Anda di halaman 1dari 7

BUKU CEPENGAN

Piwulang Basa Jawi


Kelas XI TKR/PBN/MM/KI
Semester 3

Guru Pengampu: Agi Kustri Juniawan, S.Pd.

Nama

: ...........................................................

Kelas

: XI TKR / PBN / MM / KI *

Nomer

: ..........................................................

SMK MIFTAHUL HUDA RAWALO


2015/2016

Wulangan 1
Pidhato / Sesorah
1. Pengertian pidato
Pidhato / tanggap wacana / sesorah yaiku njlentrehake idhe utawa pokok pikiran kang
awujud tembung-tembung kang diucapake menyang wong akeh. Ancase kanggo utawa
tujuane werna-werna, ana kang kanggo menehi hiburan, menehi informasi, utawa ajakajak marang kang rungokake supayta nindakake apa kang dikarepake pambicara.
2. Jenis-jenis pidato
Manut kahanane: sambutan resmi, setengah resmi, ora resmi, lan sapanunggalane.
a. Sambutan atura pambuka: sambutan mingangka purwakaning adicara sambutan
ketua panitiyane.
b. Sambutan pambageharja: sambutan maringi salam kaslametan, karaharjan
dhumateng para tamu.
c. Medhar sabda yaiku aweh nasihat mring penganten, ular-ular ngenani bab sing
diacarani.
3. Bagian-bagian pidato
a. Salam pambuka
b. Purwaka
c. Surasa

d. Pangarep-arep
e. Wasana
f. Salam panutup

4. Metode dan cara berpidato


a. Metode naskah
b. Metode serta merta (impromtu)

c. Metode apalan
d. Metode nyiapake

5. Menyusun pokok-pokok pidato


6. Tugas 1
7. Tulis naskah sesorah kanthi tema Kamardikan Repiblik Indonesia, ing buku
tulismu. Banjur diwaca ing kelas, ing pepanggihan sabanjure!

8. Wulangan 2
9.
Wawancara utawa wawanrembug
10.
Wawancara utawa wawanrembug iku golek informasi saka wong kang
diarani narasumber utawa paranpara. Anggone wawanrembug marang wong kang luwih
tuwa kudu digatekake tata kramane basa.
11.
Babagan kang perlu digatekake sadurunge nindakake wawanrembug
yaiku,
1. Nemtokake topik wawanrembuge
2. Nemtokake tujuane (informasi apa kang pengin digoleki).
3. Nyiapake pitakonan-pitakonan.
4. Nemtokake sapa narasumbere/ paranperane.
5. Gawe janji karo narasumber, kapan lan neng papan ngendi anggone ketemu kanggo
wawanrembug (amrih becike iku manut karo kebiasane narasumber).
12.
Sabanjure wektu wawanrembug kudu digatekake babagan kaya ngisopr iki,
1. Miwiti wawancara kanthi salam.
2. Nganggo basa kang sopan lan miturut unggah-ungguh basa.
3. Pandelengane tumuju marang narasumber.
4. Aja menehi pitakon-pitakon kang wangsulane iya utawa ora.
5. Pungkasi waawanrembug kanthi agunging matur nuwun amarga narasumber wis
menehi informasine.
13. Tugas 2!
14. Goleken narasumber kang mumpuni, lakoni wawancara kang temane ditentukake
gurumu, rekam ana hp / kaset / CD. Dikumpulake pepanggihan sabanjure.

15.Wulangan 3
16.Unggah-ungguh Basa
17.
Guneman utawa pacelathon marang wong liya iku ana tata kramane
utawa unggah-ungguhing basa. Unggah-ungguh yaiku sopan santun, tata susila, utawa
tata pranataning basa miturut lungguhing tata krama utawa nggunakake basa.
18.
Unggah ungguhing bas kaperang dadi 2 yaiku basa Ngoko lan basa
Krama. Basa Ngoko kaperang dadi 2 yaiku Ngoko lugu lan Ngoko alus, dene basa

Krama uga kaperang dadi 2 yaiku krama lan Krama Inggil/krama alus. Mangkene
panerangane
1. Basa Ngoko Lugu
19.
Basa kang ana sajroning ukara kang wujud tembunge arupa tembung ngoko, ora
kacampuran basa krama. Ater-ater lan panambange uga nganggo basa krama. Basa
ngoko lugu digunakake kanggo guneman:
a. Wong tuwa marang anake
b. Guru marang muride
c. Wong kang wis padha tetepungan kanthi raket, lan
d. Bocah karo bocah kang padha umure.
2. Basa Ngoko Alus
20.
Basa kang wujude tembung ngoko kacampuran basa krama inggil sawetara.
Ater-ater lan panambange tetep ngoko. Basa ngoko alus digunakake kanggo guneman:
a. Wong tuwa karo wong tuwa sing statuse/kalungguhane padha
b. Wong tuwa marang wong enom sing pantes diajeni
c. Sepadha-padha kang wis raket nanging tetep padha ngajeni, lan
d. Adhi marang kakange kang sing gelem ngajeni.
3. Basa Krama
21.
Basa ing sajroning ukara kang awujud tembung-tembunge arupa tembung krama.
Ora kacampuran ngoko utawa krama inggil. Dene ater-ater lan panambange uga krama.
Basa krama iki digunakake guneman:
a. Wong enom marang wong tuwa
b. Murid marang gurune

c. Anak marang wong tuwane


d. Wong kang tembe kenal

4. Basa Krama Inggil/ Krama Alus


5.
Basa ing sajroning ukara kang awujud tembunge arupa tembung krama lan
krama inggil. Dene ater-ater lan panambange uga dikramakake. Basa krama inggil
digunakake guneman:
a. Wong enom marang wong tuwa
b. Murid marang gurune
c. Anak marang wong tuwane

d. Abdi marang bendarane, lan


e. Wong kang lagi sesorah.

f. Tugas 3!
g. Gaweya Kamu Kecik sing isine tetembungan ngoko, krama, lan krama Inggil!

h. Wulangan 4
i. Geguritan
j.
Ing babagan kasusatran Jawa, sakliyane ana prosa uga ana puisi yen ing basa Jawa
diarani geguritan. Tembung geguritan asale saka tembung gerita kang owah-owahan saka tembung
gurita. Tembung gerita nduweni tembung lingga gita kang tegese tembang (syair).
k.
Ing kasusastran Jawa geguritan kapilah dadi loro, yaiku geguritan gagrag lawas
(guritan) lan geguritan gagrag anyar. Geguritan gagrag lawas yaiku reriptan kang esih kawengku
paugeran tartamtu kaya guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune esih dadi sing utama kang
gawe guritan. Geguritan gagrag anyar yaiku reriptan kang wis ora kawengku paugeran tartamtu,
luwih modern, luwih bebas, lan isine uga luwih amba temane.

l. Tugas 4!
m. Golek geguritan ana majalah / Internet, banjur wacanen geguritan iku!

n. Wulangan 5
o. Tembang Macapat
p. Tembang macapat iku kalebu kasusastran Jawa. Tembang macapat iku sejatine minangka
panging budaya Jawa kang adiluhung, amarga ana sajroning tembang macapat sing ana piwulang
kang sinandhi, kang siji lan sijine beda-beda piwulangane. Tembang macapat cacahe ana 11.
Tembang macapat duwe paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
a. Guru gatra yaiku cacahing larik saben sapada
b. Guru wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra.
c. Guru lagu yaiku tibaning swara a, i, u, e, lan o ing pungkasaning gatra.
q.
N

r. ARANE
TEMBA
NG

t. GURU GATRA, GURU


WILANGAN, LAN GURU
LAGU

u.
1

v. Mijil

w. Gandrung,
prihatin,
medhar pitutur.

x. 6; 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u.

y.
2

z. Masku
mamba
ng

aa. Susah,
nelangsa,
karanta-ranta.

ab. 4; 12i, 6a, 8i, 8a.

ac.
3

ad. Sinom

ae. Seneng,
sengsem,
sereng
pitutur.

af. 9; 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a,


8i, 12a.

s. WATAKE

isi

ag.
4

ah. Gambu
h

ai. Tambuh,
nambuh,
miterang.

aj. 5; 7u, 10u, 12i, 8u, 8o.

ak.
5

al. Kinanth
i

am.Seneng,
gandrung,
medhar
piwulang.

an. 6; 9u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i.

ao.
6

ap. Asmara
dana

aq. Sengsem,
kasmaran,
sedih.

ar. 7; 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a.

as.
7

at. Durma

au. Sereng, galak,


nesu

av. 7; 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i

aw.
8

ax. Dhanda
nggula

ay. Renyah,
gumbira,
grapyak,
sumanak,
pitutur.

az. 10; 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a,


6u, 8a, 12i, 7a.
isi

ba.
9

bb. Pangku
r

bc. Seneng,
Gandrung,
nesu,
piwulang.

bd. 7; 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a,


8i.
isi

be.
1

bf. Megatr
uh

bg. Sedih,
nglangut,
nelangsa,
gegetun.

bh. 5; 12u, 8i, 8u, 8i, 8o

bi.
1

bj. Pocung

bk. Sembrana pari


kena,
isi
pitutur.

bl. 4; 12u, 6a, 8i, 12a

bm.

Tugas 5!

bn. Gaweya tembang Macapat nganggo rumus guru gatra, wilangan, lan lagu kang wis ana ing
bukumu! Banjur tembangna salah siji tembang kang dikarang iku!

bo.

Wulangan 6
bp. Aksara Jawa

bq.
a=ha n=na c=ca r=ra k=ka f=da t=ta s=sa w=wa l=la
br.p=pad=dhaj=ja y=ya v=nya m=ma g=ga b=ba q=tha z=nga
bs.

bt. e
bu. i

\ = kanggo mateni

[o = ...o

] = ...ra

= ...

/ = ...r

} = ...re

= ...i

= = ...ng

= ...e

bv. a=k jw = Angka Jawa


bw. 1=1
2=2
3=3
bx.
6=6
7=7
8=8
by. sWr = Swara
bz.
A = a I= i
U= u
E=e
ca. pszn\ = Pasangan
cb.
....H= Ha
....N= Na
....C=Ca
cc.
...F=Da
....L=La
cd.
....P=Pa
ce.
....M=Ma

....TT=Ta
....D=Dha
....J=Ja
....G=Ga

= ...u

= ...h

4=4
9=9

- = ...ya
5=5
0=0

:...: = pangkat

O=o
....R=Ra
....S=Sa
....Y=Ya
....B=Ba

....K=Ka

....W=Wa
....V=Nya
....Q=Tha

....

Z=Nga
cf. Tugas 6!
cg. Golet 1 crita cekak ing majalah / internet. Salinen cerkak iku nganggo aksara Jawa ing kertas
folio.

ch.
ci.
cj.
ck.Semester 2
cl. Wulangan 1
cm.

Musyawarah
cn.
co.
Musyawarah yaiku rembugan salah sawijine babagan utawa prakara golek solusi
utawa carane ngrampungake prakara kuwi. Ancase utawa tujuwane iku nemukake mupakat.
Saranane kanggo ngrampungake prakara, mula saben anggota rembugan kudu bisa wicak
nampa panemu anggota lan nentokake kaputusan kang bisa ditampa dening anggota
musyawarah. Tanggapan ing jerone musyawarah bisa awujud pendapat, kritik, utawa dukungan.
cp.
Musyawarah iku bisa kasil menawq nggatekake bab-bab iki.
1. Saben anggota musyawarah kudu mangerteni prakara kang dirembug ing musyawarah.

2. Para anggota musyawarah kudu tanggung jawab lan ngurmati antarane anggota siji lan
anggota liyane.
3. Pamimpin musyawarah kudu nduweni kawibawan lan ngurmati anggota musyawarah.
cq.

cr. Wulangan 2
cs. Nembang Macapat
ct.
cu.
cv.
cw.
cx.
cy.
cz.
da.
db.
dc.
dd.
de.
df.
dg.
dh.
di.
dj.
dk.
dl.
dm.

Tembang Asmarandana
Caritane wayang Jawi//
Tinulis ing serat rama//
Mangkene mung gancare//
Rahwana raja ngalengka//
Hanyidra Dewi Shinta//
Anoman ingkang dinuta//
Geger Ngalengka den obong//
Sekar Macapat Dhandhanggula
Ilir-ilir tandure sumilir//
Kanca tani kang padha makarya//
Sinawangen jan endahe//
Parine lemu-lemu//
Katon subur nyenengke ati//
Kalis ing sambekala//
Iku panyuwunku//
Wit sih ing Gusti kawula//
Kanca tani yekti saka guru nagri//
Uga bektening bangsa//

dn.
do. Wulangan 3

dp.Nembang Campursari
dq.
Campursari iku salah sawijining kesenian tradisional kang kudu diuri-uri utawa
dilestarekake. Kesenian campursari wektu iki lagi digandrungi dening masyarakat. Penyanyi
campursari kang kondhang salah sijine yakuwi Didi Kempot.
dr.
Saliyane endah, lagu campursari iku ngandut nilai-nilai lan amanat kanggo pemireng
(pendengar). Mula supaya bisa nemtokake nilai-nilai lan amanate, syair lagune diwaca
kanthi tlesih lan diapresiasi. Apresiasi lagu campursari yakuwi ngamat-ngamati lan menehi
penilaian tumrap syair kasebut.

ds.
dt.
du.
dv.Wulangan 4
dw.

Nyerat Layang

dx.
Layang pribadi yaiku layang kang sipate pribadi lan pra resmi. Lumrahe layang
pribadi iku ditulis kanggo kaluwarga, sanak kadang, kanca, utawa kenalan. Layang pribadi kang
tinulis marang wong kang luwih tuwa kudu gatekake tata kramane basa.

1)
2)
3)
4)
5)

Ngenrengane layang pribadi yaiku:


Satata basa yaiku perangane sing ngemot jeneng lan alamate sing dituju.
Adangiyah yaiku perangane layang sing ngemot pamuji pandonga pakurmatan wiwitan.
Purwaka basa yaiku perangane layang sing ngemot prathelane kabar keslametan.
Surasa basa yaiku perangan layang sing mratelake apa isine layang.
Wasana basa yaiku perangan layang sing mrathelake atur panuwun, njaluk pangapura awit
sakabehing kekurangan utawa kaluputan anggone nulis layang.
6) Salam panutup yaiku perangane layang sing ngemot pamuji pandonga panutup.
7) Papan titimanngsa yaiku perangan layang sing mratelake papan lan tanggale layang iku
kagawe.
8) Peprenah yaiku perangane layang sing mratelake jejering wong sing nulis layang.
9) Tanda tangan yaiku perangane layang sing wujud tandha tangane wong sing nulis layang.
10) Nama terang yaiku perangane layang sing mratelake jenenge wong sing nulis layang.
Jenis-jenis layang:
1) Layang dhines, yaiku layang tumrap kantor.

2)
3)
4)
5)
6)
7)
8)

Layang dhawuh utawa parentah, yaiku surat pribadi


Layang lamaran, yaiku layang kanggo nglamar pegaweyan.
Layang ulem, yaiku layang kanggo wong kang arep duwe gawe.
Layang iber-iber, yaiku layang kang sipate pribadi.
Layang lelayu, yaiku layang kang isine babagan kabar anane wong mati,
Layang wasiyat, yaiku layang kang isine piweling wong tuwa kang digawe sadurunge seda.
Layang kekancingan. Yaiku surat keputusan.

dy.
dz.Wulangan 5
ea.Nyerat Ulem
eb.
Undangan utawa ulem-ulem yaiku layang kang aweh supaya teka ana ing upacara
adat, pawiwahan, supitan, lan sapanunggale. Lumrahe undangan utawa ulem iku nganggo basa
kang ringkes lan cetha. Dene cengkorongane kang padatan kaya mengkene.
1. Irah-irahan undangan (kepala surat)
2. Salam pambuka
3. Pamuji marang Gusti kang Maha Asih
4. Isi undangan
a. Acara
b. Dina
c. Tanggal
d. Jam
e. Papan
5. Pangarep-arep
6. Panutup
7. Papan lan tanggal undangan
8. Asmane kang ngundang
ec.
Cengkorongan kang kaya ing dhuwur iku mung salah sijine conto. Jaman saiki wujud
undangan utawa ulem iku werna-werna. Cengkorongane uga werna-werna, nanging tetep
kasesuaiake karo jenise undangan. Basa kang kagunakake uga beda-beda. Kanggo upacara adat,
pawiwahan, utawa supitan lumrahe nganggo basa krama, dene kanggo mengeti ulang taun
nggunakake basa ngoko. Bisa kasimpulake yen acara resmi iku layang ulem nganggo basa krama,
yen acara ora resmi nganggo basa ngoko.
ee.

ed.

Anda mungkin juga menyukai