Anda di halaman 1dari 8

PEMERINTAH PROPINSI JAWA TENGAH

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


MUSYAWARAH KERJA KEPALA SEKOLAH
SEKOLAH MENENGAH KEJURUAN
KABUPATEN DEMAK

LEMBAR SOAL
ULANGAN AKHIR SEMESTER (UAS) BERSAMA
TAHUN PELAJARAN 2017/2018
Mata Pelajaran : BAHASA JAWA Kelas/ Kelompok : XI (SEBELAS) / KTSP 2006
Hari/ Tanggal : KAMIS, 07 DESEMBER 2017 Waktu : 07.30 – 09.00 WIB

P E T U N J U K:
1. Tulislah nama dan nomor tes pada lembar jawab yang tersedia sebelum mengerjakan soal.
2. Kerjakan seluruh soal pada lembar jawab yang telah tersedia.
3. Jumlah soal sebanyak 45 butir, terdiri dari 40 butir soal pilihan ganda dan 5 butir soal essay.
4. Bacalah soal dengan cermat dan seksama sebelum mengerjakan.
I. Pilihlah salah satu jawaban yang anda anggap paling benar dengan memberi tanda silang (X)
pada huruf A, B, C, D atau E pada lembar jawab yang telah tersedia!
Wacan kangge pitakon nomer 1- 5
Sugeng enjang,
Bapak, ibu guru, wali murid lan para rayi kelas ingkang tansah kinurmatan, keparenga ing
wekdal menika kula amakili kelas kalih welas utawa kelas tiga SMK Merah Putih ngaturaken agunging
panuwun saha sugeng rawuh wonten ing adicara pepisahan punika
Bapak saha Ibu Guru ingkan pantes tinulad sinudarsana, boten kanyana sampun tigang taun
panjenengan dhidhik kula saha kanca-kanca kanti kesabaran saha maringi ilmu ingkang kathah
kangge pasrawungan, sedaya punika tanpa pamrih.
Dene kula sakanca boten saget males jasa-jasanipun panjenengan sedaya. Naming saget
ngaturaken mugi-mugi Gusti ingkang Mahawikan paring pinwales samruwat kawigatosan lan ilmu
ingkang sampun panjenengan paringaken dhumateng kula sakanca.
Ing pungkasaning atur, kula lan sakkanca nyuwun idi pangestu lan agunging samudra
pangaksami dhumateng Bapak, Ibu Guru, para rawuh menawi anggen kula sesrawungan kathah
khilaf saha kalepatan selaminipun ngenger ing pawiyatan punika.
Nuwun.
(kapethik saka Kabeh Bisa Basa Jawa XI, kaca: 4-5)
1. Manut surasane, sesorah ing dhuwur kalebet … .
A. Atur Pambagyaharja
B. Ular-ular
C. Tanggap wacana
D. Medhar sabda
E. Khotbah
ANSWER: C

2. Sesorah ing dhuwur ngandharake bab … .


A. pendhidhikan
B. kesehatan
C. kejujuran
D. pepisahan
E. kabudhayan
ANSWER: D

3. Sesorah ing dhuwur katujokake marang … .


A. kepala sekolah lan guru
B. Bapak, ibu guru, wali murid
C. awake dhewe
D. anggota karang taruna
E. perangkat desa lan warga masarakat
ANSWER: B

Hak Cipta: MKKS SMK KAB. DEMAK 2017 Page 1 UAS BJAWA XI K2006 2017/2018
4. Kang kasebut panutup yaiku … .
A. Sugeng enjang.
B. Bapak, ibu guru, wali murid lan para rayi kelas ingkang tansah kinurmatan
C. Bapak saha Ibu Guru ingkan pantes tinulad sinudarsana
D. kula badhe ngandharaken sekedhik babagan pepisahan.
E. Ing pungkasaning atur, kula lan sakkanca nyuwun idi pangestu
ANSWER: E

5. Ancase sesorah ing dhuwur yaiku … .


A. atur pambagya
B. atur lelayu
C. atur pamit
D. atur panglipur
E. hiburan
ANSWER: C

6. “Bapak saha Ibu Guru ingkan pantes tinulad sinudarsana”


Tembung kang kacithak miring ana petikan sesorah ing ing dhuwur, tegese … .
A. pantes diagungke
B. pantes dihormati
C. pantes ditiru
D. pantes diaturi
E. pantes diwales
ANSWER: C

Wacan kangge pitakon nomer 7 – 9


Bayu : Sugeng enjang, Pak Harno!
Pak Harno : Sugeng enjang, Mas Bayu, Wonten perlu menapa?
Bayu : Kula badhe nyuwun wekdal penjenengan kagem wawanrembag, punapa saged, Pak?
Pak Harno : O ... mekaten ta, inggih mangga. Babagan punapa, Mas Bayu?
Bayu : Kapan usaha ternak panjenengan menika dipunwiwit, Pak?
Pak Harno : Kula ternak menika wiwit tahun 2000. Rumiyin namung 200 ekor, sapunika 35.000 ekor.
Bayu : Punapa ingkang saget dados sebab panjenengan gadhah krenteg usaha ternak ayam
broiler punika?
Pak Harno : Mula bukaning, kula niti priksa bilih kabetahan daging ayam masarakat saben taunipun
saya mindak, awit saking punika kula gadhahi krenteg ternak ayam broiler saking
sekedhik, sukur ngantos wekdal punika saget ngrembaka saha lumampah kanti lancar.
7. Wawan rembag ing dhuwur bahas babagan … .
A. usaha ternake Pak Harno
B. lampahe ternake Pak Harno
C. ayam Broiler
D. Pak Harno lan penggeaweane
E. Mas Bayu lan ternake
ANSWER: A

8. Apa sing dasari Pak Harno usaha ayam broiler?


A. usaha ayam broiler marakke sugih
B. ayam broiler akeh manfaate
C. ayam broiler regane larang
D. amarga pengen ngembangake usaha ayam broiler
E. amarga kabutuhan daging ayam masarakat mindhak
ANSWER: E

9. Pira cacahe ayam broiler sing diduweni Pak Harno naliki miwiwti usaha ing dhuwur?
A. kalih dasa gangsal ewu ekor ayam broiler
B. kalih ewu ekor ayam brolier
C. kalih atus ekor ayam brolier
D. tigang dasa gangsal ewu ekor ayam broiler
E. tigang atus ekor ayam broiler
ANSWER: C

Wacan kangge pitakon nomer 10


Srengenge wis jumedhul ing sisih wetan. Katon mencorong. Among tani padha mangkat menyang
sawah manggul guru lan nuntun sapine. Sing wadon padha menyang pasar nggendhong asil pawetune.
Bocah-bocah padha budhal sekolah. Manuk-manuk padha ngoceh ing wit-witan. Pitik, bebek, menthog
wis padha metu saka kandhange golek pangan dhewe- dhewe. Ora katon mega sathithik-sathithika.
Esuk iki pancen padhang njingglang.

Hak Cipta: MKKS SMK KAB. DEMAK 2017 Page 2 UAS BJAWA XI K2006 2017/2018
10. Paragraf ing dhuwur kagolong … .
A. paragraf campuran
B. paragraf baku
C. paragraf indhuktif
D. paragraf dhedhuktif
E. paragraf dhedhuktif-indhuktif
ANSWER: C

Wacan kangge pitakon nomer 11


Basa ibu iku basane masyarakat kang dipigunakake saben dina ing sawijining wilayah. Ananging
basa ibu ora mung kanggo ing sawilayah wae, amarga ana wong-wong kang saka salah sijine wilayah
nglakoni migrasi utawa liyane, tetep migunakake basa ibune. Cethane, yen wong Jawa, ing Jawa
Tengah, basa ibune ya basa Jawa. Ananging rikala wong Jawa mau ing Jakarta, Lampung, utawa
Suriname, isih wae migunaake basa Jawa kang sesrawungan marang wong sing saka Jawa uga.
11. Paragraf ing dhuwur kagolong … .
A. paragraf campuran
B. Paragraf baku
C. Paragraf indhuktif
D. Paragraf dhedhuktif
E. Paragraf dhedhuktif-indhuktif
ANSWER: D

Wacan kangge pitakon nomer 12


Dina Senin 16 Maret kepungkur para pemimpin parpol wis nganakake dheklarasi kampanye damai
ing kampanye tarbuka kang bakal rampung tanggal 15 April ngarep iki. Mesthi bae kita ngajab yen
pelaksanaan kampanye terbuka iki bisa lumaku rancag, damai, tanpa sambekala. Senajan, jenenge bae
kampanye tarbuka, mesthi nglibatake massa sing ora sethithik, kebak hura-hura, pawai/konvoi lan
pameran kekuwatan massa, lengkap sabumbu-bumbune wujud pagelaran seni ing panggung, pidhato
politik lan sapanunggalane.
12. Gagasan pokok paragrap ing dhuwur yaiku … .
A. Tanggal 15 April ngarep iki rampung kampanye.
B. Pemimpin parpol nganakake dheklarasi damai
C. kampanye terbuka mesthi nglibatake massa.
D. Kampanye tarbuka bisa lumaku rancang lengkap
E. konvoi lan pamer kekuatan masal
ANSWER: B

Wacan kanggo soal nomer 13 - 16


Pangkur, Pelog pathet Nem
Mangkono Ngelmu kang nyata
Sanyatane mung weh reseping ati
Bungah ingaranan cubluk
Sukeng tyas yen den ina
Aja kaya sipengung anggung gumunggung
Ugungan sadina-dina
Aja mangkono wong urip
13. Tembang Pangkur ing dhuwur, guru wilangane … .
A. 8, 12, 8, 7, 12, 8, 8
B. 8, 11, 8, 8, 12, 8, 7
C. 8, 12, 8, 8, 12, 8, 8
D. 8, 11, 8, 8, 12, 9, 8
E. 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
ANSWER: E

14. Tembang Pangkur ing dhuwur, guru lagune kang tumiba nglegna cacahe ana … .
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4
E. ora ana
ANSWER: C

15. Tembang Pangkur ing dhuwur, isine nerangake babagan … .


A. ngelmu kang manfaat
B. kaunggulane ngelmu
C. tingkatane ngelmu
D. pitutur ngilmu
E. pigunane ilmu

Hak Cipta: MKKS SMK KAB. DEMAK 2017 Page 3 UAS BJAWA XI K2006 2017/2018
ANSWER: A

16. Miturut tembang Pangkur ing dhuwur, wong kang duweni ngelmu biasane … .
A. ngunggulake ngelmune
B. ningkatane ngelmune
C. nularake ngelmune
D. duweni ati kang anteng
E. watake wong kang duwe gelmu
ANSWER: D

Wacan kangge pitakon nomer 17 - 20


Pitakon
Dening: Sudi Yatmana
Ana Swara Tanpa Sangka
Ana Tandha Tanpa Irama
Heh Menungsa
Kepriye Anggomu Padha
Jejer Dadi Pangarsa
Gubernur, Bupati, Lan Walikutha
Apa Dene
Camat, Lurah Lan Andhahane
Dene Iki Banjir Bandhang
Wong Bayi Kewan Tetanduran
Lan Barang-Barang
Kontit Kanyut Kabuncang
Bendungan Bobol, Kreteg Jebol, Lemah Longsor
Delengen Gethokmu Dhewe
Ngiloa Kaca Gedhe Kang Rada Suwe
Banjur,
Rungkno
Ana Swara Tanpa Sangka
Nuli,
Waspadakna
Ana Tandha Tanpa Irama
Kepriye
Alam Sawegung
Wis Ngelingke
(Kapethik Saka Kabeh Bisa Basa
Jawa XI, kaca : 42-43)
17. Tema geguritan kasebut yaiku … .
A. Pamarintahan (politik)
B. Kewasisan (pendhdhikan)
C. Tetanen (pertanian)
D. Pariwisata
E. Tetumpakan (transportasi)
ANSWER: A

18. Ing ngisor isi kang kaemot sakjroning geguritan, kajaba … .


A. kudu waspada marang kadadeyane alam
B. kritik marang panguwasa supaya tanggap marang nasibe rakyat
C. kudu bisa ngerteni pikuwatane dhewe / ngelo githoke
D. kudu seneng marang panguwasa
E. kudu bisa mangerteni tanda kang diwenehi alam
ANSWER: D

19. Tembung Pangarsa padha tegese karo tembung … .


A. pemimpin
B. pagawean
C. kasenengan
D. sing disenengi
E. kapinteran
ANSWER: A

20. “Bendungan Bobol, Kreteg Jebol, Lemah Longsor”. Pethikan geguritan iku ngemu purwakanti … .
A. swara
B. basa
C. lumaksita
D. pepindhan
E. panyandra

Hak Cipta: MKKS SMK KAB. DEMAK 2017 Page 4 UAS BJAWA XI K2006 2017/2018
ANSWER: A

21. ?aibumunD|tTign\ ;3;ki[loxg[n;56780;rupiyh. Ukara iku pamacane yaiku … .


A. Ibu mundhut tigan 3 kilo regane 59.680 rupiyah
B. Ibu mundut tigan 3 kilo regane 56.780 rupiyah
C. Ibu mundhut tigan 3 kilo regane 56.780 rupiyah
D. Ibu mundhut tigan 3 kilo regane 57.680 rupiyah
E. Ibu mundhut tigan 3 kilo regane 57.670 rupiyah
ANSWER: C

22. ?adikulai/taun\ ;1995;ffisaikiaumu/;22;taun\. Ukara iku pamacane yaiku


A. Adiku lahir tahun1995 dadi saiki umur 22 tahun
B. Adhiku lahir tahun1995 dadi saiki umur 22 tahun
C. Adhiku lair tahun1994 dadi saiki umur 23 tahun
D. Adiku lahir tahun1995 dadi saiki umur 23 tahun
E. Adhiku lair tahun1996 dadi saiki umur 21 tahun
ANSWER: B

23. Atur pakurmatan ana ing adicara pepisahan siswa kelas XII, sing bener yaiku … .
A. Panjenenganipun Pangarsa Kalurahan Padangsari ingkang kinurmatan, Bapak-bapak pangarsa
RW. 1-7 Kalurahan Padangsari, Panjenenganipun pangarsa RT ing Kalurahan Padangsari
B. Panjenenganipun kulawarga Bapak Sandy Setiyana ingkang kinurmatan, panjenenganipun
keluwarga agung calon besan ingkang kinurmatan, para rawuh ingkang kula urmati.
C. panjenenganipun pangarsa SMK Purnama, panjenenganipun Pangarsa Komite ingkang
kinurmatan, sedaya dwija ingkang ndhampingi panyarta aben trampil pidhato ingkang kinurmatan.
D. Panjenenganipun pangarsa SMK Purnama, Panjenenganipun pangarsa Komite ingkang
kinurmatan, sedaya dwija ingkang kula urmati, kadang kelas 10 lan 11 ingkang kula tresnani.
E. Panjenenganipun ibu-ibu PKK lan kadang taruna muda karang taruna”mekar Sari”, ingkang kla
tresnani lan kula banggakaken
ANSWER: D

24. Sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken muji syukur dhateng Gusti Allah Ingkang Maha
Kuwaos ingkang sampun paring … .
A. pambiyantu dhateng paniti laksana ingkang sampun saged mujudaken adicara punika
B. eguh pratikel lan penggalih kangge mratitisaken lampahing adicara ing siyang punika
C. kalulusan dhateng kula lan kanca-kanca kelas sanga lan nggayuh biji ingkang sae.
D. kawilujengan, katentreman, karaharjaan dhateng kula tuwin panjenengan sedaya.
E. sedaya wiji kesaenan saengga kita saget tuwuh dadi putra kang gadahi tingkah laku ingkang sae
ANSWER: D

Wacan kangge pitakon nomer 25


1. Wasana cekap semanten anggen kula matur wonten ngarsa panjenengan sedaya, bok manawi
wonten kalepatan kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami
2. Panjenenganipun para rawuh ingkang tansah kinurmatan
3. ing ngriki kula minangka wakilipun kanca-kanca ngaturaken sugeng ambal warsa ingkang kaping tiga
welas, mugi-mugi panjang yuswa tambah pinter lan bekti dhateng tiyang sepuh.
4. Sumangga panjenengan kula dherekaken ngaturaken puji syukur dhateng inkang Maha Agung
ingkang paring rahmad hidayah dhateng peanjenengan.
25. Urutan pidhato ingkang leres wonten ing adicara ambal warsa inggih punika … .
A. 4, 3, 2, 1
B. 3, 1, 4, 2
C. 4, 3, 1, 2
D. 2, 4, 3, 1
E. 1, 4, 3, 2
ANSWER: D

26. Parikan ing ngisor iki mathuk kanggo nutup pidhato, yaiku … .
A. Putih-putih iku dudu gula Jawa, pinanggih malih kalih pidhato kula.
B. Ireng-ireng kuwi woh labu, ngaturaken sugeng ndalu.
C. Bibar papat punika lima, menawi wonten sepat ayo dijala
D. Blarak disampirake, omahe cedhak ora diampirake
E. kupat jangane santen menawi lepat nyuwun pangapunten
ANSWER: E

27. Micara ing sangarepe wong akeh kanthi dadakan diarani sesorah kanti teknik … .
A. sesorah ekstemporan
B. sesorah impromptu

Hak Cipta: MKKS SMK KAB. DEMAK 2017 Page 5 UAS BJAWA XI K2006 2017/2018
C. sesorah apalan
D. sesorah cathetan
E. sesorah Naskah
ANSWER: A

28. Perkara ing ngisor iki kang ditindakake nalika sesorah nggawa cathetan yaiku … .
A. soroting mripat tumuju ana cathetan wae
B. soroting mripat tumuju marang audien, lan kala-kala nglirik cathethan
C. asring ngucapke tembung”eeee”
D. asring kukur-kukur senadyan ora gatel
E. nyebul mikrophon kanti banter
ANSWER: B

Wacan kangge pitakon nomer 29


Agus : Sugeng enjing, Bu Guru!
Bu Guru : Sugeng Enjing, Agus geneya kowe telat mlebu?
Agus : Nyuwun pangapunten, Bu weteng kula sakit.
Bu Guru : Wah apa kowe durung mangan?
Agus :…
29. Pacelathon ing dhuwur wangsulane Agus sing bener, yaiku … .
A. Kula sampun dhahar, Bu. .
B. Kula sampun nedha, Bu. .
C. Kula dereng dhahar, Bu
D. Aku wis mangan kok, Bu
E. Aku wis nedha, Bu
ANSWER: B

30. A : …………
B : Simbah, arep lunga menyang SMK, le.
Ukara pitakon sing bener kanggo wangsulan ing dhuwur yaiku … .
A. Badhe kesah pundi, mbah?
B. Arep tindak pundi, mbah?
C. Badhe tindak pundi, mbah?
D. Arep kesah pundi, mbah?
E. Arep teng pundi, mbah?
ANSWER: C

31. A : …………
B : Pak dhe kerja ning SMK.
Ukara pitakon sing bener kanggo wangsulan ing dhuwur yaiku … .
A. Kerjanipun ning ndi, Pak Dhe?
B. Ngastanipun ning ndi, Pak Dhe?
C. Kerjanipun wonten pundi, Pak Dhe?
D. Ngastanipun wonten pundi, Pak Dhe?
E. Kerjanipun ana ing pundi, Pak Dhe?
ANSWER: D

32. A : …………
B : Ibu arep tuku beras ning tokone Pak H. Mahmud, nduk.
Ukara pitakon sing bener kanggo wangsulan ing dhuwur yaiku … .
A. Badhe tumbas beras ning pundi, bu?
B. Badhe mundut beras wonten pundi, bu?
C. Badhe tumbas wos ning pundi, bu?
D. Badhe mundut wos wonten pundi, bu?
E. Badhe tumbas beras wonten pundi, bu?
ANSWER: D

Wacan kangge pitakon nomer 33 - 36


Elok Banget Wernamu
Mabyor Kerlap Kerlip Ing Angkasa Biru
Kepengen Rasane Awakku
Mabur Ing Angkasa Biru
Lungguh Sumandhing Madhangi Surem
(Kapethik Saka Kabeh Bisa Basa Jawa XI, kaca 17)
33. Geguritan kasebut titi mangsan kira-kira ing wayah … .
A. wengi
B. esuk
C. sore
Hak Cipta: MKKS SMK KAB. DEMAK 2017 Page 6 UAS BJAWA XI K2006 2017/2018
D. awan
E. senja
ANSWER: A

34. Irah irahan sing mathuk kanggo geguritan kasebut, yaiku … .


A. rembulan
B. langit birur
C. lintang
D. kerlap-kerlip
E. nadhangi surem
ANSWER: C

35. Geguritan ing dhuwur ngemu purwakanti … .


A. basa
B. lumaksita
C. swara
D. panyandra
E. pepindhan
ANSWER: C

36. Tembung “Mabyor” ing geguritan dhuwur duweni teges … .


A. sumunar
B. akeh
C. murub
D. mabur
E. sumebar
ANSWER: A

37. Enem atus suwidak sanga. Wujude aksara jawa yaiku … .


A. :669:
B. :668:
C :677:
D. :657:
E. :667:
ANSWER: A

38. Pitung ewu gangsal atus seket papat, wujude aksara jawa yaiku … .
A. :6670:
B. :7554:
C. :7750:
D. :7755:
E. :7754:
ANSWER: B

39. Aku lair tahun 2003, nalika ditulis aksara jawa yaiku … .
A. ?akul[a/taun\;2003;.
B. ?akul[a/taun\;2001;.
C. ?akulai/taun\;2005;.
D. ?akulai/taun\;2002;.
E. ?akulai/taun\;2003;.
ANSWER: E

40. Tumbas sekul 2 bayar 15.650 rupiyah, nalika ditulis aksara jawa yaiku … .
A. ?tumBsSe[go;2;by/;15650; rupiyh.
B. ?tumBsSekul\;2;by/;15650; rupiyh.
C. ?tumBsSekul\;3;by/;15650; rupiyh.
D. ? tumBsSe[go;2;by/;15640; rupiyh.
E. ?tumBsSekul\;2;by/;15640; rupiyh.
ANSWER: B

II. Jawablah pertanyaan berikut ini dengan tepat dan jelas pada lembar jawab yang tersedia!
Wacan kanggo pitakon nomer 1-2

Hak Cipta: MKKS SMK KAB. DEMAK 2017 Page 7 UAS BJAWA XI K2006 2017/2018
Gumregah
Dening: Tiyasti
Tekanmu tanpa rupa
Tanpa wacana
Nanging mung kanthi swara
Gawe manungsa tan bisa suwala
Lindhu gedhe duk rikala samana
Gawe atising nala
Katiban rubuhe griya
Sing dinulu mung raga tanpa nyawa
Tangis lan sambat tanpa guna
Awit kabeh wis sunyata, nyatane kuwi ana
Dadi kersane kang Mahakwasa
Para sedulur Bantul kang sutresna
Ayo padha cancut taliwanda
Gumregah nata desa nata raga nata wahana
Siyeg saeka praya

41. Saka geguritan ing dhuwur golekana:


a. Purwakanti swara
b. Purwakanti Sastra
c. Purwakanti basa / lumaksita
42. Apa bae piweling becik kang bisa kajupuk saka geguritan ing dhuwur?
Wacan kanggo pitakon nomer 3-4
Assalamualaikum Wr. Wb.
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Desa Para perangkat desa lan warga masarakat ingkang
dipunmulyakaken. Langkung rumiyin mangga kita aturaken raos sukur dhumateng Allah swt. ingkang
maringi kenikamatan lan kasarasan dhumateng kita.
Wonten mriki kula badhe ngandharaken sekedhik babagan gotong-royong. Gotong-royong
menika gawean kang dilakokake bareng-bareng kanthi adhil. Gotong royong ugi saged ngraketaken rasa
kakaluwargaan saindenge anggota masarakat. Gotong royong ampun ngantos ical saking diri kita.
Amargi sakmenika sampun kathah tiyang ingkang luwih mentingaken kepentinganipun piyambak.
Kedadosan menika bebarengan kaliyan mlebetipun kabudhayan saking kilen ingkang luwih
ngutamakaken indhividualisme Kita anggenipun dados generasi penerus ingkang dipun pangajeng-ajeng
dening tiyang sepuh kita supados saged ningkataken rasa kesatuan lan persatuan negara kita, mula kita
kedah nguri-nguri menapa kemawon ingkang dados kabudhayaning bangsa kita, kadosa babagan
gotong-royong menika.
Kula kinten cekap semanten kemawon anggenipun kula matur, menawi wonten kaluputanipun
kula nyuwun agunging pangaksami.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
43. Saka wacan ing dhuwur, golekana:
a. Atur Pakurmatan
b. Atur puji syukur / atur pamuji / atur pudya astutI
c. Atur pangapura / wasana basa / panutup
44. Apa tegese tembung-tembung ing ngisor iki:
a. kasarasan
b. saindenge
c. pangajeng-ngajeng
d. agunging pangaksami
45. Salinen ukara ing ngisor migunakake aksara Jawa!
a. Aku lair tanggal 24 juni 1998
b. Tanggal 17 Agustus dipengeti dina kamardhikan

Hak Cipta: MKKS SMK KAB. DEMAK 2017 Page 8 UAS BJAWA XI K2006 2017/2018

Anda mungkin juga menyukai