Anda di halaman 1dari 10

2022/2023

BAHAN AJAR BAHASA JAWA


SERAT WEDHATAMA PUPUH GAMBUH

KELAS XI

Oleh:
Gita Afianti, S.Pd.,M.M.Pd.
SMK Takhassus Al-Qur’an
Bahan Ajar Bahasa Jawa “Serat Wedhatama Pupuh Gambuh”
Kelas XI Semester 2

KOMPETENSI DASAR
Kompetensi dasar yang akan kita capai dalam pembelajaran kali ini adalah:
3.2 Menelaah teks Serat Wedhatama Pupuh Gambuh
4.2 Menanggapi isi Serat Wedhatama Pupuh Gambuh dan menulis syair tembang
Gambuh dengan Bahasa sendiri, serta menyajikannya secara lisan/tulis.

INDIKATOR
Indikator yang akan kita capai dalam pembelajaran kali ini adalah:
3.1.1 Mengidentifikasi struktur dan kaidah tembang Gambuh lisan maupun tulisan.
3.1.2 Mengidentifikasi isi Serat Wedhatama Gambuh
3.1.3 Menyimpulkan pitutur luhur tembang Sinom lisan maupun tulisan.
3.1.4 Menunjukkan relevansi dengan masa kini pitutur luhur tembang Gambuh lisan
maupun tulisan
4.1.1 Menanggapi isi Serat Wedhatama Gambuh lisan maupun tulisan.
4.1.2 Menulis syair tembang macapat Gambuh sesuai dengan struktur dan kaidah yang tepat

TUJUAN PEMBELAJARAN
Melalui kegiatan pembelajaran dengan menggunakan pendekatan saintifik dengan
cara memperoleh informasi dari berbagai sumber belajar, serta menggunakan model
discovery learning dan demonstrasi dengan mengedepankan integritas, gotong royong, dan
menumbuhkan kemandirian, peserta didik dapat menelaah teks Serat Wedhatama pupuh
Gambuh, dan menanggapi isi Serat Wedhatama pupuh Gambuh dengan benar.

PETUNJUK BAGI PESERTA DIDIK


Agar kalian berhasil dalam menguasai materi bahan ajar ini, maka peserta didik:
1. mendengarkan setiap arahan dari dari guru,
2. mengamati dengan seksama media belajar yang akan ditampilkan oleh guru,
3. dapat membaca rangkuman yang telah dibuat dalam bahan ajar ini untuk membantu
pemahaman peserta didik dalam memahami materi,
4. dapat mengajukan pertanyaan apabila kurang mengerti terhadap isi bahan ajar.

1) Fakta:
• Tuladhane serat wedhatama pupuh gambuh
• Maneka warna tembang Gambuh anyar (laras pelog/slendro nganggo
maneka warna pathet karya-karya anyar).
2) Konsep:
• Titikane tembang gambuh, makna, watak tembang Gambuh
• Struktur tembang Gambuh.
3) Prinsip:
• Karakteristik tembang Gambuh
4) Prosedur:
• Urutan nggawe syair tembang Gambuh
• Urutan nyawisake tembang Gambuh.
Bahan Ajar Bahasa Jawa “Serat Wedhatama Pupuh Gambuh”
Kelas XI Semester 2

1. Peta Konsep
Bahan Ajar Bahasa Jawa “Serat Wedhatama Pupuh Gambuh”
Kelas XI Semester 2

Kegiatan Belajar 1

Sadurunge ngancik pasinaon 1, gatekna apa kang diarani tembang macapat,


Gambuh lan tuladhane serat wedhatama pupuh Gambuh ing ngisor iki!

Macapat yaiku salah sawijing kasusastran ana ing budaya Jawa kang
awujud tembang, kamangka tembang iku wujude geguritan (puisi) dudu
gancaran (prosa). Saben pada (bait) kaperang saka pirang-pirang gatra
(baris), dene gatra (baris) kaperang saka pirang-pirang wanda (suku kata).
Ana ing pungkasane gatra (baris) ana swara (vokal) kang tumiba ing
sajrone tetembungan/cakepan (KBBI, 2004: 1423). Miturut akronim
Macapat iku kadhapuk saking tembung maca papat-papat (Sudjarwadi,
1980: 86). Tembang macapat duweni titenan kang beda karo tembang
liyane, yaiku tembang macapat duweni paugeran-paugeran tartamtu
gumantung saka pupuhe (metrum), pramila paugeran-paugeran mau diarani
Guru Lagu, Guru Gatra, lan, Guru Wilangan.

Kamus Pinter :

1. Gatra : Larik/Baris
2. Wanda : Suku Kata
3. Swara : Vokal
4. Pada : Bait

a. Guru Gatra : Cacahing gatra saben sapada.


b. Guru Wilangan : Cacahing wanda saben sagatra.
c. Guru Lagu : Tibaning swara ana ing pungkasane Gatra.
d. Cakepan : Tetembungan utawa unen-unen ana ing sajrone
tembang.
e. Laras : Rasaning swara thingthingane gamelan. Ingkang
kangge
ngraosaken menika talingan.
f. Titi laras : Wilangan kang minangka lelirune utawi gegatine
wilahan
gamelan
Sasmitane tembang Gambuh iku tambuh, embuh, kambuh, jumbuh lan
tembung kang awanda mbuh. Tegese Lanteh. Anggitane Natapraja. Ing
jaman Mataram, digunakake kanggo menehi ngelmu kang kukuh bakuh
(tegas/galak). Watake tembang Gambuh iku supeketing kakluwargan/akrab,
sumadulur. Ngandharake tantangan kang kereng. Cocok kanggo
ngandharake bab-bab kang asipat paseduluran, pitutur, piwulang,
kekarepan. Tembang gambuh nggambarake watak pawongan kang ngancik
dewasa utawa pribadii kang sansaya dewasa, mula isa njumbuhake
kabutuhan lair lan batin, kluwarga, masarakat, lan pribadi karo Gusti.
Bahan Ajar Bahasa Jawa “Serat Wedhatama Pupuh Gambuh”
Kelas XI Semester 2

Ana ing ndhuwur mau, wis diandharake wiwitan, teges, lan paugeran-
paugeran tembang macapat. Ana ing ngisor iki cacahe pupuh saha jinise
tembang macapat miturut sekare miturut Ras (1982: 310) ingkang
dipendhet saking wikipedia.org yaiku.
Metrum Gatra I II III IV V VI VII VIII IX X

Tembang cilik / Sekar alit

Dhandhanggula 10 10i 10a 8é 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a

Maskumambang 4 12i 6a 8i 8a

Sinom 9 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a

Kinanthi 6 8u 8i 8a 8i 8a 8i

Asmarandana 7 8i 8i 8é 8a 7a 8u 8a

Durma 7 12a 7i 6a 7a 8i 5a 7i

Pangkur 7 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i

Mijil 6 10i 6o 10é 10i 6i 6u

Gambuh 4 12u 6a 8i 12a

Tembang tengahan / Sekar madya

Jurudhemung 7 8a 8u 8u 8a 8u 8a 8u

Wirangrong 6 8i 8o 10u 6i 7a 8a

Balabak 6 12a 3é 12a 3é 12u 3é

Gambuh 5 7u 10u 12i 8u 8o

Megatruh 5 12u 8i 8u 8i 8o

Tembang gedhé / Sekar ageng

Girisa 8 8a 8a 8a 8a 8a 8a 8a 8a
Bahan Ajar Bahasa Jawa “Serat Wedhatama Pupuh Gambuh”
Kelas XI Semester 2

Ing ngisor iki bakal kababar tembang gambuh. Coba salah siji siswa
macakake kanthi seru tembang iku, sokur dene anggone macakake kanthi
tetembangan, dene kanca liyane bisa nyemak:

GAMBUH (Sembah Jiwa/Hakekat)

1. Samengko ingsun tutur


Sembah catur supaya lumuntur
Dhihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki
Ing kono lamun tinemu
Tandha nugrahaning Manon
2. Sembah raga punika
Pakartine wong amagang laku
Susucine asarana saking warih
Kang wus lumrah limang wektu
Wantu wataking weweton
3. Inguni uni durung
Sinarawung wulang kang sinerung
Lagi iki bangsa kas ngetokken anggit
Mintokken kawignyanipun
Sarengate elok elok
4. Thithik kaya santri Dul
Gajeg kaya santri brai kidul
Saurute Pacitan pinggir pasisir
Ewon wong kang padha nggugu
Anggere padha nyalemong
5. Kasusu arsa weruh
Cahyaning Hyang kinira yen karuh
Ngarep arep urub arsa den kurebi
Tan wruh kang mangkono iku
Akale kaliru enggon
6. Yen ta jaman rumuhun
Tata titi tumrah tumaruntun
Bangsa srengat tan winor lan laku batin
Dadi nora gawe bingung
Kang padha nembah Hyang Manon
7. Lire sarengat iku
Kena uga ingaran laku
Dhingin ajeg kapindone ataberi
Pakolehe putraningsun
Nyenyeger badan mrih kaot
Bahan Ajar Bahasa Jawa “Serat Wedhatama Pupuh Gambuh”
Kelas XI Semester 2

A. TEMBANG MACAPAT
Tembang macapat yaiku salah sawijining tembang kang ngrembaka ing tlatah Jawa
kang nduweni sawenehing paugeran. Paugeran-paugeran ing tembang macapat iku cacahe
ana telu, yaiku guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan.
Tembang macapat iki ana kang ngarani yen macane papat-papat, kang dimaksud
yaiku macane saben patang wanda (suku kata). Tembang macapat minangka asil saka
kasusastran periodhe sastra Jawa gagrag anyar.
Macapat cacahe ana 11 metrum, yaiku Mijil, Maskumambang, Kinanthi, Sinom,
Asmaradana, Gambuh, Dhandanggula, Durma, Pangkur, Megatruh, lan Pucung. Saben
metrum macapat kasebut nduweni paugeran panulisan lan cara nembangake kang seje. Ing
saben metrum iku nduweni cengkok sing akeh.
Tembang macapat kang cacahe 11 kasebut, siji lan sijine nduweni paugeran lan watak
dhewe-dhewe, yaiku :
No Jinise Tembang Paugeran Watak
1 Mijil 10i, 6o, 10e, 10i, Wetuning rasa, kanggo medharake pitutur, uga kena
6i, 6u kanggo carita gandrungan.
2 Maskumambang 12i, 6a, 8i, 8a Nelangsa, kanggo medharake rasa pangrasa kang
ngeres, nggreges, nalangsa karanta-ranta
3 Kinanthi 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, Seneng, tresna, lan asih, kanggo medharake
8i piwulang carita kang ngemu rasa asmara, gandrung-
gandrung.
4 Sinom 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, Grapyak, renyah, kanggo sesorah, mituturi.
8u, 7a, 8i, 12a
5 Asmaradana 8i, 8a, 8e, 8a, Sedhih, sengsem, prihatin marga ketaman ing rasa
7a, 8u, 8a asmara, kanggo ing carita kang medharake asmara.
6 Dhandanggula 10i, 10a, 8e, 7u, Luwes, resep, lumrahe kanggo bebuka, medharake
9i, 7a, 6u, 8a, piwulang, gandrungan, lan kanggo panutuping
12i, 7a karangan kang sinawung ing tembang.
7 Gambuh 7u, 10u, 12i, 8u, Rumaket, kulina, kanggo medharake pitutur kang
8o rada sereng merga wis keduga, lumrahe nganggo
4basa ngoko, basane wong kang wis kulina raket
sesrawungane.
8 Pangkur 8a, 11i, 8u, 7a, Sereng, kanggo ing carita kang ngemu surasa
12u, 8a, 8i sereng.
9 Durma 12a, 7i, 6a, 7a, Galak, muntab, kanggo medharake rasaning ati
8i, 5a, 7a kang nepsu utawa kanggo ing carita perang.
10 Megatruh 12u, 8i, 8u, 8i, Sedhih kingkin kaworan nglokro, kanggo
8o medharake rasa gegetun pungun-pungun, nelangsa
karanta-ranta.
11 Pucung 12u, 6a, 8i, 12a Kendho tanpa greget saut kanggo ing carita kang
sajak mung sakepenake, tanpa kamempengan.
Bahan Ajar Bahasa Jawa “Serat Wedhatama Pupuh Gambuh”
Kelas XI Semester 2

Tembang macapat kasebut bisa digunakake minangka wakil saka rasa pangrasane
pawongan. Kabeh tembang nduweni paugeran dhewe-dhewe kang digunakake kanggo
ngandharake ancase dhewe-dhewe. Paugeran-paugeran lan watek kang ana ing dhuwur, bisa
dideleng kanthi cetha tujuane dhewe-dhewe saka tembang-tembang kasebut.
Tembang macapat nduweni telung paugeran. Paugeran kasebut yaiku guru lagu, guru
gatra, lan guru wilangan.
Guru wilangan yaiku cacahe wanda saben sagatra,
Guru lagu yaiku tibaning suara ing pungkasaning gatra
Guru gatra yaiku cacahe gatra saben sapada.

B. SERAT WEDHATAMA
Serat Wedhatama yaiku salah sawijining seratan Kanjeng Gusti Pangeran Adipati
Arya Sri Mangkunegara IV. Serat Wedhatama ngandhut piwulang luhur kanggo mbangun
budi pekerti. Serat Wedhatama duwe isi piwulang babagan budi pekerti utawa tumindak
utama.
Serat wedhatama asale saka basa sansekerta, Wedhatama miturut kamus Kawi-
Indonesia karangan L. Mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan
tembung ''Tama'' kang tegese becik. Miturut R. Tanojo tegese tembung ''wedhatama'' yaiku
pepathokaning putra. Dideleng saka tembung ''wedha'' tegese pepakem (patokan) lan tama
utawa utama kang duwe teges anak. Pepathikaning putra tegese pathokan utawa pedoman
kanggo putra lan putrine.
Serat Wedhatama iku salah sawijining seratane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo
(KGPAA) Mangunegara IV kang wujude tembang. Serat wedhatama ngemot tembang 5
pupuh tembang macapat yaiku pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan Kinanthi. Ing
ngisor iki limang pupuh ing serat wedhatama yaiku :
1. Pangkur (14 Pada)
Ana ing serat wedhatama pupuh pangkur duweni piwulang ngelmu kang sempurna,
kang dadi pathokaning kanggo manungsa yaiku babagan sopan santun. Syarat utama kanggo
duweni yaiku ati-ati utawa mawas diri. Manungso kang kasil mawas diri utawa ati-ati
anggone nglakoni urip ana ing alam ndonya bakal tentrem ana ing donya.
2. Sinom (18 Pada)
Bahan Ajar Bahasa Jawa “Serat Wedhatama Pupuh Gambuh”
Kelas XI Semester 2

Babagan pikolehe saka tumindak ngati-ati . tuladhane yaiku Nata mataram Senopati
kang duweni gelar wong agung ing ngeksigondo, tegese salah sawijineng pemimpin teladan ,
sumeh lan tresna marang kawulanelan asring nglakoni pasa, Ananging ora nadohi marang
kawulane.
3.Pocung (15 Pada)
Isine pupuh pocung ana ing serat wedhatama yaiku kawicaksanaan sejati. Kawicaksanaan
sejati ora ketara ana sawijining papan panggonan. kawicaksanaan kasebut kudu kelakon.
Piwulang Panembahan mangkunegara IV yaiku lila lan narima ,legawa utawa lila atine lan
pasrah, sabar tulus ikhlas lan sumarah marang gusti ingkang Maha Agung.
4. Gambuh (35 Pada)
Piwulang kang ana ing pupuh gambuh yaiku rasa sukur marah gusti Allah kang MAha Agung
kanthi suci ing batin, ngadohi watak angkara murkalan sifat ngendel ngendelake, serta tekun
nglaakoni sembayang.
5. Kinanthi (18 Pada)
Ing ngisor iki piwulang ana ing serat wedhatama di ringkes dadi 2 kelompok yaiku :
a. Piwulang kanggo kanoman
- Para kanoman supaya nyinau babagan busana lan sopan santun, mangerteni sumber
ngelmu kang bener supaya ora nduweni sifat angkuh amarga duwe panguwasa
- Disuwun supaya bisa milah-milah kanthi setiti kabeh piwulang supaya bisa nggunakake
ngelmu kasebut kanthi nyocokake papan lan ketrampilan kang diduweni.
- Para muda taruna kasuwun purun budidaya kanggo trisarana urip yaiku wirya, arta,
warsis.
b. Piwulang kanggo wong tuwa
Ngelmu kanggo menehi piwulang marang anake. Kepiye carane milah-milah babagan
ngelmu kang bener. Kepiye carane nglakoni eling marang Gusti Kang Maha Agung. Uwong
kang dianggep tua yaiku uwong kang duweni ngelmu lan paham babagan lelakoning urip.
Dudu wong kang sing luwih tuwa umure. Dadi Serat Wedhatama yaiku ngelmu babagan
kebecikan. Ananging ora mung piwulang kebecikan kang lahire wae uga becik ing lair utawa
batin.
DAFTAR PUSTAKA
https://books.google.co.id/books?id=S_dRDwAAQBAJ&pg=PA4&lpg=PA4&dq=tembang+macapat+ik
u+kaiket+ing+paugeran&source=bl&ots=tBLzFjYjs6&sig=ACfU3U2U93xRYu0JaMQVHzvzvOgb_yCJoA
Bahan Ajar Bahasa Jawa “Serat Wedhatama Pupuh Gambuh”
Kelas XI Semester 2

&hl=id&sa=X&ved=2ahUKEwiHr5Sky9vpAhXMZSsKHUadCRUQ6AEwCXoECAoQAQ#v=onepage&q=te
mbang%20macapat%20iku%20kaiket%20ing%20paugeran&f=false

http://cahayatenggelam.blogspot.com/2015/12/serat-wedhatama-pupuh-1-pangkur-pada-1.html

http://larasatirukmana.blogspot.com/2018/01/serat-wedhatama-wulangan-ii-serat.html

http://sinaunembang.blogspot.com/p/tembang-macapat.html

Anda mungkin juga menyukai