Anda di halaman 1dari 8

GLADI BASA JAWA KELAS 9

Wulangan I
Materi Pembelajaran Bahasa jawa

Daryono,S.S

2010

SMP 1 WONOKERTO- KABUPATEN PEKALONGAN

WULANGAN 1
I. NYEMAK Kompetensi Dasar Indikator Mampu mendengarkan dan memahami Menjelaskan isi pidato. berbagai wacana lisan dalam berbagai Menceritakan kembali isi pidato. ragam Bahasa Jawa.

A.

TANGGAP WACANA KITANAN Assalamualikum Wr. Wb. Nuwun, minangkani pamundhutipun sedherek Padma Sancaya sarimbit, kula kalilana matur ing ngarsa panjenengan sedaya. Sapisan: ngambali ngaturaken sugeng rawuh dhumateng para tamu kakung putri saha ngaturaken sugeng lelenggahan ing palenggahan ingkang kuwawi kula cawisaken. Kaping kalih: kula ngaturaken sanget agenging panuwun, dene para tamu kakung putri sampun kersa rawuh minangkani panyuwun kula. Para tamu kakung putri ingkang kinurmatan, dene ingkang dados wigatosipun pasamuan ing dinten punika sinaosa sampun kaaturaken ing serat sedhahan, wonten prayoginipun kula kalilana ngambali caos atur, inggih punika Bapak Padma Sancaya kagungan kajad ngislamaken ingkang putra ingkang angka satunggal inggih punika Bambang Adi Putranta. Res sampun kalampahan nalika dinten Respati Manis, 21 April 2008 wonten Bogem Ngayogyakarta, wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa. Wondene rawuhipun para tamu, kasuwunan tambahing donga pangestu, mugi-mugi enggal saras, dadosa lare ingkang soleh migunani menggahing nusa bangsa sarta agami dene Bapak Padma Sancaya anggenipun mengku kajad pinaringan wilujeng nir sambikala, cinepakna suka rena sumrambah ing sadayanipun. Para tamu kakung miwah putri ingkang kinurmatan, panjenenganipun Bapak Padma Sancaya ngaturaken agunging panuwun dhumateng para sanak kadang pamong mitra ingkang sampun paring dedana, eguh pratikel bau suku saha peparing warna-warni ingkang sedaya kalawau saged damel pangentheng-entheng anggenipun kagungan kajad, saged lumampah wilujeng nir ing sambikala. Wasana cekap semanten atur kula lan bok bilih wonten kalepatan saha kekirangipun kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Nuwun. Wassalamualaikum Wr. Wb.

B.

KAWRUH BASA Ana ing teks pidato dhuwur tinemu tembung-tembung nir, respati manis, samodra lsp. Tembung-tembung iku kalebu basa kawi diarani basa kawi jalaran sing kerep nganggo para kawya ( pujangga). Kang lumrahe saka basa jawa kuna banjur ana sing ngandhakake yen basa kawi kuwi iku basa Jawa Kuna. Tembung-tembung kawi liyane kayata : 2

1. Jenenge dina ( cacahe 7 ) Senen = Soma Selasa = Anggara Jumat = Sukra Setu = Tumpak 2. Jeneng dina pasaran ( cacahe 5 ) Legi = Manis Paing = Jenar Wage = Cemengan Kliwon = Kasih 3. Keblat ( cacahe 4 ) Lor = Utara Kulon = Pracima 4. Wilangan siji = eka loro = dwi telu = tri papat = catur lima = panca enem = sad pitu = sapta wolu = hastha 5. Warna abang = rekta putih = seta biru = wilis

Rabu = Budha Minggu = Radite

Kamis = Respati

Pon = Palguna

Kidul = Daksina

Wetan = Purwa

sanga sepuluh satus sewu sepuluh ewu satus ewu sejuta nol

= nawa = dasa = sata = sasra = saleksa = sakethi = sayuta = das

ireng kuning

= kresna, langking = jenar, jene

6. Tembung kawi liyane sing kerep dirungu utawa digawe. segara = samodra buta lemah = bantala, kisma angin lintang = kartika rembulan srengenge = baskara, surya gunung ratu = aji, nata, katong dhuhkita handaka/andaka = bantheng gajah ula = taksaka kethek banyu = tirta aja mendhung = jaladara bledhek nesu = bramantya karep kintaka = layang semaput mati = sirna, lampus loka enggal, age-age = gya dewa pandhita = pujangga pagaweyan tuladha = palupi pamujan panyipta = pamursita prawan pulo = nuswa peperangan rambe = semi golongan guneman = paheman prihatin

= denawa, yaksa, wil = maruta, samirana = candra = wukir, arga = susah = dwipangga, liman = wanara, wre = awya = erawati = esthi = kantaka = jagad = hyang = pakarti = pamelengan = rara = pabaratan = repat = rudita 3

C.

Wangsulana Pitakon-Pitakon Ing Ngisor Iki 1. Tanggap wacana iku ing acara apa? 2. Sapa sing duwe gawe? 3. Ana ngendi dununge sing duwe kajad? 4. Sapa sing disunati? 5. Kapan olehe sunat? 6. Putra sing nomer pira sing disunati? 7. Apa ancase / tujuane ngaturi rawuh para tamu? 8. Mugi anggenipun kagungan kajad nir sambikala. Apa tegese nir sambikala ing ukara iku? 9. Bapak Padma ngagem busana langking. Busana langking tegese.... 10. Wanara seta iku jenenge Anoman. Wanara seta padha karo ....

II. MICARA

Kompetensi Dasar Indikator Mampu mengungkapkan pikiran, Dapat berdialog dengan orang tua pendapat, gagasan, dan perasaan secara dengan bahasa krama. lisan melalui berbicara, bertelepon, dan Menerapkan basa krama dengan benar. berdialog dalam berbagai ragam bahasa Jawa dengan unggah-ungguh basa yang benar.

A. Nindakna pacelathon Bubar sholat isa Pramana wis tata-tata buku sing arep digawa Senen. Bapakne isih lelenggahan ana kursi ngarep karo maca buku bab pertanian. Pramana terus nyedhaki bapakne karo matur. Pramana : Pak, punapa panjenengan kagungan arta?. Bapak : Arep kanggo apa, apa arep nonton?. : Lha.... rak tenan, kowe arep kesed-kesedan malem Senen barang kok arep nonton, ora sinau. Wis kelas 9 kok ora malah sinau sing sregep, apa kowe wis pinter pa? Pramana : Bapak punika lho, lha tiyang kula dereng matur kok bapak malah duka. 4 Pramana : Inggih, Pak. Bapak

Bapak

: Lha iya no, jare arep nonton?! Mangka sesuk dina Senen karo maneh kowe wis kelas 9 sedhela maneh ngadhepi ujian nasional lan ujian sekolah, lha nek sinaumu kendho apa bisa lulus kowe? Sapa sing ora nesu hara!.

Pramana : Leres, Bapak punika leres sanget. Manawi mangke kula ningali ringgit, ningali orkes, band, tamtu Bapak duka. Bapak : Lha nek ora nonton orkes, arep nonton apa maneh? Wong gedung bioskop wis langka? Pramana : Punapa boten wonten sanesipun ta, Pak?. Bapak : Ya, ubyang-ubyung kuwi. Bapak punapa kagungan arta?. Bapak : Pram, Pram, karo wong tuwa senengane kok nggodha. Mbok mau matur sing cetha, bapak ora ndukani. Pramana : Rak boten punapa-punapa ta, Pak?. Bapak : Katone bukumu rak wis komplit ta, Pram? buku Detik-detik Ujian Nasional kaliyan buku-buku Pertanian lan Peternakan kok, Pak. Bapak : Lha sing pungkasan kuwi aku cocog kuwi. Pira jare regane? Nyoh, diserepi kanggo jagan nek kurang, ning tenan lho! Pramana : Inggih Pak, mangke manawi sampun tumbas dipunpraktekaken. Kula ndherek nggih pak!. Bapak : Yo wis sing ngati-ati, ndang cepet bali lho! Pramana : Inggih Pak ,matur nuwun. Pramana : Anu, Pak, manawi buku pelajaran sampun, ning kula kepengin tumbas Pramana : Wah-wah selak kathahen dosa, kula badhe ningali pameran buku kok, Pak.

B. Pacelathon ing dhuwur paragakna karo kancamu! C. Gawea pacelathon sing intine kowe njaluk ditukokake sepatu marang Bapak utawa Ibumu nganggo basa krama!

III.

MACA 5

Kompetensi Dasar Indikator Mampu membaca dalam hati dan Menceritakan kembali isi bacaan. memahami isi bacaan baik sastra Menjawab pertanyaan bacaan maupun nonsastra.

A. Wacanen batin SEDHEKAH BUMI

Sawise sepuluh taun ora ngadani acara sedhekah bumi, ing dina Senen Paing sasi Sura kepungkur ing desa Sangkanjaya nganakake sedhekah bumi maneh. Mula ora nggumunake manawa penontone bludak akeh banget padha ngebaki dalan ing Desa Sangkanjaya, Kecamatan Kajen Kabupaten Pekalongan. Manut pangandikane Bapak Lurah Sangkanjaya yaiku Bapak Kurdi Manta manawa acara iki dianakake kanthi pangajab; sepisan : pinangka rasa syukur marang Gusti Allah, dene wis paring pirang-pirang kanikmatan marang para kadang kang urip ing Desa Sangkanjaya. Kapindho : muga-muga Gusti kang akarya jagad kersaa paring pangaksama, marang para warga desa bisaa tetep raharja, olah tetanen netepi kewajibane ngaurip, tuwuh kang sarwa tinandur, murah kang sarwa tinuku. Katelu : sedekah bumi dianakake ngleluri dhawuhe para sesepuh lan ngleluri budaya jawi. Wondene rerangkene sedekah bumi iku ngarak wulu pametune desa kana kayata bangsa kala kapendhem, pala gumantung, pala kesimpar, pala kitri lan liyaliyane. Kabeh mau dikumpulake ana Bale Desa. Terus dipantha-pantha manut golongane dhewe-dhewe. Sabanjure hasil bumi mau diarak mubeng desa kanthi kawiwitan saka bale desa diiringi tetabuhan lan tarian sing diparagani para remaja desa kono. Sawise rampung diarak hasil bumi mau didum utawa diwenehake marang para warga desa kono. Puncake acara iku bengine dianakake tumpengan lan wayangan sawengi natas kanthi dhalang Bambang saka Sumub Sragi kanthi lakon Sesaji Raja Suya.

B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! 1. Wacan ing dhuwur nyaritakake bab apa? 6

2. Sapa asmane lurah Sangkanjaya? 3. Apa tujuane dianakake sedhekah bumi? 4. Kepriye urut-urutane upacara sedhekah bumi ing Desa Sangkanjaya mau? 5. Puncaking acara di anakake apa?

IV.

NULIS

Kompetensi Dasar Indikator Mampu mengungkapkan pikiran, Membuat parikan. gagasan, pendapat dan perasaan Menuliskan parikan. dalam berbagai bentuk tulisan dan ragam bahasa jawa dengan unggahungguh basa yang benar.

A. PARIKAN Parikan iku memper pantun ana ing Bahasa Indonesia. Parikan kena diperang dadi 4: 1. Parikan lamba : yaiku parikan kang isi rong ukara, saben ukara ana 8 wanda, kapedhot : 2 ( 4 + 4 ) Tuladha : a. Purwadadi / Rak kuthane Sing dadi ./ rak nyatane b. Ana kebo / nusu jaran Sapa bodho / kasangsaran 2. Parikan kang dumadi rong ukara Saben ukara ana 12 wanda, kanthi pedhotan : 2 ( 4 + 8 wanda ) Tuladha : a. Kembang aren / sumebar tepining kalen Aja dahwen / yen kowe kepingin kajen ( 4 + 8 ) ( 4 + 8 ) ( ( i - e )

i - e ) ( o - a )

( o - a )

b. b. Kembang mlathi / ganda wangi warna peni ( 4 + 8 ) Watak putri / kudu gemi lan nastiti ( 4 + 8 )

3. Parikan rong ukara saben ukara ana 16 wanda, kapedhot : 8 wanda + 8 wanda. Parikan kang saben ukarane ana 16 wanda kena kaperang dadi 4 larik. 7

Tuladha : Sega punar lawuh empal ( a ) Segane temanten anyar Dadi murid aja nakal Kudu ulah ati sabar 4. Parikan padinan Tuladha : a. Tampar taline timba, sing sabar sauntara. b. Cipir mbyok-ombyokan, mangga mampir teng pondhokan (a) (b) (b)

B. Gladhen Gawea tuladha parikan kang wis kasebut ing dhuwur cukup saben jinis parikan loro bae!

Anda mungkin juga menyukai