang Adipati pindhah anggone nitih jaran. Ana ing sadhuwure
gegere jaran iki sang Adipati Harya Penangsang malah tambah katon gagah lan
merbawani, mula ing batin Sang Adipati kepingin weruh sapa sejatine sing kagungan
jaran iki. Kanggo pangeling-eling ing papan kang dadi panggonane jaran kang ireng
kaya manuk gagak mau, katelah desa Gagakan.

10. Bab apa kang perlu dituladhani saka Adipati Harya Penangsang nalika pirsa ana
jaran ireng ulese, lulut lan ora rewel kasebut ... .
a. kepengin duwe milik marang jaran kasebut
b. kepengin nguwasani jaran kasebut
c. kepengin weruh sapa sing kagungan jaran kasebut
d. kepengin ngedol jaran ireng kasebut
11. Miturut crita “Asal Usule Gagak Rimang “ ing dhuwur, asmane patih ana ing Jipang
Panolan yaiku ... .
a. Bebadra
b. Harya Penangsang
c. Gagak Rimang
d. Mentaun
12. Ana ing carita pewayangan, ana salah sijine paraga wayang kang aran Sukasrana
yaiku rayine Bambang Sumantri. Paraga iki pancen beda karo kangmase Bambang
Sumantri utawa Patih Suwanda. Kangmase rupane bagus pidegsa. Dene Sukasrana
rupane ala, endhas benjol, rambut abang, pundhak brojol dedege dhuwur kencur.
Dedege dhuwur kencur tegese ... .
a. cendhek banget
b. kaya kencur
c. dhuwur banget
d. rada dhuwur
13. Nalika ana adicara pepisahan ing sekolah, Rina lan Rani padha njoged gambyong
ing panggung. Kekarone katon luwes ndadekake sing nonton padha
kamitenggengen. Jogede bocah sakloron iku pindha ... .
a. jambe sinigar
b. sikatan nyamber walang
c. Dewi Sembadra
d. merak kesimpir
Kinanthi
Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan nendra
Kaprawiran den kaesthi
Pesunen sariranira
Sudanen dhahar lan guling

14. Guru wilangan lan guru lagune tembang Kinanthi ing dhuwur yaiku ... .
a. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
b. 8u, 7i, 8a, 8i, 7a, 8i
c. 8u, 8i, 8a, 8a, 8i, 8i
d. 8u, 8i, 9a, 8i, 8a, 6i
15. Sedaya jalwestri (jalu+estri) sami ngempal wonten ing gedhung saperlu
ngawontenaken pasamuwan ngantos sitinggil luber boten saged miyak. Tembung
sitinggil iku asale saka tembung ... .
a. siting + gil
b. siti + nggil
c. siti + inggil
d. sit + inggil
16. TNI kuwi nduweni prasetya kang minangka cekelan kanggo rambu-rambu tumindake prajurit
saben dinane, kang diarani Sapta Marga. Tembung sapta kalebu basa kawi, dene basa
padinane yaiku ... .
a. 6
b. 7
c. 8
d. 9
17. 1. Adhiku diparingi sangu simbah.
2. Mas Bowo dakkandhani yen simbah wis rawuh.
3. Erna lagi nulis layang kanggo kancane.
4. Mbak Riyanti nyirami kembang.
5. Dolanane aja kokgawa menyang sekolahan.
Ukara-ukara ing dhuwur kang kalebu ukara tanggap yaiku nomer ... .
a. 1,3,5
b. 3,4
c. 1,2,5
d. 1,2,3
18. Dadi anak iku kudu bekti marang wong tuwa sakloron, luwih-luwih marang ibu kang
wis nglairake. Dasanamane tembung anak yaiku ... .
a. putra, yoga, lare
b. putra, meru, redi
c. tyas, driya, sunu
d. warih, ranu, we
TUKU ABUK

Azis : “Badhe tindak pundi, Mbah ?”


Mbah Parto : “Menyang toko pertanian iki, lho Le.”
Azis : “Badhe mundhut menapa ketingalipun kok kesesa ?”
Mbah Parto : “Abuk lan obat pari. Lha kowe arep menyang ngendi ?”
Azis : “Menika lho Mbah, kula … bapak … abuk kaliyan bibit.”
Mbah Parto : “Wah, ya padha yen ngono. Lho kok ora bapakmu dhewe sing
mundhut.”

19. Tembung kang trep kanggo ngganepi pacelathon ing ndhuwur yaiku ... .
a. diutus, tumbas
b. dipunutus, tumbas
c. diutus, mundhut
d. dipunutus, mundhut
20. Yayuk : ”Bu, kowe kok katon kesel ayo leren dhisik.”
Bu Parto : “Iya ndhuk, mengko dhisik.”
Ukara Yayuk ing pacelathon dhuwur kurang trep, sing samesthine manawa anak
ngaturi wong tuwa kudu nganggo basa krama alus kang bener. Mula basane yayuk
sing bener yaiku ... .
a. Bu, sampeyan kok ketingal sayah ayo ngaso riyin.
b. Bu, sampeyan kok ketingal sayah mangga ngaso rumiyin.
c. Bu, panjenengan kok ketingal sayah ayo ngaso rumiyin.
d. Bu, panjenengan kok ketingal sayah mangga ngaso rumiyin.
21. (1) Lho, kowe yen ora kleru Cipto ta ?
(2) Panjenengan kok repot-repot kaya ora ana wektu wae.
(3) Sampeyan badhe kesah dhateng pundi?
(4) Prayoginipun panjenengan teliti malih sampun ngantos wonten ingkang
kliwatan boten pikantuk serat.
Ukara-ukara ing dhuwur kang nggunakake basa krama lugu yaiku ukara nomer ... .
a. 1
b. 2
c. 3
d. 4
22. Pak, apa bener sampeyan ngundang aku ?
Ukara iki basane ora trep, kudune ... .
a. Pak, napa leres sampeyan nimbali kula ?
b. Pak, menapa leres panjenengan nimbali kula ?
c. Pak, menapa bener sampeyan nimbali kula ?
d. Pak, napa leres panjenengan ngundang kula ?
23. Arta kula 975.000 rupiyah.
Ukara iki yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi ... .
a. ?a/tkul:875000:rupiyh.
b. ?a/tkul:795000:rupiyh.
c. ?a/tkul:974000:rupiyh.
d. ?a/tkula:975000:rupiyh.
24. Bima, yen kowe arep tuku buku crita wayang tukua ing toko buku “Sumber
Ilmu”!
Tembung tukua yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi ... .
a. tuku[ao
b. tuku[wo
c. tukua
d. tukuw
25. ?Umt\IsLm\,
Tulisan aksara Jawa iki unine ... .
a. Umat Islam
b. Agama Islam
c. Iman Islam
d. Umar Usman
26. ?k+timhamBy/j+ktP+it]h.
Yen katulis nganggo aksara latin dadi ... .
a. Khatimah mbayar zakat pitrah
b. Khatimah mbayar zakat fitrah
c. Katimah mbayar zakat fitrah
d. Katimah mbayar zakat pitrah

Bu Triman : ”Ora les Le, kok ra nyang sekolahan?”


Sujono : ”Ora, ... males! Males sekolah!”
Pak Triman : ”Lho, lho ... cah bagus kok males sekolah. Ya isin karo jenengmu ta,
Sujono!”
Sujono : ”Mbuh ...”
Bu Triman : ”Kowe ngerti ra Le, tegese Sujono?”
Sujono : “Mbuh ... ra ruh!”
Bu Triman : “Su iku tegese linuwih, su iku apik. Dene, jono iku tegese wong. Dadi,
sujono iku tegese wong sing linuwih utawa wong sing apik.”

27. Adhedhasar pethikan pacelathon ing dhuwur watake Bu Triman yaiku ... .
a. gampang nesu, ora sabar
b. gampang nyerah, gemati
c. sabar, welas asih
d. wicaksana, tegelan
28. Ngger putuku, dakdongakne ing ngendi wae papan dunungmu muga-muga kowe
tansah slamet ora ana pangganggu gawe kang bisa ngenani.
Pratelan iki cocog karo paribasan kang unine ... .
a. dhemit ora ndulit, setan ora doyan
b. yitna yuwana lena kena
c. sembur-sembur adas, siram-siram bayem
d. kalah cacak menang cacak
29. Agus kuwii sejatine bocahe apik lan pinter. Saben dheweke kekancan karo Joni
sing senengane mabuk-mabukan, suwe-suwe Agus katut melu mabuk-mabukan.
Kahanane Agus kuwi cocok karo bebasan ... .
a. kumrisik tanpa kanginan
b. sandhing kirik gudhigen
c. kelacak kepathak
d. nyempal nyambi mancal
30. Sinta kuwi yen diwulang tansah nggatekake tur sregep sinau, mulane dheweke
dadi juwara kelas. Ukara iki mawa gatra katerangan ... .
a. sebab
b. akibat
c. sedya
d. ubaya
31. Kanggo pangeling-eling ambruke Kraton Majapahit, tinengeran sengkalan “sirna
ilang kertaning bumi,” kang nuduhake tahun ... .
a. 1490
b. 1233
c. 1799
d. 1400
32. Ukara ing ngisor iki kang kalebu ukara elip (ora ganep) yaiku ... .
a. Yani nulis aksara Jawa
b. Adhiku dolanan
c. Bocah sing pinter nembang macapat iku
d. Para siswa padha ndedonga
33. (1) Bu guru basa Jawa sing daleme Blora.
(2) Mangkata saiki wae!
(3) Puspita sinau basa Jawa.
(4) Saben dinten pekenan Legi lan Pon.
(5) Nova nggambar wayang.
Ukara-ukara ing dhuwur kang kalebu ukara ganep yaiku ukara nomer ... .
a. 1, 2
b. 1, 4
c. 2, 4
d. 3, 5
34. Kula lan panjenengan sedaya taksih kepareng pepanggihan saha lelenggahan
wonten ing pasamuwan menika kanthi rahayu ... kalis ing sambekala. Ganepane
tembung kang kacithak miring supaya dadi tembung saroja yaiku ... .
a. slamet
b. santosa
c. waras
d. rukun
35. Kang dadi juwara putri Indonesia iku pancen ayu sulistya ing warna, rikma memak
ngembang bakung, netra ndamar kanginan, imba (alis) ... .
a. nduren sajuring
b. ngelung gadhung
c. nanggal sepisan
d. micis wutah
36. Sang pinangantin kekalih miyos saking sasana busana tansah akekanthen asta.
Tetembungan iki minangka sasmitane tembang macapat ... .
a. Asmaradana
b. Kinanthi
c. Pangkur
d. Gambuh

DHANDHANGGULA
Ana maneh pitutur prayogi
Lamun sira wus ndungkap diwasa
Dadya janma utamane
Mbangun turut mring guru
Bapa ibu tan kena kari
Manembah mring Hyang Suksma
Ugi para sepuh
Iku dadya tindakira
Kang tumuju kautamaning dumadi
Tundhone urip mulya

37. Manut tembang Dhandhanggula ing dhuwur, wong bisa urip mulya amarga ... .
a. mbangun turut marang guru lan bapak ibu
b. mbangun turut marang wong tuwa lan manembah marang Gusti
c. mbangun turut marang guru lan manembah marang Gusti
d. mbangun turut marang guru, wong tuwa lan manembah marang Gusti
38. Ing pakeliran wayang purwa ana dhalang, wayang, gedebog, blencong, kothak,
kepyak lan liya-liyane. Iku kabeh kebak pralambang utawa sasmita kaya ta dhalang
pindhane sing nggawe urip, wayang pindhane wong sing ana ing alam donya, dene
gedebog pindhane ... .
a. sangkan paraning dumadi
b. jantunge manungsa
c. bumi (dharatan)
d. lakuning urip
39. (1) Salsabila, nganggoa jaket ben ora kadhemen!
(2) Imam nulisa, buku tulise wae wis entek.
(3) Nganggoa payung klambimu mesthi ora teles Wahyuni.
(4) Tekaa ing omahku kowe suk Minggu!
Ukara-ukara ing dhuwur kang migunakake rimbag hagnya yaiku ukara nomer ... .
a. 1, 4
b. 1, 3
c. 2, 3
d. 2, 4
40. Udana yen ora deres para among tani ya ora bisa tandur. Tembung udana kalebu
rimbag sambawa kang tegese ... .
a. sanadyan udan
b. upama udan
c. pangarep-arep udan
d. muga-muga udan

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi permati !


41. Tulisen nganggo aksara Jawa!
a. Para siswa padha ngapalake aksara jawa.
b. Tanggal 5 maret 2019 wis kliwat..
42. Tuladha teks pambukaning pidhato

Assalamu’alaikum wr. wb.


Bapak-Bapak / Ibu-Ibu Guru saha Karyawan ingkang kula bekteni,
Kanca-kanca lan adhik-adhik sedaya ingkang kula tresnani.
Keparenga sumangga kula dherekaken ngunjukaken raos syukur ing
ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha Agung, Allah Swt ingkang sampun
peparing rakmat, hidayah sarta inayahipun satemah kula saha panjenengan
ngantos ing titi wanci menika taksih kaparengaken kempal manunggal ing acara
perpisahan siswa kelas IX menika. Inggih awit saking sih kawelasaning
Pangeran kula lan panjenengan tansah wilujeng tebih ing sambekala.
Bapak Kepala Sekolah, Bapak-Bapak saha Ibu-Ibu Guru, lan kanca-
kanca sadaya.
.....................................................................................................................
.

Ing dhuwur iku tuladhane teks pambukaning pidhato. Coba saiki gawea teks
panutuping pidhato nganggo basa krama alus kang mathuk/trep karo unggah-
ungguhe ing adicara pepisahan siswa kelas IX!
43. Ukara-ukara ing ngisor iki owahana nganggo basa krama alus!
a. Sampeyan kados lare sekolah mawon gadhah jadwal.
b. Pak Tono, apa kowe wis dikandhani Pak Bambang?

44. A. Terangna tegese homonim ing ngisor iki!


1. Eyang kakung dipriksakake menyang dokter amarga gerah waja.
Tembung waja tegese ... .
2. Gaman sing landhep iku digawe saka waja.
Tembung waja tegese ... .

B. Terangna tegese homograf ing ngisor iki!


1. Yen kowe sela mengko sore tekaa menyang omahku!
Tembung sela tegese ... .
2. Bapak mundhut sela kangge mondhasi griya.
Tembung sela tegese ... .

45. Benerna panulise ukara-ukara ing ngisor iki!


a. Konco-konco podo menyang alon-alon kuto.
b. Yen mathur marang Pak Guru nganggo boso kromo alos.

Anda mungkin juga menyukai