Anda di halaman 1dari 9

Crita Rakyat

Basa Jawa Kelas 7


Crita rakyat
 Critarakyat kuwi crita jaman
mbiyen sing asale saka
masyarakat lan ngrembakane uga
ana ing masyarakat. Crita rakyat
iku bisa dadi ciri lan jati dhirine
saben-saben bangsa kang duwe
maneka wama kabudayan lan
sejarah.
 Lumrahe,crita rakyat kuwi
nyejarahake utawa nyritakake
ngenani salah sawijining kedadeyan
ing papan panggonan utawa asal-
usule sawijining papan panggonan.
Paraga-paragane ing sajroning crita
rakyat kuwi bisa awujud kewan,
manungsa, lan dewa.
Ciri-ciri crita rakyat
1. Asal utawa tumekane turun-temurun.
2. Ora dingerteni sapa sing sepisanan
nggawe crita lan sapa sing dicritani
(anonim).
3. Akeh pitutur Ian piwulang luhure.
4. Asipat tradhisional.
5. Critane akeh versi lan variasine.
Wujude crita rakyat
Critane ngrembaka kanthi lisan saka wong siji
menyang liyane. Crita rakyat bisa awujud:
1. Fabel yaiku crita sing paragane sato kewan
kang bisa tata jalma kaya manungsa.
2. Mite yaiku crita ngenani alam sing ora kasat
mata utawa gaib.
3. Legendha yaiku crita ngenani asal-usule papan
panggonan utawa salah sawijining barang.
4. Sage yaiku crita sing isine babagan kaprawiran
(kepahlawanan).
Jaka Tingkir Mungsuh karo Baya
Desa Getasaji endah
sesawangane. Ana kali ngupeng
separone desa, digawe ilen-ilen.
Laladan kono uga diarani Desa
Banyubiru. Ing kono ana wong tuwa sing
kesdik, arane Ki Buyut Banyubiru. Akeh
wong kang padha meguru.
Ki buyut ana pendhapa, semedi,
nampa wangsit arep ana nom-noman
kang meguru. Nom-noman iku mbesuk
bakal ngratoni tanah Jawa. Ora let suwe
katon ann nom-noman teka, jenenge
Jaka Tingkir nembung arep meguru. Ki
Buyut bungah atine nampa Jaka Tingkir.
Ing padhepokan uga ana nom-
noman liya kang maguru. Jenenge Mas
Manca asale saka Calpitu ing lerenge
Gunung Lawu. Bareng wis ana telung
sasi anggone meguru, Ki Buyut banjur
aweh pilutur kang wigati marang Jaka
Tingkir.
Kanthi swara anteb Ki Buyut paring pitutur
marang Jaka Tingkir.
"Ngger, ngengera marang Kanjeng Sultan
Trenggana. Saiki penjenengane ing pasanggrahan
Gunung Prawata. Budhalmu dakgawani lemah
sagegem. Yen mrangguli kebo ndanu, lemah kuwi
mengko lolohno ing cangkeme. Kebo bakal mabuk
lan ngamuk, mlayu menyang ngalun-alun
pesanggrahan Prawata. Tutna playune kebo.
Yakuwi jalarane kowe bakal ditimbali Kanjeng
Sultan." Pituture Ki Buyut.

Anda mungkin juga menyukai