Anda di halaman 1dari 3

PEMERINTAH KABUPATEN PATI

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


SD NEGERI NGURENREJO
KECAMATAN WEDARIJAKSA
Alamat : Desa Ngurenrejo Rt 08 Rw 02 Kec. Wedarijaksa Kab. Pati 59152
Email : sdn.ngurenrejo@gmail.com
ULANGAN HARIAN
Nama : Muatan Pelajaran : Bahasa Jawa
No. Presensi : Hari/Tanggal : Senin, 6 November 2023
Kelas : VI (Enam)
Tata Tertib :
1. Berdoa sebelum mengerjakan
2. Gunakan bolpoin ketika menjawab
3. Dilarang mencontek atau membuka buku catatan
4. Dilarang bekerjasama dengan teman
“Allah Maha Melihat dan Allah Maha Mengetahui, maka percaya dirilah dengan hasil pekerjaanmu”
A. Kerjakan soal di bawah ini dengan memberikan tanda silang (X) pada a, b, c, atau d sesuai jawaban yang
benar!
1. Pengalaman pribadi iku crita kang dialami ….
a. Wong tua c. Kanca-kanca
b. Wong liya d. Awake dhewe
2. Kula gadhah pengalaman ngremenake ingkang boten saged kula supekaken. Ukara iku digawa basa ngoko yaiku
….
a. Aku duwe pengalaman nyenengake sing ora bias daklalekake
b. Kula gadhah pengalaman nyenengake sing ora bias kula lalekake
c. Aku duwe pengalaman nyenengake sing boten saged daklalekake
d. Kula gadhah pengalaman ngremenaken sing ora bias daklalekake
3. Bapak ugi kagungan pengalaman ngremenaken ingkang boten saged dipunsupekake.
Ukara kasebut nggunakake basa ….
a. Ngoko lugu c. Karma lugu
b. Ngoko alus d. Karma alus
4. Ing ngisor iki klebu pengalaman kang nyenengake yaiku ….
a. Telat mlebu sekolah c. Numpak pit tiba
b. Ditinggal ibu d. Dadi juara 1 lomba macapat
5. Urip bebrayan kudu guyup rukun supaya bisa ayem tentrem.
Guyup rukun lan ayem tentrem iku klebu tembung ….
a. Entar c. Saroja
b. Dwilingga d. Garba
6. Gaweyanku saben dina bubar sekolah mesthi isah-isah, yaiku ngresiki piring lan piranti liyane sing wis kanggo
masak utawa maem. Kabeh mau daklakoni kanti seneng, ora tau ngrundhel, aoa maneh mbantah wong tua. Kira-
kira jam lima sore bapak saha ibu nembe kondur. Aku banjur adus, maem, lan terus turu amarga kesel banget.
Pokok crita paragraf ing dhuwur yaiku ….
a. Gaweyanku saben dina bubar sekolah mesthi isah-isah
b. Ngresiki piring lan piranti liyane
c. Kabeh daklakoni kanthi seneng
d. Aku banjur adus, maem, lan terus turu amarga kesel banget.
7. Dewi iku bocah sing lantip.
Lantip iku tegese ….
a. Sregep c. Mbangun turut
b. Grapyak d. Pinter/cerdas
8. Murid-murid padha ngangsu kawruh ing pasinaon. Tembung kawruh tegese ….
a. Pengalaman c. Ngelmu
b. Kanca/mitra d. Banyu
9. Mirna : “Eh…San, iki ana roti coklat kowe gelem ora?
Santi :”Gelem bae Mir.”
Pratelan kasebut duwe maksud ….
a. Mirna nawani roti coklat marang Santi c. Mirna ora gelem diwenei roti coklat
b. Mirna nukokake roti coklat kanggo Santi d. Santi menehake roti coklat marang Mirna
10. Becik lan ala bakal ketara ing tembe mburine. Ukara kasebut paribasane yaiku ….
a. Kriwikan dadi grojokan c. Becik ketitik ala ketara
b. Ancik-ancik pucuking eri d. Yitna yuwana, lena kena
11. Pak Suta kagungan putra telu lanang wadon lanang, mula diarani ….
a. Cukit dulit c. Pancuran kaapit sendhang
b. Gotong mayit d. Sendang kaapit pancuran
12. Pambarepe Pandhawa iku Prabu Puntadewa
Tegese pembarep yaiku anak kang laire ….
a. Dhisik dewe c. Nomor telu
b. Nomor loro d. Keri dhewe
13. Manuk tuhu mencok pager
yen sinau mesthi pinter
unen-unen kasebut diarani ….
a. Paribasan c. Sanepa
b. Cangkriman d. Parikan
14. Adigang, adigung, adiguna
Paribasan iku tegese ….
a. Njagakake barang mung saoleh-olehe
b. Ngandelake kekuwatane, keluhurane, lan kapinterane
c. Wong asor nangih sugih kepinteran
d. Wong pinter mungsuh padha wong pinter
15. Sarjana nggawa pancing siji, walesane werna abang
Walesane iku tegese … pancing
a. Garan c. Bandhul
b. Senar d. Pakan

B. Isilah titik-titik di bawah ini dengan jawaban yang tepat!


1. Diparingi hadiah ulang tahun kuwi pengalaman kang ….
2. Wong telu padha gumujeng. Aku ya, melu ngguyu, nanging ya setengah isin. Kabeh ora nyalahake aku, wong
pancene isih esuk., ing pawon peteng. Bothekan wadhah bumbu, gula, kopi, lan the tunggal selemari. Wujude
gula jawa sing wis dipecahi cilik-cilik karo trasi uga meh padha. Mas Bayu karo ngelus-ngelus sirahe ngendhikan.
“Wis ora apa Hes, esuk-esuk ngombe wedang kopi rasa trasi.”
Pokok crita paragraf ing dhuwur, kalebu jenising paragraf ….
3. Jemek-jemek gula jawa. Parikan kasebut tutuge ….
4. Walesane pancing dawane udakara karo tengah meter. Udakara tegese ….
5. Santoso kuwi urip dhewe, merga bapak lan ibune wis seda.
Santoso kuwi diarani bocah ….
6. Mbah kakung uga cekoh-cekoh, sawise ngunjuk wedang kopi. Cekoh-cekoh iku tegese ….
7. Numpak pit tiba iku klebu pengalaman kang ….
8. Baladewa ilang gapite. Paribasan kasebut tegese ….
9. Sukri saben mangkat sekolah mesthi telat. Menurutmu tanggapan kang trep yaiku ….
10. Kedhana kedhini tegese yaiku ….

C. Jawablah pertanyaan di bawah ini dengan cara menyertakan cara penyelesaiannya!


1. Coba jelaske bedhane paragraf deduktif lan induktif!
Jawab :
………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………….
2. Basa kramakna ukara-ukara ngisor iki!
a. Bapak lan ibu lunga menyang Kalimantan numpak kapal
b. Mulih sekolah aku dikongkon ibu tuku gula
Jawab :
………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………….
3. Apa tegese paribasan ing ngisor iki:
a. Asu belang kalung wang
b. Bung pring petung
Jawab :
………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………….
4. Tutugna parikan ing ngisor iki:
a. Wedang bubuk gula jawa. Wis kepethuk ….
b. Kembang jagung, dipethik cina. Barang wis kadhung ….
Jawab :
………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………….
5. Tulisana ukara ing ngisor iki nganggo aksara Jawa:
a. Bapak dhahar tela goring
b. Susi tumbas roti bakar
Jawab :
………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………….

Anda mungkin juga menyukai