Anda di halaman 1dari 7

TETEDAN TRADISIONAL NAGASARI

1) AHMAD SURYA T.H (02)

2) GHANI CANDRA MURTI (15)

3) RAIHAN EMIR P. (28)

4) YANUAR MAHARANI D.J (36)

X MIPA 2

TAHUN AJARAN 2018/2019


DAFTAR ISI

DAFTAR ISI ............................................................................................................................................i

ATUR PRAWACANA ..............................................................................................................................ii

BAB I (PAMBUKA).................................................................................................................................1

A.Latar Belakang ......................................................................................................................1


B.Rumusan masalah ................................................................................................................1
C.Ancase Panaliten ..................................................................................................................1

BAB II (ISI) .............................................................................................................................................2

A. Andharan Tetedan Tradisional Nagasari ...........................................................................2


B. Andharan Asale Nagasari ....................................................................................................2
C. Andharan Bahan-bahan Gawe Nagasar .............................................................................2
D.Andharan Cara Gawe Nagasari ............................................................................................3
E. Andharan Bentuk, Rasa, lan Werna Nagasari .....................................................................3

BAB III (PENUTUP) ................................................................................................................................4

A. Dudutan / Kesimpulan .........................................................................................................4


B. Penyaurane / Saran ..............................................................................................................4

i
Atur Prawacana

Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung
sahengga laporan punika saged kasusun kanthi sae. Boten kesupen kula aturaken matur sembah nuwun
kagem tiyang sepuh kawula ingkang tansah paring donga pangestu saha para dwija ingkang sampun
paring kawruh lan seserepan sahengga laporan ingkang kasusun sae punika saged purna.

Laporan kanthi irah-irahan "Tetedan Tradisional Nagasari" punika minangka salah satunggaling sarana
gladhen nyerat. Laporan menika kasusun kagem njangkepi tugas semester II mata pelajaran basa Jawa.

Mugi-mugi laporan ingkang kaserat dening panyerat menika saged paring mapinten-pinten manfaat
dumateng para sinten kemawon ingkang maos. Kula minangka panyerat ugi kathah kakirangan, pramila
panyaruwe saha panyendu tansah kula antu-antu.

ii

BAB 1

Pambuka

A.Latar Belakang
Indonesia dumadi saka akeh suku bangsa lan nduweni keragaman ingkang melimpah.Keragaman
ingkang melimpah menika awujud dalem adat,tari daerah ,tetedan khas utawi tetedan tradisional lan sak
piturutiun.Tetedan khas utawi tetedan daerah wonten Indonesia katah sanget jenisipun.Wonten tetedan
tradisional ingkang saking jawa lan wonten tetedan ingkang saking njawi jawa.Tuladhanipun tetedan
tradisional ingkang saking jawa inggih menika marning,lumpia,klanting,thiwul,enting-enting,nagasari lan
sakpiturutipun.Dene tuladhanipun tetedan tradiaional ingkang saking njawi jawa inggih menika empek
empek,rendang,bika ambon,lan sakpiturutiun.Sepindah tetedan tradisional daerah namung
dipunmangertosi wonten ing daerah asalipun.Namung seiring majuning jaman, tetedan tradisional
daerah ugi dipun mangertosi wonten ing njawi daerah asalipun.

Ing makalah menika kelompok kita bade mbahas nagasari.

B.Rumusan Masalah

1.Apa iku nagasari?

2.Saka ngendi asale nagasari?

3.Apa wae bahan-bahan kanggo gawe nagasari?

4.Kepiye carane gawe Nagasari?

5.Kepiye bentuk, werna , rasane nagasari?

C.Ancase Panaliten

Mangertosi apa iku nagasari.Mangertosi bahan lan cara nggawenipun nagasari.Mangertosi apa
kang diarani panganan tradisional Jawa Tengah,ciri khas saking tetedahan tradisional Jawa Tengah.Lan
mangertosi apa wae tuladhane tetedahan khas Jawa Tengah.

BAB 2

ISI

1. Andharan Tetedan tradisional nagasari


Nagasari inggih menika sajenis kue ingkang didamel saking glepung,tepung sagu,santen,lan gula kang
diisi gedhang.Gedhang kang biasane dinggo gawe isi inggih menika gedhang jenis gedhang raja.Biasane
nagasari dibuntel nganggo godhong gedhang,nagasari uga kerep didang nganggo buntelan godhong
pandan seinggo dadi luwih enak.Sakliyane iku saiki uga wes dikembangke meneh varian seka
nagasari.Inggih menika :

-Nagasari putih,tanpa campuran warna ( santen )


-Nagasari abang, nganggo campuran gula aren.
-Nagasari biru, nganggo campuran kembang telang.
-Nagasari ijo, nganggo campuran godhong suji

2. Andharan asalipun tetedan tradisional nagasari

Nagasari inggih menika tetedahan tradisional ingkang asalipun saking Jepara Jawa Tengah.

3. Andharan Bahan-bahan gawe nagasari:

-200 gr glepung
-200 gr gendis pasir
-500 ml santen krambil
-½ sendok teh sarem lembut
-¼ sendok teh vanili bubuk
-3 lembar godhong pandan
-gedhang raja

4. Andharan Cara gawe nagasari:

a) Kumbah godhong pandan nganti resik.


b) Onceki gedhang, banjur diketok-ketok
c) Cepakke wadah kang meh dienggo nggawe adonan, banjur dituangke santen ing njero wadah
mau.
d) Tambahke vanili bubuk, uyah, gula pasir, lan godhong pandan.Banjur Udeg tekan campur
e) Cepakke panci, banjur lebokke campuran santen lan seng liyane ing njero panci.Godog ing
nduwur geni nganggo geni celik nganti santen umop sambi diudeg.
f) Yen santen wes umup, pateni genine, lan angkat godogan santen mau
g) Lebokke glepung ing njero wadah, banjur godogan santen seng iseh panas disokke ing wadah
kang wes diisi glepung mau.

h) Udeg nganti campur dadi adonan kang pas.


i) Jikuk secendok adonan kang wes digawe mau, banjur, delehke nduwur godhong gedhang,banjur
dibuntel.
j) Cepakke dandang, banjur adonan kang wes dibuntel godhong gedhang mau didang nganti
mateng temenan.
k) Yen wes mateng, diademke ndisek.
l) Cepakke piring, banjur delehke nagasari ing piring saji.
m) Nagasari siap disajikke.

5. Andharan bentuk rasa lan weranipun nagasat

Nagasari bentuke werna-werna, ana sing bentuke kotak ana sing bentuke prisma.Rasane nagasari inggoh menika
legi.Wernane nagasari inggih menika ana sing putih ono sing rada coklat.

BAB III

PENUTUP

1. Dudutan / kesimpulan

2. Penyaurane / saran
4

Anda mungkin juga menyukai