Anda di halaman 1dari 10

UTAMA

DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA

PEMERINTAH KABUPATEN BLORA


DINAS PENDIDIKAN
PENILAIAN AKHIR TAHUN
SMP KABUPATEN BLORA
TAHUN PELAJARAN 2020 / 2021

Mata Pelajaran : Bahasa Daerah Hari/Tanggal :


Kelas : VIII (Delapan) Waktu :

PETUNJUK UMUM :
1. Sebelum mengerjakan soal tulislah dahulu Nama dan Nomor Ujian Anda pada kolom
lembar jawaban yang telah disediakan
2. Tulislah jawaban soal Anda pada lembar jawaban yang telah disediakan
3. Periksa dan bacalah dengan teliti sebelum Anda menjawab
4. Laporkan kepada pengawas kalau terdapat tulisan yang kurang jelas, rusak atau jumlah soal
kurang
5. Dahulukan soal-soal yang Anda anggap mudah
6. Mintalah kertas buram kepada pengawas bila diperlukan
7. Periksalah kembali lembar jawaban Anda sebelum diserahkan kepada pengawas

SELAMAT MENGERJAKAN

PETUNJUK KHUSUS
I. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c utawa d minangka wangsulan
kang bener!
Wacan kanggo nomer 1, 2 lan 3

Resi Jatayu salah sawijining paraga ana ing crita Ramayana.


Resi Jatayu iku manuk awujud garudha kang duweni watak wicaksana.
Dheweke tansah eling marang sang Hyang Agung, mula banjur duweni
jejuluk Resi. Resi Jatayu yaiku anak saka Resi Briswawa lan Dewi
Brahmanistri. Dewi Brahmanistri yaiku anak wadon saka Dewa Brahma.
Dadi, kena disimpulake yen Resi Jatayu yaiku wayahe Dewa Brahma.
Resi Jatayu duwe sedulur telu yaiku Garudha harna, Garudha
Brihawan, lan Garudha Sempati. Resi Jatayu nalika isi enom, kekancan
raket banget karo Raja Ayodya Prabu Dasarata. Prabu Dasarata iku
bapake Prabu Rama. Nalika Dewi Sinta digeret digawa mabur dening
Rahwana, Resi Jatayu aweh pitulungan. Resi Jatayu nyamber tangane
Rahwana. Resi Jatayu ora tega krungu tangise Dewi Sinta.

1. Ing ngisor iki kalebu isine wacan saka paragraf siji, kajaba … .
a. Resi Jatayu iku garudha kang duweni watak wicaksana
b. Resi Briswawa lan Dewi Brahmanistri iku minangka wong tuwane
Jatayu
c. Resi Jatayu iku dudu wayahe Dewa Brahma
d. Dewa Brahma iku bapake Dewi Brahmanistri

2. Kang dadi bakuning crita/inti sarining crita saka paragraf kaloro yaiku … .
a. Resi Jatayu duwe sedulur telu lan ora seneng aweh pitulungan marang
Dewi Sinta kang diculik dening Rahwana
b. Resi Jatayu duwe sedulur telu lan seneng aweh pitulungan marang
Dewi Sinta kang diculik dening Rahwana
c. Resi Jatayu duwe sedulur telu lan seneng aweh pitulungan marang
Prabu Rahwana
d. Resi Jatayu ora duwe sedulur lan seneng aweh pitulungan marang
Dewi Sinta kang diculik dening Rahwana

3. Resi Jatayu iku awujud manuk garudha kang nduweni watak ... .
a. wicaksana
b. drengki
c. angkara
d. murka

Wacan kanggo nomer 4 lan 5

KINANTHI

Dadiya lakunireku,
cegah dhahar lawan guling,
lawan aja sukan-sukan,
anganggowa sawatawis,
ala watake wong suka,
nyuda prayitnaning batin.

4. Cegah dhahar lawan guling, lawan aja sukan-sukan. Tembung sukan-


sukan tegese … .
a. tumindakmu
b. pangati-ati
c. prasaja
d. seneng-seneng

5. Isine tembang Kinanthi ing dhuwur yaiku … .


a. Supaya dadi lakumu kanthi ngurangi mangan lan turu lan aja seneng-
seneng merga ala watake wong kang seneng-seneng iku bisa ngurangi
pangati-ati.
b. supaya dadi lakumu kanthi ora ngurangi mangan lan turu lan aja
seneng-seneng merga ala watake wong kang seneng-seneng iku bisa
ngurangi pangati-ati.
c. Supaya dadi lakumu kanthi ngurangi mangan lan nambahi turu lan aja
seneng-seneng merga ala watake wong kang seneng-seneng iku bisa
ngurangi pangati-ati.
d. Supaya dadi lakumu kanthi ngurangi mangan lan turu lan nganggoa
seneng-seneng sing akeh merga apik watake wong kang seneng-
seneng iku bisa ngurangi pangati-ati.

Wacan kanggo nomer 6 lan 7


ASAL- USULE CEPU
……………………………………………………
Pangeran Giri Kusuma lan Pangeran Giri Jati wusanane
pingin menehi pangemut kanthi cara brontak marang Pangeran
Benawa amarga wis kena nggugu pitutur. Niyate pangeran sakloron
iki pancen ora duwe melik panguasa, dheweke mung kepingin
ngemutake kangmase supaya ngadegake pamarintah kanthi adil
paramarta.
Wusana klakon Pangeran Giri Kusuma lan Pangeran Giri Jati
mbalela, semono uga Pangeran Benawa uga wis samapta ing yuda.
Perange sedulur pangeran iki wis ora bisa diselaki maneh. Campuh
yuda wis lumampah rame. Wadya bala prajurit Jipang Panolan
kasoran ing yuda. Kadhesek mlayu mangalor saka Jipang Panolan.

6. Nalika Pangeran Benawa dadi panguwasa duweni watak kang … marang


rakyate.
a. adil paramarta
b. manut
c. apik
d. ora adil/ora wicaksana

7. Pangeran Benawa iku sejatine duwe sedulur kang arane … .


a. Pangeran Kusuma Giri lan Pangeran Jati Giri
b. Pangeran Haryo Penangsang
c. Pangeran Giri Kusuma lan Pangeran Giri Jati
d. Pangeran Giri Kusuma lan Pangeran Jati Giri

8. 1. Mbak Sintawati nyirami kembang mawar.


2. Jogane disaponi Mbak Unik.
3. Adhiku nggambar kucing ing buku gambar.
4. Bukune apa wis kokgawa?
Ukara-ukara ing dhuwur kang kalebu ukara tanduk yaiku ukara nomer … .
a. 1, 2, 3
b. 1, 3
c. 1, 2, 4
d. 4

9. 1. Buku Basa Jawane wis dakjupuk mau sore.


2. Dhi, apa sing kokgambar?
3. Jajane dipangan adhiku.
4. Pardi makani pitik.
Ukara-ukara ing dhuwur kang kalebu ukara tanggap yaiku ukara nomer …
a. 1, 2, 3
b. 1, 3
c. 1, 2, 4
d. 4
10. “Wingi sore Bapak ndandani sepedhahe adhiku kang rusak.” Ukara iki yen
diowahi dadi ukara tanggap dadi … .
a. Wingi sore sepedhahe adhiku kang rusak ndandani Bapak
b. Sepedhahe adhiku kang rusak ndandani Bapak wingi sore
c. Wingi sore sepedhahe adhiku kang rusak didandani Bapak
d. Sepedhahe adhiku kang rusak ndandakake Bapak wingi sore

11. “Jarene Simbah kakung aku kudu sregep sinau kareben pinter.” Manut
unggah-ungguhe, ukara iki kurang trep, mula yen diowahi nganggo basa
ngoko alus dadi … .
a. Ngendikanipun simbah kakung kula kedah sregep sinau supados pinter
b. Ngendikane simbah kakung kula kedah sregep sinau kareben pinter
c. Sanjangipun simbah kakung kula kedah sregep sinau supados pinter
d. Ngendikane simbah kakung aku kudu sregep sinau kareben pinter

12. 1. Bapak sampun dhahar kalawau siyang.


2. Pak Broto pinarak ing kursi teras sinambi maos koran.
3. Bu guru nembe nimbali murid ingkang nakal.
4. Pakdhe Harjono tindak ing Semarang karo ngasta tas.
Ukara-ukara ing dhuwur kang kalebu ukara nganggo basa ngoko alus
yaiku ukara nomer … .
a. 1, 2, 3
b. 1, 3
c. 2, 4
d. 4

13. “Bu guru omahe adoh saka sekolahan mula budhale mesthi rada esuk.”
Ukara iki yen diowahi nganggo basa ngoko alus dadi … .
a. Bu guru dalemipun tebih saking sekolahan mila tindakipun radi enjing
b. Bu guru dalemipun tebih saking sekolahan mula tindake rada enjing
c. Bu guru daleme tebih saka sekolahan mila tindake radi enjing
d. Bu guru daleme adoh saka sekolahan mula tindake rada esuk

14. 1. Dhi, menawi dipundukani tiyang sepuh kedah mendel.


2. Bapak nitih sepedha badhe tindak dhateng dalemipun pak RW.
3. Saben dinten Jumat enjing sekolahan kula ngawontenaken olah raga
4. Bapak kesah kantor kaliyan mbekta tas.
Ukara-ukara ing dhuwur kang kalebu ukara basa krama alus yaiku ukara
nomer … .
a. 1, 2, 3
b. 1, 3
c. 2, 4
d. 4

15. “Bocah-bocah padha nggawa arit dene pak guru nggawa pacul.” Ukara iki
yen diowahi nganggo basa krama alus dadi … .
a. Lare-lare sami ngasta arit dene pak guru ngasta pacul.
b. Lare-lare sami mbekta arit dene pak guru ngasta pacul.
c. Lare-lare sami mbekta arit dene pak guru mbekta pacul.
d. Lare-lare sami ngasta arit dene pak guru mbekta pacul.
16. Rura basa tegese tembung kang rusak utawa salah nanging wis lumrah
dianggo. Ukara-ukara ing ngisor iki kang kalebu rura basa yaiku ... .
a. Pak Sutejo kae pagawean saben dinane mung trima ndhudhuk lemah
kanggo gawe sumur
b. Saben malem Senin bapak entuk giliran njaga keamanan desa
c. Aku diutus bapak nunggu pari ing sawah supaya ora dipangan manuk
d. Saben esuk ibuku mesthi adang sega

17. 1. Sartono lagi menek wit klapa ing mburi omah.


2. Saben bengi aku melu ngrewangi Simbah mbunteli dhele kanggo gawe
tempe
3. Ibuku nggodhog banyu kanggo nggawe wedang kopine Simbah kakung.
4. Wingi esuk Mbah Patri nguleg sambel pecel ing layah
Ukara-ukara ing dhuwur kang kalebu rura basa yaiku ukara nomer ... .
a. 1, 2, 3
b. 1, 3
c. 2, 4
d. 4

18. Mau bengi adhiku nulis layang kanggo Pakdhe Jono ing Surabaya.
Tembung nulis layang iku kalebu rura basa kang tegese … .
a. Nulisi layang nganggo pulpen
b. Nulisi layang nganggo potlot
c. Nulisi dluwang/kertas nganggo layang
d. Nulisi dluwang/kertas supaya dadi laying

19. Panatacara kudu ngerti kanthi gamblang acara apa kang arep dilantarake
lan sapa paragane supaya acara bisa lumaku kanthi becik lan lancar, dadi
cethane panatacara iku paraga kang tinanggenah ....
a. nata cara utawa acara
b. nata upacara lan ubarampene
c. nata pidhato lan tata carane
d. nata paraga utawa wong-wongane

20. Merga adhiku dipercaya dadi panatacara ing adicara Muludan, mula
dheweke banjur nggawe rantaman/cengkorongane adicara Muludan kaya
kasebut ing ngisor iki:
1. Pambuka
2. Kumandhanging wahyu illahi
3. Sabdatama-sabdatama
4. …
5. …
6. Panutup
Kanggo njangkepi cengkorongan adicara Muludan ing dhuwur no 4 lan 5
yaiku ....
a. Pambuka lan sabdatama-sabdatama
b. Sabdatama-sabdatama lan underaning acara
c. Underaning adicara lan pandonga
d. Pandonga lan panutup

21. Dhasar negara Indonesia yaiku Pancasila. Basa kawi tembung panca
yaiku ….
a. papat
b. lima
c. enem
d. pitu
22. Tanto iku putrane Pak Marno kang nomer 3. Basa kawi angka 3 yaiku tri.
Dene basa kawine angka 9 yaiku ….
a. sad
b. sapta
c. astha
d. nawa

23. Dasa iku angka 10, wisati angka 20, dene angka 30 basa kawine ... .
a. trinisad
b. tri dasa
c. trisad
d. cadwaringsad

24. Nalika sekolah nganakake wisudha siswa siswi kelas IX, bocah lanang
nganggo jas, sing wadon padha dandan lan nganggo kebaya. Siswi-
siswine katon ayu-ayu kaya ... .
a. Dewi Srikandi
b. Dewi Sri
c. Dewi Ratih
d. Dewi Banowati

25. Bocah kembar iku yen cinandra pindha jambe sinigar. Nanging yen bocah
kang rupane beda bisa diarani kaya ….
a. beda rupa
b. bumi karo langit
c. babadan pacing
d. srengenge lan rembulan

26. Amarga dadi juwara kelas ing sekolahane, Andi diparingi hadhiyah dening
bapak lan ibune. Atine Andi tansah bungah pindha ….
a. jangkrik mambu kili
b. sulung mlebu geni
c. ketiban ndaru
d. mbata rubuh

27. Watak adigang adigung lan adiguna iku watak kang ora becik. Swara a
miring ing tembung watak, adigang, lan adigung iku padha karo swara a
ing tembung ....
a. mara, rana, sapa
b. sawah, panas, arit
c. pacul, sanga, rekasa
d. nanas, paran, sega

28. Wani ngalah luhur wekasane. Tembung wani diarani swara i jejeg.
Tembung-tembung ing ngisor iki kang migunakake swara i jejeg yaiku ... .
a. sapi, saring, balik
b. batik, garing, taring
c. lali, piti, gori
d. iki, isi, roti

29. Mas Anton nganggo sarung amarga arep nindakake sholat jumat ing
masjid. Swara u miring ing tembung sarung padha karo swara u ing
tembung ... .
a. sandhung, telu, bolu
b. minggu, kakung, warung
c. kakung, namung, balung
d. buku, tuku, tahu
30. Gunung Cengklik iku yen ( sawang ) pancen katon edi peni, ngresepake
ati. Tembung ing njero kurung yen oleh seselan -in- dadi … .
a. sinawang
b. sawangen
c. disawang
d. sinawangan

31. Ana unen-unen “sapa kang jujur bakal makmur” tegese … .


a. Sapa kang tumindak jujur ora bakal tentrem uripe
b. Sapa kang tumindak ora jujur bakal ora tentrem uripe
c. Sapa kang tumindak jujur bakal tentrem uripe
d. Sapa kang tumindak ora jujur bakal tentrem uripe

32. Rekasa banget yen katulis nganggo aksara Jawa … .


a. reksb zet\
b. xksbzet\
c. reksb[zt\
d. xksb[zt\
33. Jambu kluthuk iki rasane legi tenan. Legi tenan yen katulis nganggo
aksara Jawa ... .
a. legitenn\
b. legitenn
c. Xgitenn
d. Xgitenn\
34. Murid iku kagolong generasi penerus bangsa, kang bakal pinaringan waris
awujud bumi pratiwi, supaya nerusake mangun nuswa bangsa lan tanah
wutah getih. Bumi pratiwi yen katulis nganggo aksara Jawa … .
a. bumip]tiwi
b. bumi pe/tiwi
c. bumip}tiwi
d. bumip/tiwi
35. Dene kewajibane para murid yaiku gelema dadi murid kang becik.
Mungguh murid kang becik iku, tansah nggatekake lan nglakoni pituturing
wong tuwa, guru ing pamulangan, lan guru ing bebrayan. Murid kang
becik yen ditulis nganggo aksara Jawa ... .
a. muritKzBecik\
b. muritK=becik\
c. murifKzBecik\
d. murifK=becik\
36. Mau esuk ibu masak oseng-oseng kacang panjang. Kacang panjang
yen ditulis nganggo aksara Jawa ... .
a. kc=pnJ=
b. kc=pvJ=
c. kczPnJz\
d. kczPvJz\
37. Bukuku saiki ana 12 iji. Ukara iku yen katulis nganggo aksara Jawa ... .
a. bukuku saikian;g0;aiji
b. bukukusaikian;gg;aiji
c. bukukusaikian;gX;aiji
d. bukukusaikian;g2;aiji
38. Yuswane mbah kakung wis ana 95 tahun. Angka Jawane 95 yaiku ... .
a. ;95;
b. ;85;
c. ;94;
d. ;84;

GAMBUH
Sumungkem bapak ibu
Ciptaning atur pra wayah sunu
Tan pegat samya minta sih pangastuti
Andi Irawan wayahmu
Di Arimurti subektos

39. Sandi asma ing tembang Gambuh iku nuduhake pengarange, yaiku ... .
a. Sucipta Andi
b. Sucipta Adi
c. Andi Irawan
d. Di Arimurti

Blora, 20 Maret 2021


Katur Pakdhe Kadaryono
Ing Semarang

Atur pamuji rahayu


Ngaturi pawarta bilih ingkang putra purunan ing Blora tansah
ginanjar wilujeng, mugi-mugi pakdhe sakulawarga semanten ugi.
Kajawi punika, kula badhe matur menawi tanggal 1 April 2021
kula badhe sowan dhateng dalemipun Pakdhe. Kula badhe ndherek
nyipeng watawis seminggu, amargi kula sampun kapang sanget
kaliyan pakdhe, budhe, saha sedaya kulawarga ing Semarang.
Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten klenta
klentuning atur, kula nyuwun pangapunten.

Ingkang putra purunan


Ttd
Bagus Baskara

40. Perangan layang pribadi kang nuduhake papan lan titi mangsa yaiku ... .
a. Blora, 20 Maret 2021
b. Katur Pakdhe Kadaryono
c. Ing Semarang
d. Atur pamuji rahayu

II. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi cekak aos!


41. Saben dina Lik Sardi mesthi angon bebek nganti tekan sawah pinggir kali.
Pagaweane Lik Sardi (tukang angon bebek) kaya ngene iki diarani … .
42. Nalika bapak turu wonten kamar, kula nembe tilem wonten kursi sofa.
Tembung tilem iku tegese turu. Tumrape bapak tembung turu iku
luput/salah. Mula tembung kang bener dadi … .
43. Sega gorenge dipangan adhiku karo kancane. Ukara iki yen diowahi dadi
ukara tanduk malih dadi … .
44. Wong urip iku kudu (tulung-tulung) karo tangga teparo. Tembung
tulung-tulung yen dirimbag tanggap na dadi … .
45. Sawise matek aji jaya kawijayan Sang Hyang Ismaya ngokop gunung
Mahmeru. Gunung bisa kauntal nanging cilakane gunung mau ora bisa
diwetokake maneh saka njero wetenge. Mula Sang Hyang Ismaya kang
mulane rupane bagus banjur dadi elek, endhek, bunder, ipel-ipel mula
banjur diarani Semar. Semar iku minangka salah sijine punakawan. Dene
punakawan telu liyane arane gareng, ... lan ... .
46. Endhog antiga kang pecah dadi telung perangan, wusanane dadi dewa
telu, yaiku Sang Hyang Tejamaya (Togog), Sang Hyang
Ismaya (Semar), lan Sang Hyang Manikmaya (Bathara
Guru). Ing sisih kiwa iku gambar wayang ... .

47. Tembung lemari kaca yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi ... .
48. ?xsPtimnis\, Tulisan Jawa iki unine ... .
49. Pepindhan iku unen-unen kang ngemu surasa pepadan, emper-emperan,
nganggo tembung kaya, kadya, lir, pindha.
Dasamuka iku raja ing Alengka kang nduweni swara banter banget.
Swarane prasasat kaya ...
50. Ing acara sedhekah desa wingi, para warga padha guyup rukun masak
bebarengan ing daleme kamituwa. Ibu-ibu padha adang sega, gawe
panganan, lan masak lawuh maneka warna kanggo bancakan. Tembung
adang sega iku kalebu rura basa. Adang sega tegese ... .

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi permati!


51. a. Tulisen nganggo aksara Jawa!
Adhiku wis umur 15 tahun
b. Tulisan Jawa ngisor iki owahana nganggo tulisan latin!
?aku lgimznJjn\,
52. Dadi bocah sekolah iku prayogane kudu bisa etung-etung nganggo basa
krama alus, kayata setunggal, kalih, tiga, sekawan, gangsal, enem, pitu,
wolu, sanga, lan sedasa. Coba saiki tulisen etungan: siji nganti tumekane
sepuluh nganggo basa kawi!
53. Ukara ing ngisor iki owahana dadi basa krama alus!
a. Bu, aku njaluk dhuwit kanggo tuku buku.
b. Astuti dikongkon Bu Guru supaya nggawa sapu.
54. Ukara tanduk ing ngisor iki owahana dadi ukara tanggap!
a. Adhiku lagi njupuk buku ing tas.
b. Bapak mau maos koran Suara Merdeka.

55. KINANTHI
Dadiya lakunireku
Cegah dhahar lawan guling
Lawan aja sukan sukan
Anganggowa sawatawis
Ala watake wong suka
Nyuda prayitnaning batin.

Sebutna pathokan/paugerane tembang Kinanthi ing ndhuwur!

Anda mungkin juga menyukai