Anda di halaman 1dari 9

NASKAH SINAU BARENG KAWRUH BUDAYA JAWA

RADIO MERAPI FM 93,6 Mhz BOYOLALI

Judul Materi : Nyinau Tembung Ora Ilok & Kawruh Gugon Tuhon
Penyusun Naskah : Aslar, S.S.
Waktu Siaran : Kemis Pon mlm Jumat Wage, 14 mlm 15 Maret 2019
Jam 22.00 – 23.00 WIB
Media Radio : LPLL 93,6 Mhz Merapi FM Boyolali

Opening
Jinggle Musik Ciri Khas Program Kawruh Budaya Jawi

Penyiar / Herman
Wilujeng dalu para pamiyarsa dst……

Aslar
Wilujeng dalu mas Herman, mugi sedaya pamiyarsa, langkung-langkung
ingkeng kepareng midhangetaken siaran menika pinaringan Rahayu Wilujeng.

Penyiar / Herman
Dalu menika badhe ngaturaken materi menapa mas Aslar?

Aslar
Kula badhe matur babagan Tembung Ora Ilok lan Kawruh Gugon Tuhon
satuggaling tembung ingkeng ketingalipun sepele, namung ing bebrayan Jawi
taksih kita pireng, mliginipun para simbah-simbah yen mituturi para putra wayah,
menika kalebet ewoning budaya Jawi ingkeng mbok bilih dipun sinau kanthi tliti
ngemu piwucal sae lan menawi purun nggatosaken mesthi wonten manfaatipun.

Penyiar / Herman
Ngaten nggih mas Gambir, sumangga para pamiyarsa kepareng mangke
saget sambung wonten ing Telpon 0276322999 utawi SMS saha WA ing
087835110999, salajengipun ingkeng badhe dipun aturaken bab Tembung ora Ilok
lan Kawruh Gugon Tuhon menika kados pundi mas Gambir?
1
Aslar
Kangge nyinau bab tembung Ora Ilok lan Kawruh Gugon Tuhon menika
kula adhedhasar buku Mitologi Jawa anggitanipun Drs. Budiono Heru Satoto.
satunggaling dosen ing Fakultas Filsafat, Universitas Gajah Mada ing kitha
Ngayogyakarta. Buku menika asil panaliten ing salebeting kearifan lokal
tradisional Jawi.
Sakderengipun nyinau tembung-tembung ora ilok, ingkeng sok asring dipun
ngendikakaen para simbah rumiyin, supados mangkeh saget runtut anggenipun
mangertosi piwucal Tembung Ora Ilok Lan Kawruh Gugon Tuhon, kedah dipun
sinau tembung Mitologi lan Etika Jawa langkung rumiyin, jalaran tembung-
tembung Ora Ilok lan Kawruh Gugon Tuhon menika kalebet perangan saking
Mitologi lan Etika Jawa.
Mitologi saking tembung Mitos kalih Logos. Mitos miturut Kamus Besar
Bahasa Indonesia (1997), Mitos adalah cerita suatu bangsa tentang dewa dan
pahlawan zaman dahulu, mengandung penafsiran tentang asal-usul semesta
alam, manusia, dan bangsa tsb mengandung arti mendalam yang diungkapkan
dengan cara gaib. Dene Logi utawi Logos niku tegesipun ilmu utawi ngelmu,
lajeng pangertosan tembung Mitologi ing Kamus Besar Bahasa Indonesia (1997),
dipun serat mekaten Mitologi adalah ilmu tentang bentuk sastra yang
mengandung konsepsi dan dongeng suci mengenai kehidupan dewa dan
makhluk halus di suatu kebudayaan.
Dudutanipun Mitos menika cariyos babagan ingkeng tan kasat mripat,
tembungipun sakmenika babagan alam ghoib, lha tembung-tembung ora ilok
menika kathah-kathahipun dipun gandheng cenengaken kaliyan bab-bab ingkeng
tan kasat mripat menika. Namung sakyestosipun tembung-tembung ora ilok
menika perangan alit saking Etika Jawa. Lha menapa ta ? tegeseipun Etika Jawa
menika. Ing Kamus Besar Bahasa Indonesia dipun serat mekaten Etika adalah
ilmu tentang apa yang baik dan apa yang buruk dan tentang hak dan kewajiban
moral (akhlak). Dados tembung Etika menika wonten gandheng cenengipun
kaliyan bab ala lan becik babagan hak lan kewajiban dados tiyang ingkeng gesang
salebeting bebrayan. Tembungipun endah hak dan kewajiban manusia sebagai
makhluk Individu dan manusia sebagai makhluk sosial

2
Penyiar / Herman
O ngaten nggih, lajeng menawi babagan tembung-tembung Ora Ilok Saha
Kawruh Gugon Tuhon kalawau kados pundi jlentrehipun mas Gambir?

Aslar
Ing buku Mitologi Jawa anggitanipun Drs. Budiono Heru Satoto, kaca 119
dipun serat mekaten dalam pengelompokan sistem etika Jawa, ora ilok tidak
termasuk dalam kelompok etika besar (Akhlak), tapi termasuk dalam kelompok
etika kecil, yang oleh Prof. Dr. Sudarsono disebut etiket, yaitu system nilai yang
menyangkut hal-hal yang layak, patut dan serba teratur dalam budaya Jawa.
Pancen ing tembung-tembung ora ilok, ingkeng sok asring dipun
ngendikaken simbah-simbah menika piwucalipun kangge pengatos-atos, namung
menawi dipun kulinakaken saget dados kebiasaan, ingkeng tundhonipun inggih
manjing dados akhlak utawi budi pekerti, utawi perilaku. Malah miturut asil
panalitenipun pak Budi Heru Satoto ing buku Mitologi Jawa, kaca 120. Menika
dipun ngendikaken, bilih tembung-tembung ora ilok ingkeng sok dipun
ngendikaken simbah-simbah menika, paling mboten wonten kalih fakta : kanthi
asli ing tembung basa Indonesia, mekaten :
1. Ora ilok adalah salah satu system dan pendidikan Jawa yang berhasil
mempertahankan tumbuhnya rasa malu dan hormat individu atau sekelompok
orang di dalam masyarakat, yang merupakan bagian dari dasar nilai etis (baik
dan buruk)
2. Ora ilok berhasil menyadarkan hati nurani seseorang terhadap rasa salah
bertindak atau rasa salah berperilaku yang saru dinulu (memalukan saat
dilihat dan dirasakan) orang lain, yang merupakan dasar dari nilai estetis.

Sawijining bab ingkeng dipun aruh-aruhi ngangge tembung ora ilok, menika
tumindak ingkeng nyimpang lan geseh saking pranatan lumrah, utawi bab-bab
ingkeng dipun raos mboten empan mampan (tidak pada tempatnya) menawi dipun
tindakaken, satemah badhe njalari isin lan rumaos kewirangan menawi
tumindakipun dipun aruh-aruhi kanthi tembung ora ilok, ugi badhe rumaos mrosot
drajatipun saha bab-bab awon sanesipun.

3
Malah miturut S. Padmo Soekotjo, ing bukunipun Ngengrengan Kasusastran
Jawa, dipun ngendikakaken mekaten “ora ilok iku pitutur kan sinamun ing
samudana, ora dilairake kanthi melok, utawa ora dikandhakaken ing salugune” tut
ta malih ora ilok menika sanes pantangan utawi ditabukan, ora ilok namung
sadermi anjuran supados mboten dipun lakoni, jalaran kirang sae tundhonipun
malah kepara saget damel kapitunan dhateng diri pribadi utawi tiyang sanes.

Penyiar / Herman
Pancen leres mas Gambir? Tuladhanipun tembung aja sembrana, aja grusa-
grusu, aja dumeh lan sanesipun niku yen dirasakke nggih sae piturure. Lajeng
tuladha tembung-tembung ora ilok sanesipun kados pundi mas Gambir?

Aslar
Ngaten mas, ing buku Mitologi Jawa anggitanipun Drs. Budiono Heru
Satoto, tembung-tembung ingkeng dipun ora ilokaken ingkeng taksih wonten lan
dipun ngendikaken dening para simbah, miturut tembungipun wonten kalih jinis,
antawisipun
1. Tembung ora ilok, ingkeng dipun lajengaken pratelan kedadosan menawi
nerak wewaleripun tuladhanipun
- Aja nglungguhi bantal ndhak wudunen,
- Aja nglungguhi kijing ndhak kuwalat,
- Aja kudhung kukusan ndhak dicaplok baya.
- Aja dolanan beras, mengko tangane kithing
- Aja mangan karo ngadeng, mundhak wetenge dawa
- Aja ngidoni sumur, mundhak guwing lambene.
Janipun kanthi pratelan kedadosan menawi nerak wewaleripun, badhe
nemahi sawijining bab niku rak mpun pitutur. Umpaminipun
- Bantal niku kajang sirah kok dilungguhi rak niku jenenge mboten
tatakrama,
- Kijing niku dudu papan palenggahan, niku tandha pakurmatan kangge
tiyang seda kok dilunggihi jenenge nggih mboten sopan,

4
- Kukusan niku dudu topi utawi caping, niku piranti olah-olah, yen dingo
kudhung mripate ora isoh ngawaske ngarepan, yen mlaku rak mesthi mesthi
mbebayani, mboten kok yen kudhung kukusan ngko terus eneng baya teka.
- Beras niku bahan pangan sing kudu dijaga karesikane, yen dingo dolanan
rak berase reget, menawi dipun liwet nggih kirang sehat
- Tiyang dhahar menika nggih kedah lenggahan, miturut ajaran agami lan
etikanipun tiyang timur, dhahar niku nggih kedah lenggah. Pramila janipun
standing partay utawi pesta kanthi jumeneng cara adatipun tiyang kilen
utawi Walandi, niku mboten cocok kaliyan dhawuh agami lan etika Jawi.
Sak sanesipun mboten enak lan kepenak dhaharipun, nggih miturut
panaliten medis dahar kanthi jumeneng niku kirang sae, amargi nalika
jumeneng badan menika kanthi posisi lurus tubuh menika nyababaken
proses pencernaan tedhan badhe mbablas satemah sari-sari tedhan mboten
kaserab awak lan ugi miturut pangandikanipun dokter saget nyababaken
minggahipun Asam Lambung.
- Lajeng tembung ora ilok ngidoni sumur mundhak lambene guwing. Niki
menawi dipun sinau nggih ngemu pitutur bab kasarasan lan karesikan
lingkungan. Toya sumur niku kalebet toyan wening lan sehat kangge
nginum utawi olah-olah, yen diidoni rak marakke penyakit, kuman-kuman
saking tutuk badhe lumebet toya sumur ingkeng wening menika.

2. Kaping Kalih tembung ora ilok, ingkeng mboten disambung pratelan


kedadosan menawi nerak wewaleripun, namung cekap dipun ngendikakaen
ora ilok ngaten mawon, tuladhanipun
- Aja mangan neng tengah lawan, ora ilok,
- Dadi Prawan surup-surup aja dolan neng njaba, ora ilok.
- Ora ilok mangan karo turu
- Ora ilok bocah wedok lungguh karo jigang
- Ora ilok mangan karo ngomong
- Ora ilok mbuang uwuh neng longan
- Ora ilok, ngethoki kuku wayang wengi

5
Menawi dipun pireng wantah (dimakan mentah) ketingalipun mboten
pinanggih nalar, tur sok asring dianggep kuna, namung menawi dipun sinau saestu
rak ngemu pitutur ingkeng sae to mas. Kados ing nginggil sae menika :
- Wong mangan kok neng tengah lawang, lawang niku dudu papan kanggo
mangan, ning papan kangge wira-wiri, mesthi badhe nganggu ingkeng liwat.
- Prawan niku ibarate dagangan, aja sok dolan wayah surup, nggih saru
disawang tangga teparone, dipun kinten tumindak ingkeng mboten-mboten. tur
ta malih wayang surup niku wayahe sembahyang, wayahe sinau, wayahe ana
ngomah. Pramila sok asring dipun kerata basa / jarwa dhosokaken prawan niku
saking tembung pepara wayah awan, pepara niku lungan utawi dolan.
Saenipun dolan kanggene kenya menika nggih wayah awan, mboten kok
surup-surup malah mangkat dolan. Ingkeng dipun pikajengaken prawan ing
mriki mboten namung lare estri kemawon, ugi kangge lare-lare ingkeng jaler,
wosipun wayah surup niku wayahe leren, sedaya aktivitas kedah kendel.
- Mangan karo turu, niku nggih kirang sopan lan kirang sae, kados dene tuladha
ing nginggil aja mangan karo ngadeg mundhka wetenge dawa kalawau.
- Bocah wadon lungguh jegang niku nggih saru lan ora patut, yen cara tiyang
jawi, wanita menika kedah saget njagi dhiri sampun ngantos keladuk
patrapipun.
- Dhahar kaliyan wicanten, niku nggih kirang tatakrama lan saget nyababaken
keselak, mangka keselak niku kalamangsa mbebayani. Nate wonten parwartos
tiyang tilar amargi sabab keselak anggenipun dhahar.
- Longan niku papan peteng sak ngisore amben, ora dibuwangi uwuh wae wis
reget, papanipun sumber penyakit, kathik isih dibuwangi uwuh, mesthi badhe
sansaya reget lan kebak penyakit.
- Ngethoki kuku niku ngangge piranti yen mboten ngati-ati saget damel beseting
kulit, menapa malih anggenipun ngethoki kuku wayang bengi, rak mboten pati
ketingal mangkeh dados bilahi.
Tembung-tembung ora ilok, niku wau rak sae piwucaipun. Dados nyinau
tembung-tembung ora ilok, menika mboten saget dipangan mentah, kedah dipun
jlimeti maknanipun utawi maksudipun, lan sampun gampil pangandikan klenik,
kuna, lan sanesipun menawi mireng tembung-tembung ora ilok menika.

6
Penyiar / Herman
Menika pangertosan babagan tembung ora Ilok, salajengipun ingkeng
winastan Kawruh Gugon Tuhon menika kados pundi mas Gambir?

Aslar
Menawi dipun tegesi saking tembungipun, Gugon menika saking tembung
lingga nggugu + an ingkeng tegeseipun gampang percaya marang tetembungane
wong utawi dedongengan, lan Tuhon saking tembung tuhu + an tegesipun nyata,
setia. Dados Gugon Tuhon mengku tegese sipat lan watak kang gampang percaya
marang ucapan lan dedongenganne wong liya (Poerwadarminta, 1939: 611).
Gugon Tuhon menika sanget raket kaliyan tembung ora ilok kalawau, dados
guna lan paedahe sami kaliyan tembung ora ilok kalawau, inggih menika kangge
pengatos-atos saben tumindak. Tiyang Jawi menika kebak petung, kebak
tetimbangan supados gesang tansah manggih kawilujengan. Wonten tetembungan
urip kuwi direwangi ngati-ati wae kala mangsa isih nemu cilaka, apa maneh yen
uripe ora ngati-ati, mesthi cepak papa cintrakane. Dados tembung Gugon Tuhon
menika mboten kok dadi wong sing nduwe penggalihan ribet lan ruwet, namung
menawi kula piwucal Gugon Tuhon menika, urip kuwi kudu teliti lan waspada.
Miturut Subalidinata R.S. ing bukunipun, Sarining Kasusastran Djawa.
Ingkeng dipun terbitaken P.T Jaker, Yogyakarta, ing tahun 1968, milah-milah jinis
Gugon Tuhon menika wonten 3 (Tiga), antawisipun
1. Gugon Tuhon Salugu
Gugon Tuhon Salugu niku mirip kaliyan cerita utawi dongeng kuno, inggih
menika wontenipun kapitayan babagan lare sukerta utawi lare ingkeng dados
pepancen dhaharanipun bathara Kala, kedah dipun ruwat umpaminipun
- Ontang-anting (anak tunggal)
- Pancuran kapit sendang (anak tiga, jaleripun wonten tengah)
- Sendang kapit pancuran (anak tiga, estrinipun wonten tengah)
- Uger-uger lawang (putra kalih jaler sedaya)
- Kembang sepasang (putra kalih estri sedaya)
- Pandhawa (Putra gangsal Jaler sedaya)
- Pendhawi (Putra gangsal estri sedaya) … Lsp.

7
2. Gugon Tuhon Kang Isi Pitutur Sinandi
Gugon tuhon kang isi pitutur sinandi ‘gugon tuhon inggih menika kados
ing tembung-tembung ora ilok kalawau

3. Gugon Tuhon Kan Kalebu Pepali Utawa Wewaler


Gugon tuhon kan kalebu pepali utawa wewaler ‘inggih menika kapitadosan
gugon tuhon ingkeng wonten awisanipun menawi dipun terak badhe nampi
bebendu. Umpaminipun wonten satunggaling kapitadosan tartamtu , umpaminipun
wonten cariyos tiyang-tiyang ingkeng manggen ing dusun Klepu (sak kilen
ngayogjakarta) mboten kenging nanggap wayang kulit, sebab jaman rumiyin
menawi wonten tiyang nanggap wayang kulit, mesthi bibar wayangan badhe seda
lan ingkeng griya ingkeng kangge nanggap wayang dikurtugi watu karo sing ora
ketok, satemah nagntos sak menika ing Dusun Klepu rumaos ajrih badhe nanggap
wayang kulit.
Ing tlatah Gumulan, kalebet laladan Kemiri, sak wetan Alun-Alun Kidul
Kitha Boyolali, menika ugi taksih wonten kapitadosan, mboten kenging damel
pager saking deling, menawi ngantos wonten ingkeng wani nerak, badhe nemahi
kacilakan. Wonten malih awisan-awisan kadosta menawi dhateng segara Kidul
mboten kenging ngangem rasukan warni Ijo… lan sapanunggalanipun.

Penyiar / Herman
Weh mboten kraos sampun setunggal jam mas Gambir, wancinipun pamitan
kaliyan para pamiyarsa, monggo menapa taksih wonten ingkeng badhe dipun
aturaken dhumateng para pamiyarsa, kula sumanggakaken !

Aslar
Nggih, nyuwun pangapunten mbokbilih kirang nuju prana dhateng para
pamiyarsa nyuwun pangapunten, sanes wekdal pinanggih malih

Penyiar / Herman
Nggih, monggo kalajengaken midhangetaken siaran ringgitipun. Wassalamu alaiku
warahmullahi wabaraktuh.

8
Naskah Kawruh Budaya Jawi
Sampun dipun siaraken
Radio Merapi FM 93,6 Mhz Boyolali
Kabupaten Boyolali

Kamis Pon, 14 Maret 2019

Penulis Naskah
Guru Bahasa Jawa di MTs Negeri 4 Boyolali

Aslar, S.S. S.Pd.


NIP. 19721028 200710 1 004

Mengetahui
Pimpinan LPLL Merapi FM Kabupaten Boyolali

TOTOK SUPRAPTO, S.T.


Penata Tingkat I
NIP. 19751119 200501 1 007

Daftar Pustaka
1. Budi Heru Satoto, Drs. 2012. Mitologi Jawa, Yogyakarta, Oncor Semesta
Ilmu.
2. Subalidinata R.S. 1968. Sarining Kasusastran Djawa. Yogyakarta: P.T
Jaker.
3. Poerwadarminta W. J. S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J. B Wolters.
4. Suwardi Endraswara. 2005. Buku Pinter Budaya Jawa: Mutiara Adiluhung
orang Jawa. Yogyakarta: Gelombang Pasang.
5. Kamus Besar Bahasa Indonesia. Edisi Ketiga. 2003. Jakarta: Balai Pustaka
6. Sugiarto, Joko. 2010. ‘Peribahasa Jawa sebagai Falsafah Bangsa
Indonesia’ Proseeding dalam Seminar Perspektif Bahasa-Bahasa
Austronesia dan Non Austronesia. Denpasar: Udayana
7. Sabdawara. 2001. Pengajaran Bahasa Jawa Sebagai Wahana Pembentukan
Budi Pekerti Luhur. Makalah Konggres. Yogyakarta: Konggres Bahasa
Jawa III.

Anda mungkin juga menyukai