Anda di halaman 1dari 11

BAHAN AJAR BAHASA JAWA

KELAS VII SMP

TEKS WAYANG
UNIT 1:
TEKS CERITA WAYANG

Penyusun:
1. Aditya Rendra Pratama, S. Pd (SMPN Satu Atap
Gunungsari 04 Batu.
A. Pengantar
Sugeng pepanggihan

Masyarakat Jawa kang dadi wong kang tansah nengenake rasa, nengenake
tindak tanduk, solah bawa lan lelaku utama. Masyarakat Jawa bisa nduweni rasa kang
kaya mangkono mau, merga anane pitutur kang dijupuk saka crita-crita wayang.

Pitutur wayang kang tansah dadi tuntunan tumrape Wong Jawa dadi cara kang
dirasa paling gampang supaya bisa nuladhani paraga wayang kang nduweni sipat kang
becik. Nanging, ing wekasane dina iki saya ilang cara kang kaya wis dadi budayane
masyarakat Jawa kasebut, bab iki merga anane owah-owahane pamikiran tumrap
panemune wong Jawa.

Lumantar pasinaon iki ngenani crita wayang, bisa nduweni pangaribawa marang
kabudayane masyarakat Jawa kang wis saya luntur ing dinane iki. Crita Wayang kang
ana ing pasinaon iki bakal dijlentrehake wiwit unsur basa, struktur teks, lan pitutur luhur.

B. Peta Kompetensi

Teks Cerita Wayang

Teks Wayang Unsur Basa Pitutur Luhur

1. Tujuan Pembelajaran

1. menunjukkan sikap spiritual yang semakin baik, antara lain sikap bersyukur dalam
bentuk berdoa sebelum belajar dan menghargai perbedaan
2. menunjukkan sikap sosial yang semakin baik, antara lain sikap bekerja sama,
bertanggung jawab, percaya diri, dan kreatif;
Pengetahuan
1. menjawab pertanyaan teks wayang “Petruk Dadi Ratu”
2. menjelaskan struktur teks wayang “Petruk Dadi Ratu”
3. menentukan unsur kebahasaan teks wayang“Petruk Dadi Ratu”dengan benar.
4. menyimpulkan isi teks wayang“Petruk Dadi Ratu”.
5. menjelaskan pesan moral teks wayang“Petruk Dadi Ratu” dengan benar.
Keterampilan
1. Setelah belajar tentang isiteks, peserta didik dapat meyimpulkan isi wayang“Petruk
Dadi Ratu” dalam bentuk tulisan dengan kaidah penulisan dalam bahasa Jawa yang
baik dan benar.
2. Setelah belajar tentang isi teks, peserta didik dapat meyimpulkan isi wayang“Petruk
Dadi Ratu”dalam secara lisan denngan menggunakan bahasa yang santun.
3. Setelah belajar tentang pesan moral dalam teks, peserta didik dapat merelevansikan
pesan moral teks wayang/ topѐng ḍhâlâng dengan kehidupan sehari-hari jujur.
Kegiatan Pembelajaran:

Daring 1:
Menyimak pembacaan teks cerita wayang “Petruk dadi Ratu” melalui video di youtube

Daring 2:
- Mengamati teks narasi cerita wayang “Petruk dadi Ratu”
- Menganalisis struktur teks narasi cerita wayang “Petruk dadi Ratu”

Daring 3:
- Mengenali unsur kebahasaan yaitu ater-ater tripurusa dalam cerita wayang “Petruk dadi Ratu”
- Mengamati unsur kebahasaan yaitu ater-ater tripurusa dalam cerita wayang “Petruk dadi
Ratu”

Daring 4:
- Memahami unggah-ungguh basa
- Membedakan kalimat dengan basa ngoko dan basa krama serta kegunaannya
- Merubah kalimat dari basa ngoko menjadi basa krama dan sebaliknya

LEMBAR MATERI
A. Teks Cerita wayang :
Petruk Dadi Ratu
Kacarita, ing sacedhake tapel wates praja Ngastina madeg praja anyar kang aran
Sonyawibawa. Ratune jejuluk Prabu Durtawarna ya Prabu Gurnadur ya Prabu
Thongthongsot ya Prabu Belgedhuwelbeh. Ratu mau sekti mandraguna lan bisa ngrubah
kahanan kang maune para kawula padha kekurangan uripe dadi makmur. Akeh para kawula
Ngastina kang padha pindhah menyang praja Sonyawibawa.
Kahanan mau kang ndadekake nesune ratu Ngastina Prabu Duryudana. Ratu
Sonyawibawa wis wani mbalela marang Ngastina. Mula Prabu Duryudana ngerigake prajurit
saperlu nglurug perang Sonyawibawa. Nalika para prajurit Ngastina tekan tlatah
Sonyawibawa padha kaget. Sawah kang maune cengkar dadi subur lan tandurane ijo royo-
royo. Para kawula padha sengkut makarya, ana sing ngluku, macul, ngepeki pari, lan liya-
liyane. Papan kang sadurunge rupa bangunan didadekake kandhang pitik, bebek, wedhus,
sapi, kang diduweki rakyat. Pokoke, praja Sonyawibawa ngutamakake kesejahteraan
rakyate.
Nalika prajurit Ngastina mlebu kraton dipapag para punggawa praja Sonyawibawa.
Dumadi perang rame. Prajurit Ngastina kasoran yuda padha mlayu. Prabu Duryudana
kepikut dening Prabu Belgedhuwelbeh. Kanggo mbebasake Prabu Duryudana, patih
Ngastina Harya Sengkuni golek bantuwan marang para Pandhawa. Senajan tansah
mungsuhi Pandhawa, Prabu Puntadewa kersa bebantu. Putra Pandhawa, Gathotkaca,
Antasena, lan Bratasena maju perang. Nanging ora bisa ngalahake. Kabeh padha keplayu.
Kresna kang titisane Wisnu, pretah marang Gareng lan Bagong ngadhepi raja
Sonyawibawa. Klakon perang rame, ora ana sing kalah ora ana sing menang. Nalika bisa
kepikut, raja Sonyawibawa diudhari busanane badhar dadi Petruk. Pranyata Prabu
Belgedhuwelbeh iku sejatine Petruk. Nalika ditakoni Kresna kok bisa dadi ratu lan sekti,
Petruk matur menawa dheweke nggawa pusaka Jamus Kalimasada. Pusaka mau ditemu
merga ceblok nalika dicolong Mustakaweni kang perang karo Bambang Priyambada.
Sadurunge dibalekake marang Prabu Puntadewa, pusaka Jamus Kalimasada dianggo
ngedekake negara kang merjuwangake rakyat cilik.
Crita Petruk dadi Ratu nduwenei pasemon kang akeh. Kayata: pasemone wong
sugih ayaran, panguwasa anyaran, pasemone kawula cilik kang kepingin mulya, uga
pasemone ratu adil iku asale saka kawula alit, lan kawula cilik yen dipercaya dadi
panguwasa pranyata uga bisa.
Sumber : Jayabaya,
No. 24 Pebruari 2007

Gladhen 1
Pitakon-pitakon saka wacan ing ngisor iki wangsulana kang patitis!
1. Negara apa kang madeg ing cedhak tapel watese negara Ngastina?
2. Sapa asmane raja saka negara anyar mau?
3. Kepriye panguripane kawula negara Sonyawibawa?
4. Negara ngendi kang nglurug perang menyang Sonyawibawa?
5. Nalika Prabu Duryudana kepikut Kurawa njaluk bantuwan marang sapa?
6. Negara Sonyawibawa ngutamakake apa?
7. Sapa kang bisa ngasorake raja Sonyawibawa?
8. Sapa sejatine Prabu Belgedhuwelbeh iku?
9. Apa sebabe Petruk bisa dadi ratu lan sekti mandraguna?
10. Apa wae pasemon kang ana ing lakon Petruk dadi Ratu?

2. Nemokake Isine Crita Wayang


Gladhen 2
1. Gawea kelompok diskusi sing anggotane antara 4 nganti 5 siswa, banjur rembugen
pakaryan ing ngisor iki!
a. Golekana isine crita wayang ing dhuwur!
b. Tulisen asile garapanmu ing buku garapan!
2. Wedharna asil diskusi kelompokmu ing ngarep kelas!
3. Kanca-kancamu bisa takon tumrap wangsulan sing durung cetha, uga bisa menehi
panyaruwe.
4. Kelompokmu uga kudu bisa nrima panyaruwe (saran) utawa solusi jawaban saka
kelompok liyane.
5. Sawise diskusi, sampurnakna garapanmu kanthi migatekake usulan-usulan lan
panyaruwe saka kelompok liya sarta pamanggihe bapak/ibu guru.
6. Sawise garapanmu rampung, banjur kumpulna tugas kelompokmu marang gurumu.

3. Nemtokake Pesen/Amanat Wacan TeksWayang


Gladhen 3
Golekana pesen/amanat kang ana ing wacan crita wayang ing dhuwur. Wedharna
pesen/amanat mau nganggo basamu dhewe. Sawise rampung kumpulna garapanmu marang
gurumu kanggo tugas pribadhi!

4. Nggathukake Isine Crita Wayang karo Kanyatan Saiki


Gladhen 4
Wacan crita wayang ing dhuwur dumadi ngemot tuntunan urip kang luhur. Coba kanyatan apa
kang becik kita tindakake ing mangsa saiki. Sebutna lan wedharna mupangate yen ditindakake!
5. Silsilahe Petruk
Gladhen 5
I. Ceceg – ceceg ing sajerone kothak, isinen manut silsilahe.

Ayah
Salantara (Raja……………………….)
Seorang pertapa rasasa

Petruk (Raja Sonya wibawa) Garwanejenenge


Jeneng liyane :Prabu
………………./Gurnadur/Thong Dewi………………………….
Thongsot/Belgedhu……………………

Lengkung ……………….

KunciJawaban

Gladhen 1
Wangsulane
1. Negara Sonyawibawa.
2. Asma rajane Prabu Durtawarna ya Prabu Gurnadur ya Prabu
Thongthongsot ya Prabu Belgedhuwelbeh.
3. Panguripane kawula negara Sonyawibawa sing sadurunge
kekurangan bisa makmur.
4. Negara Ngastina.
5. Njaluk bantuwan marang Pandhawa
6. Negara Sonyawibawa ngutamakake ngutamakake kesejahteraan
rakyate.
7. Prabu Belgedhuwelbeh saka negara Sonyawibawa.
8. Sejatine Petruk
9. Sebabe Petruk nggawa pusaka Jamus Kalimasada.
10. Pasemon tumrap wong sugih anyaran, panguwasa anyaran,
pasemone kawula cilik kang kepingin mulya, uga pasemone ratu adil iku asale saka
kawula alit.

Gladhen 2
Wangsulane
Kacarita ing sacedhake tapel wates praja Ngastina madeg praja anyar kang aran
Sonyawibawa. Ratune jejuluk Prabu Prabu Belgedhuwelbeh. Ratu mau sekti mandraguna lan
bisa ngrubah kahanan kang maune para kawula padha kekurangan uripe dadi makmur. Sawah
kang maune cengkar dadi subur lan tandurane ijo royo-royo. Para kawula padha sengkut
makarya, ana sing ngluku, macul, ngepeki pari, lan liya-liyane. Papan kang sadurunge rupa
bangunan didadekake kandhang pitik, bebek, wedhus, sapi, kang diduweki rakyat. Pokoke,
praja Sonyawibawa ngutamakake kesejahteraan rakyate. Akeh para kawula Ngastina kang
padha pindhah menyang praja Sonyawibawa.
Kahanan mau kang ndadekake nesune ratu Ngastina Prabu Duryudana. Mula Prabu
Duryudana ngerigake prajurit saperlu nglurug perang menyang negara Sonyawibawa. Ing
paprangan kasebut Prajurit Ngastina kalah lan Prabu Duryudana karangket dening Prabu
Belgedhuwelbeh. Kanggo mbebasake Prabu Duryudanan Patih Ngastina Harya Sengkuni golek
bantuwan marang para Pandhawa. Senajan tansah mungsuhi Pandhawa, Prabu Puntadewa
kersa bebantu. Bratasena, Gathotkaca, lan Antasena, maju perang. Nanging ora bisa
ngalahake. Prabu Kresna kang titisane Wisnu, prentah marang Gareng lan Bagong ngadhepi
raja Sonyawibawa. Raja Belgedhuwelbeh bisa karangket lan diudhari busanane, badhar dadi
Petruk. Nalika ditakoni Kresna kok bisa dadi ratu lan sekti, Petruk matur menawa dheweke
nggawa pusaka Jamus Kalimasada.

Gladhen 3

Wangsulane
1. Dadi pemimpin iku aja dumeh, aja adigang, adigung, adiguna. Awit wong sing ngendelake
panguwasane iku bakal kasoran ing tembe burine.
2. Dadi panguasa iku kudu bisa gawe makmure kawula alit, awit yen ora bisa bakal
ditinggalake kawulane.
3. Pemimpin utawa panguwasa iku asale ora mung saka trah rembesing madu (keturunan
ningrat) utawa wong sing sugih bandha donya, nanging tarkadhang kawula alit uga bisa
dadi pemimpin lan malah bisa mimpin kanthi becik sarta bisa gawe makmure kawulane.

Gladhen 4

Wangsulane
Kanyatan becik kang bisa kita tindakake lan mupangate yen ditindakake:
1. Yen panguasa/pemimpin bisa tumindak adil lan nggatekake para kawula alit, mupangate
kabeh kawula bisa makmur uripe.
2. Dadi panguwasa/pemimpin aja pambeg lan dumeh dadi panguasa, prayogane dadi
pemimpin sing andhap asor, lembah manah, lan ambeg darma, mupangate pemimpin
kasebut bakal disenengi kawulane.
Gladhen 5
Ceceg – ceceg ing sajerone kothak, isinen manut silsilahe.

Ayah
Salantara (Raja Gandarwa)
Seorang pertapa rasasa

Petruk (Raja Sonyawibawa) Garwa nejenenge


Jeneng liyane :Prabu
Durtawarna/Gurnadur/Thong Thongsot/Bel Dewi Ambarwati
geduwelbeh
B. Kawruh Basa. Lengkung Kusuma
1. Rimbagan Tembung
Tembung lingga bisa dirimbag dadi tembung andhahan kanthi ditambahi/diimbuhi ater-
ater, seselan lan panambang. Panganggone ater-ater, seselan lan panambang bisa
ijen-ijen, uga bisa bebarengan. Ater-ater kuwi manggone ana nemplek ing ngarep,
seselan ing tengah lan panambang ana ing samburi wanda ing tembung.
Tuladha
 ngancik  ng (ater-ater) + ancik (tembung lingga)
 ditinggal  di (ater-ater) = tinggal (tembung lingga)
 kokpalangi  kok (ater-ater) + palang (tembung lingga)
 ndadekake  n (ater-ater) + dadi (tembung lingga) + ake (panambang)
 mbelani  m (panambang) + bela (tembung lingga) + i (panambang)
 tumuju  t + um (seselan) + uju
 sapirang-pirang  sa (ater-ater) + pirang-pirang (tembung dwilingga)

a. Ater-ater (BI: Awalan) :


 Ater-ater anuswara : n, m,ny, ng
 Ater-ater tripurusa : dak, ko(kok), di/dipun
 Ater-ater liyane : sa, pa, pri, pra, tar, ka, kuma, kami,
kapi.
b. Seselan (BI: sisipan) : el, er, in, um
c. Panambang (BI: akhiran): ake/aken, i/ipun, a, an, na, ana,
en, ku, mu, e/ne.

Gladhen 4
Goleka tembung andhahan kang pangrimbage sarana diimbuhi/ditambahi “Petruk Dadi
Ratu”sepuluh (10) tembung andhahan bae.
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………

C. Kawruh Sastra
Wayang, salah sijine saka kesenian Jawa sing wis diakoni pinangka warisan budaya
dunia. Pagelaran wayang mujudake seni pertunjukkan sing mbutuhake seni musik, seni
suara, seni rupa, seni tari, seni drama lan seni sastra.
Yen dijingglengi saka seni sastra/kasusastran, crita wayang babone saka kakawin, kitab
lan serat sing mujudaken asil karya sastra.
Jenise wayang ing Jawa mligine, lan ing Indonesia akeh banget, amarga meh kabeh
daerah/wilayah ing Indonesia nduweni wayang kanthi ciri khas.
Ing Jawa bae jenis lan babone crita uga beda-beda. Wayang purwa (kulit/ wong) babon
critane saka kitab Ramayana lan Mahabarata. Wayang Golek lan wayang krucil babon
critane saka serat babad, serat menak lan crita rakyat. Wayang jemblung babon critane
saka serat Ambiyak, wayang suluh babone crita saka kisah nabi Isa ing kitab Injil lan
crita rakyat. Lan isih akeh maneh jenise wayang sing saiki wis langka lan bisa ditemoni ing
museum kayata wayang beber, wayang thithi, wayang potei, wayang thengul lan
sapanunggalane.

D. Pakarti luhur
Wayang, crita wayang tumrap wong Jawa mesthine wis mbalungsungsum, tegese
wis nyawiji ing panguripan saben dinane. Umpamane nalika nganakake upacara adat rupa
mantenan, sunatan, tingkepan, mahargya dina becik umpamane dina kamardikan, bersih
desa lan sapanunggalane, biyen direjakake kanthi nanggap wayang. Jaman saiki amarga
anane owah gingsir lan perkembangan jaman sing luwih nengenake kepraktisan,
keekomomisan lan sapanunggalane, tinimbang nanggap wayang, luwih seneng nanggap
liyane sing luwih praktis lan murah. Pakarti kang mung nengenake kepraktisan lan
ekonomis, pancen dinalar bener, ananging bisa uga njalari lunture rasa tresna marang
budayane dhewe yaiku budaya Jawa.
Crita wayang mujudake wewayangan utawa gegambarane lelakon uwong urip ing
alam donya sing bakale bisa nemtokake lakone urip ing jaman kalanggengan, sing duwe
kewajiban lan tanggung jawab tumrap Gusti kang Murbeng Dumadi, bangsa lan negara,
masyarakat, lan diri pribadi. Crita wayang mau bisa dadi sumber pendidikan lan
patuladhan.
Paraga-paraga ing wayang uga mujudake gambaran saka pawakan, sifat lan
perilakune wong urip. Saka pawakan, sifat lan perilakune paraga ing wayang uwong bisa
njupuk sari pati saka ajaran/filasfat sing kena kanggo pedomane urip.
Tuladhane paraga Petruk ing teks crita wayang “Petruk dadi Ratu”, sanajan dheweke
kagolong paraga punakawan teka seneng gegojegan, seger srawunge, nanging rada luwih
kendel lan anduweni watak prasaja seneng dora sembada tanggung jawabe kabeh
dilakoni kanthi trampil. Kajujurane Paraga Petruk ora seneng gossip fitnah. Watak lan
perilaku kurmat/santun kang awujud tansah gawe leganing liyan ora tahu ngremehake lan
alok marang liyan.
A. Lembar Pengamatan Diri

1. Wenehana tandha centang (√) ing andharan (pernyataan) sing kokanggep paling pas
karo kanyatan sing koklakoni.
2. Katrangane kanggo mbiji pakulinane (kebiasaan):
4 = mesthi dilakoni
3 = asring dilakoni
2 = arang-arang dilakoni
1 = tau dilakoni
1 = ora tau dilakoni
Lembar pengamatan
No. Aspek penilaian Kriteria
4 3 2 1 0
1 a. Kulina donga (ngucap/nulis krana Gusti
Kang Maha Kuwasa) sadurung miwiti
blajar basa Jawa
b. Kulina migunakake basa Jawa kanggo
ngomong karo sapa bae (guru, kanca)
nalika jam pelajaran Basa Jawa.
c. Kulina ngetrapake tata krama nalika
srawung karo kancane
d. Kulina ngetrapake tatakrama nalika matur
karo gurune.
2  Jujur nalika njawab pitakon-pitakon
ngenani wacan crita wayang manut
panemune dhewe.
3  Tanggungjawab marang tugas pribadi
 Tanggungjawab marang tugas kelompok.
4  Ngurmati panemune wong liya nalika
diskusi.
 Migunakake tembung kang pas (ora kasar
lan kemproh) nalika ngomong lan takon
ing diskusi.
5  Nggatekake nalika nyemak crita wayang.
 Tertarik, pingin ngerti lan bljar crita
wayang

Biji Kang diantuk

Biji = ------------------------ X Biji Ideal = ----------------------

Biji maksimal
Nama : .............................
Kelas/No absen : ................
A. Pengetahuan
Gladhen 1
1. Pitakon ing ngisor iki wangsulana!
1. Negara apa kang madeg ing cedhak tapel watese negara Ngastina?
2. Sapa asmane raja saka negara anyar mau?
3. Kepriye panguripane kawula negara Sonyawibawa?
4. Negara ngendi kang nglurug perang menyang Sonyawibawa?
5. Nalika Prabu Duryudana kepikut Kurawa njaluk bantuwan marang sapa?
6. Negara Sonyawibawa ngutamakake apa?
7. Sapa kang bisa ngasorake raja Sonyawibawa?
8. Sapa sejatine Prabu Belgedhuwelbeh iku?
9. Apa sebabe Petruk bisa dadi ratu lan sekti mandraguna?
10. Apa wae pasemon kang ana ing lakon Petruk dadi Ratu?
2. Nemokake Isine Crita Wayang
Gladhen 2
1. Gawea klompok diskusi sing anggotane antara 4 nganti 5 siswa, banjur rembugen iki!
a. Golekana isine crita wayang ing dhuwur!
b. Tulisen asile garapanmu ing buku garapan!
2. Wedharna asil diskusi kelompokmu ing ngarep kelas!
3. kancamu bisa takon wangsulan sing durung cetha, uga bisa menehi panyaruwe.
4. Kelompokmu kudu bisa nrima panyaruwe utawa solusi saka kelompok liyane.
5. Sawise diskusi, sampurnakna garapanmu kanthi migatekake usulan-usulan lan
panyaruwe saka kelompok liya sarta pamanggihe bapak/ibu guru.
6. Sawise garapanmu rampung, banjur kumpulna tugas kelompokmu marang gurumu.
3. Nemtokake Pesen/Amanat Wacan Teks Wayang
Gladhen 3
Golekana pesen/amanat kang ana ing wacan crita wayang ing dhuwur. Wedharna
pesen/amanat mau nganggo basamu dhewe. Sawise rampung kumpulna garapanmu
marang gurumu kanggo tugas pribadhi!
4. Nggathukake Isine Crita Wayang karo Kanyatan Saiki
Gladhen 4
Wacan crita wayang ing dhuwur dumadi ngemot tuntunan urip kang luhur. Coba
kanyatan apa kang becik kita tindakake ing mangsa saiki. Sebutna lan wedharna
mupangate yen ditindakake!
Gladhen 5
II. Ceceg – ceceg ing sajerone kothak, isinen manut silsilahe.
Ayah
Salantara (Raja……………………….)
Seorangpertaparasasa

Petruk (Raja Sonyawibawa) Garwanejenenge


Jenengliyane :Prabu
………………./Gurnadur/Thong Dewi………………………….
Thongsot/Belgedhu……………………
Lengkung ……………….

DAFTAR PUSTAKA

Hadi, Samsul, dkk. 2015. Buku Siswa Kirtya Basa Kelas VII. Suarabaya: Dinas
Pendidikan Provinsi Jawa Timur

Atmodjo, S. Prawira, 1996. Bausastra Jawa. Surabaya: Yayasan Djojo Bojo.

Jatirahayu, Warih dan Margono Notopertomo. Pakartitama:Wayang Sebagai Sumber


Pendidikan Budi Pekerti. Klaten: CV Sahabat.

Anda mungkin juga menyukai