Anda di halaman 1dari 12

BAHAN

AJAR

Daning : WIWIN KURNIAWAN, S.Pd


NIM : 2601021052

PENDIDIKAN PROFESI GURU ANGKATAN 4

UNIVERSITAS NEGERI SEMARANG


A. PENDAHULUAN
KOMPETENSI DASAR DAN
INDIKATOR

Kompetensi Dasar
3.3 Memahami cerita rakyat

Indikator :
3.3.1 Men g a n a li s is u n s u r- u n s u r
instrinsik
3.3.2 M e n e la a h te k s c e ri ta ra k y a t

TUJUAN
PEMBELAJARAN

1. Dengan diskusi peserta didik


dapat menganalisis unsur-unsur
instrinsik cerita rakyat dengan
benar
2. Dengan membaca teks peserta
didik dapat menelaah isi teks
cerita rakyat dengan benar
PITEDAH PASINAON
1. Para siswa maos materi teks cerita rakyat

2. Para siswa madosi unsur-unsur instrinsik


wonten ing crita rakyat kanthi diskusi

3.Ngandharaken kasil diskusi wonten ing


ngajeng kelas

4. Sareng-sareng kaliyan guru ngrembag


asilipun diskusi madosi unsur-unsur instrinsik
crita rakyat
B. PETA KONSEP
CRITA RAKYAT
1. Pangertosan crita rakyat

2. Ciri-ciri crita rakyat

3. Jinis-jinis crita rakyat

4. Unsur-unsur instrinsik
crita rakyat
C. MATERI
1. PANGERTOSAN CRITA
RAKYAT

Cerita rakyat inggih menika


cerita ingkang ngrembaka wonten
ing masyarakat kanthi turun
temurun lan dipuntuturaken kanthi
cara lisan.
2. JINIS-JINIS CRITA
RAKYAT

a. Mite : cerita prosa rakyat


ingkang dipunanggep suci,
paragane para dewa utawi
setengah dewa.

b. Legenda : cerita asal-usul


salah satunggalipun papan

c. Dongeng : cerita khayalan,


prastawa-prastawa slebeting
dongeng menika boten nate
wonten ing kasunyatan
3. CIRI-CIRI
CRITA RAKYAT

a. Dipuntuturaken kanthi cara lisan


lan turun temurun
b. Anonim, boten dipunmangertosi
sinten ingkang damel cerita
menika.
c. Kathah ngemot pitutur utawi
nilai-nilai luhur
d. Kathah versi utawi variasi
ceritanipun
e. Nggambaraken ciri-ciri budaya
masyarakat
4. UNSUR-UNSUR
INSTRINSIK

Unsur instrinsik inggih menika unsur


ingkang nyusun satunggaling crita.

Menapa kemawon unsur intrinsik


cerita rakyat?

a. Tema inggih menika undheraning


rembag 
b. Irah-irahan inggih menika judhul
c. Alur inggih menika dalan cerita
ingkang kasusun saking tahapan
prastawa. 
d. Paraga inggih menika tokoh ing
salabeting cerita 
e. Latar/setting inggih menika papan
kedadian ing cerita 
f. Pitutur inggih menika amanat/
nasihat ingkang saged
dipunpendhet saking cerita

Tuladha Crita Rakyat


Raden Khasan (Mbah Buminata)

Rumiyin ing salah satunggaling tlatah, wonten priyantun sekti


ingkang asmanipun Raden Khasan (Mbah Buminata). Panjenenganipun
misuwur sekti awit saking ikhtiar lan andhap asoripun. Sang Raden
kagungan keris ingkang dipunsebut keris Cipukal. Sawjining dinten
wonten Raja ingkang niyat nantang kasektenipun raden Khasan kanthi
cara perang tandhing wonten lapangan desa Kebondalem utawi
Kebondangu.
Awit saking alusipun, budi Raden Khasan nampik panantangipun
sang Raja. Raja kasebut malah wongsal-wangsul ngece dhateng Raden
Khasan, ingkang andadosaken sang Raden mandhap nampi panantang
perang saking Raja. Nalika perang, Sang Raja ngutus satunggaling
Maesa kangge prang tandhing lawan Raden Khasan. Kekalihipun sami-
sami digdaya, saengga paprangan lumampah dangu. Sadangunipun
yudha, kerisipun Raden Khasan gigal banjur kapundhut dening sang
Raja ingkang nginten keris menika sumber kasektenipun Raden Khasan.
Keris lajeng dipundhahar dening sang Raja, inggih amargi ngira
menawi keris kasebut saged damel piyambakipun dados jalma sekti
mandraguna. Paprangan lumampah sansaya sengit, sang Raja rumaos
seneng nalika mirsani si Kebo kasil nyilakani Raden Khasan kanthi cara
nyrudug padharanipun. Ketingal saking tebih ususipun medal-medal,
ananging sareng dipuntingali saking caket pranyata menika namung
slendang ingkang wonten ing pingganipun sang Raden.
Paprangan taksih lumampah, Raden Khasan namung pasrah
dhateng Gusti ingkang Maha Agung “Dhuh Gusti, menawi keris menika
panci gadhahanipun kula, mesthi bakal wangsul malih maring kawula”,
mekaten pandonganipun Raden Khasan. Sanalika sang Raja rumaos
sakit padharanipun dene keris menika nyusruk-nyusruk saking lebet
padharan adamel ususipun sang Raja nrambul medal. Sang Raja nemahi
tiwas sanalika, dene keris kasebut wangsul malih dhateng Sang Raden.
Raden Khasan rumaos bilih Keris Cipukal menika bakal
andadosaken rebutan, mila sareng kaliyan para sesepuh kadosta Mbah
Rajeg Wesi lan Mbah Dadungawuk ngupadi pisahipun keris menika.
Keris lajeng kapantha-pantha lan kadeken wonten ing dhesa Mandiraja,
Gendhoang, lan Kajenengan. Tuwuh kapitayan bilih samangke keris
menika saged dipundadosaken setunggal malih dening lare kembar
ingkang suci, ingkang boten gadhah dosa.
Wusana para warga nganggep Raden Khasan menika kados
Raja, ingkang sekti lan andhap asor. Lajeng paring nama marang
satunggaling desa kanthi sebatan Mandiraja, mandi menika tegesipun
sekti lan raja menika ateges Sang Raja. Pramila Desa Mandiraja menika
tegesipun kasektenipun Sang Raja
RANGKUMAN
1. Cerita rakyat inggih menika cerita ingkang
ngrembaka wonten ing masyarakat kanthi
turun temurun lan dipuntuturaken kanthi cara
lisan.
2. Cerita rakyat menika ciri-cirinipun inggih
menika dipuntuturaken kanthi cara lisan, turun
temurun, anonim, kathah pitutur luhuripun, kathah
versi utawi variasinipun, lan sipatipun tradisional.

3. Jinis cerita rakyat menika wonten Mite,


Legenda, Fabel, lan Dongeng.

4. Unsur-unsur instrinsik cerita rakyat : Tema,


Irah-Irahan, Paraga, ALur, Latar, Pitutur
KAPUSTAKAN
Priyantono, Drs. Sawukir. Marsudi
Basa lan Sastra Jawa. Jakarta. 2014:
Erlangga.

Sinau Basa Jawa Pandhu Basa Kelas


VII. Pemalang. 2020: MGMP Kabupaten
Pemalang.

http://asalusul-desa-
mandiraja.blogspot.com diakses pada
tanggal 1 Oktober 2021 pukul 14.05
WIB.

Anda mungkin juga menyukai