2 (GENAP)
KD. 3.5 Memahami Artikel yang memuat budi pekerti
ARTIKEL
1. Pangertosan Artikel
Artikel inggih menika satunggaling karya jurnalistik ingkang wosipun gudhari
satunggaling prekawis ing masarakat. Karya menika kaserat dening para ahli, para freelance
(tiyang ingkang asring nyerat ing medhia nanging boten kaiket medhianipun), saged ugi para
wartawan. Anggenipun mahyakaken gagasan langkung kathah subjektifitas utawi seserepan
saha pengalaman panyeratipun piyambak. Karya jurnalistik jenis menika ing ariwarti
lumrahipun mlebet wonten kolom artikel /opini. Umpaminipun artikel bab: pralambang
kabudayan, upacara adat, kesenian, lsp.
2. Jinising seratan
a. Cariyos (narasi)
nyariosaken satunggaling kawontenan, barang, tatacara, lan sanes-sanesipun.
Tuladhanipun: dongeng, fabel, legenda, mite, lsp.
b. Gegambaran (deskripsi)
nggambaraken kawontenaning barang, swasana, kedadosan, lsp. Tuladha: seratan bab
papan wisata Goa Kiskenda, Pantai Glagah.
c. Paparan (Eksposisi)
Ngandharaken utawi maparaken satunggaling maksud ancas utawi samubarang
sanesipun. Tuladhanipun: caranipun damel tempe, gula aren, gula semut, lsp
d. Penggalihan (Argumentasi)
nggandharaken gagasan-gagasan ingkang dipunkantehni katrangan-katrangan,
dhedhasar pawadan-pawadan kangge nyaruwe, nampik menapa nggiyataken
penggalihan. Tuladhanipun: Pangaribawanipun formalin ing Bakso, Nglestantunaken
budaya Jawi, lsp.
e. Ajakan (Persuasi)
seratan ingkang wosipun ngajak-ajak tiyang sanes supados tuwuh kayakinanipun
satemah sarujuk saha nyengkuyung gagasanipun ingkang nyerat. Tuladha: Iklan,
pengaosan agami, lsp.
4. Tuladha artikel
WEDANG SECANG KANGGO KASARASAN
Wis akeh wong sing ngerti menawa secang mono salah sawijining omben-omben sing
bisa kanggo njaga kasarasan. Awak ora kepenak, rada masuk angin, yen diombeni wedang
secang anget-anget bisa seger waras. Saiki wis ana produk wedang secang wujud sirup lan
bubukan, pangombene luwih praktis lan gampang.
Secang urip ing sadhengah papan, bisa ing pegunungan utawa dataran rendah. Yen
ing padesan kanggo pager utawa urip ing kebon lan pategalan. Dhuwure watara 5-10 meter,
wit lan pange kebak eri tempel sing bengkong. Wite gilig wernane ijo semu soklat. Godhonge
majemuk kaya godhong lamtara, wohe polong dawane 8-10 cm ambane 3-4 cm, pucuke kaya
cucuk manuk. Yen wis mateng wijine ireng, saben polong ana 3-4 wiji. Kayune bisa
diundhuh yen wite wis umur 1-2 taun. Kayu secang yen digodhog wernane banyu malih
abang, bisa kanggo bahan cet (pewarna), kayata wernane jajan, inuman, anyaman, lan
sapanunggalane.
Secang bisa kanggo ngobati lara diare, disentri, watuk getih (TBC), tatu sing nemen,
sifilis, malaria, radang selaput lendir mata lan nyeri merga ganggan sirkulasi getih. Kayu
secang ngandhut asam galat tanin, resorsin, brassilin, brasilein, d-alfa-phellandrene,
ascimene, minyak atsiri sing kasiyate bisa ngendhegake perdarahan, pembersih darah,
penawar racun, lan antiseptik.
Carane gawe minuman saka secang, njupuk kayu secang sacukupe, ditambah gula
pasir, sere, jahe, lan banyu sacukupe. Bahan-bahan mau didheplok (diselep) dadi siji banjur
diperes. Lan disaring. Terus digodhog suwene telung jam. Yen wis adhem diwadhahi ing
botol sing wis dikumbah resik (steril). Siap diunjuk. Kajaba kanggo sirup, secang bisa
ngobati sawetara peyakit.
Ngresiki darah kotor
Kerokan kayu secang sacukupe, ketumbar, godhong trawas, digodhog karo banyu,
yen wis adhem disaring diombe. Saben dina ngombe kaping pindho esuk lan sore.
Diare, mencret
Kayu secang 5 gram dikethok-kethok banjur digodhog karo banyu 2 gelas suwene 15
menit. Sawise adhem disaring, dibage loro diombe esuk lan sore.
Watuk getih, TBC
Kayu secang 11/2 driji dikumbah sing resik diiris-iris cilik. Digodhog karo banyu 4
gelas nganti kari separone. Yen wis adhem disaring, diombe kaping telu saben ngombe 3/4
gelas.
Bebuwang getih (berak darah)
Kayu secang sadriji diumbah diiris-iris banjur digodhog karo banyu 3 gelas nganti
kari separone. Yen wis adhem disaring, ditambah madu diombe. Sedina ngombe kaping
pindho esuk lan sore, saben ngombe 3/4 gelas.
Radang selaput lendir mata
Kayu secang 2 driji dikumbah banjur diiris cilik-cilik, digodhog karo banyu 3 gelas
nganti kari separone. Yen wis adhem disaring, banyune kanggo ngrambang mripat sing lara.
( Ature: Atim Swasono, SP Jaya Baya 4/LXI, Minggu IV September 2006
http://jayabaya.wordpress.com/2006/09/14/wedang-secang-kanggo-kasarasan/#more-93)
2. Trapsila
Sanajan mara dhayoh kuwi ora resmi nanging perlu migatekake tata susila.
Klambi sing sopan, apa maneh yen merdhayoh menyang omahe wong sing luwih
tuwa. Yen disuguhi aja kesusu diombe apa dipangan sadurunge dimanggakake sing
duwe omah. Menawa suguhane wedhang diwadhahi cangkir lan lepek anggone
njupuk salepeke, aja mung cangkire wae. Sanajan wedhange enak, aja dientekake
nganti gusis nanging dingengehake sethithik wae ing dhasare cangkir. Yen disuguhi
jajan, panganan, anggone njupuk saperlune sanajan jajane enak tur weteng lagi luwe.
Keperiye yen diajak mangan? Ana kalane mara dhayoh disuguhi mangan
sanajan ora wancine mangan. Mbok menawa sing duwe omah lagi masak-masak enak
utawa lagi slametan ulang tahun anake. Suguhan mau aja ditampik, mundhak gawe
gelane sing duwe omah, yen suguhan mau wis diracik, kudu dientekake aja nyisa!
Menawa diajak mangan ing ruwang makan, anggone imbuh ngenteni
dimanggakake lan njupuk sacukupe wae. Rampung mangan sendok lan garpu
dikurepake ing piring lan dhaharan ing piring kudu gusis kajaba balung lan eri. Aja
watuk sajrone dhahar lan aja glegeken sawise rampung. Menawa kudu watuk utawa
glegeken diempet disik nganti ninggalake ruang makan.
3. Aja padu
Kadhang kala ana wong mara dhayoh perlune nagih utang, nagih janji, utawa
marani barang sing disilih. Sok-sok sing duwe omah gawe anyel, upamane durung
bisa bayar utange, ora netepi janjine, lan barang sing disilih rusak. Nanging sanajan
nesu dikaya ngapa becike diampet sabisane. Sebab kurang prayoga yen nesu lan
muni-muni ing omahe liyan. Apa maneh yen keprungu tangga teparo nganti padha
metu nonton. Sulayane janji bisa dirembug sing sareh amrih kekarone padha mareme.
Sanajan lagi nesu yen mulih tetep pamitan sing apik.
Mangsuli pitakenan:
1) Menapa tema artikel ing nginggil?
2) Menapa ide pokok paragraf satunggal ?
3) Kaandharna isi pokok waosan artikel ing nginggil!
4) Kaandharna pesan moral ingkang kinandhut ing artikel menika!
5) Kadamelna reringkesaning waosan ing nginggil!
Garapan:
1. Kadamela artikel kanthi tema bebas umpaminipun babagan budaya, upacara adat,
unggah-ungguh, obat, tembang, dolanan tradisional utawi kesenian tradisional
Jawa!
2. Artikel ingkang sampun dados lajeng dipunandharaken wonten ngajeng kelas!