Anda di halaman 1dari 14

Resume Materi Basa Jawa

Oleh :
Moch. Ndaru Langlang B
(IX J)
(20)
Wulangan 1

A. Pengertien Laporan Observasi


Teks palapuran asil observasi yaiku teks kang nerangake asil observasi sing wis
ditindakake. Observasi yaiku pengamatan utawi penelitian kanthi objek panaliten.

B. Prinsip-prinsip Panulisan Palaporan :


1. jangkep
2. cetha
3. bener/akurat
4. sistematis
5. objektif
6. tepat wakyu

C. Struktur Teks Pelaporan :


1. pambuka
2. isi
3. panutup

D. Tata Panulisan Latin ing Basa Jawa :


1. kesalahan panulisan basa Jawa huruf latin
2. panulisan tembung sing luput, bisa ngowahi teges
3. panulisan tembung lingga, tembung ingkang durung owah saka asale
4. panulisan tembung andhahan
5. tembung-tembung kang lira-liru
6. tembung homograf
7. tembung homonim
E. Tembang Macapat
Tembang Macapat yaiku tembang utawa puisi tradisional ing tlatah Jawa sing
paugeran–paugerane ono telu, yaiku guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan. Ing ngisor iki
bakal tak jelaske apa iku tembang macapat.

1. Jinis-jinis tembang :
a. Tembang gedhe :
Citamengeng, kusumastuti, mintajiwa, pamularsih.
b. Tembang tengahan :
Juru demung, wirangrong, balabak.
c. Tembang alit :
Maskumambang, mijil, sinom, kinanthi, asmaradana, gambuh, dhandanggula,
durma, pangkur, megatruh, pocung.

2. Tandha-tandhane tembang macapat :


a. Duweni paugeran
b. Basa nganggo basa jawa anyar
c. Bisa madeg dhewe tanpa iringan gamelan kang diarani bawa

3. Sasmita lan wewatakane tembang macapat

4. Carane ndhapuk tembang macapat


a. temtokna lan tulisen ngenani gagasan/ ide
b. temtokna tembang apa sing arep kogawe
c. tulisen guru gatra, wilangan, lan guru lagune
d. gawea ukara-ukara kang laras
F. Tata Panulisan Mawa Aksara Jawa
Wulangan 2

A. Drama
Drama yaiku jinising crita kang kajupuk saka cerita kang nyata.

1. Jinising drama :
a. drama sejarah
b. melodrama
c. drama tragedi
d. drama komedi
e. drama misteri
f. drama laga/action

2. Drama miturut jaman lan isine


a. miturut jamane, lawas lan anyar
b. miturut isine: komedi, tragedi, tragedy-komedi, opera, operet, pantonim, tablau, lan
passie.

3. Jinising naskah drama :


a. dramatisasi
b. dramatisasi cerkak
c. menyadur
4, Unsur intrinsik dan ekstrinsik :
a. Intrinsik : - tema
-alur
- pacelathon
- paraga lan watake
- amanat
- latar utawa setting (wektu, panggonan, swasana)
b. Ekstrinsik : - latar belakang diciptakake
- kahanan masyarakat nalika karya diciptakake
- kahanan pangripta
B. Tuladha Teks Drama :

UNBK Kelas 12
Srengenge isuk mung nyinari lapangan sekolah SMA Negri Rolas. Nang kelas rolas IPS 3
ana Parmono, Parminten, lan Pariem lagi diskusi masalah UNBK.
Parminten : Heh rek, kurang rong minggu awak dewe UNBK, awakmu
wes nyiapkake ta rek?
Pariem : Yo jelas, loh ten atase pelajarane mek 6 ae kok. Lah koe
yaopo no, wes nyiapkake durung?
Parmono : Oh kabeh terkendali wes aman tenteram.
Parminten : Kok pinter tenan pean no, aku ae sinau awan, bengi, seng
jenenge materi iku gak onok entek e.
Gak suwe Paijo katon nyeberang lapangan karo nggowo tas abote.
Paijo : Assalamuallaikum . . .
Arek2 : Wallaikum Sallam.
Prminten : Tumben telat kowe jo?
Paijo : wes ojo takon opo’o kok telat, aku iku ben isuk sinau
sawise sholat shubuh dadi rodok telat titik .
Arek2 : Ohhh ngono to . . .
Sawise jagongan arek-arek pelajaran kaya biasae lan mulih kaya jam samestine. Malam
UNBK seng diwanti-wanti katon teka. Paijo lan Parminten sinau mempeng nang omahe dewe-
dewe.
Parminten : Walah... iki soal ta garapan pabrik kok akeh temen tallah....
Paijo : Waduh... iki sinau ta lembur kerjo jam yamene dorong mari
hmmm...
Parminten lan Paijo katon sambat ngapalno materi lan ngerjakno latihan soal UNBK. Tapi,
Parmono lan Pariem ora ketok nang omahe. Gak onok seng ngerti wong loro ku menyang endi.
Dino Senin sing diwedeni teko yaiku dina UNBK bagi para siswa-siswi SMA.
Koyok biasane srengenge isuk nyinari lapangan SMA rolas. Hawane katon sejuk banget.
Kembang-kembang padha mekar. Wes pokok’e pemandangane isuk iki menyimpang banget karo
atine murid-murid SMA Rolas sing padha deg-deg’an lan was-was.
Kaya biasae arek papat jagongan nang kelas rolas IPS 3
Parminten : Duh ngantok tenan aku iki...
Paijo : Podo Ten,...
Parmono : Awakmu iku rek ancen gak pinter nyiapkake UNBK
Pariem : Lahiyo, koyok awakdewe ngeneloh hahahahaha...
Parmono lan Pariem ngetokake lembaran dowo sing isine kerpek’an 7 bab saben mata
pelajaran.
Parminten lan Parmono : MasyaAllahhh....
Bel sekolah muni peng 3 arek-arek katon melbu kelas lan ngerjakake ujian nganggo komputer
alias UNBK. Parminten lan Paijo tenang lan nyantai amarga soal e wes gak asing maneh. Tapi,
nang pojok ketok Parmono lan Pariem seng kemeringet. 2 jam setengah arek-arek ngerjakno
UNBK. Bel mulih muni peng 3 kring... kring... kring...
Pariem : Waduh yaopo iki no, kerpek’anku ra ana seng metu.
Parmono : Iyo Yem koyok’e kurang akeh... yaopo iki nilai ne awak
dewe pasti elek yem...
Paijo : Mangkaneh tallah rek awakmu kabeh tak kandani aja
njagakno kerpek’an.
Parminten : Bener iku Jo, saiki iku wes gak usum kerpek’an percuma
nek misale nilaimu apik amarga kerpek’an. Lulus tapi ora
ngerti opo-opo.
Pariem lan Parmono katon nyesel lan kapok. Akhire arek loro iku ora gawe kerpek’an maneh.
Tapi, sinau mempeng kaya sing dilakoni Parminten lan Paijo.
C. Wacan Pewayangan
Wacan Pewayangan yaiku teks kang ngemot jenenge tontonan kanthi pepethan uwong,
kewan kang ginawe saka walulang utawa kulit kewan, kayu, godhong, kain lan sapanunggalane.

D. Tembung Kawi, tembung sansekerta


Tembung Kawi inggih menika tembang kang digunakake kanggo tembang, padhalangan,
lan layang-layang.
Tembung Kawi uga diarani Tembung Sansekerta. nanging akeh-akehe Tembung Kawi
Kuwi dianggonipun kangge jenenge bocah, wong, kantor, lsp.

E. Tembung dasanama
Tembung dasa nama yaiku tembung kang nduwe arti kang padha tegese (sinonim).
Tuladha :
Alas = wana, jenggala
dalan = ratan, lurung, delanggu,
ireng = cemeng, jliteng
Wulangan 3

A. Pidhato
Pidhato, yaiku njlentrehake ide utawai pokok pikiran kanthi wujud tembung-tembung
kang diucapne marang wong akeh.

1. Ancas pidhato :
a. menehi hiburan
b. menehi kawruh
c. ajak-ajak

2. Jinising pidhato :
a. miturut gunane: sabdatama, pambagyaharja, tanggap wacana
b. miturut tujuane : menehi hiburan, kawruh, lan pangajak
c. miturut kahanane : resmi, setengah resmi, ora resmi, lan liya-liyane.
d. miturut pendekatan isi : intelektual, moral, emosional.

3. Paugeran pidhato
a. uluk salam
b. purwaka basa
c. sursane basa
d. wasana basa
e. salam panutup
B. Tuladha Pidato :

Assalamualaikum Wr. Wb.


Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha
karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal
menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal
kanthi pinaringan karaharjan.

Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa
upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah
dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca
ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru
pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan,
kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos
dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak
Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani
penggalih panjenengan sedaya.

Penutup Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :


Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah
pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten
mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.


C. Tembung Saroja
Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese banjut digawe
bebarengan.

D. Aksara Rekan
Aksra rekan yaiku aksara-aksara Hanacaraka sing ditambahi tandha dhiakritik arupa
cecag telu, kang cacahe ana 5, yaiku kh, f/v, dz, gh, z, sy.
E. Pada Pangkat lan Angka Jawa

Anda mungkin juga menyukai