Anda di halaman 1dari 14

MATERI AJAR

DISUSUN OLEH:

Kab. Cilacap, Banyumas

NAMA PENYUSUN:

1. Tejo Sutrisno, S.Pd


2. Supeni, S.Pd
3. Retno Wulandari, S.Pd
4. Nur Alfiana, S.Pd
5. Gentur Aji Pamukti, S.Pd
6. Ade Reva Palevi, S.Pd

WORKSHOP PENYUSUNAN MODUL AJAR BERBASIS PJBL


BAHASA JAWA SMK TINGKAT PROVINSI JAWA TENGAH
TAHUN 2023
KEGIATAN BELAJAR
MATERI AJAR PADA BIDANG
KEARIFAN LOKAL

PENDAHULUAN
A. Deskripsi Singkat

Modhul iki ngrembug babagan tembang macapat. Tembang macapat uga


kaperang dadi telung materi, yaiku (1) tegese tembang macapat, paugeran
lan makna filosofise, (2) Nganggit/ nulis teks utawa naskah tembang
macapat kanthi tema kang tinamtu, lan (3) bab praktek/ nglagokake tembang
macapat”. Kanthi urut-urutan mengkono kaajab siswa luwih gampang
anggone nampa informasi babagan tembang macapat sing wusanane nduwe
kabisan gawe lan nembangake tembang macapat.

B. Petunjuk Belajar
Sakdurunge nyinaoni isi materi ajar iki, wacanen dhisik panuduh-panuduh
ana ing ngisor iki.

1. Kanggo perangan teori, wacanen perangan teori kanthi premati lan tliti

2. Gawea catetan mligine kanggo bab-bab kang wigati

3. Banjur kanggo perangan gladhen, garapen soal-soal kang wis sumadya,


kanggo perangan tugas wujude praktik.

4. Sakwise nggarap gladhen, rembugana karo kancamu ngengingi babagan


kang wigati lan panjenengan anggep angel.

INTI

A. Capaian Pembelajaran Mata Kegiatan


Siswa saged nyerat gagasan lan pikiran kanthi wujud teks sasra tembang
macapat Pocung.
B. Sub Capaian Pembelajaran Mata Kegiatan
Sawise maca lan mangerteni materi ing modul iki para siswa kaajab isa:
1. Siswa saged ngandharaken paugeran tembang macapat Pocung
2. Siswa saged negesi tembung-tembung ingkang angel wonten ing tembang
Pocung
3. Siswa saged nemtokaken isi/ pitutur luhur tembang Macapat Pocung
4. Siswa saged nggayutaken isi/pitutur luhur kaliyan kahanan jaman seniki
5. Siswa saged nyerat lan nyajiaken tembang Macapat Pocung kanthi lesan.

C. Pokok-Pokok Materi
1. Tegese utawa definisine tembang macapat
2. Tuwuh lan pangriptane tembang macapat
3. Cacah lan gunggunging tembang macapat
4. Tuladha tembang macapat “Pocung”
5. Paugerane Tembang Macapat
6. Sipat utawa Wataking tembang macapat
7. Sasmita Tembang Macapat
8. Cara Nglagokake Tembang Macapat
9. Makna Filsofise Tembang Macapat

D. Uraian Materi
1. Tegese Tembang Macapat
Asal usul lan tegese tembang macapat tumeka saiki durung ana pasarajukan
kang gumathok, antarane pemanggihing para winasis siji lan liyane. Wondene tegese
tembang macapat, yaiku:
a. Macapat tegese tangga desa kang ngubengi (Poerwadarminta, 1959: 292);
maknane tembang macapat wis sumebar lan dikenal masarakat, malah masarakat
wis padha wasis nembang utawa nglagokake. Tangga desa kang ngubengi
maksude tangga ing sisih: wetan, kidul, kulon, lan lor wis padha tepung sarta
akrab sanget kalihan tembang macapat.
b. Tembung macapat dumadi saka tembung “maca” tegese maca utawa nglagokake;
lan tembung “pat” kang owah dadi “mat” (proses asililasi tunggal ditikulasi)
wancahan saka tembung “nikmat”, maknane: enak utawa krasa banget
(Poerwadarminta, 1939: 298). Dadi macapat tegese seneng maca kanthi kebak
rasa endah lan nikmat.
c. Macapat dumadi saka tembung maca, lan pat kang owah dadi “mat”, kang asale
saka basa Walanda /Belanda “maat”, tegese: irama, tembang, metrum. Mula
macapat tegese maca kanthi iramaning tembang utawa metrum utawa menyanyi.
Irama utawa lagu sajroning tembang macapat iku sing lumrah kanthi gregel,
yaiku lak-luking suwara, munggah mudhuning suwara kang winates 4 (papat)
titilaras.
d. Macapat dumadi saka tembung “maca” lan “pat” wancahan saka tembung
“papat”; jalaran anggone maca utawa nglagokake mandheg papat-papat (4-4
wanda) waton pas entek utawa tumibaning tembung, boten kenging medhot
tembung. Mula gumantung tembung-tembung kang digunakake sajroning
tembang; bisa mandheg ing pedhotan loro telu (2-3); telu loro (3-2); telu-telu (3-
3).
2. Tuwuh lan Pangriptane Tembang Macapat
Tembang macapat mujudaken basa Jawa Baru kang wis lumrah kanggo nulis
buku buku utawa karya sastra gagrag anyar (baru); lan basa Jawa Baru wiwit wiwitane
abad 16 Masehi digunakake kanggo nulis kasusastran Jawa. Sajroning Serat Centhini
(PB V) kang 12 katulis ing jaman karaton Surakarta Hadiningrat mratelakake menawa
versine ana 6 (enem) lan kabeh mawa sengkalan kanggo ngeling-eling taun panulise;
wondene kabeh sengkalan mau mratelakake dumadi ing wiwitane abad 19 Masehi
(Sumidi Adisasmita sajroning Darusuprapta, 1962: 152). Dadi tuwuhipun tembang
macapat bisa dipesthekake antarane pungkasaning abad 16 Masehi tumeka wiwitane
abad 19 Masehi.
Sapa kang yasa utawa ngripta tembang macapat, pira cacahe durung apa
pamanggih kang gumathok lan gumolong, mula kerep dadi pasulayaning panemu ing
sarasehan sarasehan; jalaran jawabane beda-beda durung gumathok. Wondene
pemanggihing para winasis tuwuhe sekar macapat bisa kaperang dadi 2 utawa rong
panemu, yaiku.(1) Adhedhasar Panemu Tradhisional utawa Para Sepuh, tembang
macapat sing yasa para wali, yaiku: (a) Sunan Kalijaga yasa tembang macapat:
Dhandhanggula, (b) Sunan Giri: Asmaradana lan Pocung, (c) Sunan Bonang: Durma,
(d) Sunan Kudus: Maskumambang, Mijil, (e) Sunan Muria: Sinom, Kinanthi, lan (f)
Sunan Drajad: Pangkur, (2) Adhedhasar Sujarah
3. Cacah utawa Gunggunge Tembang Macapat
Cacah utawa gunggunge tembang macapat antarane para winasis kagunan seni siji lan
sijine durung ana pasarujukan kang gumathok; nanging menawa kagerba ana telung
pamanggih/ panemu, yaiku:
a. Cacah/ gunggunging tembang macapat ana 9 (sanga/ nawa), kang dhasar
wiwitane tembang: Dhandhanggula, banjur tuwuh tembang macapat: “Durma,
kinanthi, Maskumambang, Mijil, Pangkur, Asmaradana, Pocung, lan Sinom”.
b. Tembang macapat cacahe ana 11 (sewelas), yaiku padha karo 1) ng dhuwur
katambah tembang: Gambuh lan Megatruh/ Dudukwuluh.
c. Tembang macapat gunggunge ana 15 (limalas), kaya angka 1) lan 2) andharan
ing dhuwur, katambah tembang: “Jurudemung, Wirangrong, Balabak, lan Girisa”
(Pemanggih/ panemu iki ora lumrah, jalaran papat tembang iku kagolong
tembang tengahan. Ananging uga ana panemu menawa tembang Tengahan iku
sejatine tembang Macapat kang tuwuhe luwih dhisik; mula paugeran lan
pranatane padha antarane tembang tengahan lan macapat. 13 14 Telung panemu
gunggunge tembang macapat ing dhuwur kang lumrah lan adhedhasar
ngrembakane kasusastran Jawa ing jaman saiki, padha nyarujuki menawa
gunggung utawa cacahing tembang macapat iku ana 11 (sewelas).
4. Tuladha tembang macapat “Pocung”
POCUNG

6 6 5 3 ! ! ! 2 6 6 5 3
ngèl mu i- ku ka- la- kon- e kan- thi la- ku
-
! 2 6 3 2 1
lê- kas- e la- wan- kas
1 2 1 3 2 1 2 1
tê- gês- e kas nyan- to- sa- ni
1 1 2 3 2 2 1 1 3 456 3 2
sê- tya bu- dya pa- ngê kês- e dur ang- ka- ra
-

Pocung
Esuk-esuk inyong mangkat nggolet ngelmu
Pamit meng wong tuwa
Minangka tanda ngabekti
Moga-moga bisa kanggo urip Mulya
5. Paugerane Tembang Macapat
No Tembang Paugeran
Macapat
Guru Wilangan Guru Lagu Guru
Gatra

1 Mijil 10, 6, 10, 10, 6, 6 i, o,e, i, i, u 6

2 Maskumamban 12, 6, 8, 8 i, a, i, a 4
g

3 Sinom 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 a, i, a, i, i, u, a, i, a 9

4 Asmarandana 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8 i, a, e, a, a, a, u 7

5 Kinanthi 8, 8, 8, 8, 8, 8 u, i, a, i, a, i 6

6 Dhandhanggula 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7 i, a, e, u, i, a, u, a, i, a 10

7 Durma 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7 a, i, a, a, i, a, i 7

8 Pangkur 8, 1, 18, 7, 12, 8, 8 a, i, u, a, u, a, i 7


9 Gambuh 7, 10, 12, 8, 8 u, u, i, u, u 5

10 Megatruh 12, 8, 8, 8, 8 u, i, u, i, o 5

11 Pocung 12, 6, 8, 12 u, a, i, a 4

6. Sipat utawa Wataking tembang macapat


Gunggung, cacah lan jenenge tembang macapat iku ana 11 (sewelas), lan tembang
tengahan ana 4 (papat); kang mratandhani menawa panganggone pupuhing tembang
iku ora kena sakarepe dhewe, nanging kudu dijumbuhake karo wataking tembang.
Wondene wataking tembang macapat; kaya ing ngisor iki.
a. Pocung : Watake sasenenge/ sakarepe dhewe, lucu, sembrana parikena. Cocok/
jumbuh kanggo cangkriman, nggambarake prakara kang sembranan.
b. Gambuh : Paseduluran „familier‟, sumadulur. Jumbuh kanggo pitutur; pitutur
marang kulawarga, pitutur babagan paseduluran. Jumbuh kanggo andharan
babagan kulawarga, pitutur, pendidikan, panembah.
c. Pangkur : Gumregah, semangat, nesu, perang. Jumbuh/ cocok kanggo paprangan,
padudon, pitutur kang semangat makarya, ngendhaleni hawa nepsu; asih tresna
kang makantar-kantar.
d. Durma : Semangat, nesu, gummregah, padudon. Cocok/ jumbuh kanggo
andharan rasa nesu, cecongkrahan; rasa jengkel, carita paprangan.
e. Maskumambang : Sedhih/ susah, trenyuh, getun/ gela. Jumbuh/ cocok kanggo
nggambarake rasa susah/ sedhih, getun geduwung, nelangsa.
f. Megatruh : Susah, prihatin, gela/ getun. Jumbuh kanggo nggambarake prekara
kang susah, rasa sedhih, kuciwa, lan gela.
g. Mijil : Prihatin, asih tresna. Jumbuh kanggo andharan utawa nggambarake
babagan asih tresna, prihatos, pangajak, pitutur. Jumbuh/ cocok kanggo
nggambarake rasa asih tresna, prihatin, pangajak, lan pitutur.
h. Kinanthi : Seneng, gembira, asih tresna. Jumbuh kanggo pitutur/ nasihat,
nggambaraken rasa asih tresna, lan liya-liyane.
i. Asmaradana : Asih tresna, sedhih, kasmaran. Jumbuh/ cocok kanggo
nggambarake babagan katresnan, asih tresna, kasmaran, lara branta, lan liya-
liyane.
j. Sinom : Asih tresna, lincah, canthas. Jumbuh utawi cocok kanggo prakara kang
sarwa lincah, nggambarake sipat kang lincah, kreatif.
k. Dhandhanggula : Luwes, nyenengake, grapyak semanak. Cocok/ jumbuh kanggo
nggambarake sakabehe suwasana/ kawontenan.
7. Sasmita Tembang Macapat
Buku-buku ing kesusasteraan Jawa kang sinerat tembang macapat iku arang kang
menyebutkake jenenge “pupuh” kanthi walaka utawa terus terang, nanging kanthi cara
nganggo “sasmitaning tembang, sasmita araning tembang, sasmita namaning sekar”.
Wondene sasmita tembang iku lumrahe mapan/ manggon ana; (a) wiwitaning pupuh,
(b) pungkasaning pupuh, kang maksude nuduhake jenenge tembang pupuh sabanjure.
Tetembungan kang lumrah kanggo sasmitane tembang macapat, yaiku :
a. Pocung : mucung, pinucung, kluwak, lan tembung-tembung kang nduweni wanda
“cung”.
b. Gambuh : tambuh, embuh, kambuh, jumboh; lan tembung-tembung kang awanda
“mbuh”.
c. Makumambang : kambang, kentir, kencana timbul ing warih.
d. Megatruh : duduk, dudukwuluh, pegat, megat, ruh, aruh.
e. Kinanthi : kanthi, kekanthen, gandheng.
f. Mijil : wiyos, winiraos, rarasati, metu.
g. Pangkur : mingkur, munkur, kukur kukur, yuda kenaka.
h. Asmarandana : asmara, kasmaran ing driya, branta, kingkin, sedhih.
i. Durma : mundur, udur, durcara, duraka.
j. Sinom: anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit, weni, logondhang.
k. Dhandhanggula : manis, legi, sarkara, hartati, madu, dhandhang, guladrawa.

8. Cara Nglagokake Tembang Macapat


Tembang macapat iku kawengku ing guru gatra, guru wilangan, dhong-dhing,
pedhotan, lan watak. Mula yen sinau lan nglagokake tembang macapat kudu
mangerteni 5 (lima) bab, yaiku paham lan ngerti: (a) guru lagu lan guru wilangan; (b)
ala lan beciking suwara; (c) wataking tembang; (d) tetembungan utawa ukara kang
salah; lan (e) paham lan nguwasani marang tembung-tembung lan basa basa kawi
(Hardjowirogo, 1958: 13).
Carane nglagokake tembang macapat supaya bener lan becik, kudu mangerteni
paugerane lan paham sarta nguwasani ing babagan: (1) laras utawa nada (Slendro lan
Pelog); (2) titilaras „nada, notasi‟, yaiku urutane nada (notasi) saka kang cendhek
dhewe nganti nada kang dhuwur dhewe. Gunane titilaras, yaiku kanggo: (a) nulis
notasi tembang; (b) gawe cengkok tembang; lan (c) sinau tembang. Titilaras ing
tembang Jawa iku adhedhasar nada utawa titilaras gamelan Kepatihan. Mula yen wis
paham lan mangerteni titilaras bakal gampang menawa sinau lan nglagokake tembang
macapat. Titilaras iku ora mung mujudake urutane angka, nanging urutaning angka
kang wis ditata lan mujudake sawijining tembang atau lagu. Bedane urutane angka ing
titilaras laras Sledro lan Pelog, yaiku.
Urutan titilaras laras Slendro : 1 – 2 - 3 – 5 – 6 – i
Urutan titilaras laras Pelog: 1 – 2 – 3 – 4 – 5 – 6 – i/ - 7
(3) Cengkok, yaiku gaya utawa model utawa warna lagu, lan tembang macapat
nduweni cengkok (gaya utawa lagu) kang akeh. Cengkok mujudake wujud kreativitas
seni tembang, pramila cengkok asipat rongeh „gampang owah‟. Tembang kang tanpa
cengkok diarani tembang wantah (lugu, polos, milah, mbalung), lan tembang kang
nggunakake cengkok diarani tembang garap (sengsem, sanggit)(Suwardi Endraswara,
2010: 86). (4) Pakecapan kudu cetha, supaya kang padha ngrungokake bisa mangerteni
isining tembang, bisa mbedakak vocal pepet utawa taling, d lan dh, t lan th, lan liya-
liyane. (5) Pedhotan, gatra „baris‟ kang cacah utawa 20 gunggunging wanda 5 – 8,
prayoga dilagokake sajroning sakpanas (ora perlu mandheg utawa dipedhot ing
satengahing ukara/ baris). Pedhotan sajroning nglagokake tembang macapat ana werna
2 (loro), yaiku: (a) pedhotan kendho, yaiku pedhotan kang ana ing pungkasaning
tembung, lan (b) pedhotan kenceng, yaiku pedhotan ing satengahing tembung kang ora
wutuh utawa durung rampung (pedhotan kang cacat/ ala). (6) Gatra utawa baris kang
guru wilangane luwih saka 8 (wolu) wanda, prayogane mandheg ing napas 4 (papat)
wanda kapisan, lan diterusake saknapas sakbanjure. Menawa 4 (papat) wanda kapisan
ora tumiba pungkasaning tembung; prayogane anggone mandheg ing pungkasaning
tembung, sanajan lima utawa enem wanda. (7) Kudu bisa mbedakake purba andhegan
„berhenti bernafas‟, ing satengahing gatra, lan mandheg ing pungkasaning gatra, lan
mandheg ing pungkasaning pada „bait‟. (8) Nggatekake laya, irama‟ sajroning
tembang, supaya bisa jumbuh karo wataking tembang. Tuladha tembang Pangkur kudu
semangat, jalaran wataking tembang Pangkur, yaiku “gumregah, perwira, semangat,
wani”. (9) Paham gregel,yaiku membat mentuling suwanten utawa embat, lan gunane
kanggo gawe endahing tembang macapat. Wondene gregel ing tembang macapat iku
kathahipun 4 (papat) gelombang titilaras. Gregel bisa dibedakake ana 2 (loro), yaiku:
(a) gregel andhap, maksudnya gregel yang dilakukan pada bagian suku kata akhir
baris, misalnya “ra” pada kalimat: mingkar mingkur ing angkara.(b) gregel hanung,
artinya permainan gregel yang dilakukan pada sebelum suku kata akhir baris, misalnya
“ka” pada kalimat: mingkar mingkur ing angkara. (10) Paham luk, yaiku munggah
mudhun utawa ombake suwara kang ditentokake titilaras (nada, notasi) kang digawe.
Ing tembang macapat, luk ora becik menawa ngluwihi tigang titilaras, jalaran luk kang
dawa iku arane bawa. Gunane luk kanggo gawe edi, endah lan kepenak menawa
dirungokake. Luk bisa dibedakake ana 4 (papat); yaitu luk: (a) ndhudhuk, maksude luk
kang titilaras (nada, notasi) urut utawa cedhak utawa munggah marang titilaras
sadhuwure; tuladhane nada: 23, 35, 45, 56”; (b) niba, tegese nada (titilaras) kang
dhuwur mudhun marang nada sangisore, tuladhane nada: “53, 32, 54, 16, 76”; (c)
tangi, maksude luk saka titilaras kang cendhek tumuju marang nada kang luwih
dhuwur, tuladhane titilaras: “235, 356, 367, 561”; lan (d) nyeklek, yaiku luk kang
munggah lan mudhun utawa suwalike kanthi mlumpat kang ora urut, tuladhane nada:
“2567, 7532, 6576”.

9. Makna Filsofise Tembang Macapat


Manungsa urip ana ngalam ndonya wiwit lair tumekaning seda, ora luput saka
3 (telung) lelakon kang dialami, yaiku: metu, manten lan mati utawa ing rikalane
mbobot, lair, bayi, rikala anak-anak / lare, mudha/ remaja, rikalane dewasa
(palakrama, kulawarga), lan rikalane seda (Damardjati Supadjar, 1985 : 194).
Tembang macapat menawa diurutake lan kaandharake werdine pranyata ngemot
piwulang kang luhur sarta utama, lan nduweni makna falsafahing manungsa rikala urip
ana donya; wiwit lair tumekaning pati, yaiku :
1. Mijil : yaiku wektu rikala bayi lair utawa metu, mijil „keluar, lahir‟. Watake tembang
iki prihatin, amarga wong tuwa (bapa biyung) rikalane padha ngarep-arep lan nunggu
anake kang bakal lair, lumrahe dikantheni padha prihatin; kang pamrihe supaya anak
lan biyunge tansah nemu slamet, bagya lan mulya. Wiwit ana guwa garba tumekaning
lair nyawang padhanging hawa, mugya tansah manggih raharja lan uripe tansah
utama sarta bagya mulya. Bapa biyung tansah prihatin, lan lumrahe linambaran rasa
seneng amarga idaman, gegantilaning ati; yaiku putrane wis lair kanthi wilujeng.
Kanggo mengayubagiya, wetuning rasa, medharake bebukaning carita „rasa syukur
lan panarima laire putra kanggo nyambung sujarahe wong tuwa‟.
2. Maskumambang : nggambarake wektu rikalane isih bayi (anak-anak) kang kebak
nikmating murip, bayi (anak) isih mardika durung duwe lan ora ngerti rekasaning
urip. Lare (anak anak) tansah seneng-seneng utawa dolanan, gegojekan. Anak menika
mujudake rajakaya lan rajabrana kang aji banget menggahe wong tuwa; amarga kang
bakal nyambung sujarah lan gegayuhane bapa biyung. Watake tembang
Maskumambang yaiku nalangsa „prihatin, sedih‟; jalaran wong tuwa tansah
nggadhadhahi rasa khawatir, was-was menawa anake anggone dolanan, gegogegan,
lan guyonan tansah slamet, adoh saka bebaya. Wataking anak kang durung nduweni
petung lan tetimbangan anggone tumindak lan tansah gegojegan; isih nggugu
sakarepe dhewe, lare (anak-anak) yen duwe karep isih sakarepe dhewe utawa kaduk
wani kurang deduga „sangat berani belum punya pertimbangan‟.
3. Sinom : yaiku nggambarake anak wis dadi nom-noman utawa mudha, watake grapyak
semanak, luwes „supel‟. Pancen para mudha (nom-nomam) lumrahe tansah seneng
srawung utawa kekancan/ paseduluran, wasis micara kanggo ngupadi sedulur lan
tansah gawe seneng „simpatine‟ wong liya.
4. Durma : yaiku nggambarake rikala isih nom utawa mudha kang lumrahe gampang
kagodha lan kapribawan prekara kang ala, napsu angkara murka, kagodha ombyaking
jaman. Tembang iki watake galak „pemberani‟, sereng „tegang‟, seneng critakake
babagan padudon utawa perang. Pancen lumrahe para mudha iku anggone ngadhepi
urip utawa kahanan iku trengginas „dinamis‟ lan trampil (kreatif inovatif). Para
mudha lan mudhi lumrahe gampang kagodha pasrawungan lan watake gampang nesu
(emosi) lan seneng padudon.
5. Asmaradana : nggambarake nom-nomam (mudha-mudhi) kang wis wiwit nduweni
rasa tresna, kasmaran „jatuh cinta‟, kepencut marang wong liya kang beda jinise.
Watake tembang iki grapyak „simpatik‟, seneng, gembira lan sedhih. Bab iki
nggambarake menawa mudha-mudhi lagi ketaman asmara, lara branta; lumrahe atine
seneng banget, nanging kacampuran rasa sedhih/ susah; jalaran khuwatir menawa
kekasihe kagodha lan digodha mudha/ mudhi liyane.
6. Kinanthi : nggambarake wektu utawa rikalane mudha-mudhi wis wiwit padha
gegandhengan tangan utawa urip bebrayan, wis mbangun bale wisma „berkeluarga‟,
urip kang rukun lan ayem tentrem, bagya mulya „damai‟. Watake sarwa seneng, asih,
gumolong „bersatu‟. Pancen rikalane pengentenan anyar lumrahe tansah seneng,
seneng-seneng, nyenengake, lan tansah asih tresna, asah asih asuh lan sinisihan.
7. Dhandhanggula : nggambarake rikalane wis ngancik lan ngrasakake dadi wong tuwa,
ngopeni anak bojo lan srawung karo tangga teparo. Mula wiwit mranata lan
njumbuhake kabutuhane urip saben dinane. Anggone urip bebrayan wiwit ngrasakake
rasa kepenak, ayem tentrem lan bagya mulya „nikmat‟; amarga wis manunggaling
cipta rasa karsane para anak bojone, lan anak-anake padha rukun; wusanane sajroning
kulawarga bisa mujudake kuluwarga kang padha dhemen tetulung (asah, asih, asuh).
Watake tembang iki manis, ngresepake „meresapkan, menyenangkan hati‟, luwes.
Pancen menawa manungsa wis tuwa adhakake tansah luwes „pandai bergaul karena
telah berpengalaman‟ lan manis utawa ngresepake „selalu berbuat baik dan membuat
senang kepada orang lain‟, seneng lan pethel nyambut gawe, lan gotong royong karo
tanggane lan sesamane.
8. Gambuh : nggambarkan umur lan watak rikalane manungsa tambah tuwa/ dewasa lan
kapribadene tambah diwasa, wusanane bisa njumbuhake kabutuhaning jiwa raga, lair
lan batin; kuluwarga lan masyarakat, pribadi lan marang Pangeran (hablumminnalooh
lan hablumminnaas). Watak tembange maringi pitutur „nasihat‟, anggenah-genahake
„selalu memberikan penjelasan‟. Pancen lumrahe manungsa kang wis tuwa (dewasa,
sepuh) tansah menggalih lan bisa njumbuhake wigatine urip lan tansah mituturi
marang anak putu utawa sesama; patrap lan pangucap „perbuatan dan ucapan‟ wis
bisa jumbuh, uripe wus bisa njumbuhake kahanan lair lan batine.
9. Pangkur : nggambarake rikalane umure manungsa wis laluyuswa „masa lanjut usia,
udzur‟; lan wancine ngungkurake hawa napsu lan kadonyan‟. Watake sereng
„semangat‟, prawira „perwira‟, lan wani. Ing mangsa iki tansah mbudidaya kanthi
gumregut lan semangat anggone ngendhaleni hawa napsu angkara murka, napsu
kadonyan. Kebutuhaning urip kang asipat boros „ berfoya foya glamour‟ , seneng
seneng, hura hura/ wis ditinggalake. Manungsa wiwit sregep ngibadah lan nyedhak
tansah dhedhepe marang Pangeran. Ing pangajab sawanci.
10. Megatruh : wanci katimbalan Gusti Kang Mahasuci bisa lancar, selamat; saged
mlebet wonten surganipun Pangeran. nggambarake manungsa kang wis nglenggana
marang pepesthen, takdiring kabeh manungsa yen bakal seda, mulih mula mulanira
utawa megatruh saka raga‟. Watake susah, nelangsa, prihatin, getun; „pisahe nyawa
jalaran manungsa yen wis cedhak patine, tansah nandhang gerah; lumrahe atine
susah, sedhih lan kuciwa, jalaran arep pisah karo kulawarga, anak, sedulur, lan
tanggane; sarta rumangsa gela amarga ngelingi tumindake sing ora becik nalika isih
nom, isih urip. Malah rumangsa keweden bakal ngadhepi pangadilaning Pangeran,
lan amarga durung siyap anggone sangu amal kabecikan.
11. Pocung : Nggambarake rikalane manungsa wis seda lan di sakepenake pocong .
Manungsa kang wis seda bakal lali sakabehe , watake sembrana , , lan sakepenake
dhewe alang ujure

E. Forum Diskusi
1. Padosi tembung-tembung ingkang angel lan isinipun wonten ing tembang Pocung.
2. kadamela tuladha tembang macapat Pocung sapada wae kang tema utawa isine
babagan “mlebu sekolah anyar” kaya tuladha ing modhul iki.
3. Tembang Pocung sing wes digawe tembangna

PENUTUP

A. Rangkuman
1. Tembang macapat mujudaken peranganing budaya lan kasusastran Jawa, sarta
tembang macapat ana kang awujud lisan lan tulisan.
2. Tembang macapat iku dianggit mula bukane kanthi ancas/ pangajab ditembangake
lan dirungokake/ dimidhangetake, jalaran masyarakat Jawa tradisional iku dhasare
padha luwih seneng ngrungokake katimbang sinau dhewe.
3. Teges utawa maknane tembang macapat iku maneka warna werdine, kang surasane
kabeh bener lan bisa tinampa kanthi nalar.
4. Kang nyipta tembang macapat iku walisanga ing pungkasaning karaton Majapahit
akhir abad 15 Masehi.
5. Wondene cacah utawa gunggunge tembang macapat iku antarane para sarjana, para
winasis siji lan sijine ora padha; nanging kang lumrah lan sumebar ing masyarakat,
cacahing tembang macapat iku ana 11 (sewelas).
6. Tembang macapat, saliyane supaya ditembangake; uga kanggo salah sawijining
sarana nyimpen/ ndokumentasi prakara-prakara kang penting banget nganggo wujud
tembang macapat; pamrihe bisa nggampangake pangeling-eling lan kanggo
nyenengane kang padha maca. Sajroning tembang macapat iku ngemot pitutur,
piwulanging urip kang akeh banget; kayata: “pitutur para prajurit, generasi mudha
kang utama, panyaruwe/ kritik sosial, cangkriman/ teka-teki, lelucon/ humor,
tontonan”.
7. Paugeran tembang macapat wis kawengku dening guru: “gatra, wilangan/ wanda,
lagu/ dhong-dhing; pedhotan”.
8. Kaindahaning tembang macapat iku bisa kadulu saka akehing cengkok „model,
gaya‟ tembang macapat (papan panggonan/ dhaerah, asmaning priyantun); anane
sasmita tembang; wataking tembang macapat (nelangsa, sedhih/ susah, gumregah,
wani, lan liya-liyane); purwakanthi „persajakan, permainan bunyi‟ (swara, sastra,
lumaksiata/ basa); tembung garba „persandian‟, plutan, wancahan; daya sastra;
baliswara; sandi asma; lan lelewaning basa „gaya bahasa‟; lan liya-liyane. Anggone
nembangake tembang macapat kudu ngerti lan paham ing babagan: laras (Slendro
pathet: nem, sanga, manyura; apa Pelog pathet: nem, lima, barang); titilaras (nada,
notasi); pedhotan (kendho, kenceng); andhegan (satengahing gatra, pungkasaning
gatra, punkasaning pada); gregel (andhap, hanung); luk (ndhudhuk, niba, tangi,
nyeklek).
9. Tembang macapat migunani kanggo tuntunan (piwulang), tontonan (hiburan),
kekuwatan, filsafating urip kang kaandharake mawa “basa sinandi, pralambang saha
pasemon „bahasa kias‟; kang perlu didhudhah kanthi teliti lan premati. Tembang
macapat kang cacahe ana 11 (sewelas); kang diwiwiti saka tembang Mijil tumeka
tembang Pocung, pranyata makna filosofise nggambarake wiwit laire manungsa
nganti tumekaning pati.

B. Tes Formatif

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (x)
ana ing aksara A, B, C, D, utawa E kang koanggap paling bener !
1. Nalika nembang macapat, ing sawijining gatra ditembangake ora kaya titi laras asline,
nanging bab iku ditindakake supaya nambah endahing tembang macapat. Kaprigelan iku
kang diarani ….
a. cakepan
b. cengkok
c. laras
d. pathet
e. pedhotan
2. Pathokan panulise tembang macapat kang ngemot cacahe wanda (suku kata) saben
sagatra yaiku ….
a. Guru wilangan d. purwakanthi
b. Guru lagu e. dong-ding
c. Guru gatra
3. Pathokan panulise tembang macapat kang ngemot cacahe larik (baris) saben sapada yaiku
….
Pratelan kasebut minangka sawijining tuladhane ….
a. Guru wilangan d. purwakanthi
b. Guru lagu e. dong-ding
c. Guru gatra
4. Tema tembang macapat ing ngisor iki yaiku…
Esuk-esuk inyong mangkat nggolet ngelmu
Pamit meng wong tuwa
Minangka tanda ngabekti
Moga-moga bisa kanggo urip Mulya
a. Pendidikan d. Kesehatan
b. Kamardikan e. Kesripahan
c. Pengaosan
5. Ing ngisor iki diarani tembang macapat …
Esuk-esuk inyong mangkat nggolet ngelmu
Pamit meng wong tuwa
Minangka tanda ngabekti
Moga-moga bisa kanggo urip Mulya
a. Sinom d. Gambuh
b. Dhandhaggula e. Pocung
c. Megatruh

KUNCI JAWABAN TES FORMATIF


1. B
2. A
3. C
4. A
5. E
KAPUSTAKAN
Darusuprapta. 1982. “Nglacak Tembang Macapat” dalam Almanak Dewi
Sri.
Yogyakarta: U.P. Indonesia.
_______________. 1985. Serat Wulang Reh. Surabaya: Citra Jawa.
……………………., 1951b. Surat Tuntunan Aku Bisa Nembang 1.
Jakarta: Kementerian Pendidikan Pengajaran, dan Kebudayaan.
Gunawan Sri Hastjarja. Tanpa Tahun. Macapat I, II, III, Surakarta: ASKI.
Hardjasoebrata, R.C., 1951a. Ayo Padha Nembang 1. Jakarta: Noordhoff-
KolffN.
Hardjowiraga. R. 1952. Pathokan Nyekaraken. Jakarta: Balai Pustaka.
Hardjowirogo, R. 1980. Pathokaning Nyekaraken (jarwan Sulistyo HS).
Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan, Bagian Penerbitan Buku
Bacaan dan Sastra Indonesia dan Daerah.

E-PUSTAKA
https://www.celebrities.id/read/contoh-tembang-pocung-dan-artinya-
u8q84Q
https://kumparan.com/berita-update/pengertian-dan-contoh-tembang-
macapat-pocung-dalam-bahasa-jawa-1xU44pNOn5A
https://www.detik.com/jateng/budaya/d-6353130/mengenal-tembang-
pucung-dalam-macapat-makna-serta-contohnya

Anda mungkin juga menyukai