Anda di halaman 1dari 7

KEMENTERIAN AGAMA

KELOMPOK KERJA MADRASAH IBTIDAIYAH (KKM-MI)


KOTA TEGAL

PENILAIAN AKHIR TAHUN (PAT) MADRASAH IBTIDAIYAH


TAHUN PELAJARAN 2019/2020

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari / Tanggal : Sabtu, 04 April 2020


Kelas : VI ( Enam ) Waktu : 07.30 – 09.00 WIB

I. WENEHANA TANDHA PING (X) ING AKSARA a, b, c, UTAWA d ING NGAREPE


PRATELAN KANG BENER !

Wacanen teks pidatoiki kanggo njawab pitakonan nomer 1-4 !


Assalamualaikum warohmatullahi wabarokatuh.
Puji syukur ing ngarsanipun Allah SWT, ingkang sampun maringi berkah saengga kita
sedaya saged kempal ing acara perpisahan kelas 6 MI Al Ihsan kanthi bagas waras, kalis sing
rubeda.
Para rawuh ingkang kula bekteni, kula Alby Akbar Abyasa minangka wakilipun kanca-
kanca kelas 6 MI Al Ihsan, badhe ngaturaken panuwun dhumateng Bapak/Ibu guru ingkang
sampun anggulawentah kula sakanca ngantos lulus kanthi lancer saha saged pikantuk biji
ingkang sae.
Kula kaliyan kanca-kanca nyuwun pangapunten menawi sak dangunipun wonten MI,
wonten tindak-tanduk, suba-sita ingkang mboten mranani penggalih Bapak/Ibu guru. Mugi-
mugi kula dalasan kanca-kanca saged nerasaken sekolah wonten ing sekolah ingkang sae.
Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarokatuh.
1. Irah-irahan kanggo pidhato ing dhuwur, yaiku pidhato…kelas 6
a. Perpisahan
b. Penampi
c. Patemon
d. Pasrah
2. Sing macaake pidhato yaiku….
a. Bapak/Ibu guru
b. Wali murid kelas 6
c. Alby Akbar Abyasa
d. Wong tuwa kelas 6
3. Matur nuwun dhumateng bapak/ibu guru ingkang sampun anggulawentah kula sakanca.
Anggulawentah tegese…
a. Mbimbing
b. Ndukani
c. Ngrewangi
d. Ngukum
4. Kula kaliyan kanca-kanca nyuwun pangapunten menawi sak dangunipun wonten MI,
Tembung sak dangunipun tegese….
a. Mentas bae
b. Sak suwene
c. Sak cedhake
d. Sak ngertine
5. Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Madrasah Ibtidaiyah.
Ukara mau mawa tegese menehi pakurmatan marang ...
a. wong kang durung rawuh
b. sapadha-padha
c. wong kang rawuh
d. pangarsa pawiyatan
6. Sing dibiji nalika maju pidhato yaiku…
a. Isine pidhato, bener lan trepe basa kang digunakake, sikep utawa panampilane
b. Isine pidhato, komplit lan runtut cak-cakake, bener lan trepe basa kang digunakake
c. Isine pidhato, komplit lan runtut cak-cakake, bener lan trepe basa kang digunakake, sikep
utawa panampilane
d. Isine pidhato, komplit lan runtut cak-cakake, bener lan trepe basa kang digunakake, sikep
utawa panampilane, ayu lan baguse sing pidhato

Wacanen teks pidatoiki kanggo njawab pitakonan nomer 7-9 !


Mangga kula lan panjenengan tansah ngaturaken raos syukur dhumateng Gusti Allah
ingkang Maha Kuwaos, inggih awit sih wilasanipun kita pinaringan kanikmatan, satemah saged
kempel ing pahargyan Perpisahan Siswa Kelas VI tamatan warsa 2019/2020.
7. Nitik saka ukarane, pethikan pidhato ing dhuwur klebu perangan …
a. Salam
b. Pambuka
c. Isi
d. Panutup
8. Tembung ‘pinaringan’ tegese…
a. Diwenehake
b. Diwenehi
c. Menehake
d. Menehi
9. Tembung ‘warsa’ tegese…
a. Dina
b. Minggu
c. Sasi
d. Taun

Wacanen teks pidatoiki kanggo njawab pitakonan nomer 10 !


Cekap semanten mawon atur kula, menawi wonten keladuking wicara saha solah bawa
ingkang mboten ndadosaken rena ing penggalih bapak ibu guru, kula nyuwun agunging
pangaksama.
10. Pethikan pidhato ing dhuwur dipun sebut minangka…
a. Atur pakurmatan
b. Atur syukur
c. Wosing wicara
d. Panutup
11. Pidhato padha tegese karo…
a. Sesorah
b. Pacelathon
c. Parikan
d. Macapat
12. Basa kang digunakake ing sesorah yaiku …
a. Krama madya
b. Karma alus
c. Ngoko lugu
d. Ngoko alus
13. Karangan kang wujude gunemane para paraga kang tumindhak arane…
a. Pacelathon
b. Crita
c. Geguritan
d. Tembang

Pacelathon ngisor iki kanggo njawab pitakonan nomer 14-16 !

Nonton TV

Ibu : “Azigha,kowe lagi ngapa? Kok ibu ora krungu swaramu?”


Azigha : “Kula nembe ningali TV,Bu.”
Ibu : “Apa kowe wis nggarap PR?”
Azigha : “Sampun, Bu. Sampun rampung sedaya!”
Ibu : “Acara apa ta sing kotunggoni kuwi?”
Azigha : “Ningali berita Bu, amargi kathah seserepan ingkang saged kulo pendhet
saking berita punika, Bu.”
Ibu : “Oh, ngono ta, ning aja terus kebablasan nganti bengi, ya.”
Azigha : “Mboten, Bu. Naming setunggal jam.”
Ibu : “Ya wis kana, gek nontona.”
Azigha : “Inggih Bu, Matur nuwun.”

14. Paraga ing pacelathon ing dhuwur yaiku…


a. Ibu
b. Azigha
c. TV
d. Ibu lan Azigha
15. Basa kang digunakake Azigha ing pacelathon menika yaiku ….
a. Krama alus
b. Karma madya
c. Ngoko lugu
d. Ngoko alus
16. Ibu ngendika menawi Azigha angsal ningali TV nanging…
a. Nontone berita
b. Nontone ing kamar
c. Aja nganti bengi
d. Nontone kebablasan

Pacelathon ngisor iki kanggo njawab pitakonan nomer 17-18 !

Hanif : “Bu, punapa maos geguritan punika wonten caranipun?


Bu Ani : “Ana. Apa wae kuwi mesthi ana ngelmune. Dene maca geguritan kang perlu
digatekake kuwi lafal, intonasi, irama lan ekspresi.”
17. Manut naskah kasebut iku sing perlu digatekake maca geguritan yaiku…
a. Lafal lan intonasi
b. Irama lan ekspresi
c. Lafal, intonasi, ekspresi lan irama
d. Penjiwaan, ekspresi lan lafal
18. Bu Ani nggunakake basa ngoko marang Hanif amarga....
a. Bapake Hanif
b. Gurune ing sekolah
c. Kancane ing pegawean
d. Ora gelem basa krama

Pacelathon ngisor iki kanggo njawab pitakonan nomer 19-22 !

Nasya : “Han, sesuk apa sida ulangan basa Jawa?”


Jihan : “Sida Sya, apa kowe ora ngerti?”
Nasya: “Ora, jalaran aku pertemuan minggu ora kepungkur mlebu sekolah amarga lara.”
Jihan : “Yen ngono mengko sore ndhewe sinau bareng wae ya Sya, neng ngomahku.”
Nasya : “Ya, kebeneran, aku mengko tak ngajak Nauva.”
Jihan : “Ya tak tunggu tekamu, kae bel sekolah wis moni, ayo ndang mlebu kelas.”

19. Wacan pacelathon ing dhuwur migunakake ragam basa…


a. ngoko alus
b. krama lugu
c. krama alus
d. krama inggil
20. Sing dirembug ing wacan dhuwur yaiku babagan ...
a. Ora mlebu sekolah
b. Ulangan basa Jawa
c. Kegiyatan sekolah
d. Pelajaran ing sekolah
21. Minggu kepungkur Nasya ora mlebu sekolah amarga…
a. Lara
b. Lunga
c. Piknik
d. Jagong
22. Latar panggonan pacelathon ing dhuwur yaiku…
a. pasar
b. taman
c. sekolah
d. kantor

Pacelathon ngisor iki kanggo njawab pitakonan nomer 23-24 !

Aland : “Mas, bapak lan ibu kok durung kondur ana apa?”
Farhan : “Embuh, ana apa ya?”

23. Aland lan Farhan tansah...


a. Seneng mbeda
b. Nunggu sadulur
c. Was sumelang
d. Padudan
24. Guneme Aland yen dikramakake dadi…
a. Mas, bapak saha ibu dereng kondur, wonten menapa?
b. Mas, bapak lan ibu dereng kondur, enek apa?
c. Mas, bapak saha ibu durung mulih, enteni napa?
d. Mas, bapak saha ibu dereng kondur, ana apa?
25. Ing ngisor iki kabeh migunakake basa ngoko lugu, kajaba…
a. Wong tuwa marang anak
b. Anak marang wong tuwa
c. Guru marang murid
d. Bendara marang bature

II. ISENANA NGANGGO TEMBUNG KANG TREP!

26. Kamangka, kula saha panjenengan sami, ingkang dipun warisi kedahipun nguri-nguri
budaya bangsa, amrih saged ngrembaka.
Ukara ing dhuwur perangane pidhato sing diarani…
27. Bapak/Ibu Kepala Sekolah, ingkang kinurmatan.
Bapak/Ibu guru, ingkang kinurmatan
Ukara ing dhuwur perangane pidhato sing diarani…
28. Gatekna parikan iki!
Manuk emprit, nucuk eri.
Dadi murid sing….
29. Kembang kencur, tinandur tepining sumur.
Sapa….bakal luhur klawan makmur
30. Unen-unen kang dumadi saka rong ukara, ukara sepisanan kanggo kawigaten lan kapindho
minangka isi diarani…
31. Sesorah kang ditindhakake kanthi maca teks migunakake metode…
32. Metode pandom lajer yaiku…

Pacelathon ngisor iki kanggo njawab pitakonan nomer 8-9 !

Husin : “Mam, kowe arep menyang ngendi?”


Imam : “Aku arep nyilih tendha.”
33. Peraga pacelathon ing dhuwur yaiku…
34. Sing arep disilih Imam yaiku…

Pacelathon ngisor iki kanggo njawab pitakonan nomer 10-12 !

Surya : “Sugeng siyang, Bu Asih.”


Bu Asih : “Sugeng siyang.”
Surya : “Saged ngganggu sekedhap, Bu?”
Bu Asih : “Bisa. Ana apa Sur?”
Surya: “Ngaten , Bu, punika rak sampun ulangan. Kados pundi nilai ulanganipun kula?”

35. Tembung sekedhap ngokone…


36. Latar waktu pacelathon ing dhuwur ing wayah…
37. Pacelathon ing dhuwur ngrembug babagan…

Pacelathon ngisor iki kanggo njawab pitakonan nomer 13-15 !

Kring…kring…
Adit : “Hallo, sugeng ndalu. Menika sinten nggih?”
Arya : “Sugeng ndalu, iki aku, Arya.”
Adit : “Oh, Arya. Ana apa, Ya?”
Arya : “Iya, aku arep takon sesuk ulangan matematika babapa bae?”
Adit : “Bab 1 lan 2.”
Arya : “Ya wis, matur nuwun ya, Dit.”
Adit : “Ya, padha-padha.”

38. Pacelathon ing dhuwur katindakake ing…


39. Babagan kang dirembug ing pacelathon ing dhuwur yaiku…
40. Basa kang digunakake dening paraga yaiku…

III. WANGSULANA PITAKON-PITAKON ING NGISOR IKI KANTHI PRATITIS!

41. Aranana metode-metode pidhato!


42. Sebutna perangane pidhato!
43. Babagan pidhato ing ngisor iki tulisen kanthi urut !
a. Nyuwun ngapunten
b. Wigatining pidhato
c. Salam pambuka
d. Matur nuwun
e. Pangajak syukur
f. Salam panutup
44. Apa tegese:
a. Surasa ?
b. Wigati ?
c. Purwaka ?
45. Gawea tuladhaning pambukaning pidhato!
46. Apa jawabe parikan ing ngisor iki ?
Kembang menur, sinebar den awur-awur

Pacelathon ngisor iki kanggo njawab pitakonan nomer 7-9!

Azam : “Mar, aja mbolos sekolah mengko mundhak bodo!” (Azam nggondeli Zumar)
Zumar : “Ora usah melu-melu urusanku, Zam!”

47. Apa sing arep dilakokake Zumar?


48. Kepriye wateke Azam?
49. Azam nggondeli Zumar.
Nggondelitegese....
50. Gawea pacelathon kang topike “Nyiapne Ujian Sekolah”! (min. 5 ukara)

Anda mungkin juga menyukai