Anda di halaman 1dari 12

DOKUMEN NEGARA

SANGAT RAHASIA P1

UJIAN MADRASAH
TAHUN PELAJARAN 2020/2021
MATA PELAJARAN

Mata Pelajaran : BAHASA JAWA


Jenjang : Madrasah Ibtidaiyah ( MI )
WAKTU PELAKSANAAN
Hari/Tanggal :
Pukul :

PETUNJUK UMUM
1. Berdoalah sebelum memulai mengerjakan.
2. Kerjakan soal dengan menggunakan pensil 2B pada Lembar Jawab Komputer (LJK)
yang disediakan.
3. Tulislah nama dan nomor pesertamu pada Lembar Jawab Komputer (LJK) yang
disediakan.
4. Periksa dan bacalah soal-soal dengan teliti sebelum kamu menjawabnya.
5. Dahulukan menjawab soal-soal yang kamu anggap mudah.
6. Laporkan pada Pengawas bila terdapat tulisan/cetakan yang kurang jelas, rusak, atau jumlah
soal kurang.
7. Tidak diijinkan menggunakan kalkulator atau alat bantu hitung lainnya.
8. Untuk menjawab soal, berilah tanda silang (X) pada huruf jawaban yang paling benar.
Apabila ada jawaban yang kamu anggap salah pada soal pilihan ganda dan kamu ingin
memperbaiki, hapuslah tanda silang pada jawabanmu yang salah sampai bersih
kemudian beri tanda silang (X) pada huruf jawaban lain yang paling benar.
9. Kerjakanlah dengan jujur dan Semoga Berhasil
10. Setelah selesai dan masih ada waktu; periksa kembali pekerjaanmu sebelum
menyerahkan kepada Pengawas.
I.Wacanen teks ing ngisor iki kanggo pancadan nggarap soal nomer 1 - 4!

Dolan Menyang Taman Maerakaca


Nalika preinan, Bawa, Asti, Puji, lan bapak ibune piknik. Bawa sakulawarga padha piknik
mengyang Taman Maerakaca. Bawa topina, nyangklong tustel ing pundhake, lan nganggo tas
pinggang. Wah, kaya wartawan cilik.
"Mas, aku difoto," panjaluke Asti adhine.
Asti lan Puji padha rangkulan difoto dening Bawa. Bapak ibune mung ngawasi solah tingkahe
putrane. Jeprat-jepret, pindhah kana pindhah kene. Sakulawarga padha eksen. Bawa dadi juru
potret kaya fotografer.

1. Manut isine wacan topik kang cocok yaitu :


A. Kesenengan
B. Pariwisata
C. Kabudayan
D. Prastawa

2. Sipate paraga Asti lan Puji ana ing wacan ing dhuwur yaiku ...
A. Aleman
B. Blater
C. Rukun
D. Kemayu

3. Manut sandhang panganggonane, Bawa iku kaya wartawan clik.


Tegese tembung sing digaris ngisore ana ing ukara kasebut yaiku
....
A. Tukang golek warta utawa kabar
B. Tukang golek gambar
C. Tukang foto
D. Tukang nggambar

4. Amanat utawa pesen kang bisa kapethik saka wacan ing dhuwur yaiku ...
A. Sing sapa seneng piknik bakale mundhak akeh kanca
B. Manungsa iku perlu ngaso kanggo ngleremke pikir, mula padha seneng-senenga.
C. Wisata kulawarga iku bisa gawe pikiran dadi padhang, kulawarga katon
rukun, kanggone negara nama asil kanggo nglancarake pembangunan.
D. Kabeh wong iku butuh papan kanggo gawe seneng ati, mulane yen preinan
padha dolan.

Wacanen tesk ngisor iki! Minangka pancadan kanggo nggarap soal nomer 5 - 8.

Nandur Tanpa Lemah


Ora kaya biasane nenandur nggunaake lemah. Saiki ana cara anyar, nandur
tanduran tanpa lamh, nandur kanthi cara hidroponik. Nenandur kanthi nggunaake
krikil, pecahan gendheng, pasir kali, gabus putih. Pokoke barang sing duwe pori-
pori.
Cara iki dianggep praktis. Ana ing kutha-kutha sing pancen ora duwe
papan sing jembar. Ibu-ibu nandur kembang kasenengane kanggo hiasan
ruangan ana ing pot tanpa nganggo lemah.
Hidroponik akeh dipilih wong sing seneng nenandur ana pot, sebab cara iki
dianggep praktis lan resik. Saliyane iku, hidroponik uga bisa ndadekake usaha sing
produktif lan bisa nambah asil sing luwih gedhe. Umpamane nandur kembang
anggrek, anyelir, mawar, kaktus lan liya-liyane dadi tanduran sing favorit.
5. Apa kang diarani hidroponik iku?
A. Nenandur tanduran favorit.
B. Nenandur ana ing lemah.
C. Nenandur ana ing pot.
D. Nenandur tanpa lemah.
6. Kenangapa nandur cara hidroponik disenengi wong sing urip ana ing kutha?
A. Praktis, produktif, asil luwih gedhe.
B. Bisa kanggo usaha produktif.
C. Bisa nambah asil sing luwih gedhe.
D. Tanduran hidroponik bebas penyakit lan ama.

7. Kepriye tanggapane para ibu sing seneng nandur ing pot?


A. Akeh sing ora setuju, amarga asile mung sethithik.
B. Akeh sing ora pati sarujuk, amarga mung kena kanggo nandur tanduran kembang.
C. Akeng sing seneng, amarga dianggep praktis, resik.
D. Akeh sing seneng, amarga asile luwih akeh tinimbang sing ditanduri ing lemah.

8. Pranyatan kang jumbuh karo wacan ing dhuwur yaiku ....


A. Tanduran sing bisa ditandur kanthi cara hidroponik kayata: melon,
semangka, la strowbery.
B. Nandur kanthi cara hidroponik iku bahan sing dianggo nenadur barang sing
duweni pori-pori.
C. Nandur kanthi cara hidroponik iku nenadur sebangsane kembang ana ing pot.
D. Nandur kanthi cara hidroponik iku mbutuhake papan kang jembar.

9. Gatekna tulisan Jawa ngisor iki!

Aksara latine ukara ing dhuwur yaiku ....


A. Karti gawe jadah goreng.
B. Sarni nggawa jadah goreng
C. Harni mangan jadah goreng.
D. Karni tuku jadah goreng.

Semaken crita rakyat ngisor iki, minangka pancadan nggarap soal nomor 10 -13!

Tembalang kuwi jenenge desa ing tlatah kuta Semarang.


Kacarita ing sawijining dina Pangeran Pandhan Arang didherekake para santri njajah
desa milangkori. Anggone tindak munggah mudhun pareden. Ing kono ana kampung sing
durung akeh pendhudhuke ana sumber banyu utawa tuk cacah sanga kang nganeh-anehi.
Banyune mundhak dina mundhak gedhe metune. Saya suwe kahanane ndrawasi. Wong
kampung padha was sumelang, kuwatir kampunge keleban banyu. Para warga padha ngupaya
nambal tuk mau. Nanging saben ditambal, ora let suwe tambalane ilang. Banyune mili maneh
saya gedhe. Mangkono sateruse nganti wong sekampung padha bingung.
Nalika wong-wong kampung padha judheg, Pangeran Pandhan Arang banjur age-age
lungguh sila nyenyuwun marang ngarsane Gusti Kang Murbeng Dumadi. Ora let suwe tuk-tuk
mau padha mampet. Mung kari siji sing isih milil. Pangeran Pandhan Arang ngendika manawa
tuk siji sing isih mili kuwi kanggo kabutuhane wong sekampung. Pangeran Pandhan Arang uga
pesen, yen kampung kono kuwi kudu dijenengei Tembalang, sing tegese tambalne ilang
10. Kang dadi undheraning crita ing dhuwur yaiku ....
A. Sumber banyu utawa tuk
B. Lakune Pandhan Arang
C. Nambal tuk
D. Rasa was sumelang para warga

11. Latar panggonan kedadeane prakara ana ing ...


A. Pareden
B. Alas
C. Desa Tambalang
D. Kutha Semarang

12. Sipat utawa watake paraga Pangeran Pandhan Arang ing crita dhuwur yaiku ...
A. Jujur
B. Sekti
C. Sabar
D. Narima

13. Saka wacan crita rakyat ing dhuwur bisa kapethik pesen ....
A. Manungsa mung sadrema nglakoni
B. Manungsa nampa apa kang diparingiake saka Gusti Kang Maha Agung
C. Sakabahing lelakon dipasrahake marang sing Kuwasa
D. Manungsa bisa mbudidaya, sing Kuwasa sing nemtokake

14. Gatekno aksara Jawa ngisor iki!

Tulisan Jawa ing dhuwur latine ...


a. Saidi ora melu teka.
b. Baidi ora sido teko.
c. Jaini ora gelem teka.
d. Sarini ora sida mara.

Gatekno perangan sesorah ngisor iki!


Bapak ibu ingkang minulya ing budi, kanca-kanca sing daktresnani.
Kulo ngaturaken agenging panuwun awit sampun kapilih dados ketua panitia class
meeting. Tentu kemawon ayahan kula punika saged kaleksanan inggih awit
panyengkuyungipun bapak/ibu dalasan para kanca. Mugi-mugi kasaenan
panjenengan kalawau pikantuk piwales saking Gusti Ingkang Maha Agung.
tujuwanipun class meeting boten sanes namung kangge ngindhakaken
boboting karukunan. Pramila bombong manah kula awit sadanganipun tetandhingan
estu namung nedahaken kaprigelan lan nebihaken raos memangsahan.

15. Perangan sesorah ing dhuwur arane ...


a. Atur pakurmatan
b. Pambuka
c. Isi
d. Panutup

16. Topik kang trep tumraping perangan sesorah ing dhuwur yaiku .....
a. Olahraga
b. Kegiyatan sekolah
c. Kesenengan
d. Pendidikan

Gatekno pacelathon ngisor iki!


Idris : "Wayah kenthang-kenthang kaya ngene kok serius mne, lagi ngapa ta,
Ar?" Arya : " Iki lho Dris, nggambar."
Idris : " Wo, tugas SBK kuwi?"
Arya :" Iya, kebeneran aku lagi nggambar pemandangan."
Idris :" Lho, gambar wit-witane kok godhonge abang, kepriye kuwi,
Ar?" Arya :" Lho apa ora entuk yen godong warna abang ?"
Idris :" Entuke ya entuk, mung lumrahe godhong iku ijo, apa maneh kembange
werna kuning, mengko rak katon endah."
Arya :" Karepku supaya beda karo kancane. Ning yen dakrasa bener kandhamu, Dris.
Nuwun ya panyaruwene."
Idris : " Iya, padha-padha, Ar."
17. Isine pacelathon ing dhuwur yaiku ....
a. Arya ora gelem dikritik
b. Arya bisa nampa panyaruwene idris murih apike gambarane
c. Arya ora bisa nampa panyaruwene Idris
d. Arya manut sakarepe dhewe

18. Amanat utawa pesen kang bisa kapethik saka pacelathon ing dhuwur yaiku ....
a. Aja gelem menawa ana wong aweh penyaruwe marang apa kang kotindakake.
b. Aja ditampa penyaruwene wong, awit kritikan mono amung ndadekake bubrah.
c. Aja pisan-pisan nampa penyaruwene wong.
d. Sabisa-bisane panaruwe iku ditampa, ora kabeh kritik ala, bisa-bisa
malah ndadekake luwih becik.

19. Latar wektune kedadeane prastawa ing .....


a. Wayah awan
b. Wayah esuk
c. Wayah sore
d. Wayah bengi

Gatekna geguritan iki kanggo pacandan nggarap soal nomer 20-22 !


Simbok
Dak arasa astamu ing wanci
dalu nalika awakmu ngelus
sirahku
Lan nembangke tembang kang endah
swaramu nandes jrone kalbu
Aku ora bakal lali
Marang dhawuhmu kang merak ati
Thole Aja tau nglarani ati
Dhawuhmu bakal tak pundhi
20. Dak-arasa asatmu ing wanci dalu.
Tegese tembung kang digarsi ngisore ana ing ukara kasebut yaiku ....
a. Dak-sawang
b. Dak-remet
c. Dak-cekel
d. Dak-ambung
21. Aku ora bakal lali
Kosok baline tembung sing digaris ngisore yaiku ...
a. Ngerti
b. Kasupen
c. Eling
d. Ilang

22. Pitudu luhur sing bisa ditemokake ing geguritan dhuwur yaiku ...
a. Wong tuwa kudu manut karo anak.
b. Anak kudu bekti marang wong tuwa.
c. Anak kudu wani marang wong tuwa.
d. Wong tuwa iku kudu dicedhaki

23. Gatekno aksara Jawa iki!

Tulisan Jawa ing dhuwur latine ....


a. Narwanti mangan kates.
b. Sarwanti ngiris kates.
c. Darwanti tukku kates.
d. Maryati nggawa kates.
Gatekna tembang Kinanthi ngisor iki!

Padha gulangen ing kalbu


Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan nendra
Kaprawiran den kaesthi
Pesunen sariranira
Cegah dhahar lawan guling

24. Pada gulangen ing kalbu


Tembung kang digaris ngisor ing ukara dhuwur, tegese ....
A. Latihan
B. Kurangana
C. Kulinakna
D. Sinaunen kanthi temen

25. Pitutur luhur kang kaemot ana ing tembang Kinanthi ing dhuwur yaiku ...
a. Sapa wae sing kepingin mulya, sudanen mangan lan turu
b. Sapa wae sing kepingin pinter, sinaunen kanthi temen
c. Sapa sing kepengin sehat, latihen awakmu
d. Sapa wae sing kepingin kuwat, udinen sipat kendel

26. Gatekna gambar Punakwan ngisor iki!

1 2 3 4
Urutan gambar tokoh wayang saka sing paling nom sing bener yaiku ...
a. 1-4-3-2
b. 3-4-2-1
c. 1-3-4-2
d. 2-4-3-1

27. Gatekna gambar tokoh wayang Pandhawa ngisor iki!

Gambar tokoh wayang Pandhawa sisih dhuwur iki arane ...


a. Werkudara
b. Yudhistira
c. Nakula
d. Janaka
28. Gatekna gambar tokoh wayang Pandhawa ngisor iki!

Gambar tokoh wayang ing dhuwur iki minangka Pandhawa.


a. Pembarap
b. Pandhadha
c. Wuragil
d. Panengah

29. Adhiku seneng Buwah melon.


Tembung kang cocok kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ...
a. Dhahar
b. Nedha
c. Mangan
d. Mundhut

30. Kula dereng griyane Amelia.


Unggah-ungguh kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ...
a. Ngerti
b. Ngertos
c. Pirsa
d. Weruh

31. Dina Minggu wingi aku karo kanca-kancaku padha dolan menyang omahe Lina.
Tekan omahe Lina ditampa karo ibune. Ibune Lina ngendika menawa Lina lagi
wae didhawuhi menyang daleme mbahe.
...............................................................................................................................
Ora let suwe Lina teka nggawa rambutan akeh banget. Karo ibune rambutan
iku didhawuhi mbagi aku sakanca.
Ukara kang jumbuh kanggo ngganepi paragraf ing dhuwur mawa unggah-ungguh
sing bener yaiku ...
a. Aku sakanca diaturi mlebu lungguh nunggu Lina.
b. Aku sakanca diaturi mlebu lenggah nunggu Lina.
c. Aku sakanca didhawuhi mlebu lungguh nunggu Lina.
d. Aku sakanca didhawuhi mlebu lenggah nunggu Lina.

Gatekno pacelathon ngisor iki kanggo mangsuli soal nomor 32 - 33!


Jonathan : "Sugeng siyang, Pak Wagiya!"
Pak Wagiya : "O, iya Nak! Apa wis bali sekolah iki?"
Jonathan : "Dereng, Pak!"
Pak Wagiya : "Lho, durung bali kok dolan menyang sawah? Apa ora ... Bu
Guru?"
Jonathan : "Boten, Pak! Kula dipunBu Guru supados nyuwun priksa
caranipun
nanem pantun dhateng Bapak."

32. "Lho, durung bali kok dolan menyang sawah? Apa ora Bu Guru?"
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ....
a. Didukani
b. Disrengeni
c. Digoleki
d. Diguyu

33. Unggah-ungguh kang trep tumrape Jonathan kanggo mbacutake pacelathon yaiku ....
a. "Boten, Pak! Kula dikongkon Bu Guru supados nyuwun priksa caranipun
nanem pantun dhateng Bapak."
b. "Boten, Pak! Kula dipunaturi Bu Guru supados nyuwun priksa caranipun
nanem pantun dhateng Bapak."
c. "Boten, Pak! Kula dipunkengken Bu Guru supados nyuwun priksa caranipun
nanem pantun dhateng Bapak."
d. "Boten, Pak! Kula dipundhawuhi Bu Guru supados nyuwun priksa caranipun
nanem pantun dhateng Bapak."

34. Gatekna ukara-ukara ngisor iki!


(1)Kanthi kasarasan manungsa bisa nindakake samubarang.
(2) Kajaba kanugrahan kang arupa kasarasan, wiwit lair manungsa uga kaparingan
akal budi.
(3)Kabeh wong urip mesti kepengin sehat/saras.
(4) Mula akeh sing ngarani kasarasan iku kanugrahan kang
gedhe. Ukara-ukara kasebut bakal dadi paragraf sing becik
kanthi urutan ...
a. (3) - (4) - (1) - (2)
b. (3) - (1) - (4) - (2)
c. (3) - (4) - (2) - (1)
d. (1) - (3) - (4) - (2)

35. Gatekna gambar ngisor iki!


Paragraf kang cocok karo gambar ing sisih kiwa yaiku ...
a. Biasane bocah wadon iku seneng dodolan. Bocah wadon loro iku padha
dolanan pasaran. Dodolan kaya bakul neng pasar.
b. Ing wanci longgar bocah-bocah padha nggunaake wektune kanggo dolanan.
Bocah loro iku padha dolanan nekeran . Carane karana dislenthik.
c. Dolanan tradisional iku nyenengke, saliyane murah uga bisa ngraketake
karukunan. Bocah wadon loro iku padha dolanan dhakon. Pirantine kagawe saka
plastik utawa kayu sing dicluwok-cluwok diiseni kecik isi sawo.
d. Dolanan tradisional iku werna-werna. Pirantine murah utawa malah bisa digawe
dhewe. Ana sing kagawe saka tugelan pring ukara kayu dawane udakra 10 cm.
Carane mainke tugelan kayu mau ditumpangake ing cluwokan banjur dibenthik,
doalnan iku arane benthik kaya sing dimainke bocaj loro ing gambar dhuwur.

Gatekna layang kiriman ngisor iki kanggo pancadan soal nomer 36 - 37!
36. Bagean layang nomer 10 isine ...
a. Papan lan titi mangsa
b. Peprenah
c. Tandha tangan
d. Jeneng cetha

37. Ukara ngisor iki minangka perangane layang bagean panutup kanggo
wong sing luwih tuwa sing paling bener yaiku ...
a. Dakkira cukup semene dhisik, menawa ana clathuku kang ora
beber sing gedhe pangapurane
b. Kulo kinten cekap semnaten rumiyin, menawi woten luputku aku nyuwun
pangapura.
c. Dakkira cukup semene dhisik liya wektu disambung maneh.
d. Wasana cekap semanten rumiyin, Eyang, mbenjing menawi wonten
wekdal keng wayah sowan.

38. Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki!


(1)Dhele kang wis lembut banjur disaring.
(2)Sawise digodhog empuk, bajur dilembutake.
(3)Dhele dikumbah resik, banjur digodhog ngenti empuk.
(4)Pathi tahu banjur dipres lan dicithak, yen wis adhem diirisi manut kabutuhan.
(5)Asile saringan banjur dadi pathi tahu.
Urutan pituduh carane gawe tahu sing
bener yaiku ... a. (3) - (1) - (2) - (4) - (5)
b. (3) - (2) - (1) - (5) - (4)
c. (3) - (2) - (1) - (4) - (5)
d. (3) - (5) - (4) - (1) - (2)

39. Gatekno teks ngisor iki!


Ngepasi panen pari biasane bocah-bocah ing karang padesan padha dolanan
layangan.
Amarga wektu iku ameh angin tumiyup kanggo ngundha
layangan. Semono uga bocah-bocah ing kutha, sanajan ora bubar
panen, yen pancn wis wayahe usum layangan, uga melu-melu
ngumbulake layangan.
..........................................................................................................................
Ora cilik ora gedhe, kabeh padha seneng dolanan layangan.

Ukara kang trep kanggo ngganepi crita kasebut yaiku ....


a. Saben papan duwe jinis layangan kang khas.
b. Ing Amerika ana layangan kang wujude kothak (segi papat) jenenge layanan Eddy.
c. Ing Bali ana Janggan, ukurane bisa nganti telung meterean .
d. Layangan pancen dolanan sing populer ing ngendi wae.

40. Kartinah ngangsu banyu.


Menawa ditulis nganggo aksara Jawa ...

a.

b.
c.

d.

II. Garapen pranyatan-pranyatan ngisor iki manut prentahe!


41. Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa!
Marlinah mangan kacang goreng.

42. Paragraf ing ngisor iki wacanen banjur ringkesen!


Desa Tlaga Asri kebanjiran. Manut katrangane Pak Projo, salah sawijining warga Desa
Tlaga Asri, kedadeane wayah jam sepuluhan. Naliko iku tanpa ana wong kang ngira,
dumadakan banyu gebyuk kaya disokake. Pisanan keprungu swara kemrosok kaya
barang-barang padha ambruk. Ora let suwe banjur brul…grotak….braaaaaaakkk…!
Ora bisa digambarake kaya apa swarane, ngerti-ngerti banyu wis mblabar ana
ing ngendi-endi. Tekane banyu santer, nerjang apa bae kang ana ing
sangarepe. Barang- barang padha keli, wit-witan akeh kang ambruk, gapura
desa kang kukuh, saiki katon miring. Sangkrah patng cranthel temangsang
ana ing ngendi-endi.

43. Wacanen geguritan ngisor iki, banjur tulisen gancarane!


Ibu
kanthi dlancang seta iki
anakmu angrantu
rawuhmu ngasta
sasuwek pangapura
pinangka nambal
kaluputan anakmu kang
wus kesupen sega
thiwul sambel korek
ndesa
dang-dangane ibu
sawengi ceput datan sare
kanggo aku
biyen kae

44. Gatekna gambar ngisor iki banjur gancarna nganggo ukaramu dhewe manut
gambare!

45. Wektu aku tekan ngomah, ibu ora ana lagi tindak pasar durung kondur. Ukara
kasebut owahana nganggo ragam krama alus!
KUNCI JAWABAN!!
41.

42. Kira-kira jam sepuluhan, Desa Tlaga Asri ketaman banjir bandhang.
Tekane banyu ndadak, ora ana kang ngira. Banyu kaya disokake. Sawise
ketaman banjir bandhang kahanane mrihatinake banget.

43. Anak nulis layang marang ibune dhewe rumangsa akeh lupute
tansah ngantu-antu pangapurane. Anake uga wis lali rasane lan kangen
karo sega thiwul dang-dangane ibune uga sambel koreke cepakane
saben dina nalika semana.

44. Kanggo mengeti dina Kamardikan ing sekolahanku dianaake lomba


tarik tambang antarkelas. Mligine kelas dhuwur. Para siswa padha rame-
rame, surak- surak ana plataran sekolah menehi semangat kanggo time
dhewe-dhewe.

45. Wekdal kula dumugi griya, ibu boten wonten nembe tindak peken
dereng kondur.

Anda mungkin juga menyukai