Anda di halaman 1dari 6

I ing ngisor iki ana wangsulan sing bener , pilihen !

1. Sifat utawa wewatakan kang gampang banget nggugune marang guneme wong utawa
dedongegan iku di arani …
a. Purwakanthi d. paribasan
b. Gugon tuhon e. saloka
c. Candra
2. Bethara kala duweni bapa kanthi jeneng ?
a. Dewi uma d. bethara guru
b. Bethari durga e. ismaya
c. Bethari nadara
3. Apa kang dadi panganane bethara kala ing donya ?
a. Bocah sukerta d. woh- wohan
b. Bocah ayu e. lembu
c. Bocah bagus
4. Arjuna duwe panah kanga sale saka ilate bethara kala.
Panah kasebut kaarah panah …
a. Rujak polo d. kalanadah
b. Pasopati e. kalimadasa
c. Kaladite
5. Sapa kang duweni pusaka keris kaladite ?
a. Bethara guru d. arjuna
b. Bethara narada e. adipati karna
c. Bathara kala
6. Bethara kala lan bethari durga manggon ana ing kayangan ?
a. Jodipati d. alas gung liwang Liwung
b. Gandamayit e. alengka
c. Astina
7. ‘’ora kena mangan ing ngarep lawang’’
Gugon tuhon ing dhuwur kalebu tiladha gugon tuhon kang isine …
a. Salugu d. printah
b. Pepeling e. wasita sinandi
c. Pepali utawa wewaler
8. Maksute ukara ‘’ bocah cilik yen mangan kudu entek, menggko mundhak pitike mati.’’ Yaiku …
a. Supaya olehe mangan entek, saegane ora ana sisa
b. Supaya pitike mati kabeh
c. Supaya upane ora kanggo pitik
d. Supaya kandhange ora suwung
e. Supaya segane ora dithotholi pitik
9. Ing ngisor iki kang kalebu wewaler yaiku …
a. Bocah ontang anting
b. Bocah gotong mayit
c. Ing dcesa bojonegoro kedu ora kena nanggap ketoprak kanti lakon alingdarma
d. Bocah kedhana
e. Ora kena nyapu ing wayah wenggi
10. Titikane wewaler kang paling cetha yaiku …
a. Arupa pepeling
b. Menawa diterak dadi bebaya
c. Wujude ing dhaerah siji lan sijine beda
d. Nuhoni cacahing outra ing saben kaluwarga
e. Nuhoni laire bocah
11. Tembung weweler nduweni tembung …
a. Sesirik d. tumindak becik
b. Pitutur e. pengaji-aji
c. Awisan
12. Wewaler iku sejatine awujud … tumrap tumindake manungsa
a. Ajaning e. tata karma
b. Pitutur luhur d. awisan
c. Subasita
13. Dadi anak kudu biso jogo martabat lan drajate uga jeneng wong tuwa, iku kanggo teles unen-
unen …
a. Aja ngunekke budha mundak kuciwa
b. Mikul dhuwur mendhem jero
c. Aja dumeh
d. Aja ngaku wong tuo yen mung sugih bandha lan dhuwur drajate
e. Aja mulan nganggo basa kasar
14. Mamayu hayunin bawana ambrasta dur angkara tegese …
a. Ngupaya kaslametan ,kabgyan ,kantentreman kasajahtraan , ngilangi sipat ala.
b. Njaga bongsa lan Negara saka sipat ala lan nistha
c. Njungjung reaning bongsa lan Negara kanthi ngilangi sipat ala
d. Ati kang ATOS LAN ANGKARA BISA ILANG DENING TUMINDAK WICAKSANA LAN ASIH UGA SABAR
e. Gawe tentreming ati lan ora gawe murkaning liyan
15. Ati kang atos lan angkara murka bisa ilang dening tumindak wicaksana lan welas asih uga sabar.
Iku teges unen-unen ing nisor iki …
a. Alang-alang dudu aling-aling margining kautaman
b. Sapa weruh ing penuju sasat sugih pager wesi
c. Urip iku urup
d. Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti
e. Aja ketungkul marang kalungguhan , kadoyan,lankamareman
16. Tumindak kewanen marang wong tuwa ateges nerak wewaler bab…
a. Kamanungsa d. gusti
b. Kakulawarga e. karokhanian
c. Bandha donya
17. Tumindak korupsi anjalari cepet sugeh kanthi cara ora becik lan ngrugekake Negara, ateges
nerak wewaler marang bab …
a. Bandha donya d. karokhanian
b. Gusti e. kamanungsan
c. Kakulawargan
18. Wong nggarbini / ngandut menawa ana gerhana sregenge/ wulan kudu ngumpet ing longan
dhipan mundhak bayine di mangsa bathara kala. Bab iku kalebu gugon tuhon …
a. Salugu d. kapitadosan
b. Wasita sinandhi e. takhayul
c. Wewaler
19. Manawa lunga ing segara kidul ora kena nganggo klambi warna ijo, mundhak kagawa ombak
amarga dijaluk nyi roro kidul. Bab iku kalebu …
a. Salugu d. kapitadosa
b. Wasita sinandhi e. takhayul
c. Wewaler
20. Wewaler kan kondhang tumrap wong jawa iku di jupuk saka
a. Pepaling ki ageng sela d. pemali ki angeng sela
b. Wewaler urip ki ageng sela e. pepali ki ageng sela
c. Pitutur ki ageng sela
21. Kanthi etimologi gugon tuhon sangking tembung …
a. Guru + an, tuhu+an d. Guga +n, , tuha+n
b. Guru+han , tuhu + han e. Gugo +n, tuhon +n
c. Gugon + an, tuhon +an
22. Gugon tuhon nggadhahi teges …
a. Gampil pitados cariyos ingkang dereng nyata
b. Gampil pitados tahayul
c. Gampil pitados ilmu gaib
d. Gampil pitados ilmu guneman tiyang sanes
e. Gampil pitados kapitadosan
23. Kados dene cariyos kina kalebet gugon tuhon …
a. Salugu d. wasita sinandi
b. Wewaler e. bab melok
c. Mitos
24. Wewaler tembung kramanipun inggih punika…
a. Larangan d. awisan
b. Pepali e. melok
c. Pamali
25. Tegesipun wewaler miturut soetardi soeryohoedoyo inggih punika …
a. Pitutur luhur d. temahan , saru
b. Cepengan agesang e. bab ingkang mboten melok
c. Ajaran, pitedah lan aturan
26. Wewaler ingkang misuhur lan dados falsafah agesang tiyang jawi inggih punika saking …
a.kitanjan Hadiwijaya d.Ki narta sabda
b.soetardi soeryoehudoyo e.Sultan agung
c.Ki ageng selo
27. Cariyos Anglingdarma ing banjar negaro Temanggung mboten angsal dipun andaraken dening
masyarakat saindengipun amargi saget nemahi bahaya utawi pageblug.Bab kalebebet…

a. gugon tuhon wewaler d. ora ilok

b. gugon tuhon salug e.saru

c. gugon tuhon wasita sinandi

28. tansah sokur punapa kemawon ingkang dipun gadhani lan mboten melik dheteng sanesipun
amargi rejeki sapun dipun atur dening ingkkang maha adil. Teges sangking ukara weweler …

a. Aja ngeguknakke wong sugih bandha mundhak kuciwa

b. aja seneng bandha kang ora becik

c. aja lali marang kahanan

e. aja melik darbeke liyan

29. Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti tegesipun …

a. Sadaya sipat awon ingkang gegayutan kaliyan ati naming saged dipun icali kalian
kawicaksanan, andhap asor lan sabar

b. ampun gampil lara ati nalika kengking bebendu , ampun kuciwa nalika kelangan

c. ngendelaken panguwaosipun, bandhanipun lan kasektenipun

d. rumaos paling sadayanipun

e. tansah ngatos-atos lan saking perkawis inkang sampun dipunlampahipun

30. ingkang kalebet wewaler kamanungsa inggih punika …

a. aja mung pinggin menange dhewe kang bisa njalari crahing bongsa lan Negara

b. aja mung ngaku wong tuo lamun wong tuwomu katon sugis lan dhuwur drajate jalaran sira
asale saka wong tuwa nira

c. aja dumeh

d. aja adigang adigung adiguna

e. urip iku urup


31. ingkang kalebet gugon tuhon salugu inggih punika … kajawi …

a. lare wungkus

b. lare uger-uger lawang

c. tiyang gotonmg mayit

d. ampun ngidoni sumur mundak suwing tutukipun

e. lare kedhana – kedhini

32. Menawi wonten gerhana surya tiyang ngandhut kadah mlebet ing longan dipan menawi mboten,
saged dipuncaplok bathara kala. Punika kalebet gugon tuhon …
a. Wasita sinandi
b. Salugu
c. Weweler
d. Bab ingkang saru
e. Mitos
33. Tiyang wonten banyumas mboten angsal kesah ing dinten setu pahing. Miturut cariyosipun : sang
Adipati ing banyumas manggih cilaka tindakan wonten ing dinten setu paing. Sang Adipati lajeng
paring pangandikan dhateng putra wayah sahanpara kawulanipun , supados mboten kekesanan
ing dinten punika. Punika kalebet tulada
a. Wewaler
b. Gugon tuhon wasita sinandi
c. Gugon tuhon salugu
d. Mitos
e. Kapitadosan
34. Ingkang dipun wastani sukretaninggih punika …
a. Reged utawa kotor
b. Cacad
c. Mbekta sial
d. Aneh
e. Lucu
35. Lare sukreta kedah dipunruwat, wonten inkang kedah nanggap wayang, biasanipun lakon wayang
kangge ruwatan inggih punika …
a. Bethari durga
b. Bima wungkus
c. Sinta obong
d. Kresna tandhing
e. Amurwakala
36. Julung caplok tegesipun …
a. Lare ingkang lair kembar
b. Lare inkang seserangan mletheking surya
c. Lare ingkang lair sesarengan angsluping surya
d. Lare ingkang tanpa ari-ari
e. Lare lair mboten mawi ari-ari
37. Bethara kala sejatosipun dewa awujud danawa. Tegese tembung kang kacthetak miring yaiku…
a. Kethek
b. Wektu
c. Putra raja
d. Putra dewa
e. Buta
38. Ramadanipun bathara kala kaaran …
a. Bathara guru
b. Bathara surya
c. Bathara narada
d. Bathara indra
e. Bathara bayu
39. Wondene ibunipun Bathara kala punika …
a. Dewi kunthi
b. Dewi madrin
c. Dewi uma
d. Dewi sumbadra
e. Dewi gendari
40. Paugeran cacahing larik ana ing tembung saben sapadane diarani ..,
a. Tembang
b. Guru gatra
c. Cakepan
d. Irama
e. Cengkok

II

1. Tembung utawa unen-unen kang ana ing sajroning tembang diarani


Wangsalan : …………………………………………………………………………...

2. Tembang kinanthi iku anggitane


Wangsalan : …………………………………………………………………………...

3. Sing diarani geguritan ing basa Indonesia yaiku.


Wangsalan : …………………………………………………………………………...

4. Punapa tegesipun gugon tuhon


Wangsalan : ……………………………………………………………………………

5. Sebataken jinisipun gugon tuhon lan aturana gtuladhane cacah 3 !


Wangsalan : …………………………………………………………………………….

Anda mungkin juga menyukai