Anda di halaman 1dari 11

NASKAH SOAL TRY OUT UJIAN SEKOLAH

TAHUN PELAJARAN 2020/2021

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Hari/Tanggal : Rabu / 24 Februari 2021
Kelas/Program : XII MIPA / IPS
Waktu : 13.00 – 15.00 WIB

PETUNJUK UMUM :
1. Tulislah Nama, Nomor Peserta pada lembar jawaban yang tersedia
2. Bacalah dengan teliti setiap soal sebelum Anda mengerjakan
3. Tidak diperkenankan menggunakan alat bantu, handphone dan alat komunikasi lainnya
4. Gunakan Pensil 2B atau yang sejenis
5. Periksalah pekerjaan anda sebelum diserahkan kepada pengawas
SELAMAT MENGERJAKAN
PITUDUH:
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih a, b, c, d, utawa e miturut panemumu kang
trep!

Tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 1-2!


Pangkur
Si pengung nora nglegewa,
Sangsayarda denira cacariwis,
Ngandhar-andhar angendukur,
Kandhane nora kaprah,
Saya elok alangka longkangipun,
Si wasis waskitha ngalah,
Ngalingi marang si pingging.

1. Saking pada tembang Pangkur kasebut ukara Si wasis waskitha ngalah nggadhahi teges ....
A. Pinter lan gelem ngalah
B. Bodho, ceriwis, nanging seneng ngalah
C. Pinter omong nanging ora gelem ngalah
D. Bodho lan ora gelem ngalah
E. Pinter omong lan seneng ngeyel

2. Menawi ningali tembang kasebut saged kapendhet amanat yaiku .....


A. Dadi wong kuwi aja gumedhe olehe ngomong yen durung mangerteni apa sing diomongake.
B. Dadi wong bodho aja gelem ngalam karo sing pinter.
C. Wong urip kudu cacariwis lan angendhukur.
D. Wong urip ora kena mung ngalah terus mundhak diarani wong bodho.
E. Dadi wong kuwi kudu gunggungan aja mung akeh omonge lan ngeyela wae.

3. Pangkur
Jinejer ing Wedhatama,
Mrih tan kemba kembengenging Pambudi,
Mangka nadyan tuwa pikun,
Yen tan mikani rasa,
Yekti sepi asepa sepah samun, samangsane pasamuan,
Gonyak ganyuk nglelingsemi

Kados pundi wos surasa nipun tembang Pangkur ing inggil?


A. Tiyang menika supados ampun ngantos kirang ngilmu nadyan sampun sepuh lan pikun
B. Ampun dados tiyang ingkang nggadhahi budi ala
C. Tumindhakipun tiyang bodho lan sombong boten wonten paedhahe seneng pados aleman, sewalike
menawi tiyang pinter lan anggadhahi tata krama namung mendel lan njagi manahipun tiyang bodho
supados mboten getun.
D. Agama punika tuntunan urip ingkang mulya
E. Piwulang kangge madosi kabecikan maguru mring tiyang ingkang linuwih, mangertosi wahyu Gusti
supados saged ngendhaleni hawa nepsu
Urap Latoh
Urap Latoh yaiku dhaharan khas sakin Desa Dasun Kecamatan Lasem Kabupaten Rembang Jawa
Tengah. Urap latoh kalebet dhaharan ingkang kadamel saking bahan baku “latoh” yaiku sawijining jinis
alang-alang segara utawi kawastanan “rumput laut” ingkang wonten jroning segara Jawa mligine ing Lasem
Kabupaten Rembang. Masarakat kathah ingkang remen kalihan urap latoh amargi raosipun kang khas
pinggir pesisir lan kathah gizinipun. Wujud latoh mirip kalihan tigan/endhog ulam kang wernine ijem.
Ingkang nggadhahi cabang kados lembaran, batangan lan bunder.
Latoh saget dipadosi para warga ing tlatah pinggir pesisir. Cara masak urap latoh namung sederhana.
Ora prelu dimasak mung dikumbah kanthi resik lajeng dicampur kalihan parutan kelapa lan sambel.
Padhatanipun didhahar kalihan ulam panggang khas Desa Dasun.
4. Latoh panci dhaharan ingkang nggadhahi gizi kathah. Latoh sadet dipadosi ing ....
A. Segara D. kebon
B. Pasar E. kalenan
C. Pesisir
5. Katitik saka surasaning teks ing nduwur, dhaharan latoh langkung nikmat manawi didhahar kalihan ....
A. Iwak panggang D. iwak segara
B. Urap E. Klapa
C. Sekul
6. Dumbeg mujudake panganan khas Kabupaten Rembang kang kawungkus janur. Wungkuse dumbeg
arane?
A. Wurung D. Suru
B. Klaras E. Takir
C. Ajang

Tresnane Waranggana
“Yen kowe pingin kuliah ya ora apa-apa. Sanajan aku lan simbokmu ora nate mambu bangku sekolah,
nanging wongtuwamu bakal seneng lan marem yen nyipati anakku sekolahe dhuwur,” kandhane bapake
meneh, mantep.
“ Aku isih bingung, Pak, aku kudu njupuk jurusan apa?” kuliah kuwi ragade gedhe, Pak.” Wangsulane
Radmi.
“Ora usah bingung, Ndhuk, bapak wis mantep ngragadi kowe. Bapak pingin kowe njupuk jurusan
karawitan, Ndhuk,” Tembunge Bapak.
“Iya Ndhuk, apik gagasane Bapakmu kuwi,” simboke melu njurungi.
Sidane Radmi kuliah njupuk jurusan karawitan,
Lan donyane waranggana wis digelut sasuwene iki terus disilemi, disinauni lan disinauni nganti ora eling
wektu. Ora rinasa kuliahe wis rampung, Radmi banjur dadi waranggana kang kondhang. Ya dhalang,
paguyupan karawitan lan isih akeh sing nganggoke dheweke, tur bayarane ya cukup lumayan.
“ O, Mas Arih ta?” bareng tekan ruwang tamu.
“Ana prelu apa, Mas?” pitakonane Radmi.
Arih bucal ambegan landhung.
“Aku mung arep nggenahke masalah sing wis dirembug wektu kepungkur kae. Kepriye wangsulanmu
Rad, dina iki dak jaluk awakmu wis bisa menehi keputusan.” Tandhese Arih.
“Mas Arih, ketoke aku durung bisa mangsuli saiki.” Wangsulane Radmi kanthi ngati-ati.
“Lha njur kapan?”
“Mbukmenawa seminggu-seminggu maneh,” Radmi wangsulan sacandhake.
Sawise dirasa prelune cukup, Arih banjur pamitan. Radmi banjur nangis sesengguken ning njero kamar.
Liya dina Radmi ditekani Setyo, wong lanang sing uga ditresnani. Setyo ndeseg Radmi arep dijak urip
bareng. Radmi bingung kaya nalika nemoni Arih.
“Piye Rad?” pitakonane Setyo kebak pangarep-arep.
“Aku durung bisa menehi wangsulan, Mas. Mbokmenawa rong-rong minggu meneh,” radmi uga
semaya meneh.
Kegawa panandhang sing dirasa banget abote, Radmi sedina-dinane dadi kurang greget, mangan ora doyan
lan kurang turu njalari awake kuru.
“Ah, lelakon kok kaya ngene? Tangeh lamun yen aku kudu nduweni priya loro sing padha-padha dak
tresnani.”
Sawijining dina kos-kosane Radmi geger kepati. Radmi ditemokake tanpa nyawa, gumlethak ing kamare.
Miturut dokter sing mriksa, tiwase Radmi, si waranggana kondhang iku krana over dosis.
..................................................................
7. Amanat kang bisa didadekake tuladha miturut crita cekak ing ndhuwur yaiku, kajaba…
A. Pasrah ing kahanan nadyan klara-lara dirasakake.
B. Aja grusa-grusu yen njupuk keputusan.
C. Aja gampang putus asa.
D. Yen ana masalah enggal dirampungke, aja diunda-unda
E. Yen ana masalah dirembug karo kulawarga.
8. Menawi ditingali saking wos surasaning crita ing dhuwur saget kapendhet ing ngisor iki ....
A. Radmi si waranggana sing wis misuwur.
B. Radmi duweni bojo loro sing aran Arih lan Setyo.
C. Radmi dadi sinden lan bayarane uga cukup lumayan.
D. Arih lan setyo pancen wong lanang sing tanggung jawab.
E. Radmi diperjaya dening arih lan Setyo.
9. ?Ap]iliylulusSnHuni[p+/sits\A[mrikhtaun\:2018;. Ukara kuwi yen dilatinke dadi....
A. Aprilia lulusan universitas Amerika taun 2018.
B. Aprilia lulus universitas ing Amerika taun 2017.
C. Aprilia lulusan saka universitas Amerika taun 2018.
D. April lulusan universitas Amerika taun 2019.
E. Aprilia lulusan universitas ing Amerika taun 2017.
10. Prasetyo lan Usman duwe dhuwit 78450. Menawi kaserat mawa aksara jawa yaiku ....
A. ?p]se[t-o ln\UsMnFu[wduwit\ :78450:.
B. ?p]se[t-o ln\ausMnFu[wduwit\ :78450:.
C. ?p+]se[t-o ln\UsMnFu[wduwit\ :77450:.
D. ?p]seti[yo ln\UsMnFu[wfuwit\ :78450:.
E. ?p]se[t-o ln\UsMnFu[wfuwit\ :78450:.
11. Endhoge wis netes 42, digodhog 63. Ukara kasebut yen diserat mawa aksara jawa yaiku ....
A. ?ae[nDo[kKwisNetes\:42:,fi[go[dog\:63:.
B. ?ae[nDo[kKwisNetes\:62:,fi[go[dog\:43:.
C. ?aen[do[kKwisNetes\:42:,fi[go[dog\:63:.
D. ?ae[nFo[kKwisNetes\:42:,fi[go[dok\:63:.
E. ?E[nDo[kKwisNetes\:42:,fi[go[dog\:63:.
Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kinurmatan, Bapak Ibu Dwija ingkang kula urmati, lan para kanca
ingkang kula tresnani. Kanthi rahmat saha barokahipun Gusti Ingkang Maha Agung, katitik ing wekdal punika
kita sedaya saged manunggal pepenggihan ing papan ngriki kanthi rahayu wilujeng boten wonten alangan
setunggal punapa.
Keparenga kula minangka sesulih saking para siswa, ngaturaken sugeng riyadi, nyuwun pangapunten
sedaya kalepatan kula sakanca dhumateng Bapak Ibu Dwija. Mugi Gusti nampi pangapunten kula lumantar
panjenengan sedaya. Mugi Gusti ugi nampi amal ibadah kita, tansah ngluberaken karahayon, kabagyan,
katentreman lan keslametan dhateng kita sedaya.
Mugi-mugi adicara punika dados sarana nglebur dosa antawisipun sesami, ingkang rumaos lepat boten
kaambali malih ing wekdal candhakipun. Awit kalepatan, dosa, lan khilaf punika sandhanganing tiyang
gesang, sumangga kita sedaya tepa salira, amrih gesang kita tansah bagya mulya.
....
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

12. Kangge jangkepi wasana sesorah ingkang trep ing inggil inggih punika …
A. Cekap semanten atur kula, menawi wonten kaladuking wicara saha solah bawa ingkang boten
ndadosaken renaning panggalih Bapak Ibu Guru lan para kanca. Madhang kupat disiram sayur santen,
sedaya lepat nyuwun pangapunten.
B. Kanthi rahmat saha barokahipun Gusti Ingkang Maha Agung, kita sedaya saged manunggal
pepenggihan ing papan mriki kanthi rahayu wilujeng. Cekap semanten atur kula.
C. Manawi wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten. Madhang kupat disiram sayur santen, sedaya
lepat nyuwun pangapunten
D. Sumangga para bapak Ibu Dwija, kita sareng-sareng dedonga ing Ngarsanipun Gusti Kang Maha
Kuwaos. Madhang kupat disiram sayur santen, sedaya lepat nyuwun pangapunten
E. Madhang kupat disiram sayur santen, sedaya lepat nyuwun pangapunten. Keparenga kula minangka
sesulih saking para siswa, ngaturaken sugeng riyadi.

13. Hadlrotal Mukarrom Para Alim Ulama’ para Kyai ingkang satuhu dhahat kinurmatan. Para sesepuh,
pinisepuh, sanak lan kadang ingkang sinuba ing pakurmatan. Para pilenggah kakung sumawana putri,
sumrambahipun para duta saraya pangombyong temanten kakung ingkang tansah suka basuki.
Perangan ukara kang kaserat ing nginggil kalebet ....
A. Atur pambagyaharja
B. Atur panuwun
C. Atur pangaksama
D. Wasana
E. Atur pamuji sokur
..............................................................
Kajawi saking punika kanca-kanca ingkang ngginakaken narkoba punika kajawi kaglithuk dening
lingkungan, kathah-kathahipun ugi saking kaluwarga ingkang risak. Awit saklebetipun kulawarga mboten
wonten raos njagi setunggal tumrap setunggalipun. Sedaya anggota kulawarga namung nuruti hardening
kanepson, namung menggalihaken karemenan piyambak. Antawisipun tiyang sepuh kaliyan putra mboten
wonten raos tresna lan asihipun……………..
(prigel basa jawa SMA/SMK/MA Jilid 2)
14. Namung menggalihaken karemenan piyambak.... Tembung kang kacethak kandel nggadhahi teges ....
A. Kesenengan D. kalakuane
B. tumindake E. Pikirane
C. solah bawane

1. 2. 3.

4. 5.

15. Ing salebeting upacara mantu, wonten urutan ingkang dipunwastani wiji dadi. Kang ateges pralambang
sawijining pangarsa kulawara sing tanggung jawab marang kaluwargane, uga wong wadon kudu bekti
marang wong lanang. Tata cara menika wonten ing gambar …
A. 1 D. 4
B. 2 E. 5
C. 3

16. Salah satunggaling urutan panggih yaiku kados Gambar ing inggil ingkang nggadahi pralambang ....
A. Panganten kekalih nyuwun pangestu saking bapa lan ibu panganten kekalih.
B. Tiyang kakung nggadhahi tanggung jawab marang kang estri.
C. Bapa lan ibu nggadahi tanggung jawab marang panganten kekalih.
D. Paganten kakung nampi panganten putri dados anggota kaluwarganipun.
E. Susah lan seneng boten kudu disangga sesarengan.
17. Tiyang kakung kang kedah tanggung jawab kang awujud dhuwit lan barang-barang ingkang saget didhahar
ing samangke, saget ditingali ing gambar ....

A. B. C.

D. E.

18. ?put][nbuj+hr;2;,p+timhvmB|tG[wai=pb]ikG|l[f[nj/[ko aisihse[kolh.


Ukara kasebat manawi kaserat mawi aksara Latin inggih punika.....
A. Putrane bu Zahra 2, Fatimah nyambut gawe ing pabrik gula dene Jarko isih sekolah.
B. Putrane bu Zahra 2, Patimah nyambut gawe ing pabrik gula dene Jarko isih sekolah.
C. Putrane bu Zahra 3, Patimah nyambut gawe ing pabrik gula dene Jarko isih sekolah.
D. Putrane bu Jahra 3, Fatimah nyambut gawe ing pabrik gula dene Jarko isih sekolah.
E. Putrane bu Jahra 2, Fatimah nyambut gawe ing pabrik gula dene Jarko isih sekolah.

19. ?nlikper=*rtyud,A/junadepHdepnK[roafipti@/n. [lo[ro[nper=tnDi=,fumfkn\ A/jun k[ton\[zLo[k]o,ail=


fy[n,lnSi/nsemz[tT.anzi= am/gwtk\ kSt]iy[n, A/jun kufusguhzyai.
Wonten pethikan wacana wayang kasebut, ingkang badhe perang tandhing inggih punika....
A. Adipati Karna kaliyan Arjuna
B. Adipati Karna kaliyan Anoman
C. Adipati Karna kaliyan Drupadi
D. Kurawa kaliyan Arjuna
E. Bambang Sintawaka kaliyan Arjuna

Pariwara ing ngisor iki kanggo soal no. 20!

20. Saking surasaning pariwara kasebut, nggadhahi informasi bab ...


A. Larangan ngginakake barang narkoba.
B. Narkoba dadi bahan coba-coba para remaja.
C. Urip bocah anom sing akeh nganggo narkoba.
D. kahanan para remaja sing urip pungkasan ngginakake narkoba.
E. jeneng wong kang nggawe pariwara.
21. Pariwara/Iklan yaiku wujud sesambungan kang duwé maksud kanggo mènèhi greget wong tetuku,
nawakaké sawijining barang utawa tenaga, kanggo merbawani panemuné wong akèh, narik
panyengkuyunging wong akèh amrih pikir lan tumindaké laras karo kekarepané sing masang pariwara.
Ingkang boten jumbuh kalian surasa pariwara ing nginggil…
A. Ngajak tumbas jamu mugi waras kangge obat pegel linu.
B. Maringi pangerten menawi jamu mugi waras saget ndamel badan seger lan waras.
C. Maringi pangerten tumrap pamaos.
D. Ngajak pamaos supados tumbas jamu mugi waras kang katah pilihane.
E. Jamu mugi waras boten wonten efek samping.
Tembang ing ngandhap menika kangge soal no. 22-23!
Kinanthi
Marma den taberi kulup,
Angulah lantiping ati,
Rina wengi den aneda,
Pandak panduking pambudi,
Bengkas kahardaning driya,
Supaya dadya utami.
22. Kapacaking tembang ing nginggil, surasaning tembang Kinanthi inggih menika....
A. Tansah ngupaya sinau terus kanggo nyirnakake nepsu supaya dadi wong kang utama.
B. Tansah ngupaya sinau dadi wong kang nggolek nepsu ing rina lan wengi
C. Tansah sinau waspada marang rasa lan ati
D. Tansah sinau terus semedi ing panggonan kang sepi
E. Tansah ngupaya sinau dadi wong kang bisa nrima kahanan
23. Tembung sanese saking driya menika....
A. Awak D. mripat
B. Rasa E. Ati
C. Gusti

Tembang ing ngandhap menika kangge soal no. 24!


Kinanthi
Aywa sembrana ing kalbu,
Wawasen wuwus sireki,
Ing kono yekti karasa,
Dudu ucape pribadhi,
Marma den sembadeng sedya,
Wewesen praptaning uwis.
24. Pitutur kang saged dipuntuladhani saking tembang ing nginggil inggih menika....
A. Manungsa kedah tansah waspadha marang pangucap.
B. Manungsa kedah tansah waspadha marang pandheleng.
C. Manungsa kedah eling apa kang dados pepalang urip
D. Manungsa kedah eling marang badhan piyambak.
E. Manungsa kedah waspada marang rekasaning urip.

Gatosaken geguritan ing ngandhap punika!


Eling
Heh ... Manungsa!
Apa sira ora krasa yen bantala wis tuwa
Apa sira ora mikir yen jaman wis akhir
Heh ... Manungsa!
Sira kudu eling yen wis mati
Diadusi banjur kinubur ing siti
Sepen tanpa kanca, peteng tanpa surya
Bandha datan guna, arta ora digawa
Pisah kulawarga tinilar kadang mitra
Namung amal , iman lan taqwa
Kanggo madhep kang Maha Kuwasa
25. Tema mujudaken satunggaling paugeran ing sajroning geguritan. Tema utawi liding kang trep kangge
nggambaraken geguritan ing nginggil inggih punika....
A. Manungsa kudu duwe amal kang becik nalika urip
B. Manungsa kudu eling nalika nduwe bandha
C. Manungsa kudu eling marang kang Maha Kuwasa
D. Manungsa yen wis mati kudu diadusi lan dikafani
E. Manungsa aja wedi yen ditinggal kulawarga lan mitra.
26. Kanthi nitik pitutur geguritan, tembung sepen ing gatra kapitu geguritan nginggil tegesipun ....
A. Suwung D. Rame
B. Lelungan E. Wengi
C. Tumindak

27. Stagen minangka pralambang menawi wanita Jawa menika gampil ajur ajer. Ageman ingkang wujudipun
panjang ngemutake salah satunggale paribasan sabar sareh mesthi bakal pikoleh.
Tembung kang kacithak kandel tegesipun…
A. Tumindak samubarang ampun kesesa supados kasil
B. Nyariosake manungsa miwiti lahir, diwiwaha, ngantos pejah
C. Maringi pepadhang kanthi ikhlas
D. Manungsa kedah saget ajur ajer
E. Matur kanthi sae ampun ngantos damel kuciwa tiyang sanes

28. Peranganipun busana Jawi manten paes ageng keprabon ing wekdal sakpunika, saking nginggil dumugi
ngandhap kanthi urut kados gambar ing ngandhap punika:

Nomer 1, 3, lan nomer 7 nedahaken perangan…


A. Cunduk mentul, kalung susun telu, sumping
B. Kuluk kanigara, sumping, kelat bahu
C. Cunduk mentul, kalung susun telu, kelat bahu
D. Busana keprabon, kain cinde, selop
E. Sanggul bokor, binggel kana, kelat bahu

29.
Blangkon iku digawe saka iket. Iket iku tali kang digunakake kanggo tutup sirah, lan anggone nganggo
ditaleke kanthi kenceng. Iket tegee wong kang nduwe penggalih kudu kenceg ora kena ombang-ambinge
kahanan. Nanging antarane blangkon siji lan sijine anduweni wujud lan werdi beda-beda. Dene kang kaya
ana ing gambar, kalebu blangkon tlatah ....
A. Jogjakarta D. Solo
B. Semarang E. Surabaya
C. Rembang

30. Karawitan punika wirama kang kaanggit saking maneka warna piranti kados kenong, bonang, kempul,
gong, balungan, lan sanes-sanesipun. Wirama kang alus lan laras saget damel tentreme jiwa. Piranti
gamelan punika satunggaling warisan budaya saking leluhur kang saget dirembakaken ing jaman samangke
kanthi dipungambuhaken (kolaborasi) kalihan piranti kang langkung modheren. Wujudipun kolaborasi
punika upami campursari lan pangiring pagelaran wayang kulit utawi wayang purwa.
Saking wacana ing inggil, pranyatan kang boten trep gegyutan labuh labetipun para mudha ing kahanan
jaman samangke yaiku para generasi ....
A. Milenial kedah nggadhahi idhe bisnis marang gamelan Jawa.
B. Mudha kedah remen sinau gamelan Jawa.
C. Para mudha kedah njagi warisan budaya saking leluhur.
D. Milenial kedah nggadhahi idhe kang kreatif kangge ngrembakaken gamelan Jawa.
E. Milenial kedah mangertosi budaya lan teknologi kang saget ndadosaken majengipun bangsa.
31. Rebab kuwi satunggaling gamelan kangge ngiringi gendhing-gendhing Jawa, kang bisa nyuwara saking
senar lan senar. Caran ngginakake yaiku kanthi cara....
A. Digesek D. Dipetik
B. Dituthuk E. Disebul
C. Ditabuh
32. Piranti musik iki uga wis lumrah lan dimangerteni dening pawongan akeh. Cara nggunakake kanthi
ditabuh.blan gadhah ukurang paling ageng piyambak. Panggenipun padhatan wonten wingking lan
digantung ing palang saking kayu ukuran ageng. .... jinisipun wonten 2 yaiku ageng lan suwuk. Wujudipun
bunder, ageng. Swantenipun ugi ageng lan nadanipun cekak tinimbang nada gamelan sanesipun. Tembung
kang trep kanggo jangkepi ukara ing nduwur kang isih gotang yaiku…..
A. Gong D. kendhang
B. Bonang E. Kenong
C. Slenthem

Dhandhanggula
Katri mangka sudarsaneng Jawi,
Pantes sagung kang para prawira
Amirita sakadare,
Ing lelabuhanipun,
Aywa kongsi buwang palupi,
Menawa tibeng nistha,
Ing esthinipun,
Sanadyan tekading buta,
Tan prabeda budi panduming dumadi,
Marsudi ing kotaman.

33. Tembung kang gadhah teges menawi kedah kagungan watak kados prawira saking tembang ing inggil
yaiku ....
A. Marsudi ing kotaman.
B. Pantes sagung kang para prawira.
C. Ing esthinipun.
D. Tan prabeda budi panduming dumadi.
E. Aywa kongsi buwang palupi.

Basukarna
Basukarna putra saking Dewi Kunthi lan Bathara Surya, mula Karna kuwi manungsa setengah dewa.
Nanging bayine Karna dikelekake ing Bengawan Gangga lan ditemu kusir Adhirata. Karna sedulur kandhung
karo Pandhawa tunggal ibu seje bapa. Prigel ulah jemparing prasasat timbang karo Arjuna. Adhipati Karno
ratu ing Ngawangga. Tembung Karna anggadhahi teges kuping, amarga laire saka kuping.
Ing perang Barathayudha, Karno mbelani Kurawa. Sejatine Karno ngerti yen Kurawa iki salah, nanging
dheweke ngugemi kasatriyane amarga mbela sing biyen tau mbelani dheweke. Dheweke janji lan menawa
arep ngabdi lan nglindhungi Duryudhana. Adipati Karna lila perang mungsuh adhine dhewe minangka wujud
setya lan atur piwales marang wong kang wis menehi kamulyan marang dheweke. Ing perang kuwi Karno
bisa mateni Gathutkaca. Ananging Karna kalah perang tandhing marang Arjuna, dheweke kena panahe arjuna
yaiku panah Pasopati. Karno gugur ing madyaning paprangan Barathayudha lan kondhang dadi prajurit kang
nduweni watak kesatriyan lan kautaman.
34. Katitik saking cariyos ing inggil ingkang perang tandhing yaiku ....
A. Adipati Karno lan Arjuna
B. Adipati Karno lan Kurawa
C. Adipati Karno lan Gathutkaca
D. Arjuna lan Duryudhana
E. Duryudhana lan Pandhawa
35. Ingkang boten kalebet surasaning saking cariyos kasebut yaiku ....
A. Adipati Karno tansah netepi watak angkara murka.
B. Adipati Karno lila mungsuh marang adhi piyambak.
C. Karno netepi janji nglindhungi Duryudhana.
D. Ing perang Baratayudha Karno gugur.
E. Karno putra saking Bathara surya.
36. Salah satunggaling warisan leluhur kang dados pitutur nalika nemahi kahanan utawi kadadeyan kang boten
becik ditingali diwastani wewaler, kayata ampun dhahar kalihan sangga ajang. Percados saget, boten
percados nggih saget. Bakune diemutake amargi boten becik.Gugon tuhon kang isi pitutur sinandi punika
limrahe kekanthenan tembung boten ilok sing teges satemene boten becik. Ing ngandhap punika kang
ngemu teges ukara kacethak kandel yaiku…..
A. Menawi dhahar disangga gampil wutah, mila langkung becik ajangipun ing meja kemawon.
B. Yen dhahar disangga punika raosipun benten dados langkung skeca.
C. Yen dhahar disangga punika langkung gampil menawi bade mundhut malih.
D. Manawi dhahar disangga gampang wutah, mila langkung becik ajangipun disangga dados yen wutah
saget mendhet malih.
E. Menawi dhahar disangga boten gampil wutah, mila langkung becik ajangaipun disangga kemawon
supados cepet anggenipun mendhet.

37. Menawa dinalar ngidoni sumur karo suwing kuwi ora ana gegayutane. Tegese banyu ing sumur yen
diidoni dadi kotor, kamangka banyu iku kanggo adus, masak, ngombe, lan sapanunggalane.
Wasita sinandhi kang ana ing gugon tuhon kasebut yaiku aja ....
A. Ngidoni sumur mundhak suwing lambene.
B. Ngidoni sumur mundhak keleset banjur tiba.
C. Ngidoni sumur, mundhak suwing ilate.
D. Adus cedhak sumur, mundhak kepleset.
E. Masak cedhak sumur, mundhak suwing lambene.
38. Panulisan aksara Jawa sing bener kanggone tembung: leluhure, pepanggihan, lan gegayuhan yaiku…
A. luluau/[r,pp=gihan\ggyuhan\
B. leluau[r,pep=gihan\ggyuhan\
C. luluau[r,pp=gihan\gegyuhan\
D. Xluau/[r,pp=gihan\ggyuhan\
E. Xluau[r,pp=gihan\ggyuhan\
39. ?nlik taun\ ;1945; ngrI[nFo[nsiyh[mzetTikm/dikn\. "pada (tanda baca) kang kapacak ana ing ukara kasebat
inggih menika....
A. Adeg-adeg, pada pangkat, pada lungsi
B. Adeg-adeg, pada lingsa, pada lungsi
C. Adeg-adeg, pada pangkat, pada lingsa
D. Adeg-adeg, mangajapa, pada lungsi
E. Adeg-adeg, pada pancak, pada luhur
40. Menawi nyerat irah-irahan ing tembang macapat ngginakake pratanda.... kang wujude ....

A. Purwapada

B. Purwapada
C. Madyapada

D. Wasanapada

E. Mangajapa

41. Unsur ekstrinsik yaiku unsur-unsur kang ana sajabaning karya sastra. Kang mangaribawani
(memengaruhi) sawijining cerkak saka unsur ekstrinsik kuwi kaya ing ngisor iki, kajaba ...
A. Paraga
B. Ekonomi
C. Agama
D. Sosial
E. pendhidhikan
Apem
Apem yaiku sawijining panganan kang digawe saka glepung beras. Jaman biyen apem mung kanggo
ing adicara-adicara tartamtu lan mung ana siji rasa yaiku mung rasa legi saka gula, lan apem mung ana ing
acara kenduri, wujude conthong lan isih dibuntel godhong. Nanging saiki apem wis ana ing ngendi-endi lan
wis akeh jinise. Apem akeh kang didol ing toko panganan, pasar utawa pusat oleh-oleh.

42. Wujude apem iku ana apem conthong kang dibuntel nganggo godhong ...
A. Gedhang
B. Klapa
C. Nangka
D. Kluwih
E. Tales

43. Saka wacan ing dhuwur, dimangerteni manawa apem iku digawe saka ....
A. Glepung beras
B. Beras
C. Beras ketan
D. Pohung
E. Tela

44. Wati sesuk didhawuhi maca sesorah ing adicara pepisahan klas. Sing rawuh yaiku Kepala Sekolah, Bapak
ibu guru lan kanca-kanca sekelas. Anggone Wati miwiti sesorah yaiku ....
A. Assalamualaikum, Wr. Wb.
(Bapak/ibu) Kepala Sekolah saha Bapak ibu Guru ingkang kula urmati, kanca-kanca ingkang kula
tresnani.
B. Assalamualaikum, Wr. Wb.
(Bapak/ibu) Kepala Sekolah saha Bapak ibu RT ingkang kula urmati, kanca-kanca remaja desa ingkang
kula tresnani.
C. Assalamualaikum, Wr. Wb.
Kepala Sekolah saha Bapak ibu Guru ingkang kula urmati, Bapak ibu wali murid ingkang kula tresnani.
D. Assalamualaikum, Wr. Wb.
Kanca-kanca klas XI ingkang kula tresnani saha Bapak ibu Guru ingkang kula urmati.
E. Assalamualaikum, Wr. Wb.
Kanca-kanca klas XI ingkang kula urmati saha Bapak ibu Guru ingkang kula tresnani.

45. Pariwara bisa diarani komunikatif yen pesen utawa kang pengin disiarake bisa dimangerteni dening
masarakat, mula ana babagan kang prelu digatekake sajroning pariwara yaiku ...
A. Surasa pariwara kudu apa anane, ora ngapusi, ndudut ati, lan nduweni sifat ngajak.
B. Surasa pariwara ora kudu objektif lan jujur.
C. Tembung lan ukara sajroning pariwara ngambra-ambra lan ora cetha.
D. Ukara ing pariwara ora prelu ndudut ati ananging sipate ngajak.
E. Pamiling tembung ora prelu komunikatif lan objektif.

46. Sun gegurit


Tur kabeh padha ngemuti
Wong kang miskine kepati
Supaya padha mangerteni
Bungah susah amratani

Teks geguritan ing dhuwur migunakake paugeran tibaning swara padha, mula geguritan kasebut kalebu
gagrag ...
A. kuna
B. anyar
C. tengahan
D. sastra
E. swara

Dhandhanggula
Lire lelabuhan tri prakawis
Guna bisa saniskareng karya
Binudi dadya unggule
Kaya sayektinipun
Duk bantu prang Manggala nagri
Amboyong putri domas
Katur ratunipun
Purune sampun tetela
Aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji
Suwanda mati ngrana

47. Saka tembang ing dhuwur, kacarita kang gugur ing madyaning paprangan yaiku ....
A. Patih Suwanda
B. Patih Basunanda
C. Patih Dhomas
D. Patih Manggala Nagri
E. Ratune

48. Manut surasaning tembang ing dhuwur nduweni sipat kang bisa dituladhani yaiku ....
A. Pinter, bisa, lan wani
B. Pinter, jujur, lan sregep
C. Pinter, jujur, lan wani
D. Pinter, sregep, lan wani
E. Pinter, bisa, lan kewanen

49. Kuwi mung duweni kekareoan supaya bisa resikan. Amarga mangan ning paturon iku, yen kecret bisa
ndadekake reged lan dirubung semut. Mula nalika mangan becike ning panggonan kang patut kanggo
mangan.
Wewaler kang trep karo pratelan ing dhuwur yaiku ...
A. Aja sok mangan ing paturon, mundhak lara gudigen
B. Aja mangan karo turu mengko dadi ula
C. Aja mangan tengah dalan, mengko mundhak ketampik jaka
D. Aja mangan ing mburi lawang
E. Aja manganing kuburan, mundhak cilaka

50. Yen dinalar dolanan beras karo tangane kriting kuwi ora ana gegayutane. Beras minangka bahan pangan
pokok, manawa dienggo dolanan ora becik. Tegese ora sopan amarga beras iku dipangan.
Wasita sinandhi ing wewaler kasebut yaiku ....
A. Aja dolanan beras mundhak tangane kriting
B. Aja dolanan beras mundhak pitike mati
C. Aja dolanan beras mundhak tangane lara
D. Aja dolanan beras mundhak pitike mati
E. Aja seneng mangan beras mundhak cacingen

Anda mungkin juga menyukai