Anda di halaman 1dari 3

H DASAR

O
LA IS LEMBAR ULANGAN HARIAN NILAI

LA
K
SD ISLAM ROUSHON FIKR
SE

M
Jl. Sisingamangaraja II / 4 Jombang
Jl. Kapten Tendean Pulo Lor Jombang
Telp. (0321) 876338 – 874600 Fax. (0321) 862308

Nama : .............................................................
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/Semester : 3/2
KKM : 75
Kompetensi Dasar : 5.1 Mendengarkan pembacaan teks dan memahami isinya.
6.2 Melakukan percakapan pendek menggunakan bahasa yang santun.
7.2 Membaca lancar dengan memperhatikan pelafalan dan intonasi yang tepat.
8.2 Menulis karangan pendek.

Bacalah Do’a Sebelum Mengerjakan!!!

A. Wenehana tandha ping (x) ing aksara A, B, utawa C minangka wangsulan sing
bener!
RADEN ARJUNA (JANAKA)

Raden Arjuna (Janaka) satriya panengahing Pandhawa, putrane Prabu Pandhu


lan Dewi Kunthi. Kasatriyane ing Madukara. Wujude satriya bagus tanpa cacad. Ing
jagad ora ana tandhingane bab kebagusane, amarga Janaka minangka simbol amal
becik.
Arjuna satriya digdaya sekti mandraguna, polatan luruh jatmika, prigel ing
samubarang, seneng tetulung marang sapa bae, mula ditresnani dening sapa bae

B. Raden Arjuna (Janaka) satriya panengahing Pandhawa, putrane Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi. Kasatriyane ing
Madukara. Wujude satriya bagus tanpa cacad. Ing jagad ora ana tandhingane bab kebagusane, amarga Janaka
minangka simbol amal becik. Amal becik ora bisa pisah klawan swarga (Jannah). Janaka saka tembung
jannahuka, tegese swargamu. Mula sapa sing kepengin mlebu swarga, kudu tumindak becik lan nindakake
tuntunaning agama kanthi temen.

Arjuna satriya digdaya sekti mandraguna, polatan luruh jatmika, prigel ing samubarang, seneng tetulung
marang sapa bae, mula ditresnani dening sapa bae. Ora mokal yen garwane pirang – pirang. Bojo akeh iki
tegese Janaka ditresnani dening sapa bae. Yen priya ngondhangake kasudibyane, yen wanita ngondhangake
sigiting citra.

Arjuna kejaba sugih bojo, uga sugih kawruh (ilmu), sugih gaman lan mantran, sugih guru. Meguru marang
Begawan Padmanaba antuk aji telung warna, yaiku : 1. Aji Sepiangin, dayane aji yen kawateg, kebating lakune
Arjuna tan prabeda kaya kebating angin. Lakune bisa ngungkuli lakuning barat, 2. Aji Malayabumi, Arjuna bisa
ilang sapalungguhan, 3. Aji Sempaliputri, Arjuna bisa manijing ajur ajer.
Pusakane pirang – pirang. Kang asring digunakake : Keris Pulanggeni, Kalanadhah, Panah Merdaging, Rodha
Dhadhali, Haryas Sangkala, Sarutama, Pasopati.

1. Simbah nyuwun dhahar.


Tembung dhahar basa ngokone yaiku ....
A. mangan
B. turu
C. ngombe
2. Mbak Nada tuku obat panas.
Tembung tuku basa krama aluse yaiku ....
A. ngunjuk
B. sare
C. mundhut
3. ... regane obat lara untu?
Tembung pitakon sing cocog kanggo ngisi titik-titik yaiku ....
A. apa
B. pira
C. sapa
4. UKS kepanjangane ....
A. Unit Kesehatan Sekolah
B. Unit Kegiatan Sekolah
C. Unit Koperasi Sekolah

5. Kevin ora melbu sekolah amarga lara panas.


Tembung panas basa kramane yaiku ....
A. benter
B. banter
C. gerah

C. Isenana nganggo wangsulan sing bener!


1. Wong sing lara asma dhadhane krasa ....
2. Rafi kakehan mangan sambel, wetenge krasa ....
3. Rara sampun ngunjuk obat.
Tembung ngunjuk basa kramane yaiku ....
4. Doni ora tau sikatan, nyebabake ( ... ) lara.
5. Yen ana kancane lara kudune sampeyan ....

D. Garapen manut prentahe!


1. krasa – wetenge – Dita – mules
Urutno supaya dadi ukara sing bener!
...........................................................................................
2. benter – gerah – Rani
Urutno supaya dadi ukara sing bener!
...........................................................................................
3. Raihan ndeleng sunat masal.
Owahana ukara ing ndhuwur dadi basa krama alus!
...........................................................................................
4. Prabu dhahar soto.
Owahana ukara ing ndhuwur dadi basa ngoko!
...........................................................................................
5. Sebutna 3 rumah sakit sing ana ing kuthane sampeyan!
...........................................................................................

Alhamdulillah Aku Bisa 

Anda mungkin juga menyukai