Anda di halaman 1dari 23

CARITA RAKYAT

LYNA FAIZATUL BANAT, S.P.d.


A. KOMPETENSI DASAR

1.2 Menerima, menyukuri, menghayati, dan


mengamalkan anugerah Tuhan berupa bahasa Jawa
dalam bentuk teks carita rakyat daerah setempat.
2.2 Menunjukan perilaku jujur, disiplin, tanggung
jawab, peduli (gotong royong, kerjasama, toleran,
damai), santun, responsif dalam menggunakan bahasa
Jawa melalui teks carita rakyat daerah setempat.
3.2 Memahami isi teks carita rakyat
4.2 Menulis dan menyajikan sinopsis teks carita
rakyat.
B. TUJUANPEMBELAJARAN
Setelah mempelajari materi Carita Rakyat dengan
modelpembelajaran Cooperative learning siswa dapat:
1. Menerima, mensyukuri, menghayati, dan mengamalkan
anugrah Tuhan YME melalui teks CaritaRakyat.
2. Menggunakan bahasa yang santun (unggah ungguh basa
Jawa) dan bersifat jujur.
3. Menemukan unsur Carita Rakyat.
4. Menemukan isi CaritaRakyat.
5. Menemukan nilai-nilai dalam CaritaRakyat.
6. Menemukan unsur-unsur teks CaritaRakyat.
7. Membuat carita rakyat (legenda) terjadinya daerah
tempat tinggal siswa.
8. Mencaritakan kembali isi teks Carita Rakyat menggunakan
bahasa Jawa (sinopsis).
C. PENGERTIAN CARITA RAKYAT
 Crita rakyat yaiku salah sawijining
karya sastra kang ngrembaka ing
masyarakat kanthi turun temurun lan
dituturake kanthi cara lisan. Crita
rakyat yaiku wujud kabudayan kang
dikasilake dening para masyarakate
kang diduweni dening masyarakate.
CERITA RAKYAT Lumrahé saben papan
panggonan, mbuh kuwi désa, dusun mesthi
duwé crita rakyat.
D. FUNGSI CARITA RAKYAT
Fungsi carita rakyat jawa kejaba kanggo
lelipur uga bisa didadehaken tuladha
utamane carita-carita rakyat sing ngandung
piwulangan-piwulangan moral.
Akeh sing pada ora mangerteni menawa
negari sing endah kiye nduweni akeh carita
rakyat indonesia sing durung nate kita
krunggu.
Bisa dimaklumi amarga carios rakyat
sumebar sekang lesan marang lesan sing
diwarisken sakcara turun temurun.
E. Ciri-ciri Carita Rakyat Ciri-ciri carita
rakyat:

 Anonim, mboten dipun mangertosi sinten


sejatosipun ingkang nganggit
 Kalebu karya kolektif, dipun anggep ngadhahi
rakyat sareng-sareng
 Nyariosaken bab awon lan leres kangge
nggambaraken kadadosan kadadosan ingkang
mokal wontenipun(imajinasi).
 Statis, tetep, mboten wonten ewah-ewah
ingkang wigati saking jaman dateng jaman
salajengipun.
E. UNSUR-UNSUR CARITA RAKYAT UNSUR INTRINSIK CARITA
RAKYAT:

 Tema, inggih menika gagasan baken ingkang dados


dhasaripun cariyos.
 Paraga, inggih menika purusa ingkang nglakoake
cariyos.
 Penokohan, inggih menika gambaran watak.
 Alur/plot, inggih menika rerangkening cariyos ingkang
kadhapuk kanthi logis.
 Latar/setting, inggih menika panggenan, wekdal,
utawi swasana ing crita.
 Amanat, inggih menika pitutur utawi pesen pangripta
wonten ing cariyos.
 Sudut pandang, inggih menika posisi pangripta wonten
ing cariyos.
PANGRIPTA SAGED DADOS:

 Purusa kapisan paraga utama (orang pertama


pelaku utama)
 Purusa katiga (orang katiga)
 Sarwi mangertos (serba tahu)
F. SINOPSIS
 Sinopsis yaiku ringkesan sawijining crita.
 Ringkesan yaiku salah sawijining wujud nyekakake
sawijining crita kanthi tetep migatekaken unsur
unsur intrinsiksa wijining crita iku.
 Gawe sinopsis iku cara kang efektif kanggo
ngaturaken sawijining crita kang dawa dados
wujud cekak.
 Sajroning sinopsis kaendahan gaya basa, ilustrasi
lan penjelasan-penjelasan diilangaken, nanging
tetep gumathok marang isi lan gagasan umum
pagripta. Dawane sinopsis biasane seperlima
utawa sepersepuluh saka dawane karangan asli.
CARA GAWE SINOPSIS:

1. Maca naskah asli kanggo nggoleki gagasan


umume panulis.
2. Nyatet gagasan utama kang penting.
3. Ngrantam maneh gagasan utama dadi
paragraf.
4. Dialog lan monolog cukup ditulis isi utawa
garisu tamane.
5. Sinopsis ora kena owah saka lakune crita
asli.
KATEGORI CARIOS RAKYAT

1. Legenda
Pengertian Legenda inggih punika carita rakyat
ingkang dipunanggep leres kedadosan, ingkang
caritanipun dipun hubungaken kaliyan tokoh
sujarah, ingkang sampun dipun bumboni
kaliyan keajaiban, kasekten, lan keistimewaan
tokohipun, Utawi carita jaman mbiyen sing ana
gegayute karo prastawa sujarah
* Tuladhané ; dumadiné Candi Prambanan,
Rawa Pening, Lsp.
2. MITE

Pengertian Mite inggih punika carita prosa


rakyat ingkang dipuntokohi dening para dewa-
dewi utawi makluk lembut ingkang kedadosan
ing dunya sanes (kahyangan utawi alam gaib)
lan dipun anggep leres kedadosan dening
ingkang nganggit carita punika utawi
penganutipun.
* Tuladhané ; Nyi Rara Kidul, Thuyul, Buta Ijo,
Genderwo, Lsp.
3. SAGE

Pengertian Sage inggih punika carios dangu


ingkag wonten gegayutanipun kalian sujarah,
ingkang nyritakaken kewantunan, kasekten,
kepahlawanan lan keajaiban satunggaling
tiyang utawi tokoh.
Tuladha :
 Si pitung.
 Smaradahana.
 Lutung kasarung.
 lsp
4. FABEL

Pengertian fabel inggih punika carita ingkang


nyritakaken gesangipun kewan utawi sato
ingkang tindhak-tandhukipun kados manungsa,
carita punika mboten leres-leres kedadosan,
namung carita fiksi, terkadang fabel ugi
nglebetaken karakter mioritas arupa
manungsa.
* Tuladhané ; Kancil Nyolong Timun, Manuk
Platuk Bawang, Kancil Karo Asu. Lsp.
5. DONGENG

Pengertian Dongeng inggih punika satunggaling


carita ingkang mboten nate kedadosan namung
carita fiksi, ingkang nyritakaken satunggaling
bab ingkang ngaeng, aneh, lan mboten saged
dipun logika. Adatipun nyritakaken bab
keajaiban lan kasakten para dewa, raja,
pangeran, putri, lan sanesipun.
TULADHA TEKS CARITA RAKYAT

RAWA PENING
Desa Banarawa lagi nganakake pesta desa.
Wong-wong ing desa padha masak kanggo
nyiyapake pesta. Kabeh padha njupuk bagian,
ora ana kang keri. Wong-wong padha nyiyapake
ubarampe pesta kang minangka wujud rasa
syukur marang Gusti kang Akarya Jagad. Ing
tengah-tengahing padha nyambut karya mau,
ana bocah kang ala rupane, pesing lan amis
gandane.
Mangerti kahanan kang kaya mangkono, wong-wong
padha ora seneng, amarga manut kapitayane masyarakat,
bocah ala iki bakal nekakake memala, ora oleh berkah
anggone pesta. Kagawa rasa ora seneng mau, mula bocah
ala rupane ditundhung kanthi kasar. Bocah mau bisane
mung nangis, karo mlaku sempoyongan amarga wis
pirang-pirang dina ora mangan, bocah ala rupa mau lunga
lan ngadoh saka wong-wong mau. Kanthi ati kang lara lan
nabet jroning ati amarga tansah digawe kasar lan diina,
bocah kang ala rupane mau mlaku menyang kampung
tanpa arah lan jluntrunge. Anggone mlaku ora krasa tekan
papan panggonan arupa gubugan kang sepi kahanane lan
adoh saka masyarakat. Gubug mau mung dienggoni wong
tuwa wedok kang wis dadi randha.
Ing gubug mau bocah kang elek rupane dirumat
(dipelihara) dening Mbok Randha. Dheweke diwenehi
pangan kanthi lawuh apa anane. Sawise mangan, bocah
ala mau crita marang simbah randha yen dheweke iku
Baru Klinthing utawa Jaka Bandhung utawa Jaka Pening.
Simbah mau tresna banget marang Baru Klinthing, malah
urip bebarengan sawetara dina. Bareng wis rumangsa wis
rumangsa cukup dibantu dening simbah, Baru Klinting
nerusake mlaku lan marani wong-wong kampung kang wis
nglarakake atine. Sadurunge lunga , Baru Klinthing
weling marang simbah yen mengko ana prastawa gedhe
simbah supaya numpak lesung. Ing batin, simbah bingung
karo welinge Baru Klinthing mau, nanging simbah tetep
urmat lan ngelingeling piweling kasebut.
Lakune Baru Klinthing linambaran ati kang goreh lan
nggawa sada lanang. Lakune wis tekan kampung kang
dituju. Wong-wong padha ngusir marang Baru Klinthing.
Nanging Baru Klinthing ora gelem lunga, malah nantang
marang wong-wong kampung lan ngetokake sada lanang.
Sada lanang kasebut banjur ditancepake ing lemah.
Wong-wong dikandani supaya njabut sada mau, yen bisa
njabut sada mau arep diwenehi bebana dening Baru
Klinthing. Krungu tembunge Baru klinthing kang kaya
mengkana, Wongwong pada nyoba njabut sada mau.
Saka sing awake cilik tekan wong sing awake gedhe ora
ana kang bisa njabut. Pungkasaning, sada mau saged
dinjabut kaliyan Baru Klinthing lan muncratbanyu.
Muncrate banyu sansaya gedhe. Wong-wong padha
bingung lan padha golek papan panggonan kang luwih
dhuwur. Omah, kewan, wit-witan, raja brana, lan
wong-wong mau ora ana tilase, kabeh wong pada
sirna amarga piwalese saka tumindhake dewe.
Kampung kang mirip rawa mau, diarani Rawa Pening.

Rawa pening saiki panggonan plancongan


ing Kabupaten Semarang, Jawa Tengah. Rawa iku
ambane kurang luwih 2.670 hektar lan mapan ana ing
Kecamatan Ambarawa, Bawen, Tungtang, lan Banyu
Biru. Rawa iki mapan ana ing ereng-ereng gunung
Merbabu, Temoloyo, lanUngaran.
TUGASIPUN
Padosi setunggal carita rakyat lajeng damel
sinopsis saking carita rakyat menika.
CEKAP SEMANTEN
Maturnuwun

Anda mungkin juga menyukai