Anda di halaman 1dari 66

PENATARAN DWIJA PERMADANI

JATENG TAHUN 2012

ANDHARAN BUDIPAKARTI
Gegaran Baku Pawiyatan PERMADANI
(GBPP)
Dewan Pengurus Pusat PERMADANI
P I T E PA N G A N

Nama : H. Soejanto, S.Sos, MM, Dipl.IFF


Lahir : Ngawi, 02 Agustus 1946
Alamat : Jl. Kendeng Barat II No. 6 Semarang
Tlp. 024-8411333, Fax. 8507479. HP. 0811298059
E-mail : soejantoyanto@yahoo.com
Pakaryan :
1. Direktur PT.Trigita Upaya Makmur Semarang (Freight Forwarding)
2. Dosen Sekolah Tinggi Maritim Dan Transport “AMNI” Semarang
3. Instruktur Basic Freight Forwarding Course (INFA Institute)
Organisasi :
4. Ketua Dewan Pengurus Pusat PERMADANI
5. Ketua Yayasan Bina Kemaritiman Indonesia.
6. Ketua Asosiasi Logistik Dan Forwarder Indonesia, Jawa Tengah
TEGESING TEMBUNG
BUDI
Asaling tembung budh ;
Tegesipun = emut utawi gumregah (sadar kajiwan).
Puseripun pikir; sumberipun batos.
Ingkang makarti : jiwa – pikir – batos.
Budi, pirantining batin arupi kamanunggalanipun akal, krenteg
lan raos kangge tetimbangan bab ingkang sae lan awon.

PAKARTI
Oyoding tembung sunskrit : Kr. Tegesipun : tindak, makarya, obah.
Ingkang makarti : raga, lair.

Budi Pakarti
Pikajengipun ngrembag bab awon saening manungsa.
Saged kajajaraken kaliyan tembung akhlak utawi moral.
BUDIPEKERTI

Ki Hajar Dewantara
Budipakarti punika bobot sikep
gesangipun manungsa adhedhasar
kadiwasaning pikir

Manunggaling cipta, rasa, karsa


winahya ing ulah, ucap, ulat
Manungsa Warganing
bebrayan

Salebetipun nepusi gesang tembayatan, manungsa tinuntun


dening cipta, rasa miwah karsanipun.

Tiyang gesang boten saged uwal saking sambang pasrawungan.


Ngadat tatacara ing papan tinamtu, mangaribawani tindak-tanduking
bebrayanipun.
MANUNGSA MANDHIRENG PRIBADI
(MARDIKA)

• Jabang bayi lair sampun ngadhahi wewatekan piyambak.

• Mardika, kiripun saged nata gesang ingkang laras, tuwin


saged nemtokaken ancasing gesangipun anut lampahing
jiwanipun.

• Salebetipun nggayuh ancasing gesang, boten kacencang


dening pamanggihipun tiyang sanes.
(Seje kulit, seje anggit)
SERAT WULANGREH (SS. PAKOEBOEWONO IV)

Apan wateke manusa,


pan ketemu ing laku lawan linggih,
solah muna muninipun,
pan dadya panengeran,
kang apinter kang bodho miwah kang
luhur,
kang asor lan kang mlarat,
tanapi manusa sugih .

Budining manungsa winahya ing ulah, ulat lan ucap (tingkah laku, solah-bawa, muna-muninipun
PIWULANG BUDIPEKERTI

Suka pambayantu
Watak ingkang salaras
ngrembakaning
gesangipun putra-
putri ing lair tuwin Sikep sopan - santun
batos saking sipat
kodrtipun, ngancas
dateng subasita Watak kautamaning gesang
ingkang asipat
umum. Budi pakarti
mamangun : Watak ngendhaleni dhiri pribadi
1. Mangun Watak Ingkang Salaras

a. Nanemaken sikep kurmat

b. Nanemaken sikep karukunan


2. Mangun Watak Kautamaning Gesang

a. Nuwuhaken Watak Arif Lan


Jujur

b. Nuwuhaken Sikep Mawas Dhiri

c. Nuwuhaken Watak Eling

d. Sikep Satriya Pinandhita


3. Mangun Watak Sopan - Santun

Bebrayan Jawi tansah ngurmati dhateng sasamining dumadi

a. Sikep Anoraga (Andhap – Asor)

b. Sikep Unggah – Ungguh, Tata - Krama


4. Watak ngendhaleni dhiri pribadi

a. Sikep Pangati - ati

b. Sikep Pasrah Sumarah


PAMUCALIPUN BUDIPAKARTI

Pamucalipun budi pakarti kajumbuhaken


kaliyan ngrembakaning jiwanipun para putra :

1. NGULINA

2. NGRETI

3. NGLAKONI

4. NGRASA
1. N G U L I N A
Ngulinakaken para putra tumindak tumuju laku utami,
manut pranatan tuwin ngadat tatacara ingkang umum utawi
kalimrah ing madyaning kulawaraga tuwin bebrayan.
Priyantun sepuh paring tuladha/dhawuh ngulinakaken :

• Tetulung dhateng tiyang mbetahaken


• Ngurmati tiyang ingkang langkung sepuh
• Wicanten kanthi basa ingkang leres
• Preduli dhateng lingkunganipun lsp.

Gewonte is tweede natuur


2. N G R E T I
• Pamucalipun boten namung kandheg wonten ing pakulinan
kemawon, kedah kalajengaken ing pangretosan bab teges tuwin
tujuwanipun
• Ngretos dhateng ingkang nyata lan ingkang leres. Saged milah-
milahaken kasaenan utawi kosok wangsulipun.
• Piwulang ngretos punika kaetrapaken dhateng putra ingkang
sampun saged mikir (kanyatan), kawruh kasaenan punapadene
ingkang awon menggahing gesang.
 Ngginakaken basa kanthi leres punika netepi tatakrama
 Tetulung punika pakarti wujud raos preduli dateng tiyang
sanes
 Resikan punika njagi kasarasaning pribadi lan ugi
lingkungan.
I MAN
LAN
BUDAYA
Iman tanpa budaya tidak mungkin berfungsi,
Sebaliknya budaya tanpa iman tidak mempunyai
subsanti yang berarti.
Karena iman memberi isi kepada budaya, dan
budaya memberi bentuk kepada iman.

Tidak pernah sejenakpun hidup kita


dapat dilepaskan dari iman yang kita
hayati, dan dari budaya yang kita hidupi.

Hidup manusia dibentuk oleh imannya


dan budayanya.
Neter dhiri pribadi, nyandhet ubaling hawa napsu
angkara murka, sanadyan awrat cak-cakanipun
(siyam, tirakat lsp). Nunten saged milah :
Logika – Etika – Esttetika

3. NGLAKONI
Mangun pribadi ingkang sejati,
ateges mangun kekiyatan wetah
ingkang kangge mbangun
pribadinipun, istingarah saged Mulungipun tandang-tanduk,
mangku budi nuraninipun engga muna-muninipun namung
mboten wor-suh mrangguli tansah teteken pangati-ati,
kawontenan ingkang dipunadhepi. lan makartinipun linambaran
raos lila, trima, legawa.
Ngelmu iku
SERAT
kelakone kanthi laku
WEDATAMA
lekase lawan kas
tegese kas nyantosani
setya budya pangekese dur
angkara
Basa ngelmu
Mupakate lan panemu
Pasahe lan tapa
Yen satriya tanah Jawi
Kuna-kuna kang ginilut tri
prakara
SERAT
WULANGREH

Padha gulangen ing kalbu,


ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra, Dadiya lakunireki,
kaprawiran den kaesthi, cegah dhahar lawan guling,
pesunen sariranira, lan aja asukan sukan,
sudanen dhahar lan guling anganggowa sawatawis,
ala watake wong suka,
nyuda prayitnaning batin.
CIPTA

RASA

KARSA

CAKRA MANGGILINGAN
• Manungsa gesang kadunungan cipta-rasa-karsa sampun pinasthi
jangkaning kodrat.
• Gesangipun badhe rahayu wilujeng sauger saged ngawikani alam
sawegung pinangka papan gesangipun.
• Alam sawegung pinangka pratandha bilih Gusti ingkang
Hamurbeng Dumadi wenang mranata jagad saisinipun.

23
• Gelaring alam donya punika dumados kalih prekawis ingkang wor-
misah; jaler-estri, rinten-dalu, awon-sae, susah-bingah, pejah-
gesang, lair-batin.
• Gumiliring mangsa kala, peteng dados padhang, suka dados cuwa,
sumandha ing sadhengah titah salumahing jagad.
• Jagad nandhang rengka, negara nandhang sengkala kebak
sambekala punika temtu wonten sababipun.
• Ukum ingkang lumadi ing jagad agung punika dumadi saking sabab
lan akibat ingkang tansah sambet sesambetan kaliyan pakartining
agesang. Sawiji-wiji tansah dumadi.
• Rasa-rumangsa, ngrumangsani punika kenging kangge ningali
mobah mosiking sedaya kawontenan, mawas dhiri lepating pribadi.

24
WEWANGSON

 Bhineka tunggal ika tan hana darma mangrwa.


 Sura dira jayaning rat lebur dening pangastuti.
 Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri
handayani
 Rumangsa melu handarbeni wajib melu hangrungkebi,
mulat sarira hangrasa wani.
 Sing sapa wonge cidra, ing kono wahyune bakal sirna.
 Aja rumangsa bisa nanging bisowa rumangsa.
 Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah.
 Wani ngalah luhur wekasane.
 Tuna satak bathi sanak.
 Melik nggendhong lali.
3. NGLAKONI

• Mangun jatidhiri ingkang sejati punika ateges mangun kekiyatan


wetah ingkang kagem mbangun pribadinipun. Pribadi ingkang thukul
kanthi diwasa, kiyat, temen, tumata, istingarah saged mangku budi
nuraninipun mboten wor-suh malih. Sadaya pocapan dalah tandang-
grayang istingarah sageda damel bingahing manah, inggih
manahipun tiyang sanes, inggih manahipun piyambak.
• Pramila raos jawi mratitisaken sasaged-saged angudi amrih caket
kaliyan semu, pralambang, pralampita, semanten ugi manawi
kepingin nyakup salwiring kahanan sasaged-saged titis ing semu.
• Dayaning gesang mboten saged kaetang utawi kadumuk
sapenginang, sadaya kedah linandhesan emut (eling), saged nglaras
sadaya lelampahan kaliyan sejatining gesang. Priyoginipun nglaras
antawisipun adat pakulinan kaliyan tradisi anyar ingkang dereng
kantenan mikantuki.
• Raos jawi pancen kedah dipun kulinakaken kanthi taberi, mugen,
sokurbage sarana remen memaos tetilaraning leluhur ingkang
sumimpen ing kapustakan kina, tartamtu mindhak seserepanipun,
tajem landhep gegemaning gesang. Manawi wiwit timur linatih ing
paribasan, bebasan, saloka ingkang sumimpen telenging kridha
budaya, temtu mbenjing wenang ngagem pusaka wicaksana.
3. NGLAKONI

Pramila raos jawi mratitisaken sasaged-saged angudi amrih caket


kaliyan semu, pralambang, pralampita, semanten ugi manawi kepingin
nyakup salwiring kahanan sasaged-saged titis ing semu. Dayaning
gesang mboten saged kaetang utawi kadumuk sapenginang, sadaya
kedah linandhesan emut (eling), saged nglaras sadaya lelampahan
kaliyan sejatining gesang.
BAKUNING
URIP

NYAWA GADHUHAN

BANDHA TITIPAN

PANGKAT SAMPIRAN
Jumangkah JANGKAHING GESANG
kanthi :

Wewatoning Gesang
NIYAT
PANGIBADAH KALEKSANANIPUN

Wewarahing Gesang
Syariat Kapracayan
Jejegipun
n:
Wiramaning Gesang
Iklas Panarimah
Wujudipun
4. N G R A S A

Ingkang dipunpikajengaken ngarasa, punika sampun damang utawi


dhong saestu dhateng lenggahing pranatan lahir sarta katentremaning
batos, amargi sampun cekap anggenipun nglelantih dhiri lan nguwaosi
moganing pribadinipun piyambak, saha mapanaken ing pakulinan sarta
pangretosanipun (sumeleh).
Mangun rasa sejati punika ateges mangun kekiyatan wetah ingkang
kagem mbangun pribadinipun. Pribadi ingkang thukul kanthi diwasa,
kiyat, temen, tumata, istingarah saged mangku budi nuraninipun mboten
wor-suh malih. Sadaya pocapan dalah tandang-grayang istingarah
sageda damel bingahing manah, inggih manahipun tiyang sanes, inggih
manahipun piyambak.
Sri Mangkunegara IV Ing Serat Wedatama

“Kang wus waspada ing patrap; manganut ayat winasis; wasana wosing
jiwangga; melok tanpa aling-aling; kang ngalingi kaliling; wenganing
rasa tumlawung; keksi saliring jaman; angelangut tanpa tepi; yeku aran
tapa tapaking Hyang Sukma
Mangkono janma utama, tuman tumanem ing sepi, ing saben rikala
mangsa, mangsah amemasuh budi, laire anetepi, ing reh
kasatriyanipun, susila anoraga, wignya met tyasing sesami, yeku aran
wong bareg-bareg agama”.
4. N G R A S A

Pupuh sinom kasebat nelakaken bilih angon raos lan among raos
mekaten tuhu mujudaken lampah ingkang utami samadyaning
kabudayan Jawi, liripun tiyang ingkang purun saha estu anggenipun
tumindak leres (ngugemi bebener) tartamtu ing dhasaring kalbunipun
wonten kasadharan, bilih gesang mekaten kadidene pangemban
dhateng pasrawungan, pangembat tumraping kadar lelakon ingkang
wajib.
NGRASA

Prof.DR.N.Driyarkara SJ.

• Suara hati itu adalah suara Tuhan yang terekam di dalam


jiwa manusia.
• Karena itu bila manusia hendak berbuat tidak baik, pasti
akan dilarang oleh suara hatinya. Sebab Tuhan tidak
menghendaki manusia berbuat tidak baik.
• Kalau manusia tetap mengerjakan perbuatan yang tidak
baik itu, maka suara hatinya akan bernasehat, sehingga
sesudah mereka selesai melakukan perbuatan yang tidak
baik itu dia akan menyesal.
NGRASA

SALOKA AKSARA JAWI

Ha na ca ra ka
Hananing cipta, rasa, lan karsa
Da ta sa wa la
Datan salah wahyaning lampah
Pa dha ja ya nya
Padhang jagade yen nyumurupana
Ma ga ba tha nga
Marang gambarane Bathara ngaton
NGRASA

Drs. RM.Sosro Kartono

1. Payung kula Gusti kula, tameng


kula inggih Gusti kula, namung
kula boten supe dhateng maksud 2. Lampah kula tansah
lan ancasing agesang, inggih anglampahi dados
punika ngawula dhateng kawulaning sasami,
kawulaning Gusti lan mamayu tansah anglampahi
ayuning urip. dados muriding
agesang.

3. Wajib tiyang gesang sinau anglaras batos saha raos.


NGRASA

GEGARANING
TUMINDAK

D E D U G A

P R A Y O G A

W A T R A

R E R I N G A
NGRASA

LAMBARANING
TUMINDAK

1. L I L A lamun kelangan nora gegetun

2. NARIMA Yen ketaman sakserik sameng dumadi

3. LEGAWA Legawa nalangsa srahing Bathara


NGRASA

• Salebetipun gesang priyogi boten namung ngudi gebyaring


kadonyan ingkangkang mila hamblerengi, nanging ugi kedah ngudi
sarana sanguning gesang salajengipun.
• Bebrayan jawi nggadhahi wewaton mati sajroning ngaurip,
jarwanipun salebetipun ginadhuhan gesang tansah budidaya
sinuprih pungkasanipun saged emating pati patitis (kasampurnan).
• Kasampurnan werdinipun wikan sangkan paran, mulih mula-
mulanira, manunggal.
• Manungsa badhe gesang lana, ingkang pejah punika namung
raganipun, menggah sukmanipun tetep gesang wonten ing alam jati,
wangsul mula mulanira.

39
Wiwit gumelaring jagad raya punika
sampun wonten bebener tuwin kalepatan.
Sareng kaliyan gumingsiring wekdal ing
jaman moderen punika, antawisipun JIWA INGKANG
samukawis ingkang leres lan ingkang TENTREM
lepat kados-kados lebur tanpa wates,
wusana murugaken kuwur, bingung,
ewuhaya ing pambudi.

Inggih wonten ing kawontenan ingkang makaten


punika manungsa anglampahi gesang ingkang kebak
pilihan, semanten ugi leres kaliyan lepat punika inggih
mujudaken pilihan.
Pundi ingkang kapilih gumantung dhateng dhiri pribadi.

Mrangguli kawontenan ingkang makaten punika, weninging pikir lan raos mujudaken
sangu ingkang saged dados garan kangge ngadhepi ewah gingsiring kawontenan,
engga manungsa boten kentir saha keblusuk ing juranging kanisthan.
1. Tingalan ringgit purwa
SUMBER 2. Sejarah
PIWUCAL 3. Wiracarita
BUDI PAKARTI 4. Kasusastran
5. Wucalan Agama; lsp

• Menggahing bebrayan Jawi, sumber piwucal budi


pakarti makaten kathah sanget.
• Namung inggih kedah kasaring langkung rumiyin,
ingkang kawawas saged mikantuki lan murakabi
kasanggit pinangka sumber piwucal budi pakarti.
Jagad pakeliran minangka gambaraning gesang
PAGELARAN RINGGIT PURWA
Pathet Nem (21.00-24.00)

PATHET NEM ( 21.00 – 24.00)


• Jejeran ngantos kedhatonan, perlambang jabang-bayi ingkang lahir
lajeng dipun gulawenthah dening sudarmanipun.
• Paseban jawi, pralambangipun lare ingkang wiwit tepang sesrawungan.
• Jaranan saha barisan kewan, pralambang watakipun lare ingkang dereng
diwasa, dereng jangkep nalaripun.
• Perang ampyak, paralambangipun lare ingkang wiwit ngadhepi godha
rencana.
• Sabarangan, pralambangipun lare ingkang sampun diwasa nanging
taksih anggadhahi watak angkara.
• Perang gagal, pralambang tataran gesanging manungsa ingkang taksih
linimputan raos tidha-tidha, dereng pinanggih jatining gegayuhan.
DUDUTAN
PATHET
NEM

1. Awujud piwulang ingkang ngajab manunungsa tansah eling


bilih gesang punika gembleng wewujudan manunggal
antawisipun manungsa, alam kalir, kaliyan Gusti.

2. Laku lampah gesanging bebrayan kalarasaken kaliyan tata


susila ingkang cinakup ing kabudayan, ngemuti dhumateng
sangkan paran saha kasampurnaning gesang, nuntun
lampahing naluri napsu lan ego dhateng cakrik gesanging
bebrayan.
PATHET SANGA (24 – 03)

• Bambangan, pralambangipun manungsa ingkang sampun


diwasa wiwit meguru pados ngelmu.
• Perang kembang, pralambang tataraning manungsa
ingkang sampun saged lan wantun ngawonaken napsu 4
prekawis.
• Jejer sintren gegambaranipun manungsa ingkang sampun
manteb gegebengan tuwin tekadipun salebetipun nepusi
gesang tembayatan.
DUDUTAN PATHET SANGA

 Indhaking rahsa saking lingkunganing bebrayan dhateng


wewahing kasusilan dumugi rahsa jati.
 Lelaku tumuju kasampurnan sarana nindakaken darma
utawi kuwajiban kanthi pikantuk kasekten utawi jaya
kawijayan.
 Wejangan ing reh manunggaling kawula lan Gusti ngarah
kasampurnan.
PATHET MANYURA
(03.00 – Tancep Kayon)

• Manyura, manyar tegesipun peksi merak ingkang endah


wulunipun.
• Pathet manyura hanggadhahi werdi kawontenan anyar.
• Gegambaraning manungsa ingkang sampun pinaringan
kanugrahan awit darma bekti ingkang sampun
katindakaken kanthi tulus iklas.
• Pralambang ngudhuh wohing pakarti, sing benr ketenger,
sing goroh growah.
DUDUTAN
PATHET MANYURA

Isi pitutur, liripun sasampunipun nampi kanugrahan arupi


wejangan ingkang saged damel padhang saha antebing kalbu,
lajeng nindakaken pakarti nedahaken kesagahanipun ambrastha
dur-angkara, hangesti katentreman tuwin karaharjaning sasama
GUNUNGAN

• Kayon - asaling tembung khayyu tegesipun gesang


• Gambaranipun bumi – isen-isenipun :
 tanem-tuwuh, sato kewan, tuwin manungsa.
• Suwalikipun gunungan - gambar latu : sengkalan

“GENI DADI SUCINING JAGAD”

Werdinipun sengkalan :
geni = 3 dadi = 4 suci = 4 jagad = 1 urutanipun = 3441
Tahun Caka pamaosipun 1443
GRENJAHIPUN GUNUNGAN

1. Gunungan, lambang gesang ing jagad raya wonten tanem tuwuh


sinebat wit kalpataru, ngemu werdi sumbering gesang, kabagyan,
keagungan. Ugi sinebat wit jenggi tegesipun purwaning dumadi.
2. Sato kewan, gegambaran suwarnining tumitah ingkang gesang ing
salumahing bumi.
3. Sawer ingkang nggubet ing wit-witan, kawastanan kayu mati
rinambatan hardawalika, pralambangipun manunggaling jiwa raga.
4. Raseksa, gegambaran watak 5, pralambang rukun Islam.
5. Gapura, gegambaran watak 9, pralambang walisanga.
WERDINIPUN
SATO KEWAN

SIMA Pralambang napsu Amarah

BANTENG Pralambang napsu Luamah

WANARA Pralambang napsu Shufiah

PEKSI Pralambang napsu Mutmainah


TELESKOP HUBLE
SEKAR MAWAR
FOTO TELESKOP HUBLE SEKAR MAWAR

Maka apabila langit telah terbelah menjadi merah mawar seperti(kilapan)minyak,


maka nikmat Tuhanmu yang manakah yang kamu dustakan.
(QS. Ar-Rahman; 37-38)
BUDAYA / NGADAT TRADISI
J. DROST.S.J
• Jika kamu hidup dalam keteraturan anak-anakmu akan hidup dalam
ketenangan batin
• Jika seorang anak hidup dalam kejujuran dan sprotivitas ;ia belajar
kebenaran dan keadilan.
• Jika seorang anak hidup penuh persahabatan; ia belajar , bahwa dunia ini
merupakan tempat yang indah untuk hidup.
• Jika seorang anak hidup dalam permusuhan; ia belajar untuk berkelahi.
• Jika seorang anak hidup dalam kecemburuan; ia belajar bagaimana iri
hati.
• Jika seorang anak hidup dalam rasa malu, ia belajar untuk merasa
bersalah.
 
1. TATA-KRAMA

Tegesing Tembung
Tata = aturan, tumata
Krama = jangkah, tindak-tanduk, sopan-
santun

Tata krama punika aturan utawi


tatanan babagan tingkah-laku utawi
sopan-santun
2. KASUSILAN

Kasusilan = asaling tembung Cila


Susila = solah-tingkah, solah-bawa ingkang sae
Kasusilan, tegesipun pakulinan, ngadat tatacara, watak,
tandang-tanduk, tingkah-laku, sikep lsp. Punika pathokaning
agesang gegayutan kaliyan sikep batosing manungsa
ingkang sae. (Ethos = ngadat-waton; Etikos = kasusilan)

Tatakrama punika kasusilan ingkang


dipuntindakaken manungsa salebetipun gesang
srawung ing madyaning bebrayan, ngewrat sikep
andhap-asor, unggah-ungguh, udanegara, tepa
slira, angon raos, tuwin rasa rumangsa
SYARAT SARANANIPUN

1. B A S A
a. Unggah - Ungguh
• Samia marsudi budi lan ngempakaken weweka, sampun
dumeh saged gineman sanadyan namung sakecap, manawi
boten pantes, prenah panggenan lan wekdalipun, tartamtu
mbilaeni.
• Tiyang gineman kedah ngarah-arah, sampun keladuk, awit
manawi sampun kelajeng medal boten kenging dipun tututi.
Basa punika busananing bangsa
Ajining dhiri dumunung ing lathi;
Aja waton omong, nanging omonga sing waton.

59
b. Udanagara
• Murih mangretosi basa Jawi kanthi gembleng bontos priyogi
ngrakit tembung adhedhasar paramasastra, kasusastran, tuwin
unggah ungguhing basa jawi.
• Paramasastra pinangka sarana ngudi basa ingkang leres,
kasusastran tumuju basa ingkang laras, dene unggah-ungguh
basa Jawi mangesthi basa ingkang trep. Kedaling lesan langkung
damel cetha tegesing tembung;
• Boten sedaya tembung jawi ngoko punika wonten basanipun
krama punapadene tembungipun krama inggil.
• Klintuning pangetrap saha pangrakitipun basa badhe ngirangi
kawibawanipun priyantun ingkang gineman.

60
PEPENGET

Mugi handadosna kawigatosan manawi basa Jawi


ing madyaning bebrayan surut, pangaribawanipun
tartamtu badhe mrembet dhateng wewatekanipun
tiyang Jawi piyambak.
Jalaran menggahing tiyang Jawi mekaten,
antawisipun basa Jawi kaliyan kasusilan
punapadene wewatekanipun punika raket sanget
gandheng cenengipun.
2. BUSANA

• Busana nedahaken jiwaning priyantun ingkang ngagem.


• Treping busana ingkang dipun agem saged kasrapat
sikeping priyantun ingkang ngagem;
• Nges luwesing ageman damel resep saha amewahi
kawibawanipun pribadi;
• Ajining sarira dumunung ing busana.
• Leres pangetrapipun, susila pangagemipun tartamtu
nengsemaken;
3. WIBAWA

Karana sinampiran drajat, pangkat;

Karana umur

Karana kewahyon
JEJERING
SATRIYATAMA

1. Manembah Gusti pinangka sangkan paraning dumadi

2. Hamemayu hayuning bawana

3. Manjing ajur - ajer

4. Ambeg paramarta

5. Berbudi bawalaksana
Lanjaran adeg – adeg jejeging jatidhiri tuwin kapribaden
Bangsa Indonesia
MATUR NUWUN
AWIT KAWIGATOSAN PANJENENGAN

Anda mungkin juga menyukai