Anda di halaman 1dari 11

DINAS PENDIDIKAN, PEMUDA, DAN OLAHRAGA DAERAH DIY

BALAI PENDIDIKAN MENENGAH KABUPATEN GUNUNGKIDUL


SMAN 1 WONOSARI
Jalan Brigjen Katamso 04 Telepon 0274-391079 Faksimile 0274-391097 Wonosari 55813
laman:http://www.sma1wonosari.sch.id e-mail:info@sma1wonosari.sch.id

SANGAT RAHASIA

UJIAN SEKOLAH BERSTANDAR NASIONAL


TAHUN PELAJARAN 2018/2019

LEMBAR SOAL
mata pelajaran : Muatan Lokal (Bahasa Jawa)
program : MIPA/IPS
hari/tanggal : Jumat, 22 Maret 2019
waktu : 120 menit
sesi ujian : 1
waktu ujian : 07.30 hingga 09.30
jumlah butir soal
pilihan ganda : 40 butir
uraian : 5 butir

PETUNJUK UMUM
1. Tulislah lebih dahulu nomor dan nama Anda pada kolom yang tersedia di lembar
jawaban.
2. Periksa dan bacalah soal-soal sebelum Anda menjawab.
3. Laporkan kepada Pengawas, bila terdapat tulisan yang kurang jelas terbaca atau
halaman soal yang kurang lengkap.
4. Dahulukan menjawab soal-soal yang Anda anggap mudah.
5. Untuk menjawab soal pilihan ganda, hitamkan dengan pensil 2B pada lembar jawab
komputer pada salah satu huruf A, B, C, D, atau E yang Anda anggap paling benar.
Apabila Anda telah menjawab dengan menghitamkan memakai pensil 2B pada lembar
jawab komputer, tetapi kemudian ingin memperbaiki/meralat jawaban, maka
hapuslah terlebih dulu jawaban yang telah dihitamkan dengan penghapus hingga
bersih, kemudian hitamkan pada pilihan yang Anda anggap benar.
6. Untuk menjawab soal uraian, tuliskan jawaban dengan singkat dan jelas sesuai yang
diharapkan pada lembar jawab uraian. Buatlah jawaban seefektif dan seefisien
mungkin.
7. Tidak dibenarkan mempergunakan peralatan elektronik, atau alat bantu hitung
lainnya.
8. Selama pelaksanaan ujian, dilarang mengaktifkan alat komunikasi elektronik.
9. Periksalah pekerjaan Anda sebelum diserahkan kepada Pengawas.
1. Ukara “Badhe mendhet toya zam-zam kangge mas Zaim Ghufron” menawi kaserat mawi aksara Jawa
ingkang leres inggih menika...
a.

b.

c.

d.

e.

2. Kawaosa wacana mawi aksara Jawa menika !

Adhedhasar wacana mawi aksara Jawa ing inggil, kadospundi watakipun Bambang Taruntung?
a. Tanggel jawab
b. Boten gadhah pendirian
c. Tresna asih dhateng sinten kemawon
d. Setya tuhu
e. Boten remen sulaya

3. Kawaosa wacana mawi aksara Jawa menika !

Adhedhasar wacana mawi aksara Jawa menika, pralambang sekawan tenaga alam minangka makna
saking motif bathik ...
a. Parang
b. Soblog
c. Truntum
d. Kawung
e. Semen rama

Bahasa jawa kaca 2


4. Makna ingkang sinandi salebeting piranti pagelaran ringgit wacucal saking gunungan utawi kayon
inggih menika
a. Minangka panggung pagelaran
b. Nggambaraken donya saisine
c. Sangkan paraning dumadi
d. Nggambaraken para titah
e. Nggambaraken bantala utawi bumi

5. Ingkang kalebet Pandhawa ing cariyos mahabarata inggih menika…


a. Puntadewa, Bima, Duryudana, Nakula, Sadewa
b. Pandhu Dewanata, Werkudara, Harjuna, Nakula, Sadewa
c. Puntadewa, Bima, Janaka, Nakula, Sadewa
d. Yudhistira, Werkudara, Gathotkaca, Nakula, Sadewa
e. Puntadewa, Kumbakarna, Harjuna, Nakula, Sadewa

6. Ajaran moral ingkang saged dipundadosaken pandom kangge nglampahi gesang ing alam donya
saking lampahan cariyos Bharatayuda inggih menika ....
a. Boten pareng cecongkrahan kalihan sedherek amung kangge nggayuh kamukten ingkang asipat tan
langgeng.
b. Sedaya tumindaking titah ing alam ndonya menika badhe lebur dening tumindak ingkang angkara.
c. Sageda hambudidaya sedaya gegayuhanipun nalika nglenggahi dhampar pandhitaning praja.
d. Pimpinan boten kedah tumindak kanthi wicaksana saha namung ngluru kapentingan negari kanthi
nglirwakaken kawulanipun.
e. Wataking satriyatama saged netepi janji saha bela negara amrih nggayuh kamukten.

7. Ringgit Ingkang dipunandharaken mawi kain pethak pungambari ringgit, dipunwasatani ringgit…
a. Klithik
b. Gedhog
c. Purwa
d. Beber
e. Golek

8. Ingkang dipungatosaken ing perkawis wirama salebeting ngandharaken geguritan inggih menika…
a. Penjiwaan
b. Wosing geguritan
c. Undheraning perkawis
d. Solah bawa
e. Andhap-inggiling swanten

Wacan soal no 9
Satriya Pinandhita

Jejering satriya iku...


Kudu bisa mulad salira
Hangrasa wani tumraping bebener
Tan keguh marang tumindak nistha
Kanggo ngluru rejaning nagri kaesthi

Lilanana asung suh


Kang memba lir satriya
Yeku satriya pinandhita
Kang bakal labuh labet ing nagri
.............................

Bahasa jawa kaca 3


9. Tegesipun tembung kaesthi saking punggelan geguritan ing nginggil inggih menika...
a. Dipunkajengaken
b. Dipuntingali
c. Dipunlirwakaken
d. Dipunbiwarakaken
e. Dipunkawentaraken

Wacan soal no10

Muji lelabuhane pupus puspa kang kapagut ing rananggana


Katrima minangka amal baktine ing Ngarsa Dalem Allah Ta’alla
Uga marang kang kapegatan, kaparingan kekuwatan iman ora ngglewang
“Aja kuwatir pahlawanku” arep dakterusake gegayuhanmu
Dak sembadani nganti penjajah oncat saka pangkoning ibu
Uga mberat reretu kang ngaru biru warisan kang wiwit semrawut
Najan bakal lampus dadi wadal nusul sliramu kapundhut ngayun.

10. Ajaran moral ingkang saged kapethik saking teks geguritan ing nginggil inggih menika...
a. Sedaya titah badhe seda ing ngayunaning Pangeran.
b. Generasi wiranem mliginipun kedah saged njejegke tuwin ngayomi negari ngantos dipuntohi pati.
c. Nglajengkaen lelabuhanipun para pahlawan kanthi mardikaning penggalihan.
d. Saged nyamektakaken sangu nalikanipun badhe seba wonton ing ngarsanipun Gusti.
e. Kedah saged nampi pepesthen bilih para pahlawan sampun sami kapagut ing rananggana.

11. Cacahing wanda saben sagatra, mujudaken metrum tembang macapat saking...
a. Guru gatra
b. Guru basa
c. Guru lagu
d. Guru swara
e. Guru wilangan

12. Kawaosa cakepan sekar Sinom ing ngandhap menika!


Amenangi jaman edan,
Ewuh aya ing pambudi,
melu ngedan nora tahan,
Yen tan melu anglakoni,
Boya keduman melik,
Kaliren wekasanipun,
Ndilalah kersa Allah,
Begja-begjane kang lali,
Luwih begja kang eling klawan waspada

Adhedhasar cakepan sekar Sinom menika, piwulang ingkang kawrat ing salebeting sekar Sinom
inggih menika ... .
a. Tiyang gesang menika kedah tansah eling lawan waspada
b. Kedah ewuh ing samukawis bab
c. Nindakaken prakawis awon supados boten kaliren
d. Tiyang begja menika tiyang ingkang keduman melik
e. Ngedan murih gesangipun saged begja

Bahasa jawa kaca 4


13. Kawaosa cakepan sekar dhandhanggula ing andhap !
Yogyanira kang para prajurit
lamun bisa sami anulada,
kadya nguni caritane,
andelira sang Prabu
Sasrabahu ing Mahespati,
aran Patih Suwanda
lelabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purun ingkang den antepi,
nuhoni trah utama.

Miterat sekar ing inggil, ingkang kang pantes dados patuladhan inggih menika….
a. Prabu Sasrabahu
b. Patih Suwanda
c. Para Prajurit
d. Prabu Sasrabahu lan Patih Suwanda
e. Prabu Sasrabahu lan para prajurit

14. Angka ingkang kangge tandha andhap inggiling swanten ing tembang macapat sinebat ...
a. Pathet
b. Titi laras
c. Laras
d. Cengkok
e. Bawa

No. Titikan
1 Ngginakaken kertas ingkang sae
2 Ngginakaken materai
3 Ngandharaken prekawis pribadhi
4 Papan, wekdal saha acara sampun kaserat
5 Perangan seratipun jangkep
6 Limrahipun wadi
7 Wosipun paring dhawuh dhateng ingkang dipunkintuni
serat

15. Ingkang kalebet titikan saking serat iber- iber inggih menika ....
a. 1 – 3 – 4
b. 1 – 4- 7
c. 2 – 5 – 7
d. 3 – 4 – 7
e. 3 – 5 – 6

16. “Saking ingkang rayi” menika tuladha perangan serat ingkang dipunwastani ...
a. Peprenah
b. Satata basa
c. Adangiyah
d. Wosipun serat
e. Asma terang

Bahasa jawa kaca 5


Yogyakarta, 3 Maret 2019

Katur dhumateng
Ibu Hadi Sugito
Ing Kulon Progo

Salam kasugengan,
Lumantar nawala menika dalem nyeyuwun mugi- mugi sedaya kulawarga ing Kebumen tansah
pikantuk karaharjan saking Gusti Allah. Sedaya kulawarga ing Wonosari awit pangestunipun Ibu
ugi tansah pinaringan karaharjan saking Gusti Allah.

Lumantar menika, kepareng dalem matur bilih awit pandonganipun Ibu wulan April ngajeng
Kangmas Adi sampun badhe wisudha S2 ingkang mapan wonten ing Graha Sabha Pramana, UGM.
Pramila lumantar menika, kula mawantu- wantu rawuhipun Ibu wonten ing acara wisudha mas Adi.

..............................................................................................................................................................

Atur pangabekti kula

Gaizani

17. Ukara panutup ingkang trep saking serat ing nginggil inggih menika ...
a. Cekap semanten, kula tengga rawuhipun Ibu wonten Jogja. Nuwun.
b. Pramila cekap kemawon serat kawula. Amargi acara menika wigati, ibu kedah saged rawuh nggih
Bu.
c. Ibu, hambok bilih cekap semanten serat menika dalem aturaken. Kathah kalepatan atur dalem
nyuwun agunging pangaksami.. Pungkasanipun kula mawantu- wantu rawuhipun Ibu.
d. Pungkasanipun atur nyuwun pangapunten menawi wonten kalepatan atur nggih Bu lan rawuhipun
ibu kula tengga saestu.
e. Wosipun serat sampun dalem aturaken, pramila ibu saged menggalih lan rawuh ing adicara
wisudha kangmas Adi. Nuwun.
18. Ing ngandhap menika ingkang boten kelebet jejibahan (tugas) saking pranatacara inggih menika ...
a. Nglantaraken rantamaning adicara
b. Ngrantam adicara ingkang badhe kalaksanan
c. Nyakmektaken para paraga ingkang kadapuk
d. Paring pasugatan (pertunjukan) wonten ing salebeting adicara
e. Maosaken rantamaning adicara

19. Lagu kedah dipungladhi kanthi saestu supados sakeca dipunmirengaken, kadospundi rindik-
rikatipun, andhap-inggilipun, ampun ngantos kesesa ananging ampun ngantos nglentruk sanget.
Punika ateges nggatosaken...
a. Wicara
b. Wirama
c. Wiraga
d. Wirasa
e. Wasana

Bahasa jawa kaca 6


20. Olah busana utawi ngadi busana inggih punika anggenipun ngadi busana kedah kados ing ngandhap
punika...
a. Mompyor-mompyor
b. Awis
c. Prasaja
d. Norak
e. Methet-methet

21. Titikanipun busana temanten cakrik Kasatriyan gagrag Ngayogyakarta inggih menika, …
a. Temanten kakung ngagem blangkon
b. Temanten kakung ngagem kain cinde
c. Temanten putri ngagem busana keprabon
d. Temanten putri ngagem sanggul bokor
e. Temanten kakung ngagem kuluk kanigara

22. Ginanipun busana manten Paes Ageng Jangan Menir gagrag Ngayogyakarta inggih menika...
a. Mahargya tamu utawi kanca
b. Upacara panggih temanten
c. Ngadhep Gubernur
d. Upacara Boyongan manten
e. Upacara malem selikuran

23. Bedanipun nyamping saking Ngayogyakarta lan Surakarta inggih menika...


a. Nyayogyakarta motif semenraja, Surakarta motif semenrama
b. Wiron Ngayogyakarta cacah 5, Wiron Surakarta cacah 7
c. Nyamping Ngayogyakarta ngagem wiron, Surakarta boten ngagem wiron.
d. Nyamping Ngayogyakarta latar coklat, Surakarta latar cemeng.
e. Nyamping Ngayogyakarta latar pethak, Surakarta latar kuning.

24. Makna ingkang sinandi salebeting prosesi upacara panggih saking balangan gantal inggih menika...
a. Temanten sarimbit tansah badhe gesang tembayatan
b. Tiyang sepuh taksih kersa paring tuntunan dhumateng putra kekalih
c. Temanten sarimbit badhe manunggal ing cipta, rasa, saha karsanipun.
d. Tresnanipun temanten sarimbit linambaran tresna ingkang suci
e. Badhe ngaturaken tanggel jawabipun tiyang kakung dhateng garwanipun.

25. Saderengipun upacara panggih, ingkang mengku gati langkung rumiyin ngawontenaken pasang
tarub. Makna ingkang sinandi ing rerangkening upacara tarub saking upacara midodareni inggih
menika...
a. Minangka panebusing kembar mayang amrih temanten sarimbit tansah manggih karahayon
b. Minangka sarana kangge nyuwun dongan pangestu dhumateng tiyang sepuh kekalih
c. Minangka srana kangge nyuwun donga pangestu dhumateng kadang sepuh ingkang dereng
krama
d. Minangka srana tulak bala supados gesang bebrayan saged wilujeng nir ing sambikala
e. Minangka srana panebusing sekar setaman amrih gesangipun temanten tansah rukun.

26. Prosesi upacara panggih ingkang katindakaken saking Ngayogyakarta kados ing ngandhap menika...
a. Balangan gantal, kacar kucur, sinduran
b. Dulangan, bobot timbang, nyuceni suku
c. Nyuceni suku, wisudha manten, dulangan
d. Mecah tigan, nyuceni suku, kacar kucur
e. Balangan gantal, mecah tigan, sinduran

Bahasa jawa kaca 7


27. Nalika badhe ngaturaken sanggan dhateng calon temanten putri, maneka warna ubarampe ingkang
dipunsamaptakaken. Salah setunggalipun inggih menika rerenggan pelik pelikan, ingkang mengku
pralambang....
a. Saged nyekapi sedaya kabetahaing garwa, nutupi wedados kulawarga
b. Ngudi sumoroting garwa satemah gesangipun boten kacingkrangan
c. Ngudi manunggaling brayat boten badhe pepisahan
d. Badhe tembayatan ing madyaning gesang bebrayan
e. Ingkang badhe jejodhoan saged tanggel jawab dhateng brayatipun

28. Makna ingkang sinandi saking rerenggan busana manten ingkang dipunagem ing ugel-ugelipun
temanten inggih menika...

a. Wujud kasetyan antawisipun temanten kekalih


b. Mlebet ing madyaning gesang bebrayan engal
c. Wujud katresnan temanten sarimbit
d. Wujud kekiyatan ing gesang bebrayan
e. Wujud pengayoman saking Gusti

1. Tebu wulung
2. Ron alang-alang
3. Sekar setaman
4. Woh-wohan
5. Pantun
6. Pisang raja
7. Ron dhadhap srep
8. Ron kluwih
9. Ron Kates
10. Janur

29. Saking andharan ing nginggil kasebat, taneman ingkang dipunginakaken kangge pasang tuwuhan ing
upacara tarub inggih menika ...
a. 1, 3, 5, 7, 9
b. 2, 4, 6, 8, 10
c. 1, 3, 6, 7, 10
d. 1, 5, 6, 8, 10
e. 2, 5, 6, 7, 8

30. Titikanipun basa Jawi ragam ngoko alus inggih mnenika...


a. Basanipun krama madya sedaya
b. Basanipun krama inggil sedaya
c. Basanipun campuran ngoko lan krama
d. Basanipun campuran krama inggil lan krama madya
e. Basanipun ngoko sedaya

Bahasa jawa kaca 8


31. Piyambakipun sampun nate matur bilih badhe kesah dhateng Nyayogyakarta saprelu tumbas
griya. Ukara kasebat ngginakaken basa Jawi ragam ....
a. Krama inggil
b. Krama lugu
c. Krama alus
d. Ngoko lugu
e. Ngoko alus

32. Mau esuk dheweke menyang Kelurahan menehke layang kanggo Pak Camat.
Ukara ing nginggil menawi dipunewahi ngginakaken basa Jawi ragam krama alus inggih menika...
a. Wau enjing Panjenenganipun tindak Kelurahan nyaosken serat kagem Pak Lurah.
b. Wau enjing Piyambakipun bidhal dhateng Kelurahan nyaoskaken serat kagem Pak Lurah.
c. Wau enjing Panjenenganipun tindak Kelurahan maringaken serat kagem Pak Lurah.
d. Wau enjing Piyambakipun tindak Kelurahan nyaosken serat kangge Pak Lurah.
e. Wau enjing Panjenenganipun tindak Kelurahan nyukakaken serat kangge Pak Lurah.

33. Bu Pratiwi lunga karo anake lanang numpak pit motor .


Ukara ing nginggil menawi dipunewahi mawi basa Jawa ragam ngoko alus, inggih menika...
a. Bu Pratiwi tindak karo putrane kakung numpak pit motor.
b. Bu Pratiwi kesah kalihan lare kakungipun numpak pit motor.
c. Bu Pratiwi tindak kalihan putra kakungipun nitih sepedha motor.
d. Bu Pratiwi kesah karo putrane jaler nitih pit motor.
e. Bu Pratiwi tindak karo putra kakunge nitih pit motor.

34. Pakdhe : “Kula nuwun...”


Hany :” Mangga Pakdhe, katuran (...........) rumiyin”.
Pakdhe : “Ya, ya. Lha Bapakmu ana ndalem ora?”
Hany : “Nyuwun pangapunten Pakdhe, Bapak nembe (..........) dhateng kelurahan. Wonten
wigatos menapa Pakdhe”.
Pakdhe : “O..,iki arep ana prelu karo Bapakmu. Ya uwis mengko sore takrene meneh. Aku
tak(.........) dhisik ya. Mengko kandhaa Bapakmu”.
Hany : “Nggih Pakdhe, mangkih kula (.........) Bapak. Ndherekke sugeng kondur.
Miturut undha-usuking basa, tetembungan ingkang trep kangge njangkepi ukara in ngingil inggih
menika...
a. lenggah, tindak, bali, ngendikakken
b. lungguh, tindak, bali, aturaken
c. lenggah, kesah, kondur, aturaken
d. lenggah, tindak, kondur, ngendika
e. lenggah, tindak, bali, aturaken

35. Hany : “Nyuwun pangapunten Pakdhe, Bapak nembe (..........) dhateng kelurahan. Wonten
wigatos menapa Pakdhe”.
Miturut undha-usuking basa, ukara ingkang dipunginakaken Hany ngangge ragam....
a. Krama lugu
b. Krama alus
c. Krama madya
d. Ngoko alus
e. Ngoko lugu

Bahasa jawa kaca 9


36. Tuladha ukara nalika siswa badhe nyuwun ngampil buku dhateng gurunipun inggih menika...
a. Pak, menawi kepareng kula badhe ngampil buku sastra badhe kula beta dhateng kelas
b. Pak, menawi angsal kula badhe nyambut buku sastra menika kula beta dhateng kelas.
c. Pak, menawi kepareng kula badhe nyuwun ngampil buku sastra badhe kula beta dhateng kelas.
d. Pak, menawi kepareng kula badhe nyambut buku sastra menika kula asta dhateng kelas.
e. Pak, menawi pikantuk kula badhe mundhut ampil buku sastra menika kula beta dhateng kelas.

37. Assalamualaikum wr.wb.


Salam sejahtera katur para rawuh kakung miwah putri, mugi-mugi kawilujengan tansah binabar
dhumateng kula dalah Panjenengan sedaya.

Punggelan sesorah ing nginggil kalebet peranganing sesorah saking ...


a. Salam pambuka
b. Atur pakurmat
c. Atur pamuji syukur
d. Salam panutup
e. Pangajab

38. Tuladha pangajab wonten ing sesorah ingkang leres inggih menika.....
a. Nuwun, panjenenganipun Kepala SMA 1 Wonosari ingkang pantes sinudarsana. Bapak Ibu Guru
saha staf karyawan ingkang kinurmatan. Para kanca ingkang sutresna.
b. Kawilujengan, kasarasan saha kabagyan mugi tansah kasalira dhumateng kula dalah panjenengan
sedaya, katitik ing wekdal menika saged kempal saperlu ngadani pepanggihan mudha-mudhi..
c. Para sesepuh, pinisepuh sedaya saha kanca-kanca ingkang minulya, pepanggihan mudha-mudhi
ing wekdal menika, ingkang sepisan kangge silaturahmi antawisipun para sesepuh kaliyan
mudha-mudhi.
d. Kanthi mekaten mug-mugi kula Panjenengan sedaya minangka generasi wiranem samangkih
saged ngleluri kabudayan ingkang sampun mbalung sungsum menika amrih boten luntur
kalindhih kemajenganipun jaman.
e. Para rawuh ingkang kinurmatan, mekaten atur kula, menawi kathah atur saha solah bawa ingkang
boten mranani penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun lumunturing samodra pangaksami.
Nuwun.

39. Ngandharaken sesorah kedah nggatosaken babagan paramasastra tuwin ejaan. Menika magepokan
kaliyan anggenipun ngudi…
a. olah raga
b. olah busana
c. olah basa
d. olah sastra
e. olah swara

40. Dhumateng ngarsanipun sesepuh ingkang pantes pinundi-pundi, dhumateng para rawuh kakung
miwah putri ingkang bagya mulya, sarta kadang mudha ingkang bagya mulya.

Tegesipun tembung sesepuh saking punggelan teks sesorah ing nginggil inggih menika...
a. Tiyang sepuh kula Panjengan sedaya
b. Tiyang ingkang mila sampun sepuh yuswanipun
c. Tiyang ingkang dipunsepuhaken awit kalenggahanipun
d. Tiyang ingkang sepuh lan gadhah kalenggahan
e. Tiyang ingkang paling sepuh piyambak ing masarakat

Bahasa jawa kaca 10


II. Kawangsulana pitaken ing andhap kanthi patitis !

41. Kaandarna titikan busana kakung ingkang ngginaaken busana paes ageng!

42. Ukara ngoko lugu ing ngandhap menika kaewahana dhateng ngoko alus lan krama inggil!
Dheweke ngomong menawa arep mulih jalaran lagi lara weteng.

43. Kadamela tuladha pambukaning sesorah ing acara sripah!

44. Kasebatna 3 piwulang ingkang saged dipun pendhet saking tembang gugur gunung
Ayo kanca ayo kanca ngayahi karyaning praja
Kene kene-kene kene gugur gunung tandang gawe
Sayuk-sayuk rukun bebarengan ro kancane
Lila lan legawa kanggo mulyaning negara
Siji loro telu papat, maju papat-papat diulang ulungake mesthi enggal rampunge
Holobis kontul baris-holobis kontul baris
Holobis kontul baris-holobis kontul baris

45. Kaserata dados aksara Jawa


Zainudin menyang ponjong opèk kacang lanjaran.

Bahasa jawa kaca 11

Anda mungkin juga menyukai