Anda di halaman 1dari 8

.

1. Menghargai dan menghayati ajran agama yang dianutnya.


2. Menghargai danmenghayati perilsku jujur,disiplin, tanggung jawab, peduli
Tolereansi,Gotong royong , alam jangkauan, pergaulan, dan keberadabannya.
3. Memahami Pengetahuan (faktual,konseptual, dan prosedural,berdasarkan
rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya
terkait fenomena dan kejadiantampak mata.
4. Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah kongkrit (menggunakan,
mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak
(menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai
dengan yang dipelajari di sekolah.

1.3 . Memahami isi teks ceita rakyat.


1.4 . Menceritakan kembali isi teks cerita rakyat dengan ragam ngoko.

1.3.1. Memahami isi teks ceita rakyat.


1.3.1. Menceritakan kembali isi teks cerita rakyat dengan ragam ngoko.

Setelah mempelajari materi ini diharaphan siswa dapat :


- Mencatat kata-kata sulit
- Memaknai kata-kata sulit
- Menjawab pertanyaa
Ana maneka crita kang urip ing tengahing bebrayan salah sijine yaiku cerita rakyat. Cerita
rakyat iki wis ana kawit jaman mbiyen lan urip ing tengahing bebrayan crita rakyat uga
diwarisake kanthi lesan. Meh saben daerah nduweni crita rakyat.
Apa crita rakyat urip ing daerahmu? Apa crita rakyat kasebut iki isih ngrembaka Nganti
jaman saiki. Apa kowe ngerti piwulang kang ana ing crita rakyat kasebut?
Crita rakyat mesthi nduweni isi, amanat lan nilai-nilai luhur? Mula saka iku, sinau crita
rakyatbisa nambah wawasan. Mligine wawasan batin. Mula ing wulangan iki, kowe diajak
mahami unsur mbangun sajroning crita rakyat, nemokake nilai-nilai kang kakandhut lan
nggoleki relevansi isine karo kahanan jaman saiki.sarta nyusun sinopsis, apa bae unsur
pembangun crita rakyat kepriye carane ngubungake nilai-nilai sajroning crita rakyatkaro
kahanan jaman saiki? Kepriye carane nyusun sinopsis. Sinaunen kanthi prematimateri ing
wulangan iki ! sadurunge sinau, ayo pada dedonga konjuk Allah kang Masa Kuasa !

Cerita rakyat yaiku cerita kang asipat lesan (saka tutuk marang tutuk) kang
turun tumurun dipercaya dening wong –wong wiwit nenek moyang nganti saiki.
Amarga asipat lesan mula benar lan orane ora cetha. Cerita rakyat biasane di
gathuk-gathukake karo adhat, budhaya lan agama.
Cerita wujude ana loro yaiku cerita fiksi (khayal) lan cerita nonfiksi (nyata).
A. Wujud cerita fiksi
1. Fabel
Yaiku dongeng kewan sing bisa wawan gunem kaya manungsa.
Tuladha : Kancil nyolong timun, kancil karo baya
2. Mithe
Yaiku Cerita sing ana sesambungane karo roh, alam gaib.
Tuladha : Nyi Roro kidul, Nyi blorong.
3. Legendha
Yaiku Cerita asal-usul dumadine papan panggonan
Tuladha : Dumadine rawa pening, Tangkuban prau
4. Sage
Yaiku cerita sing ana sesambungane karo pahlawan
B. Unsur cerita rakyat.
Minangka unsur kang mujudake sawijining crita, unsur kuwi dijenengi unsur instrinsik.
Unsur kuwi yaiku :
a. Tema, yaiku gagasan pokok cerita. Sadurunge gawe cerita luwih dhisik nemtokake
tema. Dadi tema iku minangka unsur kang wigati nalika gawe
Cerita, kalebu cerita rakyat.
b. Paraga, yaiku wujude wong utawa kewan kang maragakake sawijining paraga ing
sajroning crita. Paraga iku ana paraga utama, paraga pembantu/
Liyane. Dene paraga utama iku bisa dititeni saka sering lan orane katon
Ing sajroning crita.
c. Alur. Yaiku lumakune cerita. Jenise alur iku ana alur maju, alur mundur, lan alur
campuran. Alur maju mujudake crita kang maju saka wiwitan nganti pungkasan
crita, dene alur mundur wujude crita saka pungkasan nganti wiwitan. Alur campuran
yaiku jinise alur kala-kala maju kala-kala mundur.
d. Latar utawa setting crita yaiku papan kedadeyan crita.
Wernane latar :
1. latar panggonan yaiku papan panggonan crita ( ing sawah, ing omah ing toko,
ing sekolah).
2. Latar waktu uga sinebut latar swasana, kahanan kang nudhuhake latar
kedadeyan crita. Tuladha: sawijining wengi, dhek biyen, wingi sore, nalika
peteng, Lsp.
e. Amanat utawa piwulang luhur. Yaiku dhudhutsn crita kang ngemu bab-bab
Kabecikan. Mligine bab-bab kang nelakake piwulang becik/ luhur. Amanat iku
ancase menehi piwulang marang sapa wae kang maca crita uga Wong liya

1. WACANEN DONGENG ING NGISOR IKI !

BAWANG ABANG LAN BAWANG PUTIH

Bawang Putih yaiku bocah wadon kang wis ora duwe


bapak lan ibu. Deweke urip karo ibu tirine sing duwe anak
wadon kang umure padha karo Bawang Putih. Saben dina
Bawang Putih dikongkon nyambut gawe sing abot-abot,
umpamane ngangsu nyang sumber sing jarake adoh seko
omah.

Kosok baline si Bawang Abang ora tau dikongkon


ngrewangi ibune. Gawean sing gampang, umpamane makani
ayam, nyapu latar, ngguwang resak, kabeh kudu ditindakne
Bawang Putih, padahal Bawang Abang ora nyambut gawe
opo-opo.

Bawang Putih ugo dikongkon golek kayu bakar kanggo masak. Nanging Bawang Putih
ora tahu ngresula. Bawang Putih nglakoni urip kanthi tabah, sanajan ibu tirine ora adil.
Amargo saben dina nyambut gawe mula awake Bawang Putih katon seger lan singset.
Rupane ayu tur kulite resik.

Bawang Abang saben dina gaweane mung dandan lan mangan. Bawang Abang ora
trima yen kalah ayu lan kalah menarik tinimbang Bawang Putih. Sak wijining dina,
Bawang Putih dikongkon ngumbahi ana ing kali. Sak suwene umbah-umbah, Bawang
Putih dibantu karo iwak emas ajaib. Saben klambi sing reget dicelupne ana ing kali
langsung resik. Mulane Bawang Putih cepet rampung anggone umbah-umbah. Ngerti yen
olehe ngumbahi cepet rampung, ibu tirine dadi curiga. Terus ngakon si Bawang Abang
ngetutke Bawang Putih nek umbah-umbah.

Liya dina Bawang Abang, kandha karo ibune yen arep ngumbahi menyang kali.
Nanging sak temene mung arep nyekel iwak mas ajaib sing gawene ngewangi ngumbahi
Bawang Putih. Bareng wis dicekel, iwak mas kuwi banjur digawa mulih lan digoreng karo
ibuke. Sak banjure iwak mas goreng mau dipangan Bawang Abang lan ibune, nganti meh
entek. Sing diturahke mung endas karo balung erine. Nanging Bawang Putih ora gelem
mangan, malah turahan kuwi dikubur ana ing latar omahe. Ora suwe, papan sing dinggo
ngubur mau tuwuh tanduran sing wujud kembang sing elok rupane.

Sak wijining dina ana Pangeran sing liwat ing sak ngerepe omahe Bawang Putih.
Banjur Pangeran mau mudun seko jarang lan takon sapa sing nandur kembang kuwi.
Bawang Abang ngaku yen deweke sing nandur. Pangeran mau malah gedeg, nandakake
yen dudu Bawang Abang sing nandur. Sejatine Pageran wis ngerti sing nandur kuwi
Bawang Putih. Mulane Bawang Putih diboyong menyang kerajaan arep didadekne
garwane.

A. Ayo ngoleki tembung kang angel saka teks crita”Bawang Abang lan Bawang
Putih”
No Tembung Kang Angel Tegese Tembung Kang Anggel
1.
2.
3.
4,
5.
6.
7.
8.
9.
10
.
B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki mawa basa ngoko utawa krama
1. Jelasna apa tegese crita rakyat utawa dongeng?
............................................................................................................................
2. Sebutna paraga ana ing crita Bawang Abang lan bawang putih?
...........................................................................................................................
3. Abang? Kepriye watake Bawang
..........................................................................................................................
4. Kepriye watake Bawang Putih?
..........................................................................................................................
5. Kepriye watake Mbak Randa?
..........................................................................................................................
6. Kepriye sikap/tanggapane Mbak Randa marang Bawang Putih?
.........................................................................................................................
7. Apa panggaweane Bawang Putih saben dinane?
...........................................................................................................................
8. Apa panggaweane Bawang Abang saben dinane?
...........................................................................................................................
9. Apa sebabe Bawang Putih ora gelem mangan Iwak mas kang wis digoreng?
......................................................................................................................
10. Jelasna kepriye wusanane crita nasipe Bawang Putih?
............................................................................................................................

C. Sebutna piwulang kang bisa dijupuk saka crita Bawang Abang lan Bawang
Putih.!

D. Gawea ringkesaning crita “Bawang Abang lan Bawang Putih” mawa basa
Krama!

Gladen : saksampunipun maos crita dongeng ing inggil piwulang napa ingkang saged
dipun pendet!

......................................................................................................................................................
......................................................................................................................................................
......................................................................................................................................................
...

......................................................................................................................................................
......................................................................................................................................................
......................................................................................................................................................
...

 
Tuladhane cerita rakyat umpamane “ Keong Mas”, “Jaka Tarub”, “Timun Mas”, lan
“Bawang Abang lan Putih”. Cerita rakyat sumbere ora cetha, mung asipat lesan utawa dari
mulut ke mulut. Amarga mung asipat lesan wiwit leluhur jaman biyen, mula bener lan lupute
ora usah dimasalahke.
Tanah jawa , mligine Jawa Tengah iku pancen sugih cerita rakyat. Meh saben tlatah
utawa dhaerah duweni crita rakyat dhewe-dhewe. Crita kasebut kanthi turun temurun
dipercaya dening wong-wong wiwit nenek moyang nganti saiki.mligine wong asli saka tanah
Jawa, crita rakyat sing kaya mangkene adat saben digathuk-gathukake karo adat, budaya, lan
agama.

A. Tata carane nganggo seragam sekolah

Isih padha kelingan ana unen-unen ajining dhiri ana ing lathi, ajining salira ana ing
busana. Kira-kira apa karepe? Ya. Unen-unen ing dhuwur karepe arep nudhuhi
marang wong-uwong kepriye carane supaya diregani marang wong liya sepisan,
manungsa kuwi kudu ngati-ngati anggone celathu karo wong liya (tutuke kudu dijaga)
kaping pindho yaiku ajining salira (badan) busana, karepe supaya di regani wong liya
mestine olehe ngenganggo kudu kang prayoga. Prayoga nduwe teges ora kudu larang
nanging rapi.
Tuladha
a. Klambi sragam paling suwe dienggo ping pindho
b. Klambi banjur diwasuhi nganti resik
c. Sawise garing klambi disetrika
d. Klambi kang tata carane nganggo kudu dilebokake, wis sakmesthine dilebokake
e. Benik dipasang ngati sangisore krah
f. Lengen ora kena dilinting
g. Clana disabuki dene wernane kudu sragam karo kancane, manut aturan sekolah.
Umpama bocah-bocah kabeh wis nglakoni kaya ing dhuwur bias
dikandhakake bocah-bocah wis ngregani dhiri lan wing liya.

A. Wenehana tanda (x) ing aksara A, B, C, utawa D kang koanggep bener !


1. Cerita kang asifat lesan (sakatutuk menyang tutuk) kang turun temurun dipercaya
dening wong-wong wiwit nenek moyang nganti saiki diarani....
A. Legenda C. Sage
B. Mite D. Cerita rakyat
2. Cerita wujude ana loro yaiku ....
A. Fiksi lan non fiksi C. Non fiksi lan nyata
B. Fiksi lan naratif D. Khayal lan fiksi
3. Dongeng kewan sing bisa wawan gunem kaya manungsa diarani....
A. Legenda C. Fabel
B. Sage D. Mite
4. Cerita kang isine ngandarake dumadine sawijining papan panggonan diarani....
A. Legenda C. Fabel
B. Sage D. Mite
5. Ingngisor iki kalebu unsur-unsur mangun crita, keejaba....
A. Tema C. Latar
B. Alur D. Biografi

6. Dudutan crita kang ngemu bab-bab kabecikan, mligine bab-bab kang nelakake 7.
piwulang becik/luhur, diarani....
A. Tema C. Amanat
B. Alur D. Latar
7. Ing ngisor iki jinise alur, kejaba ....
A. Maju C. Mlaku
B. Mundur D. Campuran
8. Dumadine Tangkuban prau, Rawa pening, Desa Banyu mudal, kalebu cerita....
A. Legenda C. Fabel
B. Sage D. Mite
9. Kancil nyolong timun, kancil karo keong, kalebu cerita....
A. Legenda C. Fabel
B. Sage D. Mite
10. Dongeng bawang abang, bawang putih ing dhuwur kalebu cerita....
A. Legenda C. Fabel
B. Sage D. Mite
11. Apa panggaweane Bawang Abang saben dinane?
A. Dandan C. Mangan
B. Umbah-umbah D. Blanja
12. Manut wacana ing dhuwur sing ngrewangi bawang putih ngumbah-umbah
yaiku ....
A. Keong mas C. Iwak mas
B. Bawang putih D. Pangeran
13. Sapa sabenere sing nandur kembang ing ngomah ?
A. Bawang abang C. Mbok Rondo
B. Bawang putih D. Pangeran
14. Kepriye watake Bawang Putih?
A. Sregep nyambut gawe C. Seneng dandan
B. Irinan D. Melasan
15. Sapa sing diboyong dening Pangeran menyang istana ?
A. Bawang putih C. Bawang abang
B. Iwak mas D. Mbok rondo
16. Pesen sing diaturake dening penulis marang pemaos, Ing sajroning unsur
pamangun crita diarani....
A. Setting C. Alur
B. Amanat D. Tema
17. Kepriye watake bawang abang ?
A. Sregep nyambut gawe C. Seneng dandan
B. Irinan D. Melasan
18. Kepriye watake mbok rondo, minangka ibu tiri ?
A. Teganan,ora adil C. Seneng dandan
B. Irinan D. Melasan
19. Apa sebabe bawang putih ora gelem mangan iwak kang digoreng ?
A. Sing digoreg iwak wader
B. Iwak mas sing ora sabaene ngrewangi bawang putih ngumbah-umbah
C. Iwak mas bisa nggo hiasan
D. Iwak mas jelmaam dewa
20. Cerita bawang putih, bawang abang kalebu cerita rakyat....
A. Legenda C. Fabel
B. Sage D. Dongeng

Anda mungkin juga menyukai