Anda di halaman 1dari 3

Wulangan 3

Crita Rakyat
Kompetensi Dasar :
1.3 Memahami isi teks cerita rakyat
4.3 Menceritakan kembali isi teks cerita rakyat dengan ragam ngoko
A. Pengetahuan
Indikator:
1. mendengarkan wacana cerita rakyat
2. mengartikan kata-kata yang dianggap sulit
3. mengajukan dan menjawab pertanyaan tentang isi wacana yang didengarkan dalam
ragam krama
4. menceritakan kembali isi cerita
5. menuliskan amanat cerita
Kawruh:
Cerita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan anggone marisake
kanthi gethok tular. Crita rakyat iki asal-usule saka masarakat, tuwuh ngermbaka ing masarakat.
Crita rakyat sipate anonom yaiku crita kang ora dimangerteni sapa sing ngripta, ora dingerteni
sapa sing ngarang. Crita rakyat iku kalebu jinise crita kang asipat fiktif. Crita rakyat iku sumbere
crita ora cetha, akeh-akehe mawa sumber lisan utawa crita dari mulut ke mulut, ora tinulis. Cerita
rakyat akeh wewujudane ing antarane legendha, dongeng, mite, lsp. Dongeng iku minangka
sarana menehi pitutur babagan apa kang becik lan patut ditiru sarta sing kudu disingkiri ing urip
saben dinane.
 Fabel yaiku dongeng utawa cerita kang paragane kewan kang bisa maraga kaya dene
manungsa utawa bisa tata jalma. Tuladhane: crita kancil.
 Mite yaiku dongeng utawa cerita kang nyritaake bab alaming lelembut. Tuladhane Nyi
Blorong, Nyi Rara Kidul, lsp.
 Sage/ epos yaiku dongeng utawa cerita kang nyritaake lelakon utawa parjuangane para
pahlawan kayata crita wayang. Tuladhane : Jaka Tingkir, Aji Saka, Sunan Kalijaga
 Legendha yaiku dongeng utawa cerita kang nyritaake asal-usul papan panggonan.
Tuladhane: Dumadine Banyumanik, Asal-Usul Boyolali, Legenda Watu Gong Semarang,
Sendhang Beji,

Ing piwulangan iki bocah-bocah arep nyinau babagan crita rakyat kang ngandhut pitutur.
CRITA SAGE

AJI SAKA & PRABU DEWATA CENGKAR

Kacarita ing jaman biyen, ana siji kerajan kang aran Medang Kamulan sing duweni raja
kanthi asma Prabu Dewata Cengkar sing awatak angkara murka lan dhemen mangan menungsa.
Saben dina Dewata Cengkar mangan menungsa sing digawa saka Patih Jugul Enom. Kahanan
kuwi ndadekna rakyat keweden lan ngungsi kanthi meneng-meneng menyang desa liya.

Ing dhusun Medang Kawit ana bocah enom nduwe jeneng Aji Saka. Ajisaka sekti, sregep
lan gemati. Sawijining dina, Aji Saka nulungi simbah-simbah tuwa sing kena alangan dening para
rampog. Simbah tuwa pungkasane diangkat bapak dening Aji Saka kuwi jebulane pengungsi saka
Medang Kamulan. Krungu crita babagan pakarti alane Prabu Dewata Cengkar, Aji Saka nduwe
niat kanggo nulung rakyat Medang Kamulan. Kanthi manganggo sorban neng sirah Aji Saka
mangkat menyang Medang Kamulan.

Aji Saka tekan ing Medang Kamulan sing katon sepi. Ing keraton, Prabu Dewata Cengkar
lagi nesu amarga Patih Jugul Enom ora nggawa tumbal menungsa kanggo sang Prabu. Tekan
Kraton Medang Kamulang Aji Saka ngadhep Prabu Dewata Cengkar lan nawakake piyambake
supaya dipangan dening sang Prabu kanthi opah lemah saamba sorban sing digunakne
dheweke. Prabu Dewata Cengkar sarujuk.

Kalorone banjur ngukur lemah kaya panjaluke Aji Saka. Dumadakan sorban kang
sakdurunge dienggo ana sirah Aji Saka terus dadi dawa nganti ambane ngluwihi amba saka tlatah
kratone Prabu Dewata Cengkar. Prabu nesu sakwise ngerteni niat Aji Saka sayekti yaiku kanggo
mungkasani angkara murkane Sang Prabu.
Nalika Prabu Dewata Cengkar nesu, serban Aji Saka njiret awake sang Prabu. Banjur awak
Prabu Dewata Cengkar diuncalake Aji Saka lan tiba ana segara kidul banjur ilang digulung
ombak.
Aji Saka banjur didadekake raja Medang Kamulan. Piyambake mboyong bapake angkat
menyang keraton. Aji Saka anggone dadi raja nindakake pamerentahan kang adil lan wicaksana,
Aji Saka bisa ndadekna kerajan Medang Kamulan dening jaman paling makmur, jaman kang para
rakyat urip ayem, tentrem, makmur lan raharja.

Tegese tembung kacithak kandel:


Aran: jeneng
Asma: jeneng
Pakarti: tumindak
Gemati: nresnani lan ngrumat
Sarujuk: setuju
Pungkasane: akhire
Sorban : iket sirah
Raharja: rahayu,slamet

B. Ketrampilan
Indikator:
1. Menentukan pokok-pokok isi teks cerita rakyat dengan benar.
2. Menceritakan kembali isi teks cerita rakyat.
TUGAS KETRAMPILAN:
1. Bocah –bocah disuwun nggolek sawijining crita rakyat migunakake basa Jawa ing jroning
kelompok.
2. Bocah –bocah banjur nyaritakake isine crita rakyat kang dipilih migunakake basa jawa
padinane bocah bocah (genta genti karo kanca saklompok) anggone crita direkam banjur
mengko digabungake lan dikirim ing assignment “Crita Rakyat” sing ngirim cukup salah siji
saka anggota klompok.
3. Saliyane ngirim rekaman crita, bocah bocah uga menehi pitepungan anggotan kelompok.
Jeneng jangkep sarta nomer presensi.
TUGAS KETRAMPILAN KUDU DI UNGGAH ING ASSIGNMENT PALING KERI SLASA,
12 Oktober 2021.

Anda mungkin juga menyukai