Anda di halaman 1dari 34

WULANGAN 3

CANGKRIMAN LAN PARIKAN


(tebakan dan pantun)

A. Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi

3.3. Memahami cangkriman dan parikan


4.3. Menyusun cangkriman dan parikan secara sederhana
Indikator

3.3.1. Menjelaskan pengertian cangkriman


3.3.2. Mengidentifikasi bentuk cangkriman
3.3.3. Mengidentifikasi fungsi cangkriman.
3.3.4. Mengidentifikasi nilai moral yang terkandung dalam
cangkriman
3.3.5. Menjelaskan pengertian parikan
3.3.6. Menjelaskan fungsi parikan
3.3.7. Menyebutkan bentuk-bentuk parikan
3.3.8. Menyebutkan nilai-nilai moral yang terkandung dalam parikan
4.3.1. Mencipta cangkriman wancahan kang isi pitutur
4.3.2. Mencipta cangkriman wantah
4.3.3. Mencipta cangkriman pepindhan/irib-iriban
4.3.4. Mencipta cangkriman blenderan
4.3.5. Mencipta parikan sederhana yang berisi pitutur budi pekerti
4.3.6. Mencipta parikan sederhana yang berisi pasemon/sindiran
4.3.7. Mencipta parikan sederhana yang berisi hiburan
B. Tujuan Pembelajaran
Melalui aktivitas pembelajaran siswa dapat mengidentifikasi bentuk-dan
fungsi cangkriman, menangkap pesan moral yang terkandung dalam cangkriman
serta mengidentifiksi fungsi, bentuk, nilai moral parikan. Siswa juga dapat
mencipta cangkriman dan parikan sederhana yang bermakna dalam kehidupan
nyata. Dengan kegiatan pembelajaran siswa terbiasa berpikir kritis, percaya diri
dan kreatif.

C. Peta Kompetensi

CANGKRIMAN DAN PARIKAN

PENGERTIAN BENTUK FUNGSI NILAI MORAL

MENCIPTA CANGKRIMAN
DAN PARIKAN

D. Aktivitas Pembelajaran

Sadurunge sinau ing pamulangan kompetensi dasar unggah-ungguh basa


para siswa dedonga luwih dhisik supaya anggone sinau bisa lumampah kanthi
lancar lan diparingi ngelmu kang berkah lan manpangat. Aja lali para siswa
tansah njaga kasarasan lan nindakake protokol kesehatan ana ing ngendi wae.
Tansah nganggo masker, jaga jarak, wisuh tangane, ora kumpul-kumpul lan ora
lelungan.

BAB 3
CANGKRIMAN LAN PARIKAN
Tebak-tebakan dan Pantun

A. CANGKRIMAN / tebak-tebakan
Para siswa ayo padha sinau kawruh basa bab cangkriman. Sawise
gamblang mangerteni babagan cangkriman, para siswa bisa gawe dhewe
cangkriman kang mentes lan duwe teges, uga migunani ana ing pasrawungan.
Tegese Cangkriman
Masyarakat Jawa darbe maneka warna sastra lisan kang digunakaken
ana ing sesrawungan ing saben dina. Salah sijime wujud sastra lisan yaiku
cangkriman. Miturut Suyati, dkk. (2017:46),
cangkriman yaiku 
unen-unen kang isine kudu dibatang utawa dibedhek maksude.
Cangkriman mujudake warisan sastra lisan kang bisa dingrembakakake
laras karo ajuning jaman.

B. Manfaat Cangkriman
Cangkriman minangka wujud sastra lisan duwe piguna kang wigati. Pigunane
cangkriman bisa kaperang dadi ana : 3, yaiku :
minangka sarana kanggo
1. aweh/ menehi pitutur / nasehat utawa mulang muruk marang bocah
minangka sarana kanggo 2. ngasah pikiran
minangka sarana kanggo
3. dolanan, aweh panglipur, ngisi wektu lodhang.

C. Jenis Cangkriman
1. wancahan/tugel/cekak(singkatan suku kata)
Cangkriman wancahan yaiku cangkriman kang awujud cekakan saka
tembung-tembung (Suyati, 2017:46). Cangkriman wancahan padha karo akronim
ing basa Indonesia. Tuladha : cangkriman wancahan:

Lut-mae-dhut ,yu-mae-rong
Welut omahe lendhut, yuyu omahe ngerong

Spelanta = SMP 9 yogyakarta


Yogaling reng-reng mrihri
Batangane = Ayo njaga lingkungan bareng-bareng amrih lestari!
....................=Siswa pitu ce manis-manis =
Spelanta=smp n9 yogyakarta
(Pitutur rumeksa marang lingkungan)
a. Tongyong reng-reng siksikklas
Batangane =
gotong royong bareng-bareng resik-resik kelas
(Pitutur gotong-royong)
b. Yennginses singgepnau
Batangane =Yen kepengin sukses sing sregep sinau.
(Pitutur kanggo ndhapuk watak becik)
c. Racik terbang
Batangane =Swara becik pinter nembang.
(Pratelan pangalembana)
d. Yogepsi nggoyuhsi
Batangane =Ayo sregep literasi kanggo nggayuh prestasi.
(Pitutur kanggo ndhapuk watak becik)
e. Rusnawi ngetyani layogatan
Batangane =Virus Corona kuwi banget mbebayan mula ayo njaga
kesehatan
(Pitutur supaya ngari-ati)
f. Yogasan thikoltan
Batangane =Ayo njaga kasarasan kanthi protokol kesehatan.
(Pitutur kanggo kasarasan)
g. Garak gemker jikta
Batangane =Njaga jarak ngagem masker wijik asta.
(Pitutur kanggo kasarasan)
h. Janengfie inggirli gurli rasangi
Batangane =Aja seneng selfie ing pinggir kali, kejegur keli ora bisa
nglangi.
(Pitutur kanggo keslametan)
i. Lingciktu tuling lingyu
Batangane =Maling mancik watu, watune nggoling malinge mlayu.
(Panglipur)

2. Cangkriman Wantah/asli
Cangkriman wantah yaiku cangkriman kang awujud ukara pitakanon
lumrah utawa wantah. Tuladha cangkriman wantah:

Tuladha:
a. Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh
Batangane : Geni, banyu, angin
(kanggo ngasah pikiran)
b. Dikethok malah dhuwur, disambung malah dadi cendhek
Batangane : sruwal/kathok dawa
(kanggo ngasah pikiran)

c. Dikethok malah dadi dawa,disambung malah dadi cendhak


Batangane : sarung(kanggo ngasah pikiran)

d. Rasane padha karo jenenge


Batangane: sepet, asem(kanggo ngasah pikiran)

e. Jenenge padha padha karo rupane


Batangane coklat(kanggo ngasah pikiran)

f. Kewan apa sing sirahe neng sikil,


irunge neng sikil, awake neng sikil?
Batangan : kewan cilik kepidak / kesemutan
(kanggo ngasah pikiran)
g. Yen aku ngguyu, dheweke melu ngguyu, yen aku nangis dheweke uga melu
nangis. Sapa dheweke iku?
Batangane : wewayangan ing kaca pengilon
(kanggo ngasah pikiran)

h. Yen bosok malah enak.


Batangane : tape utawa tempe/susu/ gatot
(kanggo ngasah pikiran)

i. Tibane ngisor sing digoleki dhuwur


Batangane : gendheng bocor.
(kanggo ngasah pikiran)

j. Dicokot bokonge (pangkal), sing kalong pucuke.


Batangane : rokok
(kanggo ngasah pikiran)

k. Apa sing dilebokke malah metu?


Batangane: benik/ benang/ peniti
(kanggo ngasah pikiran)
l. Wis gedhe kok ngguyu tuwa
Batangane : nangis
(kanggo ngasah pikiran)

3. Cangkriman Pepindhan/ per-umpamaan


Cangkriman pepindhan yaiku cangkriman kang batangane ngemu surasa
irib-iriban utawa emper-emperan (Suyati 2017: 46). Ing cangkriman pepindhan
digambarake wewujudan (deskripsi bentuk) kang mujudake pituduh kanggo
mbedhek batangane. Tuladha cangkriman pepindhan :
:Bocah cilik menyang ngendi-endi nggendhong omahe (=keyong)

a. Pak Demang klambi abang yen disuduk manthuk-


manthuk
Batangane : ontong/tuntut (kembang gedhang)

b. Pitik walik saba meja-kursi


Batangane sulak

c. Pitik walik saba kebon


Batangane nanas

d. Bocah cilik blusak-blusuk ing kebon


Batangane dom/ jarum.

e. Anake dielus-elus, mbokne diidak-idak


Batangane andha

f. Kayu mati ginubed ula mati


Batangane gangsingan

g. Sega sakepel dirubung tinggi/ kutu


Batangane :salak
h. Ora mudhun-mudhun yen
ora nggawa mrica sakanthong.
Batangane kates/ pepaya

i. Sawah rong kethok, galengane mung sithok


Batangane godhong gedhang ( daun pisang seperti dua petak sawah dengan
1 pematang di tengah.)

j. Bapak Demang klambi abang yen disuduk manthuk-manthuk


Batangane ontong/tuntut (kembang gedhang)

4. Cangkriman Blenderan/Plesedan
Cangkriman blenderan/plesedan yaiku cangkriman kang carane
ngandharake nggiring marang wangsulan kang kleru, mula kudu ngati-ati supaya
ora keblender utawa kelpesed anggone mbedhek batangane.. Cangkriman
blendean saliyane kanggo ngasah pikiran, lumrahe kanggo dolanan ngisi wektu
lodhang lan bisa kanggo panglipur. Tuladha cangkriman blenderan/plesedan :
P- a -s- a- r
a. Ing tengah pasar iku ana apane?
Batangane aksara s, (kanggo panglipur)

b. Gajah apa kang becika atine (13)


Batangan : Gakjahat

Konteks aksara Jawa, Virus :


sandangan seperti huruf o/ sukun ; bernama wulu, dalam tulisan aksara jawa
berjumlah 1
c. Virus Corona iku duwe wulu(BULU) apa ora?
Batangane : duwe, wulune siji.
(kanggo panglipur)
d. Ing pawon ana piranti, menawa piranti mau ketiban cecak,
bisa mabur. Piranti apa iku? Batangane : kalo
(kanggo ngasah pikiran)

e. Wong mbakar sate dikipasi


Batangane : sing dikipasi satene
(kanggo panglipur)

f. Bakule pitik disrimpung ( diikat kakinya)


Batangane : sing disrimpung pitike.
(kanggo panglipur)

g. Bakul duren diambungi (dicium)


Batangan: sing diambungi durene
(Kanggo panglipur)

h. Wong mati dilumpati kucing urip


Batangan: sing urip kucinge
(Kanggo panglipur)

i. Wong ketiban duren bakal sugih pari. Pari apa?


Batangane : paringisan amarga lara)
(Kanggo panglipur)

j. Ana kuthuk (anak ayam) dilebokne kurungan rapet,


kira-kira wis ora bisa metu, disedhiyani pakan lan oomben cukup, bareng wis
setahun kuthuke ilang, menyang ngendi?
Batangane : dadi pitik (
(kanggo panglipur)

5. Cangkriman Ing Tembang


a. Tembang Pocung
1) Bapak Pacung, tan kasad netra wujudmu
Sumrambah sumebar
warata ngebaki bumi
sing waspada aja nambah korban nyawa.
Batangan : virus covid-19
(kanggo panglipur)

2) Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung


Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba si pucung mung turut kutha
Batangane: sepur
(kanggo panglipur)

3) Bapak pucung bisa nggereng bisa mbengung


Ngambah jumantara
Kayu manuk rajawali
Wira-wiri nggawa barang lan manungsa
Batangane : montor mabur/ pesawat
(kanggo panglipur)

4) Bapak pocung tanpa untu darbe siyung.


Badanira panjang.
Tutukira pan pesagi.
Dina- dina pocung nedha buntutira.
Batangane : setut/ Ikat pinggang
(kanggo : panglipur)

1.Bapak pocung isih enom klambi gadhung./ijo


Yen wes rada tuwa.
Si pocung klambine kuning.
Tuwa pisan si pocung klambine abang.
Batangan : mlinjo
(kanggo panglipur)

6. Bapak pucung amung sirah lawan gembung


Pada dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka si pucung dadi dahana/ api
Batangane : penthol korek
(kanggo panglipur)

b. Tembang Gambuh
1) Kulite sungsun - sungsun
Jroning kulit woten woten rambutipun
Jroning rambut woten untu padha baris
Jroning untu iku balung
Jroning balung iku kopong
Batangan : jagung
(kanggo panglipur)

c. Tembang Asmaradana
Wonten ta dhapur sawiji
Tanpa sirah tanpa tenggak
Mung gatraning weteng bae
Miwah suku kalihira
Nging tanpa dlamakan
Kanthaning bokong kadulu
Rumaket ing para priya
Batangane : sruwal/kathok dawa
(kanggo panglipur)

d. Tembang Kinanthi
Wonten putri luwih ayu
Tan ana ingkang tumandhing
Sariranira sang retna
Owah-owah saben ari
Yen rina kucem kang cahya
Mung ratri mancur nelahi
Batanga : rembulan
(kanggo panglipur)
PARIKAN ( PANTUN)
Parikan mujudake salah sawijining sastra lisan warisan leluhur kang
muwuhi kaskayaning kasusatran Jawa. Parikan ngemot maneka warna
piwulang budi pekerti kang bisa digunakake minangka sarana nggegulang
lan mulang muruk generasi mudha supaya generasi mudha nduweni jiwa
kapribaden kang ngoyod marang nilai-nilai Pancasila. Parikan mujudake
genre kabudayan kang dinamis, bisa dimekarake jumbuh selaras karo
ajuning jaman. Generasi muda bisa ngrembakake parikan kanthi nganggit
parikan kang ngemu teges lan mentes, migunani ana ing urip bebrayan
padinan. Ayo, saiki padha nyinau tegese parikan, pigunane parikan, jinis-
jinise parikan, nilai-nilai budi pekerti ing sajerone ukara parikan, lan
sabanjure bocah-bocah bisa nganggit geguritan kang duwe teges lan
mentes, migunani ana ing pasrawungan.

a. Tegese Parikan

Parikan yaiku unen-unen kang dumadi saka 2 perangan, yaiku perangan


purwaka (sampiran) lan perangan surasa ( isi)
Parikan migunakan purwakanthi swara.Miturut Suyati, dkk (2017:54),
menawa parikan dumadi saka 2 larik, larik sepisan minangka purwaka, gatra
kapindho minangka surasa. Menawa parikan dumadi saka 4 larik, larik sepisan
lan kapindho minangka purwaka, dene larik kaping telu lan kaping papat
minangka surasa/isi. Tibane swara larik kapisan padha karo larik katelu, dene
tibane larik kapindho padha karo larik kapapat. Ing basa basa Indonesia,
parikan iku diarani pantun.

b. Pigunane / manfaat Parikan

Parikan minangka
1. kanggo sarana mulang muruk piwulang budi
pekerti luhur (fungsi edukatif) Parikan jinis iki lumrahe isi pitutur marang
bocah supaya bisa ndhapuk kapribaden kang luwih becik. Tuladha geguritan
kang isi pitutur : contoh:
1. Kolang-kaling rasa legi
Ayo eling marang Gusti.
2. Kembang pakel, kembang mawar.
Urip angel kudu sabar.
2.Manuk emprit, mabur dhuwur
Dadi murid, kudu syukur
Irit/ Kubur/32,
Ngarit/3 luhur/,
Pelit/10 syukur/..21
Dhuwit/27 ngawur/..32.,
Jarit/28 ngukur/22,
Jahit/22
sakit

3. Menyang pasar tuku kweni, pasare neng Surabaya


Marang wong tuwa ngajeni, besuk bakal urip mulya
4. Dinane Slasa, mangkat sekolah.
Tetulung sasama, dadiya berkah
5. Gethuk tales, ngombene karo es.
Aja males, yen kepengin sukses.
Pitutur kang dibungkus kanthi parikan bakal luwih digatekake lan
dimengerteni tegese dening generasi mudha.
Parikan uga bisa
2. kanggo sarana pasemon (sindiran). Lumrahe kang disemoni (disindir)
iku bab-bab kang kurang prayoga, kanthi ancas tujuan supaya bisa dadi sarana introspeksi dan ndandani
dadi becik. Tuladha parikan kang isi pasemon :
1. Pitik blorok, manak siji.
Jare kapok, malah ndadi.
a.Tawon ngentup, sisih gulu.
Yan ana sing korup, aja ditiru.

c. Mangan tahu, ing warung pinggir kalen.


Jare sinau, jebul main game online.
Susu/32 Sarden/33
Jamu/7 Sinden/28
Jambu/3 Duren/25
Mlaku/19 Kenduren/3
Duku/ Leren/13
Turu/.. Manten/3
Buku/.. Raden/32
Ngluku/3 sekaten/3
3/3,29/29,32/32

Parikan uga bisa dimumpangate kanggo dolanan utawa gegojekan rikala


ana wektu lodhang. Kanthi dolanan, bisa nuwuhake rasa seneng (bahagia), mula
dolanan iki duweni piguna (fungsi) minangka panglipur. Tuladha parikan kang
bisa aweh panglipur, upamane tembang dolanan Suwe ora Jamu.
Suwe ora jamu, jamu godhong jambu
Suwe ora ketemu, ketemu pisan ati rindhu.
Purwaka lan isine bisa diganti sauger laras purwakanthi swarane.
Saliyane bisa aweh panglipur, uga bisa kanggo sarana ngasah pikiran. Jalaran,
antarane purwaka lan isi kudu runtut swarane.
Dhapukan/ Rumus Parikan
Dhapukan (4+4) x 2 artinya 4 suku kata+ 4 suku kata (terdiri 2 baris)

Ma nuk pu ter, ma ngan ja mur, = Sampiran


1 2 3 4, 1 2 3 4

Dha sar pin ter, bu di luhur = isi


1. (4+4)x2

Tu ku sa os, ka ro tem pe (sampiran)


1- 2- 3- 4 + 1- 2- 3- 4
Re men mbo los. Bo ten sa e (isi)
1-2- 3- 4 + 1- 2- 3- 4
Kaos/o, laos/32,atos/27,bansos/10,kos/7,
Sate,gule/19, tape/29,pare/3,pete/24,mete/18,lele/13,
Entuk bansos, isine pete/3/3
Tuku kaos gambare lele/ 1/1

1. Kembang pakel, kembang mawar


Urip angel, kudu sabar
2. Manuk emprit, mabur dhuwur
Dadi murid, kudu syukur
3. Kolang-kaling, rasa legi
Ayo eling, marang Gusti
4. Kembang mawar, sandhing kolah
Ati sabar, kathah berkah
5. Manuk glathik, mangan elung
Wiwit cilik, sregep nabung
6. Pasar anyar, pasar baru
Ati ambyar, awak kuru

2. Dhapukan (3 wanda + 5 wanda) x 2 larik /(3+5)X2


1. Bukune, ditata rapi
1-2-3 + 1-2-3-4-5
Sregepe, yen lagi ngaji
1-2-3 + 1-2-3-4-5

Bayeme, wis lemu lemu


Ayeme, yen wis ketemu
2.(3+5)x2
Djisamsu, iku merk rokok
Sinau, iku sing pokok
Wetengku/20, kancaku/24, peluru/3
......Kathok/27, .....sendok/3, ...serok/7,....kodok/1/1/1
2. Baskara, mangane sosis
Pra siswa, trampil lan wasis
3. Jeruke, disigar-sigar
Tekade, makantar-kantar
4. Kenikir, digawe pecel
Dipikir, kok gawe mangkel
5. Glepunge, digawe apem
Atine, digawe tentrem
6. Aqua, banyu mineral
Sing takwa, ra pareng nakal

Dhapukan (4 wanda + 6 wanda) x 2 larik


3. (4+6)X2
Gethuk tales, ngombene karo es
1- 2- 3 -4, 1-2-3-4-5-6
A-ja ma-les, yen ke-pe-ngin suk-ses
1- 2- 3 -4, 1- 2-3- 4- 5- 6
Teles/3, deres/19,klebes/32,pedes/29, lemes/28, netes/12
Kates/17, peres, ces,netes/33

1. Masak waluh, karo gula Jawa


Aja lumuh, ngrewangi wong tuwa
2. Kembang mlathi, kembang arumdalu
Kudu bekti, marang bapak ibu
3. Kembang mlati, sadhompol ana lima
Kudu bekti, marang nusa bangsa
4. Sawo kecik, diwadhahi lodhong
Luwih becik, padha gotong-royong
5. Manuk blekok, menclok ing teh-tehan
Aja ngrokok, ngganggu kesehatan
6. Krupuk urang, dipunremed-remed
Durung madhang, sirah dadi mumet
7. Mangan lemper, saka beras ketan
Tiwas baper, ra sida jadian

4. Dhapukan (4 wanda + 8 wanda) x 2 larik


4.(4+8)x2
Ja ngan ka ra, e na ke di cam pur tra si
1-2-3-4 + 1-2-3-4-5-6-7-8
Dadi siswa, kudu sregep literasi
1-2-3-4 + 1-2-3-4-5-6-7-8

1. Tuku trasi, aja diselehke bantal


1-2-3-4 + 1-2-3-4-5-6-7-8
Literasi, nganggo media digital
1-2-3-4 + 1-2-3-4-5-6-7-8

2. Gethuk tela, dipangan karo ketan


Aja lirwa, mring protokol kesehatan
3. Manuk deruk, seneng menclok ing teh-tehan
Adus esuk. becik kanggo kesehatan
4. Manuk puter, nucuk pari ing aspalan
Bocah pinter, mikir kanggo masa depan
5. Mangan asem, rasane mesthine kecut
Mesam-mesem, jebul atine kepincut

5. Dhapukan (8 wanda + 8 wanda) X 4 larik


1. Saka Solo menyang Palur(Berjumlah 8 wanda/suku kata)
tuku kathok warna ireng(Berjumlah 8 wanda/suku kata)
Kudu rukun mring sedulur(Berjumlah 8 wanda/suku kata)
susah bungah bareng-bareng. (Berjumlah 8 wanda/suku kata)

2. Panen pari, nganggo goni=8


dadi tani nyambi kuli=8
Bocah nakal didukani=8
ora pareng diwangsuli=8
5.(8+8)x2
Glepung garut aran Pathi =8 suku kata= sampiran 1
pathi legi rasa gula =8 suku kata = sampiran ke 2
Urip kudu ngati-ati =8 suku kata = isi 1
aja seneng nambah dosa =8 suku kata =isi ke 2

3. Pakanana pitik walik =8


anak dara aran piyik=8
wulang becik wiwit cilik =8
Suk gedhe dadi wong apik=8

4. Seneng mangan dadi lemu,


bocah sing klambine biru
Ayo padha ngudi ilmu,
besok gedhe dadi guru
5. Menyang pasar tuku kweni,
pasare neng Surabaya
Marang wong tuwa ngajeni,
besuk bakal urip mulya
6. Pengin ngombe nganggo gelas
nyuwun jahe campur susu
Yen kepengin munggah kelas
ya kudu sregep sinau

Dhapukan mardika (ora gumathok cacahing wandane)


1. Gula jawa dirubung laler
Dadi siswa kudu pinter
2. Dinane Slasa, mangkat sekolah
Tetulung sasama, dadiya berkah
3. Awan-awan, mangan pecel kangkung
Jiwa dermawan, seneng tetulung
4. Kembang mawar, diselehake cawan
Ati sabar, yen lagi diganjar pacoban
5. Ana sepur, lakune mangetan
Timbang nganggur, yuk padha parikan
6. Jemuwah Kliwon, dolan mancing ing kali
Manah awon, menika mboten mberkahi
7. Bu Lurah, mundhut jajanan pasar
Atine bungah, diparingi hp anyar
8. Tuku keset, kewutahan minyak telon
Bocah kesed, kudu enggal move on
9. Ngombe es, aja dicampur trasi
Kepengin sukses, gumregut anggayuh prestasi
10. Jemek-jemek gulane jawa, ditambahi gula pasir
Aja ngenyek karo kanca, mengko malah dadi naksir

Tuladha Parikan kang ana ing tembang


Turi-Turi Putih
Turi-turi putih ditandur neng kebon agung
Cleret tiba nyemplung kepundhung kebange apa
Mbok ira mbok ira mbo ira kembange apa

Kembang-kembang menur
Sing dakpilih kembange menur
Ayo kanca padha syukur
Kanggo sangu ning alam kubur

Mbo ira mbo ira mbo ira kembange apa


Kembang-kembang mlathi Sing dakpilih kembang mlathi
Sing dakphilih kembang mlathi
Ayo kanca padha bekti Sungkem marang ibu pertiwi

11. Kawruh Termbung

Bengung : nyuwara ngung-ngung


Gatra : peranganing ukara sing wis madeg
Gembung : blegering awak tanpa tangan, sikil, lan sirah
Gereng : swara sesambat
Gubed : mbuled, tumali ningseti
Ginubed : tinalenan
Kadulu : kadeleng :
Kantha : wewujudan, blegering wujud
Kopong : kurang isi, kurang kawruh
Kucem : tanpa cahya (ora sumringah), pucet
Literasi : kabisan maca, nulis, lan ngolah informasi.
Pasemon : tetembungan kang dianggo nyemoni utawa aweh sasmita
Purwakanthi swara : tetembungan kang runtut swarane
Pindha : kaya, lir
Retna : inten, sing endah dhewe, putri
Reksa : jaga
Srimpung : tali utawa tampar kanggo naleni sikil
Sruwal : kathok
Wancahan : cekakan
Wanda : peranganing tembung sing muni sakecap (suku kata)
Wantah : tanpa kacampuran apa-apa, blaka, prasaja
Wulu : sandhangan swara ing aksara Jawa, rambut kang thukul ing
awak utawa ing kewan.
Lembar Kerja Peserta Didik (LKPD)

Gawea 5 parikan kang isine duwe teges lan mentes, migunani ing pasrawungan!
Wangsulan katulis ana ing kolom wangsulan ing ngisor iki!
N Pitakonan Wangsulan
o
1 Gawea parikan isi pitutur Dhapukan (4 wanda + 4 wanda) x
budi pekerti luhur kanthi 2 gatra
dhapukan (4w + 4w) x 2 …………………,………………..
gatra! …………………,…………………

2 Gawea parikan isi pitutur Dhapukan (3 wanda + 5 wanda) x


religius kanthi dhapukan (3w 2 gatra
+ 5w) x 2 gatra! ……………………………………
…………………………………….
3 Gawea parikan isi pitutur Dhapukan (4 wanda + 6 wanda) x
sosial kanthi 2 gatra
Paugeran (4w+6w) x 2 gatra! …………………………………….,
…………………………………….,
4 Gawea parikan isi pasemon Dhapukan (4 wanda + 8 wanda) x
kanthi paugeran (4w+8w) x 2 2 gatra
gatra! …………………………………......
……………………………………..
5 Gawea parikan kang isine Dhapukan kang mardika, ora
lucu minangka panglipur padha cacahing wanda gatra 1 lan
kanthi dhapukan mardika gatra 2
cacahing wandane! ……………………………………..
……………………………………..
12. Evaluasi

A. Pilihan Ganda
1. Unen-unen kang mbutuhake batangan iku diarani ….
A. Cangkriman/25
B. pepindhan
C. paribasan
D. parikan

2. Pratelan kang dudu kalebu pigunane cangkriman yaiku …


A. kanggo ngasah pikiran
B. kanggo panglipur
C. kanggo aweh pitutur
D. Kanggo nyek-nyekan marang kanca/11

3. Gareng : Gong, ayo padha dolanan cangkriman!


Bagong : Ya, mengko sing kalah nraktir bakso ya.
Gareng : Mau esuk aku gumun, weruh bakul klapa dikepruki.
Bagong : Wah, mesakake temen, gek lupute apa kok dikepruki?
Gareng : Ora ana lupute, wong sing dikepruki kuwi klapane.
Bagong : Wo, lha iya bener. Bagong lan gareng banjur ngguyu kepingkel-pingkel.
Saka pacelathon ing dhuwur,
nuduhake pigunane cangkriman minangka …
A. Kanggo pitutur
B. Kanggo panglipur
C. Kanggo ngasah pikiran/8
D. Kanggo ngalahake kanca

4. Dina Jemuah dikepyakake minangka dina “Jumat bersih”, bocah-bocah


padha gotong-royong resik-resik kelas bareng-bareng.
Cangkriman kang trep kanggo nggambarake pratelan kasebut ….
A. Pitik walik saba meja
B. Pitik walik saba kebon
C. Sega sekepel dirubung tinggi
D. Tongyong reng-reng sik-sikklas/5

5. Cangkriman kang wujude cekakan/singkatan diarani …


6. Toyong-reng-reng=
A. Cangkriman wantah
B. Cangkriman wancahan/tugel/cacah/32
C. Cangkriman plesedan/blenderan
D. Cangkriman irib-iriban/pepindhan

7. Roni : “No, ayo padha sinau aksara Jawa.”


Rino : “Iya, kebeneran. Aku ora bisa blas, aksara Jawa kuwi. Yen weruh
wacan nganggo aksara
Jawa, sirahku dadi mumet, kumepyur rasane.”
Roni : “Kuwi jenenge alergi. Tak kenal maka tak sayang, menawa kowe
sregep sinau, diakehi
latihan, mengko dadi seneng.”
Rino : “Ya, wis ayo sinau bareng.”
Roni : “Kucing yen diilangi wulune dadi apa?”
Rino : “Kucing brondhol”
Roni : “Salah kuwi, ha ha ha,…”
Rino : “Lha, apa sing bener?
Roni : “Dadi kucang……wulu iku ing aksara Jawa unine i.”
Rino :”Wah, keblender aku.Iki sandangan swara ya?
Roni : “ lha, iya. Awake dhewe lagi sinau aksara Jawa.”
Rino : “Wo, jebule asyik nyenengake yo, sinau aksara Jawa.”
Roni : “Ya, mesthi wae.”
Andharan ing dhuwur tuladha
kuci== di baca kucing kuc==
A. Cangkriman wantah
B. Cangkriman wancahan
C. Cangkriman plesedan4
D. Cangkriman irib-iriban

8. Kulite sungsun-sungsun
Jroning kulit wonten rambutipun
Jroning rambut wonten untu padha baris
Jroning untu iku balung
Jroning balung iku kopong
Batangan cangkriman ing dhuwur yaiku …
A. rambut coklat
B. untu baris
C. balung
D. jagung/11

9. Bapak Pocung tanpa untu darbe siyung


Badanira panjang
Tutukira pan persegi
Dina-dina pocung nedha buntutira
Batangan cangkriman ingdhuwur yaiku …
A. Setut/8/ ikat pinggang
B. sepatu
C. kaos kaki
D. bantal guling

10. Ukara ing ngisor iki kang kalebu parikan yaiku ….


A. Pitik walik saba kebon
B. Sega sakepel dirubung tinggi
C. Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh
D. Mlaku-mlaku menyang p-a-s-a-r, ora lali tuku trasi/5
Dadi bocah kudu sabar, yen pengin nggayuh prestasi

11. Tuladha ukara parikan kang isi pitutur kanggo siswa ….


A. Jisamsu, iku merk rokok/34
Sinau, iku sing pokok
B. Nyangking ember, kiwa tengen
Lungguh jejer, tamba kangen
C. Mangan asem, rasane mesthine kecut
Mesam-mesem, jebul atine kepincut
D. Krupuk urang, dipunremed-remed
Durung madhang, sirah dadi mumet

12. Tulaladha parikan kang isi pitutur kanggo bocah yaiku ….


A. Nyangking ember, kiwa tengen
Lungguh jejer, tamba kangen
B. Tuku keset, kewutahan minyak telon
Bocah kesed, kudu enggal move on
C. Suwe ora jamu, jamu godhong jambu
Suwe ora ketemu, ketemu pisan tambah lemu
D. Kembang-kembang mlathi, sing dakpilih kembang mlathi
Sing dakpilih kembang mlathi
Ayo kanca padha bekti sungkem marang ibu pertiwi

13. Tuladha parikan kang isis pitutur sosial ….


A. Brambang sasen lima.
Ayo berjuang labuh negara
B. Manuk emprit, menclok uwit empring
Dadi murid, boten pareng mbeling
C. Awan-awan, mangan pecel kangkung
Jiwa dermawan, seneng tetulung
D. Mlaku-mlaku menyang Sukabumi, ora lali tuku klambi
Dadi bocah migunani, mesthi akeh kang nresnani

14. Manuk emprit, mencok pager.


…………………………………………
Larik isi kang trep kanggo parikan ing dhuwur yaiku ... .
A. Dadi murid kudu pinter/25
B. Dadi murid kudu sregep
C. Dadi murid kudu rapi
D. Dadi murid kudu bekti

15. Ngasah arit kudu landhep


…………………………………….
Larik isi kang trep kanggo parikan ing dhuwur yaiku ... .
A. dadi murid nganti tuwa
B. dadi murid kudu pinter
C. dadi murid kudu sregep
D. dadi murid kudu bekti

16. ……………………
Ayo padha literasi.
Larik purwaka kang trep kanggo parikan ing dhuwur yaiku ... .
A. Menyang kutha numpak andhong
B. Menyang kutha tuku kursi/11
C. Menyang kutha karo kanca
D. Menyang kutha tuku bakal
B. Njodhokke

Cangkriman ing ngisor iki golekana batangane ana ing kolom sisih tengen!

CANGKRIMAN BATANGAN
1.Bapak Pocung renteng-renteng kaya kalung A. anting-
Dawa kaya ula anting
Pencokanmu wesi miring
Sing disaba si pucung mung turut kutha/11
2.Bapak pucung bisa nggereng bisa mbengung B. sepur
Ngambah jumantara
Kayu manuk rajawali
Wira-wiri nggawa barang lan manungsa/4
3.Wujudipun namung alit gondhal-gandhul C. montor
Mapan ing talingan mabur
Agemane para putri
Mrih jangkeping nggennya angadi busana
4.Dicokot poke (pangkal)onge, sing kalong pucuke. D. Kalo

5.Ing pawon ana piranti, menawa piranti mau E. rokok


ketiban cecak, bisa mabur. Piranti apa iku?/8

C. Ngganepi Parikan
Parikan ing ngisor iki ganepana kanthi tembung kang runtut swarane.
1. Manuk emprit, mangan tajin
Dadi…murid…………, kudu …rajin………..
2. Tuku sandhal, ing tokone Wulandari
Aja …nakal… , mundhak mengko …...
3. Manuk tuhu, mangan uler
Yuk …………., amrih …….....
4. Iwak yuyu, kena plintheng
Ayo …sinau……., ati ……seneng/9…………….
5. Parangtritis, ing Ngayogyakarta
Aja ……nangis /31……., sanadyan ing ati ….lara/8.

Anda mungkin juga menyukai