Anda di halaman 1dari 5

PEMERINTAH KABUPATEN KEBUMEN

DINAS PENDIDIKAN, KEPEMUDAAN DAN OLAHRAGA


SEKOLAH DASAR NEGERI 2 JOGOPATEN
Desa …………., Kec. Buluspesantren, Kebumen

PENILAIAN AKHIR SEMESTER-II (PAS-II)


TAHUN PELAJARAN 2022/2023
Muatan Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : VI ( Enam)
Hari, Tanggal :
Waktu :
PITUDHUH :
1. Ndunga sakdurunge nggarap!
2. Tulisen jenengmu ana ing lembar jawab!
3. Wacanen saben soal kanthi premati!
4. Garapen luwih disik soal-soal sing kok anggep luwih gampang!
5. Tlitinen maneh garapanmu sakdurunge dipasrahake marang gurumu!

KD 3.1 Memahami isi teks pidato tentang perpisahan kelas VI

I. Wenehana tandha ping (x) ana sangarepe pratelan a, b, c, utawa d sing paling bener!
Assalamu’alaikum wr wb.
Bapak Kepala Sekolah SD Negeri Mulyorejo ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu Guru
ingkang kulo hormati, rencang-rencang, saha adhik-adhik ingkang kulo tresnani.
Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rahmat sarta
hidayah dhumateng kita, sahinggo kita saged kempal wonten ing Aula SD Negeri Mulyorejo
puniko kanthi mboten wonten alangan satunggal punapa.
Bapak/Ibu Guru ingkang kulo hormati, rencang-rencang, saha adhik-adhik ingkang kulo
tresnani. Pendhidhikan nggadahi manfaat kangge kita sedaya.Pendhidhikan kawiwitan wekdal
tiyang punika dipunlairaken lan tansah lumampah salebeting kita gesang wonten ing donya
punika. Pendhidhikan saged dipun tampi mboten naming lewat pendhidhikan formal kemawon,
nanging saged lewat pendhidhikan non formal lan informal. Pendhidhikan formal inggih punika
pendhidhikan wonten ing pawiyatan. Pendhidhikan non formal punika pendhidhikan wonten
lingkungan keluarga, dene pendhidhikan informal pendhidhikan wonten lingkungan masyarakat.
Bapak/Ibu Guru ingkang kulo hormati, rencang-rencang saha adhik-adhik ingkang kulo
tresnani, wasana cekap semanten atur kulo menawi kathah kalepatan atur ingkang mboten
mranani penggalih, kulo nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum wr wb.

1. Apa tema sesorah ing ndhuwur?


a. Kesehatan c. Pendhidhikan
b. Lingkungan d. Pahlawan
2. Kapan pendhidhikan punika kawiwitan?
a. Wanci tiyang punika dipunlairaken c. Wanci mlebet pawiyatan dhasar
b. Wanci mlebet PAUD d. Wanci mlebet taman kanak-kanak
3. Kepriye carane nampa pendhidhikan?
a. Lewat keluarga lan masyarakat sakiwa tengene
b. Lewat kursus-kursus ing lembaga kursus
c. Lewat pawiyatan SD, SMP, SMA lan Perguruan Tinggi
d. Lewat pendhidhikan formal, non formal lan informal
4. Ana ing ngendi para warga SD Negeri Mulyorejo padha kumpul ngrungokake sesorah?
a. Perpustakaan SD Negeri Mulyorejo c. Aula SD Negeri Mulyorejo
b. Pendhapa SD Negeri Mulyorejo d. Lapangan SD Negeri Mulyorejo
5. Sapa sing padha ngrungokake sesorah ing ndhuwur?
a. Kepala Sekolah, Bapak/Ibu Guru, Wali siswa SD Negeri Mulyorejo
b. Kepala Sekolah, Bapak/Ibu Guru SD Negeri mulyarejo lan tamu undangan
c. Kepala Sekolah lan Bapak/Ibu Guru SD Negeri Mulyorejo
d. Kepala sekolah, Bapak/Ibu Guru, para siswa SD Negeri Mulyorejo
Gatekna sesorah ing ngisor iki!

Ibu Anita, wali kelas 6 ingkang kinurmatan. Kanca-kanca kelas 6 ingkang kula tresnani. Puji
syukur tansah konjuk ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kuwasa bilih dinten menika
panjenengan dalah kula saged kempal wonten ing ngriki kanthi kawilujengan nir ing
sambekala.
6. Pratelan sesorah ing nduwur, kalebu peraganing….
a. Salam pambuka c. purwaka basa
b. Wasana basa d. Salam panutup
7. Sesorah ing nduwur, migunakake basa….
a. Ngoko c. krama
b. Ngoko alus d. krama inggil
8.Cekap sementen anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo
nyuwun….pangapunten.
a. Agunging c. katah
b. Gedene d. lumraeh
9. Metodhe sesorah sing ditindakake kanthi gawa cathetan cilik kang isine bab kang di anggep
penting diarani…
a. Metodhe maca c. methode apalan
b. Methode ekstemporan d. methode impromptu
10. Nalika para siswa sesorah ing ngarepe wong akeh,prayogane kanthi….
a. Ngadeg jejeg lan kaku c. Mantep lan teteg madhep pamriksa
b. Temungkul/ndhingkluk d. Sakarepe dewe

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang pratitis!
1. Tembung kang isine atur pangarep-arep lan atur pangapura ing sesorah arane….
2. Sekabehe bab sing diandharake marang para rawuh/tamu ing perangan sesorah kalebu ….
3. “Sugeng siyang” , ukara kasebut kalebu perangane sesorah babagan….

III.Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!


1. Apa kang diarani metodhe sesorah impromtu!
2. Gawea tuladha sesorah babagan panutup ing acara pepisahan kelas VI!

KD 3.2 Memahami teks percakapan /dialog dengan teman sebaya atau orang tua
I. Wenehana tandha ping (x) ana sangarepe pratelan a, b, c, utawa d sing paling bener!
Kanggo mangsuli soal nomer 1-3 gatekna pacelathon ing ngisor iki.
Anton : “Don, sesuk apa sida ulangan basa Jawa?”
      Doni   : “Sida Ton, apa kowe ora ngerti?”
      Anton : “Ora, jalaran aku ora mlebu sekolah amarga lara’’
      Doni   : “Ye ngono mengko sore ndhewe sinau bareng wae ya Ton, neng omahku.’’
1. Pacelathon ing ndhuwur migunakake ragam basa ...
a. ngoko lugu c. krama alus
b. krama lugu d. krama inggil
2. Pacelathon antarane Anton karo Doni ngrembug babagan ...
a. ora mlebu sekolah c. kegiatan sekolah
b. ulangan basa Jawa d. pelajaran ing sekolah
3. Kang nduweni teges padha karo pacelathon, yaiku ...
a. musyawarah c. dialog
b. piwulang d. sinau

Rina     : “Mar, Aja mbolos sekolah mengko dadi ora pinter lho!”
      Damar : “Ora usah melu-melu urusanku,Rin!”
      Rina     : “ . . .”
      Damar : “Rin, ora sah sok pinter, sok ngandhani. Urusen awakmu dhewe.”

4. Ukara kanggo ngganepi pacelathon Rudi karo Usman ing dhuwur kang mathuk yaiku ...
a. Damar, aku seneng mbolos c. Damar,aku melu mbolos
b. Damar, mbolos iku pancen apik d. Damar,mbolos kuwi ora apik
Pak Guru : “Bocah-bocah sapa sing durung nggarap PR?”
      Badi        : “Kula Pak, kula kesupen menawi wonten PR.”
      Pak Guru : “...”

5. Ukara kang trep kanggo ngganepi pacelathon ing dhuwur ...


a. Kok kowe sregep tenan c. Kok kowe wis nggarap PR
b. Kok kowe bisa lali ? d. Kok kowe ora lali
Kanggo mangsuli soal nomer 6-9 gatekna pacelathon ing ngisor iki.
Agus : "Di, suk Minggu kowe arep dolan menyang ngendi?"
Wardi : "Aku durung duwe rencana, Gus.
Agus : "Manawa durung ana rencana, piye yen kowe melu aku lan kulawarga dolan
menyang Satwa Taru Jurug?"
Wardi : "Wah. gelem banget aku. Banjur, aku kudu teka omahmu suk Minggu jam pira?"
Agus : "Udakara jam wolu esuk. Mengko numpak bis kota bebarengan saka omahku."
Wardi : "Ya...ya.... nanging aku matur wong tuwaku dhisik, ya?"

6. Pacelathon ing dhuwur ngemu tema…


a. Kesehatan c. Piknik
b. Perpisahan d. Pendhidikan
7. Surasane pacelathon ing dhuwur yaiku…
a. Wardi ngajak Agus dolan menyang Satwa Taru Jurug
b. Wardi ngajak Agus dolan nonton Grojogan Sewu
c. Agus ngajak Wardi dolan menyang Satwa Taru Jurug
d. Wardi numpak bis kota menyang omahe Agus
8. Udakara jam wolu esuk
Tembung udakara tegese…
a. pas c. luwih saka
b. kurang luwih d. kurang saka
9. Amanat/pesen kang kakandhut ing pacelathon dhuwur yaiku…
a. lelungan ora prelu pamit wong tuwa
b. menawa arep lelungan pamit wong tuwa dhisik
c. lelungan cedhak ora prelu pamit
d. menawa arep lelungan adoh ora pamit wong tuwa
10. Yen nulis pacelathon sakwise nulis jenenge paraga, banjur diwenehi tandha….
a. ( c. “
b. : d. !

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang pratitis!
1. Pacelathon ditindakake paling sitik ono wong ….
2. Sakdurunge nulis pacelathon lewih disik nentokake ….
3. Nalika nulis pacelathon marang wong kang luwih tuwa migunakake basa krama….
II.Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
1. Gatekna Pacelathon ngisor iki!
Tanti: "Rin, kanggo mengeti dina kamardikan iki, ing kampungmu arep nganaake apa?'
Rina : "ing kampungku arep dianaake lomba pitulasan."
Tanti: "Lomba pitulasan iku kanggo .…wae ?"
Rina : "Lomba pitulasan ing kampungku ana sing kanggo bocah-bocah, remaja, ibu-ibu, lan
ana uga lomba kagem bapak-bapak."
Tanti : ".....lomba iku dimulai? "
Rina : " Rencanane dimulai seko jam siji awan"
Tanti : "Lombane dianakake ana ing.….?"
Rina : "Lombane dianakake ing lapangan cedak daleme pak lurah”
Ukara pitakon kang trep tumrape Tanti kanggo ngganepi pacelathon ing dhuwur yaiku............
2. Adit lan Denis lagi wahaye jam istirahat. Adit lan Denis lagi crita nalika ndisik musime virus
corona utawa Covid 19. Gawea pacelathon antara Adit lan Denis!
LEMBAR JAWAB

MUATAN PELAJARAN : ……………………………………..


KELAS : ……………………………………..
NOMOR URUT : ……………………………………..
KD 3.1
I. Pilihan Ganda
1 A B C D 6 A B C D
2 A B C D 7 A B C D
3 A B C D 8 A B C D
4 A B C D 9 A B C D
5 A B C D 10 A B C D
II. Isian
1…………………………………………………………………………………………….
2. ……………………………………………………………………………………………
3. ……………………………………………………………………………………………

III. Essai

1……………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………

2……………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………

KD 3.2
I. Pilihan Ganda
1 A B C D 6 A B C D
2 A B C D 7 A B C D
3 A B C D 8 A B C D
4 A B C D 9 A B C D
5 A B C D 10 A B C D
II. Isian
1…………………………………………………………………………………………….
2. ……………………………………………………………………………………………
3. ……………………………………………………………………………………………

III. Essai

1……………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………

2……………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………………………
KUNCI JAWABAN
PENILAIAN TENGAH SEMESTER II
KELAS VI

Muatan Pelajaran : Bahasa Jawa


KD 3.1
I. Pilihan Ganda
1. C 6. C
2. A 7. D
3. D 8. A
4. C 9. B
5. D 10. C

II. Isian
1. wasana basa/panutup
2. Surasa basa/inti
3. salam pambuka

III.Essai
1. Metodhe impromptu yaiku metode sesorah tanpa persiapan utawa dadakan
2. (Kebijaksanaan Guru)

KD 3.2
I. Pilihan Ganda
1. A 6. C
2. B 7. C
3. C 8. B
4. D 9. B
5.B 10. B

II. Isian
1. loro (2)
2. tema
3. inggil

III.Essai
1. sapa, kapan, ngendi
2. (Kebijaksanaan Guru)

Pedoman Penskoran
I. Pilihan Ganda B x 1 ( 10 x 1 = 10)
II. Isian B x 2 ( 3 x 2 = 6)
III. Essai B x 3 ( 3 x 3 = 9)
JUMLAH SKOR = 25

Nilai = Jumlah Skor x 4

Anda mungkin juga menyukai