Anda di halaman 1dari 26

BAHASA JAWA

I. PILIHAN GANDA
Wenehana tanda X ( ping ) ing aksara A, B, C, D ing jawaban sing paling bener!
1. INDIKATOR :
Disajikan satu bait geguritan siswa dapat menentukan arti kata yang bercetak tebal pada
geguritan tersebut.
MATERI :
Geguritan yaiku puisi basa jawa gagrag anyar ( modern ) kang ora kaiket dening paugeran
( aturan ) sing gumathok. Bebas jumlahe larik ing saben pada ( bait ), bebas jumlahe pada,
lan bebas pilihan tembung kang digunakake. Sing penting isine mentes lan pantes.
Tuladhane geguritan:
Sapu Sada
(Dening: Astuti) No Tembung Tegese
Jumat asri 1 Asri Endah
Resik lan sehat 2 Cancut tali Tumandang
Cancut tali wanda wanda nyambut gawe
Nandur kabecikan 3 Nandur Tumindak becik
kabecikan
Cilik gedhe bagus ayu 4 Ora tinggal Ora mlayu saka
Ora mung padha gumuyu glanggang tanggung jawab
Ora tinggal glanggang colong colong playu
playu 5 Wiyata Lingkungan sekolah
Tumuju adiwiyata murih 6 Crah Tukar padu
rahayu 7 Rukun Urip sing selaras
8 Santosa Kuwat
Crah agawe bubrah 9 Guyub Greget tumindak
Rukun agawe santosa bebarengan
Guyub rukun kaya sapu sada

SOAL
Cilik gedhe bagus ayu
Ora mung padha gumuyu
Ora tinggal glanggang colong playu
Tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah


Rukun agawe santosa
Guyub rukun kaya sapu sada
Ukara kang kacithak kandel ing dhuwur iku tegese . . . .
A. tukar padu gawe bubrah
B. urip sing selaras gawe kuwat
C. ora mlayu saka tanggung jawab
D. duwe greget tumindak bebarengan kaya sapu sada
JAWABAN : A

2. INDIKATOR :
Disajikan teks dialog rumpang, siswa dapat menentukan basa krama yang tepat untuk
melengkapi dialog rumpang tersebut.
MATERI :
Pacelathon tegese padha karo percakapan utawa dialog ing basa Indonesia. Pacelathon
tegese rembugan antarane wong loro utawa luwih ngenani sawenehing bab. Wong jawa yen
pacelathon diatur dening tata karma sing diarani unggah-ungguh basa. Kanthi unggah-
ungguh basa kang trep, kita bisa ngajeni lan nresnani marang wong liya sing diajak
guneman.
Trap-trapane pacelathon:
1. Nemtokake tema
2. Golek informasi babagan sing ana sambung rapete karo tema sing dipilih
3. Nemtokake cacahe pawongan sing kudu melu omong-omongan ing pacelathon
4. Ngrembakake tema sing dipilih dadi ukara
5. Nyusun teks pacelathon kanthi nggunakake tata tulis sing pener lan bener
Tuladhane:
Pakdhe : “ Kok sajak kesusu, arep nyang endi Bim?”
Bima : “ Inggih, tumbas lampu pijar.”
Pakdhe :”Kok gak pilih lampu LED wae.”
Bima :” Pilih ingkang mirah, Pakdhe.”
SOAL
Heru : “ Nuwun sewu, kok njanur gunung nitih sepedhah, Pak. Kenging punapa
mobilipun?”
Pak Bagus:” Mobile apik-aapik wae, mung bapak kepingin sepedhahan.”
Heru :”…………………………..”
Pak Bagus:”Ora, isin iku yen mbolos, telat, ora nggarap PR.”
Heru :” Lajeng menapa tujuanipun Bapak nitih sepedhah?”
Pak Heru:” kanggo njaga kesehatan lan ngulinakake budaya gemi nggunakake energi.”
Jangkepane pecelathon ing dhuwur supaya dadi pener lan bener yaiku . . . .
A. Bapak apa ora isin?
B. Bapak apa ora lingsem?
C. Bapak punapa mboten isin?
D. Bapak punapa mboten lingsem?

JAWABAN : D
PEMBAHASAN : amarga kita yen guneman marang wong tuwa kudu nganggo basa krama
alus

3. INDIKATOR :
Disajikan teks penggalan cerita rakyat, siswa dapat menentukan latar cerita yang
terkandung dalam bacaan.
MATERI :
Crita rakyat yaiku crita jaman biyen sing tuwuh lan ngrembaha ing masyarakat kanthi turun-
tumurun digethok tularake lumantar lesan.
Crita rakyat duwe titikan:
1. Ora diweruhi sapa sing ngarang
2. Panyebarane kanthi lesan
3. Sugih cakrik utawa variasi,
4. Sipate tradisional
Ing Jawa Timur meh saben daerah duweni crita rakyat. Crita rakyat sing kondhang yaiku:
Asal-usul Guwa Ngerong, Calon Arang. Asal-usul Telaga Ngebel, Asal-usul Surabaya,
Andhe-andhe lumut, Asal-usul Gunung Kelud, lan isih akeh maneh crita rakyat liyane.
Unsur intrinsik crita rakyat:
1. Tema ( gagasan pokok sing dadi dhasar dumadine crita )
2. Latar ( andharan babagan wektu, kahanan, lan papan dumadine crita )
3. Pesan moral/ amanat ( pitutur luhur sing bisa kapethik saka crita )
4. Paraga lan watake ( sapa sing dicritakake lan kepriye watake )
5. Alur ( Urutan dumadine crita )
SOAL
Legenda Sangkuriang
Ing jaman mbiyen, iki cerito seko putri rojo ing Jawa Barat sing jenenge Dayang Sumbi.
Dheweke duwe putro lanang jenenge Sangkuriang. Bocah iku seneng banget mburu.
Dheweke mburu dikancani Tumang, asu favorit istana. Sangkuriang ora ngerti yen asu iku
minangko titisane dewo lan ugo bapake.
Ing sawijining dino, Tumang ora gelem nuruti printahe kanggo mburu kewan. Dadi,
segawon utowo asu mau dibuwang neng alas. Naliko bali neng istana, Sangkuriang
nyritakake kedadenan iku marang ibune.
Dayang Sumbi nesu lan keciwo naliko krungu critane kui mau. Ora disengojo dheweke
nyabet sirahe Sangkuriang nganggo sendok pari sing dicekel.
Latar sing ana cuplikan crita rakyat ing dhuwur yaiku . . . .
A. istana lan pasar
B. istana lan alas
C. tumang lan kraton
D. alas lan bengi
JAWABAN : B
PEMBAHASAN:
Papan utawa panggonan sing ana ing crita rakyat Sangkuriang yaiku alas lan istana ora
nunjukake wektu lan kahanan

4. INDIKATOR :
Disajikan satu paragraf teks deskripsi, siswa dapat menentukan kalimat utama pada paragraf
tersebut.
MATERI
Teks dheskripsi yaiku tulisan sing gagasan pokoke diandharake kanthi cara nggambarake
objek, panggonan, utawa kedadean nganti sing maca rumangsa kaya nyawang, ngrungokake,
ngrasakake utawa ngalami dhewe objek sing digambarake panulis.
SOAL
Bima melu adu ngumbulake layangan. Layangane Bima wangune kaya kupu, swiwine
digambari kembang rupa abang, wungu, lan ijo. Sirahe dirupa ireng ana galer-galere coklat.
Buntutane nglewer dawa diwerna putih belang ireng. Layangane Bima wes suwe mumbul
gleyang-gleyong ing angkasa. Yen disawang kaya ula nyunggi kupu-kupu. Sing ndeleng
padha keplok-keplok. Pengetan dina pramuka tahun iki katon rame lan nyenengake.
Sing dadi ukara inti paragraph ing dhuwur yaiku . . . .
A. Bima melu adu ngumbulake layangan.
B. Sirahe dirupa ireng ana galer-galere coklat.
C. Yen disawang kaya ula nyunggi kupu-kupu.
D. Pengetan dina pramuka tahun iki katon rame lan nyenengake.
JAWABAN : A
PEMBAHASAN :
Amarga sing digambarake neng teks melu adu ngumbulake layangan, ukara liyane dadi
ukara penjelas
5. Indikator :
Disajikan satu paragraph teks narasi, siswa dapat menentukan gagasan pokok pada
paragraph tersebut.
Materi :
Teks narasi yaiku teks wacan kang isine ngandharake utawa nyritakake kedadean kanthi
runtut saka wiwitan nganti pungkasan, utawa kronologis. Wong kang maca teks narasi
kaya ngalami dhewe kedadean kang diandharake.
Gagasan pokok yaiku ukara penting kang dibahas nang pargraf
Struktur teks narasi :
1. Alur : urutane kedadean
2. Paraga lan watake penokohan : kang ngalami kedadean
3. latar : wektu, papan, lan swasane kedadean
Contoh soal :
Gatekno teks ing ngisor iki !
Uwuh utawa sampah tambah dina ora sudo nanging tansaya tambah nganti matikel
– tikel. Kahanan mau bisa didelok ana sakiwa tengene awa e dhewe. Uwuh mumbruk ing
ngendi – ngendi nyepeti mripat ambune nduleg irung, amis campur basin. Uwuh plastik
pating kleler ing sadhengah papan. Bisa dibayangke piye kahanan bumi iki mbesuke, yen
uwuh ora dikelola kanthi becik.
Ukara ing ngisor iki kang mujudakake ukara inti saka paragarap ing dhuwur yaiku ….
A. Uwuh mumbruk ing sadhengah papan
B. Uwuh ora dikelola kanthi becik
C. Uwuh plastik kleler ing sadhengah papan
D. Uwuh ambune amis campur basin
Jawaban : A
Amarga inti saka paragraph ing dhuwur yaiku uwuh ing sadhengah papan banjur ora
dikelola akhire mumbruk.

6. Indikator :
Disajikan sebuah paragraph teks deskripsi, siswa dapat menentukan arti kata dari
paragraph tersebut.
Materi :
Teks Deskripsi yaiku menehi gambaran samubarang marang kang maca, nganti sing maca
kaya ngrasakake, nyawang, ngrungokake, lan ngalami dhewe.
Struktur teks dheskripsi
1. Idhentifikasi : obyek, panggon, utawa barang kang diandharake kanthi umum
2. Klasifikasi ; ngandharake bagean – bageane obyek
3. Deskripsi Bagean ; ngandharake bagean bagean kanthi rinci
Contoh Soal :
Omahku cilik, cekli tur resik. Swasana ing omahku ayem tentrem. Ing omah aku karo bapak,
ibu lan adhiku. Amarga batihe cacah papat, mula diarane catur warga. Omahku pancen
prasaja, nanging kanggoku wis apik tur nyenengake. Ing pekarangan ngarep omah ana
tanduran pelem, jambu, jeruk, lan rambutan. Mulane omahku katon ayom. Ing ngisor wit
pelem ana dhompal nggo lungguhan. Ing tritis teras ditanduri kembang mawar lan krokot.
Omahku pancen prasaja, nanging kanggoku wis apik tur nyenengake.
Tembung prasaja tegese . . .
A. Jujur
B. Ngapusi
C. Sederhana
D. Apik
Jawaban ; C
Prasaja artine jujur, sederhana, apik
Miturut konteks kalimate diplih sederhana

7. Indikator :
Disajikan penggalan berita actual, siswa dapat menentukan isi berita tersebut.
Materi
Pawarta iku kedadeyan kang nyata.
Pawarta kanggone wong yaiku andharan ngenani kedadean manungsa kang perlu diweruhi
Pawarta kanggone layang kabar yaiku andharan, katrangan, utawa njlentrean kang
dibutuhke masyarakat
Pawarta kudu bisa mangsuli pitakon – pitakon kayata apa, sapa, kapan, ing endi, nyapa, lan
kepriye
Jenise pawarta :
1. Adhedasar isine : pawarta bab pendidikan, politik, agama lan sapanunggale
2. Adhedasar sumber e : fakta ( kedadean langsung ), opini ( wong kang ngalami
sawijining kedadean ), campuran ( kedadean lan panemune nara sumber kang ahli ing
bab kedadean tersebut )
3. Adhedasar bobote fakta
4. Adhedasar sumebare pawarta : lokal, regional, nasional, internasional

Contoh Soal :
Banjir lan udan dikantheni angin gedhe kelakon ing dusun Timur, Desa Jalmak,
Kecamatan Kota Sampang, Jawa Wetan. Bencana mau ngobrak – ngabrik tanduran parine
pak tani.
Apa kang dirembug ing pawarta kasebut ?

A. Banjir lan udan dikantheni angina ing dusun Timur


B. Kedadeyan ing Kecamatan Kota Sampang
C. Panen pari ing Kecamatan Kota Sampang gagal
D. Banjir lan udan dikantheni angin ing dusun kota Jalmak

Jawaban : A

8. INDIKATOR : disajikan sebuah kalimat,siswa dapat menentukan tembung camboran


tugel pada kalimat tersebut
MATERI. :. Gaya Bahasa
Ringkasan Materi.
Tembung Camboran yaiku : Tembung loro kang digandheng dadi siji, lan duwe teges
anyar.
Tembung Camboran iku cacahe ana telu ( 3 )
1. Camboran wutuh, tuladhane : Sambel goreng, kacamata, nagasari, bapa biyung,
bala pecah, Lyy.
2. Camboran Tugel, tuladhane : lung lit, bulik, paklik, pakdhe, kosik, bangjo, kotcuk,
dhewur,lyy.
3. Camboran Tunggal, tuladhane : wayang kulit, meja tulis, piring beling, pitik walik,
jamur kuping, lyy.
SOAL
Dhanu wus suwi lara wetenge. Merga ora gelem mangan sega, senengane ngemil jajan
sing ora mirasa. Saben dina sing dituku jajanan pinggir dalan sing rasane akeh bumbu
masak lan caos. Mulane awake Dhanu ora isa seger, praupane pucet, kuru banget, kari
lunglit.
8. Tembung lunglit tegese . . . .
A. balung kulit B. balung gedhe C. lungguh jinjit D. balung cilik

Jawaban : A
Pembahasan : Lunglit tegese balung kulit ( kuru banget )

9. INDIKATOR :. Disajikan cerita pewayangan Pandhawa, siswa dapat


menentukan pesan moral dari cerita. tersebut
MATERI. :. Cerita Pewayangan / topeng dhalang.
.
SOAL
Wacanen crita Wayang Pandhawa ing ngisor iki !
Pandhawa Lima
Pandhawa iku cacahe ana lima, mula terus kiprah diarani Pandhawa Lima. Puntadewa iku
yaa Yudistira minangka putra pambayun ( mbarep , watake ambeg darma lan nriman ing
pandum sarta adoh ing hawa kamurkan. Putra kang nomer loro, yaiku Raden Werkudara,
iku karam Bima Sena, gedhe dhuwur lan gagah prakosa. Raden Janaka karan Kumbang
Ali-Ali, iku putra nomer telu, kang kondhang ganthenge, prigel, lan trampil manah,
Raden Janoko minangka panengahe Pandhawa. Dene Nakula lan Sadewa mujudake
Satriya kembar kang uga duwe watak utama, ambeg darma, lan luhur bebudene. Cethane
Pandhawa lima iku watak lan tindak- tanduke kena kanggo tepa patuladhan para kawula
mudha.
9. Watake Pandhawa Lima bisa kanggo patuladhane . . . .
A. para dewasa B. para leluhur C. para sesepuh D. para kawula mudha

JAWABAN : D
PEMBAHASAN. : Para kawula mudha iku padha karo sinoman,mudha lan mudhi

10. Indikator
Disajikan kalimat sederhana dengan aksara jawa yang mengandung pasangan.
Siswa dapat menentukan penulisan huruf latinnya!
Materi
Huruf jawa dan pasangannya

Tembung yen ditulis lathin unine….


A. Pinter nembang
B. Pinter nari
C. Pancen jegeg
D. Pancen joget
JAWABAN: A

11. Indikator
Disajikan teks informasi dengan tema kepahlawanan, siswa dapat menentukan judul
( irah-irahan ) dari teks informasi yang tersedia.
Materi
Teks informasi yaiku teks awujud laporan ngenani sawijining kahanan utawa kedadean
kang lagi wae dumadi.
SOAL
Wacanen sing titi ( kanggo garap soal nomer 11 lan 12 )
Ki Hajar Dewantara miyos ing tanggal 2 mei 1889 ing Yogyakarta. Nalika isih timur
asmane Raden Mas Sawardi Suryaningrat. Sawise ngrampungake pasinaone ing Sekolah
Rakyat, Ki Hajar Dewantara banjur nerusake sekolah STOVIA ing Jakarta. Nangging ing
sekolah iki ora nganti tutug.
Irah-irahane crito ing duwur yaiku…
A. Ki Hajar Dewantara
B. Miyose Ki Hajar Dewantara
C. Ki Hajar Dewantara naliko isih timur
D. Ki Hajar Dewantara mios tanggal 2 mei 1889
Kunci Jawaban : A

12. Indikator
Disajikan sebuah paragraf teks informasi tentang kepahlawanan, siswa dapat menjelaskan
kalimat utama pada paragraf tersebut.
Ki Hajar Dewantara miyos ing tanggal 2 mei 1889 ing Yogyakarta. Nalika isih timur asmane
Raden Mas Sawardi Suryaningrat. Sawise ngrampungake pasinaone ing Sekolah Rakyat, Ki
Hajar Dewantara banjur nerusake sekolah STOVIA ing Jakarta. Nangging ing sekolah iki
ora nganti tutug.
Kalimat utama paragraf ing duwur yaiku
A. Ki Hajar Dewantara
B. Miyose Ki Hajar Dewantara
C. Ki Hajar Dewantara naliko isih timur
D. Ki Hajar Dewantara mios tanggal 2 mei 1889
Kunci Jawaban : D

13. INDIKATOR :
Disajikan tembang Pangkur, siswa dapat menentukan antonim yang tepat dari kata yang
dicetak tebal dalam tembang tersebut.
Materi :
Tembang kosok balen ing basa Indonesia biasane disebut lawan kata utawa antonim.
Tembung kosok balen yaiku tembung sing duwe arti kewalikan karo tembung liyane.
Tuladhane : teka kosok baline lungo, waras kosok baline lara.
Lelandhesan Pancasila,
Ya Bhineka Tunggal Ika puniki,
Nyata kaesti satuhu,
Pranataning agama,
Seni, sastra lan budaya adiluhung,
Dadi jatidhiri bangsa,
Indonesiaku yekti.
SOAL

Tembung yekti sing kacetak kandel ana ing tembang duwur kosok baline . . . .
A. Nyata C. Apus-apus
B. Bener D. Tenanan
Jawab : C. Tembung yekti iku nduweni arti nyata sing kosok baline apus-apus.

14. INDIKATOR:
Disajikan sebuah paribasan, siswa dapat menentukan arti dari paribasan tersebut.

Ringkasan Materi
Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar (kiasan) lan ora
ngemu surasa pepindhan. Sing mbedakake antarane paribasan kalawan bebasan lan saloka
yaiku paribasan nggunaake tembung wantah utawa kosakata murni. Miturut fungsine
paribasan ono 3 yaiku :
1. Kanggo Nasehati
2. Kanggo Negur
3. Kanggo Menyindir
Contoh Tembung Paribasan yaiku :
1. "Ana catur mungkur", tegese ora gelam ngrungokake rekasaning liyan kang ora prayoga.
2. "Becik ketitik ala ketara", tegese tumindak becik lan tumindak ala bakal ketara tembe
mburine utawa dititeni tembe mburine.
SOAL
“Anak Polah, Bapa Kepradhah”
14. Miturut Paribasan ing duwur kui, teges e “Anak Polah” yaiku....
A. Bocah ora iso meneg. C. Bocah kang tumindake ora prayoga.
B. Bocah kang kakehan polah. D. Bocah kang akeh tumindake.
JAWABAN : C. Bocah kang tumindake ora prayoga.

15. INDIKATOR:
Disajikan penggalan cerita tentang situasi/keadaan sesuatu, siswa dapat menentukan
pepindhan yang tepat untuk menanggapi cerita tersebut.

Ringkasan Materi
Pepindhan yaiku unen-unen ing basa Jawa kang orang ngemu surasa kang sejatine. Ing
basa Indonesia karan pengandaian. Tembung pepindhan ing pacelaton padinan lan
babahan liane biasae digunake kanggo panyandra opo wae sing ditemoni. Artine,
pepindhan iku iso digunake kanggo panyandra sifate, warnae, jumlahe lan rupone
menungso utowo barang. ciri-ciri tambung pepindhan yaiku:
 Biasane nganngo tembung : kaya, lir, pindha, kadya, umpamane  dll
 Pepindhan sering digunake kanggo pacelaton paninan lan panyondro sajroning
babagan sing wigati (Sering dipakai dalam percakapan sehari hari dan kalimat
pengandaian dalam mengisi event resmi)
 Ngemu basa kiasan
 Makna utowo artine tembung lan ukara ora disampekake langsung
 Sering digunake babagan sastra.
Tuladha pepindhan yaiku salah sijine: ruruhe, (wong lanang) kaya Raden Janaka tegese
wong kang bagus rupane. Bagus rupane diumpamake Raden Janaka ingkang sampun
dikenal masarakat salah sijining pandawa sing paling bagus rupane.
SOAL
“Ana sawijine deso kang lagi dadi omongan e para kawula, Amargi ing deso kui ana
kembang desa putrine pak lurah sing jeneng e Sinta. Sinta iku ayu banget, sampek
wong wedok wedok neng deso kui yo gumun karo meri menyang ayune sing
diduweni Sinta. Kejaba iku yo okeh wong lanang sing sampek teko jobo deso njajal
nglamar Sinta amargo ayune sing ora umum.”
Miturut cuilan cerito neng duwur kui, Pepindhan sing cocok kanggo Sinta yaiku ....
A. Ayune pol.
B. Ayune kaya Dewi Ratih.
C. Sinta ayu banget.
D. Ayune Sinta sing ora umum.
JAWABAN : B. Ayune kaya Dewi Ratih

16. INDIKATOR:
Disajikan sebuah cangkriman, siswa dapat menentukan arti (batangan) cangkriman
tersebut.
Ringkasan Materi
Cangkriman yaiku unen-unen kang tetep panggonane lan kudu dibatang utawa mbutuhake
wangsulan lan ugo diarani bedhekan utawa batangan. Cangkriman asalipun saking
tembung 'cangkrim' ingkang tegesipun 'bedhek, badhe, batang, cape', tembungipun
samangke teka-teki. Miturut jenis e cangkriman iku ana 4 yaiku : Cangkriman
Wancahan, Cangkriman Tembang, Cangkriman Pepindhan, Cangkriman Blenderan.
SOAL
Suryo : “Aku nduwe bedekan apik mat”
Mamat : “Apa sur kene tak bedek e, aku endak nek bedek bedekan”
Suryo : “Gajah numpak becak ketok apane”
Mamat : “.......”
Teko omong-omongan e bocah loro neng duwur kui, jawaban bener sing kudu diomongne
mamat yaiku....
A. Ketok telalene. C. Ketok Kupinge.
B. Ketok sikile. D. Ketok Ngapusine.
JAWABAN : D. Ketok Ngapusine

17. INDIKATOR:
Siswa dapat menentukan kata yang tepat untuk melengkapi cangkriman.
Ringkasan Materi
Cangkriman
Cangkriman yaiku unen-unen kang tetep panggonane lan kudu dibatang utawa mbutuhake
wangsulan lan ugo diarani bedhekan utawa batangan. Cangkriman asalipun saking
tembung 'cangkrim' ingkang tegesipun 'bedhek, badhe, batang, cape', tembungipun
samangke teka-teki. inising cangkriman kabedakaken wonten sakawan, inggih punika;
Cangkriman Wancahan, Cangkriman Blenderan, Cangkriman Pepindhan,
Cangkriman Tembang
Tuladaning cangkriman yaiku :
1. "Burnas kopen", yaiku; Bubur panas kokopen.
2.  "Pitik walik saba meja", = sulak/ kemoceng.
SOAL
“Pakboletus : Tapak Kebo ana lelene .....”
Ukara sing pas gawe njangkepi cangkriman neng duwur yaiku ....
A. Siji.
B. Sepuluh.
C. Satus.
D. Sewu.
JAWABAN : C. Satus

18. INDIKATOR
Disajikan teks cangkriman, siswa dapat mbedek (menjawab) isi cangkriman.
Materi : Cangkriman sing sinawung tembang pocung.
SOAL
Bapak pocung ngarep sungu ana lampu
Ombe nira bensin
Bisa mlayu yen diunter
Akeh uwong kanggo nyambut gawe
Batangane tembang pocung ing nduwur yaiku . . . .
A. mobil C. motor
B. HP D. traktor
Kunci Jawaban: C. motor
19. Indikator
Disajikan teks pidato, siswa dapat menentukan isi dari teks pidato yang tersedia.
Materi : Pidhato Resmi
Pidhato resmi yaiku, pidhato kang diwedharake ing pasamuan resmi utawa formal.
Tuladha : - Pidhato Kenegaraan.
- Pidhato Dini Kamardikan.
- Pidhato Dino Pendhidhikan.
- Pidhato Perpisahan utawa Purwawiyata lan liya-liyane.
Titikane pidhato resmi yaiku, kahanane resmi utawa dhines intonasine dhatar, ukarane
jangkep, migunakake basa baku.
Setitekna pidhato ing ngisor iki !
Assalamu 'Alaikum Wr. Wb.
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak-Ibu Guru ingkang satuhu
luhuring budi lan rencang-rencang kelas 6 ingkang kula tresnani.
Mangga kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung,
ingkang sampun maringaken sedaya nikmat lan kewarasan dateng kita sedaya dumugi sak
menika kita sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak menika.
Kula, wakil saking rencang-rencang kelas 6 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-
agengipun kagem Bapak/Ibu Guru ingkang sampun nggulawentah mboten keraos kula lan
rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten
ing adicara menika, kula piyambak saha rencang-rencang nyuwun agenging pangapunten
sangking Bapak/Ibu guru amargi wonteng ing enem warsa ngangsu kawruh wonten
pawiyatan mriki kula lan sak rencang sedaya menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengaja
lan mboten disengaja. Mugi-mugi Bapak/Ibu guru kersa ngapuntenaken sedaya kelepatan kula
lan rencang-rencang.
Kadosipun sampun cekap anggenipun kula matur. Bilih menawi wonten kalepatan
kula nyuwun agenging pangapunten.
Wassalamu 'Alaikum Wr. Wb.
SOAL
Manut teks ing nduwur isine pidhato yaiku . . . .
A. Puji syukur dhumateng Gusti ingkat Maha Agung.
B. Kanthi perwakilan, siswa-siswa kelas 6 ngucapake rasa maturnuwun lan pangyuwunan
pangapura marang Bapak/Ibu guru.
C. Rencang-rencang kelas 6 sareng-sareng ngawontenaken acara perpisahan wonten sekolahan.
D. Siswa-siswa kelas 6 ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki sampun enem tahun.
Kunci Jawaban : B
20. INDIKATOR
Diisajikan teks pidato, siswa dapat menentukan tema yang tepat pada teks pidhato yang
tersedia.
Materi : Teks pidato ing ndhuwur.
SOAL
Tema pidato utawa pokok masalah sing dibahas ana teks pidato ing nduwur yaiku . . . .
A. Purwawiyata kelas 6
B. Pengetan wiyosipun kelas 6
C. Ngangsu kawruh
D. Ambal warsa sekolah

Kunci Jawaban : A
21. Indikator :
Disajikan beberapa sandangan, siswa dapat menuliskan aksara latin menjadi aksara Jawa
dengan menggunakan sandhangan yang tepat.
Materi
Aksara jawa cacahe ana 20. Dene supaya muni swara liyane, kudu diwenehi sandhangan.
Sandhangan iku ana telung warna yaiku sandhangan swara, sandhangan panyigeg wanda
lan sandhangan wyanjana.
Sandhangan swara

Sandhangan panyigeg wanda

Sandhangan Wyanjana

22. Indikator :
Disajikan kalimat rumpang, siswa dapat menuliskan kata yang bersissipan pada kalimat
tersebut.

Materi
Tembung yaiku rerangkene swara kang metu saka tutuk kang ana tegese lan dingerteni
surasane. Tembung ing basa Jawa bisa dibedakne dadi :
1. Tembung wod
Yaiku tembung sakecap apa sawanda ( suku kata ) sing wes duwe teges apa surasa
Tuladha : byak, tir, ring, cis, rong, bleng, cet, pil, bom
2. Tembung lingga
Yaiku tembung kang isih wutuh kang durung oleh tambahan apa apa
Tuladha : tangi, angkut, katon, bali
3. Tembung andhahan
Yaiku tembung sing wis owah saka asale amarga wes oleh ater ater, seselan utawa
panambang.
Contoh Soal
Ibu nyawisake dhaharan kanggo Bapak. Tembung nyawisake yen diudal manut tembung
linggane yaiku ….
Jawaban :
Ate rater ny - + cawis + panambang ake

23. INDIKATOR. :. Disajikan sebuah tembang macapat, siswa dapat menentukan nama / jenis
tembang macapat.
Materi. : Tembang macapat
Tembang Macapat iku cacahe ana sewelas ( 11) yaiku :
Tembang Mijil, Sinom, Maskumambang, Pangkur, Kinanthi, Asmorondono, Durma,
Megatruh, Dhandhang gula, Gambuh, Pucung.
Tembang Macapat kuwi manggon ana ing guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
Guru lagu gatra kuwi cacahe larik saben sapada.
Guru wilangan kuwi cacahe wanda saben sagatra
Guru lagu kuwi tibane swara ing pungkasing gatra.
Tuladhane : Tembang Guru gatra Guru wilangan lan Guru lagu
Mijil 6 : 10 i, 6a, 10e, 10i, 6i, 6u.
Sinom 9 : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a.
Maskumambang 4 : 12i, 6a, 8i, 8a.
Pangkur 7 : 8a, 11i, 8u,7a, 12u, 8a, 8i.
Kinanthi 6 : 8u, 8a, 8a, 8i, 8a, 8i.
Durma 7 : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 8a, 8i.
Dhandhanggula 10 : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a,12i, 7a
Gambuh 5 : 7u, 10a,12i, 8u, 8a
Pocung 4 : 12u, 6a, 8i, 12a
Asmarandana 7 : 8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a.
Megatruh 5 : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
SOAL
Wacanen tembang ing ngisor iki !
A. Bocah – bocah dha sekolah,
Wiwit biyen nalika isih cilik,
Sregepa anggolek ilmu ,
Ngrungokake parentahe para guru,
Lan bisa ngerti agama,
Agama ngarsaning Gusti.

B. Bapak Pucung,
Dudu watu, dudu gunung,
Asalmu saka Sebrang,
Titihanne pra Bupati,
Yen lumaku, Si pucung lembehan grana .

23. Tembang ing dhuwur aranana jinise !


No Jinise Tembang Macapat Bener Salah
1 Pangkur
2 Gambuh
3 Pucung
4 Maskumambang

JAWABAN, 1 BENER
3 BENER
Pembahasan : Tembang Pangkur ana 7 gatra, guru wilangan lan guru lagune
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
Tembang Pucung ana 4 gatra, guru wilangan lan guru lagune
12a, 6a, 8i, 12a.
24. Indikator
Disajikan gambar salah satu tokoh Pandhawa, siswa dapat menuliskan nama tokoh
tersebut.
Materi
Pandhawa yaiku Anak 5 Lanang Kabeh
Gambar tokoh Pandhawa
Puntodewa Werkudara Arjuna Nakula Sadewa

SOAL
Coba gathukna nganggo panah gambar Pandhawa ing ngisor iki!

Arjuna

Puntadewa

Werkudara
Kunci Jawaban

Arjuna

Puntadewa

Werkudara

25. Indikator
Siswa dapat menuliskan aksara latin menjadi aksara jawa dengan menggunakan
pasangan Sa
Materi

Wujude pasangan Sa Aksara jawa yaiku pasangane


SOAL
Coba gatukno nganggo panah tulisan latin karo tulisan jawa ing ngisor!
Tulisan latin Tulisan jawa
iwak sapi

mangan sukun

papan sawah

Kunci jawaban
Tulisan latin Tulisan jawa
iwak sapi

mangan sukun

papan sawah

II. PILIHAN GANDA KOMPLEK


26. INDIKATOR :
Siswa dapat menentukan kalimat tanya dari jawaban yang tersedia berdasarkan teks
informasi tersebut.
Materi :
Tembung pitakon iku kanggo nakokake babagan apa wae sing pingin diweruhi. Gawe
tembung pitakon isa migunakake ukara apa, sapa, pira, ing ngendi, kapan, geneya, lan
kepriye.
Tembung pitakon uga isa digawe sing jawabe wis cumawis ana teks informasi. Contone :
............
Porang yaiku tanduran jenis pala pendhem saha spesiese sing jeneng latine
Amarphophallus Muelleri. Porang uga diarani iles-iles, suweg, lan walur. Tandungan porang
sejatine tanduran lawas, nanging lagi populer ing masyarakat wektu iki, amarga cerita sukses
petani saka nandur porang. Akeh petani sing dadi jutawan utawa miliarder amarga
mbudidayakna tandungan iki. Salah sawijine petani porang sing sukses saka desa Kepel,
Jawa Timur, dadi miliarder amarga kasil bisnis ekspor porang.
..............
Pilihan Ganda Kompleks
Wenehana tandha centhang () pitakon ngisor iki, sing jawabe ana ing cuplikan teks
informasi !
▭ Tanduran porang uga bisa diarani apa ?
▭ Tabduran porang iku sejatine tanduran lawas ?
▭ Geneya akeh petani sing dadi jutawan utawa miliarder ?
Jawab :
Kotak ke 1 lan 3. Jawaban iku wis jelas amarga kotak ke 1 jawabane iles-iles, suweg, lan
walur. Jawaban kotak ke 3 amarga mbudidayakna tanduran porang.

27. INDIKATOR
Disajikan tembang Sinom, siswa dapat menentukan guru wilangan dan guru lagu dalam
tembang tersebut.
Materi :
Titikane tembang macapat kuwi manggon ana ing guru gatra, guru wilangan, lan guru
lagu. Guru gatra kuwi cacahe larik saben sapada. Guru wilangan kuwi cacahe wanda
saben sagatra. Guru lagu kuwi tibane swara ing pungkasaning gatra.
SINOM
Sun iki dutaning nata
Prabu kenya Majapahit
Kekasih Damar Sasangka
Atma mantune ki patih
Magang anyar awak mami
Lah ta bisma praptaningsun
Ingutus Sang Narpindah
Kinen mocok murdantaji
Marmaningsun ingutus ywa mindho karya
Pilihan Ganda Komplek
Wenehana tanda centhang () ana ing ukara sing bener !
▭ Guru wilangan lan guru lagu larik 1, 2, lan 3 yaiku 8u – 8i – 8a
▭ Guru wilangan lan guru lagu larik 4, 5, lan 6 yaiku 8i – 8i – 8u
▭ Guru wilangan lan guru lagu larik 7, 8, lan 9 yaitu 7a – 8i – 12a
Jawaban :
Yang dicenthang kotak ke 2 dan 3.
Kotak 2 lan 3 guru wilangan lan guru lagune wis jelas, pada karo cara nek nggoleki yaiku
8i – 8i – 8u (larik 4, 5, 6) lan 7a – 8i – 12a (larik 7, 8, 9).
28. INDIKATOR:
Siswa dapat melengkapi kalimat rumpang dengan paribasan yang tepat.
Ringkasan Materi
Paribasan yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar (kiasan) lan ora
ngemu surasa pepindhan. Sing mbedakake antarane paribasan kalawan bebasan lan saloka
yaiku paribasan nggunaake tembung wantah utawa kosakata murni. Miturut fungsine
paribasan ono 3 yaiku :
1. Kanggo Nasehati
2. Kanggo Negur
3. Kanggo Menyindir
Contoh Tembung Paribasan yaiku :
1. "Ana catur mungkur", tegese ora gelam ngrungokake rekasaning liyan kang ora prayoga.
2. "Becik ketitik ala ketara", tegese tumindak becik lan tumindak ala bakal ketara tembe
mburine utawa dititeni tembe mburine.
SOAL
Berikanlah tanda centang pada jawaban yang benar dan tanda silang di jawaban yang salah
“Andi karo Dodi melu lomba batminton. Cah loro kui dadi sak tim podo podo semangat
lan tenanan lek main ora sio sio Andi lan Dodi iso menang juara 2. Nanging pas
penyerahan hadiah Andi ora iso teko dadi sing teko Dodi dewe lha akhir e hadiah sing
kudune Andi yo oleh malih Dodi tok sing oleh.”
28. Teko cerito neng duwur kui kisah e Andi nek di Paribasan yaiku ....
PERNYATAAN BENAR SALAH
GUPAK PULUT ORA MANGAN NANGKANE
NJAGAKNE ENDOGKE BLOROK
URUNAN TAPI GAK MANGAN
MELU TANDUR RAMELU NGUNDUH

JAWABAN : Gupak Pulut Ora Mangan Nangkane., Melu Tandur Ramelu Ngunduh.,
Urunan Tapi gak Mangan

KD. 3.4 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks lisan dan tulis berbahasa daerah
yang memuat cangkriman / tebak-tebakan.
29. INDIKATOR
Siswa dapat menentukan cangkriman yang paling tepat berdasarkan arti (batangan) yang
disajikan.
Materi : Cangkriman yaiku unen-unen sing kudu dibedhek utawa dibatang.
Cangkriman ana 4.
1. Cangkriman sing wujude wancahan (cekaan)
2. Cangkriman sing wujude pepindhan (irip-irip)
3. Cangkriman sing wujude plesetan
4. Cangkriman sing sinawung tembang
Pilihan Ganda Komplek
Pasangna cangkriman lan batangane kang cocok kanthi menehi garis !
A. Sego sakepel dirubung tinggi  A geni
B. Dikethok malah dhuwur  B nanas
C. Pitik walik saba kebon  C celana
D. Yen cilik dadi kanca yen gedhe dadi mungsuh  D salak
Kunci Jawaban
A. Sego sakepel dirubung tinggi  A geni
B. Dikethok malah dhuwur  B nanas
C. Pitik walik saba kebon  C celana
D. Yen cilik dadi kanca yen gedhe dadi mungsuh  D salak

30. INDIKATOR
Disajikan penggalan pidato, siswa dapat menentukan bagian-bagian pidato.
Materi : Struktur teks pidhato kaya kagambarake ing bagan ngisor iki :

Pambuka

Teks Pidhato Isi

Panutup

Pambuka : perangan teks pidhato kang miwiti andharan, isine wujud salam pambuka,
pakurmatan, lan puji syukur.
Isi : perangan teks pidhato kang ngandharake wosing andharan utawa inti sarine
andharan.
Panutup : perangan teks minangka panutuping andharan, isine dudutan, panyuwunan
pangapura, lan salam panutup.
SOAL
Coba gathukna nganggo garis !

1.Mbok bilih mengaten atur pengalaman kula. Namung titip pitungkas


dhumateng para anak putu utawi generasi penerus bangsa, sami
puruna nglestarekaken kerajinan gamelan menika. Nyatanipun saking
satunggaling hobi saged dados sumber rejeki. Sedaya kekirangan 1.Pambuka
nyuwun pangapunten lan matur nuwun.

2.Assalamu 'Alaikum Wr. Wb.


Ingkang kinakbetan Bapak tuwin Ibu karyawan. Para kadang wredha mudha ingkang kula tresnanii
2. Isi

3.Kula milai mbikak usaha gamelan menika awit tahun 1963. Ngantos samenika alhamdulillah lancar terus, pelangganipun saya tam

3. Panutup

Kunci Jawaban
1. 1.
2. 2.
3. 3.

III. URAIAN
SOAL 31

INDIKATOR :

Disajikan tembang dolanan, siswa dapat menyimpulkan isi tembang dolanan yang sesuai.

MATERI

Tembang dolanan yaiku tembang sing lumrah ditembangake bocah-bocah nalika dolanan.
Ing jaman biyen bocah-bocah yen dolanan sinambi nembang lan jejogedan. Dolanane bocah
biyen wes beda karo bocah jaman saiki. Nanging dolanane bocah jaman biyen bisa
ngraketake anggone kekancan. Ing wayah saiki akeh bocah sing ora gelem sinau tembang
dolanan. Kamangka tembang dolanan ngemu pitutur kang luhur.

Tuladhane tembang dolanan :

1. gundul pasul 11. lumbung desa

2. jamuran 12. prau layar


3. Ilir-ilir 13. gugur gunung

4. kupu kuwi 14. kodok ngorek

5. menthog-menthog 15. padhang mbulan

6. jaranan 16. cublak-cublak suweng

7. suwe ora jamu 17. sluku-sluku bathok

8. buta-buta galak 18. witing klapa

9. kidang talun 19. kembang jagung

10. sinten numpak sepur 20. dhondhong apa salak lan liayane

Tuladhane:

Gundhul gundhul pacul cul

Gembelengan

Nyunggi nyunggi wakul kul

Gembelengan

Wakul ngglimpang

Segone dadi sak latar

Wakul ngglimpang

Segone dadi sak latar

Tembang gundhul-gundhul pacul ngemu arti menowo dadi pemimpin utawa menungso kui
tanpa apa-apa. (mahkota). Sek artine sederhana. Pemimpin kang amung gawa  pacul kanggo
nyejahterakna rakyate. Pacul "papat kang ucul". Yaiku kemuliaane manungsa kang
gumantung soko 4 perkara kang digunakake. Yaiku netro (mata), grono (irung), kuping, dan
tutuk (bibir/mulut). Sek kabeh mau kudu digunakake kanggo kabecikan. Menowo
manungsa/pemimpin ora isa migunake kanthi apik isa gawe sombong (conggak)
pribadi/pemimpin/manungsa iku dewe. Sek akhire “Wakul Ngglimpang Segane Dadi Sak
Latar” (sia-sia dan tidak bermanfaat bagi kesejahteraan orang banyak atau orang lain)

SOAL

TEMBANG GUGUR GUNUNG


Ayo kanca ayo kanca 
Ngayahi karyaning praja 

Kene kene gugur gunung tandhang gawe


Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane
Lila lan legawa kanggo kamulyaning negoro

Siji loro telu papat...


Maju papat papat
Diulang ulungake mesthi enggal rampunge
     
Holobis kuntul baris 3x

Coba tulisen kanthi gamblang pitutur luhur sing ana tembang dolanan ing dhuwur!

JAWABAN :

Gugur gunung yaiku nyambut gawe kanthi bebarengan lan gotong royong tanpa oleh opah
utawa bayaran. Gugur gunung isih akeh ditindakake ing lingkungan. Luwih-luwih ing
masyarakat padesan. Kanthi kerja bakti pagawean sak pira-pira akehe. krasa entheng lan
cepet rampung uga bisa ngraketake paseduluran.

32. MATERI. : Gaya Bahasa


INDIKATOR. :
Disajikan sebuah kalimat, siswa dapat menjelaskan tembung saroja pada kalimat
tersebut.
Tembung Saroja yaiku : Tembung loro kang tegese padha digandheng dadi siji dianggo
bareng duwe teges bangetake.
Tuladhane : gagah prakosa, edi peni, malang megung, sekti mandra guna, ajur mumur,
babak bundhas, terang bulan, sepi mamring, tangga teparo, gethok tular, rina wengi, lyy.
SOAL
Pak RT ing lingkungan Krajan iku pencen pinter lan bisa ngguyubi wargane kabeh. Yen
arep ana kumpulan lan kerja bakti anggone mrentah wargane cukup digethok tularake wae
kabeh warga gumbregah padha tandang.
32. Apa tegese tembung gethok tular ? Jlentrehna !

Jawaban lan Pembahasan : gethok tular tegese : nyampekne kabar / prentah utawa
wara-wara saka wong siji, marang wong liya kanthi sinambung.
33. Indikator : Disajikan satu tembang macapat, siswa dapat membedakan
guru wilangan dan guru lagu pada baris tertentu.

SOAL
Saguh para rawuh sedaya,
Mugiya pinayungan nugraha Yekti,
Asih tresna Allah satuhu,
Tansah kasarira,
Puja-puji syukur saha sembah sujud,
Konjuk ing ngarsa paduka,
Gusti Allah Maha Suci.
33. Simaen tembang Pangkur ing dhuwur, banjur golekana guru wilangan lan guru lagune !
JAWABAN : 8i, 7i, 8u, 6a, 7u, 8a, 8I.

34. Indikator : Disajikan dua buah gambar dengan tema yang berbeda, siswa dapat
menentukan perbedaan yang tepat pada kedua gambar tersebut.
Materi :
Teks informasi bisa wujud lisan uga wujud tulisan, utawa gambar. Kanggo mbedakake
gambar loro sing beda tema iku carane diamati gambare, banjur disebutake bedane
gambar siji lan gambar liyane.
Uraian
Sebutna bedane gambar loro ing ngisor iki !

Jawab :
- Banjir diakibatne saka meluape banyu kali. Biasane kedadehan iku saka akehe reged
utawa sampah sing mlumpuk lan ndadekake banyu kali omber.
- Kerja bakti iku kegiatan sing dilakoni para warga kanthi bareng-bareng tanpo enek
imbalan utawa upah.
3.2 Mengenal, memahami, dan mengidentifikasi teks tembang macapat sesuai dengan kaidah.
35. Indikator :
Disajikan sebuah tembang macapat, siswa dapat menjelaskan watak tembang macapat
tersebut dengan tepat.
Materi :
Tembang macapat mujudake salah sijine jenis lagu daerah utawa tradisional Jawa. Jenise
tembang macapat iku ana 11. Saben tembang macapat nduweni watak, sasmita, lan titikan
utawa pathokan dhewe-dhewe.
Watake tembung macapat kuwi gegambaran ngenani cakriking tembang, sing kamot
sajerone tembang mau. Carane meruhi watake tembang mau, kanthi ndeleng isine
tembang. Tuladhane, yen watake lelucon, isine tembang arupa teka-teki lucu lan
nyenengake sing ngrungokne, iku kalebu watake tembang pucung.

Tuladha :
Mingkar mingkuring angkara,
Akarana karanan mardi siwi,
Sinahung resmining kidung,
Sinuba sinukarta
Mrih kertarta pakertining ngelmu luhung,
Kang tumrap wong tanah Jawa,
Agama agame aji.
Uraian
Jelasna watake tembang pangkur ing nduwur iku !
Jawab :
Watake sereng, amarga tembang pangkur iku isine pitutur tegas sing kudu digugu.

Anda mungkin juga menyukai