Anda di halaman 1dari 12

BAB I

SERAT WEDHATAMA PUPUH KINANTHI


Kompetensi Inti:

1. Menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya


2. Menghayati dan mengamalkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli
(gotong royong, kerjasama, toleran, damai), santun, responsif dan proaktif dan
menunjukkan sikap sebagai bagian dari solusi atas berbagai permasalahan dalam
berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial dan alam serta dalam
menempatkan diri sebagai cerminan bangsa dalam pergaulan dunia.
3. Memahami, menerapkan, menganalisis pengetahuan faktual, konseptual, prosedural
berdasarkan rasa ingintahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya,
dan humaniora dengan wawasan kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan
peradaban terkait penyebab fenomena dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan
prosedural pada bidang kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya
untuk memecahkan masalah.
4. Mengolah, menalar, dan menyaji dalam ranah konkret dan ranah abstrak terkait
dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri, dan
mampu menggunakan metoda sesuai kaidah keilmuan.
Kompetensi Dasar:

1.1 Menerima, mensyukuri, menghayati, dan mengamalkan anugrah Tuhan berupa bahasa
Jawa dalam bentuk teks Serat Wedhatama pupuh Kinanthi.
2.1 Menunjukkan perilaku jujur, disiplin, tanggungjawab, peduli (gotong royong, kerja sama,
toleran, damai), santun,responsif, dan proaktif dalam menggunakan bahasa Jawa melalui
teks Serat Wedhatama pupuh kinanthi.
3.1 Menelaah teks Serat Wedhatama pupuh Kinanthi
4.1 Menanggapi isi Serat Wedhatama pupuh Kinanthi dan menulis, serta menyajikan syair
tembang kinanthi dengan bahasa sendiri

Indikator:

1. Memahami watak tembang kinanthi lisan maupun tulisan.


2. Mengidentifikasi struktur dan kaidah tembang kinanthi lisan maupun tulisan.
3. Menganalisis pitutur luhur tembang kinanthi lisan maupun tulisan.
4. Mengevaluasi relevansi dengan masa kini pitutur luhur tembang kinanthi lisan
maupun tulisan.
5. Menginterpretasi pitutur luhur tembang kinanthi lisan maupun tulisan.
6. Memroduksi syair tembang kinanthi lisan maupun tulisan.
7. Menyunting syair tembang kinanthi karya teman.
8. Menyajikan tembang kinanthi lisan maupun tulisan.
Materi Ajar

Tembang Kinanthi

1. Pangerten lan maknane tembang kinanthi

Kinanthi iku salah sijine tembang macapat kang umume dienggo nggambarake rasa
seneng, katresnan, lan kawicaksanan. Kinanthi bisa nduwe arti gegandhèngan tangan lan
bisa uga jeneng sawijining kembang. Ana uga kang nggandhèngaké kinanthi klawan
Maskumambang. Menawa maskumambang kanggo wong lanang kang lagi déwasa,
kinanthi kanggo wanita.

Miturut maknane, tembang Kinanthi iku nggambarake mangsa nalika manungsa iku
wus mangun bale wisma (rabi), urip rukun lan tentrem ayem karo kulawargane. Kinanthi
iku seemper karo tembung kanthi, kekanthen,gandheng. Ana maneh kang wimbuh
pangerten yen tembang kinanthi iku nuntun utawa nganthi. Tegese minangka kuwajibane
wong tuwa kudu bisa nuntun/nganthi para putrane supaya sakabehe tumindake ora nalisir
saka bebener. Mula kudu mbimbing lan tansah aweh pepeling marang para putrane.

2. Pathokan tembang Kinanthi

Kinanthi
Guru wilangan Guru lagu Guru Gatra
8 u
8 i
6
8 a
8 i
8 a
8 i

3. Watak Tembang Kinanthi

Watake sarwa seneng, bungah,asih, gumolong,atut runtut renteng-renteng reruntungan.


Mula biyasane kanggo ngandharake pitutur luhur, rasa tresna asih. Mula padatan kang
kulina digunakake kanggo gandrung lan aweh pitutur.
4. Wos kang kamot ing tembang Kinanthi (Wedhatama)

a. Serat Wedhatama ngajarake sawenehe tuntunan moral minangka perangan saka


pendidikan karakter kang bisa sinebut etika pribadi, amarga dadi sawijining tuntunan etis
kang ner marang dhiri pribadine dhewe. Kayadene piwulang-piwulang ing budaya Jawa,
Serat Wedhatama mentingake rasa pangrasa, pikir, amarah, utawa kapitayan (spiritual).
Bab iki kamot ing pitutur supaya ngolah lantiping rasa (angulah lantiping ati) lan
nyingkirake hawa nepsu supaya bisa dadi manungsa kang berbudi luhur (bengkas
kahardaning driya, supaya dadya utami).
b. Supaya antuk ngelmu sejati (ilmu sejati) bisa lumantar ngolah lantiping ati, yaiku kanthi
tapa brata lan prihatin ing papan kang sepi (pangasahe sepi samun). Yen dilakoni kanthi
temen bisa mutung pepalang kang dadi pepalanging budi (bengkas kahardaning driya,
kekes srabedaning budi).
c. Sarat nglakoni ngelmu sejati (lakune ngelmu sejati) yaiku ora kena iri lan dengki (tan
dahwen ati openan), ora getapan/ atine gampang panas (tan panasten), ora nganggu wong
liya (nora jail), ngendhem hawa nepsu (tan njurung ing kahardan), kang ditindakake
yaiku mung meneng supaya tentrem ayem (amung eneng amrih ening).
d. Serat wedhatama ngajarake lamun manungsa iku kudu tansah eling lan waspada (awas
lan eling). Eling ing kene duwe karep supaya eling marang pituduh utawa tuladha saka
mobah mosiking alam (eling lukitaning alam).
e. Waspada tegese ngerti pepalange urip (wruh warananing urip). Uga supaya ora sembrana
pari kena, sembrana ing batine (aywa sembrana ing kalbu) lan nulat tembung-tembung
kang diucapake, ngilangake rasa kang mangu-mangu/ragu-ragu, lan waspada nulat ing
samubarang (waspada ing pangeksi).
f. Serat wedhatama ngajarake supaya ora kulina tumindak nistha (aywa mematuh nalutuh),
ati-ati marang pepalanging urip. Upama lagi lumaku, dalan kang dilewati iku kebak ing
bebaya, yen ora ngati-ati bakal kena ri (sayekti kasandhung ri) utawa kesandhung watu.
g. Serat Wedhatama ngajarake supaya aja nganti gela ing tembe mburine (atetamba yen wus
bucik). Watak kang kaya mangkono iku ateges sanadyan wong kang duwe pangerten,
nanging ora ana gunane, mula kapinterane mung kanggo golek pangan lan pamrih
(kawruhe kinarya ngupaya kasil lan melik).
h. Kabecikan kang wis diwulangke iku minangka cara kanggo ngudi supaya entuk
kamulyan. Sanadyan, ora bisa mujudake kanthi sakabehe nanging manungsa kudu bisa
nganti kasil. Sanadyan ora kabeh bisa kawujud kaya sing dikarepake nanging manungsa
diwajibake ngudi kanthi tenan. Awit manungsa yen ora gelem usaha nalika golek nafkah,
bisa diarani rugi (yekti tuna tinitah).
i. Ing serat Wedhatama, wong becik bebudene iku biyasane gampang bisa srawung karo
pawongan liya, lan bisa mangun sesrawunganing papan ngendi wae (bangkit ajur ajer).
Sanadyan kerep geseh panemu amarga ngetokake panemu tansah urip rukun lan ayem,
becik, nadyan mung sadrema aweh seneng marang wong liya (mung ngenaki tyasing
liyan). Mula kang wicaksana bakal tumindak kanthi cara kang alus, sanadyan marang
pawongan liya lan becik.

Tuladha Tembang Kinanthi

5 6 6 6 1 1 2 2

Mang ka kan thi ning tu mu wuh

2 2 1 1 6 1 5 6

sa la mi mung a was e ling

5 6 1 1 1 1 1 1

e ling lu ki ta ning a lam

5 5 5 5 5 2 2 1

da di wir ya ning du ma di

1 2 3 5 5 5 5 5

su pa di nir ing sang sa ya

3 2 2 2 2 2 3 5

ye ku pa ngrek sa ning u rip

Marma den taberi kulup

Angulah lantiping ati

Rina wengi den anedya

Pandak panduking pambudi

Bengkas kahardaning driya


Supaya dadya utami

Pangasahe sepi samun

Aywa esah ing salami

Samangsa wis kawistara

Lalandhepe mingis-mingis

Pasrah wukir reksamuka

Kekes srabedaning budi

LEMBAR KERJA SISWA

Tembang ing ngisor iki golekana guru lagu lan guru wilangane!

No Tembang Guru lagu Guru wilangan

Anoman mlumpat sampun

praptêng witing nagasari

mulat mangandhap katingal

wanodyâyu kuru aking

gelung rusak awor kisma

ingkang iga-iga kêksi

Pitik tulak pitik tukung

Tetulake Jabang bayi

Ngedohaken cacing racak


Sarap sawane sumingkir

Si tulak manggung ing ngarso

Si Tukung ngadhangi margi

Punapa ta mirah ingsun

Prihatin waspagung mijil

Tuhu dahat tanpa karya

Sengkang rinemekan gusti

Gelung rinu saksekarnya

Sumawur gambir melati

UJI KOMPETENSI

I. Pilihen salah siji wangsulan ing ngisor iki kanthi milih wangsulan a,b,c,d, utawa e kang
koanggep paling trep!

1.Tembang macapat kang nggambarake manungsa nalika wus mangun bale wisma, urip rukun
lan tentrem ayem karo kulawargane yaiku ....

a. Mijil
b. Megatruh
c. Durma
d. Maskumambang
e. Kinanthi

2.Ing ngisor iki pratelan kang bener babagan tembang Kinanthi, kajaba ....

a. Guru gatrane 6
b. Guru wilangane 8,8,8,8,8,8
c. Guru lagune u,i,a,i,a,i
d. Guru lagu bait 2,4,6 pada
e. Guru lagune i,u,a,i,i,a

3.Watake tembang Kinanthi, yaiku ....

a. Kendho tanpa greget saur, bisa kanggo medharake sembrana


b. Nalangsa, kanggo medharake rasa prihatin
c. Seneng, bungsh, asih, gumolong, atut runtut renteng-renteng reruntungan
d. Wani, waruh, rumaket lan kulina
e. Sedhih prihatos, sengsem gandrung

4.Wos kang kamot ing tembang Kinanthi, kajaba ....

a. Ngajarake tuntunan moral minangka pendidikan karakter


b. Ngajarake lamun manungsa kudu tansah eling lan waspada
c. Ngajarake supaya ora kulina tumundak nistha
d. Ngajarake supaya aja nganti gela ing tembe mburine
e. Ngajarake supaya tumindhak adigang adigung lan adiguna

5. Marma den taberi kulup


Angulah lantiping ati
Rina wengi den anedya
Pandak panduking pambudi
Bengkas kahardaning driya
Supaya dadya utami
Wos surasane tembung ing ndhuwur yaiku ....
a. Nglakoni prihatin lan ngudi ngelmu supaya dadi utama panguripane
b. Ngilangke rasa samar lan tansah waspada iku bisa ngendhaleni hawa nepsu
c. Aja tumindak kang sakepenake dhewe amarga urip iku akeh pacobane, mula sing ngati-
ati
d. Ngelmu kang sejati iku yen ora meri, ora jail, ora ngangsa, lan mung anteng ing ati
e. Angkara kang mung dikendhaleni tuladhane bakal nuwuhake prakara

6.Sirnakna semanging kalbu


Den waspada ing pangeksi
Yeku dalaning kasidan
Sinuda saka sethithik
Pamothahing nepsu hawa
Linalantih mamrih titih
Wos surasane tembang ing dhuwur yaiku ....
a. Nglakoni prihatin lan ngudi ngelmu supaya dadi utama panguripane
b. Ngilangke rasa samar lan tansah waspada iku bisa ngendhaleni hawa nepsu
c. Aja tumindak kang sakepenake dhewe amarga urip iku akeh pacobane, mula sing ngati-
ati
d. Ngelmu kang sejati iku yen ora meri, ora jail, ora ngangsa, lan mung anteng ing ati
e. Angkara kang mung dikendhaleni tuladhane bakal nuwuhake prakara

7. Aywa mamatuh nalutuh


Tanpa tuwas tanpa kasil
Kasalibuk ing srabeda
Marma dipun ngati-ati
Urip keh rencananira
Sambekala den kalingling
Wos surasane tembang ing ndhuwur yaiku ....
a. Nglakoni prihatin lan ngudi ngelmu supaya dadi utama panguripane
b. Ngilangke rasa samar lan tansah waspada iku bisa ngendhaleni hawa nepsu
c. Aja tumindak kang sakepenake dhewe amarga urip iku akeh pacobane, mula sing ngati-
ati
d. Ngelmu kang sejati iku yen ora meri, ora jail, ora ngangsa, lan mung anteng ing ati
e. Angkara kang mung dikendhaleni tuladhane bakal nuwuhake prakara

8.Mangka ta kang aran laku


Lakune ngelmu sajati
Tan dahwen pati openan
Tan panasten nora jail
Tan njurungi ing kaardan
Amung eneng mamrih ening
a. Nglakoni prihatin lan ngudi ngelmu supaya dadi utama panguripane
b. Ngilangke rasa samar lan tansah waspada iku bisa ngendhaleni hawa nepsu
c. Aja tumindak kang sakepenake dhewe amarga urip iku akeh pacobane, mula sing ngati-
ati
d. Ngelmu kang sejati iku yen ora meri, ora jail, ora ngangsa, lan mung anteng ing ati
e. Angkara kang mung dikendhaleni tuladhane bakal nuwuhake prakara

9.Utama kembanging mulya.

Guru lagu lan guru wilangane pratelan gatra kasebut yaiku ...

a. 8 a
b. 8 i
c. 8 u
d. 8 e
e. 8 o

10.Upamane wong lumaku


Marga gawat den liwati
Lamun kurang ing pangarah
Sayekti karendhet ing ri
Apese kasandhung padhas
Babak bundhas anemahi
Tembang ing ndhuwur yaiku ....

a. Gambuh
b. Mijil
c. Durma
d. Sinom
e. Kinanthi

11.Upamane wong lumaku, marga gawat den liwati ateges ....

a. Bakal entuk kacilakan ing sadalan-dalan


b. Yen kurang pangati-ati
c. Pungkasane bakal gawe lara awake dhewe
d. Lumaku ing dalan kang kebak pacoban
e. Wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene

12.Lamun kurang ing pangarah ateges ....

a. Bakal entuk kacilakan ing sadalan-dalan


b. Yen kurang pangati-ati
c. Pungkasane bakal gawe lara awake dhewe
d. Lumaku ing dalan kang kebak pacoban
e. Wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene

13.Sayekti karendhet ing ri, apeae kasandhung padhas ateges ....

a. Bakal entuk kacilakan ing sadalan-dalan


b. Yen kurang pangati-ati
c. Pungkasane bakal gawe lara awake dhewe
d. Lumaku ing dalan kang kebak pacoban
e. Wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene

14.Babak bundhas anemahi ateges ....

a. Bakal entuk kacilakan ing sadalan-dalan


b. Yen kurang pangati-ati
c. Pungkasane bakal gawe lara awake dhewe
d. Lumaku ing dalan kang kebak pacoban
e. Wong kang kurang pangati-ati bakal cilaka ing tembene

15.Guru lagu lan guru wilangan kang padha ana tembang Kinanthi yaiku ....

a. Gatra kapisan lan kapindho


b. Gatra kapindho lan katelu
c. Gatra katelu lan kapapat
d. Gatra kapapat lan kalima
e. Gatra katelu lan kalima

16.Serat Wedhatama ngajarake supaya uwong kuwi aywa mematuh nalutuh kang tegese ....

a. Ora sembrana ing batine


b. Ora kulina tumindak nistha
c. Ngati-ati bakal kena ri
d. Gela ing tembe burine
e. Ngupadi supaya entuk kamulyan

17.Marma den taberi kulup


....
Rina wengi den anedya
Pandak-panduking pambudi
Bengkas kahardaning driya
Supaya dadya utami
Pethilan gatra kang trep kanggo ngiseni tembang ing ndhuwur yaiku ....
a. Angulah lantiping ati
b. Salami mung awas eling
c. Eling lukitaning alam
d. Wedi weryaning dumadi
e. Yeku pangreksaning urip

18.Sirnakna semanging kalbu.

Kalbu ana ing tembang ing ndhuwur tegese ....


a. Gunung
b. Jantung
c. Ati
d. Agama
e. Badan
19.Ing ngisor iki gatra tembang kinanthi kang guru lagune bedo dewe yaiku ....
a. Mangka kantining tumuwuh
b. Marma den taberi kulup
c. Pangasahe sepi samun
d. Aywa sembrana ing kalbu
e. Waspada ing pangeksi
20.Serat Wedhatama ngajarake babagan sarat nglakoni ngelmu sejatu iku salah sijine ora kena
dahwen pati openan kang tegese ....
a. Mentingake rasa pangrasa
b. Nyingkirake hawa nepsu
c. Tapa brata lan prihatin ing papan kang sepi
d. Tumindak iri lan dengki
e. Ngendhem hawa nepsu

II. Wangsulana pitakon-pilakon ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!

1. Apa werdine tembang Kinanthi miturut pangerten tembung lan maknane?

Wangsulan:

2. Jlentrehna pathokane tembang kinanthi!

Wangsulan:

3. Wenehana katrangan babagan tembang Kinanthi miturut watake!

Wangsulan:

4. Gawea tuladha tembang Kinanthi!

Wangsulan:

5. Apa tegese bengkas kahardaning driya, supaya dadya utami?


Wangsulan:

PERBAIKAN

Golekana tuladhane tembang Kinanthi!

PENGAYAAN

Golekana pitutur kang ana ing tembang Kinanthi kasebut!

Anda mungkin juga menyukai