C. Tujuan Pembelajaran
Pertemuan 1 dan 2
Setelah mengikuti kegiatan pembelajaran diharapkan peserta didik dapat :
1. Berdoa kepada Tuhan Yang Maha Esa sebelum peserta didik melaksanakan
pembelajaran materi teks cerita rakyat.
2. Menggunakan bahasa Jawa di kelas saat pelajaran bahasa Jawa dengan baik.
3. Mengartikan kata-kata yang dianggap sulit yang terdapat dalam teks cerita rakyat.
4. Menjawab pertanyaan tentang isi teks cerita rakyat.
5. Mendiskusikan isi teks cerita rakyat.
6. Mengungkapkan nilai-nilai luhur yang terdapat dalam cerita rakyat secara tertulis.
Pertemuan 3
1. Berdoa kepada Tuhan maha Esa sebelum peserta didik melaksanakan pembelajaran
materi teks cerita rakyat.
2. Menggunakan bahasa Jawa di kelas saat pelajaran bahasa Jawa dengan baik.
3. Menuliskan pokok- pokok isi bacaan teks cerita rakyat.
4. Menceritakan kembali teks cerita rakyat secara lisan dalam ragam ngoko.
D. Materi Pembelajaran
Pertemuan 1 dan 2
Teks dengaran cerita rakyat Pemalang iki gatekna banjur wangsulana pitakon
ing ngisore!
Pangeran Maoneng
Pangeran Maoneng didherekake garwane Dewi Sulastri, Patih Yudapraja lan para
prajurit Mataram tumuju menyang laladan Mataram imbang kulon. Lakune tekan
sapinggiring alas Roban kanggo ngawekani manawa ana apa-apa Pangeran Maoneng
pribadi sing arep martinjo sajrone alas.
Ing sajrone alas Roban Pangeran Maoneng ketemu karo Pangeran Suma Hadilaga.
Pangeran Suma Hadilaga wektu samana lagi ngupadi pawongan pamintane putrane kang
sesilih Sarioneng. Titikan ing anggone Pangeran Maoneng jibles karo sing dikarepake
Sarioneng. Mula Pangeran Suma Hadilaga minta supaya Pangeran Maoneng kersa
dipundhut mantu. Pangeran Maoneng ora kersa awit dheweke pancen wis kagungan
garwa. Sulayane rembug dadi dredah kepara dadi panca kara Pangeran Maoneng keseser
banjur manut diboyong menyang Kraton Kebon Agung.
Ing Kraton Kebon Agung Pangeran Maoneng rumangsa kesengsem karo Dewi
Sarioneng. Sakarone banjur dipalakramakake.
Palakrama kekarone ndadekake ora sukane patih Kebon Agung kang aran Jongsari
mula nalika Pangeran Maoneng ditodhi kaprigelane ulah kaprajuritan,Pangeran Maoneng
dadi pangewan-ewan Patih Jongsari sapendherek. Kalodhangan iki digunakake kanggo
males seriking ati Patih Jongsari sing sejatine duwe sir marang Dewi Sarioneng. Priksa
pokale patihe Pangeran Suma Hadilaga duka. Sang Patih Jongsari wis siyaga nampani
dukane sang Pangeran. Wekasane rembug dadi pancakara. Ing pancakara iki Pangeran
Sumahadilaga tiwas. Patih Jongsari tumuli dadi pangeran ing Kebon Agung. Dewi
Sarioneng dipeksa dadi garwa prameswari. Dewi Sarioneng ora kersa banjur linggar saka
kraton. Ing tengah dalan Dewi Sarioneng ketemu karo Pangeran Maoneng.
Patih Jongsari sapendherek mbujung playune Dewi Sarioneng . Iba kagete bareng
weruh kekasihe wis sarimbitan karo Pangeran Maoneng sing dikira wis tiwas. Pangeran
Maoneng lan Dewi Sarioneng lumawan marang patih Jongsari .
Kacarita Dewi Sulastri lan Patih Yudapraja sapendherek kuwatir, mula banjur
nungka tindake Pangeran Maoneng. Ing tengahe wana Dewi Sulastri sapendherek priksa
manawa Pangeran Maoneng karo sang Dewi dikroyok Patih Jongsari sabalane. Ora
gantalan wektu banjur sabyantu marang kekarone, wusanane Pangeran Maoneng
sapendherek mimpang. Patih Jongsari tiwas, wangkene dibuwang ing kali sing iline
malang saka kidul ngalor tekan pesisir lor.
Kuwandane Patih Jongsari sing dibuwang ing kali malang. Mula bareng karo
rejane jaman Kraton Kebon Agung saprene katelah Pa Malang utawa Pemalang.
Pertemuan 3
A. Teks wacan cerita rakyat iki wacanen!
Ing sawijining dina, Panembahan Senopati nampa palapuran ana telik sandi sing
nyusup menyang Kraton Mataram Telik sandi mau sesilih Pangeran Salingsingan saka
Kraton Cirebon. Wus sawetara suwe Kraton Cirebon nedya nggempur lan ngasorake
prajurit Mataram.
Panembahan Senopati dhawuh marang Pangeran Purbaya supaya nyekel telik sandi
mau. Pangeran Purbaya diparingi sipat kandel Keris Kyai Simonglang.
Pangeran Purbaya kelakon bisa ketemu Pangeran Salingsingan. Salingsingan
pingin ngrebut lan nguasani Jawa Tengah saka Mataram. kekarone ora padha gelem
ngalah wusana dadi dredah, kepara dadi pancakara pangeran salingsingan kaseser banjur
mlayu tekan pesisir lor. Pangeran Purbaya terus mbujung playune Pangeran
Salingsingan. Pangeran Salingsingan mlayu ngulon nganti tekan kraton kebon agung
(saiki Pemalang). Ing kraton Kebon Agung kekarone padha-padha kelangan lacak.
Pangeran Purbaya ngrasakake sayah lan salit, badane nandhang tatu arang
kranjang. Pangeran Purbaya lumaku ngulon mlipir pesisir lor. Wusana Sang Pangeran
mampir ing gubug kang ana sacedhake pategalan kono. Iba kagete bareng priksa ing
kono ana wanita ayu sing lagi tunggu tanduran.
Nyai Pedaringan dhewekan ing gubuge, isih nyepake sarapan, panganan kang paling
disenengi, kaki pedaringan isih gawe lahan anyar kang mengkone ditanduri palawija. Ora
let suwe teka wong lanang kang bagus rupane. Dheweke njaluk pamit mlebu. Nyai
Pedaringan kaget, dheweke isih mlongo sajake bingung banjur si Nyai Pedaringan
ngamati wong bagus mau saka dhuwur tekan ngisor awake. Ing lengen tengene ana getih
ireng kenthel, getih kae katon nyata nanging ing gegere ana barang kang nyelip malah
kaya gaman pusaka kerajaan, sajake sapa wong iki? Pitakon iki kang ana ing jero atine
Nyai Pedaringan.
Nyumurupi kahanane Pangeran Purbaya sing kesayahen lan nandhang tatu-tatu,
ndadekake wedi lan welase wanita mau
“Mangga pinarak ingkang sekeca, Raden.” Guneme wanita iku kanthi rasa welas asih.
Ora let suwe pawongan mau ngenalake awake kanthi santun nyeritakake asale
muasale dheweke teka ing gubug Nyai Pedaringan.
“Aja wedi, Nyai aku Pangeran Purbaya saka Mataram sing lagi mbujung playune
mungsuh. Jenengmu sapa? Mbok aku wenehana banyu sacegukan kanggo jampi salit!”
“Kula Nyai Pedaringan, Raden. Kula mboten gadhah toya. Kangge jampi salit
mangga Raden kula aturi semangka.”
Banjur Nyai Pedaringan ngrewangi ngobati.
Ora suwe wong loro mau dadi cedhak. Tekan awan, pangeran Purbaya pamit bali
arep nerusake lakune. Pangeran Papak Purbaya nitipake kerise kanggo bebungah marang
nyai Pedaringan. Si pangeran aweh pesen, yen keris mau diarani Simonglang iku dijaga
lan diopeni. Uga dikarepake yen mengkone keris iku dadi pusaka dhaerah iku lan kang
duwe hak nduweni sarta ngrawat keris iki yaiku kaluwarga Pedaringan lan keturunane.
Sapa-sapa ora nduweni hak njupuk keris mau kajaba pangeran Papak Purbaya utawa
wong sing kabeh driji tangane papak kaya duwene pangeran Papak Purbaya. Pangeran
Papak Purbaya nerusake perjalanane marang kidul. Ing tengah-tengah lakune dheweke
kudu ngliwati kali cilik saka arah wetan lan ngalir tumuju kulon kang lokasine cedhak
karo segara (ing basa jawa: Malang) dheweke kaya entuk ilham utawa wangsit saka sing
gawe urip kanggo menehi jeneng dhaerah iki “Pemalang”.
Kisahe, wis rada sore kaki Pedaringan nembe bali ngomah, Kaki Pedaringan rada
getun lan gumun, biasanya nyai Pedaringan nggawake panganan nanging nganti sore kaya
iki si Nyai ora marani. Getun dadi cemburu merga kaki ngonangi nyai Pedaringan isih
nyekeli keris kang dudu duweke Kaki Pedaringan. Banjur Nyai Pedaringan aweh
penjelasan nerangake kepriye critane dheweke nyekel keris mau. Nanging kaki
Pedaringan ora gelem nrima penjelasan saka nyai, malah dadi ribut. Ing akhir tukarane,
nyai Pedaringan nyabut kerise kanggo mbuktikake tresnane, keris mau dienggo ngiris
drijine. Getih kang seger mau netes saka drijine kang lentik. Nyai Pedaringan sumpah
menawa tetesan getih kang diolesake ing kembang widuri bisa dadi warna ungu, iku
tandane tresnane isih suci. Ndeleng kedadeyan mau, kaki Pedaringan dadi gela lan njaluk
pangapura marang nyai Pedaringan. Kanggo nebus dosane kaki Pedaringan lan nggoleti
pangeran Papak Purbaya. Nanging nganti saiki kaki Pedaringan ora tau bali. Saiki nyai
Pedaringan kang diarani “Nyai Widuri” urip dhewekan karo bayi kang isih ana ing
wetenge. Nganti akhir umure, nyai widuri dadi randa. Saiki jeneng widuri diabadikake
kanggo jeneng desa, merga nyai widuri tau urip ning kono.
E. Metode Pembelajaran
Pendekatan : scientific
Metode : diskusi, tanya jawab, penugasan, demonstrasi
Pendahuluan
Peserta berdoa sebelum belajar
Memeriksa kehadiran dan kesiapan peserta didik
Peserta didik diarahkan guru untuk membentuk kelompok dengan anggota
4 orang
Apersepsi: Menceritakan salah satu jenis dongeng anak dan memberikan
contoh jenis-jenis dongeng yang lainnya.
Menyampaikan tujuan pembelajaran
Kegiatan Inti
Peserta didik menyiapkan alat tulis dan mencatat pertanyaan-pertanyaan
serta tugas yang dibacakan guru.
Peserta didik mendengarkan teks dengaran “Pangeran Maoneng”
Peserta didik mencatat kata-kata yang dianggap sulit dalam teks dengaran
“Pangeran Maoneng”
Peserta didik bertanya jawab tentang arti kata-kata sulit yang terdapat
dalam teks.
Peserta didik menjawab pertanyaan yang berkaitan dengan isi teks .
Peserta didik berdiskusi tentang unsur-unsur dalam teks “Pangeran
Maoneng”
Peserta didik menyampaikan hasil diskusi tentang unsur-unsur dalam teks
“Pangeran Maoneng” secara tertulis.
Peserta didik menuliskan nilai-nilai luhur yang terdapat dalam teks.
Penutup
Guru bersama peserta didik menyimpulkan hasil pembelajaran.
Guru bersama peserta didik melakukan refleksi tentang proses dan hasil
pembelajaran yang telah dicapai.
Peserta didik menerima tugas dari guru memberikan contoh penerapan
nilai-nilai luhur dari teks “Pangeran Maoneng” dalam kehidupan sehari-
hari.
Pertemuan 3
Pendahuluan
Peserta berdoa sebelum belajar
Memeriksa kehadiran dan kesiapan peserta didik
Peserta didik diarahkan guru untuk membentuk kelompok dengan anggota
4 orang
Apersepsi: Mengulas pembelajaran tentang cerita rakyat pada pertemuan
sebelumnya dan menanyakan tugas yang diberikan.
Menyampaikan tujuan pembelajaran.
Kegiatan Inti
Peserta didik menyiapkan alat tulis dan mencatat tugas yang dibacakan
guru.
Peserta didik membaca teks bacaan “Asal-usul Widuri ing Kutha
Pemalang”
Peserta didik menandai kata-kata yang dianggap sulit dalam teks bacaan
Peserta didik bertanya jawab tentang arti kata-kata sulit yang terdapat
dalam teks.
Peserta didik menulis kalimat menggunakan kata-kata sulit yang ada pada
bacaan.
Peserta didik menjawab pertanyaan yang berkaitan dengan isi bacaan .
Peserta didik berdiskusi tentang pokok-pokok isi bacaan “Asal-usul Widuri
ing Kutha Pemalang” per alinea.
Peserta didik menceritakan kembali isi teks dengan ragam ngoko.
Penutup
Guru bersama peserta didik menyimpulkan hasil pembelajaran.
Guru bersama peserta didik melakukan refleksi tentang proses dan hasil
pembelajaran yang telah dicapai.
Peserta didik secara berkelompok menerima tugas dari guru mencari cerita
rakyat yang lain dari berbagai sumber dan merangkum isinya dengan
ragam krama.
H. PENILAIAN
1. Sikap Spiritual
a. Teknik Penilaian : observasi
b. Bentuk Instrumen : lembar observasi
c. Kisi-kisi :
No. Sikap/nilai Butir Instrumen
1. Terbiasa berdoa kepada Tuhan Maha Esa o Terbiasa berdoa
sebelum peserta didik melaksanakan
pembelajaran teks cerita rakyat.
Skor
Sikap/nilai
1 2 3 4
1. Berdoa sebelum dan sesudah mempelajari teks
cerita cerita rakyat.
Nama : ______________________________
Kelas : ______________________________
Petunjuk:
Berilah tanda silang (X) sesuai dengan kondisi peserta didik. (Diisi oleh guru)
Pilihan
No. Pernyataan
Ya Tidak
1. Menghargai orang lain dalam menanggapi karya teman
2. Menghargai orang lain dalam berkarya
3. Bersikap disiplin dalam menanggapi karya teman
4. Bersikap disiplin dalam mengungkapkan isi wacana
tentang peristiwa.
Pedoman Penskoran:
Pilihan “Ya” diberi skor 1, sedangkan pilihan “Tidak” diberi skor 0. Karena soal
berjumlah 4 butir, maka jumlah skor berkisar antara 0 sampai 4.
Nama : ______________________________
Kelas : ______________________________
Soal :
Isenana cecek-cecek ing ngisor iki kanthi trep!
Wangsulana pitakon ing ngisor iki!
4. Keterampilan
a. Teknik Penilaian : Tes praktik
b. Bentuk Instrumen : Tes uji petik kerja dan produk
c. Kisi-kisi :
Nama : ______________________________
Kelas : ______________________________
Soal:
1. Tulisen pokok-pokok isine alinea 1-6 cerita rakyat “Asal-usul Widuri ing Kutha
Pemalang” kanthi ringkes bae.
2. Critakna maneh isine cerita rakyat “Asal-usul Widuri ing Kutha Pemalang”
manut pokok-pokok ringkesanmu mau nganggo basa krama !
Kriteria
Aspek yang dinilai
1 2 3 4
No.
1 Ketepatan isi pokok alinea
2 Ketepatan isi cerita.
3 Ketepatan bahasa krama yang dipakai
Keterangan:
4 = Sangat Baik 2 = Cukup
3 = Baik 1 = Kurang
Mengetahui,
Kepala Sekolah Guru Mata Pelajaran,