Anda di halaman 1dari 53

Sinau Basa Jawa, XI-1

Purwakaning Atur

Nuwun.
PANGRIPTA: Puji syukur dhumateng Gusti
ingkang Mahawelas awit sampun
Achmad Ali Syafingi, S.Pdad karakit buku ajar Basa Jawi “SINAU
Ali Syafingi, S.Pd BASA JAWA” menika. Panulisan
buku ajar menika sampun
kajumbuhakn kaliyan Capaian
Pembelajaran lan Tujuan Pebelajaran
EDITOR:: Mata Pelajaran Bahasa Jawa
SMA/SMK/MA Kurikulum Merdeka
Vini Rahmaniar, S.Pdad Ali
Tahun 2023, Muatan Lokal Provinsi
Syafingi, S.Pd Jawa Tengah.
Ing pangajab mugi buku menika
saged nambah seserepan siswa
SMA/SMK/MA babagan piwulang
Basa Jawi. Kejawi menika, buku
menika ugi taksih nggadhahi
kekirangan. Pramila, pandonga ugi
panyaruwe saking saking sinten
kemawon tansah kantu-antu murih
sampurnanipun buku menika

Pangripta

LEMBAR KERJA SISWA

SINAU BASA JAWA

Sma/smk/ma

XI
I
SEMESTER 1

Sinau Basa Jawa, XI-1

DAFTAR ISI

Wulangan 1 (DHANDANGGULA)

A. Teks Piwulang Serat Tripama Pupuh Dhandanggula ...................................................

B. Ngrembag Isi lan Pitutur Tembang Dhandanggula ....................................................

C. Nulis Cakepan Tembang Dhandanggula ……….……………………………………………………..

Ulangan Padinan 1 .......................………………………………………………..............

Wulangan 2 (CRITA CEKAK)

A. Pangerten Crita cekak ………………………………………………........................................

B. Wujud Crita cekak ……………………………………………………........................................ .

C. Nulis Sinopsis Cerita Rakyat ..................................................................................

Ulangan Padinan 2 …………………………………………………………………………………...........

Wulangan 3 (PARIWARA)

A. Purwaka Pasinaon …………………………………………………………………………….................. .

B. Pengerten Pariwara ………………………………….…………………………………………….............

Ulangan Padinan 3 ……………………………………………………………………………………….......

Wulangan 4 (AKSARA JAWA)

A. Maca Aksara Jawa .....................................................................................................

B. Aksara Murda ……………………………………………………………………………………………………. ..

Ulangan Padinan 4 ....................................................................................................

GLADHEN ULANGAN KENAIKAN KELAS ……………………………………………………………….

DAFTAR PUSTAKA …………………………………………………………………………………………………...

Sinau Basa Jawa, XI-1

PROFIL PELAAR PANCASILA

Sinau Basa Jawa, XI-1

Wulangan
1 DHANDANGGULA

MACA LAN NULIS SAKAWRUH LUHUR SASTRA

PIWULANG MACAPAT
Capaian Pembelajaran

Peserta didik mampu memahami dan mengevaluasi informasi berupa

gagasan, pikiran, pandangan, arahan atau pesan dari teks sastra berupa
sastra piwulang (misalnya: wedhatama/wulangreh/wulang sunu/wulang
putri/tripama/lainnya) untuk menemukan makna yang tersurat dan tersirat.

Tujuan Pembelajaran
A. Setelah menyimak materi tembang macapat yang disajikan melalui power point(C), peserta didik(A) secara mandiri
dapat Menguraikan struktur tembang macapat(B) dengan benar(D). (P4/PPP), (C4 HOTS)
B. Melalui media video tembang macapat Dhandhanggula laras pelog pathet nem(C), peserta didik(A) secara
berkelompok dapat menelaah srambahan titilaras tembang macapat Dhandhanggula laras pelog pathet nem(B)
dengan benar(D). (P3/PPP), (C4 HOTS)
C. Setelah mengamati contoh tembang macapat Dhandhanggula laras pelog pathet nem(B), peserta didik(A)
secara mandiri dapat menunjukkan(P3) pesan yang terkandung dalam tembang macapat Dhandhanggula(B)
dengan benar(D). (P4/PPP), (C5 HOTS)
D. Melalui video macapat Dhandhanggula(C), peserta didik(A) dapat melagukan(P5) tembang macapat
Dhandhanggula laras pelog pathet nem(B) secara berkelompok secara bergotong royong dengan penuh
emosional dengan benar(D). (P3/PPP), (C3 LOTS)

Indikator Pembelajaran
Setelah mempelajari bab ini, peserta didik diharapkan mampu:
I. Peserta didik dapat menguraikan struktur teks tembang macapat dengan benar. (C4)
II. Peserta didik mampu menelaah titilaras tembang.
III. Peserta didik dapat menunjukkan pesan yang terkandung di dalam tembang melalui demontrasi
video dengan benar. (C4-TPACK)
IV. Peserta didik dapat nembang Dhandhanggula dan memproduksi vidio tembang secara
berkelompok dengan penuh emosional. (P3-HOTS)

A. Serat Tripama Pupuh Dhandanggula

Tembang Dhandanggula iku kalebu jinis tembang macapat. Dene tembang macapat
yaiku reriptan utawa dhapukane basa mawa paugeran tinamtu lan anggone maca (ngucapake)
kudu dilagokake nganggo kagunan swara. Paugeran sing dikarepake yaiku guru gatra, guru
wilangan lan guru lagu.

1. Pangertene tembang Dhandanggula

Manawa ditegesi kanthi ganepe tembung, tembang Dhandhanggula yaiku
tembang kang medharake pangarep-arepe manungsa kang didelok saka sudhut
pandelenge pnguripan magayutan sandang, pangan, lan papan.

2. Watak tembang Dhandanggula

Sinau Basa Jawa, XI-1

Tembang Dhandanggula nduweni watak luwes lan ngresepake. Maksude Tembang
Dhandhanggula iki bisa dianggo menehi pitutur utawa crita susah apa dene seneng
ing panguripane manungsa.
.
3. Pathokan tembang Dhandanggula
Guru wilangan Guru lagu Guru gatra
10 i
10 a
8 e
7 u
9 i
7 a 10
6 u
8 a
12 i
7 a

4. Makna tembang Dhandanggula

Dhandhanggula asale saka tembung “dhandang” tegese manuk gagak. Minagkani
pralambang sedhih, sarta tenbung “gula” kang tegese legi. Saengga Dhandhanggula
bisa ditegesi minangka seneng sedhih ana ing dedalaning panguripan rikala tumuju
marang cita-cita lan kamulyan.
Serat Tripama dumadi saka sapupuh tembang kang isine mung 7 pada. Serat Tripama iku
kaanggit dening KGPAA Mangkunegara IV. Tuladha tembang Dhandanggula ing Serat Tripama:

Pada 1
yogyanira kang para prajurit
lamu bisa sira anuladha
duking uni caritane
Ing kono lamun tinemu
Andelira sang Prabu
Sasrabahu ing Maespati
Aran patih Suwanda
Lelabuhanipun
Kang ginelung tripraka
Guna kaya purune kang den antepi
Nuhoni trah utama
KGPAA. MANGKUNEGARA IV

B. Ngrembug Isi lan Pitutur Luhur Tembang Dhandanggula

Menawa arep mangerteni isine tembang macapat, bisa diwiwiti kanthi negesi tembung-
tembung angel kang durung dimangerteni tegese. Banjur negesi ukara saben gatra, lan
digathukake antarane gatra kapisan nganti gatra pungkasan.
Kanggo Nggampangake anggone negesi ana ing sajroning tembang macapat, saiki coba
semaken tuladha tembung-tembung kang ana ing pada I pupuh Dhandanggula iki!
Pada 1:
yogyanira kang para prajurit
lamu bisa sira anuladha
duking uni caritane
Andelira sang Prabu
Sasrabahu ing Maespati

Sinau Basa Jawa, XI-1

Aran patih Suwanda
Lelabuhanipun
Kang ginelung tripraka
Guna kaya purune kang den antepi
Nuhoni trah utama

Tegese tembung:
Yogya + nira : becike kowe
sira : kowe
nuladha : nirua, nyontoa
du king uni : jaman biyen
Lamun : yen
Andelira : jagoan utawa pethingan
Lelabuhan : jasa

Saben gatra yen digawe gancaran dadi:

No Cakepan Gancaran
1. yogyanira kang para prajurit Para prajurit baka beik yen kabeh bisa
2. lamu bisa sira anuladha uladhani saka crita ing jaman biyen yaiku
3. duking uni caritane crita ngenani jaogoane, pethingane Sang
4. Andelira sang Prabu Prabu Arjuna Sasrabahu ing NaGara
5. Sasrabahu ing Maespati Maespati, kang arane Patih Suwanda.
6 Aran patih Suwanda Jasa lan lelabuhane bisa diringkes dadi
7 Lelabuhanipun telung prakara, yaiku guna,kaya, lan
8 Kang ginelung tripraka purun sing tansah dicekel dadi paugerane
9 Guna kaya purune kang den antepi urip. Tansah manut lan netepi trah
10 Nuhoni trah utama turunane wong sing utama.
Sabanjure ngerti isine tembang Dhandanggula, para siswa kudu bisa ngerti piwulang utawa pitutur
luhur kang ana ing tembang kasebut. Pitutur luhur tembang Dhandanggula pada 1 yaiku: wong
urip iku kudu ngugemi guna, kaya, lan purun. Yaiku dadi sarana urip sesrawungan ing ngalam
donya supaya maujud apa kang dadi cita-cita.

Gladhen Mandiri

Tulisen isi lan pitutur luhur tembang Dhandanggula ing ngisor iki!

Pada 2
No Cakepan Gancaran
1. lire lalabuhan tri prakawis …………………………………………………………
2. guna bisa saneskareng karya …………………………………………………………
3. binudi dadya unggule …………………………………………………………
4. kaya sayektinipun …………………………………………………………
5. duk bantu prang manggada nagri …………………………………………………………
6 amboyong putri dhomas/ katur ratunipun ………………………………………………………
7 purune sampun tetela …………………………………………………………
8 aprang tandhing lan ditya ngalengka nagri …………………………………………………………
9 suwanda mati ngrana …………………………………………………………
10 lire lalabuhan tri prakawis …………………………………………………………

Sinau Basa Jawa, XI-1

Tegese tembung:
1. …………………………. : …………………………….
2. …………………………. : …………………………….
3. …………………………. : …………………………….
4. …………………………. : …………………………….
5. …………………………. : …………………………….
6. …………………………. : …………………………….
7. …………………………. : …………………………….
8. …………………………. : …………………………….
9. …………………………. : …………………………….
10. …………………………. : …………………………….

Pitutur luhur tembang pada 2:

……………………………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………………………..

Pada 4

No Cakepan Gancaran
1. Kumbakarna kinon mengsah jurit …………………………………………………………………….
2. mring kang raka sira tan lenggana …………………………………………………………………….
3. nglungguhi kasatriyane …………………………………………………………………….
4. ing tekad tan asurud …………………………………………………………………….
5. among cipta labuh nagari …………………………………………………………………….
6 lan nolih yayah rena ……………………………………………………………………
7 myang luluhuripun ……………………………………………………………………
8 wus mukti aneng Ngalengka ……………………………………………………………………
9 mangke arsa rinusak ing bala kapi ……………………………………………………………………
10 punagi mati ngrana ……………………………………………………………………

Tegese tembung:
1. …………………………. : …………………………….
2. …………………………. : …………………………….
3. …………………………. : …………………………….
4. …………………………. : …………………………….
5. …………………………. : …………………………….
6. …………………………. : …………………………….
7. …………………………. : …………………………….
8. …………………………. : …………………………….
9. …………………………. : …………………………….
10. …………………………. : …………………………….

Pitutur luhur tembang pada 4:

……………………………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………………………..
……………………………………………………………………………………………………………………………………..

Sinau Basa Jawa, XI-1

C. Nulis Cakepan Tembang Dhandanggula

Pituduh nulis tembang Dhandanggula, yaiku:

a. Nemtokake tema
b. Nyusun tembang dadi sagatra, manut guru lagu lan guru wilangane
c. Ngronce gatra-gatra bacute nganti tekan 4 gatra kang runtut, nduweni teges, lan manut guru
lagu lan guru wilangane.

Menawa arep nggawe utawa arep nulis tembang macapat, kudu nggatekake paugeran-
paugeran kasebut. Saben tembang macapat iku nduweni paugeran guru gatra, guru wilangan, lan
guru lagu dhewe-dhewe. Dadi antarane tembang siji lan sijine iku genah bedane lan ana titikane.
Dene pathokaning utawa paugeraning tembang macapat Dhandanggula yaiku 10i, 10a,, 8e, 7u,
9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a.

Tuladha:
Paugeran Cakepan
10i yogyanira kang para prajurit
10a lamu bisa sira anuladha
8e duking uni caritane
7u Andelira sang Prabu
9i Sasrabahu ing Maespati
7a Aran patih Suwanda
6u Lelabuhanipun
8a Kang ginelung tripraka
12i Guna kaya purune kang den antepi
7a Nuhoni trah utama

TUGAS PRODUK
Gawea cakepan tembang Dhandanggula kanthi tema bebas!

………………………………………………………………………………………………………………………

D. Mbesut Cakepan Tembang Dhandanggula

Mbesut (nyunting) cakepan tembang iku tegese mbenerake kaluputan-kaluputan kang ana
ing cakepan tembang. Kaluputan iku bisa awujud kaluputan saka paugeran, kayata, guru gatra,
guru lagu lan guru wilangan sing ora padha karo paugerane. Bisa uga awujud kaluputan anggone
nulis tembung, umpamane tembung tindak ananing ditulis tindhak. Ancase saka mbesut
cakepan tembang yaiku supaya tembang sing bakal diwaca utawa ditembangake wis awujud
tulisan cakepan kang bener.

Sinau Basa Jawa, XI-1

Tuladha:
Cakepan Tembang Besutan (Suntingan)
Sopo gregep sinahu Sapa gregep sinau
Mesti bakal entuk akeh ilmu Mesthi bakal entuk akeh ilmu
Ilmu kang nuntun kanggo wong urip Ilmu kang nuntun kanggo wong urip
Ojo mung bisane mangan Ojo mung bisane turu
Bisane mung planga plongo Bisane mung planga plongo

Gladhen Kelompok

1. Gawea kelompok kang dumadi saka 4 siswa!

2. Saben siswa ing kelompok nuduhake asil tugas nulis cakepan tembang Dhandanggula ing
materi sadurunge!
3. Asil tugas nulis cakepan banjur dirembug lan dibesut dening kelompok kasebut kanthi
bebarengan!
4. Laporan tugas ditulis ing kertas folio banjur dikumpulake!

E. Nembang Dhandanggula

Nembang utawa ngagokake tembang Dhandanggula iku kudu nggatekake titi laras. Titi laras
ing basa Indonesia diarani tangga nada. Tangga nada iki biyasane digunakake kanggo pathokan
sawijining tembang supaya tembang kuwi bisa muni kanthi endah. Titi laras ing gendhing Jawa
iku kaperang dadi loro yaiku ana laras slendro lan laras pelog.

Angka Pangucap Jeneng

1 ji (siji) panunggul
2 ro (loro) gulu
3 lu (telu) dhadha
4 pat (papat) pélog
5 ma (lima) lima
6 nem (enem) nem
7 pi (pitu) barang

Sinau Basa Jawa, XI-1

a. Laras Slendro
Laras kang nggunakake lima tangga nada, ora ana angka 4 lan 7
1 2 3 5 6 (ji ro lu ma nem)
b. Laras Pelog
Laras kang nggunakake pitu tangga nada.
1 2 3 4 5 6 7 (ji ro lu pat ma nem pi)

Kejaba laras, anggone nembang macapat uga kudu nggatekake pathet. Pathet yaiku endhek
dhuwuring swara kang kanggo lelagoning tetabuhan gamelan. Laras slendro nduweni pathet
warna telu, yaiku pathet nem, pethet sanga, lan manyura. Laras pelog uga nduweni pathet kang
cacahe telu, yaiku pathet bem, pathet nem, lan pathet barang.

Rungokna tuladha tembang Dhandanggula ing ngisor iki!

SEKAR MACAPAT DHANDANGGULA

Laras Pelog Pathet Nem

PRAKTIK

Awakmu wis diajari carane maca titi laras tembang Dhandanggula. Bapak ibu guru uga wis
nuladhani cara nembangake tembang Dandnanggula. Saiki majua ing ngarep kelas lan
tembangna tembang Dhandanggula sing wis kogawe mau kanthi kendhel!

Sinau Basa Jawa, XI-1

I. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi menehi tandha (x) ana ing
pilihan A, B, C, D, utawa E!
yogyanira kang para prajurit
lamu bisa sira anuladha
duking uni caritane
Andelira sang Prabu
Sasrabahu ing Maespati
………….

1. Tembang ing dhuwur yaiku…

A. Dhandanggula
B. Kinanthi
C. Asmaradana
D. Mijil
E. Maskumambang

2. Tembang ing dhuwur dumadi saka

a. 1 pada, 5 gatra
b. 2 pada, 10 gatra
c. 1 wanda, 5 gatra
d. 1 gatra, 5 gatra
e. 1 pada, 12 gatra

3. Serat Tripama iku anggitane ...

A. Sinuwun Pakubuwana VI
B. Sri Mangkunegara VI
C. R. Ng. Ranggawarsita
D. Sinuwun Paku Buwana IV
E. Sri Mangkunegara IV

4. Serat Tripama ambabarake piwulang saka patuladhan ...

a. Arjuna, Werkudara, Karna
b. Puntadewa, Kresna, Duryudana
c. Sumantri, Kumbakarna, Karna
d. Ramawijaya, Kumbakarna, Dasamuka
e. Sumantri, Sukrasana, Kumbakarna

5. Serat Tripama amung dumadi saka sapupuh tembang macapat, yaiku tembang..
a. Dhandanggula
b. Kinanthi
c. Asmaradana
d. Mijil
e. Maskumambang

6. Paugerane tembang Dhandhanggula yaiku ....

a. 8a, 8i,8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
b. 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
c. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
d. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
e. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

7. Tokoh wayang sing ora ana ing Serat Tripama yaiku.....

a. Kumbakarna

Sinau Basa Jawa, XI-1

b. Bambang Sumantri
c. Arjuna
d. Karna
e. Anoman
8. “... tur iku warna diyu, suprandene nggayuh utami ...” Tembung diyu tegese ... Setitekna apa
sing tak andharake
A. manungsa
B. dewa
C. wanara
D. gajah
E. buta

9. “Katri mingka sudarsaneng Jawi, pantes lamun sagung prawira... ”

Pangudhale tembung garba sudarsaneng yaiku....
a. su + dar + sa + na + ing
b. sudar + saneng
c. su + darsa + neng
d. su + dar + sana + ing
e. su + darsana + ana + ing

10. Ana ing Serat Tripama pupuh Dhandhanggula, pada kang nyeritakake Patih Suwanda yaiku
pada ......
a. 3 lan 4
b. 1 lan 2
c. 5 lan 6
d. 4 lan 5
e. 2 lan 3

11. Ana ing Serat Tripama pupuh Dhandhanggula, pada kang nyeritakake Raden Kumbakarna
yaiku pada ......
a. 5 lan 6
b. 1 lan 2
c. 3 lan 4
d. 2 lan 3
e. 6 lan 7

12. Tembung Tripama karakit saka tembung tri lan pama. Tembung tri nduweni dasanama ....
a. Loro
b. Lima
c. Papat
d. Telu
e. siji

13. Serat Tripama nyaritakake 3 tokoh wayang kang bisa didadekake tuladha ing urip padinan.
Serat kasebut dumadi saka .... pada.
A. 11
B. 5
C. 6
D. 7
E. 8

14. " ..... minungsuhken kadange pribadi, dene sira pikantuk, ..." Tembung sira nduweni
dasanama ing ngisor iki kajaba ...
A. Panjenenengan

Sinau Basa Jawa, XI-1

B. Kowe
C. Sampeyan
D. Rika
E. awake dhewe

15. Tembung-tembung kang ana ing serat Tripama ing ngisor iki, antuk seselan -in- kajaba .....
A. Kinen
B. Jinemparing
C. Ingadegken
D. Ginelung
E. Kinarya

16. Tembung garba yaiku tembung kang dumadi saka rong tembung utawa luwih, kanthi nyuda
cacahing wanda lan ndadekake tembung anyar. Tembung garba uga bisa diarani nyingkat
rong tembung supayane dadi ringkes. Tembung garba kang ana ing Serat Tripama ing ngisor
iki, kajaba .....
a. senopati
b. wirotama
c. sudarsananeng
d. saniskareng
e. aneng

17. Tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani ...

A. guru wilangan
B. pupuh
C. pada
D. guru gatra
E. guru lagu

18. Gatekna cakepan tembang macapat Dandhanggula ing ngisor iki.

"Yogyanira kang para prajurit,"
Guru wilangan lan guru lagu kang ana ing gatra kasebut yaiku ....
a. 7u
b. 10i
c. 8e
d. 9i
e. 10a

19. Ing ngisor iki kang kalebu sasmitane tembang dhandhanggula kajaba.....
a. gula
b. sarkara
c. manis
d. taruna
e. dhandhang

20. Watak tembang Dhandhanggula yaiku ....

a. grapyak
b. galak
c. luwes
d. sabar
e. sedhih

Sinau Basa Jawa, XI-1

II. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi premati!

1. Apa sing diarani tembang macapat? Lan jinise tembang macapat iku apa bae?
Wangsulan :
...........................................................................................................................................

2. Kepriye watake tembang Dhandanggula lan kepriye paugerane?

Sekar Dhandanggula ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula tula katali
Kadaluawarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon

Wangsulan :
...........................................................................................................................................

3. Gawea gancaran tembang ing dhuwur!

Wangsulan :
...........................................................................................................................................

4. Apa pitutur luhur saka tembang ing dhuwur!

Wangsulan :
...........................................................................................................................................

5. Tulisen tembang Dhandanggula kanthi underan pitutur bab tumindak becik!

Wangsulan :
..........................................................................................................................................

Sinau Basa Jawa, XI-1

Wulangan
2 Crita Cekak

Capaian Pembelajaran
Peserta didik mampu menulis teks sastra berupa cerkak untuk berbagai tujuan secara kritis
dan kreatif. Peserta didik mampu menulis teks nonsastra berupa iklan (pariwara, broadcast)
untuk berbagai tujuan secara logis, kritis dan kreatif. Peserta didik mampu menulis gagasan
dan pikiran dalam bentuk teks sastra tembang macapat. Peserta didik mampu menulis
gagasan dan pikiran dalam bentuk teks sastra cerkak untuk mencapai tujuan yang berbeda-
beda.

Kompetensi Dasar

1. Menganalisis strutur dan unsur-usur pembangu dalam cerkak.

2. Menganalisis nillai-nilai kehidupan yang terdpat dalam cerkak.
3. Menghubungkan relevansi isi dari teks cerkak dengan kehidupan sekitar
4. Menulis atau mengkonstruksi cerkak dengan memperhatikan unsur-unsur
pembangunnya

Indikator

1. Menyebutkan unsur-unsur intrinsik dalam teks cerita rakyat.

2. Menemukan nilai-nilai yang terkandung dalam cerita rakyat.
3. Mengevaluasi relevansi pitutur luhur yang terdapat pada cerita rakyat.
4. Menceritakan kembali isi cerita rakyat dengan menggunakan bahasa sendiri
dengan santun secara lisan.
5. Menanggapi penceritaan kembali cerita rakyat dengan menggunakan bahasa
yang santun dan percaya diri.

1. Pangertene crita cekak

Cerkak yaiku gancaran sing ngandharake sarining kedadean utawa lelakon saka wiwitan
nganti pungkasan kanthi cekak wae. Cerkak nduweni sifat naratif utawa wujude arupa cerita.
Wong kang nulis Cerkak diarani Penulis. Cerkak biyasane ditulis, dicithak lan kaemot ana ing
kalawarti, ariwarti.
Tetengere cerkak:
1. Critane sakeplasan (dirungokake sapisan langsung tamat)
2. Isine padhet (ringkes)
3. Basane mentes
4. Alure mung siji
5. Isine crita ngemot pitutur, kritik, piweling lan pasemon

Sinau Basa Jawa, XI-1

Amarga Cerkak iku awujud karya sastra, mula ing sajrone ana unsur-unsur pandhapuke. Unsur
unsur Cerkak kasebut kabedakake dadi loro yaiku unsur ekstrinsik lan unsur intrinsik.

2. Unsur crita cekak

Unsur-unsur kang kamot sajroning crita cekak kaperang dadi loro, yaiku:
a. Unsur ekstrinsik, yaiku unsur kang mbangun crita cekak saka sak njabane crita. Kang
mnagaribawani (mempengaruhi) dianggite sakwijining crita cekak. Unsur ekstrinsik iku
antarane agama, sosial, budaya, ekonomi, dan pendhidhikan.
b. Unsur intrinsik yaiku unsur kang mbangun crita cekak saka njero crita. Kang mangaribawani
(mempengaruhi) dianggite sawijining crita cekak saka unsur intrinsike iku antarane:
1) Tema, yaiku ide/gagasan baku kang dadi underane prakara cerita. Tuladhane :
kamanungsan, kabudayan, kasusilan, kasrawungan, lan sapanunggale.
2) Paraga, yaiku pelaku kang mbangun crita utawa wong kang dicritakake. Paraga kaperang
dadi 3 yaiku protagonis, antagonis lan tritagonis.
3) Watak, yaiku tandha fisik (dhuwur, lemu cendhek,lsp) lan tandha non fisik kang nduweni
paraga (galak, grapyak, pinter, lsp)
4) Latar/setting, yaiku papan, wektu, lan swasana kedadeyane crita. Wondene wektu iku ana
awan, sore, bengi isuk.
5) Sudut pandang, yaiku posisine pangripta ana ig crita utawa carane pangripta nyritakake
isine crita.
6) Basa, yaiku gegayutan karo gaya basa kang digunakake pangripta.
7) Alur, urut-urutane kedadeyan ing crita saka wiwitan nganti teka pungkasan (perkenalan,
konflik, penyelesaian). Alur kaperang dadi 3 yaiku alur maju, alur mundur
1) Alur sorot balik yaiku urutane crita saka kedadean saiki mundur ing kedadean kang wis
kapungkur;
2) Alur maju yaiku urutane crita saka kedadean kang wis kapungkur maju ing kedadean
saiki.
Reroncene kedadeyan sing mujudake alur kabage ing tatarane sing diwiwiti saka:
a. Paparane crita (pemaparan)
b. Critane wiwit ana prakara (perumitan)
c. Anane prakara antarane paraga (konflik)
d. prakara luwih gawat (klimaks)
e. Pungkasane crita lan carane ngrampungake prakara ing paripurnane crita
Happy ending : ing paripurnane crita nyenengake
Sad ending : paripurnane crita ora nyenengake / nyedihake.
8) Amanat, yaiku piweleng atau piwulang luhur kang kakandhut ing sajroning crita, kang arep
diwenehake pangripta marang pamaca.

Tuladha crita cekak

Wacanen teks crita cekak ing ngisor iki!

OH …..SERTIFIKATKU
Dening : Pak Jarno

Kaya adat saben ngarepake subuh aku wis ngengrengake ceret kanggo gawe wedang
apadene gawe sarapan sarupa-rupane kanggo ganjel weteng. Pancen sajeg jumbleg wiwit aku
omah-omah karo Indri sisihanku sing dak nikah wis 17 taun seprene ora tau jenenge ngganggu
bojoku sing isih njintel turu karo ngeloni anakku ragil. Ora mung iku wae malah kepara aku ora tau

Sinau Basa Jawa, XI-1

ngrepotake bab urusan umbah-umbah sandhangan apadene nyetlika, kabeh daktandangi dhewe.
“Yen bisa dilakoni dhewe kena apa ndadak prentah wong liya” iku prinsipku.

“Kula kepengin maringi conto dhateng ingkang wayah Nita menapa dene Citra Bu!”
Kandhaku mantep.

“Rak wonten pitutur luhur ta Bu: ‘Tuladha iku luwih aji tinimbang sewu pitutur’, nah Nita
kaliyan Citra menika rak sampun ngancik remaja ingkang mbetahaken sosok panutan ingkang saged
dipunconto boten namung prentah utawi pitutur kemawon. Kula boten kepengin ‘Lambe satumang
kari samerang” jlentrehku sajak ngguroni ibuku.

“Nah samenika rak sampun wonten buktinipun, Nita kaliyan Citra menika saben bibar nedha
mesthi ngesahi ajangipun, ugi purun ngumbahi sandhanganipun piyambak boten sisah kula
prentah”.

Mangkono iku wangsulanku nalika sawijining dina aku disendhu ibuku, geneya apa-apa kok
klethekan dhewe, kaya ora duwe bojo wae. Nanging panyendhune ibu mau ora tau daktanduki,
sebab aku kuwatir yen daktanduki mengko mundhak salin bubukan.

Rampung sarapan agahan aku nyawisake ubarampe kantor. Montorku siji thil Legenda
tahun 2001 dak tuntun metu, daklapi lan dakpanasi. Nalika aku ngelapi montor iki aku mbatin “Oalah
sing jenengane guru, bisa duwe montor wae kok ndadak kredhit BPD limang taun, njur kapan bisa
ngiseni omah tanpa kudu kredhit kaya tanggaku sing katone ora nyambut gawe ning kok paribasane
“dikeruk ngetuk, disusruk mumbul” ngono, aku nyilih istilahe Bu Niya kancaku guru. Limang menit
aku manasi montor, age-age aku nyangklong tas lan tleser-tleser ninggalake omah tumuju
sekolahan ing laladan Gunungkidul sing adohe udakara 30-an kilometer. Iku wis ajeg dak lakoni 20
tahun seprene. Jam pitu kurang limalas menit aku wis tekan sekolahan. Lagi tekan ngarep ruang
guru kancaku Demange Nglipar , Pak Wardaya takon:

“Duwe kerdhus pira Pak?”

“Ya ana yen mung 40, ning dilangi nole alias 4” Jawabku sakenane.

“ Wooo ditakoni tenanan!” Karo mecucu.

“Lha wong ora tau diklat kok ditakoni kerdus”. Wangsulanku

Pancen kanggone Pak Wardaya istilah “kerdhus” iku kanggo nyebut “sertifikat pelatihan”.
Malah istilah “kerdhus”iki wis akrab banget kanggone kanca guru ing sekolahanku.

“Ana apa to Pak kok njanur gunung nakokke sertifikat pelatihan?”, miterangku.

“Awake dhewe oleh panggilan portofolio taun iki!” jawabe Pak Wardaya manteb.

“ Trus kancane sapa wae!”, pitakonku.

“Wong enem: aku, kono, Pak Prap, Pak Tono, Pak Purwo, Pak Agus!”, jawabe. “Ngadhepa
Pak Kepala, nyuwun surat undhangan pembekalan neng Dinas Kabupaten!”

prentahe kaya bos. Sawise tas dak selehake aku age-age ngadhep Pak Kepala Sekolah.

“Selamat nggih Pak, panjenengan angsal giliran taun niki!” ngono ngendikane Pak Kepala
Sekolah karo ngulungake tangan tengen.

“Matur nuwun Pak!” jawabku.

Sinau Basa Jawa, XI-1

“Rak pun angsal kabar saking Pak Wardaya ta Pak?”, panyuwun pirsane Pak kepala.
“Sampun Pak, nanging kula malah bingung Pak, menapa ingkang badhe kula lebetaken wonten
ing dokumen portofolio?” jawabku.

“Lha nggih sing njenengan gadhahi, napa sertifikat pelatihan, piagam kejuaraan lare-lare,
rak kathah to Pak?” ngendikane Pak Kepala Sekolah.

“Walah Pak, menawi gadhah kathah mboten bingung!”

“Lho Pak Tegar rak sampun 20 taun mucal, ta Pak, mosok mboten kagungan sertifikat
pelatihan?” Miterange Pak Kepala sajak ora percaya karo keteranganku.

“Nggih menika Pak, kula nggih gumun, saben wonten diklat mesthi nggih namung kagem
bapak ibu guru ingkang ngampu mata pelajaran ebtanas kemawon, kok boten nate ngawontenaken
pelatihan kangge para guru basa Jawi , ingkang dipun ubleg-ubleg kok namung guru-guru ingkang
mata pelajaranipun kangge Ebtanas!” wangsulanku sajak protes karo pemerintah. Sawise nampa
undhangan pembekalan aku banjur nemoni Pak Wardaya ana ruang guru.

“Duwe kerdhus pira Pak?” Pitakonku

“Ya, ana yen mung 25!” jawabe sajak pamer .

“Lha kok akeh temen, sajake ora tau diklat !” Panambungku sajak ora percaya.

“Lha ora akeh piye, lha wong layat wae takgolekake sertifikat kok!” Jawabe sakepenake
karo gleyah-gleyah ninggalake ruang guru tumuju kelas 7A.

“ Oooo, semprul, bola-bali demange Nglipar, Arya Bahak, Dirjo Tambur nek omongan mung
waton ngeyel!” Grundelku karo nututi Pak Wardaya saperlu mulang ing kelas 9B.

Jam katelu aku kosong ora mulang, mula kalodhangan iku dakpigunakake kanggo bongkar-
bongkar file ing lemari TU. Nanging Sertifikat Pelatihan taun 1994 lan 1995 ora daktemokake.
“Banjur neng ngendi lehku deleh ya” Grenengku.

“Pak Yanto, file PAK taun 96 napa tesih onten nggih Pak?” Pitakonku marang Pak Yanto staf
TU

“Wah, nek taun semonten niku paling pun dirombengke!” wangsulane Pak Yanto

“Dirombengke?” pitakonku sajak ora percaya

“Nggih cobi jenengan podosi teng lemari gudhang nika!” pamrayogane Pak Yanto.

Aku banjur tumuju gudang lan ngorak-arik file PAK sing wis kumel kucem dening bledug
malah akeh saperangan file-file PAK mau wis kepangan rayap.

“Nah……..candhak!” Pambengokku karo jogedan kaya Petruk suwe ora ketemu karo Gareng.
Atiku rasane mak ces kaya nemu banyu wayu sewindu.

“Lumayan, iki sertifikat pelatihan taun 1994 pola 100 jam, bijine lumayan akeh!” Jawabku
nalika ditakoni Pak Yanto geneya aku kok jogedan.

“Banjur sing taun 1995 pola 150 jam neng ngendi ya? Apa neng ngomah?”Pitakone batinku
karo aku ngeling-eling anggonku simpen sertifat mau.

Sinau Basa Jawa, XI-1

“Mbok menawa dadi siji karo SK Pembagian Tugas ing rak buku ngomah!” batinku karo
ngeyem-yemi atiku.

Budhal Sekolah motor age-age dakblandhange sakayange kareben cepet tekan ngomah.
Bubar sholat Duhur lan mangan age-age rak buku dakudhal-udhal kanggo nggoleki Sertifikat
Pelatihan. Dakklumpukkake mung ana 7, wiwit taun 2000-nan. Sing tahun 1995 meksa durung
ketemu.

“Bu, ngerti sertifat pelatihan ora bu?” Pitakonku marang Indri bojoku.

“Boten ngerti Pak, Lha le deleh wonten pundi?” Wangsulane Indri karo nonton TV.

“Ya ketoke neng kene , neng rak buku dadi siji karo sertifikat liyane!”

“Lha biyasane jenengan nek nyimpen layang penting niku rak teng njero koper wesi niku ta
Pak?”.

Koper wesi tinggalane simbah banjur dakbukak, dakwetokake isine ana ijasah, BPKB, SK
Capeg, lan SK-SK liyane. Nanging sing dakgoleki ora ana, ora ketemu!!

“Bocah-bocah padha ngerti ora ya Bu?” Anakku Nita lan Citra daktakoni ora ngerti malah
bojoku lan anak-anakku wadon loro mau uga melu bingung nggoleki Sertifikat tahun 1995 mau

“Ana apa ta Pak kok sertifikate sajake penting banget!” Pitakone bojoku

“Nggo dokumen Portofolio, taun iki aku oleh panggilan sertifikasi, mangka dokumen A kuwi
kudu asli kalebu sertifikat-sertifikat pelatihan uga kudu asli, ora oleh poto kopy!” Aku nerangka
bojoku lan anak-anakku. Dumadakan nalika aku, Indri, Nita lan Citra ngethuprus ngandhakkake bab
sertifikasi, anakku ragil Gilang teka, tangan kiwa nggawa kertas tangan tengen nggawa gunting
karo omong:

“Pak gawekke topeng Batman!” Celathu mangkono karo ngulungake kertas sing wis
diguntingi. Kertas daktampani jebul………. Gandrik! putune Ki Ageng Sela Kertas sing wis diguntingi
Gilang anakku ragil mau jebul Sertikat Pelatihan sing dakgoleki setugel dina. Sirahku rasane kaya
ketiban lintang sayuta, sumrepet panonku, dhadha njebebeg, ati judheg uleng-ulengan dadi siji.
Cunthel.

***
Kapetik saka: Dadi Juragan Barang Bekas - WordPress.com

Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi trep!

1. Tulisen Unsur intrinsik cerita cekak “Oh Sertifikatku”!

a. Tema
....................................................................................................................................
....................................................................................................................................
b. Paraga lan watake
...................................................................................................................................

c. Latar/setting

d. Sudut pandang
...................................................................................................................................
....................................................................................................................................
e. Basa

f. Alur

g. Amanat
..................................................................................................................................
...................................................................................................................................
...................................................................................................................................

2. Sebut lan wedharna nilai-nilai luhur kang ana ing pethikan cerita cekak kasebut!
...................................................................................................................................
...................................................................................................................................
...................................................................................................................................
...................................................................................................................................

Apa tegese tembung-tembung iki?

a. sajeg jumbleg :
b. turu njintel :
c. Tuladha iku luwih aji tinimbang sewu pitutur :
d. panyendhu :
e. salin bubukan :
f. agahan :
g. nyangklong :
h. demange Nglipar :
i. kerdhus :
j. njanur gunung :
k. portofolio :
l. mucal :
m. diubleg-ubleg :
n. miterang :
o. kumel kucem :
p. panambungku :
q. gleyah-gleyah :
r. nemu banyu wayu sewindu :
s. taiyengen :

Sinau Basa Jawa, XI-1

t. sumrepet panonku :

Tuladha crita cekak

Wacanen teks crita cekak ing ngisor iki!

KATHOK KODHOK
Dening : Tangkisan Letug

Ponakanku sing cilik dhewe lagi nangis. Tangise ora kaya biyasane. Iki gawe jengkele ibune
sing lagi sibuk nyiapake mulang.Bojone durung mulih saka nyambut gawe. Dene anak-anake liyane
wis padha mlebu neng kamare dhewe-dhewe, njekut sinau nyiapake ujian komprehensif.

"Kang Letug, tulung ya, dijaga anakku iki. Dineng-nengi ben ora ngganggu. Aku jan lagi
buneg tenan lho." Panjaluke adhiku wadon iki.

"Ya, dakneng-nengane." Aku banjur mlaku nyedhaki ponakanku sing umure durung ana
limang taun.

"Udah yah...Mama sedang sibuk tuh. Kan kasihan kalau adik nangis terus. "Aku omong
nganggo basa Indonesia.

Pancen bocah jaman saiki basa jawa sing alus ora padha ngerti. Mulane ing kulawargane
adhiku, basa padinane campur. Malah luwih akeh padha nganggo basa Indonesia. Rasane lucu yen
aku nyoba nganggo basa jawa sing alus. Bocah-bocahe padha ora seneng. Banjur miwiti nganggo
basa Indonesia. Bocah-bocah uga wis ora nyebut rama utawa ibu marang wongtuwane, nanging
wis migunakake tembung Papa utawa Mama.

"Kenapa menangis terus Teta? Apa karena dinakali Mama?"

"We...weeee... Teta mau dibelikan baju baru...we...wee.."

Teta jenenge ponakanku mau, kepengin ditukokake klambi anyar. Mbokmenawa bapak
ibune mung durung sempat wae.

"Besok Pak Dhe belikan ya... mau enggak?" Krungu jawabanku mau, dheweke banjur ketok
lega.

Ngusap luh neng pipine, senajan ta isih mimbik-mimbik manja banget.

"Besok Pak Dhe belikan yang namanya celana kodok ya?

Tahu enggak kamu?"

Jawabane ponakanku mung gedhek-gedhek. Ora ngerti apa kuwi sing jenenge kathok
kodhok. Kamangka dhek jaman cilikanku, kathok kodhok kuwi istimewa banget. Saben bocah yen
krungu tembung kathok kodhok bisa banjur senenge ora mekakat. Kathok kodhok dadi favorite
bocah-bocah. Mergane yen dienggo anget tur ora mlotrak-mlotrok.

Aku banjur crita marang ponakanku ngenani kathok kodhok kuwi.

Sawatara crita bab kathok kodhok, pikiranku kelingan dhek jaman semana aku duwe kathok
kodhok sing anyar. Aku dolanan ingkling karo kanca-kancaku neng ngomah. Nanging, blaik, ing
tengah-tengahe dolanan ingkling, aku ngebrok (ngising neng kathok). Suara

Sinau Basa Jawa, XI-1

pret....preet....preeet.... banjur ambune wah...jan ora karuwan! Kanca-kancaku banjur padha
bengok alok:

"Oeeee, Letug ngebrok! Letug ngebrok!" Mboko siji kanca-kancaku padha mlayu nyingkiri
aku karo nutup irunge.

Aku mung bisa nangis nggugug ditinggal kanca-kancaku. Aku nangis merga kathok
kodhokku sing anyar dadi reged kena abyuran saka wetengku.

Ora let suwe, nangis, sing nyedhaki aku ora liya ya ibuku. Aku ora dinesoni. Ibuku malah
mung gumujeng. Aku banjur dicandhak digawa menyang WC.

Ibuku ora wegah ngresiki regedanku. Ibuku ora wegah nyedhaki ambune regedanku. Ibuku
ora wegah nyandhak awakku lan nyawiki aku. Ibuku ora duka weruh kathok kodhok anyarku dadi
reged. Lan aku banjur meneng anggonku nangis. Aku mandeng ibu sing isih gumujeng lan gawe
tentreme atiku.

Kelingan pengalaman mau, aku mung bisa ngguyu dhewe. Kathok kodhokku sing anyar wis
reged lan mambu. Nanging aku bisa nemu gumuyune ibu sing ora ilang saka rasaku.

Yen ing kulawarga isih ana ibu sing bisa gumuyu, ngresiki reregedaning anak, sepira begjane
wong neng alam donya yen akeh sing isih padha bisa gumuyu uga ngresiki reregeding urip
bebrayan.

www.cerkak-jawa.com/ceritacekak

Proyek

Tindakana perintah-perintah ing ngisor iki!

1. Gawea kelompok kang dumadi saka 2 siswa.
2. Tulisen sinopsis cerita cekak “Kathok Kodhok” nganggo basamu dewe!
3. Tulisen crita mau kanthi ringkes lan cetha ing kertas folio.

I. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi menehi tandha (x) ana ing
pilihan A, B, C, D, utawa E!
1. Wong kang nulis Cerkak iku diarani…
a. Pengarang
b. Arkais
c. Cerkakis
d. Penulis
e. Filatelis

2. Cerkak sakora-orane kasusun saka……tembung

a. 30.000
b. 45.000
c. 50.000
d. 40.000
e. 10.000

Sinau Basa Jawa, XI-1

3. Cerkak iku sawijining cerita kang paragane …
a. Ngalami owahe nasib
b. Ora ngalami owahing nasib
c. Tumindak ala
d. Tumindak becik
e. Ora ngerti apa-apa

4. Cerkak “Oh Sertifikatku” punika asilipun saka sastrawan Jawa yaiku…

a. Any Asmara
b. Pak Jarno
c. Imam Sutardjo
d. Suparto Brata
e. Ki Narto Sabdo

5. Paraga iku kaperang dadi telu, dene paraga mungsuh iku uga diarani…
a. Protagonist
b. Tritagonis
c. Artagonis
d. Stratagonis
e. Antagonis

6. Gambaran papan kedaden, wektu lan swasana iku uga diarani…

a. Latar
b. Blocking
c. Layar
d. Kelir
e. Babak

7. Kang mangaribawani (mempengaruhi) dianggite sawijining Cerkak saka unsure ekstrinsik iku
antarane kaya ing ngisor iki kajaba…
a. Ekonomi
b. Agama
c. Sosial
d. Pendhidhikan
e. Paraga

8. Dene paraga kang dadi lakon crita utawa pemeran utama diarani…
a. Antagonis
b. Protagonist
c. Tritagonis
d. Artagonis
e. Stratagonis

9. Posisine pangripta ing crita utawa carane pangripta nyritakake isine crita, diarani…
a. Alur
b. Watak
c. Sudut pandang
d. Amanat
e. Latar/ setting

Sinau Basa Jawa, XI-1

10. Ing ngisor iki sing ora klebu unsur intrinsike Cerkak yaiku…
a. Tema
b. Amanat
c. Paraga
d. Agama
e. Alur

II. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi premati!

1. Tulisen apa wae sing klebu unsur intrinsik Cerkak!

2. Sebutna Cerkak kang dianggit dening Pak Jarno!
3. Dhiskusekna karo kancamu bab gegayutane pitutur utawa nilai-nilai kang ana ing Cerkak “Oh
Sertifikatku” karo kahanan masyarakat saiki!
4. Tulisen tuladha unggah-ungguh basa Jawa kang ana ing sajeroning Cerkak “Oh Sertifikatku”!
5. Sebutna telu wae irah-irahan Cerkak basa Jawa sing kongerteni!

Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi menehi tandha (x) ana ing
pilihan A, B, C, D, utawa E!
1. Wohing kasusastran Jawa kang nyaritakake lakune paraga ing saperangan urip kang nabet
(berkesan) lan biasane ora luwih saka 10.000 tembung diarani …..
a. Novel
b. Cerkak
c. Cerbung
d. Cergam
e. Crita pengalaman
2. Tokoh ing cerita kang watak wantune becik, tansah mbiyantu paraga utama diarani tokoh …..
a. Antagonis
b. peri-perial
c. figuran
d. Protagonis
e. Foil
3. Carita kang nyritakake saka klimaks banjur konflik nganti entek-entekan purnaning crita iku
nggunakake alur ..
a. Maju
b. Mundur
c. Mundur maju
d. Campuran
e. Kabeh bener

Wacan 1
“Dinten Kartini menika rak kangge ngurmati Raden Ajeng Kartini, awit piyambakipun sampun
maringi tuladha ingkang kedah dipuntindakaken putri Indonesia. Wanita Indonesia menika
kedah sekolah lan sinau supados saged sababag kalih para priyanipun. Kamangka kebaya
menika rak satunggaling simbol kekiranganipun wanita, kados ingkang dipunngendikakaken Ki
dhalang, bilih wanita menika asring kesrimpet tapih kabotan pinjung.”
Jlentrehe Palupi.
(Kapethik saking cariyos cekak: Antarane Kartini lan Palupi)

4. Pethikan carita ing nduwur kasebut nuduhake perangan …..

a. Amanat lan irah-irahan
b. Tema lan setting
c. Tema lan watak
d. Setting lan paraga

Sinau Basa Jawa, XI-1

e. alur
5. Wose crita kasebut yaiku .....
a. Palupi sarujuk menawa mengeti dina Kartini
b. Palupi ora sarujuk karo pengetan dina Kartini
c. Palupi sarujuk menawa pengetan dina Kartini bocah putri padha nganggo kebaya lan jaritan
d. Palupi ora sarujuk manawa pengetan dina Kartini bocah putri padha nganggo kebaya lan
jaritan
e. Palupi sarujuk karo pengetan dina Kartini bocah putri padha ora nganggo kebaya lan jaritan
6. Kepriye manut panemune Palupi ngenani kebaya iku?
a. Kebaya pinangka simbol kaluwihane wanita
b. Kebaya pinangka simbol kasulistyaning wanita
c. Wanita kang nganggo kebaya tambah ayu lan luwes
d. Kebaya pinangka simbol kekurangane wanita
e. Kebaya pinangka klambi tradhisional Jawa

Bu Marni : “Kepriye ndhuk, kowe gelem ora?”

Dewi : “Kula jane boten radi cocog Bu, nanging kula ajrih menawi bapak duka.”
Bu Marni : “Ora cocog amarga apa ndhuk? Apa merga bocahe wis tuwa?”
Dewi : “Boten Bu, amargi kula sampun gadhah pilihan .”

7. Pacelathon sing dirembug Bu Marni lan Dewi babagan ….

a. Dewi ora cocog karo pilihane wong tuwane
b. Bu Marni lan Dewi wedi karo bapake
c. Bapake Dewi seneng nesu
d. Bu Marni pengin rabi
e. Dewi pengin rabi
8. Tokoh Aku ing cerkak Sertifikatku iku jenenge ……..
a. Pak Tegar
b. Pak Yanto
c. Pak Purwo
d. Pak Wardaya
e. Pak Kepala sekolah
9. Tokoh Pak Wardaya ing cerkak Sertifikatku nduweni watak …….
a. Seneng tetulung
b. Gampang nesu
c. Ngeyel
d. Sabar
e. Wicaksana
10. Amanat kang kinandhut ing cerkak kena kanggo ……
a. tontonan lan tuntunan
b. nambahi sesanggane urip
c. kaca benggala uripe manungsa
d. mangerteni jati dhiri bangsa
e. hiburan

Nanging esuke, mruput banget. Sriyanto wis tekan omahe Hartini. Kagawa rasa kuwatir kelangan
priya papan ugeraning ati.
11. Pratelan cerkak kasebut nuduhake perangan ……..
a. tema
b. setting
c. alur
d. paraga
e. watak
12. Urutaning crita saka wiwitan nganti pungkasan diarani …….

Sinau Basa Jawa, XI-1

a. setting
b. tema
c. alur
d. konflik
e. watak
13. Papan lan wektu dumadine crita ing cerkak diarani ……….
a. amanat
b. konflik
c. alur
d. setting
e. paraga

Tindak-tanduke Tini ana owah-owahane. Dheweke wis ora nggunakake dhuwite kanggo jajan
utawa dolanan. Dhuwit sangu sekolah utawa dhuwit sing ditampa saka wong tuwane, age-age
dilebokake celengan.
14. Miturut pratelan ing ndhuwur watake Tini iku …..
a. gemi
b. ngebreh
c. boros
d. medhit
e. loman

“Duwe kerdhus pira Pak?”

“Ya ana yen mung 40, ning dilangi nole alias 4” Jawabku sakenane.
“ Wooo ditakoni tenanan!” Karo mecucu.
“Lha wong ora tau diklat kok ditakoni kerdus”. Wangsulanku

15. Sing dikarepake kerdhus ana ing pethikan cerkak sertifikatku iku …….
a. kerdhus karton
b. sertifikat lemah
c. kertas rosokan
d. sertifikat pelatihan
e. bungkus roti

Banjur sing taun 1995 pola 150 jam neng ngendi ya? Apa neng ngomah?”Pitakone batinku karo
aku ngeling-eling anggonku simpen sertifat mau.“Mbok menawa dadi siji karo SK Pembagian
Tugas ing rak buku ngomah!” batinku karo ngeyem-yemi atiku. Budhal Sekolah motor age-age
dakblandhange sakayange kareben cepet tekan ngomah. Bubar sholat Duhur lan mangan age-
age rak buku dakudhal-udhal kanggo nggoleki Sertifikat Pelatihan. Dakklumpukkake mung ana
7, wiwit taun 2000-nan. Sing tahun 1995 meksa durung ketemu.
16. Pethikan cerkak Sertifikatku ing ndhuwur nuduhake menawa Pak Tegar iku wong sing ……
a. ora setiti, lalen
b. setiti, ngati ati
c. gemi, setiti
d. pinter nyenyimpen
e. mbalelo
17. Apa sing dikarepake: “dikeruk ngetuk, disusruk mumbul” ana ing cerkak Sertifikatku iku?
a. ora tau duwe dhuwit
b. ora tau kentekan dhuwit
c. dhuwite akeh banget
d. dhuwite simpenan akeh
e. ora tau leren golek dhuwit
18. Cergam iku manawa ing istilah padha karo ....
a. Komik
b. Roman

Sinau Basa Jawa, XI-1

c. Gambar umbul
d. Drama
e. dhagelan
19. Sajrone praktek maca cerkak, ana bab kang kudu digatekake ing antarane wirasa, tegese ….
a. Ngucapake tembung kanthi cetha
b. Solah bawa trep karo naskah cerkak
c. Bisa mbedakake lan milahake siji-sijine tokoh lan swasana ing cerkak
d. Bisa nyuwarakake saben tokoh kanthi becik
e. Bisa ngresepake jroning ati
20. Ing ngisor iki titikane cerkak, kajaba ….
a. Asipat naratif
b. Nyritakake sawijining tokoh
c. Asipat fiktif
d. Asipat argumentative
e. Asipat persuasif
21. Wong kang nulis Cerkak iku diarani…
a. Pengarang
b. Arkais
c. Cerkakis
d. Penulis
e. Filatelis
22. Cerkak sakora-orane kasusun saka……tembung
a. 30.000
b. 45.000
c. 50.000
d. 40.000
e. 10.000
23. Cerkak iku sawijining cerita kang paragane …
a. Ngalami owahe nasib
b. Ora ngalami owahing nasib
c. Tumindak ala
d. Tumindak becik
e. Ora ngerti apa-apa
24. Cerkak “Oh Sertifikatku” punika asilipun saka sastrawan Jawa yaiku…
a. Any Asmara
b. Pak Jarno
c. Imam Sutardjo
d. Suparto Brata
e. Ki Narto Sabdo
25. Paraga iku kaperang dadi telu, dene paraga mungsuh iku uga diarani…
a. Protagonist
b. Tritagonis
c. Artagonis
d. Stratagonis
e. Antagonis
26. Gambaran papan kedaden, wektu lan swasana iku uga diarani…
a. Latar
b. Blocking
c. Layar
d. Kelir
e. Babak

Sinau Basa Jawa, XI-1

27. Kang mangaribawani (mempengaruhi) dianggite sawijining Cerkak saka unsure ekstrinsik iku
antarane kaya ing ngisor iki kajaba…
a. Ekonomi
b. Agama
c. Sosial
d. Pendhidhikan
e. Paraga
28. Dene paraga kang dadi lakon crita utawa pemeran utama diarani…
a. Antagonis
b. Protagonist
c. Tritagonis
d. Artagonis
e. Stratagonis
29. Posisine pangripta ing crita utawa carane pangripta nyritakake isine crita, diarani…
a. Alur
b. Watak
c. Sudut pandang
d. Amanat
e. Latar/ setting
30. Ing ngisor iki sing ora klebu unsur intrinsike Cerkak yaiku…
a. Tema
b. Amanat
c. Paraga
d. Agama
e. Alur

Sinau Basa Jawa, XI-1

Wulangan
3 PARIWARA

Capaian Pembelajaran
Peserta didik mampu menulis teks nonsastra berupa iklan ( pariwara, broadcast) untuk berbagai
tujuan secara logis, kritis dan kreatif. Peserta didik mampu menulis gagasan dan pikiran dalam
bentuk teks sastra tembang macapat. Peserta didik mampu menulis gagasan dan pikiran dalam
bentuk teks sastra cerkak untuk mencapai tujuan yang berbeda-beda.

Tujuan Pembelajaran

A. Mengidentifikasi jenis Pariwara.

B. Menganalisis struktur pembangun teks pariwara
C. .menganalisis isi pariwara cetak ataupun elektronik
D. Membuat produk pariwara baik cetak maupun elektronik secara kreatif
E. Membagikan pariwara melalui media yang tepat

Indikator Pembelajaran

Setelah mempelajari bab ini, peserta didik diharapkan mampu:

A. Menyebutkan pokok-pokok yang terkandung di dalam iklan.
B. Menganalisis pilihan kata dan bahasa dalam iklan.
C. Memproduksi/ membuat pariwara.
D. Memilih media untuk publikasi pariwara

Purwaka Pasinaon

Wara- wara (pengumuman) yaiku salah sawijining wujud pawarta utawa layang kang
katujokake marang umum. Mula, wara-wara iku warta kang asifat ora resmi. Perangane wara-
wara ora ganep kaya layang liyane, watone sapa kang nggawe, katujukake marang sapa, lan
surasane apa wis cetha isa diwartakake. Perangan wara-wara yaiku: adangiah, pambuka,
surasa basa, wasana basa, papan lan titimangsa, pepernah, lan asma terang.

Jinis-jinise wara-wara iku maneka warna, ing antarane kayata wara-wara, pariwara/iklan,
brosur, pamphlet, lelayu, baliho, kampanye, lan sak panunggalane. Mula, wara-wara iku
biyasane dipapanake ana ing papan kang gampang diwaca utawa dingerteni dening umum.
Tuladhane wara-wara tinulis dipajang (dipampang) ing pinggir ratan utawa malah malang ing
ratan gedhe.

A. Pangerten pariwara/iklan
Pariwara/iklan iku sawijining pesen babagan barang/jasa (produk) kang digawe dening
produsen kang diandharake lumantar media (cetak, audio, elektronik) utawa papan panggonan

Sinau Basa Jawa, XI-1

umum kang ditujokake marang bebrayan agung. Ancase pariwara iku supaya masarakat
kesengsem gelem tuku utawa nggunakake barang utawa jasa kasebut. Bab kang perlu
digatekake nalika gawe pariwara yaiku
 Ukara cekak aos;
 Basane prasaja, gampang ditampa lan dipahami;
 Tulisan lan gambare narik kawigetan

Tuladha Iklan:

B. Pariwara tinulis (Cara Panggawene)

1. Gawenen tampilan (layout) kang prasaja /sederhana. Tampilan kang prasaja yaiku fokus,
imbang/simetris, ukuran, wujud, garis, tipografi kang narik kawigaten.
2. Desain werna
Pamilihan werna kang pas ndadekake pariwara iku nyenengake. Carane:
 Olahen werna dadi werna kang bisa narik kawigaten

Sinau Basa Jawa, XI-1

 Gawenen werna kang kontras
3. Headline lan isi utama desain
Gampang anggone maca pariwara dadi babagan kang penting. Babagan visual bisa digawe
mengkone.
4. Gaya tulisan
 Italic utawi miring: menehi kesan aksi, cepet, progresif
 Aksara capital: konserfatif, menehi kesan formal
 Huruf kecil: menehi kesan ramah lan asor
 Aja nggunakake aksara kapital ing isi utama utawa nggunakake font berukir
 Bayangan menehi kesan 3D ing tulisan
 Tulisan script menehi kesan feminine
 Aksara kandel menehi kesan maskulin
 Gunakake tipe huruf font kang jumbuh kanggo pariwara, aja nggunakake maneka warna
tipe huruf. Diwatesi udakara 3 utawa 4 huruf.

C. Pariwara radhio
Iklan ing radio duwe cakrik (karateristik) kayata :
 Theater of the mind, tegese pariwara kang dirungokake kudu ngemot pesen kang
ndadekake pamiyarsane duwe angan-angan (imajinasi) tumrap pariwara kang dirungokake.
 Pribadi, tegese pariwara radio pesene kaya-kaya ngomong langsung marang pamiyarsane.

Pariwara radio iku lumrahe diwartakake satleraman. Mula saka iku, panulise teks pariwara becike:
 Nulis kanggo micara, ora diwaca utawa disawang. Tembung kang digunakake yaiku
tembung lan ukara kang gampang ditampa. Amarga kang dituju iku pangrungone dudu
panyawange
 Nulis minangka wujud komunikasi langsung. Mula kudu fokus marang pamiyarsane ora
menyang liyane
 Nulis kanthi kreatif saka individu siji marang liyane. Mula kudu nuwuhake rasa keakraban
komunikasi personal. Carane :
- Nyingkiri nulis kanthi sesorah
- Suara tulisan kudu mujudake suasana informal
- Naskahe kudu nyipta swasana akrab
- Naskahe kudu komunikatif, satema, saukara, cekak lan aos
- Nulis kanthi tujuwan langsung dipahami. Mula aja kedawan ukarane.
Pariwara radhio iku nggunakake: swara manungsa, musik, efek swara.

D. Pariwara TV
Cakrik (karakteristik) pariwara TV yaiku :
 Pesen saka produk yaiku audio, visual, lan gerak. Mula ora mung ing babagan tulisan/naskah
nanging tampilan kang narik kawigaten iku kang disenengi.
 Piranti ing pariwara TV luweh genep tinimbang pariwara radio.

Adhedhasar isine, iklan kabagi dadi telung jenis, yaiku:

1. Iklan pemberitahuan
Iklan iki katujokake kanggo aweh weruh marang umum ngenani bab tartamtu, bisa awujud
prastawa, kaanan, utawa liyane. Iklan iki bisa awujud iklan bela sungkawa, pesta
pernikahan, kagiyatan rapat, lsp.

2. Iklan layanan masyarakat

Sinau Basa Jawa, XI-1

Ancase iklan iki aweh katrangan utawa andharan marang masyarakat. Tuladhane, iklan KB,
bebayane narkoba, lsp.

3. Iklan penawaran
Iklan iki ancase kanggo nawakake barang, produk, utawa jasa. Kajaba barang utawa jasa,
iklan jenis iki uga bisa awujud lowongan pagawean.

Gatekna tuladha pariwara ing ngisor iki banjur wangsulana pitakon ing ngisore!

1. Apa kang diiklanake pariwara ing ndhuwur?

……………………………………………………………………………………………………………………………….
……………………………………………………………………………………………………………………………….

2. Jelasna kaluwihan barang kang diiklanake!

……………………………………………………………………………………………………………………………….
……………………………………………………………………………………………………………………………….

3. Ing ngendi barang kasebut bisa dituku?

……………………………………………………………………………………………………………………………….
……………………………………………………………………………………………………………………………….

4. Coba analisis pamilihane tembung/diksi (pilihan kata) lan basa kang ana ing iklan kasebut!
Yen ana sing ora trep, coba benerna!
……………………………………………………………………………………………………………………………….
……………………………………………………………………………………………………………………………….
……………………………………………………………………………………………………………………………….

Sinau Basa Jawa, XI-1

5. Terangkan apa iklan kasebut wis narik kawigaten sing maca apa durung? Welehana
alasane!
……………………………………………………………………………………………………………………………….
……………………………………………………………………………………………………………………………….
……………………………………………………………………………………………………………………………….

Gatekna tuladha iklan ing ngiso iki Adhedasar isine, kalebu jenis iklan apa iku?

Sinau Basa Jawa, XI-1

Tugas Produk

- Kanthi individu, gawea iklan awujud iklan layanan masyarakat utawa penawaran barang/jasa!
- Iklan digawe ing kertas ukuran A4, bisa katulis tangan utawa diketik/didesain mawa komputer!

Tugas Proyek

- Ndhapuka kelompok 4 siswa!

- Gawea iklan awujud video!
- Durasi /dawane video dijumbuhake karo dawane iklan.
- Saben kelompok bisa nggawe video asli utawa ngedit video kang wis ana banjur di-dubbing!
- Wektu olehe nggarap 3 minggu!

I. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi menehi tandha (x) ana ing
pilihan A, B, C, D, utawa E!

1. Pawarta kang ditujukake kanggo umum lan surasane menehi pangerten tumrap sawijining
prastawa diarani ….
a. layang
b. wara-wara
c. majalah
d. selebaran
e. sedahan

Sinau Basa Jawa, XI-1

2. Wara-wara kang surasane nawakake sawijining barang utawa papan yaiku ....
a. brosur
b. majalah
c. lelayu
d. iklan
e. sayembara
3. Wara-wara kang surasane kasripahan yaiku ….
a. brosur
b. majalah
c. lelayu
d. iklan
e. sayembara
4. Wara-wara kang surasane andum kaprigelan (lomba/festifal), yaiku ....
a. brosur
b. majalah
c. lelayu
d. iklan
e. sayembara
5. Media kang ngemot pariwara yaiku ....
a. brosur
b. majalah
c. lelayu
d. iklan
e. sayembara

Pariwara kanggo mangsuli soal nomer 6-10

Pariwara ing Radhio “Candhi Sewu FM”

Swara Gendhing “Sarung Jagung” muni ngangkang, swara wiwit nggremet saya lirih
banjur alon-alon metu swara iklan:
“Para kadang tani, ora sah bingung yen arep nenandur: “Jagung Hibridha Unggul”.
Gambang golek-golekane lan gampang nandure. Pak Tani takaturi mundhut winih Jagung
Hibridha ing “Toko Makmur”. Toko “Tani Makmur” alamat Jalan Ceplok Piring, Tonggalan,
Klaten. Telp. 0272-233252. Sepisan malih mangga para miyarsa kula aturi tindak ing toko
Tani Makmur mundhut wiji jagung unggul. Para tani mesthi makmur.

6. Pariwara kasebut digiyarake lumantar ….

a. majalah
b. koran
c. tv
d. radhio
e. komputer
7. Pariwara kasebut ditujukake kanggo ….
a. para tani
b. para buruh pabrik
c. para guru
d. para siswa
e. para ketua rt
8. Pariwara kasebut nawakake ….
a. winih jagung
b. winih pari
c. winih lombok
d. winih dhele
e. winih pelem

Sinau Basa Jawa, XI-1

9. Jenenge took kang ngadhol winih kasebut yaiku …..
a. Tani Berkah
b. Tani Mujur
c. Tani Makmur
d. Tani Untung
e. Tani Subur
10. Toko kasebut mapan ana ing ….
a. Sragen
b. Karanganyar
c. Semarang
d. Klaten
e. Boyolali

II. Wangsuli pitakon ing ngisor iki adhedasar teks iklan ing ngisor!

WARA-WARA

Wara-wara katujukake marang putra siswa kelas X, XI, lan XII SMA/SMK/MA
ing lingkungan Yayasan Pendidikan Batang

Ujian Semester Ganep tahun iki bakal diadani kawitane wulan juni kanggo
piwulang basa jawa para siswa wajib maca buku prigel basa jawa wulangan 1
tumeka 10

Penting

1. Wara-wara kasebut katujukake marang sapa?

……………………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………………………..
2. Jlentrehna isi surasa wara-wara iku!
……………………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………………………..
3. Kapan kegiayatan iku ditindakake?
……………………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………………………..
4. Sapa kang nganakake wara-wara iku?
……………………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………………………..
5. Gantinen pariwara iku nganggo basamu dhewe!
……………………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………………………..

***

Sinau Basa Jawa, XI-1

Wulangan
4 AKSARA JAWA

Capaian Pembelajaran
1. Peserta didik mampu membaca lancar dan memahami informasi yang terdapat dalam teks
aksara jawa (misalnya:nglegena-pasangan/sandhangan/angka/swara/murda/
rekan/lainnya).
2. Peserta didik mampu menulis gagasan dan pikiran dalam bentuk teks aksara jawa yang
memuat (misalnya: nglegena-pasangan/sandhangan/angka/swara/murda/reka/ lainnya)

Tujuan Pembelajaran

1. Membaca teks aksara jawa empat paragraf yang menggunakan aksara murda
2. Menulis dan menyajikan empat paragraf aksara Jawa yang menggunakan aksara murda

Indikator Pembelajaran
Setelah mempelajari bab ini, peserta didik diharapkan mampu:
1. Membaca empat paragraf teks berhuruf Jawa yang menggunakan akasara murda.
2. Membuat kalimat berhuruf Jawa yang menggunakan aksara murda
3. Menjawab seputar isi bacaan berhuruf Jawa yang menggunakan aksara murda.
4. Mengalihaksarakan empat paragraf teks berhuruf latin ke dalam aksara Jawa.

Basa Jawa minangka salah sijining basa kang urip jroning

masarakat Jawa, ora bisa uwal saka pengaruh basa-basa
liyane. Jroning tuwuh lan ngrembakake basa Jawa kasebut
ora mokal basa Jawa kasusupan tetembungan saka basa
manca kang ora tinemu ing basa Jawa. Tembung-tembung
kasebut ana kang bisa katulis nganggo aksara Jawa,
nanging uga ana tembung sing ora bisa katulis nganggo
aksara Jawa. Mula saka kuwi kanggo ngawekani tembung
mau, banjur karipta aksara rekan. Aksara rekan yaiku
durung ana ing aksara Jawa. Aksara rekan iku gunane mung
kanggo nulis basa manca.

Sinau Basa Jawa, XI-1

A. Maca Aksara Jawa
Ing ngisor iki perangane huruf carakan, pasangane, lan sandhngane. Kanggo pangeling-
eling satitekno andharan iki!
1. Huruf Carakan

ha na ca ra ka

da ta sa wa la

pa dha ja ya nya

ma ga ba tha nga

2. Pasangan

Ha Na Ca Ra Ka Da Ta Sa Wa La

Pa Dha Ja Ya Nya Ma Ga Ba Ta Nga

Pasangan nduweni piguna kangga mateni huruf ning ngarepe, biasane digunakake nalika ana
huruf kang ing tengah-tengah tembung mati.

Tuladha:

1. :tumbas tempe

katrangan: pasangan ( ) kanggo mateni aksara ( ), pasangan ( ) kanggo mateni

aksara ( ).

2. : mangan pisang

katrangan: pasangan ( ) kanggo mateni aksara ( ).

3. Sandangan
a. Sandangan Swara

Taling... = e, tuladha= (jahe = ), (bebek = )

Sinau Basa Jawa, XI-1

Pepet... = e, tuladha= (sega, )

Wulu... = i, tuladha = ( , simbah)

Taling tarung ... = o, tuladha= (loro= )

Suku... = u, tuladha= (tuku buku, )

b. Sandangan panyigeg
Wigyan... = h, tuladha

Cecak ... = ng, tuladha= (jeneng= )

Layar... = tuladha = (sekar= ) (bakar= )

Pangkon... = kanggo mateni, tuladha= (mangan, )

4. Aksara Murda
Aksara murda cacahe ana 8, digunakake kanggo nulis hurup kapital, asring digunakake
kanggo nulis, jeneng, pakurmatan, gelar, jeneng panggonan (kutha lan dalan) lan jeneng
lembaga utawa Instansi Pamerintah. Carane nulis yaiku :
1. Saben satembung, aksara murda ing wanda ngarep dhewe
2. Yen tembung pisan boten ginakaken aksara murdha, diserat hurup sabanjure.

Tuladha :
No Wujude Pasangan Jenenge Tuladhane

1. Ka JakaTingkir:

2. Na Nigeria :

3. Ta Praja Mataram :

Sarjana pendidikan :
4. Sa

5. Ba Balai Kota :

6. Pa Diponegara :

7. Ga Gang Gajah Mada :

Sinau Basa Jawa, XI-1

8. Nya Nyai Walidah :

Gladhen maca lan nulis ukara Aksara Jawa kang ngemot Aksara Rekan

Wacanen Paragrap Aksara Jawa ing Ngisor iki kanthi tumemen,

banjur garepen karo kanca sabangkumu salin ing Aksara Latin lan aksara Jawa!

Paragraf 1
Sutomo utawa sing kondhang kanthi asma Bung Tomo mios ing Surabaya, 3 Oktober 1920.
Dheweke wiwit cilik tekan diwasa manggon ing Surabaya. Dadi Bung Tomo kuwi Arek Surabaya
asli. Nadyan Asli wong Surabaya, nanging jeneng kondhange kuwi Bung Tomo, dudu Cak Tomo.

………………………………………………………………….

…….....................................................................................................................................
............................................................................................................................................

Paragraf 2

Sinau Basa Jawa, XI-1

Latine:

Paragraf 3
Kajaba kuwi, Bung Tama mau dadi anggota dewan penasehat Panglima Besar Jendral Sudirman.
Bung Tama uga nate gawe siyaran pengumuman panggilan anglebine kemiliteran RI sing kaping
pisan.

Aksara Jawa:
……................................................................................................................... ..................
............................................................................................................................................
…….....................................................................................................................................
............................................................................................................................................
…….....................................................................................................................................
............................................................................................................................................
…….....................................................................................................................................

Paragraf 4

Kapethik saking : Putri, Damameita Rulita dkk. 2015. Trampil Basa.Surakarta : Mediatama kanthi ewah-ewahan saperlunipun.

Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi menehi tandha (x) ana ing
pilihan A, B, C, D, utawa E!

1. Saka Wacan ing dhuwur Bung Tama mios ing tlatah ….

a.

b.

c.

d.

e.

2. Jeneng asline Bung Tomo, yaiku ….

a.

b.

c.

d.

e.

3.

Sinau Basa Jawa, XI-1

Ukara ing dhuwur macane . . .
a. Aku magang ing Batang 3 Oktober 1970
b. Aku magang ing Surakarta 3 Oktober 1950.
c. Aku magang ing Surabaya 3 Oktober 1930
d. Aku PKL ing Batang 3 Oktober 2019
e. Aku magang ing Surabaya 3 Oktober 1920.
4. Bung Tomo akeh jasane tumrap Bangsa Indonesia mligine ing perang ….

a.

b.

c.

d.

e.

5. Kang nglanthik Bung Tomo dadi Pimpinan Tentara Nasional, yaiku ….

a. Sutomo
b. Sukarno
c. Suharto
d. Susilo
e. Suyono
6. Jeneng kondhange Sutomo, yaiku ….

a.

b.

c.

d.

e.

7. Tulisan Jawa kasebut macane ….

a. Sri Sultan Hamengku Buwana

b. Sultan Hamengku Buwana
c. Sultan Pakualaman
d. Sultan Pakubuwana
e. Sultan Hasanudin

8.

Tulisan Jawa kasebut macane . . .

a. Bapak Suyanta, S.Pd., M.Si minangka Pangarsa SMK N 1 Blado
b. Suyanta, S.Pd,. M.Si minangka Pangarsa SMK N 1 Blado
c. Suyanta, S.Pd, M.Si minangka Pangarsa SMK N 1 Blado

Sinau Basa Jawa, XI-1

d. Bapak Suyono, S.Pd. minangka Pangarsa SMK N 1 Blado
e. Bapak Winarto S.Pd., M.Si minangka Pangarsa Kesiswaan
9. Humas Hubin dipandegani dening Ibu Muji Listyawati, M.Pd.
Ukara ing dhuwur yen kotulis Aksara Jawa dadine . . .

a.

b.

c.

d.

e.

10. Bapak Wihaji Bupati Batang tahun iki.

Ukara ing dhuwur yen kotulis Aksara Jawa dadine . . .

a.

b.

c.

d.

e.

I. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi premati!

Sinau Basa Jawa, XI-1

1. Ceritake meneh carios Bung Tomo nganggo basamu dhewe!

Wangsulan :

....................................................................................................................................

....................................................................................................................................

....................................................................................................................................

2. Apa bae jasa-jasane Bung Tomo? Jlentrehake!

3. Sebutake kang kalebu aksara Murda!

4.

Ukara ing dhuwur kirang trep, tulisen aksara Jawane kanthi pener!

Wangsulan :

....................................................................................................................................

....................................................................................................................................

....................................................................................................................................

....................................................................................................................................

5. Mesjid Agung ing Nagari Dalem Ngayogyakarta Hadiningrat.

Ukara ing dhuwur gaweya aksara Jawane!

Wangsulan :

....................................................................................................................................

....................................................................................................................................

....................................................................................................................................

***

Sinau Basa Jawa, XI-1

GLADHEN
ULANGAN KENAIKAN KELAS

I. Pilihen salah siji wangsulan kang paling bener, kanthi menehi tandha ping ( X ) ing
aksara A, B, C, D, utawa E ing lembar wangsulan kang wis sumadya!

yogyanira kang para prajurit

lamu bisa sira anuladha
duking uni caritane
Andelira sang Prabu
Sasrabahu ing Maespati
………….

1. Tembang ing dhuwur yaiku…

A. Dhandanggula
B. Kinanthi
C. Asmaradana
D. Mijil
E. Maskumambang

2. Tembang ing dhuwur dumadi saka

a. 1 pada, 5 gatra
b. 2 pada, 10 gatra
c. 1 wanda, 5 gatra
d. 1 gatra, 5 gatra
e. 1 pada, 12 gatra

3. Serat Tripama iku anggitane ...

A. Sinuwun Pakubuwana VI
B. Sri Mangkunegara VI
C. R. Ng. Ranggawarsita
D. Sinuwun Paku Buwana IV
E. Sri Mangkunegara IV

4. Serat Tripama ambabarake piwulang saka patuladhan ...

a. Arjuna, Werkudara, Karna
b. Puntadewa, Kresna, Duryudana
c. Sumantri, Kumbakarna, Karna
d. Ramawijaya, Kumbakarna, Dasamuka
e. Sumantri, Sukrasana, Kumbakarna

5. Serat Tripama amung dumadi saka sapupuh tembang macapat, yaiku tembang..
a. Dhandanggula
b. Kinanthi
c. Asmaradana
d. Mijil
e. Maskumambang

6. Ing Serat Tripama pupuh Dhandanggula ana ... pada.

A. 5

Sinau Basa Jawa, XI-1

B. 7
C. 25
D. 35
E. 45

7. Wohing kasusastran Jawa kang nyaritakake lakune paraga ing saperangan urip kang nabet
(berkesan) lan biasane ora luwih saka 10.000 tembung diarani …..
a. Novel
b. Cerkak
c. Cerbung
d. Cergam
e. Crita pengalaman
8. Tokoh ing cerita kang watak wantune becik, tansah mbiyantu paraga utama diarani tokoh
…..
a. Antagonis
b. peri-perial
c. figuran
d. Protagonis
e. Foil
9. Carita kang nyritakake saka klimaks banjur konflik nganti entek-entekan purnaning crita iku
nggunakake alur ..
a. Maju
b. Mundur
c. Mundur maju
d. Campuran
e. Kabeh bener

Wacan 1
“Dinten Kartini menika rak kangge ngurmati Raden Ajeng Kartini, awit piyambakipun sampun
maringi tuladha ingkang kedah dipuntindakaken putri Indonesia. Wanita Indonesia menika
kedah sekolah lan sinau supados saged sababag kalih para priyanipun. Kamangka kebaya
menika rak satunggaling simbol kekiranganipun wanita, kados ingkang dipunngendikakaken Ki
dhalang, bilih wanita menika asring kesrimpet tapih kabotan pinjung.”
Jlentrehe Palupi.
(Kapethik saking cariyos cekak: Antarane Kartini lan Palupi)

10. Pethikan carita ing nduwur kasebut nuduhake perangan …..

a. Amanat lan irah-irahan
b. Tema lan setting
c. Tema lan watak
d. Setting lan paraga
e. alur
11. Wose crita kasebut yaiku .....
a. Palupi sarujuk menawa mengeti dina Kartini
b. Palupi ora sarujuk karo pengetan dina Kartini
c. Palupi sarujuk menawa pengetan dina Kartini bocah putri padha nganggo kebaya lan jaritan
d. Palupi ora sarujuk manawa pengetan dina Kartini bocah putri padha nganggo kebaya lan
jaritan
e. Palupi sarujuk karo pengetan dina Kartini bocah putri padha ora nganggo kebaya lan jaritan
12. Kepriye manut panemune Palupi ngenani kebaya iku?
a. Kebaya pinangka simbol kaluwihane wanita
b. Kebaya pinangka simbol kasulistyaning wanita
c. Wanita kang nganggo kebaya tambah ayu lan luwes
d. Kebaya pinangka simbol kekurangane wanita
e. Kebaya pinangka klambi tradhisional Jawa

Sinau Basa Jawa, XI-1

Bu Marni : “Kepriye ndhuk, kowe gelem ora?”
Dewi : “Kula jane boten radi cocog Bu, nanging kula ajrih menawi bapak duka.”
Bu Marni : “Ora cocog amarga apa ndhuk? Apa merga bocahe wis tuwa?”
Dewi : “Boten Bu, amargi kula sampun gadhah pilihan .”

13. Pacelathon sing dirembug Bu Marni lan Dewi babagan ….

a. Dewi ora cocog karo pilihane wong tuwane
b. Bu Marni lan Dewi wedi karo bapake
c. Bapake Dewi seneng nesu
d. Bu Marni pengin rabi
e. Dewi pengin rabi
14. Tokoh Aku ing cerkak Sertifikatku iku jenenge ……..
a. Pak Tegar
b. Pak Yanto
c. Pak Purwo
d. Pak Wardaya
e. Pak Kepala sekolah
15. Tokoh Pak Wardaya ing cerkak Sertifikatku nduweni watak …….
a. Seneng tetulung
b. Gampang nesu
c. Ngeyel
d. Sabar
e. Wicaksana
16. Amanat kang kinandhut ing cerkak kena kanggo ……
a. tontonan lan tuntunan
b. nambahi sesanggane urip
c. kaca benggala uripe manungsa
d. mangerteni jati dhiri bangsa
e. hiburan

17. Cerita rakyat sing nyritakake babagan dewa lan bab gaib kang ora tinemu nalar diarani ....
A. sage
B. mite
C. fabel
D. dongeng
E. legendha

18. Cerita Kancil Nyolong Timun kalebu cerita ....

A. sage
B. mite
C. fabel
D. dongeng
E. legendha

19. Pariwara padha karo ....

A. pengumuman
B. pambiwara
C. wara-wara
D. sesorah
E. iklan

20. Bab kang kudu digatekake nalika gawe pariwara kajaba ....

Sinau Basa Jawa, XI-1

A. narik kawigaten
B. gawe kepingin tuku
C. gawe kepingin nduweni
D. basane gawe nesu wong liya
E. basane gampang dimangerteni

21. Ana kaji, bareng-bareng

Tuku siji, bakal seneng.
Ukara kasebut kalebu ....
A. parikan
B. purwakanthi
C. wangsalan lamba
D. wangsalan rangkep
E. basa rinengga

22. Tuku hape, hape samsung, langsung marem

Ukara kasebut migunakake ....
A. parikan
B. purwakanthi
C. wangsalan lamba
D. basa rinengga
E. basa-basi

23. Internet nganggo SIMpati, sakedheping netra bisa buka sembarangane.

Tembung sakedheping netra ateges ....
A. mripate pedes
B. mripate kelilipen
C. cepet banget
D. suwe banget
E. murah banget

24. Iklan sing becik ora kena ....

A. diwenehi gambar
B. diwenehi diskon
C. nyindir produsen liyane
D. diwenehi nomer telepon
E. gawe seneng sing arep tuku

25. Aksara murda digunakake kanggo nulis aksara ....

A. angka
B. rekan
C. gedhe
D. cilik
E. pasangan

26. Nulis jenenge wong, becike dikantheni aksara ....

A. angka
B. rekan
C. murdha
D. pasangan

Sinau Basa Jawa, XI-1

E. carakan

27. Aksara ing ngisor iki kalebu aksara murda kajaba ....
A.

B.

C.

D.

E.

28. Tembung migunakake aksara murda kang munine padha karo ....

A.

B.

C.

D.

E.

29. Ukara kasebut migunakake aksara murda ....

A. Pa lan Na
B. Pa lan Sa
C. Ka lan Sa
D. Ka lan Na
E. Ta lan Sa
30. Tembung kawaca ....

A. Bima
B. Arjuna
C. Nakula
D. Sadewa
E. Werkudara

II. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!

1. Sebutna guru gatra, guru lagu lan guru wilangan tembang Dhandanggula!
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………….

Sinau Basa Jawa, XI-1

…………………………………………………………………………………………………………………………………….
2. Urutna cakepan tembang ing ngisor iki dadi tembang Dhandanggula kang trep!
a) laku agung kang kagungan Narapati,
b) samengko sembah kalbu,
c) yen lumintu uga dadi laku,
d) meruhi marang kang momong.
e) patitis tetesing kawruh,
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
3. Sebutna 3 titenane cerita rakyat!
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
4. Sebutna 3 cerita kang kalebu legendha!
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
5. Sebutna 3 titenane pariwara kang becik!
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
6. Gawea pariwara babagan kabudayan!
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
7. Sebutna 3 seni pagelaran tradhisional Jawa!
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
8. Sebutna 3 jenise wayang!
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
9. Tulisen ukara iki nganggo aksara Latin!

…………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
10. Tulisen ukara “Putri asale saka Solo” nganggo aksara Jawa!
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………………………….

Sinau Basa Jawa, XI-1

Sugeng Makarya
DAFTAR PUSTAKA

Nugroho Pujo rianto, dkk. 2023. Lantip Basa Lan Sastra Jawa. Jakarta: Erlangga
Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters’ Uitgevers
Maatschappij.
Prasaja, Setya Amrih. 2012. Kawruh Sapala Jawa. Yogyakarta : Familia
Putri, Rulita Damameita dkk. 2005. Trampil Basa Ndhihik Karakter Luhur Kelas XI. Surakarta :
Mediatama.
Widaryatmoko, dkk. 2014. Prigel Basa Jawa. Jakarta: Erlangga.
Yayasan Pustaka Utama Nusatama, Pemerintah Propinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. 2002.
Pedoman Penulisan Aksara Jawa. Yogyakarta.

Sinau Basa Jawa, XI-1

Anda mungkin juga menyukai