Anda di halaman 1dari 143

4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA

(1). MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA

Leluhur masyarakat
Jawa memiliki
beraneka filosofi
yang jika dicermati
memiliki makna
yang begitu dalam.
Tetapi, anehnya
filosofi yang
diberikan oleh para leluhur itu saat ini dinilai sebagai hal yang kuno
dan ketinggalan jaman. Padahal, filosofi leluhur tersebut berlaku
terus sepanjang hidup. Dibawah ini ada beberapa contoh filosofi dari
para leluhur/nenek moyang masyarakat Jawa.

“Dadio banyu, ojo dadi watu” (Jadilah air, jangan jadi batu).

Kata-kata singkat yang penuh makna. Kelihatannya jika ditelaah


memang manungso kang nduweni manunggaling roso itu harus tahu
bagaimana caranya untuk dadi banyu.

Mengapa kita manusia ini harus bisa menjadi banyu (air)? Karena
air itu bersifat menyejukkan. Ia menjadi kebutuhan orang banyak.
Makhluk hidup yang diciptakan GUSTI ALLAH pasti
membutuhkan air. Nah, air ini memiliki zat yang tidak keras.
Artinya, dengan bentuknya yang cair, maka ia terasa lembut jika
sampai di kulit kita.

Berbeda dengan watu (batu). Batu memiliki zat yang keras. Batu
pun juga dibutuhkan manusia untuk membangun rumah maupun
apapun. Pertanyaannya, lebih utama manakah menjadi air atau
menjadi batu? Kuat manakah air atau batu?

Orang yang berpikir awam akan menyatakan bahwa batu lebih


kuat. Tetapi bagi orang yang memahami keberadaan kedua zat
tersebut, maka ia akan menyatakan lebih kuat air. Mengapa lebih
kuat air daripada batu? Jawabannya sederhana saja, Anda tidak
bisa menusuk air dengan belati. Tetapi anda bisa memecah batu
dengan palu.

Artinya, meski terlihat lemah, namun air memiliki kekuatan yang


dahsyat. Tetes demi tetes air, akan mampu menghancurkan batu.
Dari filosofi tersebut, kita bisa belajar bahwa hidup di dunia ini kita
seharusnya lebih mengedepankan sifat lemah lembut bak air. Dunia
ini penuh dengan permasalahan. Selesaikanlah segala permasalahan
itu dengan meniru kelembutan dari air. Janganlah meniru kekerasan
dari batu. Kalau Anda meniru kerasnya batu dalam menyelesaikan
setiap permasalahan di dunia ini, maka masalah tersebut tentu akan
menimbulkan permasalahan baru.

“Sopo Sing Temen Bakal Tinemu”

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 1/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Filosofi lainnya adalah kata-kata “Sopo sing temen, bakal tinemu”


(Siapa yang sungguh-sungguh mencari, bakal menemukan yang
dicari). Tampaknya filosofi tersebut sangat jelas. Kalau Anda berniat
untuk mencari ilmu nyata ataupun ilmu sejati, maka carilah dengan
sungguh-sungguh, maka Anda akan menemukannya.

Namun jika Anda berusaha hanya setengah-setengah, maka jangan


kecewa jika nanti Anda tidak akan mendapatkan yang anda cari.
Filosofi di atas tentu saja masih berlaku hingga saat ini.

“Sopo sing kelangan bakal diparingi, sopo sing nyolong bakal


kelangan”
(Siapa yang kehilangan bakal diberi, siapa yang mencuri bakal
kehilangan).

Filosofi itupun juga memiliki kesan yang sangat dalam pada


kehidupan. Artinya, nenek moyang kita dulu sudah menekankan
agar kita tidak nyolong (mencuri) karena siapapun yang mencuri ia
bakal kehilangan sesuatu (bukannya malah untung).

Contohnya, ada orang yang dicopet. Ia akan kehilangan uang yang


dimilikinya di dalam dompetnya. Tetapi GUSTI ALLAH akan
menggantinya dengan memberikan gantinya pada orang yang
kehilangan tersebut. Tetapi bagi orang yang mencopet dompet
tersebut, sebenarnya ia untung karena mendapat dompet itu.
Namun,ia bakal dibuat kehilangan oleh GUSTI ALLAH, entah
dalam bentuk apapun.

Dari filosofi tersebut, Nenek moyang kita sudah memberikan


nasehat pada kita generasi penerus tentang keadilan GUSTI ALLAH
itu. GUSTI ALLAH itu adalah hakim yang adil.

(2). SOPO ORA NANDANG SUKA LAN SUNGKAWA ?

Para maos layang iki tak pastekake ora beda karo pangriptane
layang iki; wis kerep kataman ing SUKA ( Bungah ) lan
SUNGKAWA ( Susah ). Ora mung kerep wae, satemene panandang
sing kita jenengi BUNGAH lan SUSAH kuwi pancen kita sandang
sedina-dinam ing saben jam, saben menit, saben sekon.

Ujare kawruh BEGJA ( Kyai Ageng Surjamataram ) ; pancen


lelakone wong urip kuwi mung gek bungah gek susah, gek bungah
gek susah, mangkono sadina dinane. Ora ana wong bungah terus-
terusan sing tanpa susah lan ora ono wong susah terus-terusan sing
tanpa bungah. Ing sajroning bungah sing kaya ngapa wae banjur
thukul susahe, ing sajroning susah sing tumpuk-tumpuk tumpang
tindihya isih bisa tuwuh bungahe.

Miturut wewarahe kawruh mau, thukule BUNGAH  lan SUSAH 


kuwi jalaran saka mulur mungkrete karep. Wong duwe kekarepan
kuwi yen katekan BUNGAH yen ora katekan SUSAH. Mangka
karep kuwi yen wis katekan mesti banjur mulur, mulur maneh lan
mulur maneh nganti……….ora katekan. Kosok baline karep kui yen
ora katekan mesti banjur mungkret, mungkret maneh, mungkret
maneh, nganti…….katekan.

Mulane lelakone yo mung gek bungah gek susah – gek bungah gek
susah, mangkono wae janji ish urip ora nganggo mikir.

Teruse wedare kawruh mau: lalakon gek bungah gek susahh


kuwiwong sajagad-rat iki pada wae, ora ana bedane babar pisan,
antarane RATU karo KERE, Wali Karo Bajingan. Mung
wae SABABE lan WUJUDE
https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 2/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Ana Candhake……………………………

(3). AJI PAMELENG

Tegesipun aji = ratu, pameleng = pasamaden; mengku pikajeng :


tandaning sedya ingkang luhur piyambak. Dene empaning
pandamelan wau winastan manekung, pujabrata, mesu budi, mesu
cipta, ngeningaken utawi angluhuraken paningal, matiraga lan
sasaminipun. 

Papan ingkang kangge nindakaken wau panepen, panekungan,


pamujan, pamurcitan, pamursitan, pahoman, paheningan lan sanes-
sanesipun. Dene wedharing kawruh winastan daiwan, dawan,
tirtaamerta, tirtakamandhanu, tirtanirwala, mahosadi, kawasanan,
kawaspadan, kawicaksanaan, sastracetha, utawi
sastrajendrayuningr at pangruwating diyu lan sapanunggalanipun.

Menggah pigunanipun kawruh lan pandamel wau, perlu kangge


sarananing panembah murid manggih kawilujengan, margi saged
anindakaken dhateng sawarnaning pandamel sae, punapadene
kangge sarana duk kita darbe sedya nunuwun kanugrahaning
gesang kita pribadi (Pangeran), inggih nunuwun bab punapa
kemawon ingkang limrah kenging linampahan saking pandamel kita
ingkang boten tilar murwat.

Wondene purwanipun ing jagad teka wonten kawruh pasamaden,


bilih miturut saking tembung-tembungipun , sanyata kathah ingkang
nagngge basa Sansekrit; yen makaten tetela manawi wimbaning
kawruh pasamaden wau saking tumitising kawicaksananipun bangsa
Indhu ing jaman kina makina, ingkang sampun boten kasumerepan
petang ewoning taun. Bokmanawi kemawon papantaranipun kalihan
nalika bangsa Indhu amurwani iyasa candhi dalah reca-recanipun.
Dene kawruh wau ing sakawit inggih namung kangge bangsa Indhu,
boten nawang bangsa Indhu ingkang agami punapa kemawon,
katamtokaken mesthi ngrasuk pasamaden. Awit inggih namung
kawruh pasamaden punika ingkang dados mukaning saliring
kawruh sajagad, lan ugi dados pangajenging piwulan agami.

Ing ngalami lami bangsa Indhu sami lumeber dhateng ing Tanah
Jawi lan sanes sanesipun, serta sami anggelaraken agaminipun tuwin
kawruh sanes sanesipun; makaten ugi kawruh pasamaden inggih
boten kantun. Kawruh pamasaden wonten ing Tanah Jawi saget
ngrembaka tuwuhipun, margi bangsa Jawi tan pilih drajad sami
remen puruita lan saged nandangaken dating pangolahing kawruh
punika, awit kawruh wau saget nocoki kalihan dhadhasaring
pamanahipun titiyang Jawi, mila kalayan gampil rumasukipun
wonten ing balung sungsuming titiyang Jawi. Kasembuh malih
saking kathahing bangsa Indhu kados sinuntak sami angajawi,
nedya anggelar agami Jawi lan kawruh kawicaksananipun. Bebasan
sakedeping netra, bangsa Jawi ing sa’indhengipun maratah sampun
sami angrasuk agami Indhu, lan ugi sampun sami saget ngraosaken
kabegjan, kamulyan, kawilujengan lan sasaminipun, margi saking
wohing kawruh pandamel wau.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 3/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Ing wusana katungka dhatengipun titiyang bangsa Arab sami


lumebet ing Tanah jawi, ingkang ugi ambekta kawruh lan
agaminipun Mohammad, kasebut agami Islam, temah nyunyuda
tumangkaring agami Indhu, sebab lajeng wonten ingkang angrasuk
agami Islam. Namung kemawon wedharing agami Islam boten
andarbeni kawruh pasamaden, kados kasebut ing nginggil.

Sareng golonganipun tiyang Islam sampun saget ngendhih Nagari,


inggih punika adeging Karaton Bintara (Demak), ing ngriku lajeng
angawisi kalayan kenceng, titiyang Jawi boten kenging anindakaken
kawruh pasamaden, mekaten ugi sami kinen nilar agaminipun lami,
serta kedah santun angrasuk agami Islam.

Ananging boten ta manawi bangsa Jawi lajeng anut purun santun


agami Islam sadaya, purunipun wau namung margi saking ajrih
paukuman wisesaning Nata, dados Islam-ipun wau namung wonten
ing lahir kemawon, utawi Islam pangaran-aran, yen batosipun taksih
angrungkepi agamipun lami. Milo bab kawruh pasamaden inggih
taksih lajeng katindakaken, ananging pamulang pamedharing
kawruh pasamaden wau, ingkang karan nama wejangan (wijang-
wijang) sarana lampah dhedhemitan, katindakaken ing wanci ndalu
sasampunipun jam 12, ugi papaning pamejang boten kenging
kaubah wangon, kadosta ing ara-ara, ing wana, ing lepen lan
sasaminipun ing papan ingkang sepen. Pamejangipun srana bisikan
boten kenging kapireng ngasanes, sanadyan suket godhong, kewan
tuwin bangsanipun gegremetan kutu-kutu walangataga ugi boten
kenging miring, yen miring lajeng malih dados manungsa.

Mila linggihipun Kyai Guru ajeng-ajengan aben bathuk kaliyan pun


murid, serta sanget pamantos-mantosipun Kyai Guru, pun murid
boten kenging nularaken wewejanganipun (kawruhipun) dhateng
tiyang sanes, bilih dereng angsal palilah Guru, yen nerak bade angsal
wilalat manggih sapudendhaning Pangeran. Panindak ingkang
mekaten punika, purwanipun namung tetep kangge panjagi, supados
pamulanging kawruh pasamaden boten katupiksan dhateng
pamarintahing agami Islam. Sebab yen ngantos kasumerepan, tamtu
manggih pidana.

Dumuginipun ing jaman samangke, sanadyan Nagari sampun boten


angarubiru dhateng wontenipun wewejangan kawruh pasamaden,
nanging panindaking wejangan wau taksih kalestantunaken sarana
dhedhemitan kados kawursita ing nginggil. Mila lajeng angsal
paparab saking panyedaning titiyang ingkang boten remen, utami
tiyang ingkang anglampahi sarengating agami Islam, bilih wontening
wejangan kawruh pasamaden wau lajeng kawastan ilmu klenik.

Purwo saking tembung klenik, lajeng angandhakaken tembung


abangan lan putihan. Ingkang kasebut abangan punika tiyang
ingkang boten nindakaken saraking agami Islam, dene putihan
mastani tiyang Jawi ingkang teluh manjing agami Islam sarta
anglampahi sadaya sarak sarengating agami Islam wau, inggih
punika ingkang kasebut nama santri. Mila santri karan putihan,

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 4/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

margi miturut panganggenipun titiyang agami Islam, bilih santri


punika sarwo-sarwi langkung resik utawi suci tinimbang kaliyan
titiyang ingkang boten angrasuk agami Islam.

Mangsuli wontening kawruh pasamaden anggenipun sanget winados,


menggah ingkang dados sababipun kapretalakaken ing nginggil.
Dene yen saleresipun ingkang nama wados-wados wau pancen boten
wonten; dados inggih kenging-kenging kemawon kawulangaken
dhateng sok tiyanga, boten mawang nem sepuh, serta kenging
kawejangaken ing sawanci-wancinipun, uger tiyang wau pancen
ambetahaken kawruh pasamaden kasebat. Sebab wontenipun sadaya
punika supados kasumerepan dhateng ingakathah, langkung-
langkung kawruh pasamaden punika ingkang sanyata dados
mukaning sadaya kawruh. Mila wajib sinebar dados seserepaning
tiyang nem sepuh wadarin ing saindengipun, tanpa nawang andhap
inggiling darajadipun.

Amarengi wahyaning mangsakala, wusana wonten kaelokaning


lalampahan ingkang boten kanyana-nyana; ing pawingkingipun bab
kawruh pasamaden wau lajeng muncul katampen dhateng tiyang
Islam, margi yakin bilih kawruh pasamaden wau, pancen
musthikaning gagayuhan ingkang saged andhatengaken ing
kawilujengan, kamulyan, katentreman, lan sasaminipun. Mila
kawruh wau dening tiyang ingkang sampun suluh papadhanging
raosipun inggih punika Seh Sitijenar, ingkang ugi dados
pramugarining agami Islam apangkat Wali, lajeng kadhapuk ing
ndalem serat karanganipun, ingkang lajeng winastan daim, wirid
saking tembung daiwan kasebut ing nginggil. Punapadene lajeng
kaewoaken dados saperanganing panembah, sarana dipun wewahi
tembungipun, lajeng mungel : salat daim (salat – basa arab, daim
saking daiwan basa Sansekrit). Milanipun dipun wewahi basa arab,
namung kawigatosan kangge mikekahaken kapitadosanipun murid-
muridipun ingkang sampun sami necep agami Islam.

Punapadene tembung salat lajeng kapilah kalih prakawis. Sapisan


salat 5 wekdal, kasebut salat sarengat, ateges panembah lahir.
Kaping kalih salat daim, punika panembahing batos; mangertosipun
: anekadaken manunggaling pribadinipun, utawi kasebut loroning
atunggil.

Kitab karanganipun Seh Sitijenar wau lajeng kangge paugeraning


piwulang. Sareng sampun angsal kawigatosaning ngakathah, ing
ngriku salat limang wekdal lan sarak agami sanes-sanesipun lajeng
kasuwak boten kawulangaken babar pisan. Ingkang pinindeng
namung mumuruk tumindaking salat daim kemawon. Mila titiyang
Jawi ingkang suwau manjing agami Islam, langkung-langkung
ingkang dereng, lajeng sami ambyuk maguru dhateng Seh Sitijenar,
margi piwulangipun langkung gampil, terang lan nyata.

Wondene purwanipun Seh Sitijenar kaserenan kawruh pasamaden,


ingkang mijeni Kyai Ageng Pengging, sebab Seh Sitijenar punika
mitradarmanipun Kyai Ageng Pengging. Kawruh asamaden, dening
Seh Sitijenar lajeng katularaken Raden Watiswara, inggih Pangeran
Panggung, ingkang ugi apangkat Wali. Lajeng tunimbal dhateng
Sunan Geseng, inggih Ki Cakrajaya, tiyang asal saking Pagelen,
ingkang kacarios saderengipun dados Wali, Ki Cakrajaya wau

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 5/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

pandamelanipun anderes nitis gendhis. Salajengipun sumrambah


kawiridaken dhateng ingakatah. Makaten ugi sakabat-sakabatipun
Seh Sitijenar ingkang sampun kabuka raosipun, dening Seh Sitijenar
kinen sami madeg paguron amiridaken kawruh pasamaden wau.
Sangsaya dangu sangsaya ngrebda, anyuremaken panguwaosing
para Wali, anggenipun amencaraken piwulang agami Islam. Yen
kalajeng-lajeng masjid saestu badhe suwung.

Ngawekani sampun ngantos wonten kadadosan ingkang makaten,


temah Kyai Ageng Pengging tuwin Seh Sitijenar sasekabatipun
ingkang sami pinejahan katigas jangganipun dening para Wali,
saking dhawuhipun Sultan Demak. Makaten ugi Pangeran Panggung
boten kantun, kapidana kalebetaken ing brama gesang-gesangan
wonten samadyaning alun-alun Demak, kangge pangewan-ewan
murih titiyang sami ajrih, lajeng sami mantuni utawi nglepeh
piwulangipun Seh Sitijenar.

Kacariyos sariranipun Pangeran Panggung boten tumawa dening


mawerdining Hyang Brama, lajeng oncat medal saking salebeting
latu murub, nilar nagari Demak. Kanjeng Sultan Bintara tuwin para
Wali sami kablerengen kaprabawan katiyasaning Pangeran
Panggung, temah kamitenggengen kadi tugu sinukarta. Sareng
sampun sawatawis tebih tindakipun Sang Pangeran, Kanjeng Sultan
tuwin para Wali saweg sami enget bilih Pangeran Panggung kalis
saking pidana, temah sami rumaos kawon angsal sihing Pangeran.
Katungka unjuking wadyabala, atur uninga bilih Sunan Geseng,
inggih Ki Cakrajaya, kesah anututi lampahipun Pangeran
Panggung. Ing ngriku Kanjeng Sultan katetangi dukanipun, temah
dhawahing bendu, para sakabat tuwin murid-muridipun Seh
Sitijenar ingkang kapikut lajeng sami pinejahan. Ingkang boten
kacepeng sami lumajar pados gesang.

Para sakabatipun Seh Sitijenar ingkang taksih wilujeng


kakantunanipun ingkang sami pejah, ugi taksih sami madeg paguron
nglestantunaken pencaring kawruh pasamaden, nanging mawi
sislintru tinutupan wuwulang sarengating agami Islam, murih boten
ka’arubiru dening para Wali pramugarining praja. Dene
piwulangipun kados ing ngandhap punika :

Pamulanging kawruh pasamaden ingkang lajeng karan salat daim,


karangkepan wuwulang salat limang wekdal tuwin rukuning Islam
sanes- sanesipun malih. Wewejanganipun salat daim wau lajeng
winastan wiridan naksobandiyah, dene panindaking piwulang
kawastan tafakur. Saweneh wonten ingkang pamulangipun ing
saderengipun para murid nampi wiridan salat daim, langkung
rumiyin kalatih lampah dhidhikiran lan maos ayat-ayat. Wiwit
punika wuwulangan pasamaden
lajeng wonten wanrni kalih, inggih punika :

1. Piwulang pasamaden wiwiridan saking para sekabatipun Seh


Sitijenar, ingkang sarana tinutupan utawi aling-aling sarak rukuning
agami Islam. Wuwulangan wau dumuginipun ing jaman samangke
sampun mleset saking jejer ing sakawit, mila para guru samangke,
ingkang sami miridaken kawruh pasamaden, ingkang dipun santuni
nama naksobandiyah utawi satariyah, nginten bilih kawruh wau
wiwiridan saking ngulami ing Jabalkuber (Mekah). Salajengipun
para Kyai guru wau, amastani guru klenik dhateng para ingkang
sami miridaken kawruh pasamaden miturut wawaton Jawi pipiridan
https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 6/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

saking Seh Sitijenar. Punapadene para Kyai guru wau nyukani


paparab nama Kiniyai, pikajengipun : guru ingkang mulangaken
ilmuning setan. Dene nama Kyai, punika guru ingkang mulangaken
ilmuning para nabi.

2. Piwulang pasamaden miturut Jawi, wiji saking Kyai Ageng


Pengging, ingkang kapencaraken dening Seh Sitijenar (ingkang ing
samangke karan klenik), punika ing sakawit, ingkang dados
purwaning piwulang, dumunung wonten panggulawenthahing
wawatekan 5 prakawis, kados ing ngandhap punika :

1. Setya tuhu utawi temen lan jujur.

2. Santosa, adil paramarta, tanggeljawab boten lewerweh.

3. Leres ing samubarang damel, sabar welas asih ing sasami, boten
ngunggul-unggulaken dhirinipun, tebih saking watak panganiaya.

4. Pinter saliring kawruh, langkung-langkung pinter ngecani


manahing sasami-sami, punapadene pinter angereh kamurkaning
manah pribadi, boten anguthuh melik anggendhong lali, margi
saking dayaning mas picis rajabrana.

5. Susila anor-raga, tansah nganggeni tatakrami, maweh rereseping


paningal tuwin sengseming pamiharsa, dhateng ingkang sami
kataman.

Lampah limang prakawis wau kedah linampahan winantu ing


pujabrata anandangaken ulah samadi, inggih amesu cipta
angeningaken pranawaning paningal. Awit saking makaten punika
mila tumrap panindaking agami Jawi (Buda), bab kawruh
pasamaden tuwin lampah limang prakawis wau kedah
kawulangaken dhateng sadaya titiyang enem sepuh boten pilih
andhap inggiling darajatipun.

Mila makaten, sebab musthikaning kawruh tuwin luhur-luhuring


kamanungsan, punika bilih tetep samadinipun, kuwasa anindakaken
lampah 5 prakawis kados kawursita ing nginggil. Temah kita
manggen ing sasananing katrenteman, dene wontening katentreman
mahanani harja kerta lan kamardikan kita sami. Yen boten
makaten, ngantos sabujading jagad, kita badhe nandhang papa
cintraka, kagiles dening rodha jantraning jagad, margi kacidraning
manah kita pribadi.

Bab kawruh pasamaden ingkang lajeng karan wiridan


naksobandiyah lan satariyah, ingkang ing nguni wiwiridan saking
Seh Sitijenar, sampun ka’andharaken ing nginggil, namung
kemawon tumandangipun boten kawedharaken. Ing riki namung
badhe anggelaraken lampah umandanging samadi sacara Jawi,
ingkang dereng kacarobosan agami sanes, inggih punika makaten :

Para nupiksa, mugi sampun kalintu panampi, bilih samadi punika


angicalaken rahsaning gesang utawi nyawanipun (gesangipun) medal
saking badan wadhag. Panampi makaten punika, purwanipun mirid
saking cariyos lalampahanipun Sri Kresna ing Dwarawati, utawi
Sang Arjuna yen angraga-suksma. Mugi kawuninganana, bilih
cariyos makaten punika tetep namung kangge pasemon utawi
pralambang.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 7/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Ing samangke wiwit wedharaken lampahing samadi makaten :


tembung samadi = sarasa – rasa tunggal – maligining rasa – rasa jati
– rasa nalika dereng makarti. Dene makartining rasa jalaran saking
panggulawenthah utawi piwulang, punapadene pangalaman-
pangalam an ingkang tinampen utawi kasandhang ing sadinten-
dintenipun .

Inggih makartining rasa punika ingkang kawastanan pikir. Saking


dayaning panggulawenthah, piwulang tuwin pangalaman-pangalam
an wau, pikir lajeng gadhah panganggep awon lan sae, temah
anuwuhaken tatacara, pamacak lan sanes-sanesipun ingkang lajeng
dados pakulinan. Punapa panganggep awon sae, ingkang sampun
dados tata-cara margi sampun dados pakulinan punika, yen awon
inggih awon sayektos, yen sae inggih sae temenan, punika dereng
tamtu, jer punika namung pakulinaning panganggep.

Dene panganggep, boten yekti, tetep namung ngenggeni


pakulinaning tata-cara, dados inggih dede kajaten utawi kasunyatan.
Menggah pikajenganipun samadi ing riki, boten wonten sanes
namung badhe nyumerepi kajaten, dene sarananipun boten wonten
malih kajawi nyumerepi utawi anyilahaken panganggep saking
makartining rasa, kasebut sirnaning papan lan tulis. Inggih ing riku
punika jumenenging rasa jati kang nyata, kang yekti, kang weruh
tanpa tuduh. Wondene kasembadanipun kedah angendelaken ing
saniskara, sarana angereh solahing anggota (badan). Mangrehing
anggota wau ingkang langkung pikantuk kalihan sareyan malumah,
saha sidhakep utawi kalurusaken mangandhap, epek-epek kiwa
tengen tumempel ing pupu kiwa tengen, suku ingkang lurus,
dalamakan suku ingkang tengen katumpangaken ing dalamakan
suku kiwa, mila lajeng kasebut sidhakep suku (saluku) tunggal.
Punapadene angendelna ebahing netra (mripat), inggih punika
ingkang kawastanan meleng. Lampah makaten wau ingkang kuwasa
ngendelaken osiking cipta (panggagas), tuwin amuntu ilining rahsa,
dene pancering paningal kasipatna amandeng pucuking grana medal
saking sa’antawising netra kakalih, inggih punika ing papasu, dene
pamandengipun kedah kalayan angeremaken netra kakalih pisan.

Sasampunipun lajeng nata lebet wedaling napas (ambegan) makaten


: panariking napas saking puser kasengkakna minggah
anglangkungi cethak ingga dumugi ing suhunan (utek = embun-
embunan) , sarta mawi kaendelna ing sawatawis dangunipun.
Sumengkanipun napas wau kadosdene darbe raos angangkat
punapa-punapa, dene temenipun ingkang kados kita angkat, punika
ilining rahsa ingkang kita pepet saking sumengkaning napas wau,
menawi sampun kraos awrat panyangginipun napas, inggih lajeng
ka’edhakna kalayan alon-alon.

Inggih patrap ingkang makaten punika ingkang kawastanan


sastracetha. Tegesipun cetha = empaning kawruh, cetha = antebing
swara cethak, inggih cethaking tutuk kita punika. Mila winastan
makaten, awit duk kita mangreh sumengkaning napas anglangkungi
dhadha lajeng minggah malih anglangkungi cethak ingga dumugi
suhunan. Menawi napas kita dipun ereh, dados namung manut
lampahing napas piyambak, tamtu boten saget dumugi ing suhunan,
margi saweg dumugi ing cethak lajeng sampun medhak malih.
Punapadene ugi winastan daiwan (dawan), pikajengipun : mangreh
https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 8/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

lebet wedaling napas ingkang panjang lan sareh, sarwi mocapaken


mantra sarana kabatos kemawon, inggih punika mungel `hu’
kasarengan kalihan lumebeting napas, inggih panariking napas
saking puser, minggah dumugi ing suhunan.

Lajeng `ya’, kasarengan kalihan wedaling napas, inggih medhaking


napas saking suhunan dumugi ing puser, minggah mandhaping
napas wau anglangkungi dhadha lan cethak. Dene, anggenipun
kawastanan sastracetha, margi nalika mocapaken mantra sastra
kakalih : hu – ya, wedaling swara ingkang namung kabatos wau, ugi
kawistara saking dayaning cethak. (Ungeling mantra utawi panebut
kakalih : hu – ya, ing wiridan naksobandiyah kaewahan dados
mungel, hu – Allah, panebutipun ugi kasarengan lampahing napas.
Dene ing wiridan satariyah, panebut wau mungel : hailah – haillolah,
nanging tanpa angereh lampahing napas).

Menggah lebet medaling napas kados kasebut ing nginggil,


sa’angkatanipun namung kuwasa angambali rambah kaping tiga,
mila makaten, awit napas kita sampun boten kadugi manawi kinen
anandangana malih, jalaran sampun menggeh-menggeh. Dene
manawi sampun sareh, inggih lajeng ka’angkatana malih, makaten
salajengipun ngantos marambah-rambah sakuwawinipun, margi
saya kuwawi dangu, sangsaya langkung prayogi sanget. Dene
sa’angkataning pandamel wau kawastan : tripandurat, tegesipun tri
= tiga, pandu = suci, rat = jagad – badan – enggen, suraosipun :
kaping tiga napas kita saget tumameng ing ngabyantaraning ingkang
Maha suci manggen ing salebeting suhunan (ingkang dipun suwuni).
Inggih punika ingkang kabasakaken paworing kawula Gusti,
tegesipun : manawi napas kita sumengka, kita jumeneng gusti, yen
tumedhak, wangsul dados kawula. Bab punika para nupiksa sampun
kalintu tampi ! Menggah ingkang dipun wastani kawula gusti punika
dede napas kita, nanging dayaning cipta kita. Dados ulah samadi
punika, pokokipun kita kedah amanjangaken panjing wijiling napas
(lebet wedaling napas), kalihan angeningaken (ambeningaken)
paningal, sebab paningal punika kadadosan saking rahsa.

Wondene patraping samadi kados kasebut ing nginggil wau, ugi


kenging karancagaken, uger kita tansah lumintu tanpa pedhot
mangeh panjing wijiling napas, kalihan lenggah, lumampah, utawi
nyambutdamel inggih kedah boten kenging tilar mangreh lebet
wedaling napas wau, ingkang sarana mocapaken mantra mungel : hu
– ya, kados ingkang kajarwa ing nginggil.

Kajawi punika, wirid saking tembung daiwan punika ugi taksih


darbe maksud sanesipun malih, inggih punika ateges panjang tanpa
ujung, utawi ateges langgeng. Dene pikajengipun amastani bilih
wontening napas kita punika sanyata wahananing gesang kita
ingkang langgeng, inggih wontening ambegan kita. Dene ambegan
punika, sanyata wontening angin ingkang tansah mlebet medal tanpa
kendel, ingkang sasarengan kalihan keketeg panglampahing rah
(roh). Bilih kakalih wau kendel boten makarti nama pejah, inggih
risaking badan wadhag wangsul dados babakalan malih. Mila
sayogyanipun lampahing napas inggih ambegan kita ingkang tansah
mlebet medal tanpa kendel, kedah kapanjang-panjangan a

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 9/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

lampahipun, murih panjanga ugi umur kita, temah saget awet


wonten ing donya tutug panyawangipun dhateng anak, putu, buyut,
canggah, wareng, ingkang babranahan.

Wontenipun andharan ing nginggil, mratelakaken bilih kawruh


pasamaden punika sanyata langkung ageng pigunanipun, mila lajeng
sinebut sastrajendrayuningr at pangruwating diyu.

Tegesipun sastra = empaning kawruh, jendra = saking


panggarbaning tembung harja endra. Tegesipun harja = raharja,
endra = ratu – dewa, yu = rahayu – wilujeng, ningrat = jagad –
enggen – badan. Suraosipun : Musthikaning kawruh ingkang
kuwasa amartani ing karahayon, kaharjan, katentreman lan
sapatunggalipun. Dene tegesesipun pangruwating diyu = amalihaken
diyu; dene diyu = danawa – raksasa – asura – buta, punika kangge
pasemoning piawon, penyakit, rereget, babaya, pepeteng,
kabodhohan lan sanesipun. Dados diyu punika kosokwangsulipun
dewa, engkang ateges pinter, sae, wilujeng lan sapanunggilipun.
Mengku suraos amastani ingkang saget anyirnakaken saliring
piawon tuwin samubarang babaya pekewed. Mangertosipun, sinten
ingkang tansah ajeg lumintu anandangaken ulah samadi, punika
bilih ing suwaunipun tiyang awon, lajeng sirna piawonipun, malih
dados tiyang sae lampahipun.

Tiyang sakit sirna sakitipun, dados saras, tiyang murka daksiya


lajeng narimah sabar, welasasih. Tiyang goroh lajeng dados temen.
Tiyang bodho dados pinter. Tiyang pinter dados pinter sanget.
Makaten ugi tiyang golongan sudra dados waesia, waesia dados
satriya, satriya dados brahmana, brahmana sumengka pangawak
braja asarira bathara.

(4). PANDAWA LIMA

 1. PRABU YUDHISTIRA

PRABU YUDHISTIRA menurut


cerita pedalangan Jawa adalah raja
jin negara Mertani, sebuah Kerajaan
Siluman yang dalam penglihatan mata
biasa merupakan hutan belantara
yang sangat angker. Prabu Yudhistira
mempunyai dua saudara kandung
masing-masing bernama ;Arya
Danduwacana, yang menguasai
kesatrian Jodipati dan Arya
Dananjaya yang menguasai kesatrian
Madukara. Prabu Yudhistira juga
mempunyai dua saudara kembar lain
ibu, yaitu ; Ditya Sapujagad
bertempat tinggal di kesatrian
Sawojajar, dan Ditya Sapulebu di kesatrian Baweratalun.Prabu
Yudhistira menikah dengan Dewi Rahina, putri Prabu Kumbala,
raja jin negara Madukara dengan permaisuri Dewi Sumirat.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 10/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Dari perkawinan tersebut ia memperoleh seorang putri bernama


Dewi Ratri, yang kemudian menjadi istri Arjuna.Ketika hutan
Mertani berhasil ditaklukan keluarga Pandawa berkat daya
kesaktian minyak Jayengkaton milik Arjuna pemberian Bagawan
Wilwuk/Wilawuk, naga bersayap dari pertapaan Pringcendani.
Prabu Yudhistira kemudian menyerahkan seluruh negara beserta
istrinya kepada Puntadewa, sulung Pandawa, putra Prabu Pandu
dengan Dewi Kunti. Prabu Yudhistira kemudian menjelma atau
menyatu dalam tubuh Puntadewa, hingga Puntadewa bergelar
Prabu Yudhistira. Prabu Yudhistira darahnya berwarna putih
melambangkan kesuciannya.

 2. BIMA atau WERKUDARA

Dikenal pula dengan nama; Balawa,


Bratasena, Birawa, Dandunwacana,
Nagata, Kusumayuda, Kowara,
Kusumadilaga, Pandusiwi, Bayusuta,
Sena, atau Wijasena. Bima putra
kedua Prabu Pandu, raja Negara
Astina dengan Dewi Kunti, putri
Prabu Basukunti dengan Dewi
Dayita dari negara Mandura. Bima
mempunyai dua orang saudara
kandung bernama: Puntadewa dan
Arjuna, serta 2 orang saudara lain
ibu, yaitu ; Nakula dan Sadewa.

Bima memililki sifat dan perwatakan; gagah berani, teguh, kuat,


tabah, patuh dan jujur. Bima memiliki keistimewaan ahli bermain
ganda dan memiliki berbagai senjata antara lain; Kuku Pancanaka,
Gada Rujakpala, Alugara, Bargawa (kapak besar) dan Bargawasta,
sedangkan ajian yang dimiliki adalah ; Aji Bandungbandawasa, Aji
Ketuklindu dan Aji Blabakpangantol-antol. Bima juga memiliki
pakaian yang melambangkan kebesaran yaitu; Gelung Pudaksategal,
Pupuk Jarot Asem, Sumping Surengpati, Kelatbahu Candrakirana,
ikat pinggang Nagabanda dan Celana Cinde Udaraga.

Sedangkan beberapa anugerah Dewata yang diterimanya antara


lain; Kampuh atau kain Poleng Bintuluaji, Gelang Candrakirana,
Kalung Nagasasra, Sumping Surengpati dan pupuk Pudak Jarot
Asem. Bima tinggal di kadipaten Jodipati, wilayah negara Amarta.
Bima mempunyai tiga orang isteri dan 3 orang anak, yaitu :

1. Dewi Nagagini, berputra Arya Anantareja,

2. Dewi Arimbi, berputra Raden Gatotkaca dan

3. Dewi Urangayu, berputra Arya Anantasena.

Akhir riwayat Bima diceritakan, mati sempurna (moksa) bersama ke


empat saudaranya setelah akhir perang Bharatayuda.

3. ARJUNA

Adalah putra Prabu Pandudewanata, raja negara Astinapura


dengan Dewi Kunti/Dewi Prita  putri Prabu Basukunti, raja negara
Mandura. Arjuna merupakan anak ke-tiga dari lima bersaudara
satu ayah, yang dikenal dengan nama Pandawa. Dua saudara satu
ibu adalah Puntadewa dan Bima/Werkudara.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 11/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Sedangkan dua saudara lain ibu, putra


Pandu dengan Dewi Madrim adalah
Nakula dan Sadewa. Arjuna seorang
satria yang gemar berkelana, bertapa
dan berguru menuntut ilmu. Selain
menjadi murid Resi Drona di
Padepokan Sukalima, ia juga menjadi
murid Resi Padmanaba dari Pertapaan
Untarayana. Arjuna pernah menjadi
Pandita di Goa Mintaraga, bergelar
Bagawan Ciptaning. Arjuna dijadikan
jago kadewatan membinasakan Prabu
Niwatakawaca, raja raksasa dari negara Manimantaka. Atas jasanya
itu, Arjuna dinobatkan sebagai raja di Kahyangan Kaindran
bergelar Prabu Karitin dan mendapat anugrah pusaka-pusaka sakti
dari para dewa, antara lain ; Gendewa ( dari Bathara Indra ), Panah
Ardadadali ( dari Bathara Kuwera ), Panah Cundamanik ( dari
Bathara Narada ).

Arjuna juga memiliki pusaka-pusaka sakti lainnya, atara lain ; Keris


Kiai Kalanadah, Panah Sangkali ( dari Resi Durna ), Panah
Candranila, Panah Sirsha, Keris Kiai Sarotama, Keris Kiai Baruna,
Keris Pulanggeni ( diberikan pada Abimanyu ), Terompet Dewanata,
Cupu berisi minyak Jayengkaton ( pemberian Bagawan Wilawuk
dari pertapaan Pringcendani ) dan Kuda Ciptawilaha dengan
Cambuk Kiai Pamuk. Sedangkan ajian yang dimiliki Arjuna antara
lain:

Panglimunan, Tunggengmaya, Sepiangin, Mayabumi, Pengasih dan


Asmaragama.  Arjuna mempunyai 15 orang istri dan 14 orang anak.
Adapun istri dan anak-anaknya adalah :

  1. Dewi Sumbadra , berputra Raden Abimanyu.

  2. Dewi Larasati , berputra Raden Sumitra dan Bratalaras.

  3. Dewi Srikandi

  4. Dewi Ulupi/Palupi , berputra Bambang Irawan

  5. Dewi Jimambang , berputra Kumaladewa dan Kumalasakti

  6. Dewi Ratri , berputra Bambang Wijanarka

  7. Dewi Dresanala , berputra Raden Wisanggeni

  8. Dewi Wilutama , berputra Bambang Wilugangga

  9. Dewi Manuhara , berputra Endang Pregiwa dan Endang


Pregiwati

10. Dewi Supraba , berputra Raden Prabakusuma

11. Dewi Antakawulan , berputra Bambang Antakadewa

12. Dewi Maeswara

13. Dewi Retno Kasimpar

14. Dewi Juwitaningrat , berputra Bambang Sumbada

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 12/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

15. Dewi Dyah Sarimaya.

Arjuna juga memiliki pakaian yang melambangkan kebesaran, yaitu


; Kampuh/Kain Limarsawo, Ikat Pinggang Limarkatanggi, Gelung
Minangkara, Kalung Candrakanta dan Cincin Mustika Ampal
(dahulunya milik Prabu Ekalaya, raja negara Paranggelung).

Arjuna juga banyak memiliki nama dan nama julukan, antara lain ;
Parta (pahlawan perang), Janaka (memiliki banyak istri), Pemadi
(tampan), Dananjaya, Kumbaljali, Ciptaning Mintaraga (pendeta
suci), Pandusiwi, Indratanaya (putra Bathara Indra), Jahnawi (gesit
trengginas), Palguna, Danasmara ( perayu ulung ) dan Margana (
suka menolong ).

Arjuna memiliki sifat perwatakan ; Cerdik pandai, pendiam, teliti,


sopan-santun, berani dan suka melindungi yang lemah.

Arjunaa memimpin Kadipaten Madukara, dalam wilayah negara


Amarta. Setelah perang Bhatarayuda, Arjuna menjadi raja di
Negara Banakeling, bekas kerajaan Jayadrata.

Akhir riwayat Arjuna diceritakan, ia muksa ( mati sempurna )


bersama ke-empat saudaranya yang lain. 

4. NAKULA

Nang dalam pedalangan Jawa disebut


pula dengan nama Pinten (nama
tumbuh-tumbuhan yang daunnya
dapat dipergunakan sebagai obat)
adalah putra ke-empat Prabu
Pandudewanata, raja negara Astina
dengan permaisuri Dewi Madrim,
putri Prabu Mandrapati dengan Dewi
Tejawati, dari negara Mandaraka.
Nakula lahir kembar bersama
adiknya, Sahadewa atau Sadewa
(pedalangan Jawa), Nakula juga
menpunyai tiga saudara satu ayah,
putra Prabu Pandu dengan Dewi
Kunti, dari negara Mandura bernama; Puntadewa,
Bima/Werkundara dan Arjuna. Nakula adalahtitisan Bathara Aswi,
Dewa Tabib.

Nakula mahir menunggang kuda dan pandai mempergunakan


senjata panah dan lembing. Nakula tidak akan dapat lupa tentang
segala hal yang diketahui karena ia mepunyai Aji
Pranawajati pemberian Ditya Sapujagad, Senapati negara Mretani.
Nakula juga mempunyai cupu berisi, “Banyu Panguripan atau Air
kehidupan” (tirtamaya) pemberian Bhatara Indra. Nakula
mempunyai watak jujur, setia, taat, belas kasih, tahu membalas guna
dan dapat menyimpan rahasia.

Nakula tinggal di kesatrian Sawojajar, wilayah negara Amarta.


Nakula mempunyai dua orang isteri yaitu:

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 13/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

1. Dewi Sayati putri Prabu Kridakirata, raja negara Awuawulangit,


dan

    memperoleh dua orang putra masing-masing bernama; Bambang

    Pramusinta dan Dewi Pramuwati.

2. Dewi Srengganawati, putri Resi Badawanganala, kura-kura


raksasa

    yang tinggal di sungai/narmada Wailu (menurut Purwacarita,

    Badawanangala dikenal sebagai raja negara


Gisiksamodra/Ekapratala)

    dan memperoleh seorang putri bernama Dewi Sritanjung.

Dari perkawinan itu Nakula mendapat anugrah cupu pusaka berisi


air kehidupan bernama Tirtamanik. Setelah selesai perang
Bharatyuda, Nakula diangkat menjadi raja negara Mandaraka
sesuai amanat Prabu Salya kakak ibunya, Dewi Madrim. Akhir
riwayatnya diceritakan, Nakula mati moksa bersama keempat
saudaranya.

5. SADEWA atau Sahadewa

Dalam pedalangan Jawa disebut pula


dengan nama Tangsen (buah dari
tumbuh-tumbuhan yang daunnya dapat
dipergunakan dan dipakai untuk obat)
adalah putra ke-lima atau bungsu Prabu
Pandudewanata, raja negara Astina
dengan permaisuriDewi Madrim, putri
Prabu Mandrapati dengan Dewi
Tejawati dari negara Mandaraka. Ia
lahir kembar bersama kakanya, Nakula.
Sadewa juga mempunyai tiga orang
saudara satu ayah, putra Prabu Pandu
dengan Dewi Kunti, dari negara
Mandura, bernama; Puntadewa,
Bima/Werkundara dan Arjuna. Sadewa adalah titisan Bathara
Aswin, Dewa Tabib.

Sadewa sangat mahir dalam ilmu kasidan (Jawa)/seorang mistikus.


Mahir menunggang kuda dan mahir menggunakan senjata panah
dan lembing. Selain sangat sakti, Sadewa juga memiliki Aji
Purnamajatipemberian Ditya Sapulebu, Senapati negara Mretani
yang berkhasiat; dapat mengerti dan mengingat dengan jelas pada
semua peristiwa. Sadewa mempunyaiwatak jujur, setia, taat, belas
kasih, tahu membalas guna dan dapat menyimpan rahasia.

Sadewa tinggal di kesatrian Bawenatalun/Bumiretawu, wilayah


negara Amarta. Sadewa menikah dengan Dewi Srengginiwati, adik
Dewi Srengganawati (Isteri Nakula), putri Resi Badawanganala,
kura-kura raksasa yang tinggal di sungai/narmada Wailu (menurut
Purwacarita, Badawanangala dikenal sebagai raja negara
Gisiksamodra/Ekapratala). Dari perkawinan tersebut ia memperoleh
seorang putra bernama Bambang Widapaksa/ Sidapaksa). Setelah
selesai perang Bharatayuda, Sedewa menjadi patih negara Astina

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 14/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

mendampingi Prabu Kalimataya/Prabu Yudhistrira. Akhir


riwayatnya di ceritakan, Sahadewa mati moksabersama ke empat
saudaranya.

(5). PAMORING KAWULA GUSTI-


MANUNGGALING KAWULA GUSTI;

Para kadang kang kang anggilud pangelmon kawruh Jawi, supaya


sakabehing reh kang digilud iku bisoa manjing dadi keyakinan kang
lebune lumantar pikir pratitis, dadi ora banjur mung mbalilutan
tanpa landesan pamgerten, sing wahanane andhakan sok banjur
dadi kukuh amengkoki keyakinan sing tanpa katerangan
kasunyatan.

Anandena pamarsudi / panggilude kudu sing kelawan genep, ora


mung nyumurupi ngelmune wae, nanging uga ameruhana
gegebengane kang sejati. Kudu bisa anyumurupi cangkok lan isine,
wadah lan sing di wadahi, mula mengkono awit yen mung salah siji
wae, dadine malah bakal kapitunan.

Upama mung nyumurupi teori iki samangso ngenani babagan


kawikyan nanging ora ngidhepi marang prakteke, utawa kosok
baline, weruh prakteke nanging ora weruh uger-uger teorine iku
jejere banjur ora sampurna. Dadi tiwas bisa, nanging bisane mung
separo, ora tatas, temah dadine malah ora putus.

Yen dijinggleng, gelaran pemut kaya kang wis di terangake ing


duwur iki, salugune mung ya mampri amprih utamane lan
sampurnane ngilud ngelmu iku.

Ana dene bakuning wos mungguhing pemud kasebut, gelarane


mengkene :
a. Marsudia ngelmu amrih bisane weruh pamoring semu prasemon
gaibing Widi, iki sing dadi sing dadi gegayuhan baku, ya pakeme
giludan, yen ora bisa meruhi perkara kasebut, anggone mersudi
ngelmu dadi tuwas tanpa tanja.
b. Murih bisa meruhi pamoring semu, prasemon gaib ing Widi iku
mau saranane kudu jangkep meruhi cankok lan isine, salah siji ora
kena ditinggal.
1. Cangkok – wadah – gelar kelahiran- laku.
2. Isi sing diwadahi – sing netepi gelar kelahiran – ngelmu.

Dadi amrih bisa nyandhak marang susurupan lan gegayuhan kang


satune kudu jangkep anindakake ngelmu lan laku, jer ngelu kang
ora dikanteni laku iki muspra, ora ana guna paedahe, karo-karone
kudu ditindakake kanti bebarengan, ora kena cewet salah siji.

Anadene laku mungguhing pangelmon iku ona patang perkara, urut-


urutane lan lekase ora kena ditinggalake salah siji yaiku :
1. Syariat
Tegese anindakake kelawan pakarti nyata miturut angger-angger
pranatane pangelmon, endi sing kena lan endi sing ora kena dilakoni,
endi sing wajib ditindakake lan endi sadengah kang bisa
dileksananikanti mana suka (suah).
2. Tarekat
https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 15/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Tegese kawruh mungguhing angger-angger kasebut, dadi nindakake


syariat kudu kanthi dilambari pangerten apa sebab lan guna
paedahe dene sawiji-wiji iki wajib utawa ora kena ditinggalake.
3. Hakekat
Tegese nuju marang kasunyatan woh mungguhing pangiludan, yaiku
sing kasebut laku sing wis nyandakmarang tataran kebatinan (luwih
jero maneh).
4. Makrifat
Tegese nyumurupi kasunyatan wohing pangiludan.

Laku patang perkara kasebut kudu katindakake kabeh kanti urut


miturut undha usuking tataran, yen ta nganti gotang salah suji, mesti
ora biso tekan punjering gegayuhan, ateges wis marsudi kongsi
ngenting, toging data malah ora idep apa-apa.

Ing sarehning dasare ngelmu ana ing kene ana gandheng gaibing
Widhi, gelarane banjur sambung rapet karo prakara urip lan
pauripan alandesan katerangan iku, tembung cangkok lan isine mau
kajaba bisa kaumpama kanggo negesi blegering ngelmu lan laku uga
bisa katujokake prasemon bleger kapribadenkang urip lan ngalami
panguripan.

Kaplase banjur endi kang disemu mawas sesbutan cangkok lan endi
sing disemu mawa tembung isi. Rehning urip ya bleger kapribaden
iku mengku badan rong prakara, keplase tembung cangkok lan isi
iku banjur nuju bebadan rong prakarakasebut, yaiku jiwa lan raga ,
sing jroning lagi urip iki pada manunggal dadi siji.

Kasunyatane jroning urip iku raga lan nyawa oa bisa pisah, raga
kang minangka dadi wadahe, ya cangkoke, dene nyawa kang
minangka sing diwadahi mbah lan musik. Sanajanta sakarone pada
manunggal dadi siji lan dayane pada tarik tinarik sarta bawa
mrabawani, jejere pada anduweni lungguh dewe-dewe kang mbaka
siji kudu disumurupi kalawan taandes, kepriye lungguhe siraga,
kepriye lungguhe si nyawa.

Raga kang asipat kasar iki bisane mobah lan mosik karana
kadunungan nyawa kang asipat alus lan nyawa anggone bisa mobah
mosike karana dumunung ing raga. Gamblange sing diuripi ora
bakal klakon bisa urip samangsa ora didunungi dening sing nguripi
ora bisa makarti gawe urip yen ora dumunung ana ing badan kang
diuripi, dadi bebadan sakarone pada samad sinamadan lan daya-
dinaya.

Ing sarehne raga orabisa urip yen ora di enggoni nyawa lan nyawa
iku sawarna badan kang menehi urip, ing kene pilah-pilahing
lungguh banjur dadi :
a. Siraga obah krembyah-krembyah mung karana manut sarehe si
nyawa, jejere banjur dadi prabot pakarting nyawa, utawa bebadan
kang dikuwasani, sing sateruse diarani KAWULA.
b. Si nyawa kang duwe daya anguripi lan mobah mosike manut
sakrenahe, jejere banjur dadi bebadan kang nguwasani kahanan
raga, sebutane banjur dadi kosok baline KAWULA YA GUSTI.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 16/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Manunggale sifat sakarone mau, manunggale siraga lan sinyawa.


Manunggale KAWULA lan GUSTI iku minangka semu prasemon
gaibing Widhi, dadi gaibing Widhi ya gaibing Pangeran iku disemu
dining manunggale raga lan nyawa, disemu dening bleger urip sing
awujud jejer kapribaden.

Sak mangkonoa nyumurupi gaibing KAWULA lan GUSTI, ya pada


wae karo nyumurupi gaibing pangeran, ya nglereg marang
nyumurupi pribadene dewe, ya weruh marang uripe kang sejati.

Ana dena jablase keterangan kasebut yaiku raga iku lungguhe


banjur dadi kasunyatane nyawa, lire rehne raga iku bisa krembyah-
krembyah obah lan makarti dadi cihna yen ing jrone terange ana
nyawane lan nyawa iku kang minangka dadi kasunyatane urip, lire
ana nyawa bisa ngobahake raga lsp, iku mujudage bukti yen nyawa
iku nggerba urip lan urip iku asipatlanggeng, dumunung ana ing
panguasaning pangeran kang asipat jumeneng klawan sarta ora
owah gingsir lan dayane nglimputi saindenge jagad rat pramudinata,
jagad geda lan jagad cilik.

Miturut larasan ing duwur terang banget yen blegger wujud


kapribaden kang urip iki ya wujud manunggale KAWULA lan
GUSTI, ya manunggale Manngsa lan Pangeran kang ing sarandene
kalawan urut-urutan sarta tumata tanpa kuciwa kadayan dening
panguasane.

Ing sarehne wis disumurupi, yen blegger kapribaden iku minangka


prasemon gaibing Pangeran kang kagungan sipat-sipat pinesti, perlu
uga disemurupi sipat-sipat Pangeran kang jangkep, yaiku kang
diarani sipat 20. Dadi terange ing sarehne manungsa iku dadi
prasemone dadi wewayangane pangeran kang kagungan sipat 20 iku
mau, sing gelare kaya kasebut ing ngisor iki :

1. Wujud : Ana
2. Kidam : Disik ora ana kang disiki
3. Baka : Langgeng
4. Muhalawatil lil kawadisi : Beda karo kang anyar
5. Kiyamuhu binafsihi : Jumeneng kalawan piyambak
6. Wahdaniyat : Sawiji
7. Kodrat : Kuwasa
8. Iradat : Karsa
9. Ilmu : Kawruh
10. Hayat : Urip
11. Samak : Miyarsa
12. Basar : Wuninga
13. Kalam : Ngandika
14. Kadiran : Kang kuwasa
15. Muridan : Kang kagungan karsa
16. Aliman : Kang kagungan kawruh
17. Hayan : Kang kagungan gesang
18. Samian : Miyarsa
19. Basyiran : Nguningani
20. Mutakaliman : Ngandika

Kang supaya biso nyumurupi manunggale Kawula lan Gusti mau


lekase kudu kalawan lumintu-mintu lan carane kudu ora kena
gotang salah siji, lire anetepana syarat syariate panggiludan sing

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 17/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

kanti jangkep, yaiku anenepana laku syariat, tarekat, hakekat lan


makrifat, iki mau kabeh linakonan kanti ora kena diblenjani salah
siji.

Pamoring Kawula Gusti iku pinda damer murub, mula bener yen
gawe kekes lan wedi, karana kang nyumurupi rumangsa kasoran ing
daya. Mula pamedare kudu sing kalawan pratitis, aja kongsi
tumpangsuh.

Yen ditanding boboting ngelmu iku, nyatane pancen abot lan


kenceng, naging ora kenceng kdidene kencenging, nanging ora
kenceng iku mung sedyane. Kang murih enteng ing tembe burine.
Samangsa di ecakake yen ana gawe parigawe, ora medosol
nuwuhake reribet apa-apa.

Olahing rembug ing satibaotibane tansah titis lan kawetune ora


wengku sajak arep ngejori, arang kading mung trima urun-urun,
nanging malah dadi kaundakaning kawruh. Kang mengkono mau
malah banjur bisa ditrisnani ing akeh.

Luwih-luwihyen bisa nambahi jembaring ngelmu, iku yekti sing dadi


sisipane wong linuwih. Sakehing tindake ora sinamudana mung
kanggo ngumpak (nglembana)ing liyan lan ora mamprih
pangalembana dewe, awit jejere wis waskita dadi pandita kang
kinacek.

Kaceke adoh banget mungguh ing kapiterane ulah lan tanduk,


duduga lan prayoga tansah dienggoni, wanine kadidene jajaka,
nanging wani sing ora ateges maoni ngelmu kang wis mapan.

Ngenggoni tapa-brata kang pitung prakara :


* Kapisan, tapane jasmani oja sok darbe rasa serik, kudu narima ing
lair trus ing batin.

Tapane badan wadag utawa tapene kalairan, yaiku sing ingaran


Sarenggat (ngenggoni angger-angger ing pranatan mungguhing
panggiludan) tinemune ditemeni kalawan tulus mulusing sedya lair
batin.

1. Ngendaleni sarta meper lakune hawa napsu kang patang prakara,


sing kabeh mau asal pinangkane saka jasad kadagingan.
2. Asih marang sapade tumitah, sing ateges sugih ing pangapura
marang kaluputaning liyan.
3. Sing bisa ngayomi sasamaning ngaurip dedasar kawicaksanan.

* Kapindo, mono satuhuning tapa.


Yaiku tappane budi, lekase mung supaya bisa mbirat sakehing budi
nista lan remeh sarta ngilangana watak demen goroh.

* Kaping telu, tapane hawa napsu


Kudu nglakoni sabar lan alim sarta sugih pangakema marang sapa
wae, sajan marang wong sing wis milara awake, percayaan marang
Pangeran.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 18/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

* Kaping papat, tapane sang rasa sejati.


Pikir utawa ati kudu kagawe supaya meneng lan wening, ngudiya
mamrih bisa tansah muja lan semedi yen kabeh wis meneng lan
wening, gegayuhane mesti bakal kacekel.

* Kaping lima, tapane sukma.


Gelara sarana lembah manah lan grapyak semanak, atine kudu lega
rila sarta ora kena muna-sika ing sesamane urip. Kudu bisa
ngemong atine wong.

* Kaping nem, tapane cahya kang manter.


Ora samar ing sakabehing kahanan lan tansah eling damang marang
pilahing kapalson lan kasunyatan, eling marang sakehing pambudi
mamrih wilujenge bisa antuk ati kang padang lan resik, tataran
MAKRIFAT, tataran jumeneng kapribaden.

* Kaping pitu, tapane urip.


Kudu santosa budine lan ati-ati, tumindake uga kudu disaranani
kateguhaning iman lan timbuling kekarepan kang lumintu, ora kena
uwas sumelang ing ati sarta kudu kumandel-kandel marang
panguwasane Hyang Widi.

Wigantining wus tumrap sakabehing laku iku mau tinemu ana ing
bongkot lan pucuk, iku wae wis cukup dadi ora mindo gaweni /
mindo laku. Eohing laku mau bisa murakapi marang patine yaiku
oncading sukma saka alam jasmani, ngacik ngambah ing alam gaib.

Manjing suruping pati iku kalakone mung sakedeping netra,


anggone ngukut jagade nyata patitis, kabeh dikut digolongake
marang tekat sawiji, digemblekake mamrih mlebu ing kraton.

Kayu lan watu pada dianggep lan digawe swarga kang mulya ake,
kang nyukupi ing sakabehe sarwa endah banget, yen manggon ing
kono jenak awor brekasakan lan jrangkong.

Pati kang kaya mangkono iku satemene mindo gaweni, nanging sing
kaya mangkono mau ora dimangi. Ngertine samangsa kahanan wis
kuwalik karana kurang bisa mbedakake lan karana salah tanpa,
mula dadine banjur kasasar.

Mula sing teguh ing iman sarta eling lan was pada, aja kleru ing
pamawas. Kraton sing sejati iku satemene ora kraton.

Gegebengan mau katampa kanggo gagaran ngukut jiwa raga, kang


asipat setroli, padange kaliwat-liwat lan sipate langgeng ora owah
gingsir.

Ya iku sing dadi margane mulih ngumpul Dzating Pangeran.

Ana dene wahanan-wahanan kang dialami ing jrone ngadepi bakal


kukuting jiwa raga iku, kajaba sudane kabeh kekuataning angga lan
panca driya (pangrasa, pangganda, pandulu, pangrungu lan
panggrayang), uga bakal manoni molah-malihinh cahya, sing kabeh
mau asale saka pakartining napsu, napsu sing wis arep kukut. Ana

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 19/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

dene cahya mau molah-malih gilir gumanti urut-miturt dodok


selehing napsu, sing terange kaya ing ngisor iki :
a. Abang mrakata : banjur suda-suda lan manjing dadi.
b. Kuning amita : saya suwe saya suda temah sirna lan kagilir dening
cahya.
c. Ireng tunteng : peteng dedet lilimengan nanging wekasane banjur
ganti dadi cahya.
d. Putih memplak :

Cahya 4 prakara kasebut, iku cahyane napsu 4 prakara, yaiku


amarah, luamah, supiyah lan mutmainah, sing kabeh pada tinemu
lan lenggah ana sarira pribadi. Kasunyating kabeh mau mung
minangkadadi sasmita, yen pakartining napsu 4 prakara kasebut wis
arep sigeg.

Ing sawise iku banjur tinemu ana cahya mencorong padang


ambleringi kang sipate ora owah gingsir lire ora bakal gumilir ing
cahya liyane. Yen wis tekan cahya sing kaya mengkona kahanane iki,
nyata wis tekan titi mangsanw nyawa oncad ninggalake kurungane,
mulih marang asal muasale sakawit.

Meneng, anteng, langgeng ora obah ora ngucap ora dulu


kaendahaning swarga, ora rumangsa dumunung ana ing pangauban,
aing ana mung trawanging ati, meleng dadi manunggale nabi-wali.

Katrangane :
Samangsa wis manoni cahya kang kukuwung putih mencorong kayo
kang kaceta ing duwur yaiku cahya kang asipat langgeng ora owah
gingsir wis ateges bisa jumeneng pribadine, wis manunggal karo
Dzating Pangeran (wis jejer manunggal Kawula Gusti).

Yen wis kaya mengkono, kalangengan iku mau mahanani kahanan


ora bisa sumurup kaendahan apa-apa, apa dene kaendahaning
swarga, ora rumangsa ngayom marang apa wae, lire ora mangeran
marang saliyane Pangeran Kang Maha Luhur, nanging jejere ngalela
pribadine ana ing alam sonya-ruri. Yen wis kaya mengkono
kahanane wis ara ana sipat-sipat kang beda ing antarane pribadi lan
Pangeran, Kawula lan Gusti wis manunggal, pada wae karo wis bisa
napaki lekasing para nabi lan para wali sing wis pada jejer dadi
makrifat. Kasare pribadine wis prasasat nabi utawa wali, karana wis
bisa nggayuh tataran sing wis kagayuh dening para nabi lan wali
duking nguni, yaiku asarira – Batara.

(6). MANUNGGALING KAWULO GUSTI;

 
https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 20/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

SIAPAKAH   SYEH SITI JENAR ?

Kehadiran Syekh Siti Jenar ternyata menimbulkan kontraversi,


apakah benar ada atau hanya tokoh imajiner yang direkayasa untuk
suatu kepentingan politik. Tentang ajarannya sendiri, sangat sulit
untuk dibuat kesimpulan apa pun, karena belum pernah
diketemukan ajaran tertulis yang membuktikan bahwa itu tulisan
Syekh Siti Jenar, kecuali menurut para penulis yang identik sebagai
penyalin yang berakibat adanya berbagai versi. Tapi suka atau tidak
suka, kenyataan yang ada menyimpulkan bahwa Syekh Siti Jenar
dengan falsafah atau faham dan ajarannya sangat terkenal di
berbagai kalangan Islam khususnya orang Jawa, walau dengan
pandangan berbeda-beda.

Pandangan Syekh Siti Jenar yang menganggap alam kehidupan


manusia di dunia sebagai kematian, sedangkan setelah menemui ajal
disebut sebagai kehidupan sejati, yang mana ia adalah manusia dan
sekaligus Tuhan, sangat menyimpang dari pendapat Wali Songo,
dalil dan hadits, sekaligus yang berpedoman pada hukum Islam yang
bersendikan sebagai dasar dan pedoman kerajaan Demak dalam
memerintah yang didukung oleh para Wali. Siti Jenar dianggap telah
merusak ketenteraman dan melanggar peraturan kerajaan, yang
menuntun dan membimbing orang secara salah, menimbulkan huru-
hara, merusak kelestarian dan keselamatan sesama manusia. Oleh
karena itu, atas legitimasi dari Sultan Demak, diutuslah beberapa
Wali ke tempat Siti Jenar di suatu daerah (ada yang mengatakan
desa Krendhasawa), untuk membawa Siti Jenar ke Demak atau
memenggal kepalanya. Akhirnya Siti Jenar wafat (ada yang
mengatakan dibunuh, ada yang mengatakan bunuh diri).

Akan tetapi kematian Siti Jenar juga bisa jadi karena masalah
politik, berupa perebutan kekuasaan antara sisa-sisa Majapahit non
Islam yang tidak menyingkir ke timur dengan kerajaan Demak,
yaitu antara salah satu cucu Brawijaya V yang bernama Ki
Kebokenongo/Ki Ageng Pengging dengan salah satu anak Brawijaya
V yang bernama Jin Bun/R. Patah yang memerintah kerajaan
Demak dengan gelar Sultan Bintoro Demak I, dimana Kebokenongo
yang beragama Hindu-Budha beraliansi dengan Siti Jenar yang
beragama Islam.

Nama lain dari Syekh Siti Jenar antara lain Seh Lemahbang atau
Lemah Abang, Seh Sitibang, Seh Sitibrit atau Siti Abri, Hasan Ali
Ansar dan Sidi Jinnar. Menurut Bratakesawa dalam bukunya
Falsafah Siti Djenar (1954) dan buku Wejangan Wali Sanga
himpunan Wirjapanitra, dikatakan bahwa saat Sunan Bonang
memberi pelajaran iktikad kepada Sunan Kalijaga di tengah perahu
yang saat bocor ditambal dengan lumpur yang dihuni cacing lembut,
ternyata si cacing mampu dan ikut berbicara sehingga ia disabda
Sunan Bonang menjadi manusia, diberi nama Seh Sitijenar dan
diangkat derajatnya sebagai Wali.

Dalam naskah yang tersimpan di Musium Radyapustaka Solo,


dikatakan bahwa ia berasal dari rakyat kecil yang semula ikut
mendengar saat Sunan Bonang mengajar ilmu kepada Sunan
kalijaga di atas perahu di tengah rawa. Sedangkan dalam buku
Sitijenar tulisan Tan Koen Swie (1922), dikatakan bahwa Sunan Giri
mempunyai murid dari negeri Siti Jenar yang kaya kesaktian
https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 21/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

bernama Kasan Ali Saksar, terkenal dengan sebutan Siti Jenar (Seh
Siti Luhung/Seh Lemah Bang/Lemah Kuning), karena
permohonannya belajar tentang makna ilmu rasa dan asal mula
kehidupan tidak disetujui Sunan Bonang, maka ia menyamar
dengan berbagai cara secara diam-diam untuk mendengarkan
ajaran Sunan Giri. Namun menurut Sulendraningrat dalam
bukunya Sejarah Cirebon (1985) dijelaskan bahwa Syeh
Lemahabang berasal dari Bagdad beraliran Syi’ah Muntadar yang
menetap di Pengging Jawa Tengah dan mengajarkan agama kepada
Ki Ageng Pengging (Kebokenongo) dan masyarakat, yang karena
alirannya ditentang para Wali di Jawa maka ia dihukum mati oleh
Sunan Kudus di Masjid Sang Cipta Rasa (Masjid Agung Cirebon)
pada tahun 1506 Masehi dengan Keris Kaki Kantanaga milik Sunan
Gunung Jati dan dimakamkan di Anggaraksa/Graksan/Cirebon.

Informasi tambahan di sini, bahwa Ki Ageng Pengging


(Kebokenongo) adalah cucu Raja Brawijaya V (R.
Alit/Angkawijaya/Kertabumi yang bertahta tahun 1388), yang
dilahirkan dari putrinya bernama Ratu Pembayun (saudara dari Jin
Bun/R. Patah/Sultan Bintoro Demak I yang bertahta tahun 1499)
yang dinikahi Ki Jayaningrat/Pn. Handayaningrat di Pengging. Ki
Ageng Pengging wafat dengan caranya sendiri setelah kedatangan
Sunan Kudus atas perintah Sultan Bintoro Demak I untuk
memberantas pembangkang kerajaan Demak. Nantinya, di tahun
1581, putra Ki Ageng Pengging yaitu Mas Karebet, akan menjadi
Raja menggantikan Sultan Demak III (Sultan Demak II dan III
adalah kakak-adik putra dari Sultan Bintoro Demak I) yang
bertahta di Pajang dengan gelar Sultan Hadiwijoyo Pajang I.

Keberadaan Siti Jenar diantara Wali-wali (ulama-ulama suci


penyebar agama Islam yang mula-mula di Jawa) berbeda-beda, dan
malahan menurut beberapa penulis ia tidak sebagai Wali. Mana
yang benar, terserah pendapat masing-masing. Sekarang mari kita
coba menyoroti falsafah/faham/ajaran Siti Jenar.

Konsepsi Ketuhanan, Jiwa, Alam Semesta, Fungsi Akal dan Jalan


Kehidupan dalam pandangan Siti Jenar dalam buku Falsafah Siti
Jenar tulisan Brotokesowo (1956) yang berbentuk tembang dalam
bahasa Jawa, yang sebagian merupakan dialog antara Siti Jenar
dengan Ki Ageng Pengging, yaitu kira-kira:

Siti Jenar yang mengaku mempunyai sifat-sifat dan sebagai dzat


Tuhan, dimana sebagai manusia mempunyai 20 (dua puluh)
atribut/sifat yang dikumpulkan di dalam budi lestari yang menjadi
wujud mutlak dan disebut dzat, tidak ada asal-usul serta tujuannya;

Hyang Widi sebagai suatu ujud yang tak tampak, pribadi yang tidak
berawal dan berakhir, bersifat baka, langgeng tanpa proses evolusi,
kebal terhadap sakit dan sehat, ada dimana-mana, bukan ini dan itu,
tak ada yang mirip atau menyamai, kekuasaan dan kekuatannya
tanpa sarana, kehadirannya dari ketiadaan, luar dan dalam tiada
berbeda, tidak dapat diinterpretasikan, menghendaki sesuatu tanpa
dipersoalkan terlebih dahulu, mengetahui keadaan jauh diatas
kemampuan pancaindera, ini semua ada dalam dirinya yang bersifat
wujud dalam satu kesatuan, Hyang Suksma ada dalam dirinya;

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 22/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Siti Jenar menganggap dirinya inkarnasi dari dzat yang luhur,


bersemangat, sakti, kebal dari kematian, manunggal dengannya,
menguasai ujud penampilannya, tidak mendapat suatu kesulitan,
berkelana kemana-mana, tidak merasa haus dan lesu, tanpa sakit
dan lapar, tiada menyembah Tuhan yang lain kecuali setia terhadap
hati nurani, segala sesuatu yang terjadi adalah ungkapan dari
kehendak dzat Allah;
Segala sesuatu yang terjadi adalah ungkapan dari kehendak dzat
Allah, maha suci, sholat 5 (lima) waktu dengan memuji dan dzikir
adalah kehendak pribadi manusia dengan dorongan dari badan
halusnya, sebab Hyang Suksma itu sebetulnya ada pada diri
manusia;

Wujud lahiriah Siti jenar adalah Muhammad, memiliki kerasulan,


Muhammad bersifat suci, sama-sama merasakan kehidupan,
merasakan manfaat pancaindera;

Kehendak angan-angan serta ingatan merupakan suatu bentuk akal


yang tidak kebal atas kegilaan, tidak jujur dan membuat kepalsuan
demi kesejahteraan pribadi, bersifat dengki memaksa, melanggar
aturan, jahat dan suka disanjung, sombong yang berakhir tidak
berharga dan menodai penampilannya;

Bumi langit dan sebagainya adalah kepunyaan seluruh manusia,


jasad busuk bercampur debu menjadi najis, nafas terhembus di
segala penjuru dunia, tanah dan air serta api kembali sebagai
asalnya, menjadi baru;

Dalam buku Suluk Wali Sanga tulisan R. Tanojo dikatakan bahwa :

Tuhan itu adalah wujud yang tidak dapat di lihat dengan mata,
tetapi dilambangkan seperti bintang bersinar cemerlang yang
berwujud samar-samar bila di lihat, dengan warna memancar yang
sangat indah;

Siti Jenar mengetahui segala-galanya sebelum terucapkan melebihi


makhluk lain ( kawruh sakdurunge minarah), karena itu ia juga
mengaku sebagai Tuhan;

Sedangkan mengenai dimana Tuhan, dikatakan ada di dalam tubuh,


tetapi hanya orang terpilih (orang suci) yang bisa melihatnya, yang
mana Tuhan itu (Maha Mulya) tidak berwarna dan tidak terlihat,
tidak bertempat tinggal kecuali hanya merupakan tanda yang
merupakan wujud Hyang Widi;

Hidup itu tidak mati dan hidup itu kekal, yang mana dunia itu
bukan kehidupan (buktinya ada mati) tapi kehidupan dunia itu
kematian, bangkai yang busuk, sedangkan orang yang ingin hidup
abadi itu adalah setelah kematian jasad di dunia;

Jiwa yang bersifat kekal/langgeng setelah manusia mati (lepas dari


belenggu badan manusia) adalah suara hati nurani, yang merupakan

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 23/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

ungkapan dari dzat Tuhan dan penjelmaan dari Hyang Widi di


dalam jiwa dimana raga adalah wajah Hyang Widi, yang harus
ditaati dan dituruti perintahnya.

Dalam buku Bhoekoe Siti Djenar karya Tan Khoen Swie (1931)
dikatakan bahwa :

Saat diminta menemui para Wali, dikatakan bahwa ia manusia


sekaligus Tuhan, bergelar Prabu Satmata;

Ia menganggap Hyang Widi itu suatu wujud yang tak dapat dilihat
mata, dilambangkan seperti bintang-bintang bersinar cemerlang,
warnanya indah sekali, memiliki 20 (dua puluh) sifat (antara lain :
ada, tak bermula, tak berakhir, berbeda dengan barang yang baru,
hidup sendiri dan tanpa bantuan sesuatu yang lain, kuasa, kehendak,
mendengar, melihat, ilmu, hidup, berbicara) yang terkumpul
menjadi satu wujud mutlak yang disebut DZAT dan itu serupa
dirinya, jelmaan dzat yang tidak sakit dan sehat, akan menghasilkan
perwatakan kebenaran, kesempurnaan, kebaikan dan keramah-
tamahan;

Tuhan itu menurutnya adalah sebuah nama dari sesuatu yang asing
dan sulit dipahami, yang hanya nyata melalui kehadiran manusia
dalam kehidupan duniawi.

Menurut buku Pantheisme en Monisme in de Javaavsche tulisan


Zoetmulder, SJ.(1935) dikatakan bahwa Siti Jenar memandang
dalam kematian terdapat sorga neraka, bahagia celaka ditemui,
yakni di dunia ini. Sorga neraka sama, tidak langgeng bisa lebur,
yang kesemuanya hanya dalam hati saja, kesenangan itu yang
dinamakan sorga sedangkan neraka, yaitu sakit di hati. Namun
banyak ditafsirkan salah oleh para pengikutnya, yang berusaha
menjalani jalan menuju kehidupan (ngudi dalan gesang) dengan
membuat keonaran dan keributan dengan cara saling membunuh,
demi mendapatkan jalan pelepasan dari kematian.

Siti Jenar yang berpegang pada konsep bahwa manusia adalah


jelmaan dzat Tuhan, maka ia memandang alam semesta sebagai
makrokosmos sama dengan mikrokosmos. Manusia terdiri dari jiwa
dan raga yang mana jiwa sebagai penjelmaan dzat Tuhan dan raga
adalah bentuk luar dari jiwa dengan dilengkapi pancaindera
maupun berbagai organ tubuh. Hubungan jiwa dan raga berakhir
setelah manusia mati di dunia, menurutnya sebagai lepasnya
manusia dari belenggu alam kematian di dunia, yang selanjutnya
manusia bisa manunggal dengan Tuhan dalam keabadian.

Siti Jenar memandang bahwa pengetahuan tentang kebenaran


Ketuhanan diperoleh manusia bersamaan dengan penyadaran diri
manusia itu sendiri, karena proses timbulnya pengetahuan itu
bersamaan dengan proses munculnya kesadaran subyek terhadap
obyek (proses intuitif). Menurut Widji Saksono dalam bukunya Al-
Jami’ah (1962) dikatakan bahwa wejangan pengetahuan dari Siti
jenar kepada kawan-kawannya ialah tentang penguasaan hidup,
tentang pintu kehidupan, tentang tempat hidup kekal tak berakhir di
kelak kemudian hari, tentang hal mati yang dialami di dunia saat ini
dan tentang kedudukannya yang Mahaluhur. Dengan demikian

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 24/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

tidaklah salah jika sebagian orang ajarannya merupakan ajaran


kebatinan dalam artian luas, yang lebih menekankan aspek kejiwaan
dari pada aspek lahiriah, sehingga ada juga yang menyimpulkan
bahwa konsepsi tujuan hidup manusia tidak lain sebagai bersatunya
manusia dengan Tuhan (Manunggaling Kawula-Gusti).

Dalam pandangan Siti Jenar, Tuhan adalah dzat yang mendasari dan
sebagai sebab adanya manusia, flora, fauna dan segala yang ada,
sekaligus yang menjiwai segala sesuatu yang berwujud, yang
keberadaannya tergantung pada adanya dzat itu. Ini dibuktikan dari
ucapan Siti Jenar bahwa dirinya memiliki sifat-sifat dan secitra
Tuhan/Hyang Widi.

Namun dari berbagai penulis dapat diketahui bahwa bisa jadi


benturan kepentingan antara kerajaan Demak dengan dukungan
para Wali yang merasa hegemoninya terancam yang tidak hanya
sebatas keagamaan (Islam), tapi juga dukungan nyata secara politis
tegaknya pemerintahan Kesultanan di tanah Jawa (aliansi dalam
bentuk Sultan mengembangkan kemapanan politik sedang para Wali
menghendaki perluasan wilayah penyebaran Islam).

Dengan sisa-sisa pengikut Majapahit yang tidak menyingkir ke


timur dan beragama Hindu-Budha yang memunculkan tokoh
kontraversial beserta ajarannya yang dianggap “subversif” yaitu
Syekh Siti Jenar (mungkin secara diam-diam Ki Kebokenongo
hendak mengembalikan kekuasaan politik sekaligus keagamaan
Hindu-Budha sehingga bergabung dengan Siti jenar).

Bisa jadi pula, tragedi Siti Jenar mencerminkan perlawanan kaum


pinggiran terhadap hegemoni Sultan Demak yang memperoleh
dukungan dan legitimasi spiritual para Wali yang pada saat itu
sangat berpengaruh. Disini politik dan agama bercampur-aduk, yang
mana pasti akan muncul pemenang, yang terkadang tidak
didasarkan pada semangat kebenaran.

Kaitan ajaran Siti Jenar dengan Manunggaling Kawula-Gusti


seperti dikemukakan di atas, perlu diinformasikan di sini bahwa
sepanjang tulisan mengenai Siti Jenar yang diketahui, tidak ada
secara eksplisit yang menyimpulkan bahwa ajarannya itu adalah
Manunggaling Kawula-Gusti, yang merupakan asli bagian dari
budaya Jawa. Sebab Manunggaling Kawula-Gusti khususnya dalam
konteks religio spiritual, menurut Ir. Sujamto dalam bukunya
Pandangan Hidup Jawa (1997), adalah pengalaman pribadi yang
bersifat “tak terbatas” (infinite) sehingga tak mungkin dilukiskan
dengan kata untuk dimengerti orang lain. Seseorang hanya mungkin
mengerti dan memahami pengalaman itu kalau ia pernah
mengalaminya sendiri.

Dikatakan bahwa dalam tataran kualitas, Manunggaling Kawula-


Gusti adalah tataran yang dapat dicapai tertinggi manusia dalam
meningkatkan kualitas dirinya. Tataran ini adalah Insan Kamilnya
kaum Muslim, Jalma Winilisnya aliran kepercayaan tertentu atau
https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 25/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Satriyapinandhita dalam konsepsi Jawa pada umumnya, Titik


Omeganya Teilhard de Chardin atau Kresnarjunasamvadanya
Radhakrishnan. Yang penting baginya bukan pengalaman itu, tetapi
kualitas diri yang kita pertahankan secara konsisten dalam
kehidupan nyata di masyarakat. Pengalaman tetaplah pengalaman,
tak terkecuali pengalaman paling tinggi dalam bentuk
Manunggaling kawula Gusti, yang tak lebih pula dari memperkokoh
laku. Laku atau sikap dan tindakan kita sehari-hari itulah yang
paling penting dalam hidup ini.

Kalau misalnya dengan kekhusuk-an manusia semedi malam ini, ia


memperoleh pengalaman mistik atau pengalaman religius yang
disebut Manunggaling Kawula-Gusti, sama sekali tidak ada harga
dan manfaatnya kalau besok atau lusa lantas menipu atau mencuri
atau korupsi atau melakukan tindakan-rindakan lain yang tercela.
Kisah Dewa Ruci adalah yang menceritakan kejujuran dan
keberanian membela kebenaran, yang tanpa kesucian tak mungkin
Bima berjumpa Dewa Ruci.

Kesimpulannya, Manunggaling Kawula-Gusti bukan ilmu melainkan


hanya suatu pengalaman, yang dengan sendirinya tidak ada masalah
boleh atau tidak boleh, tidak ada ketentuan/aturan tertentu, boleh
percaya atau tidak percaya.

Kita akhiri kisah singkat tentang Syekh Siti Jenar, dengan bersama-
sama merenungkan kalimat berikut yang berbunyi : “Janganlah
Anda mencela keyakinan/kepercayaan orang lain, sebab belum tentu
kalau keyakinan/kepercayaan Anda itu yang benar sendiri”.*

Sidang para Wali

Sunan Giri membuka musyawarah para wali. Dalam musyawarah


itu ia mengajukan masalah Syeh Siti Jenar. Ia menjelaskan bahwa
Syeh Siti Jenar telah lama tidak kelihatan bersembahyang jemaah di
masjid. Hal ini bukanlah perilaku yang normal. Syeh Maulana
Maghribi berpendapat bahwa itu akan menjadi contoh yang kurang
baik dan bisa membuat orang mengira wali teladan meninggalkan
syariah nabi Muhammad.

Sunan Giri kemudian mengutus dua orang santrinya ke gua tempat


syeh Siti Jenar bertapa dan memintanya untuk datang ke masjid.
Ketika mereka tiba,mereka diberitahu hanya ALLAH yang ada
dalam gua.Mereka kembali ke masjid untuk melaporkan hal ini
kepada Sunan Giri dan para wali lainnya.Sunan Giri kemudian
menyuruh mereka kembali ke gua dan menyuruh ALLAH untuk
segera menghadap para wali. Kedua santri itu kemudian diberitahu,
ALLAH tidak ada dalam gua, yang ada hanya Syeh Siti Jenar.
Mereka kembali kepada Sunan Giri untuk kedua kalinya. Sunan
Giri menyuruh mereka untuk meminta datang baik ALLAH
maupun Syeh Siti Jenar.

Kali ini Syeh Siti Jenar keluar dari gua dan dibawa ke masjid
menghadap para wali. Ketika tiba Syeh Siti Jenar memberi hormat
kepada para wali yang tua dan menjabat tangan wali yang muda. Ia
diberitahu bahwa dirinya diundang kesini untuk menghadiri

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 26/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

musyawarah para wali tentang wacana kesufian. Didalam


musyawarah ini Syeh Siti Jenar menjelaskan wacana kesatuan
makhluk yaitu dalam pengertian akhir hanya ALLAH yang ada dan
tidak ada perbedaan ontologis yang nyata yang bisa dibedakan
antara ALLAH, manusia dan segala ciptaan lainnya.

Sunan Giri menyatakan bahwa wacana itu benar, tetapi meminta


jangan diajarkan karena bisa membuat masjid kosong dan
mengabaikan syariah. Siti Jenar menjawab bahwa ketundukan buta
dan ibadah ritual tanpa isi hanyalah perilaku keagamaan orang
bodoh dan kafir. Dari percakapan Siti Jenar dan Sunan Giri itu
kelihatannya bahwa yang menjadi masalah bukanlah substansi
ajaran Syeh Siti Jenar, tetapi cara penyampaian kepada masyarakat
luas. Menurut Sunan Giri, paham/pandangan Syeh Siti Jenar belum
boleh disampaikan kepada masyarakat luas sebab mereka bisa
bingung, apalagi saat itu masih banyak orang yang baru masuk
islam, karena seperti disampaikan di muka bahwa Syeh Siti Jenar
hidup dalam masa peralihan dari kerajaan Hindu kepada kerajaan
Islam di Jawa pada akhir abad ke 15 M.

Percakapan Syeh Siti Jenar dan Sunan Giri juga diceritakan dalam
buku Siti Jenar terbitan Tan Koen Swie.

Pedah punapa mbibingung, (Untuk apa membuat bingung)


Ngangelaken ulah ngelmi, (Mempersulit ilmu)
Njeng Sunan Giri ngandika, (Kanjeng Sunan Giri berkata)
Bener kang kaya sireki, (Benar apa yang Syekh Siti Jenar Katakan)
Nanging luwih kaluputan, (Tetapi lebih keliru -kurang tepat-)
Wong wadheh ambuka wadi. (Orang berani membuka rahasia)
Telenge bae pinulung, (Kelihatannya saja menolong)
Pulunge tanpa ling aling, (Pertolongannya tanpa penghalang -
tahapan-)
Kurang waskitha ing cipta, (Kurang waspada dalam cipta)
Lunturing ngelmu sajati, (-akan berakibat- Lunturnya ilmu sejati)
Sayekti kanthi nugraha, (Yang seharusnya diberikan sebagai
anugerah -kepada yang mereka yang benar-benar telah matang-)
Tan saben wong anampani. (Yang diberikan kepada siapa saja)

Artinya :

Syeh Siti Jenar berkata,

Untuk apa kita membuat bingung, untuk apa pula mempersulit


ilmu?, Sunan Giri berkata, benar apa yang anda ucapkan, tetapi
anda bersalah besar, karena berani membuka ilmu rahasia secara
tidak semestinya.

Hakikat Tuhan langsung diajarkan tanpa ditutup tutupi. Itu tidaklah


bijaksana. Semestinya ilmu itu hanya dianugerahkan kepada mereka
yang benar-benar telah matang. Tak boleh diberikan begitu saja
kepada setiap orang.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 27/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Ngrame tapa ing panggawe


Iguh dhaya pratikele
Nukulaken nanem bibit
Ono saben galengane

Mili banyu sumili


Arerewang dewi sri
Sumilir wangining pari
Sêrat Niti Mani

. . . Wontên malih kacarios lalampahanipun Seh Siti Jênar, inggih


Seh Lêmah Abang. Pepuntoning tekadipun murtad ing agami,
ambucal dhatêng sarengat. Saking karsanipun nêgari patrap ing
makatên wau kagalih ambêbaluhi adamêl risaking pangadilan,
ingriku Seh Siti Jênar anampeni hukum kisas, têgêsipun hukuman
pêjah.

Sarêng jaja sampun tinuwêg ing lêlungiding warastra, naratas


anandhang brana, mucar wiyosing ludira, nalutuh awarni seta.
Amêsat kuwanda muksa datan ana kawistara. Anulya ana swara,
lamat-lamat kapiyarsa, surasa paring wasita.

Kinanti

Wau kang murweng don luhung, atilar wasita jati, e manungsa sesa-
sesa, mungguh ing jamaning pati, ing reh pêpuntoning tekad, santa-
santosaning kapti.
Nora saking anon ngrungu, riringa rêngêt siningit, labêt sasalin
salaga, salugune den-ugêmi, yeka pangagême raga, suminggah ing
sangga runggi.

Marmane sarak siningkur, kêrana angrubêdi, manggung karya was


sumêlang, êmbuh-êmbuh den-andhêmi, iku panganggone donya,
têkeng pati nguciwani.
Sajati-jatining ngelmu, lungguhe cipta pribadi, pusthinên
pangesthinira, ginêlêng dadi sawiji,wijanging ngelmu jatmika,neng
kaanan ênêng êning.

(7). ANANE SWARGA LAN NERAKA:

PURWAKA:

BAB I

ANANE SWARGA LAN NARAKA

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 28/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Ngrasakake utawa eling, marang kabecikaning Pangeran, iku arane :


weruh ing kasukuran.

Ngrasakake utawa ngelingi marang kabecikaning sapadha-padhane


tumitah, iku aran : weruh ing panarima.

Weruh ing kasukuran, tegese : sembah nuwun marang Pangeran.

Weruh marang panarima, tegese : ngrumangsani tampa


kabecikaning liyan.

Weruh ing kasukuran iku kosok baline : manglah, ngeluh, ngesah,


ngresula sapanunggalane.

Weruh ing panarima lan weruh ing kasukuran iku kerep bae lira-
liru, sebab karo pisan ateges NGRUMANGSANI TAMPA
KABECIKAN.

Manglah, ngeluh utawa ngresula iku ngemu rasa ORA ADIL


marang pepesthening Pangeran kang tumiba ing awake.

Munek-munek, pegel utawa muring iku ateges ora NGANGGEP


ADIL marang panggawening liyan kang tumiba ing awake.

Titikane wong kang wis dewasa MANUSANE SAJATI, iku SIJI : yen
kerep ngrasakake kasukuran, aran ngresulane. LORO : yen kerep
ngrasakake kabecikaning liyan, arang murang-muring.

Titikane wong kang durung dewasa MANUSANE SAJATI, iku : SIJI


: yen kerep manglah (ngresula), arang ngrasa marang kasukuran.
LORO : yen kerep ngeling-eling alaning liyan, arang ngelingi
kabecikaning liyan.

Dhemen ngetungi lan ngeling-eling kabecikaning Pangeran iku


dayane marakake akeh kasukurane, arang ngresulane.

Dhemen ngetungi lan ngeling-eling kabecikaning liyan iku dayane


marakake akeh panarimane marang sapadha-padha, arang
pengunek-uneke.

Wong kulina ngrasakake kasukuran lan panarima iku ngenggalake


dewasaning kamanungsane kang sejati.

Wong kulina manglah lan muring iku ngrendhetake dewasaning


kamanungsane sejati.

Wong kang ngrasakake kasukuran lan panarima iku kasinungan ing


ati adhem, ayem, tentrem lan engetane padhang.

Wong kang ngrasakake kasukuran lan panarima iku ing batin


kadunungan ing bebakalan kang dayane marakake adhem lan
padhang. Bebakalan mau kang narik marang nananing swarga.

Wong kulina ngrasakake pangresula lan pamuring iku ing batine


kadunungan ing bebakalan kang dayane marakake panas lan peteng.
Bebakalan mau kang narik marang ananing naraka.

Swarga naraka iku sejatine : RASA PANGRASA dudu


PANGGONAN.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 29/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Swarga iku asal saka RASA kang adhem lan padhang. Naraka iku
asal saka RASA kang panas lan peteng.

Wong kang atine adhem lan padhang : tansah dikinthil ing swarga.

Wong kang atine panas lan peteng : tansah dikinthil ing naraka.

Rasa adhem lan padhang apa dene panas lan peteng iku arane : alam
sahir. Dene swarga – naraka iku alam kabir.

Dadi alam kabir : iku terusane alam sahir. Tegese : terusaning rasa
pangrasa.

ANANE alam kabir : saka ANANE alam sahir. Nanging dumadine


bareng.

Sirnane alam kabir, saka sirnane alam sahir. Nanging enggone sirna :
b a r e n g.

Sadhengah wong, bisa gawe swarga lan bisa gawe naraka.

Swarga gaweyane mau, sing ngrasakake ya mung sing gawe dhewe.


Sing ora melu gawe : ora melu ngrasakake.

Naraka gaweyane mau, sing ngrasakake yang mung sing gawe


dhewe. Sing ora gawe : ora melu ngrasakake.

Wong kang ngalami swarga : ora precaya yen naraka iku ana. Mung
swarga sing dikira ana. Awit rumangsane kang ana ing swarga, ing
ngendi-endiya : kaswargan kabeh. Sajagad rad pramudita, diubresa
: ora tinemu kang aran naraka. Ora ana enggon salengging edom
kang ana narakane. Cekake : Awang-uwung kang tanpa wates
jembare : isine kasenengan kang madhangi ati. Isining jagad ora ana
kang ora nyenengake ati, lan ora ana kang ora madhangake ati.
Kabeh kang kumelip padha nyenengake lan madhangake ati.

Wong kang ngalami naraka, ora percaya yen swarga iku ana. Mung
naraka thok sing dikira ana. Awit rumangsane kang ana ing naraka :
ing ngendi-endiya : kanerakan kabeh. Sajagad rad pramudita,
diubresa : ora tinemu kang aran swarga. Cekake : awang-uwung
kang tanpa wates jembare : isine mung rasa panas bingung rungsang
lan petenging engetan. Isining Jagad ora ana kang ora memanas lan
nusahake ati. Kabeh kang kumelip padha agawe susah lan memanas
sarta metengi engetan.

Wong kang ngalami swarga, enggone ora ngira yen naraka pancen
ana : iku ora beda kaya dene wong ing ngalam donya. Enggone ora
precaya yen swarga lan naraka pancen ana. Disengguh mung alam
donya thok sing ana. Awit awang0uwung kang tanpa wates jembare,
diubresa : ora ana rnggon salenging dom kang ana swargane utawa
narakane. Kang ana mung kadonnyan thok.

Wong kang ngalami naraka, enggone ora precaya yen swarga iku
ana : iya ora beda karo wong kang ana ing alam donya : bab enggone
ora precaya yen alam kaalusan iku ana. Awit Sajagad pramudita,
diubresa : ora tinemu kang aran alam ka-alusan.

Yen ana kang takon mangkene : swarga utawa naraka iku ANA apa
ORA, iku ; prayoga kang takon dipurih mikir dhisik bab tegese ANA
lan ORA ANA. Ana tegese apa, ora ana tegese apa.
https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 30/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Ing kono yen wis ngreti terang tegese ANA karo ORA ANA, lah iku
lagi bisa mangerti, yen swarga iku pancen ana tumrap kang ngalami.
Ora ana : tumrap kang ora ngalami. Naraka iku ana : tumrap kang
ngalami. Ora ana : tumrap kang ora ngalami.

Ing ngisor iki dadiya tuladha :

Swarga, iku ana apa ora. Sing duwe pangrungu ngarani : ana. Sing
ora duwe pangrungu netepake ora ana.

Pepadhang, rerupan utawa werna, iku ana apa ora. Sing duwe
pandulu ngarani ana. Sing ora bisa ndulu, ora ngarani ana.

Swarga iku ana apa ora. Sing duwe rasa padhang lan adhem ngarani
ana. Sing ora duwe rasa padhang lan adhem ngarani ora ana.

Naraka iku ana apa ora. Sing duwe rasa peteng lan lara ngarani ana.
Sing ora duwe : ngarani ora ana.

Jagad iku ana apa ora. Sing duwe engetan lan rasa pangrasa :
ngarani ana. Sing ora duwe engetan lan rasa pangrasa ora ngarani
ana.

Pamngeran iku ana apa ora. Sing duwe budi lan rasa : ngarani ana.
Sing ora duwe budi lan rasa : ora ngarani ana.

Tuladha liyane :

Woh pare iku enak apa ora. Sing doyan ngarani enak, sing ora doyan
ngarani ora enak.

Si Naya becik apa ala. Sing dhemen ngarani becik, sing gething
ngarani ala.

Mangkana sapanunggalane.

****

WIRANGRONG

1. Densamya marsudeng budi, wiweka dipunwaspaos, aja dumeh


bisa muwus, yen tan pantes ugi, sanadyan mung sakecap, yen tan
pantes prenahira.

2. Kudu golek mangsa ugi, panggonan lamun miraos, lawan aja age
sira muwus, dununge denkesthi, aja age kawedal, yen durung pantes
rowanya.

3. Rowang sapocapan ugi, kang pantes ngajak calathon, ajo sok


metua wong calathu, ana pantes ugi, rinungu mring wong kathah,
ana satengah micara.

4. Tan pantes akeh ngawruhi, mulane lamun miraos, dipun ngarah-


arah ywa kabanjur, yen sampun kawijil, tan kena tunututan, mulane
dipunprayitna.

SERAT WULANG REH

(8). NGRATONI ALAM KARAHAYON:

“If you don’t care for the roots of the plant, you cannot expect the
flower to blossom beautifully”. Rerangken sesotya ingkang rineka
dening Thomas Dinan, priyantun Amerika ingkang kasengsem
https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 31/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

dhateng budaya Jawi, punika wau nyandhi wewangening kandha


bilih manawi kita sampun boten kersa ngupakara oyotipun, mokal
kita badhe saged nyawang asrining sekar ingkang anjrah mekar
ngrembaka. Manawi oyot ingkang tinandur punika namung badhe
dipun lebur, dipun rerabuk namung badhe dipun remuk, dipun
rumpaka namung badhe dipun prawasa, punapa budaya Jawi
minangka oyotipun tiyang Jawi punika lajeng kedah siningid ing
weca kalanggengan? Saeba cuwa lan kuciwa manah punika manawi
tiyang Jawi ngantos kicalan kiblating pangluru, tundhonipun
namung nyancang ewoning pangangen-angen ingkang tumlawung
tumangsang ing korining mendhung ngenguwung. Bakal lungkrah
sakabehing rasa sumarah yen jiwa Jawi klakon nganti bubrah.

Ila-ila dina sinabetna ing ila duni tinebihna tulak sarik


dhumawahing tawang-towang. Para priyagung hanung-hanung
lebda ing salwiring reh menggahing kawruh lan kautaman,
kalilanana manawi ing riki kula nekad tumut njegur mak byur ing
tuking kaweruh lumantar andharan ing ngandhap punika, lajeng
ceciblon penak seger munyer-munyer sinambi tetembangan
hambarang jantur tuwin hambalang gondhang tutur, rengeng-
rengeng angegidung pameling dhiri kangge hanggondheli werdi
ingkang kuwawi nedhahaken samukalir kiblating pangluru kanthi
kumawantun anggelar gulung medhar weriting perkawis Jiwa Jawi
punika kacundhukaken kaliyan kabetahan samangke tanpa nilar
piwulang kina ingkang ngemu aji langgeng.

Kumalancang kula adhapur anyerep-nyerepaken linggih salehing


Jiwa Jawi hing ngarsa panjenengan punika sayektosipun namung
saderma hanetepi darmaning ngagesang wonten ing samadyaning
bebrayan. Kula rumaos kajibah tumut hambundheli sarta mulat edi
endahing budaya lan sastra Jawi supados boten mingsad-mingsed,
mulur mungkret, ewah gingsir anggen kula angegungngluhuraken
kabudayan piyambak amrih lestari widada salaras kaliyan
kayektosan mekar mungkaring jaman. Ing pangajab, mugi
andharan kula punika sageda mujudaken satunggaling bab ingkang
kenging kangge ubarampening imbal wacana supados wawan
rembag punika langkung menthes lan mikantuki. Jer wajibing
tiyang gesang punika rak namung kalih, inggih punika sinau lan
mulang, tamtunipun kanthi wicaksana inggih punika sageda
ngrumaosi lan mangertosi dhateng cacading dhiri sarta mbudidaya
kepripun amrih karaos manis, matis, pantes lan sakeca tanpa
nyampyok pangreksaning darbeking liyan.

Dikotomi lawas anyar, kuna modheren, sing modheren kudu


digondheli rapet sing tradhisional kudu ditinggal glanggang utawi
kosokwangsulipun, punapa dene “romantisasi masa lalu” vs “nguri-
uri budaya”, udreg-udregan perkawis punika badhe tansah wonten
lan sah-sah kemawon, kapara malah sae amargi saged sangsaya
njembaraken wawasan kita, saengga kita saged mahyakaken
pamikiran-pamikiran kita kanthi langkung patitis lan menthes saha
saged katampi dening nalar. Tuwuhipun mawarni-warni pamanggih,
kalebet sadaya panyaruwe ingkang kawedal saking lathi, punika rak
sampun nama limrah. Pramila kita sampun was sumelang malih,
ingkang baken kita kedah jejeg, jajag, jumujug anggen kita sami
lelumban tumut andhudhuk, andhudhah, adamel mekar ngrembaka
budaya Jawi. Sikep toleran dhateng dikotomi punika ugi perlu

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 32/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

kangge gladhen olah rasa supados kita tansah waspada, tansah


ngangge petungan ing sabarang tumindak, nora kena den awur ing
satemah sasar susur.

Tembung waspada piyambak mengku teges “tansah awas ing pada”.


Manawi padane punika “pada lingsa” (tandha koma ing aksara
Jawi), inggih kedah wonten let-letane, ambegan rumiyin sawetawis
lajeng lumampah malih. Semanten ugi manawi padane punika “pada
lungsi” (tandha titik), inggih kedah purun mandheg mak sssst, direm
sampun ngantos bablas mindhak kadrawasan mangke. Wonten ing
jagad pakeliran, sinambi ndhodhog kothak ki dhalang asring paring
sasmita “kadya kukila mung weng gantangan”. Para niyaga,
wiraswara, lan waranggana sadaya sampun sami nyumerabi sasmita
wau, inggih punika boten kepareng ngglajus nggelar sampak
sakarepe udele dhewe (sing arepe mangan udele dhewe kaya cak
sapta ya sapa cak), amargi sasmita wau minangka tandha manawi
sampun wancinipun nabuh gendhing Perkutut Manggung.

Sapunika sumangga kita gagas-gagas, kita sadaya punika rak


‘korban’ saking prastawa sejarah ta? Pramila kangge ngadhepi
mangsa samangke lan ingkang badhe kalampahaken, prayoginipun
kita kedah purun noleh mawingking supados boten kesampar
kesandhung anggen kita badhe tumapak lumampah mangajeng
manggihi karahayoning bebrayan ing alam sawegung. Ning
kosokwangsulipun, kula ugi boten kuwawi angluputaken
satunggaling pamanggih ingkang mratelakaken bilih punjering
kawigatosan ing salabetipun kita tumandang damel, punika kedah
mligi tumuju ing riki lan ing wekdal samangke. Pamanggih punika
manawi kamamah lembut inggih pancen wonten leresipun, sauger
pamanggih makaten wau boten pisan-pisan anglirwakaken dhateng
sadaya kedadosan ingkang sampun nate gumelar, nanging tetep
dipun kantheni kaweruh saking pundi sangkan kita punika lan daya
pangaribawa saking prastawa sejarah ingkang pundi ingkang
handadosaken kita kados sapunika. Rumangsa melu handarbeni,
wajib melu hanggondheli, mulat sarira hangrasa wani.

Santayana, salah satunggaling filosof saking sabrang Kilenan ugi


nate asung wewarah, kinten-kinten makaten ungelipun “Those who
don’t know their own history are condemned to repeat it.” [Sok
sintena ingkang boten ngawuningani sejarahipun, padatanipun
lajeng angambali prastawanipun.] Ancasipun angrikataken
anggenipun badhe anggayuh kamajengan, gumregah enggal tata-tata
murugi ingkang saweg dados sawangan, bebasan nginanga durung
abang ngidua durung asad, mak jleg sampun dumugi ing pucuk.
Nanging sarehning sampun kicalan ingkang saged dados pancadan,
boten sanes inggih punika budaya Jawi minangka perangan jati
dhirinipun piyambak–ingkang sami dipun singkiri kapara malah
kaasoraken drajatipun–temahan ing satengahing margi ingkang
pinanggih namung reribed, jebul malah dharedhah tansah panca
bakah kaliyan bangsanipun piyambak. “Kasmaran angimpun
kawrin, ngaran Suluk Sangkan Paran, amrih wruh bener lupute,
wong tumitah aneng ndonya, purwane saking apa, angandika
Kanjeng Rasul, sapa kang wruh ing sarira, sayekti wruh Hyang
Widdhi, pesthi ananing manungsa, kadis punika pakone pan nora
kuwasa nora, manungsa ngawruhana, inya ingkang nedya weruh,
wruh babarira kamulyan….”

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 33/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Ingkang dados sedyaning manah kula, inggih punika namung badhe


mawas salah satunggaling wataking manungsa ingkang ing wekdal
samangke perlu sanget kagesangaken. Manungsa punika kasinungan
watak saged nata. Sinten ingkang nglirwakaken tamtu badhe
manggihi kapitunan ageng boten saged angratoni alam
karahayonipun. Gesangipun manungsa punika saged katitik saking
cipta, rasa, lan karsanipun. Sipating gesangipun manungsa warni
tiga wau kenging kula tembungaken daya-dayaning Gusti ingkang
wonten ing manungsa.

[1] Cipta punika keplasipun dhateng kaweruh. Ananging manungsa


kedah enget dhateng weting kodrat, bilih kaweruh wau kedah
tumuju dhateng pangurbanan, inggih punika sepi ing pamrih
karenan lereming reh rahayu, dados tumuju dhateng karahayon. 

[2] Karsa punika pentokipun dhateng panguwasa, amargi manungsa


punika manawi sampun saged mranata badhanipun piyambak,
inggih saged mranata dhateng kiwa tengenipun. Namung kemawon,
kawasa ingkang sampun kasarira dening manungsa punika wau
kedah kangge angayomi.

[3] Rasa punika keplasipun dhateng katresnan, dados kedah mawi


kekiyataning raos.

Watak punika dumunung wonten ing utek, naminipun pamikir.


Sadaya ingkang medal saking wewengkon punika nami pikiran.
Samangsa manungsa gadhah pikajeng, pamikir lajeng kataman
dhateng dayaning pikajeng wau, lajeng ebah. Lha ebahing pamikir
punika ingkang dipun wastani mikir, sanes mikir-mikir. Dene
bentenipun, tiyang mikir punika mesti wonten ancas tujuwanipun.
Pikiran satunggal lan satunggalipun ingkang jumedhul saking
pamikir punika lajeng kagathuk-gathukaken, kasaring-saring,
perlunipun ngupadi pamanggih ingkang mikantuki dhumateng
ingkang ngebahaken pikiran wau.

Tiyang mikir punika kados dene tiyang mlampah: dumugi ing


prasekawanan boten sumerab lajenging lampahipun, punapa
mangiwa punapa manengen. Samangsa tiyang punika namung
linggih kemawon, tamtunipun boten badhe sumerab margi pundi
ingkang kinten-kinten leres. Benten sanget samangsa tiyang wau
lajeng purun menek uwit inggil upaminipun, saged sumerab tlatah
sakiwa tengenipun. Ing inggil uwit saged angsal pamanggih, margi
pundi ingkang sakinten saged dumugi ing papan ingkang katuju.
Lepat lan leresipun pamanggih wau badhe kayektosan manawi
sampun dipun lampahi. Kosokwangsulipun, tiyang mikir-mikir
punika namung anampeni saben pikiran ingkang medal saking
kajengipun piyambak, boten wonten punthonipun, tanpa pamanggih
punapa-punapa.

Dados punthoning tiyang mikir punika angsal pamanggih.


Pamanggih wau yen kacobi nembe kasumeraban leres lan lepatipun.
Cekakipun: tiyang purun mikir punika manawi angsal reribed,
wujuding karibedan warni-warni, kajengipun namung badhe ngicali
karibedan wau. Punika ingkang dados pamrihipun tiyang mikir,

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 34/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

mila wonten tetembungan yen boten wonten lampah tanpa pamrih


tegesipun tanpa tuju. Dene lampahipun kados makaten, samangsa
tiyang punika manggih karibedan, lajeng pamikiripun kendel jegreg
kados tiyang lumampah ingkang kaalang-alangan. Ing batos wonten
pikajeng badhe ngicali pepalang wau.

Pamikir, kadayan saking dayaning pikajeng, lajeng samekta badhe


nyambut damel. Karibedan wau kapilah-pilah, perlunipun badhe
nyumerabi sapinten agenging karibedan sarta badhe kabucal mbaka
sakedhik. Pilah-pilahan lajeng kawawas mbaka satunggal, urut,
boten sapurun-purun kemawon pamendhetipun. Sadaya
pangalamaning pamikir lajeng kawedalaken. Pangalaman wau
dipun gothak-gathukaken, wiwit nyobi-nyobi pangalaman pribadi
pundi ingkang sakinten saged ngicali karibedan punika. Wekasaning
panyobi wau angsal pamanggih satunggal kalih ingkang sajak saged
katindakaken, salah satunggal kedah kapendhet. Manawi kacobi,
badhe nyumerabi leres lan botenipun. Manawi panci leres, nama yen
pamikiran leres. Manawi pamanggih wau boten mikantuki, nama
yen pamikiranipun lepat utawi klentu.

Saged ngrumaosi lan mangertosi, punika perkawis ingkang raket


keket supeket cathok gawelipun kaliyan muluring pamikir, ingkang
sakawit saged mangertos sebab saking mikir utawi mangertos sebab
saking pangraos. Sadaya kempaling pangertosan ingkang mijil
saking pamikir utawi pangraos mujudaken undhuh-undhuhan
saking weruh, amila lajeng kasebat kaweruh, amargi ingkang dados
empan paraning gilig punika inggih saking tumanduk ing weruh.
Inggih pikajenganing manungsa ingkang kasurung dening rumaos
hambetahaken saha niyatipun kepingin mangertosi dhateng
samukawis punika ingkang dados dhasaring kaweruh.

Saking daya pakartining pikir, kaweruh punika lajeng nuwuhaken


pangertosan. Hewadene pangertosan ingkang tuwuh saking
muluring pamikir ingkang dipun kantheni kekiyataning pangraos,
keplasipun mangke lajeng tumuju dhateng katresnan, tresna
dhateng sasamining ngagesang. Tuwuhing pangertosan punika boten
cekap namung kandel-kumandel saking moncering pepaking
kaweruh ilmu-ilmu pangawikan kemawon, utawi saking ngapalaken
punapa dene nirokaken isining buku lan reriptan sanesipun, lajeng
njajal-njajal piyambak ngiras pantes nyinau neniteni lan nggagas-
nggagas utawi nglimbang-nglimbang., nanging ugi kedah saged
nyumerabi kawontenan sarana kersa migatosaken dhateng
kawontenan wau, punika ingkang nama maca kahanan.

Migatosaken dhateng kawontenan punika tegesipun nanggapi


dhateng ebahing indriya, nabet saha mangertos dhateng tabet
punika saperlu kangge nggugah raos. “Sing sepi resepana, sanadyan
sing sepa ora muspra.” Moncering wejangan punika saged kangge
cakotan manawi badhe mirantosaken margi ingkang kedah dipun
ambah dening para lelampah, murih boten angececer wanci sarta
saged rancag dumugining gegayuhanipun. Wohipun tiyang
migatosaken kawontenan punika tamtu gesang raosipun, kagigah
raosipun, lajeng purun ngraosaken dhateng kawontenan. Manawi
tiyang punika sampun gesang raosipun, padatanipun lajeng tuwuh
niyatipun tumut hangrerencangi kadumugening sedya angratoni
alaming karahayon ing salebeting gesangipun.

 
https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 35/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

“Pepindhanipun gupala kawarsan [reca lumuten saking lawasipun],


punika kangge nggambaraken manungsa ingkang gesangipun tanpa
linambaran raos,” makaten Rama Topo ing Pakuncen paring damar
seserepan ngengingi perkawis raos punika. “Kudu nginang suruh,
sumuruba nganti weruh, bisoa nganti tekan rosing rasa, gaduk ing
rasa, candhak ing tata.” Ngerti punika pancen jembar tegesipun,
amila ing blabaraning piwulang, panglantih sagedipun olah nalar lan
gineman kanthi patitis–tegesipun saged njlentrehaken punapa
ingkang sampun dipun sumerabi–punika gandheng renteng kaliyan
piwulang ngrembag samubarang kanthi olah nalar lan panglantih
olah cecaturan ngangge basa lan lagu ingkang becik, ngampil
basanipun ndara tuwan kolonial mungel Zaakonderwijs verbonden
met spreeken verstandsoefeningen.

Perkawis olah nalar lan mahyakaken pamikiran arupi seratan utawi


gineman kanthi patitis punika lajeng ngemutaken kula ngengingi
tata cara ing pawiyatan nalika jaman kolonial Walandi, inggih
punika opstelletje makenkados ingkang sampun nate kapratelakaken
ing buku anggitanipun Rama J.B. Mangunwijaya asesirah Impian
dari Yogyakarta. Ing tata cara opstelletje maken punika, para siswa
kadhawuhan kapurih adamel reriptan, lajeng seratanipun punika
kawaos ing sangajengipun kelas. Ingkang kajibah mbiji (saged ugi
arupi pitakenan langsung) punika boten namung guru, nanging ugi
kalebet kanca-kancanipun sesami siswa.

Kanthi panglantih nyerat lan mbabar isining seratan ing


sangajengipun akathah punika, punapa malih manawi katindakaken
saben dinten, para siswa wiwit taksih mambu kencur sampun dipun
kulinakaken mahyakaken pamikiran-pamikiranipun kanthi patitis
lan boten dados gampang nesu lajeng ngrancang reridhu anjlumati
laku manawi pinuju pikantuk panacad utawi panyaruwe.

Kawuningana, ngelmu punika sagedipun dados kaweruh kasunyatan


kedah kanthi laku. Ngelmu ingkang tanpa laku, boten badhe saged
nekseni kasunyatanipun namung kandheg wonten ing gagasan
kemawon, rumaosipun sampun bontos kaweruhipun, garanipun
sampun apil dhateng apalaning piwulang, nanging sayektosipun
dereng paja-paja. Yen panjenengan kagungan Serat Wulang Reh,
yasan dalem PB IV, ing kono kapacak tembang kawitan Sekar
Dhadhanggula, lha mangga diwaos sinambi rengeng-rengeng:
“Sasmitane ngaurip punika, mapan ewuh yen nora weruha, tan
jumeneng ing uripe, akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun
udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa
punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira.”

Kaweruh bab ngelmu punika manawi taksih saking piwulangipun


asanes, utawi piwulangipun buku-buku, punika taksih dereng
kenging dipun percados wetah, jalaran piwulang wau sayektosipun
namung ancer-ancer minangka kangge cocogan ing tembe. Dados
sadaya piwulang punika sagedipun tumanja boten cekap namung
taberi ngemba-ngemba damel warna-warni pitakenan, nanging
kedah dipun pirsani kepriye tandang grayange, gada gitike, labuh
labete marang tugase, carane pasrawungan bisa samat-sinamatan
apa ora, bisa tanggap marang kaperluwan apa ora. Ing Serat
Wedhatama yasan dalem Kanjeng Gusti Mangkunegara IV wonten
tetembungan minangka gagaran tumrap para ingkang sami ngudi

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 36/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

kaweruh, ungelipun makaten: “Ngelmu iku kalakone kanthi laku,


lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya buda pangekese dur
angkara”.

Sekar Pucung punika wosipun nyethakaken menggah ngelmi punika


sagedipun tumama kedah mawi lampah lan kawiwitan saking
santosaning lahir lan batos. Manawi sampun tuhu bebudenipun
tamtu badhe saged hambengkas tumindak awon sarta angkaranipun.
Sanadyan kagungan ngelmu, nanging manawi boten kersa
hanglampahi, punika pepindhanipun kados dene wastra lungset ing
sampiran. Dados para ingkang ngupadi dhateng kaweruh lan
kautaman samya ngrumaosi kajibah nyepeng tanggel jawab tumut
lelumban aneng samodraning pakaryan njejegaken kawontenan lan
sadaya tumindak ingkang karaosaken singlar, nalisir, geseh,
mencong, menceng, serong, cengkah, punapa dene ingkang mbadal
saking pepoyaning kautaman, supados ingkang kaesthi, ingkang
kawijil ing lathi saha ingkang binabar ing tindak-tanduk lan solah-
bawaning pakarti sageda murakabi ing kardi.

Tiyang ingkang saya berag anggenipun ngudi ngelmi


kasampurnaning agesang, satemah cahyaning wadananipun katingal
sumunar kaprabadan resik weninging budinipun. Manawi tiyang
punika tansah taberi ngudi kasembadaning gegayuhanipun, tansah
incang-inceng luru ngelmu, thruthusan sinau linambaran ing lampah
sesirik sarwa gengsi, satemah badhe saged sumerab lan mangertos
sayektos kasunyatan kawontenaning jagad nginggil lan jagad
ngandhap.

Jagad nginggil ingkang padhang narawang anjog dhateng


kasuwargan. Jagad ngandhap ingkang kebak pepeteng, rereged lan
sarwa dosa. Awit saking sanget ing pangudi, satemah saged
kadumugen gegayuhanipun saged nutul kembang sadhompol, inggih
punika sekaring kasampurnan marganing asuwargan ingkang
satuhu, ingkang rupinipun mancawarna, abramarkata kados
manekawarninipun drijining asta, panjang celak, ageng alit, lan
maneka warni tujuwan sarta pigunanipun.

Minangka jangkeping wawasan, kula badhe mratelakaken


lampahing panggulawentah gandheng kaliyan wataking manungsa.
Ing saderengipun jabang bayi lair, punika sampun anggadhahi
wewatakan ingkang dipun wastani dhasaring watak. Anggegesang
wewatakan ingkang sae saha amejahi watak ingkang kirang prayogi
punika ingkang dipun wastani panggulawentah. Manawi para juru
panggulawentahipun boten saged dados patuladhan, lajeng kados
pundi wewatakanipun lare ing tembe wingking? Kacang ora ninggal
lanjaran. Anak molah bapa kepradhah. Manawi
panggulawentahipun klentu, satemah watak ingkang sae wau lajeng
saged kasilep, katutupan dening ngrembakaning watak ingkang
kirang prayogi. Amila, patrapipun para juru panggulawentah
anggenipun nuntun dhateng lare kedah sarana ngulataken dhateng
dhasaring wewatakanipun lare, supados tuntunanipun sageda laras
kaliyan ancasing lare.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 37/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Sanadyan katuntun kados punapa kemawon, rancaging lampah


anggayuh karaharjaning putra ngantos dados tiyang pinter, nanging
manawi kasagedan wau boten laras kaliyan dhedhasaring
wewatakan ingkang sumimpen ing dalem putra wau, ing tembe
tamtu badhe wonten benceng cewengipun tumrap wewatakanipun,
bebasan pintere mung pinter keblinger boten uninga punapa
ingkang perlu katindakaken utawi pundi margi ingkang kedah
kaambah amrih saged kadumugen gesangipun. Lare punika jiwa
ingkang gadhah lelampahan piyambak, ingkang perlu anggayuh
satunggaling pakaryan ingkang sampun dados tetanggelanipun,
gadhah kewajiban ingkang kedah karampungaken ing salabeting
gesangipun.

Sadaya kadadosan punika rak mesthi wonten sebab-musababipun,


pramila punika manawi kita badhe ngundhuh woh ingkang miraos,
inggih lajeng perlu ngengeti damel wiji utawi sebab ingkang saged
nguwoh miraos. Mbokmanawi sampun dados wewataking
manungsa, manawi dereng wonten lelampahan ingkang sangsara,
limrahipun dereng kraos klentu lan sok ugi dereng wonten niyat
badhe andadosi sebabipun nandhang papa cintraka wau. Dados
nedhah-nedhahaken kasangsaran, ngertos-ngertosaken dhateng
risaking kawontenan, bibrahing tatanan ingkang tundhonipun damel
kapitunanan dhateng asanes, punika perlu supados bebrayan umum
saged tumut ngraosaken lelampahan ingkang sinandhang. Manawi
sampun saged kraos, yakin yen sangsara, limrahipun lajeng gampil
dipun ajak mikir punapa ta sebabipun lan kados pundi anggen kita
saged ngrungkeb ingkang dados gedibaling ontran-ontran, rengka-
rekasaning laku, rungsit-gawating gesang ing ngalam bebrayan
Nuswantara punika.

Anggenipun bangsa kita ebah ngupados kamulyan tuwin kaluhuran


sampun 58 warsa, ananging kedah sami dipun akeni manawi dumugi
samangke ebah-ebahan wau dereng saged mujudaken woh kados
ingkang dipun ajeng-ajeng. Pramila ebah-ebahan wau kedah dipun
santosakaken, supados kekiyatanipun langkung ageng katimbang
samangke. Sadaya panjangka ingkang dipun lambari kekiyatan
ingkang rosa punika mesti enggal kadumugenipun. Awit saking
punika, sumangga kita para mudha ingkang sami jumagar-jumagar
tuwin ingkang wekdal samangke sami ngudi kaweruh mawarni-
warni sampun ngantos kesupen bilih pangudi kaweruh punika
namung satunggaling sarana kangge nyamektekaken anggenipun
badhe dados bebrayan.

Para sepuh ingkang ing wekdal samangke lelumban wonten ing


ebah-ebahaning bangsa boten dangu malih badhe lengser saking
palenggahanipun kabekta saking sampun yuswa utawi
kekiyatanipun sampun suda kangge nyambut damel migatosaken
kabetahanipun bebrayan. Para taruna ingkang samangke nedheng
ing pawiyatan kedah sami ngrumaosi gadhah wajib anggentosi
palenggahanipun para sepuh. Para nem-neman punika
wewatakanipun banter sakliring tindak, mila dhatengipun para nem-
neman ing jagading ebah-ebahan badhe njurung lampahipun ebah-
ebahan wau, tegesipun angrikataken badhe kadumugening sedya.
Ananging, Kanjeng Gusti Mangkunegara IV sampun paring suka
pepadhang tuwin suka pepenget, ungelipun “mung bae wekasing
wang, ywa pegat teteki”.

 
https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 38/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Sadaya tumindak punika kedah linambaran teteki. Teteki ing riki


tegesipun mulat dhateng punapa ingkang dipun tindakaken. Dados
teteki ing riki boten ateges cegah dhahar lawan guling, nanging
tansah mulata dhateng sakathahing tumindak, amargi tindak
makaten manawi anggenipun nglampahaken boten mawi
kawicaksanan, tuna dungkapipun sok inggih andrawasi.

Tiyang gesang punika kedah nelangsa, tegesipun nalangsa dede


bingah dede sisah, nanging prihatin. Prihatin ing riki tegesipun
tansah nglanggengaken raos eling, mangesti marang kang mesti.
Wewarah ing inggil wau ugi cundhuk kaliyan piwulang dalem eyang
Breges Sotya Tunggul Negara, inggih Sinuwun P.B. V, sinawung
Sekar Dhandhanggula mungel makaten: “Yen tegese wong prihatin
iki, ora nyirik dhahar lawan nendra, ngemana ragamu angger, awit
prihatin iku, dadi wajib lakuning urip, amrih temtreming manah,
dimen ora numbuk, ya iku wong olah padhang, ngrasakake bener
luput ala becik, dununge kang sanyata.

Satunggaling bangsa ingkang badhe anggarap satunggaling


pakaryan agung, ingkang ngangkah murih rahayuning
bebrayanipun, punika boten perlu kesesa supados enggal saged
ngundhuh wohipun, nanging langkung perlu utawi langkung utami
manawi ing salebetipun angudi kacepenging gegayuhanipun wau
dipun kanteni ngudi murih kawontenaning bebrayanipun samangke
punika ing tembe sageda sami nurunaken bebrayan enggal ingkang
ambegipun laras kaliyan kekudanganipun murih sageda widada
kawontenanipun, samangsa pancering gegayuhan wau saged
kadarbe. Punika amargi sanadyan tiyang saged kadumugen
sedyanipun andarbe kawontenan ingkang endah, edi tuwin peni,
nanging manawi ambeging bebrayan wau dereng sami rahayu,
saestu boten saged widada, telenging gegayuhan badhe muspra
sabab badhe gampil risakipun, manawi tewah cocongkrahan rebut
unggul ing dalem kalanganipun piyambak.

Lir pindhane geni murub siniram lenga patra, boten saged enggal
hambirat ingkang ngenggreg-enggregi, lha kok malah sangsaya
ndadra, sangsaya angel panyirebe anggenipun sami remen nuruti
hardha puwa-puwaning ati. Kamanungsan lebur tanpa aran ing
satengahing palagan antarane urip lan kanisthan.Watuk ingkang
taksih cumondhok ing wataking bangsa punika badhe sangsaya
awrat anggenipun ngusadani. Nuwun

BEBUKANING WIRID:

Bebukaning Wirid kang amratelakake ganepe patraping amejang


ngelmu makrifat kasampurnaning ngaurip, ing jaman semana wis
katindakake dening para Wali kabeh, urute sawiji-wiji ing ngisor iki.

Ingkang dingin, wiwitan patrap kang dadi kawajiban, iku guru karo
bakal murid pada amet banyu wudu, sarta niayat kang karepe
mengkene : “Nawaitu raf’al hadasi suharata walakabirata
fardlanlillahi ta ala Allahu akbar” (Niyatingsun amet banyu kadas,
angilangake kadas cilik lan gede perlu karana Allah).

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 39/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Nuli pada dandan anganggo sandangan sarwa suci, ora kena


anganggo kang mawa emas, utamane manawa karsa anganggo
kuluk, banjur ngliga sarira kekonyo gando wida, sarta nganggo
sumping kembang oncen-oncen Surengpati ana ing kuping kiwa,
karo nganggo kalung kembang oncen-oncen Margasupana, wangun
kaya oncen-oncen usus pitik karangkep telu, utawa nganggo
gombyok keris kaya pangaten anyar.

Nuli ing pamejangan katata dipasangi tetuwuhan maju papat,sarta


kadodokan lampit kang resik, banjur katumpangan klasa pasair
kang tigas, ing duwur pisan katumpangan mori putih saules lapis
pitu, apese lapis telu, mawa kasebaran kembang campur bawur.

Nuli sesaosan srikawin salaka putih bobot satail, kadokok ing


wewadah tunggal karo lengz sundul-langit, sarta menyan bobot
saringgit, kasasaban mori putih mawa pangiring sesanggan gedang
agung suruh ayu, jambene tanganan, kasasaban mori putih dadi
rong wadah sarta kembar mayang sajodo pada sumaji ana ing
pamejangan.

Nuli ing antara manawa wis sirep wong utawa wayah tengah wengi,
pada tindak menyang enggon pamejangan, kang bakal kawejang
linggih madep mangulon , sarta dedupa ratus kaasepake ing kuping
kiwa, banjur ing irung, wekasan ing dada, iku wiwit kawejang teka
gurune. Dene kang kawejangake, anurut pamejange para Wali wolu
ing Tanah Jawa, kakumpulake dadi sawiji. Wijose pada amet
wijining ngelmu kekiyasan saka Dalil pangandikaning Allah, kang
kasebut ing dalem Hadis pangandikane Kanjeng Nabi Muhammad
Rasulullah marang Sayidina Ali kawisikake ing kuping kiwa,
pepangkatane dadi wolung wejangan, kapratelakake ing ngisor iki
jarwane kabeh :

1. Wisikan Ananing Dzat

Wejangan punika dipun-wastani wisikan ananing Dzat, awit dening


pamejangipun kawisikaken ing talinga kiwa, wiyosipun kasebut ing
dalem daliling ngelmi ingkang wiwitan, nukilan saking warahing
kitab Hidayat khakaik, amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang
Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah, makaten
jarwanipun :
“Sejatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-uwung durung
ana sawiji-wiji, kang ana dhingin iku ingsun, ora ana Pangeran
Nanging Ingsun, sajatining Dzat Kang Maha Suci anglimput ing
Sipatingsun, anartani ing asmaningsun amratandhani ing
afngalingsun”.

2. Wedharan Wahananing Dzat

Wejangan punika dipun wastani Wedharan Wahananing Dzat, awit


dene pamejanganipun amarah urut-urutan dumadining Dzat, sipat,
wahanipun kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping kalih,
nukilan saking sarahing kitab Dakaikalkaik.

Amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng


Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah, karaos ing dalem rahsa
makaten jarwanipun :
”Sajatine ingsung Dzat Kang Amurba Amisesa Kang Kawasa
https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 40/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

anitahaken sawiji-wiji, dadi padha sanalika, sampurna saka ing


kodratingsun, ing kono wus kanyatan pratandhaning afngalingsun
kang minangka bebukaning IraDzatingsun, kang dhingin Ingsun
anitahaken kayu aran Sajaratulyakin tumuwuh ing sajroning alam
Adamm akdum azali abadi, nuli cahya aran Nur Muhammad, nuli
kaca aran Mirhatulkayai, nuli nyawa aran roh Idlapi, nuli damar
aran Kandhil, nuli sesotya aran Darah, nuli dhindhing jalal aran
Kijab kang minangka warananing Kalaratingsun”.

3. Gelaran Kahaning Dzat

Wejangan punika dipun wastani gelaran kahaning Dzat, awit dening


pamejanganipun ambabar dados kanyataan anasiring Dzat sipat,
inggih punika nalika Pangeran Kang Maha Suci karsa amujudaken
sipatipun. Gumelar kahananipun kasebut ing dalem daliling ngelmi
ingkang kaping tiga, nukilan saking Kitab bayan Humirat mupakat
kaliyan Kitab Bayan Alip, kitab Madinil Asror, kitab Makdinil
Maklum, inggih punika bangsaning kitab tasawup sadaya. Sami
amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng
Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah karaos ing dalem rahsa,
makten jarwanipun ;
”Sajatine manungsa iku rahsaningsun, lan Ingsun iki rahsaning
manungsa, karana Ingsun anitahake Adam, asal saking anasir
patang prakara : 1. Bumi, 2. Geni, 3. Angin, 4. banyu, Iku kang dadi
kawujudaning Sipatingsun. Ing kono ingsun panjingi mudah limang
prakara : 1. Nur, 2. Rahsa, 3. Roh, 4. Napsu, 5. Budi, iya iku
minangka warananing wajahingsun Kang Amaha Suci”.

4. Pambuka Tata Malige Ing Dalem Bait-al-makmur

Wejangan punika dipun wastani, kayektening kahanan Kang Maha


Luhur, inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Bait-al-
makmur. Awit dening pamejangipun ambuka kodrat iraDzating
Pangeran Kang Maha suci, anggenipun karsa anjenengaken
maligening Dzat minangka Baitullah wonten ing sarahipun
manungsa, punika sajatosipun dados pitedhah kayektening kahanan
satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating Dzat Kang Maha
Mulya langgeng boten kenging ewah saking gingsir saking kahanan
jati.

Kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping sekawan


nungkilan saking sarahing Kitab Insan Kamil, amratelakaken
wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi
Muhammad Rasulullah hayat ingkang kapisan karaosaken ing
dalem rahsa, makaten jarwanipun.
”Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Bait-al-makmur, iku
omah enggoneng Parameyaningsun, jumeneng ana sirahing Adam,
kang ana sajroning sirah iku dimak, iya iku utek, kang ana
antraning utek iku manik, sajroning manik iku budi, sajroning budi
iku napsu, sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa,
sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran, ananging Ingsun Dzat
Kang anglimputi ing kahanan jati”.

5. Pambukaning Tata Malige Ing Dalem Bait-al-muharram

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 41/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Wejangan punika dipun wastani kayektening kahanan Kang Maha


Agung. Inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Bait-al-
muharram, awit dening pamejanganipun pambuka kodrat
iraDzating Pangeran kang Maha suci, enggenipun karsa
anjenengaken maligening Dzat, minangka Baitullah wonten ing
dhadhaning manungsa.

Kasebut ing dalem daliling dados pitedahan kayektening kahanan


satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating Dzat kang Maha Mulya
lenggah boten kenging ewah ginsir saking kahanan jati.

Kasebut ing dalem daliling ngemi ingkang kaping gangsal, inggih ugi
sami nukilan saking sarahing Kitab Insan Kamil, amratelakaken
wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi
Muhammad Rasulullah, ayat ingkang kaping kalih karaos ing dalem
rahsa makaten jarwanipun :
”Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Bait-al-muharram, iku
omah enggoning lelaranganingsun, jumeneng ana ing dhadhaning
Adam, kang ana ing sajroning dhadha iku ati, kang ana ing
antaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning
budi iku jinem, iya iku angen-angen, sajroning angen-angen iku
suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora
ana Pangeran, anging Ingsun Dzat kang anglimputi ing kahanan
jati”.

6. Pambukaning Tata Malige Ing Dalem Bait-al-mukaddas

Wejangan punika dipun wastani ; kayektening kahanan Kang Maha


Suci, inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Bait-al-
mukaddas, awit dening pamejangipun ambuka kodrat iraDzating
Pangeran Kang Maha Suci angenipun karsa anjenengaken
maligening Dzat, minangka Baitulah katata wonten ing kontholing
manungsa. Punika sajatosipun ugi dados pitedhahan kayektening
kahanan satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating Dzat Kang
Maha Mulya, lenggah boten kenging ewah gingsir saking kahanan
jati. Kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping enem, inggih
ugi sami nukilan saking sarahing Kitab Insan Kamil. Amratelakaken
wangsitipun Pangeran Kang Maha suci dhateng Nabi Muhammad
Rasulullah hayat ingkang kaping tiga, karaos ing dalem rahsa
makaten jarwanipun :

”Sajatine Ingsun nata malige sajroning Bait-al-mukkadas, iku omah


enggoning Pasuceningsun, jumeneng ana ing kontholing Adam, kang
ana sajroning konthol iku pringsilan, kang ana antarane pringsilan
iku nutfah, iya iku mani sajroning mani iku madi, sajroning madi
iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku
rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran angin Ingsun
Dzat kang nglimputi ing kahanan jati, jumeneng sajroning nukat
gaib, tumurun dadi johar awal, ing kono wahananing alam ahadiyat,
alam wahdat, alam wahidiyat, alam arwah, alam misal, alam ajsam,
alam insan kamil, dadining manungsa sampurna yaiku sajtining
sipat Ingsun”.

7. Panetep Santosaning Iman

Wejangan punika dipun wastani panetep santosaning iman, abebuka


sahadat jati, awit dening pamejangipun amangsit ingkang dados
pikekahing pangandel kita, denira angestokaken dhateng
kayektining gesang kita pribadi, manawi sampun tetep minangka

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 42/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

tajalining Pangeran Kang Maha Suci sajati. Kasebeut ing dalem


ijemak riwayating para wiliyullah, nukilan saking kadis makdus,
salebeting bab maklumatul uluhiyah. Wiyosipun anyariyosaken
kakekating taukid. Ingkang terus dhateng iktikad, wewiridan saking
cipto sasmitanipun Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah ingkang
kawangsittaken dhateng sayidina Ali, makaten jarwanipun :
”Ingsun anekseni satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun lan
anekseni Ingsun satuhune Muhammad iku utusan Ingsun”.

Menggah dunungipun makaten :


a. Ingkang dipun wastani Pangeran meniko Dzating gesang kita
pribadi, sebab sajatosipun sagung asya sami kukum napi sadaya,
tegesipun asya ; sawiji-wiji, tegesipun napi, boten wonten, mila
kasebut boten wonten Pangeran isbatipun inggih namung Dzating
gesang kita pribadi. Tegesing isbat ; tetep, dados teteping ingkang
anyebut kaliyan ingkang sinebut Pangeran punika boten wonten
sanesipun, suraos tunggal tanpa wewangenan amung kaot lair batin
kemawon.

b. Ingkang dipun wastani Muhammad punika sipating cahya kita,


mila dipun basakaken utusan, amargi dados pangeran rahsaning
Dzat, kawistara wonten ing netya, kados ingkang kasebut wonten ing
dalil salebeting Qur’an makaten jarwanipun :

“Sayekti temen-temen teka ing sira kabeh, utusaning Dzat metu saka
ing awakira kang maha mulya, mungguhing utusan iku anembadani
barang saciptanira, yen angandel sayekti antuk sih pangapuraning
Pangeran”.

Manawi sampun anampeni dalil Qur’an pangandikanipun Pangeran


Kang Maha Suci makaten wau, dipun waskitha ing galih. Inggih
gesangkita pribadi wahananing nugraha, kahananing kanugrahan.
Nugraha punika Dzating Gusti, kanugrahan punika sipating kawula,
tunggal tanpa wewangenan dumunung wonten ing badan kita.
Sampun uwas sumelang malih, sebab ingkang kasebut ing Kitab
Insan Kamil amarah manawi namaning Allah punika inggih
namaning Muhammad. Umpami sabet kaliyan warangkanipun. Ing
mangke Allah minangka warangka, Muhammad minangka sabet,
ing tembe wewangsulan.

Wisiyating guru ingkang amedharaken ngelmi panetep santosaning


iman, kaprayogekaken sami anglampahana boten karsa dhahar
ulam lembu. Kabar angsal paedah manjing dados putra muridipun
Kanjeng Susuhunan ing Kudus, kaidenan ingkang dados saesthining
galihipun.

Wonten riwayating guru manawi amedharaken ngelmi panetep


santosaning iman, ingatasipun amejang dhateng pawestri, wenang
kawewahan makaten jarwanipun.
”Ingsu ankeseni, satuhune ora ana Pangeran anging ingsun, lan
anekseni Ingsun, satuhune Muhammad iku utusan Ingsun Fatimah
iku umat Ingsun”.

8. Sasahidan

Wejangan punika dipun wastani sasahidan, awit dening


pamejanganipun kinen asahida dhateng wahananing sanak kita.
Inggih punika ananing dumadi ingkang gumelar wonten ing alam
dunya, kadosta, bumi, langit, wulan, lintang, latu, angin, toya,
sapanunggalipun sadaya. Sami aneksenana yen kita mangke sampun

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 43/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

purun angakeni “ Jumeneng Dzating Gusti “ Kang Maha Suci, dados


sipating Allah Kang sajati. Kasebut ing dalem kiyas wewarahing
para pandhita, anggenipun amencaraken nukilan saking kadis
mahdus, salebeting bab Maklumating Huluhiyah. Wosipun anartani
ing panetep santosaning iman, dados panuntuning tokid ingkang
ambontos dhateng iktikad. Inggih ugi pepiridan saking cipta
sasmitaning Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah ingkang
kawangsitaken dhateng Sayidina Ali, makaten jarwanipun ;

”Ingsun anekseni ing Dzatingsun dhewe, satuhune ora ana Pangeran,


anging Ingsun, lan anekseni Ingsun satuhune Muhammad iku utusan
Ingsun, iya sajatine kang aran Allah iku badan Ingsun Rasul iku
rahsaningsun, Muhammad iku rahsaningsun, iya Ingsun kang urip
tan kena ing pati, iya Ingsun kang eling tan kena ing lali, iya Ingsun
kang langgeng ora kena gingsir ing sawiji-wiji, iya Ingsun kang
amurba amisesa, kang kawasa wicaksana Ora kekurangan ing
pangerti, Byar sampurna padang tarawangan, Ora krasa apa-apa
Ora ana katon apa-apa, Amung Ingsun kang anglimuti ing alam
kabeh kalawan kodratingsun”.

Menggah dunungipun makaten :

Ingkang dipun wastani Pangeran punika Dzating gesang kita


pribadi, ingkang dipun wastani Muhammad punika sipating cahya
kita pribadi. Manawi ingkang kasebut ing dalem dhikir “ La Illaha
Ilullah, Muhammad Rasulullah “ tegesipun boten wonten Pangeran
anging Allah, Nabi Muhammad punika utusaning Allah punika
afngaling Rasul, dumunung ing badan kita. Rasul punika asmaning
Muhammad, dumunung ing rahsa kita. Muhammad tuwin sipating
cahya, dumunung ing gesang kita. Sajataning gesang kita punika,
Dzating Pangeran Kang Maha Suci.

Kayektosanipun kasebat ing dalem daliling Al Qur’an, manawi


Pangeran Kang Mahasuci punika kawasa amijilaken gesang saking
pejah, wijiling pejah saking gesang, inggih gesang kita pribadi
punika. Sayekti awit saking pejah, ing wekasan boten kenging pejah.
Dipun basakaken ; kayun pidareni. Tegesipun : gesang ing kaanan
keakalih, wonten ing alam sahir kita gesang, wonten ing alam kabir
inggih gesang. Sarta boten kasupen ing Dzat kita kang agung, boten
ewah gingsir ing sipat kita kang elok, boten kasamaran ing sama kita
kang wisesa, boten kekirangan ing afngal kita kang sampurna, dados
pepuntoning taukid ingkang ambontos dhateng iktikad.
Sampurnaning gesang kita punika boten wonten karaos utawi tanpa
katinggal punapa-punapa. Amung waluya sajati lajeng anglimputi
ing alam sadaya ; sampun uwas sumelang.

Wasiyating guru ingkang medharaken ngelmi sasahidan,


kaprayogekaken sami anglampahana sampun ngantos anyebut
Allah, kaisbatna anyebut Pangeran, kadosta : ing bebasan saking
karsaning Allah, isbatipun saking karsaning Pangeran. Kabar
pakantukipun ingkang sampul kalampahan asring kadhawahan
ilham. Dados amewahi teranging pambudi, ananing wasiyating guru
ingkang sami kawaleraken sadaya punika manawi kasupen boten
dados punapa, sebab sajatosipun ingkang dados awisaning ulah
ngelmi kasampurnan punika namung napsu. Manawi saged ambirat
hawa napsu, saking aDzat kadunungan manah awas tuwin emut.
Manawi tansah awas emut saestu manggih kamulyan ing sangkan
paran sasaminipun kados riwayating para ahli ngelmi ingkang
kasebut ing ngandhap punika :
https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 44/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

a. Taberi suci temen ; Minangka pambirating durgandana ing tembe,


tegesipun ; ganda awon.
b. Angengirangi dhahar nginum ; Minangka paluluhaning raga ing
tembe.
c. Angawisi sare shawat ; Minangka pangluyutaning jiwa ing tembe.
d. Nyenyuda napsu wuwus ; Minangka panglenyepaning rahsa ing
tembe.

Manawi sampun lenyep rahsanipun, kabar dumugining delahan ing


tembe lajeng layat dados cahaya gum, ilang tanpa wewayangan ing
kaanan kita kang sejati. Punika sarehning kula dereng saged
anglampahi piyambak, dados namung anyumanggakaken ing
pamanggihing galih kemawon. Bokmanawi kalampahan makaten
inggih wallahu alam katarimahipun.

Sawise ganep pamejange, nuli amarah patrape paraboting ngilmu


dadi wolung pangkat, kasebut ing ngisor iki :

1. Pamuja.

“Ana pepujaningsun sawiji, Dzate iya Dzatingsung, sifate iya


sifatingsun, asmane iya asmaningsun, afngale iya afngalingsun,
Ingsun puja ing patemon tunggal sakahananingsun, sampurna
kalawan kudratingsun”.

2. Tobat utawa Panalangsa.

“Ingsun analangsa maring Dzatingsun dewe, regeding jisimingsun


gorohe ing atiningsun, serenge ing napsuningsun, laline ing
uripingsun salawas-lawase ing mengko Ingsun ruwat sampurna ing
sadosaningsun kabeh saka ing kudratingsun”.

3. Pangruwat.

“Ingsun angruwat kadangingsun papat kalmia pancer kang


dumunung ana ing badaningsun dewe, Mar Marti Kakang Kawah
Adi Ari-ari Getih Puser, sakehing kadang ingsun kang ora katon
lang kang ora karawalan, utawa kadangingsun kang metu saka
marga ina, sarta kadangingsun kang metu bareng sadina kabeh pada
sampurnaa nirmala waluya kahanan jati dening kudratingsun”.

4. Saksi ing Dzat Kita, kaya Sasahidan.

“Ingsun anakseni ing Dzatingsun dewe, satuhune ora ana Pangeran,


anging Ingsun, lan anakseni Ingsun, satuhune Muhammad iku
utusaningsun, iya sajatine kang Allah iku badaningsun, Rasul iku
rahsaningsun, Muhammad iku cahyaningsun, iya Ingsun kang urip
ora kena ing pati, iya Ingsun kang eling ora kena lali, iya Ingsun
kang langgeng ora kena owah gingsir ing kahanan jati, iya Ingsun
kang waskita ora kasamaran ing sawiji-wiji, iya Ingsun Kang
Amurba Amisesa Kang Kawasa Wicaksana ora kekurangan ing
pangreti, byar sampurna padang terawangan, ora karasa apa-apa,
ora ana katon apa-apa, mung Ingsun kang anglimputi ing alam
kabeh kalawan kudratingsun”.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 45/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

5. Anucekake Sakehing Anasir.

“Ingsun anucenaken sakaliring anasiringsun kang abangsa jasmani,


suci mulya sampurna anunggal kalawan sakaliring anasiringsun
kang abangsa Rochani, nirmala walya ing kahanan jati dening
kudratingsun”.

6. Angawinake Badan Karo Nyawa.

“Allah kang kinawin, winalenan dening Rasul, pangulune


Muhammad, saksine Malaekat papat, iya iku Insun kang angawin
badaningsun, winalenan dening rahsaningun, kaunggahake dening
cahyaningsun, sinaksenan dening Malaekatingsun papat, Jabarail,
iya iku pangucapingsun, Mikail pangambuningsun, Israfil
paningalingsun, Idjrail pamiyarsaningsun, srikawine sampurna saka
ing kudratingsun”.

7. Sangkan Paraning Tanazultarki.

“Ingsun mancad saka ing alam Insan Kamil, tumeka ing alam
Ajsam, nuli tumeka ing alam Misal, nuli tumeka ing alam Arwah,
nuli tumeka ing alam Wachidiyat, nuli tumeka ing alam Wahdat, nuli
tumeka maring alam Insan Kamil maneh, sampurna padang
tarawangan saka ing kudratingsun”.

8. Pambirat Asaling Cahya.

“Cahya ireng kadadeyaning napsu, Luwamah sumurup maring


cahya kang abang, cahya abang kadadeyaning napsu, Amarah
sumurup maring cahya kang kuning, cahya kuning kadadeyaning
napsu, Sufiyah sumurup maring cahya kang putih, cahya puti
kadadeyaning napsu, Mutmainah sumurup maring cahya kang
amancawarna, cahya kang amancawarna kadadeyaning Pramana,
sumurup marang Dzating cahyaningsun kang awening mancur
mancorong gumilang tanpa wewayangan, byar sampurna padang
terawangan, ora ana katon apa-apa, kabeh-kabeh pada kalimputan
dening Dzatingsun saka ing kudratingsun”.

Sawise mangkono, nuli amarah maneh praboting amatrapake


panjenenganing Dzat, dadi sangang pangkat, kasebut ing ngisor iki.

1. Angumpulake Kawula Gusti.

“Ingsun Dzating Gusti Kang Asifat Esa, anglimputi ing


kawulaningsun, tunggal dadi sakahanan, sampurna saka ing
kudratingsun”.

2. Maha Sucekake Ing Dzat.

“Ingsun Dzat Kang Amaha Suci Kang Sifat Langgeng, kang amurba
amisesa kang kawasa, kang sampurna nilmala waluya ing
jatiningsun kalawan kudratingsun”.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 46/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

3. Angrakit Karatoning Dzat.

“Ingsun Dzat Kang Maha Luhur Kang Jumeneng Ratu Agung, kang
amurba amisesa kang kawasa, andadekake ing karatoningsun kanga
gung kang amaha mulya. Ingsun wengku sampurna
sakapraboningsun, sangkep, saisen-isening karatoningsun, pepak
sabalaningsun, kabeh ora ana kang kekurangan, byar gumelar dadi
saciptaningsun kabeh saka ing kudratingsun”.

4. Angracut Jisim.

“Jisimingsun kang kari ana ing alam dunya, yen wis ana ing jaman
karamating maha mulya, waluya kulit daging getih balung sungsum
sapanunggalane kabeh, asala saka ing cahya muliha maring cahya,
sampurna bali marang ingsun maneh saka ing kudratingsun”.

5. Anarik Sampurnaning Akrab.

“Jaganingsun sapanduwur sapangisor kabeh, kang pada mulih ing


jaman karamating alame dewe-dewe, pada suci mulya sampurnaa
kaya Ingsun saka ing kudratingsun”.

6. Angukud gumelaring Jagad.

“Ingsun andadekake alam dunya saisen-isene kabeh iki, yen wis


tutug ing wewangene, Ingsun kukud mulih mulya sampurnaa dadi
sawiji kalawan kahananingsun maneh saka ing kudratingsun”.

7. Ambabar Karaharjaning Turas.

“Turasingsun kang maksih pada kari ana ing alam dunya kabeh
pada nemuwa suka bungah sugih singgih aja ana kang kekurangan,
rahayu salameta sapanduwure sapangisore saka ing kudratingsun”.

8. Amasang Pangasihan.

“Sakahe titahingsun kabeh, kang pada andulu kang pada karungu


pada asih welasa marang Ingsun, saka ing kudratingsun”.

9. Amasang Kamayan.

“Sakeha machlukingsun kabeh, kang ora angendahake maring Sun,


pada kaprabawa dening kamayan dening kudratingsun”.

Ing wekasan kang kawejang dijantenana yen panggonaning patrap


pratikele sawiji-wiji, kapratelakake ana Babaring Wirid amawa
murad maksud kasebut dadi pituduhane dununging ngelmu
makrifat kabeh mau iku.

Sawise mangkono, kang amejang maca dunga Istiqfar karo dunga


Kabula, sajeroning batin anuwun pangapura marang Kang Amurba
Amisesa ing ngurip, supaya aja nganti pleh wewalak anggone
amerake rahsaning Dzat iku.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 47/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Nuli kang kawejang dijanjeni, Manawa isih urip gurune, ora kena
mejang, kang wis kalakon andadekake ora prayoga, dene Manawa
kaburu ing perlu, ana akrabe kang lara lara-banget, mangka during
ngelmu, iku kena amisik Ananing Dzat bae.

Kajabone saka mangkono, saupama kang kawejang mau during


anarima utawa isih kurang padang ing panampane, Manawa arep
anggeguru ing liyane maneh ora dadi apa, angger anajaluk idening
guru kang amejang ngelmu iku.

Sawise mangkono banjur pada sesalaman, utamane kang kawejang


mau yen karsa angabekti marang kang amejang.

Sawise luwar saka pamejangan, ing kono nuli pada angepung


mabengan, salamating jiwa raga, mungguh kehing ambengan dadi
telung asahan, ing ngisor iki pratikele :
1. Memule angaturi dahar Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah,
sega wuduk, lembarang pitik, utawa endog, karupuk, lombok,
terong.
2. Memule angaturi dahar para Sahabat Rasul karo para Waliyullah,
sego golong, pecel pitik, jangan menir, iwak kebo siji kagoreng.
3. Memule angaturi dahar marang leluhur kang pada amedarake
rahsaning ngelmu makrifat apa kang dadi dedaharane nalika isih
urip, sarta nganggo kinang, kembang konyoh, kabeh iku pada
kadonganan onga Rasul, Majmuk Kabula, Tulak-bilahi wekasan
Salamet.

Dene pakolehing amejang iku, yeng amarengi sasi tanggale sapisa ing
dina Jum’at, pamejange anuju purnama, anggere or sangar ora
na’as, sarta ora taliwangke, Manawa sangaraning sasi anuju dina
Jum’at, pamejang ing dina Anggara Kasih (selasa Kliwon), ora
angetung purnama.

Mungguh pakolehing enggon pamejang iku, bumi sucikang becik


arane, sarta ora kauban wangon, utamane yen ana ing gunung, ing
ara-ara, ing banyu, angger becik jenege sarta sepen, prayoga kanggo
panggonan amejang, kaya ta : ing gunung Agung,ara-ara ing
Purwadadi, ing Ngadipala, bangawan ing Ngobol, luwih utama pisan
Manawa amejang ana ing Sitinggil, utawa palataran ing Masjid
Gede, sapepadane kang sakira pakoleh ing jeneng karo panggonane.

Makna Ajaran Wong Urip:

Secara harafiah, “Wong urip iku mung mampir ngombe” dapat


diartikan orang hidup itu hanyalah istirahat sejenak untuk minum.
Meskipun ungkapan tersebut mempunyai arti yang sederhana tetapi
makna yang terkandung sangat dalam. Untuk dapat memahami
makna ungkapan itu kita dituntut untuk memahami kehidupan
manusia secara menyeluruh. Dalam budaya Jawa kehidupan
manusia dimulai semenjak tumbuhnya bayi dalam kandungan ibu
kemudian setelah bayi dilahirkan ke dunia, dimulailah kehidupan
yang sebenarnya dunia. Dengan kematian seseorang, yaitu
berpisahnya roh dan wadag manusia, dimulailah kehidupannya di
alam lain yang belum kita ketahui pasti. Pemahaman tentang tiga
kehidupan ini biasa dimanifestasikan sebagai alam purwa, madya
dan wasana. Makna ungkapan “Wong urip itu mung mampir
ngombe” mengacu kepada alam madya, yaitu kehidupan setelah
manusia dilahirkan di dunia.

Mengisi Kehidupan yang Sesaat


Seperti kita ketahui manusia terlahir di dunia ini berbekal empat
sifat dasar yang mewarnai kehidupannya, yang sering diistilahkan

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 48/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

dengan aluamah, sefiah, amarah dan mutmainah, atau yang biasa


juga diistilahkan dengan nafsu angkara, amarah, keinginan dan
perbuatan suci. Nafsu-nafsu tersebut timbulnya dirangsang oleh
anasir-anasir yang ada di dunia ini dan masuk melalui paningal
(mata), pengucap (mulut), pangrungu (telinga) dan pangganda
(hidung).

Anasir alam yang masuk melalui mata berwujud nafsu keinginan


akibat rangsangan sesuatu yang terlihat oleh mata. Anasir alam yang
masuk melalui mulut berupa kata-kata kotor yang diucapkan oleh
mulut. Anasir alam yang masuk melalui telinga berwujud suara yang
tidak enak didengar oleh telinga dan menyebabkan seseorang
marah, kasar dan mata gelap. Sedangkan anasir alam yang masuk
melalui hidung berwujud tindakan-tindakan baik karena hidung
tidak mau menerima bau-bau yang tidak enak. Dengan bekal empat
sifat dasar hidup itu, manusia diwajibkan menguasai keempat nafsu
yang melekat pada dirinya. Dengan kata lain, manusia harus
menguasai ketiga nafsu yang dapat menimbulkan tindakan-tindakan
yang kurang baik, yaitu aluamah, amarah dan sufah, dan
mengutamakan nafsu yang dapat menimbulkan tindakan-tindakan
baik, yaitu mutmainah. Menguasai di sini diartikan sebagai
memelihara mengatur ataupun mengendalikan. Apabila manusia
dapat memelihara mengatur serta mengendalikan keempat nafsu-
nafsu tersebut akan menjadi manusia teladan dalam arti dapat
diteladani oleh orang-orang disekitarnya karena tindakan-
tindakannya selalu terpuji.

Sebaliknya apabila manusia tidak dapat memelihara mengatur serta


mengendalikan keempat nafsu-nafsunya, orang tersebut akan
menampilkan tindakan-tindakan yang tidak terpuji, sehingga ia
dijauhi oleh orang-orang di sekitarnya, oleh karena itu kehidupan di
dunia yang hanya sesaat tersebut, yang dalam budaya Jawa
diungkapkan istlah “wong urip iku mung mampir ngombe”,
haruslah disibukkan dengan tindakan-tindakan memelihara,
mengatur serta mengendalikan keempat nafsu manusia ini, sehingga
kehidupan di dunia yang sifatnya hanya sesaat tersebut diisi dengan
tindakan-tindakan terpuji, seperti tolong-menolong, mengasihi
sesama, berbakti kepada nusa dan bangsa, saling hormat-
menghormati, bermusyawarah untuk mencapai mufakat dan lain-
lain. Dengan demikian apabila pada saat kematian, yaitu
berpisahnya roh dan wadag manusia dapat diharapkan roh manusia
tersebut akan kembali kepada Tuhan Yang Maha Esa, yaitu causa
pria segala kehidupan di dunia ini.

Selamat sampai Tujuan


Kehidupan di dunia ini dapat diibaratkan sebagai perang antara
nafsu baik dan nafsu yang tidak baik. Agar manusia dapat
memenangkan perang tersebut, sehingga pada saat kematian rohnya
kembali kepada Tuhan Yang Maha Esa, manusia harus dapat
menempatkan hati nuraninya di atas nafsu. Dengan kata lain, hati
nurani manusia haruslah menguasai nafsu. Jika hati nurani dikuasai
oleh nafsu pada saat kematian roh manusia dapat kembali kepada
Tuhan Yang Maha Esa.

Bagaimana agar seseorang dapat menjaga hati nuraninya selalu


berada di atas nafsu? Budaya Jawa mengajarkan agar seseorang
selalu menjalani laku, seperti berpuasa dan lain-lain, sebagai latihan
pengendalian diri sehingga dapat mengendalikan diri apabila timbul
rangsangan untuk bertindak yang tidak baik. Selain itu budaya Jawa
juga mengajarkan agar seseorang selalu mendekatkan diri kepada
Tuhan Yang Maha Esa, sehingga selalu mendapatkan terang dari-
Nya yang akan menyebabkannya dapat berpikir secara jernih dan
bersih.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 49/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Tujuan hidup manusia adalah selamat di dunia maupun di alam


kelanggengan. Untuk dapat mencapai tujuan itu manusia dituntut
untuk terus menerus berjuang menegakkan kebenaran. Dalam
kehidupan di dunia yang sesaat, manusia harus dapat mengisinya
dengan tindakan baik. Oleh karena itu budaya Jawa selalu
mengingatkan bahwa kehidupan di dunia ini hanyalah sementara
sifatnya. Peringatan tersebut diungkapkan dalam istilah “wong urip
iku mung mampir ngombe”. Apabila seseorang selalu ingat akan hal
ini dan mengisi kehidupan sesaat dengan tindakan baik, maka
dapatlah diharapkan tujuan hidup seseorang akan tercapai, yaitu
selamat di dunia maupun di alam kelak nanti.

Aja dumeh mujudake pitutur luhur warisane para leluhur lan


pinisepuh kang ngemu teges supaya jalma manungsa utawa titah
sewantah anggone nglakoni penguripane ana ing alam donya ora
ngendelake aji mumpung. Dumeh, mujudake kahanan kajiwan kang
njalari sawijining pawongan nggunakake kesempatan(aji mumpung)
kanggo kepentingane dhewe tanpa ngelingi sak padhane urip.
Kesempatan kasebut ing ndhuwur bisa maujud drajat, pangkat,
bandha donya, panguwasa, ilmu linuwih, kebagusane rupa lan
liyane.
Ing donya Eropa utawa dunia barat uga nduweni sanepa “power
tends to corrupt” kang nduweni teges yen kuwasa bisa njalari wong
kang nyekel kuwasa kuwi nylewengake kekuwasaane kanggo
kepentingane pribadhi lan ngianati marang wong kang ngamanati .

Wong urip mono kudu tansah eling marang kang nitahake urip ing
alam donya, kudu tansah mawas marang sangkan paraning dumadi.
Seko ngendi bibit kawite urip, ana ngendi saiki dumunung lan papan
ngendi kang tembene bakal dituju. Kahanan kang bisa direngkuh
ora kena njalari lali marang kodrate minangka kawulane Gusti.
Kanthi mengkono sifat aja dumeh bisa njalari wong tansah eling
marang asal-usule, sahengga ora nglali yen apa kang diduweni mung
minangka titipan utawa amanate kang gawe urip. Sikep ini bisa
nyurung supaya manungsa tansah nyukuri peparingane Gusti,
kanthi nggunakake peparingane mau kanggo nyengkuyung
kewajibane minangka khalifahe Gusti ing alam donya, kang nduweni
kewajiban memayu hayuning bawana.

Kahanan urip kang dilakoni manungsa kena digambarake kaya dene


cakramanggilingan utawa rodha kreta, kang ana sakperangane
rodha sakwijining wektu mapan ing dhuwur nanging ing kala wektu
liyane ganti mapan ing ngisor. Urip mujudake ganti gumiliring nasib.
Mula saka kuwi nalikane wong lagi nduweni nasib kang apik ora
kena gumedhe lan umuk marang sak padha-padha lan nalikane
ngalami nasib kang ala uga aja nglokro utawa mutung.

Kadangkala wong urip diparingi kanikmatan kang tanpa kinira.


Ana ing kahanan iki pitutur aja dumeh trep banget kanggo
diamalake. Wong kudu tansah syukur lan uga kudu loma marang
sak padhaning urip, ora kena umuk lan gumedhe nanging kudu
tansah bisa sakmadya lan andhap asor.
Ana uga kahanane urip kang lagi diparingi pacoban nganti
kadangkala wong sing rumangsa ora kuwat nglakoni kahanan mau
nduweni panganggep yen donyane wis kiamat. Ngadepi kahanan
mengkene, manungsa kudu tansah pasrah sumarah marang kang
gawe urip lan sabar anarima ing pandum. Manungsa kudu nduweni
keyakinan yen pacoban mau uga mujudake wujud katresnane Gusti
kanggo nggembleng manungsa supaya tatag lan tanggon anggone
nglakoni uripe.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 50/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Aja dumeh ngajarake manungsa tansah mawas diri lan nduweni


keyakinan kang kuat menawa urip ing alam donya iki mung
sakwetara mampir ngombe. Kabeh lelakone urip mujudake proses
kang ora langgeng lan kabeh bakale dijaluk pertanggungjawabane
mbesuk ing alam akherat.

Sifat utawa watak aja dumeh bisa diwedhar kanthi pitutur


kayadene:

1. Aja dumeh kuwasa, tumindake daksura lan daksiya marang


sakpadha-padha.
2. Aja dumeh pinter, banjur tumindak keblinger.
3. Aja dumeh sugih, banjur tumindak lali marang wong ringkih.
4. Aja dumeh menang, tumindake sak wenang-wenang.
5. Aja dumeh bagus, banjur gumagus.
6. Aja dumeh ayu, banjur kemayu, lan sakpiturute.
“Nyawa mung gaduhan, bandha donya mung sampiran”, mengkono
pituture para winasis. Kanthi mengkono sejatine manungsa urip ing
alam donya ora duwe apa-apa. Kayadene nalika dilahirake
manungsa ora nggawa apa-apa, smono uga mengko yen wis tumeka
titi wancine sowan ing ngarsa Gustine uga ora sangu apa-apa. Dadi
apa kang bisa diumukake manungsa

(9). ORA KEPENAKING LUPUT UTAWA SIKSANING DOSA

Ngrumangsani luput utawa reged iku lerege marang paniti priksa


adiling kodrat.

Paniti priksa marang adiling kodrat iku lerege marang paniti priksa
ing lupute dhewe, kang aran ngrumansani.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, elinga bae yen iku :
jaban, ora dadi barang bareng tumrap : jeron. Munggguh bab lase :
sanajan gunungan njeblug lan perenga bratayuda pisan, iya njaban.

Anane ora kepenak marga luput, lupute : marga lali ing dhuwur iku.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, elinga yeng kang ora
ngepenakake iku satemene iya PANGGAWENING ATINE DHEWE,
dudu : SING ANA SAJABANING ATI. Yen dhasar batine bener lan
resik temenan, mokal ora kepenak. Mungguh resik mau ana resik
tumrap : Jaban, ana resik tumrap : Jeron.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, elinga yen anane

siksa saka dosa. Lire : anane ora kepenak saka luput. Mokal menawa
ora marga dosa, utawa : mokal ana ora kepenak, merga bener lan
resik. Ora susah adoh-adoh nglulur dosa kang wis klakon. Dosa saiki
bae kang wus karuhan (nalika lagi ora kepenak bae). Dosane yaiku :
dene dadak ngrasakakesing gawe ora kepenak, wong genah
ngambah sing ora kepenak, kok ora nyimpang. Apa iku dudu luput.
Rehne luput, apa ora tampa pasiksane. Sapata : sing prentah
nglakoni gawe ora kepenak marang ati mau.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 51/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, wis ora susah takon
maneh : mesthi saka lakuning atine dhewe sing susah, (salah
pakarti), nyimpang saka : benering bener, yaiku bener jeron, dudu :
bener jaban. Tandhaning  salah : kabukten enggone mujudake ora
kepenak iku.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, mangka ora bisa
mupus kaya ing dhuwur mau rehne angel, elinga : apa ORA BISA
iku dudu kaluputan. Apa si ORA BISA utawa SI-ANGEL, arep
dianggo gagaran anyelaki lupute. Ora weruh yen ORA BISA lan
ANGEL iku wis kalebu marang luput, tegese : Iku wewengkoning
luput, utawa anak putuning luput, dadi kalingane : mung saka
DURUNG WERUH bae marang lupute. Dene ora weruh iku iya
anak putuning luput maneh.

Yen nemoni apa-apa maneh kang ora ngepenaki ati, aja mung
meruhi : sing ana sajabaning ati. Meruhana : sing ana sajroning ati
atine dhewe. (Aja ngeling-eling SING DIRASAK-RASAKAKE
ngelingana : SING DIANGGO ngrasak-ngrasakake).

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, takona marang


pikire dhewe : apa ORA KEPENAK iku maedahi. Yen maedahi,
karuwane oleh sengkut nandangi. Dene yen wis dhenger : ora
maedahi, mangka teka ditrajang, iku salahe sapa. Cara jabane bae
wis takon mangkene : sing maedahi IHTIYARE apa GELANE.

Yen nemoni apa-apa kang ora ora ngepenaki ati, yen durung ketemu
lupute, ya isih luput enggone nggoleki. Tandhaning lupute : durung
bisa nemokake iku.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenaki ati, mangka tetela saka
luputing liyan sajabaning ati lan wis mupakat wong akeh yen
mesthine utawa benere ora kepenak (marga wis lumrah) elinga bae
yen iku lagi aran bener, durung : bebering bener.

Kang tinuju ing layang iki : BENERING BENER, ora mung BENER
bae. Bener iku mung tumrap jaban. Benering bener tumrap jeron.
Yen mung trima lumrah bae, ora susah mbicara jeron, awit
mundhak dipurih kang nggayuh : benering bener, kang angeling-
angel gayuh-gayuhane.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, nyobaa takon


marang budine dhewe APA YA RASA JATI MELU ORA
KEPENAK, REHNE WIS BENER, LUMRAH LAN MUPAKAT
WONG SAJAGAD. Mesthi ora, awit rasa jati ora mesthi nganggep
becik marang kang wis dianggep becik dening rahsa.

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, elinga paribasan


Walanda : “De liefde is blind”, tegese : katresnan iku bisa micakake.
Ora kepenak iku asal saka KABOTAN TRESNA marang dhirine.
Iku kang micakake ati. Picaking ati : lali yen dhirine iku dudu bener-
benering kahanan kang tumuju ing sih katresnane kang ngebeki
jagad.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 52/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Yen nemoni apa-apa kang ora ngepenakake ati, AWAKMU


TAKONANA DHEWE : he…….., pangudi, ketokna gawemu, sabab
saiki aku lagi nemoni kang ora kepenak. Apa gunane aku ngudi
kawruh batin, yen senengku mung yen : oleh kang lumrahe
nyenengake, utawa : susah yen nemoni kang nusahake. Yen mung
lumrah mangkono bae, ora leh dene ngudi kawruh kabatinan.

(10). WEDHARING SASTRA JENDRA HAYUNINGRAT;

Ingkang dipun wastani kawruh Sastra Jendra anênggih punika


pituduh ingkang sanyata, anggêlarakên dununging kawruh
kasampurnan, winiwih saking pamêjangipun para wicaksana ing
Nungsa Jawi, karsa ambuka pitêdah kasajatining kawruh
kasampurnan. Kawruh Sastrar Jendra Hayuningrat pangruwat
barang sakalir, kapungkur sagung rarasan ing kawruh tan wonten
malih, wus kawengku sastra-di, pungkas-pungkasaning kawruh,
ditya diyu raksasa  myang sato isining wanadri, lamun weruh
surasane kang Sastra Jendra saged rinuwat dening bathara,
sampurna patinireki, atmane awor lan manungsa, manungsa kang
wus linuwih yen manungsa udani awor lan dewa patinipun, jawata
kang minulya mangkana  duk miyarsa tyasira andhandhang sastra.
Ingandhap punika wedharing kang Sastra Jendra Hayuningrat
saking Serat Lokapala.

Pupuh 177
Dhandhanggula;

1.      Mas Cebolang kalawan Nurwitri rêsêping tyas de binojokrama


tan mantra-mantra yrn nêbe, supêkêt imbal wuwus, dyan
tumênggung maringkên aglis, srat Lokapala kawya, dumuginya
kondur, risang Rama mring  Ngayodya, lah anakmas kinarya
sasamben linggih, jujugên kaca sangga.

2.      Caritane sang Prabu Sumali, ing Ngalengka kala puruita,


mring Bagawan Wisrawa-ne, sêrat tinampan sampun, wus binuka
turira aris, nuhun kauningana, estu jugul punggung, têmbung tuwin
sêkarira , sajêg ulun  sawêg sapisan puniki, sumêrêp sêrat kawya.

3.      Sagêd maos nanging dlêmik-dlêmik, dyang tumênggung alon


angandika, lah rêka wacanên wae, ywa nganggo têmbang lagu, wus
winaca kalankung rindhik, angel kêdaling lesan, dyang tumênggung
nuntun, miwah anjarwani pisan, ragi lanyah nggigit suraosing tulis,
têmah kataman rimang.

4.      Wêdharing kang Sastra Harjendra di, wus tinangkêp sêrat


kang winaca, makidhupuh trapsilane, ing nayana mawêlu, dyan
tumênggung mesêm ing galih, ing tyas tan kasamaran, kalejêming
sêmu, minawas wawas jroning tyas, anaratas pantês lamun dentêtêsi,
luwês lon angandika.

5.      Babo jêbeng ngagêsang puniki, mrih waspada pandoming


kadadyan, kang pasthi ring pangesthine, panjutaning tyas tuhu,
tarlen kawruh jiwa sajati, mangsa suryaning alam, wikan kang

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 53/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

manglimput, myang pandak panduking driya, kasantaning udaya


kang anartani, ing surasa kêrtarta.

6.      Kang kapusthi pangesthining kapti, tan lyan mamang


katamaning tingkah, ing tumitah mammrih lanteh, tinêtah siang
dalu, tinalisik osiking ati, tiniti mrih tetika, kasidaning dunung,
dumunung reh sangkan-paran, aywa samar pamoring kawula Gusti,
mangkana duk miyarsa.

7.      Mas Cêbolang matur mangênjali, dhuh pukulun sêmbahan


kawula, mugi mêlasa ta mangke, maring pun mudha punggung, kang
tuhu tan satmateng gati, ring silastutining tyas, trapsilaning tuwuh,
tumuwuh tanpa pituwas, têmah tiwas ing pangesthi tanpa dadi,
saking kirang wêjangan.

8.      Ingkang wijang jerenganereki, pakartine ing reh jagad raya,


tan mantra uning jatine, marmantakêdah matur, minta tanya
kawruh kang jati, jatine kang winastan, kawruh kang
linuhung, Sastra Jendra Hayuning-rat, ing nguni kang piningit
Jawata luwih, myang kang ran Sastra Cetha.

9.      Mênggah têgêsipun kadospundi, miwah dununging pikajêngira,


kang wijang wiji-wijine, dyang mênggung maluya rum, dhuh
anakmas kalangkung rungsit, mungguhing patanyanta, Sastra
Jendra iku liring sifat kayuwanan, -nira Sang Hyang Endra kang
mêngku ling-aling, badaling Hyang Wisesa.

10.  Yen wus wikan ing kajateneki, sayêkti yen têtêp hayuningrat, lire
raharjeng jagade, dene ta inggahipung, Sastra Cêtha dipun wastani,
liring kang Sastra Cêtha, kalêpasanipun kawaskithaning panunggal,
nora samar sangkan paraning dumadi, dumadya mardikeng-rat.

11.  Lire pamijining jagad yêkti, marma tan kenging kengis ing
kathah, sinêngkêr ing Batara-ne, kajaba para Dewa ku, kang linilan
ing Jawata di, Sang Hyang Sukma Kawêkas, myang jalma linuhung,
kang katimeng pamêsunya, puja brata sinung wahyu dyatmikani,
nanging mawa prabawa.

12.  Guntur wisesa myang guntur agni, guntur bumi miwah guntur
braja, guntur ranu myang gunture, awang-awang punika lamun
datan tumama yêkti, pratandha katrima, dene cihnanipun, ingkang
datan katrima, yêkti sirna tanpa sesa ing dumadi, marma ta wis
kaduga.

13.  Mêdhar ngilmi gaibing Hyang Widdhi, saking makatên ing


purwanira, jrih sikuning Hyang Murbeng reh, nanging ta
puntonipun, reh ta sami ngudi wawadi, mrih sidhine kasidan, titising
pangawruh, kasampurnaning ngagêsang, kadipundi mungkêring reh
tekat yêkti, mrih babaring kamulyan.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 54/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

14.  Yêkti wontên upamane anti, ing pangrêman sarta kang tan lana,
kumalêkêrên dadine, tan nêtês dadinipun, tanpa kardi dennya
dumadi, tiwas tanpa pituwas, kangelan saumur, luhung aywa
dumadia, manungsa yen tan sampurna gêsangneki, lir sato tanpa
tekad.

15.  Babukaning carita ing nguni, karsaning Sang Hyang Girinata,


angumpulakên ing kawruhe, wit saking mêntas kawus, kawruh jati
kalindhih dening, Rêsi Kanekaputra, mila tinartamtu, ngumpulkên
para kadang Dewa, Rêsi Nrada kalih Bathara Basuki, tiga Sang
Hyang Sriyana.

16.  Iya iku kang sinêbut nami, Sang Hyang Panyarikan paparabnya,
kalawan putra kaliye, Bathara Endra dwi Wisnu, samya têdhak
pucuking wukir, ing ardi Jamusdipa, dennya mêdhar kawruh,
sawusing pêpak sadaya, Sang Hyang Guru ambukani kawruh jati,
ing ngarêp wus binabar.

17.  Purwaningkang dumadi rumiyin, ingkang wrêda pribadi pan


cahya aulya dahana rumiyin, ingkang wrêda pribadi panca jaladri,
puniku pinabênan, ing Kanekasunu, ing pangancas taksih lêpat, de
mangeran marang kahananireki, sisip-têmbire*(sisip-
sêmbire) dadya.

18.  Sumurupe têteja sayêkti, sarta maring kêkuwung maring


wangkawa, amarga ing sadurunge, isining rat kadulu, maksih
awang-uwung awingit, wus ana swara kadya, gêntha keleng
ngungkung, iku Sang Hyang Girinata, sru anggilut jablasing
surasaneki, Bathara Nrada sigra.

19.  Mêjangakên ing atur dumêling, manis tutuk tatasing kang


sabda, Hong Hyang Hyang ulun yêktine, mênggah ta sagungipun,
kawontênankesthi kajatin, kajatosan punika, wonten kahaneku,
saksine wontên wonten manungsa, jagad ingkang manungsa estu tan
pangling, lawan jagading donya.

20.  Mila binasakkên saderenging, wontên cahya wus ana swara,


apindha gêntha kakêleng, pinika wardinipun, liring swara ingkang
kapyarsi, yeku bawa jatinya, gêntha jatinipun, kantha-kanthining
kang warna, kêkêleng pan dudunungan jatineki, anjinging kang
bicara.

21.  Dununging bawa neng kantha singgih, kantha punika sayêkti


samar, samar elek satuhune, elok gaib liripun, dene gaib punika
mawi, sasandha kadadosan, babasaning catur, nora warna datan
rupa, amimbuhi sipat wawarnen sakalir, tan ênggon ora arah.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 55/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

22.  Nanging tansah dennira nglimputi, sagung ingkang gumêlar


neng donya, ngandika tanpa lesane, muhung nyawa puniku, ngganda
tanpa garananeki, muhung purba kewala, myat tanpa netraku,
muhung saking ing waskitha, amiyarsa tanpa karnanira kalih,
muhung saking wisesa.

23.  Myang angraos tanpa raos nênggih, muhung pangraos


sajatinira, dene ta kosok wangsule, purwaning ana estu, saking ora
witipun lair, saking ing kabatosan, witing rame estu, saking ing
ênêng sanyata, wit gumêlar saking ing sonya sayêkti, nanging aywa
kadriya.

24.  Tawang-tuwang tanpa wasananing, bêbasane mangeran


kumandhang, wusing atur ulun mangke, sirik saestunipun,
anênampik tanapi milih, kalamun anampika, ing sadayanipun, kang
gumêlar ngalam-donya, punapinggih tan ginulung malih, kalamun
amiliha.

25.  Punapa tan uninga manawi, sakehing kang kawontênan apan,


saking gaib sejatine, babo ywa nganti kerut, utamine mandar
ngurubi, myang sampun kawimbuhan, malah asung wimbuh, punika
kewala cêkap, dhumatêng ing dunungnya pangsethi jati, jatining
kauwusan.

26.  Sigêg ture Sang Kanekasiwi, Sang Hyang Guru sawusing


miyarsa, saklangkung lêga ing tyase, rumaos yen panuju, dennya
darbe pangesthi bangkit, kadya Sang Hyang Athama, ngratoni
sawêgung, de kang nama Hyang Athama, ing srat Jitabsara
panjênêngan Nabi, ya Adam Abul Awan.

27.  Sang Hyang Guru nulya dhawuh maring, para kadang Dewa
miwah putra, bisa-a ngudhuni* (ngudhoni/nguruni) ing reh,
ambawa-rasa iku, Hyang Basuki wacana aris, mênggah atur punika,
wus lêrês sadarum, namung ing pamanggihingwang, sawêg têlêng
dununging pangesthi jati, mring Kang Murbeng Gaiba.

28.  Analisir pantoging kang gaib, namung dunungipun kang


pinurwa, ing suraos wau dereng, Hyang Guru ngndika rum, palibaya
pantareng mami, mara katêrangêna, babar-pisanipun, sabda
dadining kasidan, Hyang Basuki mangênjali turira ris, mêdhar
wangsit angandhar.

29.  Dhuh pukulun saking wasitaning, guru-ulun Pêksi Rukmawatya,


wukir Mahendra dhepoke, Hyang Kang Murbeng Gaibul, lajêng
murweng anasir rannya, gêni bumi angin we punika dadi, kaananing
manungsa.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 56/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

30.  Latu dadya napsune kang jalmi, martandhani cahya catur


warna, abrit cêmêng jêne putih, bumi badan jasmanu, martandhni
sakawan warni, kulit daging myang tosan, sungsum jangkêpipun,
angin kaananing napas, pan ing lesan ing grana ing netra kalih,
myang pamyarsaning karna.

31.  Dene toyo dados kaananing, êroh catur isining wiryawan, ing
Jitabsara têmbunge, inggih asrar puniku, roh jasmani êroh kewani,
êroh nabati lawan, roh nurani catur, punika bilih kawula, sigêg ture
Bathara Basuki sukci, mangkya Sang Hyang Sriyana.

32.  Matur alon ring Hyang Odipati, dhuh pukulun sang


Padawinênang, manawi ing wasitane, ing gurunadi-ulun, parab Rêsi
Pramana tunggil, saking pangraos-amba, langkung tlêsihipun,
ingkang wus kasêbut ngarsa, pasêmone Sang Hyang kang Amurbeng
gaib, mênggah pralambangira.

33.  Catur sastra-suwara winarni  A, I, O Rê*) myang


antanwyanjana* (urut-urutaning aksara Jawi), sastra tridasa
saptane, makatên wijangipun, aksara A () mila puniki, angka
sakawan () lawan, aksara SA () wau, mênggah ing pikajêngira, pan
wijining panunggal kawan prakawis, Bahni bantala bajra.

34.  Myang baruna wijangipun nênggih, agni bumi angin miwah


toya, dene aksaraBA () sinung, cêrêg ngandhap () pikajêngneki, bayi
dene tan sondha, dados wujudipun, manungsa ingkang sampurna,
sarwa sangkêp tan wontên kang kirang luwih, aksara O ()
wijangnya.

35.  Mila aksara WA () denpasangi, aksara DA () mênggah


pikajêngnya, mungêl wêdal ing têgêse, pan katingal puniku,
aksara Rê () wijangireki, mila PAcêrêg ngandhap, padha
kanjêngipun, antara ing têgêsira, sampun jangkêp catur swara
têgêsneki, gantya wijiling dênta.

Pupuh 178
M i j i l;

1.      Myang wyanjana ing jarwanireki, pêpêking ponang wong,


nanging dereng mawa repa lire, mabusana jangkêping pakarti, lir
jabang duk lair, sing garbaning biyung.

2.      Muhung Swara pracihnaning urip, de wujuding karo, sastra


dwidasa lan pasangane, yeka kang ran  dênta-wyanjaneki, ha na ca
ra ka- ki *) (); sapiturutipun.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 57/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

3.      Ha na ca ra ka têgêsneki, won duta kinaot **) (wonten duta


kinaot), dunungipun winangsul swarane, ka ra ca na ha lire puniki,
lesan ngucap ing da ta sa wa le-ku *) ().

4.      Têgêse Dat kacihna swareki, dununging suraos, wangsul


swara la wa sa ta da-ne, nggih punika pratandha salami, pa dha ja ya
nya-ki, () lire sami unggul.

5.      Pan punika pancadriya yêkti, dununging suraos, wangsul


swara nya ya ja dha pa-ne, lirnya tan pêgat pangidhêpneki, ma ga ba
tha nga-ki (), nênggih têgêsipun.

6.      Babatangan sarira puniki, wit dadosing kawroh, dunungipun


winangsul swarane, nga tha ba ga ma têgêsireki, ngentha satataning,
ngantareng Hyang Agung.

7.      Sajatine wontên manungseki, srêngkaraning raos, liring


srêngkara abên-manise, rasa-rumangsa saliring osik, kawula lan
Gusti, pamor ing sawujud.

8.      Dene pasangan pêcahireki, ricikan rajah wong, munggeng


angga makatên wijange, ha () lidhah mila dipuntêgêsi, ngetokkên
sakapti, awit lidhah wau.

9.      Anut pakening karsa sayêkti, clupakan netra ro, pasangan na ()


mila ing têgêse, katêrangan wit luwakan aksi, pan karya wênganing,
Hyang Pramana tuhu.

10.  Pasangan ca () tangan têgêsneki, kancuhaning batos, awit tangan


dados kancuhane, osiking tyas nartani pakarti, ra () manik winardi,
sosotya punika.

11.  Wit têrsandhanira wontên manik, rahsa saraseng don, kang


manrangi ing lair batine, ka () cangklakan pundhak denwêrdeni,
kukuh dene kardi, pikuwating bau.

12.  Pasangan da () kalamênjing warni, apanjang kinaot, wit


manjangkên ing jangga wujude, pasangan ta () cangklakaning sikil,
winastan cacêthik, prênah têgêsipun.

13.  Dene dadya lantaran yêkti, kuwatin ngalunggoh, anartani tata-


trapsilane, pan minangka lambaraning takrim, antuk suku kalih,
dadya ugêripun.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 58/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

14.  Pasangan sa () jaja antaraning, têgêsipun golong, dene dadya


kanthi sayêkti, awit jaja dununging piranti, pirantining urip,
parabot kang parlu.

15.  Pasangan wa () bau ingkang kering, tinêgêsan karo. Dene dadya


kanthi sayêktine, bau kanan lalawananeki, jangkêping pakarti, bau
ro puniku.

16.  Pasangan la () gêgêr kanan kering, têrusan njaba jro, dene


nêrusi jaja ngajênge, pasangan pa () lambe ngandhap nênggih, mila
dentêgêsi, patitis puniku.

17.  Dene bangkit mijilkên yêkti, pangucap cumêplos, tan kaleru


tampining osike, pasangan dh () nnggih dentêgêsi, dadalan sêjati, wit
dhadha puniku.

18.  Dados margi pratandhaning uirp, kakêtêg ing jêro, mangka


paliwaraning Atmane, pasangan ja () sandhing thêthêngiling, jaja
dentêgêsi, patitis puniku.

19.  Dene dados pangajênging ciri, ayu kajêngipun peranging kono,


aksara *)(wujuding aksara tuwin pasanganipun sami) ya () babau
kanane, tinêgêsan cuthat wit nampeni, karêntêging ati, tumindak
sakayun.

20.  Pasangan nya () luwakaning ngaksi, kang kering kinaot, mila


tinêgêsan mulung lire, dene bangkit amêngani kapti, sasmitaning
liring, ngênani panuju.

21.  Pasangan ma () janggut dentêgêsi, bundêran wang karo,


aksara ga *)(wujuding asksa sami kalaiyan pasanganipun) () jangga
wingking lire, agêng dene panggenaning nginggil, sanginggil angkeki,
kêrêtang pok gulu.

22.  Pasangan ba () pasu wujudneki têgêsira karo, lire kêmbar


nrambahi mukane, pasangan tha () wujuding thi-athi, tinêgêsan
nênggih, tulising mukeku.

23.  De mimbuhi asrining suwarni, antareng karno ro,


pasangan nga () nênggih bolongane, ing grana mila dentêgêsi,
pangingsêp wit saking, panggandasmareku.

Pupuh 179
Asmaradana;

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 59/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

1.      De cêcêg () grana lirneki, sami lawan aksara nga, wulu () sirah


ing têgêse, pêpêt () têgêse mbun-êmbunan, layar () lirira jaja, sami
lawan rapunika, dene cakra () têgêsira.

2.      Midêr lawan amêngkoni, yeku dhadha têgêsira, ingaran


sawarga lire, pangiraning tyas punika, kawêngku jroning dhadha,
marma pasangan dha jumbuh. Pikajênge lawan cakra.

3.      Taling () têgêsira kuping, tarung () thêthêngêling karna,


ingaranan srêngkara, abên-manis têgêsipun, marma ingaran
mangkana.

4.      Krana dadi lantaraning, pacampuring rahsa mulya, dene wa ()


gêmbung têgêse, pan punika bau kiwa, pengkal () pan bau
kanan, wignyan () cangkêm têgêsipun, ing dununging pamicara.

5.      Winastan wisarja nênggih, lire bêcik klawan ala, saking tutuk
ing margane, rinan malih awiyarja, luwih bêcik têgêsnya, saknya
malih têgêsipun, nut sapakon têgêsira.

6.      Pakoning manah sayêkti, mulya sae nulya ala, tutuk darma
mêdharake,pangkon () pandhaku lirira, ingaranan pêjahan, sing
aksara kang pinangku, sayêkti wujud manungsa.

7.      De cahya kawan prakara, cêmêng abrit jêne pêthak, nênggih


ing panjing surupe, cahya cêmêng anjingira, sumurup cahya rêta,
rêta manjing surupipun, nênggih maring cahya jênar.

8.      Jênar manjing surupneki, maring cahya ingkang pêthak, cahya


pêthak ing surupe, maring cahya mancawarna, cahya kang
mancawarna, mring cahya mancorong iku, nênggih panjing-
surupira.

9.      Cahya kang mancorong manjing, mring cahya mancur


surupnya, cahya umancur surupe, mring cahya wêning punika,
cahya wêning surupnya, mring cahya gumilang iku, cahya gumilang
surupnya.

10.  Marang cahya ingkang gaib, têgêse gaib pan samar, kendêl
Sriyana ature, Hyang Guru kelangkung suka, karênan ing wardaya,
dene ta punika kawruh, kapralambang saking sastra.

11.  Sang Hyang Sriyana sinung sih, pinaraban Panyarikan, jawata


jumurung kabeh, mangayubagya ing karsa, sigêg Sriyana turnya,
tandya Sang Endra sumambung, matur sarwi ngaraspada.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 60/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

12.  Saking raosipun maksih, kadho-kadho ing pangancas, nênggih


dhatêng ing kajaten, awit maksihkaroneyan, bokbilih tidha-tidha,
pamanthênging tyas kalentu, korup dhatêng panguripan.

13.  Manawi pamanthêng kami, namung riningkês kewala, dhatêng


ênêng lan êninge, dene dadose dumadya, rupa warna busana,
pangracutipun pan namung, rasa ambu warna rupa.

14.  Mênggahing pangancas-kami, saestu datan nalimpang, muhung


mring nukat gaibe, pukulun pangraos amba, wus tan ana tisna-a,
nêtês naratas wus putus, wasana ulun sumangga.

15.  Sigêg Sang Hyang Endrapati, dennya medhar pangawikan,


mangkya Hyang Wisnu ature, nuwun mênggah aturira, risang
Hyang Panyarikan, kawruh kapralambang dhaup, lawan sastra
samoanya.

16.  Ingkang punika mêwahi, têranging kang sasêrêpan, mênggah


saking wasitane, Sang Ngusmanajid gurwamba, kaananing
manungsa, punika anunggil dhapur, lan kang nglimputi sarira.

17.  Purwanya namung satunggil, kadamêl kalih ilapat, dene ta


binasakake, kakalih ingkang ilapat, langkung kang amicara,
winastan kalih saestu, winastanana satunggal.

18.  Sayêktosipun satunggil, mênggah sastra tanah Ajam, kang


tumrap angga kathahe, jangkêp tigangdasa sastra, saking enget
kuwula, Hyang Pramesthi ngandika rum, mara kulup wêdharêna.

19.  Sang Hyang Wisnu mangênjali, sareh wêdaling wacana, alip (…


‫ )…ﺍ‬maripat kalihe be (…‫ )…ﺏ‬bolongane kang grana, te (…‫)…ﺕ‬
ing utêng dunungnya, se (…‫ )…ﺙ‬daging jim (…‫ )…ﺝ‬sirah
lungguh, ke alit (…‫ )…ﺡ‬karna kang kanan.

20.  Ke ageng (…‫ )…ﺥ‬karna kang kering, dal alit (…‫ )…ﺩ‬bau kang


kanan, dal agêng (…‫ )…ﺫ‬bau keringe, ra (…‫ )…ﺭ‬iga têngên
kiwa, je (…‫ )…ﺯ‬iga ingkang kiwa, sin alit (..‫…ﺱ‬.) têngêng kang
susu, sin agêng (…‫ )…ﺵ‬susu kang kiwa.

21.  Sad (…‫ )…ﺹ‬lambung kang têngên nênggih, êdhot (…‫)…ﺽ‬


lambung ingkang kiwa,te (…‫ )…ﻁ‬kukulung ati nggonne, dha (…
‫ )…ﻅ‬ing jantung dunungira, ngain (…‫ )…ﻉ‬pupu kang
kanan, ghin (…‫ )…ﻍ‬pupu kiwa dumunung, fe (…‫ )…ﻑ‬suku têngên
ênggonnya.

22.  Khaf (…‫ )…ﻕ‬ing dhêngkul têngên nênggih, kaf (…‫ )…ﻙ‬suku


kiwa dunungnya, lam(…‫ )…ﻝ‬ing wêtêng, min (…‫ )…ﻡ‬otote, nun (…
‫ )…ﻥ‬balung, wawu (…‫ )…ﻭ‬gigirnya, ehe (…‫ )…ﻫ‬tlapakan
kanan, lam-alip (…‫ )…ﻻ‬dunungipun, aneng lathining manungsa.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 61/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

23.  Ambyah (…‫ )…ﺀ‬dhêngkul kiwa nênggih, ya (…‫ )…ﻱ‬tlapakan


ingkang kiwa, jangkêp sastra tridasane, mangkya rêringkêsanira,
badane kang manungsa, ing saestunipun sampun, inggih angucap
piyambak.

*) Alip dumugi ya ing pada 19 dumugi 23, aksara Arab tigangdasa,


panyêratipun Latin kirang cocok kaliyan ungêlipun, mila ing wingkingipun
kasêrat aksara Arabipun ing kurungan (……) ingkang boten perlu kawaos.
Aksara Arab wau ing buku aslinipun botên kaserat. Ing ngriki katambahakên
murih cêthanipun.

24.  Makatên panabdaneki, Ashadu Allah illaha, Illa Allah de


wijange, As kulit hadagingira du gêtih, Allah, urat ilaha iku
babalung, illa sungsum Allah utak.

25.  Manungsa kalamun guling, mangka matrapkên sukunya,


kakalih dhinempetake, dumadi wujud sajuga, dlamakan kalih pisan,
tinapakkên sikut kakalih tumumpang.

26.  Aneng ing prajaneki, asta kekalih kinêmpal, dados sajuga


wujude, ingadêgakên sadaya, punika sampun tansah, anêbut ing
namanipun, tuwin namaning Pangeran.

27.  Gumaluntung ingkang jalmi, punika mungêl Muhammad, dene


pratingkahe sare, mungêl Asmaning Pangeran, Allah
Pangeraningrat, kang murbeng pasthi satuhu, wijange kawikanana.

28.  Awit ing sirah dumugi, pungkasan ingkang jangga,


aksara min (mim) awalane, pinêcah dumadya tiga, kêlênging kalih
netra, manjing mring Dating Allahu, kang kalair sadayanya.

29.  Mênggah kajêngipun nênggih, dhatêng makripat mukadas,


mungêl la ing grêbanane, mangkya awit ing pranaja, dumugi
cêthikira, aksara ahe (ehe) punika, lajêng kawijang triwarna.

30.  Wujudipun khe manjing maring, Sipat Allah kang lair pan, dene


punika kajênge, maring Kakekat mukadas, grêbanipun winawas,
anênggih tan liyan namung, ing ungêlipun Illaha.

31.  Lajêng wit jênthik dumugi, ing dhêdhêngkul kering kanan,


punika min (mimakirane, ugi einijang titiga, wujuding kang aksara,
manjing maring Asma Allahu, ingkang kalair sanyata.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 62/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

32.  Kajêngipun tan lyan maring, dhatêng tarekat mukadas, ginêrba


ungêle, muhung maring lapal Illa, pungasan winursita, awit kakalih
kang dhêngkul, dumugi driji dlamakan.

33.  Yeku aksara dal yêkti, lajêng kawijang titiga, wujuding kang
aksarane, manjing mring Apêngal Allah kang, lair de kajêngnya,
mring Sarengat mukadasu, grêbanipun mungêl Allah.

34.  Aturulun sampun titi, kawontênaning wasita, muhung amrih


ywa tumpang so, winujudakên ing gambar, tinrapkên ing ron êtal,
ciniren katranganipun, gambar kalih dyan binabar.

35.  Mawa cahya anêlahi pindha ulading (alading dahana,


ubaling) dahana, surem Hyang Rawi sorote, binarung swara gurnita,
kilat thathit liwêran, horêg sapta bantalaku, mêsês kanang bayu
bajra.

36.  Lir kinêbur kang jaladri, pêthite Hyang Antaboga, kumitir


horêg anggane, satêmah ingkang bantala, gonjang-ganjing ruhara,
ardi Jamusdipa njêpluk (njêbluk), kadi papêdhut rinaras.

37.  Sang Bathara Odipati, Sang Rêsi Kanekaputra, miwah Sang


Hyang Basukine, Hyang Rndra Hyang Panyarikan, wus sadaya tan
kuwawa, anyêlaki gambar wau, lir sinambêr gêlap lêpat.

38.  Sadaya wus dhawah saking, palênggahan sowang-sowang,


sumaput lir nir jiwane, muhung Sang Bathara Suman, tan owah
dennya lênggah, gambar kalih dyang ranacut, wus sirna kang gara-
gara.

39.  Nahên kang gumuling siti, pungun-pungun wus waluya, wangsul


mring palênggahe, karsane Hyang Mahanasa, sadaya kang
kawêdhar, dening Hyang Bathara Wisnu, dilalah samya kalepyan.

40.  Kadya anggane angimpi, wungu nendra tan kengêtan,


dhumatêng ing supênane, muhung Sang Hyang Guirinata, jroning
tyas gung ginagas, ginilut jumbuhing kawruh, tambah ingkang
pangawikan.

41.  Mangkono Hyang Wisnu Murti, graiteng tyas datan samar,


dhumatêng kaanane, pinunggêl kang pangandika, amangsuli
pangiwa, mangkana ing aturipun, dhuh Hyang Hyang
Padawinênang.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 63/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

42.  Aturnya Kanekasiwi, myang Basuki Panyarikan, tanapi Endra


ature, ingkang Makatên punika, inggih lêrês sadaya, nanging ing
pamanggihulun, panggêlar panggulungira.

43.  Taksih tumpang so tan mathis, manawi ing wasitanya, guru ulun
Sang kinaot, Ngusmanajid ingkang usman, asalipun manungsa,
inggih saking hêb satuhu, tumurun pan dados cahya.

44.  Kasumupan ponang bumi, dahana maruta tirta, makatên


mênggah dununge, jasat napsu napas rokyat (rohkyat), ingkang
rumiyin dadya, ponang rohkyat napas napsu, kapat jasat kanthinira.

Pupuh 180
Kinanthi;

1.      Sawêg samantên turipun, dennya mêdhar sabda rungsit, Hyang


Guru aris ngandika, eh kulup bênêr sireki, apa tan unggul dahana,
de sira unggulkên bumi.

2.      Luwih asor bumi iku, yêkti unggul ingkang agni, Hyang Wisnu
matur manêmbah, sami lêrêsipun ugi, manawi bangsaning Ejan,
linuhurkên ingkang agni.

3.      Awit asal saking latu, luhuripun saking jin, Banujan jin Idajila,
ing srat Jitabsara sami, Sang Hyang Handyan Hayang Banujan, di
Anjiyasmal jibai.

4.      Hyang Guru malih tanya rum, balik sira iku kaki, asalmu saka
ing apa, Wisnu matur mangênjali, ulun manungsa kajiman, nanging
luhur ingkang saking.

5.      Manungsa sayêktinipun, kaliyan kajiman mami, eh kulup apa


ta nora, rumuhun bangsaning Ngêjin, lêrês pukulun punika, nanging
tumtaping ring mami.

6.      Miwah sarira pukulun, punika rumiyin janmi, kang awit Dang
Hyang Ad-Hama, Sang Hyang Siwa ingkang ugi, Nabi Sis minulya,
punika manungsa jati.

7.      SarVng ing dumuginipun, Sang Hyang  Nurcahya ing ngarsi,


nVnggih nama Sayid Anwar, lajêng Sang Hyang Nur-raseki, Sang
Hyang Wênang Sang Hyang Tunggal, sirna kamanungsaneki.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 64/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

8.      Jisim rohkani sadarum, tan katon dipuntingali, sarêng dumugi


paduka, amêngku ing Alam kalih, sagêd botên katingalan, saged
katingal ing jalmi.

9.      Amargi kanjêng pukulun, mangesthi sagêd ngratoni, manungsa


lir Hyang Ad-Hama, Hyang Guru ngandika malih, bênêr kaya
tekatira, amung kanggo mênang êndi.

10.  Tekatira kang saestu, apa manungsa apa jin, Sang Hyang Wisnu
aturira, ulun angge lair batin, ing batin manungsa-tama, ing lairipun
pan êjin.

11.  Wit ulun urutkên estu, asale jiwa rageki, kamanungsan ulun
asal, saking luluhur pribadi, mila kangge kabatinan, amarga jalu
pinasthi.

12.  Dados lalantaranipun, kang wontênkên *) (ngawontênakên) jiwa


mami, mênggah kajiman kawula, saking ing leluhur estri, kang awit
Sang Hyang Nurcahya, kamantu dening Raja Jin.

13.  Mila punika pukulun, kawula anggêp ing lair, eh kulup têlênging
tekat, apa ora anêtêpi, babasan kabali sura, myang sungsang bawana
balik.

14.  Bathara Wisnu turipun, boten ing saestu neki, ing ngandhap ing
nginggil kebalt,  kawêngku ing têngah awit, wontênipun winastanan,
ing ngandhap tuwin ing nginggil.

15.  Yeku ancêr-ancêipun, wontên ing manungsa jati, Sang Hyang


Guru duk myarsa, asru karênaning galih, babo atmajengsun Suman,
sira angunggal pangesthi.

16.  Kalawan ing jênêng-ingsun, mangkya sira su wêwahi, paparaba


Narayana, mratandhani kahananing, sira manungsa sanyata, Sang
Hyang Wisnu mangastuti.

17.  Para jawata sadarum, abipraya nêmbadani, sasampunira


mangkana,  Sang Hyang Wisnu nulya kardi, ekal cakra dadya
tandha, bundêring santoseng ati.

18.  Nahan ta Bathara Guru, sawusira amiyarsi, ature kadang dewa,


lan putra Bathara kalih, tyas langkung marwata suta, sinung
ilhaming Hyang Widhi.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 65/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

19.  Sadaya sampun kacakup, datan ana ingkang cicir, dhawuh


wijiling kang sabda, kadang dewa sadayeki, myang putranipun
bathara, ing samangkya karsamami.

20.  Kumpulung kawruh sadarum, ingsun dadekkên sawiji,


minangka wawatoning kang, kawruh kadeatan adi, dadiya
gêbênganira, suteng-ulun Endrapati.

21.  Nanging ingsun kêkêr kukuh, sarta ingsun waranani, lawan hya
kongsi kajambar, sadhengahing manungseki, supayane iku haywa,
madhehkên ing Jawata di.

22.  Marmane manira asung, pralambang iku yen bangkit, iya dadya
manrimanya, ingkang sarta banjur dadi, ing Sanstra
Cêtha priyangga, ing sadurungira dadi.

23.  Ing Sastra Cêtha puniku, apan ta ingsun-aranni, Sastra jendra


ayuninrat, pangruwat diyu rasêksi, wanara salaminira, dêlahan
nunggal jalma-di.

24.  Iku ta ing lairipun, dadiya ambêk bumi, mungguh ta ing


kabatinan, dumadiya pancadaning, sangkan paraning dumadya,
nunggal kawula lan Gusti.

25.  Mratandhanana saestu, kanugrahan ingkang dhingin, limang


ukara kehira, dumadi ambêgireki, mungguh ta ingkang
ingaran, Panca purwanda pangrawit.

Pupuh 181
S i n o m;

1.      Kang dhingi ambêging surya, kapindho ambênging bumi, katri


ambêging maruta, catur ambêging jaladri, panca ambêging langit,
ing sapangkat maneh iku, aran Panca Dumadya, iku kadadyanireki,
apan uga tumangkar limang prakara.

2.      Kang dhingi babaring tigan, dwi lêpasing sastra-lungit,


tumamaning punglu tri-nya, catur pêdhang lumaraping, lima
rêmbêsing warih, ing sapangkat maneh iku, aran Panca Pranata,
dadi pratandhanireki, apan uga tumangkar limang prakara.

3.      Mandhêg iku kang kapisan, angkêr ingkang kaping kalih,


sumunu kang kaping tiga, sumulap kaping patneki, mamarap ping
limeki, dadi tri golonganipun, lah para kadang dewa, lan putra
bathara kalih, kono padha surasanen tranging nala.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 66/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

4.      Kadiparan karêpira, lawan kadadeyaneki, nahên para kadang


dewa, lositanireng panggalih, bangkit mbabarkên nanging, tan sagêd
panangkaripun, tuwin kakalih putra, asagêd mêcah ananging, tan
kuwawa maradhahi kang surasa.

5.      Sadaya matur sumangga, Hyang Guru ngandika malih, eh


kadangingsun pra dewa, lan putraningsun kalih, marmanira sireki,
ywa ngaku pintêr kalangkung, mundhak kablingêr padha, kang awit
babasaning ling, jalma pintêrpasthi kasor dening jalma.

6.      Kang sugih pratikel tatas, de jalma pratikel awig, kasor dening
jalma ingkang, inggil luhur misesani, margi margi kang Murbeng
pasthi, anamtokkên jênêngingsun, ginadhuhan wisesa (ginadhukan
kang wisesa), lwih kuwasa jênêngmami, sumurupa duninunging
andikaningwang.

7.      Mungguh abênging kang surya, amongat têmbungireki,


jarwane among samoa, awit ta ananing rawi, tansah angon sakalir,
ngulatkên sakeh tumuwuh, tumrape mring pambêgan, eling dene
dunungneki, ing pramana dadi nora kasamaran.

8.      Ambeging bumi winarna, sun-têbungkên amot yêkti, karêpe


amot sadhengah, dene kaananing bumi, bobot sakeh dumadi
tumraping, pambêkan bakuh, dununge ing jatmika, sarira antêng
tyas mintir, ing wasana dadi nora berabeyan.

9.      Ambêking kanang maruta, sun-têmbungkên kamrat yêkti,


karêpe kamot sabarang, dene kaananing angin tansah katadhah
dening, samoaning kang tumuwuh, tumrape mring pambêkan, têmên
dene dunungneki, aring ingkang napas dadi tan ndaleya.

10.  Nahan ambêking sagara, sun-têbungakên mamrat yêkti, karêpe


momot tan wêgah, kaananing kang jaladri, tan nampik datan milih,
sasarah tumaneng laut, tumrap pambêkan sabar, neng rêrêming rasa
jati, dadi nora pradulen sugih waonan.

11.  Kanang ambêking akasa, sun-têmbungkên mangkyat nênggih,


kaêpe pamêngka ika, dene kaananing langit, datan sah  angaubi,
saisining ngrat kawêngku, tumrap ambêg santosa, dumunung
sarehing kapti, dadi nora gimirên karêp sadhengah.

12.  Lah ta padha kawruhana, kumpule pambêkan gati, among amot


kamot miwah, momot mêngku jangkêpneki, dene tumrapireki,
pambêkan lilima iku, eling têmên mantêp lan, sabar santosaning ati,
de dununge pambêkan limang prakara.

13.  Pramana jatmika ing tyas, aringing napasireki, kalawan


rêrêming rahsa, sareh ing karsa mumpuni, mungguh dadinireki,
pambêkan lilima mau, tan samar tan dahwenan, tan sêmbrana lawan
malih, tan panasan tan gimiran pungkasannya.
https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 67/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

14.  Mêdhar kang Panca Dumadya, limang ukara ginupit, angin


babaring antiga, nalika ingsun arani, têtêp karêpireki, tetela ing
ananipun, têtêp dadining gêsang, kawahana tandhaneki, de tandhane
iku ana ing pangrasa.

15.  Pindho lêpasing kang manah, ramatas ingsun arani, karêpe tatas
naratas, yeku têdhas anêdhasi, satuhu anêtêpi, sangkan paraning
tumuwuh, dene ta pratandhannya, sonya ruri anartani, nyatanira
ing pamyarsaning kang karna.

16.  Kaping tri tumamanira, punglu mamis sun arani, tumêlêng


karêpe apan, patitis iku ngencoki, datansah anêtêpi, marang
dudununganipun, tumanêm pratandhanya, nyatane lungguhireki,
aneng lathi iya iku pamicara.

17.  Kaping pat laraping pêdhang, maratas ingsun arani, karêpe


mring kaputusan, pêgat tanpa kiwir-kiwir, babarpisan nêtêpi, tandha
kasampurnanipun, nyatane ing pangganda, arum bangêr amis bacin,
arum sêdhêp kanyataan saka grana.

18.  Ping lima rêmbêsing toya, tumuhas ingsun arani karêpê tumus
arabas, iku têrus anêrusi, dene ptatandhaneki, linggabathara satuhu,
jumênêng batharanya, mungguh kanyataaneki, ing paningal jangkêp
kang Panca dumadya.

19.  Kumpule kadadyan lima, têtêp tatas sarta titis, putus tumus sah
lilima, gênahe lilima maring, tetela têdhas tuwin, angincoki
pêgatipun, kanyataaning lima, kawahana sunyaruri, myang
tumanêm sampurna lingga-bathara.

20.  Nyatane ing kadadeyan, lilima tan liyan maring, pangrasa


ingkang kapisan, ing karna kang kaping kalih, ing lesan kaping
katri, ing grana kang kaping catur, ing paningal ping  gangsal,
kadang dewa putra sami, sru katrêsnan umatur kalajêngêna.

21.  Odipati mêdhar sabda, prabawa limang prakawis, nahan


landhêp kang kapisan, iku sun arani lêngit, marang singit karêmpit,
karêpira iya iku, mamêdeni wong kathah, dene wus anjumbuhi,
kalawan Hyang Maha Suksma Kang Kawêkas.

22.  Wus anunggal sakaanan, sarira suksma pribadi, kapindhone


kawaskitan, wikan purwaning dumadi, ing agal miwah rêmit,
sawujud Bathara Luhung, akaprabawan saka, waskithanireng
panggalih, kaya-kaya uning sadurung winahya.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 68/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

23.  Sumunu kang kaping tiga, iku lênyêp sun arani, karêpe wingit
sanyata, antêng ruruh anyênênni, de wus nugraha jati, Bathara
ingkang linuhung, kaprabawanan saka, sarwa dyatmika ing budi,
nênging(~) nala nêrusi marang sarira.

24.  Sumulap ingkang kaping pat, lêmarap ingsun arani, angulapi


karêpira, iya iku (m)balêrêngi, kang mandêng tan kuwawi, dene ta
uwus saestu, rikang sotya-bathara, awit kaprabawan saking,
anarawang sadaya sarwa pramana.

25.  Mamarap kang kaping lima, lêmahab ingsun arani, maladi


karêpe ika, iya iku angurubi, dene ta wus linêwih, sajiwa bathara
iku, wus kaprabawan saka, sarwa wibawa wiryadi, uwus ganêp
prabawa limang prakara.

26.  Kumpule prabawa lima, juga lungit kadwi wingit, tri wingit
ngulabi warna, kaping limane maladim gênahe prabaweki, kang
sapisan iku alus, mêdeni kapindhonya, kaping trine anyênêni, pat
(m)blêrêngi amaladi limanira.

27.  Prabawa ingkang prabawa, waskitha ingkang rumiyin, pangrasa


ping kalihira, dyatmika kang kaping katri, pramana caturneki,
wibawa ping limanipun, atusing pangandika, -nira Sang Hyang
odipati, myang pra dewa dyan muksa mring pakayagan.

28.  Mangkane kang Sastra Cêtha, mungguh Panca purwandeki,


bumi gêni angin toya, dadi jasate kang jalmi, langit ngibaratneki, ing
alam suwung sathu, dene wus kanyataan, amêngkoni ing dumadi, de
karêpe batin mêngku kalairan.

29.  Dene ta Panca dumadya, Pancadriya dunungneki, pangraos


ingkang sapisan (˚) pamyarsa kang kaping kalih, pangucap kang
kaping tri, pangganda kang kaping catur, paningal kang kaping
lima, sadayeku padha dadi, trêsandhaning uripe ingkang manungsa.

30.  Mungguh kang Panca prabawa, puniku amratandhani,


katarimaning manungsa, katarimaning manungsa, katingaling sarira
di, waskitha têgêsneki, lêrêsing pramana estu, pangrasa têgêsira,
lêpasing karya sayêkti, pramana pan lêpasing pandulunira.

31.  Dyatmika ing têgêsnira, sênênning cahya mranani, wibawa


têgêse apan, mêngku sakeh raos jati, pinetak lima malih, sarira-
bathara iku, uwus abadan budya, sawujud bathara nênggih,
satuhune uwus nunggal warna rupa.

32.  Nugraha bathara ika, uwus ênêng sarta êning, netra-bathara iku
apan, uwus linêpas ing budi, sajiwa-bathara di, wus langgêng
kaananipun, kawula Gusti nunggal, lah anakmas wus baresih, Sastra
https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 69/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Jendra unggahe mring Sastra Cêtha.

Nyuwun agunging samudra pangaksama dumateng sadaya para


sarjana ugi pinisepuh mugi purun nampi keladhug kurang
trapsilaning pun Kumitir sampun kumalancang wantun ngedalaken
kawruh ingkang sinengker punika, Kumitir namung sadermi
ngleruri kabudayan Jawi paribasan : ‘canthing jail dicidhukna
banyu segara olehe iya mung sathithik, lowung dene taksih saged
nyidhuk, sanadyan namung saisining canthing jail, tinimbang
suwung blung. Sampun titi tamat wedharing kawruh Sastra Jendra
Hayuningrat menggah unggahing mring Sastra Cêtha, tumplêg ing
maknawi kinarya lalantaran ing agêsang wus anyêkapi, mugiya
tansah angsal kanugrahan saking ngarsaning Hyang Murbeng
Gesang. Rahayu.

(11). Belajar dari Wejangan Nabi Khiddir pada Sunan Kalijaga;

Banyak pelajaran yang bisa kita ambil dari pengalaman hidup, baik
itu pengalaman hidup pribadi maupun orang lain. Orang Jawa
menyebut belajar pada pengalaman orang lain itu sebagai “kaca
benggala”. Nah, kini kita belajar pada pengalaman dari Kanjeng
Sunan Kalijaga. 

Ketika itu, Kanjeng Sunan Kalijaga yang


juga dijuluki Syech Malaka berniat hendak
pergi ke Mekkah. Tetapi, niatnya itu
akhirnya dihadang Nabi Khidir. Nabi Khidir
berpesan hendaknya Kanjeng Sunan
Kalijaga mengurungkan niatnya untuk pergi
ke Mekkah, sebab ada hal yang lebih penting
untuk dilakukan yakni kembali ke pulau
Jawa. Kalau tidak, maka penduduk pulau
Jawa akan kembali kafir.

Bagaimana wejangan dari Nabi Khidir pada Kanjeng Sunan


Kalijaga? Hal itu tercetus lewat Suluk Linglung Sunan Kalijaga.
Inilah kutipan wejangannya:

Birahi ananireku,
aranira Allah jati.
Tanana kalih tetiga,
sapa wruha yen wus dadi,
ingsun weruh pesti nora,
ngarani namanireki

Timbullah hasrat kehendak Allah menjadikan terwujudnya dirimu;


dengan adanya wujud dirimu menunjukkan akan adanya Allah
dengan sesungguhnya; Allah itu tidak mungkin ada dua apalagi tiga.
Siapa yang mengetahui asal muasal kejadian dirinya, saya berani
memastikan bahwa orang itu tidak akan membanggakan dirinya
sendiri.

Sipat jamal ta puniku,


ingkang kinen angarani,
pepakane ana ika,
akon ngarani puniki,
iya Allah angandika,
mring Muhammad kang kekasih.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 70/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Ada pun sifat jamal (sifat terpuji/bagus) itu ialah, sifat yang selalu
berusaha menyebutkan, bahwa pada dasarnya adanya dirinya,
karena ada yang mewujudkan adanya. Demikianlah yang
difirmankan Allah kepada Nabi Muhammad yang menjadi Kekasih-
Nya

Yen tanana sira iku,


ingsun tanana ngarani,
mung sira ngarani ing wang,
dene tunggal lan sireki iya Ingsun iya sira,
aranira aran mami

Kalau tidak ada dirimu, Allah tidak dikenal/disebut-sebut; Hanya


dengan sebab ada kamulah yang menyebutkan keberadaan-Ku;
Sehingga kelihatan seolah-olah satu dengan dirimu. Adanya AKU,
Allah, menjadikan dirimu. Wujudmu menunjukkan adanya Dzatku

Tauhid hidayat sireku,


tunggal lawan Sang Hyang Widhi,
tunggal sira lawan Allah,
uga donya uga akhir,
ya rumangsana pangeran,
ya Allah ana nireki.

Tauhid hidayah yang sudah ada padamu, menyatu dengan Tuhan.


Menyatu dengan Allah, baik di dunia maupun di akherat. Dan kamu
merasa bahwa Allah itu ada dalam dirimu

Ruh idhofi neng sireku,


makrifat ya den arani,
uripe ingaranan Syahdat,
urip tunggil jroning urip sujud rukuk pangasonya,
rukuk pamore Hyang Widhi

Ruh idhofi ada dalam dirimu. Makrifat sebutannya. Hidupnya


disebut Syahadat (kesaksian), hidup tunggal dalam hidup. Sujud
rukuk sebagai penghiasnya. Rukuk berarti dekat dengan Tuhan
pilihan.

Sekarat tananamu nyamur,


ja melu yen sira wedi,
lan ja melu-melu Allah,
iku aran sakaratil,
ruh idhofi mati tannana,
urip mati mati urip.

Penderitaan yang selalu menyertai menjelang ajal (sekarat) tidak


terjadi padamu. Jangan takut menghadapi sakratulmaut, dan
jangan ikut-ikutan takut menjelang pertemuanmu dengan Allah.
Perasaan takut itulah yang disebut dengan sekarat. Ruh idhofi tak
akan mati; Hidup mati, mati hidup

Liring mati sajroning ngahurip,


iya urip sajtoning pejah,
urip bae selawase,
kang mati nepsu iku,
badan dhohir ingkang nglakoni,
katampan badan kang nyata,
pamore sawujud, pagene ngrasa matiya,
Syekh Malaya (S.Kalijaga) den padhang sira nampani,
Wahyu prapta nugraha.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 71/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

mati di dalam kehidupan. Atau sama dengan hidup dalam kematian.


Ialah hidup abadi. Yang mati itu nafsunya. Lahiriah badan yang
menjalani mati. Tertimpa pada jasad yang sebenarnya.
Kenyataannya satu wujud. Raga sirna, sukma mukhsa. Jelasnya
mengalami kematian! Syeh Malaya (S.Kalijaga), terimalah hal ini
sebagai ajaranku dengan hatimu yang lapang. Anugerah berupa
wahyu akan datang padamu.

Dari wejangan tersebut kita bisa lebih mengenal GUSTI ALLAH


dan seharusnya manusia tidak takut untuk menghadapi kematian.
Disamping itu juga terdapat wejangan tentang bagaimana
seharusnya semedi yang disebut “mati sajroning ngahurip” dan
bagaimana dalam menjalani kehidupan di dunia ini.

(12). Wirid Maklumat Jati

WIRID MAKLUMAT JATI mengku 8 wiridan ;


1. Wirayat Jati
2. Laksita Jati.
3. Panunggal JAti.
4. Karana Jati.
5. Purba Jati.
6. Saloka Jati.
7. Sasmita Jati.
8. Wasa Jati.

8 Wiridan punika minangka Wedharing Ilmu Kebatosan.

” UILAHENG HONGMANGARCANA, MATAYA, AWIGNA


MASTUNA MASHIDEM, UPAH MAYANA SIWAHA “

Suaroasipun : Dhuh hem adhuh, kawula manembah ing suksma,


dununging panembah, sageda tinarimah lan angsal ganjaran saking
kamirahanipun Sang Hyang Guru, ingkang mengku sakliring
pepadhang.

Anenggih punika pituduh


ingkang sanyata, anggelaraken
dunung lan pangkating kawruh
kasampurnan, wiwiwnih saking
pamejangipun para wicaksana
ing Nungsa Jawi, karsa
ambuka pitedah kasajatining
kawruh kasampurnan,
tutladhan saking kitab
TASAWUF. Panggelaring
wejangan wau thukul
sakingkaweningan raosing
penggalih, inggih Cipta
Sasmitaning Pangeran, rinilan
ambuka wedharing pangandikaning Pangeran dhateng Nabi Musa
Kalamolah, ingkang suraosipun mekaten ” ING SABENER –
BENERE MANUNGSA IKU KANYATAHANING PANGERAN,
LAN PANGERAN IKU MUNG SAWIJI “

Pangandikaning Pangeran ungkang mekaten wau, inggih punika


ingkang kawesharaken dados witing kawruh kasampurnan, ingkang
lajeng kawedharaken para gurunadi dhateng para ingkang sami

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 72/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

katarimah puruitanipun. Dene wonten kawruh wau, lajeng


kadhapuk 8 papangkatan sarta pamejangipun sarana kawisikaken
ing talingan kiwa, Mangertosipun asung pepenget bilih wedharing
kawruh kasampurnan punika mboten kenging kawejangaken
dhateng sok tiyanga, dene kengingipun kawejangaken namung
dhateng tiyamh imgkang sampun pinaringan Ilhaming Pangeran,
tegesipun tiyang ingkang sampun tinarbuka papadhanging budi
pangangen-angenipun ( ciptanipun ).

Awit saking punika, pramila ingkang sami kasdu maos serat punika
sayuginipun sinembuha nunuwun ing Pangeran, murih tinarbuka
ciptaning saged anampeni saha angecupi suraosipun wejangan
punika, awit suarosipun pancen kapara nyata yen
saklangkung Gawat. Mila kasembadanipun saged angecupi punapa
suraosing wejangan punika, inggih muhung dumunung ing ndalem
Raosing Cipta kemawon. Mila inggih mboten kenging kangge
wiraosing kaliyan ingkang sampun NUNGGIL RAOS, wedaling
pangandika ugi mawia DUDUGI lan PRAMAYOGI, mangertosipun
kedah angen mangsa lan empan papan saha sinamun ing
lulungidaning basa.

(13). Memahami Shalat Daim;

Sebelum kita memahami Shalat


Daim, ada baiknya kita memahami
apa sebenarnya arti dari kata Shalat
itu. Arti daripada shalat adalah
mengingat-ingat GUSTI ALLAH
(Dzikrullah) di waktu duduk, berdiri
dan melakukan aktivitas dalam
kehidupan ini. Sedangkan kata
Daim itu memiliki arti terus-
menerus ataupun tak pernah putus.

Jadi, jika kedua kata itu


digabungkan maka Shalat Daim itu berarti mengingat-ingat GUSTI
ALLAH tanpa pernah putus. Atau Dzikrullah secara terus menerus.
Salah satu contoh dari Shalat Daim dapat kita tauladani dari sejarah
saat Sunan Bonang menggembleng Raden Mas Syahid sebelum
bergelar Sunan Kalijaga.

Saat itu Sunan Bonang sudah mengajarkan apa yang dinamakan


Shalat Daim pada Raden Mas Syahid. Bagaimana Shalat Daim itu?
Pertama kali Sunan Bonang menyuruh Raden Mas Syahid untuk
duduk, diam dan berusaha untuk mengalahkan hawa nafsunya
sendiri.

Menurut ajaran dari Sunan Bonang, Shalat Daim itu hanya duduk,
diam, hening, pasrah pada kehendak GUSTI ALLAH. Raden Mas
Syahid tidak disuruh untuk dzikir ataupun melakukan ritual
apapun. Apa rahasia dibalik duduk diam tersebut? Cobalah Anda
duduk dan berdiam diri. Maka hawa nafsu Anda akan berbicara
sendiri. Ia akan melaporkan hal-hal yang bersifat duniawi pada diri
Anda. Hal itu semata-mata terjadi karena hawa nafsu kita mengajak
kita untuk terus terikat dengan segala hal yang berbau dunia.

Awalnya, orang diam pikirannya kemana-mana. Namun setelah


sekian waktu diam di tempat, akal dan keinginannya akhirnya
melemas dan benar-benar tidak memiliki daya untuk berpikir, energi
keinginan duniawinya lepas dan lenyap. Dalam kondisi demikian,
manusia akan berada dalam kondisi nol atau suwung total. Karena
ego dan hawa nafsu sudah terkalahkan.
https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 73/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Demikian juga dengan kondisi Raden Mas Syahid ketika bertapa di


pinggir kali. Ia hanya pasrah dan tidak melakukan ritual apapun.
Hanya diam dan hening. Hingga akhirnya Sunan Kalijaga bertemu
dengan GURU SEJATINYA.

“BADANKU BADAN ROKHANI, KANG SIFAT LANGGENG


WASESA, KANG SUKSMA PURBA WASESA, KUMEBUL TANPA
GENI, WANGI TANPA GANDA, AKU SAJATINE ROH SAKALIR,
TEKA NEMBAH, LUNGO NEMBAH, WONG SAKETI PADA
MATI, WONG SALEKSA PADA WUTA, WONG SEWU PADA
TURU, AMONG AKU ORA TURU, PINANGERAN YITNA
KABEH….”

Lewat Suluk Wujil, Sunan Bonang sudah menjelaskan perihal Shalat


Daim yaitu

UTAMANING SARIRA PUNIKI,


ANGRAWUHANA JATINING SALAT,
SEMBAH LAWAN PUJINE,
JATINING SALAT IKU,
DUDU NGISA TUWIN MAGERIB,
SEMBAH ARANEKA,
WENANGE PUNIKU, LAMUN ARANANA SALAT,
PAN MINANGKA KEKEMBANGING SALAT DAIM, INGARAN
TATA KRAMA.

(Keutamaan diri ini adalah mengetahui HAKIKAT SALAT, sembah


dan pujian. Salat yang sesungguhnya bukanlah mengerjakan salat
Isya atau maghrib (shalat 5 waktu). Itu namanya sembahyang.
Apabila disebut salat, maka itu hanya hiasan dari SALAT DAIM,
hanya tata krama).

Shalat sejati tidak hanya mengerjakan sembah raga atau tataran


syariat mengerjakan sholat lima waktu. Shalat sejati adalah
SHALAT DAIM, yaitu bersatunya semua indera dan tubuh kita
untuk selalu memuji-Nya dengan kalimat penyaksian bahwa yang
suci di dunia ini hanya Tuhan: HU-ALLAH, DIA ALLAH. Hu saat
menarik nafas dan Allah saat mengeluarkan nafas.

Lebih lanjut Sunan Bonang juga menjelaskan tentang cara


melakukan Shalat Daim lewat Suluk Wujil, yaitu

PANGABEKTINE INGKANG UTAMI,


NORA LAN WAKTU SASOLAHIRA,
PUNIKA MANGKA SEMBAHE MENENG MUNI PUNIKU,
SASOLAHE RAGANIREKI,
TAN SIMPANG DADI SEMBAH,
TEKENG WULUNIPUN,
TINJA TURAS DADI SEMBAH,
IKU INGKANG NIYAT KANG SEJATI, PUJI TAN PAPEGETAN.

(Berbakti yang utama tidak mengenal waktu. Semua tingkah


lakunya itulah menyembah. Diam, bicara, dan semua gerakan tubuh
merupakan kegiatan menyembah. Wudhu, berak dan kencing pun
juga kegiatan menyembah. Itulah niat sejati. Pujian yang tidak
pernah berakhir).

Orang yang telah mengenal Tuhannya akan mampu sholat terus


menerus dalam keadaan berdiri, duduk, bahkan tidur nyenyak.
Intinya adalah segala perbuatannya adalah sholat. Inilah yang

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 74/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

disebut “sholat daim”. Aladzina hum ‘ala sholaatihim


daa’imuun. Yaitu mereka yang terus menerus melakukan sholat (Q.S
Al-Ma’aarij : 70:23)

Mereka yang mampu sholat daim adalah mereka yang tidak akan
berkeluh kesah dalam hidupnya dan senantiasa mendapat kebaikan
sebagaimana disampaikan Q.S 70 : 19-22. Nah, sholat daim ini
modelnya seperti apa? Ah.. tentu saja tidak bisa dibeberkan disini
karena sholat daim adalah “oleh-oleh” dari hasil pencarian spiritual
manusia. Tidak bisa diceritakan ke semua orang kecuali mereka
yang telah memiliki kematangan spiritual.

Sholat daim adalah sholatnya orang ‘arif yang telah mengenal Allah.
Ini adalah sholatnya para Nabi, Rasul, dan orang-orang ‘arif. Ilmu
ini memang tidak banyak diketahui orang awam. Lantas bagaimana
dengan sholat lima waktu? Nah sholat lima waktu sebenarnya
adalah jumlah minimal saja yang harus dikerjakan manusia untuk
mengingat Allah. Pada hakekatnya kita malah harus terus menerus
untuk mengingat Allah sebagaimana firman-Nya :

Dan ingatlah kepada Allah diwaktu petang dan pagi (Q.S Ar-Ruum
(30) : 17)

Dan sebutlah nama Tuhanmu pada pagi dan petang. (Q.S Al-Insaan


(76) : 25)

Ayat diatas bukan berarti mengingat Allah hanya dua kali saja yaitu
waktu pagi dan petang sebab makna ayat diatas justru sehari-
semalam! Yakni pagi dimulai dari jam 12 AM-12 PM, sampai
dengan petang jam 12 PM-12 AM, begitu seterusnya. Nah, karena
tidak semua orang sanggup untuk mengingat Allah dalam sehari-
semalam maka sholat lima waktu itu adalah
merupakan event khusus untuk mengingat-Nya. Jika orang awam
tidak ada perintah sholat lima waktu maka tentu saja Allah akan
mudah terlupakan. Kalau Allah

terlupakan maka bumi ini bisa rusak oleh berbagai kejahatan yang
dilakukan manusia. Orang awam perlu dilatih disiplin melalui sholat
lima waktu ini untuk mengingat Allah. Dengan mengingat Allah,
kontrol diri akan lebih kuat.

Namun demikian, janganlah merasa cukup puas hanya dengan


sholat lima waktu. Tingkatkanlah agar kita mampu melakukan
sholat daim. Mari kita simak kembali ungkapan Sunan Bonang yang
tertulis dalam Suluk Wujil :

Utaming sarira puniki

Angawruhana jatining salat

Sembah lawan pujine

Jatining salat iku

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 75/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Dudu ngisa tuwin magerib

Sembahyang araneka

Wenange puniku

Lamun aranana salat

Pan minangka kekembaning salat daim

Ingaran tata karma

Artinya : “Unggulnya diri itu mengetahui hakekat sholat, sembah


dan pujian. Sholat yang sebenarnya bukan mengerjakan isya atau
magrib. Itu namanya sembahyang, apabila disebut sholat maka itu
hanya hiasan dari sholat daim. Hanyalah tata krama”

Dari ajaran Sunan Bonang diatas, maka kita bisa memahami bahwa
sholat lima waktu adalah sholat hiasan dari sholat daim. Sholat lima
waktu ganjarannya adalah masuk surga dan terhindar neraka.
Tentu yang mendapat surga pun adalah mereka yang mampu
menegakan sholat yaitu dengan sholat tersebut, ia mampu mencegah
dirinya dari berbuat keji dan mungkar.

Sayangnya, saat ini banyak orang yang hanya meributkan sholat


fisiknya saja dan melupakan hakekat sholat itu sendiri. Seringkali
jika terdapat perbedaan pada gerakan ataupun bacaan sholat,
mereka saling ribut mengatakan sholatnya paling benar dengan
menyebut sejumlah Hadist yang diyakininya benar.

PAWELING;

PIYANDEL lan PAMAIBEN punika angalang-ngalangi pangertos


tumrap dhateng ingkang nyata,
PIYANDEL lan PANGGAYUH punika akibating raos kuwatos; dene
KUWATOS punika ngerem BABLASING PIKIRAN,
lajeng trimah ngajeng-ajeng lan ngganta-ngganta.
( Krisna Murti kala 7-7-1940 )

Untuk bisa merasakan makna Hu…Allah, syariat harus baik dan


tertib, dan dijalankan sesuai dengan apa yang tertuang dalam wahyu
Illahi..melalui rasul-rasulNYA…

(14). Membuka Hati (Padmajaya)

Hati adalah :
– Kunci hubungan kepada Tuhan YME
– Pusat ketenangan
– Pusat kedamaian
– Pusat kebahagiaan sejati
– Kunci kesehatan fisik, mental dan emosional
– Kunci kemajuan spiritual dalam hal ini spiritual= pendekatan diri
kepada Tuhan YME dengan membuka hati dan pasrah kepadaNya
dalam hidup sehari-hari

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 76/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

spirit = diri sejati yang berada di dalam hati


spiritual = mengandalkan hati & berkat Tuhan YME
Dengan Hati yang terbuka kepada Tuhan YME maka :
– kita menjadi lebih dekat kepada Tuhan YME
– Berdoa kepada Tuhan dari hati
– Melakukan perbuatan baik kepada sesama dengan kasih
– Mensyukuri berkat Tuhan lebih baik
– Lebih pasrah
– Jauh dari stress
– Ringan, tenang, damai dan bahagia
– Sehat secara mental, fisik dan emosional
– Mengenali kebenaran sejati

Hati itu apa ?


– Pusat perasaan karena diri sejati kita yang adalah dzat dari Sang
Pencipta berada di dalam hati
– Kunci hubungan kepada Tuhan YME, karena keberadaan diri
sejati yang adalah dzat Sang Pencipta didalam hati. Otak dan tubuh
fisik hanyalah sesuatu yang bersifat sementara
– Pusat penerimaan berkat Tuhan YME
– Pusat ketenangan, kedamaian dan kebahagiaan sejati yang berasal
dari berkat Tuhan YME yang diterima oleh hati
Hati terletak pada rongga dada… di dalam rongga dada terdapat
cakra jantung didalam cakra jantung terdapat hati didalam hati
terdapat sir… di dalam sir terdapat hati nurani
Mengapa hati yang sedemikian penting tidak dipergunakan secara
maksimal ??
– Pendidikan yang kita dapati selama ini lebih mengarahkan kita
kepada pendidikan untuk otak (seperti pelajaran matematika, fisika,
ilmu bumi dll)
– Dalam hidup sehari-hari, hampir setiap saat kita mempergunakan
otak dan jarang sekali mempergunakan hati (itupun kalau ada)
– Setiap kali kita mempunyai emosi negatif seperti marah, sedih,
takut, kecewa dan sebagainya kita mengotori hati kita
– Dengan semakin banyaknya kotoran yang menumpuk didalam
hati, maka hati akan semakin tertutup
– Setiap kali kita melakukan hal-hal yang bertentangan dengan hati,
maka hati akan menjadi semakin lemah

Mengapa Hati selalu mengenali kebenaran ??


– Karena hati sangat Khusus. Hanya Tuhan YME dan kita sendiri
yang dapat mengAKSES hati kita oleh karena itu :
a. hanya kita yang dapat mengotori hati kita
b. hanya Tuhan YME yang dapat membersihkan dan membuka hati
kita
– Tidak ada mahluk lain yang manapun yang dapat mengakses hati
kita, termasuk malaikat, maupun mahluk suci/agung lainnya
– Oleh karena tidak ada mahluk lain yang dapat mengakses hati
kita, maka tidak ada yang dapat mempengaruhi hati kita sehingga
hati selalu mengenali kebenaran
oleh karena itu janganlah kita takut untuk membuka hati.
catatan : Hati mengetahui kebenaran, tetapi bukan kebenaran sejati.
Hanya HATI NURANI lah yang mengenali KEBENARAN SEJATI.

Berikut adalah Proses Membuka hati yang saya dapatkan di

🙂
padmajaya : (mohon maaf mungkin saya tidak bisa menshare
seluruh nya satu persatu) :
– Lebih mengenal hati
– Lebih mengenal hati / perasaan dan otak/pikiran
– Menguatkan hati
– Mengurangi dominasi otak
– Membuka hati dengan meditasi buka hati
– Menyadari berkat Tuhan YME di dalam hati
https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 77/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

– Mengandalkan berkat Tuhan YME di dalam hati saat berdoa dan


dalam hidup sehari-hari
– Membiarkan hati lebih dominan dalam hidup sehari-hari
– Memperoleh kebenaran dari hati
– Memanfaatkan hati untuk mengandalkan berkat Tuhan dalam
hidup sehari-hari
– Membuka hati lebih lanjut kepada Tuhan YME
– Mengarahkan hati lebih baik kepada Tuhan YME
– Membuka gerbang Illahi lebih baik
– Membuka saluran ke hati lebih baik
– Membersihkan dan membuka hati lebih lanjut
– Masuk ke dalam hati
– Berdoa kepada Tuhan YME dari dalam hati
– Masuk ke dalam Hati nurani
– Menyadari kebenaran sejati dengan Hati Nurani
– Mengandalkan Berkat Tuhan lebih lanjut
– Membagikan Berkat Tuhan kepada sesama
– Persiapan hidup untuk mendekatkan diri kepada Tuhan

Hati&Perasaan VS Otak&Pikiran
Otak&Pikiran :
1. Mempergunakan salah 1 dari kelima indra
2. Berpikir
3. Mencari
4. Berusaha
5. Apabila terlalu banyak dipergunakan otak akan menjadi lebih
kuat dan lebih berat
Hati&Perasaan :
1. Merasakan dengan hati
2. Menyadari
3. Menyadari
4. Santai, senyum dan mengandalkan Berkat Tuhan
5. Semakin digunakan semakin indah dan nikmat

EMOSI :
Marah,benci kesedihan ….. semakin diikuti semakin menjadi-jadi,
semakin merusak perasaan dan suasana hidup
Dengan semakin kuat dan terbukanya hati, emosi-emosi negatif akan
berkurang dan tidak mudah dipengaruhi oleh emosi negatif
Catatan :
– Berlatih hati, tidak membutuhkan bakat dan setiap orang
mempunyai hati, jadi setiap orang akan bisa
– Tetapi, sebagian orang terkadang jarang sekali mengandalkan
hati&perasaan dalam hidup sehari-hari ( mengandalkan emosi tidak
sama dengan perasaan), maka terkadang akan butuh sedikit waktu
untuk dapat merasakan perasaannya
– Adalah sangat umum apabila dalam beberapa latihan pertama
anda tidak merasakan apapun. Apabila ini terjadi:
1. Janganlah membuka mata atau menghentikan latihan
2. Janganlah berusaha memperhatikan atau mendengarkan keadaan
sekeliling
3. Tetap santai dan mengikuti latihan yang sedang dilakukan, maka
secepat otak santai perasaan akan dapat merasakan apa yang sedang

🙂
dilatih
– Butuh waktu
– Perasaan yang disebut disini adalah perasaan dari hati, jadi
bukanlah perasaan dari kelima indra, jadi tidak sama dengan
merasa : terjepit, pedas, asin, terhimpit, terinjak, panas
– Perasaan disini paling mirip dengan apa yg dirasakan saat anda
senang/ bahagia (bukan saat tertawa terbahak-bahak karena saat itu
anda lebih emosional)
https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 78/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

– Latihan banyak kemiripan namun memiliki fungsi yang berbeda2


karena setiap latihan berfungsi untuk mengaktifkan dan
menguatkan bagian tertentu dari hati agar hati dapat terbuka
dengan sebaik-baiknya, karena hati adalah sesuatu yang dalam, jadi,
harap tetap mengikuti dan melakukan dengan sebaik-baiknya
walaupun merasa telah dapat melakukan latihan sebelumnya. Setiap
kali melatih hati dengan sebaik-baiknya pastilah hati akan semakin
terbuka dan lebih baik lagi. (tiap latihan pasti bermanfaat biarpun
diulang sooo jangan ragu)
– Semua latihan yang diberikan sebenarnya hanyalah metoda alami
untuk mengstimulasi hati dan mengandalkan berkat Tuhan YME.
Bukan teknik yang diandalkan, melainkan kepasrahan dari hati
kepada Tuhan YME

(15). Hakekat Ha Na Ca Ra Ka

HA = Hana hurip wening suci


(Adanya hidup adalah kehendak yang Maha Suci)

NA = Nur candra,gaib candra,warsitaning candara


(harapan manusia hanya selalu ke sinar Ilahi)

CA = Cipta wening, cipta mandulu, cipta dadi


(satu arah dan tujuan pada Yang Maha Tunggal)

RA = Rasaingsun handulusih
(rasa cinta sejati muncul dari cinta kasih nurani)

KA = Karsaningsun memayuhayuning bawana


(hasrat diarahkan untuk kesejahteraan alam)

DA = Dumadining dzat kang tanpa winangenan


(menerima hidup apa adanya)

TA = Tatas, tutus, titis, titi lan wibawa


(mendasar ,totalitas, satu visi, ketelitian dalam memandang  hidup)

SA = Sifat ingsun handulu sifatullah


(membentuk kasih sayang seperti kasih Tuhan)

WA = Wujud hana tan kena kinira


(ilmu manusia hanya terbatas namun bisa juga tanpa batas)

LA  = Lir handaya paseban jati


(mengalirkan hidup semata pada tuntunan Ilahi)

PA  = Papan kang tanpa kiblat


(Hakekat Allah yang ada di segala arah)

DhA = Dhuwur wekasane endek wiwitane


(Untuk bisa di atas tentu dimulai dari dasar)

JA  = Jumbuhing kawula lan Gusti


(selalu berusaha menyatu -memahami kehendakNya)

YA  = Yakin marang samubarang tumindak kang dumadi


(yakin atas titah /kodrat Ilahi)

NYA = Nyata tanpa mata, ngerti tanpa diuruki


(memahami kodrat kehidupan)

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 79/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

MA  = Madep mantep manembah mring Ilahi


(yakin – mantap dalam menyembah Ilahi)

GA  = Guru sejati sing muruki


(belajar pada guru sejati)

BA  = Bayu sejati kang andalani


(menyelaraskan diri pada gerak alam)

THA = Tukul saka niat


(sesuatu harus tumbuh dari niat)

NGA = Ngracut busananing manungso


(melepaskan egoisme pribadi-manusia)

(16). PIWULANG:

PIWULANG BAB HANACARAKA;

DANDANGGULA.

Hananing wong sing ENENG duk dihin,

Hawarana anasir samoha,

Hagni angin bantala her,

Hiya Hyang Maha Luhur,

Hingkang wujud Eneng menuhi,

Hisining rat winahya,

Hobah osik tuhu,

Hamung saking ananing Hyang,

Hanartani jroning alam kabir sahir,

Hananing titahing Hyang.

1.  Asale manungsa kuwi saka “Eneng” ngrasuk awak-awakan anasir


geni,angin, bumi, banyu.

2. Ana dene sing kita jejuluki asma Allah kuwi ENENG ngebaki
alam semesta.

3. Kabeh isining jagad iki lan kabeh mobah mosik iki, sanyata saka
anane Allah

4. Panjenengane anglimputi sadjroning jagad gede lan jagad cilik.

5. ……. kalebu ing aksara NA.

Nora akeh ingkang arsa uning,

Nalaring reh yen Sang Hyang Suksmana,

Nartani ing saanane,

Nadyan aran dumunung,

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 80/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Neng isining jagad tan keni,

Netepken winastanan,

Neng kono dumunung,

Nanging mungguh Hyang Suksmana,

Namung namar namur more anartani,

Nora manggon mring ana.

Ha (10) ananing titahing Pangeran kuwi …

1. Ora akeh kang kepengin mangerti bab Allah, sing sipate nglimputi
alam semesta iki.

2. Sanadyan katembungake “dumunung” ana ing isining jagad iki,


ora kena diarani “manggon” ana ing kono

3. Allah kuwi, dumununge, momore, lan panglimpute, tembunge


mung namar lan namur (tegese: ora katon tetela), mulane ya ora
kena diarani manggon ana ing kahanan sing katon gumelar iki.

Cekakane Hyang Kang Maha Suci,

Cetha nanging tan kena wineca,

Cag-ceg lamun nora ceceg,

Curna temah katrucut,

Cupet cacad yen nora lancip,

Ciptane tan trawaca,

Cutel nora cancut,

Caritane kang wus lancar,

Careming Hyang cihnane neng ati suci,

Cewet lamun den ucap.

1. Cekakane bab anane Allah kuwi ceta, nanging angel anggone


nerangake

2. Cag-ceg pada duwe pangira, sing kita tengeri jejuluk asma Allah
kuwi ‘iki utawa iku’, nanging pangira mau ora bener

3. Katrucute panganggep sing ora bener mau ateges cacat, awit


pancen ora dong, mung awur-awuran wae, katarik saka buntune lan
ketule akal pikirane.

4. Ana dene ngandikane sang wicaksana manunggale Pangeran kuwi


kacihna ana ing ati suci, nanging yen dikandakake mengkono, iya
kliru.

Rasakena jroning sanubari,

Rumakete lawan angganira,

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 81/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Raket lan rasa pamore,

Rorone lwir sajuru,

Rina wengi awor lestari,

Rata jroning sarira,

Rumasuk anurut,

Rosing urat daging darah,

Rambut-rambut kabeh kasrambah tan kari,

Rinoban uripira.

1. Rasakena ing ndalem atimu, sang Eneng sing nganggo awak-


awakan anasir mau, anggone anjumenengi wadagmu, awor
manunggal karo rasamu.

2. Anasir lan rasa kuwi bleger loro nanging kaya mung siji, sakarone
rina wengi tansah awor.

3. Nyrambahi sajroning badan sakojur, rumasuk ing urat, daging,


getih, dalah rambut pisan, ora ana sing kliwatan ora kesrambah.
Ngerobi uripe manungsa iki.

Kakekate kawruhana kaki,

Kaya priye yakine ingkang khak,

Kahanane Pangran mangke,

Kalamun sira ngaku,

Kahanane Hyang Suksma kaki,

Kumpul lan sira mangkya,

Kompra kumalungkung,

Kena ingaranan mokal,

Kudu ngaku kumpul lan kang mengku kaki,

Kuwur kurang weweka.

1. Kawruhana kanti yakin kepriye sanyatane kahanane Allah kuwi

2. Yen kowe ngrumangsani kahanane Allah kuwi kumpul karo kowe,


kuwi panganggep kliru lan kumalungkung

3. Mokal banget ingatase kowe kuwi kawula sing kawengku, teka


kumpul karo Allah sing mengku. Panganggep sing mangkono mau
kuwur (kupur?) lan lacut (kurang weweka).

Dene lamun sira angingkedi,

Dumadinta datan awor ing dat,

Durung weruh ing kadaden,

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 82/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Dadi mungkir ing pandum,

Dinalih yen dadi pribadi,

Duraka dora arda,

Datan wruh ing udur,

Dunungena kang waspada,

Darunaning jatining dat dennya dadi,

Dandananing dumadya.

1. Dene yen kowe anekadake dumadimu kuwi ora kasamadan


Dattullah, sanyata kowe durung dong bab asaling dumadi.

2. Panganggep mengkono mau (ora ngrumangsani) ateges nyelaki


kuwasaning Pangeran, pangiramu dumadimu kuwi “dengan
sendirinya”. Panganggep mangkono mau duraka lan goroh banget,
terang yen kowe ora ngerti marang kawruh bab dumadi.

3. Genahna sing gamblang, kepriye sabab musababe (darunane),


dattullah (jatining dat) ngeja wantah awujud titah iki.

Takokena mring kang wus patitis,

Teraping dat dennya moring titah,

Terangena wit tumetes,

Tekeng tlanakan tuntum,

Tata-tata amurweng gati,

Triloka amirantya,

Tigang candra tamtu,

Tamat rampung wujud kita,

Tinengeran kakung atanapi estri,

Tetela daya titah.

1. Takokna marang gurumu kepriye jelase pangeja wantahe dating


Pangeran, awujud titah manungsa iki.

2.  Terangna wiwit banyuning Bapa tumestes ana ing guwa


garbaning biyung, perkembangane dadi getih, banjur dadi daging,
sabanjure kasinungan triloka (betalmakmur, betalmucharam,
betalmukadas).

3. Sawise ganep telung sasi, sempurna wujud bayi, katamtokake dadi


manungsa lanang utawa wadon.

Sang Hyang Esa sangang wulan keksi,

Saking jroning guwa garba mesat,

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 83/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Sumeleng suwung wiyose,

Sampun sarira rasul,

Sulihing Hyang minangka saksi,

Sing kwaseng Hyang Wisesa,

Sinung sih rinasuk,

Sinedhahan amisesa,

Sesining kang sarira Sang Hyang Sa maksih,

Sipat siki tan pisah.

1. Jatining dat sing ngejawantah mau, sawise sangang sasi, banjur


metu saka guwa garba, awujud jirim mawa papan, jirim.

2. Bayi sing lahir saka guwa garba mau apengawak “utusan”


minangka pratanda bab kuwasaning Pangeran.

3. Saka kuwasaning Pangeran, deweke kaparingan sih sarta


ditugasake mranata dirine sakojur. Dene jatining Dat kuwi isih
lestari sipat siji karo dirine, ora tau pisah.

Wasitane pra parameng kawi,

Wali-wali neng srat kawi jarwa,

Wong urip jwa salah weweng,

Wruha wosing tumuwuh,

Wit sing purwa myang madya tuwin,

Wusana ajwa kewran,

Waskitaning kawruh,

Wruh woring kawula lawan,

Wujuding Hyang Winastan waluyeng uwit,

Wawasen den kawang-wang.

1. Para pujangga rambah-rambah paring wejangan kamot ing


layang-layang tembang lan banjaran ngelingake wong urip mono aja
salah weng-weng.

2. Kudu ngerti wose anggone dititahake kuwi kepriye. Kudu damang


purwa, madyo, lan wusanane.

3. Waskitaning kawruh kuwi ngerti sagunging titah karo sing


nitahake. Persudinen sing gamblang bab bisane mulih marang asal
(asal saka pangeran, mulih marang pangeran).

Laksitane lena den kalingling,

Lalangene nalikarsa ilang,

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 84/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Luwih angel yen tan oleh,

Laraping kang pitulung,

Lenging wulang ingkang dumeling,

Luluh aneng dadalan,

Lingak-linguk linglung,

Liyepe kyeh kang kawulat,

Lalu lali kalunglun kang ngatingali,

Lebur keneng begalan.

1. Mangertio pangalaman nalikane sakaratul maut (ngancik


plawanganing pati). Goda rencanane, nalika arep pecating nyawa
kuwi Gawat, tumrap wong sing durung oleh wejangan sing ceta
gamblang.

2. Sajroning ngalami krisis (gawat) kuwi, rumongso ora biso


nerusake lakune, tingak tinguk bingung atine.

3. Ing waktu kuwi katon sesawangan werna-werna, samongso


deweke lali kerem marang sawangan mau, ateges kebegal, ora patitis
patine.

Pati papa kalempiting kapir,

Pakolehe duk uripe tanpa,

Puruita panganggepe,

Patrape prapteng lampus,

Pantog tanpa kawruh nyukupi,

Prandene bareng wapat,

Paksa kempas-kempus,

Pan nora pasrah amapan,

Polahane palintiran nora apik,

Pratanda yen kalepyan.

1. Mati sing kasebut ing aksara LA baris angka sepuluh mau: mati
sasar, jalarane suwung tanpa kawruh (kapir). Yakuwi akibate nalika
isih urip ora gelem golek kawruh. Pamikire patrape mati kuwi
gampang cukup tanpa kawruh.

2. Bareng ngancik plawangane pati kempas kempus, ora pasrah, ora


mapan polahe palintiran, mracihnani yen deweke lali.

Dhasar beda lan kang wus amundhi,

Dhawuhing sang Pandhita kang medhar,

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 85/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Dhanurdara mung sumendhe,

Dhatenging kang riridhu,

Dhadhag dhokoh tyas tan kalindhih,

Dhineseg gora godha,

Dhangan nora kidhung,

Dhangah-dhangah mandi pedhang,

Dhatenging kang ripu wirodha tinandhing,

Dhinendha tadhah dhadha.

1. Wong sing wis tampa wejanganing guru bab kawruh


kasampurnan, sayekti beda karo sing kasebuting aksara PA mau.
Wong sing wis tampa wejangan kuwi, nalika ngancik sakratul-maut,
mung sumendhe

2.  Ana reridu teka, ana goda rencana teka, deweke tatag wae, ora
kaget lan ora mrebawani atine.

3.  Kaya wong anggawa pedang ligan, ana mungsuh teka nrajang yo
ditandingi. Mungsuhe menthung nganggo ‘DHENDHA” dadhane
diungalake.

Jatining kang wus weruh ing janji,

Janji-janji janjining sang Dwidja,

Jenak jenjem karem ijen,

Jangkane mung angejum,

Jumenenging jiwangga mbenjing,

Jinungkung jro pamujan,

Jejeg terus tuwajuh,

Jejering driya prasaja,

Joging seja ing mbenjing praptaning janji,

Jatmika srah jiwarja.

1. Sing kacaritake ana ing aksara DHA kuwi wong sing wis insyaf
yen wong urip kuwi pacangane pati. Lan wis oleh kaweruh saka
gurune (utawa saka maca buku-buku) banjur tawakal lungguh ijen
‘olah cipta’.

2. Tujuane ora liya, supaya sakwise ninggal donya iku jiwane nemu
lelakon opo benere. Mulane deweke ngulinake ngolah cipta ana
papan mirunggang. Kanti temen-temen, sabar lan telaten.

3. Adege uripe prasaja, dene yen wis teka wektune kudu mati, iya
bakal dilakoni kanti anteng lan pasrah.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 86/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Ya marmane kulup kang kariyin,

Yaktekena waluyaring laya,

Yakina jrone urip kiye,

Yakti tan wurung layu,

Yen sira tan weruh kariyin,

Yuda-brataning laya,

Yatna liyep luyut,

Yitmanta wastu ngalaya,

Ywa pepeka myang mamrih mulyaning mayit,

Yogya den parsudiya.

1. Kulup, mulane wong kuwi perlu ngudi kawruh, supaya patine ora
sasar. Soal pati kudu diyakinake sajrone isih urip iki.

2. Sabab wong urip mono mesti bakal mati. Yen kowe ora ngerti
kawruh bab pati, iyo kuwi “yatno liyep luyut”, oncate jiwamu saka
raga bakal klambrangan.

3. Aja gumampang Lho !. Lan maneh, kawruh supaya jinasahmu


mulya, uga perlu kok parsudi.

Nyataning neng nyatakna ing sunyi,

Nyenyeting rat lawan kahanannya,

Nyirnakna nyet ajwa grenyeh,

Nyaring ilining banyu,

Nyuda rasa kang monyar-manyir,

Nyirnakake kedunyan,

Nyarong sirna kanyut (kang nyut),

Nyeneni naya kumenyar,

Nyamleng tentrem ayem tyase mari nyang-nying,

Nyata wus tekeng sunya.

1. Enenge atimu terusna nganti tekan ora rasa rumongsa


(suwung).Kahananing jagad aja kok rasakake, aja mikir kae-kae.

2. Napasmu sarehna kaya nyaring ilining banyu, rasamu sing


monjar-manjir temahan lerem. Bakune aja mikir bab kadonyan,
amesthi rasa kang monjar-manjir mau ilang.

3.  Wusana kaya kataman cahya, polatanmu dadi sumringah, atimu


ayem tentrem, ora karoneyan. Pranyata wis tekan ing kahanan
suwung.

Mulane ta pra taruna sami,

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 87/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Marsudiya ngelmu kang utama,

Mrih marem karem tumameng,

Madyeng ngalam ngalimun,

Meneng mrih wruh mring kang ngayomi,

Manawa wus tan samar,

More mring anggamu,

Muksane luwih utama,

Marga uwus tan samar denira mamrih,

Mulih alame lama.

1. Mulane para anom, prayoga pada marsudio ngelmu CHAK


(utama).

2. Temahan kowe rumongso marem, lan duwe sedya ngambah alam


gaib-gaib sarana meneng, supaya ngerti kanthi yakin bab anane
Allah (kang ngayomi).

3. Yen kowe wis yakin temenan: Allah kuwi ora tau pisah karo
kowe,patimu ora bakal sasar.

4. Amarga kowe wis ora samar anggonmu nedya mulih marang


asalmu.

Gagarane kang luwih prayogi,

Gagayuhan arsa munggah swarga,

Gunung Tursena jujuge,

Grane kang luwih munggul,

Gondhelana den amaligi,

Gulunganing jiwangga,

Gumeleng saglugut,

Gigiten jwa ringga-ringga,

Gagar lamun sira tan nurut ing margi,

Graning Tursena arga.

1. Sarate sing prayoga banget tumrap setya munggah swarga


kuwi:ngliwatane gunung TURSINA sing puncake duwur banget.

2. Puncake kuwi anggonen sipatan aja mangro mertelu. Anggonmu


nyawijekake jiwa rogomu, sing nganti gumolong temenan, bebasan
dadi sak glugut. Pangestimu aja samar-samar.

3. Yen kowe ora ngliwati puncake gunung tursina mau, sedyamu


munggah swarga ora bakal kaleksanan.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 88/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Babarane prapteng alam kabir,

Bali murba angebaki keblat,

Busana kauban kabeh,

Bumi baruna klebu,

Badaning Hyang tetep ngelebi,

Babaran njero njaba,

Bola bali jumbuh,

Balik yen tan bangkit murba,

Bakal bali kapurba ing alam kabir,

Bubrah tan bisa mbabar.

1. (Yen kaleksanan tekan ing kahanan suwung) temahan babar


apengawak jagad gede (alam semesta), ateges bali kaya asale
angebaki keblat. Jagad iki: bumine, segarane, kauban kabeh.

2. Pranyata njero (jagad cilik, mikro kosmos) lan njaba (jagad


gede,makro kosmos) kuwi kaebekan datullah, kalimputan sipatullah,
tetep salawas-lawase.

3. Yen ora biso tekan ing kahanan suwung, kapeksa bakal kapurba
maneh dening angger-anggering kodrat: nandang penderitaan
bungah susah.

Thenging dwista tan ana kang kaesthi,

Thileg-thileg tan lalu palastha,

Thenger-thenger tanpa canthel,

Thok-thele mung ngalunthung,

Thering sedya tan bangkit mesthi,

Thukule pasti nistha,

Thinotol blegthuthur,

Thong-thongsot prapta pepathan,

Thek-ethekan nuthuki si kuthung nisthip,

Thinethel mring kanisthan.

1. (Sing ora biso bali marang asale mau): bingung ora karuwan
sedyane.Temah tilek-tilek lan tenger-tenger wae. Pepuntone mung
ngeluntung kanthisedya sing ora gumatok.

2. Bareng tukul sedyane, mesthi sedya sing remeh-remeh, dituntun


blekutur. Para tong-tongsot teka, pada milara wong sing bingung
kuwi,digeret marang kanisthan.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 89/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Nging kang paksa ngemba pra wirangi,

Nganggit ngelmu ngawag tan uninga,

Ngawur muhung andedongeng,

Ngluluri reh ing dangu,

Ngandikane pra mrih lulungit,

Ngudiya wadining rat,

Nging ywa rangu-rangu,

Ngungseda nganti uninga,

Ngracut ngukut wosing angga kang piningit,

Ngayuh wor kang wurweng rat.

1. Pengarange buku iki agahan tiru-tiru para pandhito: medharane


ngelmu, satemene ora weruh. Mung ngawur kaya adongeng wae.

2. Mung ngestoake ngendikane para leluhur, ahli kebatinan, supaya


kita ngudi kaweruh wadhine buwana kanthi temen- temen.

3. Supaya telaten mangsah semadi, nganti kasil ngalami kahanan


suwung,yakuwi manunggale titah karo sing nitahake

(17). TANDA-TANDA PENCAPAIAN NENG, NING, NUNG, NANG

TINGKAT 1 (Neng; sembah raga)

Jumeneng; menjalankan “syariat”.

Namun makna syariat di sini mempunyai dimensi luas. Yakni


dimensi “vertikal” individual kepada Tuhan, maupun dimensi sosial
“horisontal” kepada sesama makhluk. Neng, pada hakekatnya
sebatas melatih dan membiasakan diri melakukan perbuatan yang
baik dan bermanfaat untuk diri pribadi, dan lebih utama untuk
sesama tanpa pilih kasih. Misalnya seseorang melaksanakan
sembahyang dan manembah kepada Tuhan dengan cara sebanyak
nafasnya, guna membangun sikap eling danwaspadha. Neng adalah
tingkat dasar, barulah setara “sembah raga” misalnya menyucikan
diri dengan air, mencuci badan dengan cara mandi, wudlu, gosok
gigi, upacara jamasan, tradisi siraman dsb.

Termasuk mencuci pakaian dan tempat tinggal. Orang dalam tingkat


“neng”, menyebut dan “menyaksikan” Tuhan barulah melalui
pernyataan dan ucapan mulut saja. Kebaikan masih dalam rangka
MELATIH diri mengendalikan hawa nafsu negatif, dengan
bermacam cara misalnya puasa, semadi, bertapa, mengulang-ulang
menyebut nama Tuhan dll. Melatih diri mengendalikan hawa nafsu
agar bersifat positif dengan cara misalnya sedekah, amal jariah,
zakat, gotong royong, peduli kasih, kepedulian sosial dll. Melatih diri
untuk menghargai dan mengormati leluhur, dengan cara ziarah
kubur, pergi haji, mengunjungi situs-situs sejarah, belajar dan
memahami sejarah, dst. Melatih diri menghargai dan menjaga alam
semesta sebagai anugrah Tuhan, dengan cara upacara-upacara

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 90/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

ritual, ruwatan bumi, larung sesaji, dst. Tahapan ini dilakukan oleh
raga kita, namun BELUM TENTU melibatkan HATI dan BATIN
kita secara benar dan tepat.

Kehidupan sehari-harinya dalam rangka latihan menggapai tataran


lebih tinggi, artinya harus berbuat apa saja yg bukan perbuatan
melawan rumus Tuhan. Tidak hanya berteori, kata kitab, kata buku,
menurut pasal, menurut ayat dst. Namun berusaha dimanifestasikan
dalam perilaku dan perbuatan kehidupan sehari-hari. Perbuatannya
mencerminkan perilakusipat zat (makhluk) yang selaras dengan sifat
hakekat (Tuhan). Tanda pencapaiannya tampak
pada SOLAH. Solah artinya perilaku atau perbuatan jasadiah yang
tampak oleh mata misalnya; tidak mencelakai orang lain, perilaku
dan tutur kata menentramkan, sopan dan santun, wajah
ramah, ngadi busanaatau cara berpakaian yang pantas dan luwes
menghargai badan. Akan tetapi perilaku tersebut belum tentu
dilakukan secara sinkron dengan BAWA-nya. BAWA yakni
“perilaku” batiniah yang tidak tampak oleh mata secara visual.

Titik Lemah

Pada tataran awal ini meskipun seseorang seolah-olah terkesan baik


namun belum menjamin pencapaian tataran spiritual yang
memadai, dan belum tentu diberkahi Tuhan. Sebab seseorang
melakukan kebaikan terkadang masih diselimuti rahsaning
karep atau nafsu negatif; rasa ingin diakui, mendapat nama baik
atau pujian. Bahkan seseorang melakukan suatu kebaikan agar
kepentingan pribadinya dapat terwujud. Maka akibat yang sering
timbul biasanya muncul rasa kecewa, tersinggung, marah, bila tidak
diakui dan tidak mendapat pujian. Kebaikan seperti ini boleh jadi
bermanfaat dan mungkin baik di mata orang lain. Akan tetapi dapat
diumpamakan belum mendapat tempat di “hati” Tuhan. Kredit
point nya masih nihil. Banyak orang merasa sudah berbuat baik,
beramal, sodaqah, suka menolong, membantu sesama, rajin doa,
sembahyang. Tetapi sering dirundung kesialan, kesulitan, tertimpa
kesedihan, segala urusannya mengalami kebuntuan dan kegagalan.
Lantas dengan segera menyimpulkan bahwa musibah atau bencana
ini sebagai cobaan (bagi orang-orang beriman).

Pada tataran ini, seseorang masih rentan dikuasai nafsu ke-aku-an


(api/nar/iblis). Diri sendiri dianggap tahu segala, merasa suci dan
harus dihormati. Siapa yang berbeda pendapat dianggap sesat dan
kafir. Konsekuensinya; bila memperdebatkan (kulit luarnya) ia
menganggap diri paling benar dan suci, lantas muncul sikap golek
benere dewe, golek menange dewe, golek butuhe dewe. Ini sebagai
ciri seseorang yang belum sampai pada intisari ajaran yang
dicarinya. Durung becus keselak besus !

TINGKAT 2 (Ning; sembah kalbu)

Wening atau hening; ibarat mati sajroning urip; kematian di dalam


hidup. Tataran ini sepadan dengan tarekat. Menggambarkan
keadaan hati yang selalu bersih dan batinnya selalu eling lan
waspadha. Eling adalah sadar dan memahami akan sangkan
paraning dumadi (asal usul dan tujuan manusia) yang digambarkan
sebagai “kakangne mbarep adine wuragil” (lihat dalam
posting; Saloka Jati). Waspadha terhadap apa saja yang dapat
menjadi penghalang dalam upaya “menemukan” Tuhan (wushul).

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 91/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Yakni penghalang proses penyelarasan kehidupan sehari-hari (sifat


zat) dengan sifat hakekat (Tuhan).Ning dicapai setelah hati dapat
dilibatkan dalam menjalankan ibadah tingkat awal atau Neng;
yakni hati yg ikhlas dan tulus, hati yang sudah tunduk dan patuh
kepada sukma sejati yang suci dari semua nafsu negatif. Hati
semacam ini tersambung dengan kesadaran batin maupun akal budi
bahwa amal perbuatan bukan semata-mata mengaharap-harap
upah (pahala) dan takut ancaman (neraka). Melainkan kesadaran
memenuhi kodrat Tuhan, serta menjaga keharmonisan serta sinergi
aura magis antara jagad kecil (diri pribadi) dan jagad besar (alam
semesta). Tataran ini dicapai melalui empat macam bertapa; tapa
ngeli, tapa geniara, tapa banyuara, tapa mendhem atau ngluwat.

1. Tapa ngeli; harmonisasi vertikal dan horisontal. Yakni berserah


diri dan menselaraskan dengan kehendak Tuhan. Lalu
mensinergikan jagad kecil (manusia) dengan jagad besar (alam
semesta).

2. Tapa geniara; tidak terbakar oleh api (nar) atau nafsu negatif
yakni ke-aku-an. Karena ke-aku-an itu tidak lain hakekat iblis
dalam hati.

3. Tapa banyuara; mampu menyaring tutur kata orang lain, mampu


mendiagnosis suatu masalah, dan tidak mudah terprovokasi orang
lain. Tidak bersikap reaksioner (ora kagetan), tidak berwatak
mudah terheran-heran (ora gumunan).

4. Tapa mendhem; tidak membangga-banggakan kebaikan, jasa dan


amalnya sendiri. Terhadap sesama selalu rendah hati, tidak sombong
dan takabur. Sadar bahwa manusia derajatnya sama di hadapan
Tuhan tidak tergantung suku, ras, golongan, ajaran, bangsa maupun
negaranya. Tapa mendhem juga berarti selalu mengubur semua
amal kebaikannya dari ingatannya sendiri. Dengan demikian
seseorang tidak suka membangkit-bangkit jasa baiknya. Kalimat
pepatah Jawa sbb: tulislah kebaikan orang lain kepada Anda di atas
batu, dan tulislah kebaikan Anda pada orang lain di atas tanah agar
mudah terhapus dari ingatan.

Titik Lemah

Jangan lekas puas dulu bila merasa sudah sukses menjalankan


tataran ini. Sebab pencapaian tataran kedua ini semakin banyak
ranjau dan lobang kelemahan yang kapan saja siap memakan
korban apabila kita lengah. Penekanan di sini adalah pentingnya
sikap eling dan waspadha. Sebab kelemahan manusia adalah lengah,
lalai, terlena, terbuai, merasa lekas puas diri. Tataran kedua ini
melibatkan hati dalam melaksanakan segala kebaikan dalam
perbuatan baik sehari-hari. Yakni hati harus tulus dan ikhlas.
Namun..ketulusan dan keikhlasan ini seringkali masih menjadi
jargon, karena mudah diucapkan oleh siapapun, sementara
pelaksanaannya justru keteteran. Dalam falsafah hidup
Kejawen, setiap saat orang harus selalu belajar ikhlas dan tulus
setiap saat sepanjang usia. Belajar ketulusan merupakan mata
pelajaran yang tak pernah usai sepanjang masa. Karena
keberhasilan Anda untuk tulus ikhlas dalam tiap-tiap kasus belum

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 92/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

tentu berhasil sama kadarnya. Keikhlasan dipengaruhi oleh pihak


yang terlibat, situasi dan kondisi obyektifnya, atau situasi dan
kondisi subyek mental kita saat itu.

TINGKAT 3 (Nung; sembah cipta)

Kesinungan ; yakni dipercaya Tuhan untuk mendapatkan anugrah


tertentu. Orang yang telah mencapai tataran Kesinungandialah yang
mendapatkan “hadiah” atas amal kebaikan yang ia lakukan. Ini
mensyaratkan amal kebaikan yang memenuhi syarat, yakni
kekompakan serta sinkronisasi lahir dan batin dalam mewujudkan
segala niat baik menjadi tindakan konkrit. Yakni tindakan konkrit
dalam segala hal yang baik misalnya membantu & menolong sesama.
Syarat utamanya; harus dilakukan terus-menerus hingga menyatu
dalam prinsip hidup, dan tanpa terasa lagi menjadi kebiasaan
sehari-hari.

Pencapaian tataran ini sama halnya laku hakekat. Laku hakekat


adalah meliputi keadaan hati dan batin; sabar, tawakal, tulus, ikhlas,
pembicaraannya menjadi kesejatian (kebenaran), yang sejati
menjadi kosong, hilang lenyap menjadi ada. Tataran ini ditandai
oleh pencapaian kemuliaan yang sejati, seseorang mendapatkan
kebahagiaan dan kemuliaan di dunia dan kelak setelah ajal. Pada
tahap ini manusia sudah mengenal akan jati dirinya dan mengenal
lebih jauh sejatinya Tuhan. Manusia yang telah lebih jauh
memahami Tuhan tidak akan berfikir sempit, kerdil, sombong, picik
dan fanatik. Tidak munafik dan menyekutukan Tuhan. Ia justru
bersikap toleran, tenggang rasa, hormat menghormati keyakinan
orang lain. Sikap ini tumbuh karena kesadaran spiritual bahwa ilmu
sejati, yang nyata-nyata bersumber pada Yang Maha Tunggal,
hakekatnya adalah sama. Cara atau jalan mana yang ditempuh
adalah persoalan teknis. Banyaknya jalan atau cara menemukan
Tuhan merupakan bukti bahwa Tuhan itu Mahaluas tiada batasnya.
Ibarat sungai yang ada di dunia ini jumlahnya sangat banyak dan
beragam bentuknya; ada yang dangkal, ada yang dalam, berkelok,
pendek dan singkat, bahkan ada yang lebar dan berputar-putar. Toh
semuanya akan bermuara kepada Yang Tunggal yakni “samudra
luas”.

NAH, orang seperti ini akan “menuai” amal kebaikannya. Berkat


rumus Tuhan di mana kebaikan akan berbuah kebaikan pula.
Kebaikan yg anda berikan, “buahnya” akan anda terima pula.
Namun demikian kebaikan yang anda terima belum tentu datang
dari orang yang sama, malah biasanya dari pihak lainnya. Kebaikan
yang anda peroleh itu merupakan “buah” dari “pohon kebaikan”
yang pernah anda tanam sebelumnya. Selebihnya,kebaikan yang
anda lakukan akan menjadi pagar gaib yang selalu menyelimuti diri
anda. Singkat kata, pencapaian Nung, ditandai dengan diperolehnya
kemudahan dan hikmah yang baik dalam segala urusan. Pagar gaib
itu akan membuat kita tidak dapat dicelakai orang lain. Sebaliknya
selalu mendapatkan keberuntungan. Dalam terminologi Jawa inilah
yang disebut sebagai “ngelmu beja”.

Untuk meraih tataran ini, terlebih dahulu kita harus mengenal jati
diri secara benar. Dalam diri manusia setidaknya terdapat 7 lapis
bumi yang harus diketahui manusia. Jika tidak diketahui maka

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 93/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

menjadi manusia cacad dan akan gagal mencapai tataran ini. Bumi 7
lapis tersebut adalah ; retna, kalbu, jantung, budi, jinem, suksma,
dan ketujuhnya yakni bumi rahmat.

1. Bumi Retna; jasad dan dada manusia sesungguhnya istana atau


gedung mulia.

2. Bumi Kalbu; artinya istana iman sejati.

3. Bumi Jantung; merupakan istana semua ilmu.

4. Bumi budi; artinya istana puji dan zikir.

5. Bumi Jinem; istananya kasih sayang sejati.

6. Bumi suksma; yakni istana kesabaran dan rasa sukur kepada


Tuhan; sukma sejati.

7. Bumi Rahmat; istana rasa mulia; rahsa sejati.

Titik Lemah

Nung, setara dengan Hakekat, di sini ibarat puncak kemuliaan.


Semakin tinggi tataran spiritual, maka sedikit saja godaan sudah
dapat menggugurkan pencapaiannya. Maka, semakin tinggi puncak
dan kemuliaan seseorang ; maka semakin besar resiko tertiup angin
dan jatuh. Seseorang yang merasa sudah PUAS dan BANGGA
dengan pencapaian hakekat ini bersiko terlena. Lantas menganggap
orang lain remeh dan rendah. Yang paling berbahaya adalah
menganggap tataran ini merupakan tataran tertinggi sehingga orang
tidak perlu lagi berusaha menggapai tataran yang lebih tinggi.

Tingkat 4 (Nang; sembah rahsa)

Nang merupakan kemenangan. Kemenangan adalah anugrah yang


anda terima. Yakni kemenangan anda dari medan perang. Perang
antara nafsu negatif dengan positif. Kemenangan NUR (cahya sejati
nan suci) mengalahkan NAR (api; ke-aku-an/”iblis”). Manusia NAR
adalah seteru Tuhan (iblis laknat). SEBALIKNYA; manusia NUR
adalah memenuhi janji atas kesaksian yg pernah ia ucapkan di
mulut dan hati. Manusia NUR memenuhi kodratnya ke dalam
kodrat Ilahi, sipat zat yg mengikuti sifat hakekat, menselaraskan
gelombang batin manusia dengan gelombang energi Tuhan. Sifat zat
(manusia) menyatu dengan sifat hakekat (Tuhan) menjadi “loroning
atunggil“. Yang menjadi jumbuh(campur tak bisa dipilah)
antara kawula dengan Gusti. Inilahpertanda akan kemenangan
manusia dalam “berjihad” yang sesungguhnya. Yakni kemenangan
terindah dalam kemanunggalan; “manunggaling kawula-Gusti“. Bila
Anda muslim, di situlah tatar makrifat dapat ditemukan.

(18). PITUTUR IPUN TIYANG SEPUH

Bocah Bagus Anakku Lanang

Ojo Wedi,… Golék-o Pepadhangé Dalan,

Ora Kendhat Anggonku Ngengudhang.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 94/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Duh Bocah Bagus Anakku Lanang

Wong Tuwamu Dudu Raja,

Sing Dak Wariské Dudu Bandha Dunya,

Sangumu Mung Isi Pitutur,

Muga Dadi Titah Kang Luhur.

Anak Lanang Bagusing Ati

Ojo Lali Anggonmu Memuji,

Marang Gusti Kang Murbéng Dumadi,

Mugo Dadi Padhangé Ati.

Urip Ing Dunyo Iku Sedhélo,

Urip Ing Kono Koyo Samudro,

Mulo Nggér…., Ojo Wegah Podho Tetanén,

Ing Kono Mbesuk-é Bakal Panén.

Bocah Bagus Anakku Lanang

Ojo Nganti Ninggal Piwulang,

Mumpung Jembar Golék-o Pepadhang,

Ojo Jirih Ing Pepalang.

Sejatiné Ora Ono Opo-Opo…..,

Sejatiné Jagadawujud Suwung,

Ora Warno Lan Ora Rupo,

Sing Ono Mung Awang-Uwung.

Akéhing Bandha Dudu Ukuran

Drajat Lan Pangkat Dudu Takeran,

Lan Pepujané Rasa Dudu Anak,

Pagering Jiwo Dudu Sanak.

Wong Tuwamu Dudu Dewo,

Ora Wenang Nulis Garisé Manungso,

Sangumu Mung Isi Pitutur,

Mugo Dadi Titah Kang Luhur.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 95/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

(19). TAMBAHAN;

DARMA GANDHUL:

Carita adege nagara Islam ing Demak


bedhahe nagara Majapahit kang
salugune wiwite wong Jawa ninggal
agama Buddha banjur salin agama
Islam.
***

Gancaran basa Jawa ngoko;


Babon asli tinggalane KRT
Tandhanagara, Surakarta;
Cap-capan ingkang kaping sekawan,
1959;
Toko Buku “Sadu-Budi” Sala.
***

BEBUKA.
Sinarkara sarjunireng galih, myat carita dipangiketira, kiyai
Kalamwadine, ing nguni anggeguru, puruhita mring Raden Budi,
mangesthi amiluta, duta rehing guru, sru sêtya nglampahi dhawah,
panggusthine tan mamang ing lair batin, pinindha lir Jawata.

Satuduhe Raden Budi ening, pan ingembun pinusthi ing cipta,


sumungkem lair batine, tan etung lebur luluh, pangesthine ing awal
akhir, tinarimeng Bathara, sasedyanya kabul, agung nugraheng
Hyang Suksma, sinung ilham ing alam sahir myang kabir, dumadya
auliya.

Angawruhi sasmiteng Hyang Widdhi, pan biyasa mituhu susetya,


mring dhawuh weling gurune, kedah medharken kawruh, karya
suka pireneng jalmi, mring sagung ahli sastra, tuladhaning kawruh,
kyai Kalamwadi ngarang, sinung aran srat Darmagandhul jinilid,
sinung tembang macapat.

Pan katemben amaos kinteki, tembang raras rum seya prasaja,


trewaca wijang raose, mring tyas gung kumacelu, yun darbeya
miwah nimpeni, pinirit tinuladha, lelepiyanipun, sawusnya winaos
tamat, linaksanan tinedhak tinurun sungging, kinarya nglipur
manah.

Pan sinambi-sambi jagi panti, saselanira ngupaya tedha, kinarya


cagak lenggahe, nggennya dama cinubluk, mung kinarya ngarem-
aremi, tarimanireng badan, anganggur ngethekur, ngebun-bun
pasihaning Hyang, suprandene tan kaliren wayah siwi, sagotra
minulyarja.

Wus pinupus sumendhe ing takdir, pan sumarah kumambang


karseng Hyang, ing lokhilmakful tulise, panitranira nuju, ping
trilikur ri Tumpak manis, Ruwah Je warsanira, Sancaya kang
windu, masa Nem ringkêlnya Aryang, wuku Wukir sangkalanira ing
warsi: wuk guna ngesthi Nata [taun Jawa 1830].

DARMAGANDHUL;

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 96/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Ing sawijining dina Darmagandhul matur marang Kalamwadi


mangkene “Mau-maune kêpriye dene wong Jawa kok banjur padha
ninggal agama Buddha salin agama Islam?”
Wangsulane Ki Kalamwadi: “Aku dhewe iya ora pati ngrêti, nanging
aku tau dikandhani guruku, ing mangka guruku kuwi iya kêna
dipracaya, nyaritakake purwane wong Jawa padha ninggal agama
Buddha banjur salin agama Rasul”.

Ature Darmagandhul: “Banjur kapriye dongengane?”

Ki Kalamwadi banjur ngandika maneh: “Bab iki satêmêne iya prêlu


dikandhakake, supaya wong kang ora ngrêti mula-bukane karêben
ngrêti”.

Ing jaman kuna nagara Majapahit iku jênênge nagara Majalêngka,


dene ênggone jênêng Majapahit iku, mung kanggo pasêmon, nanging
kang durung ngrêti dêdongengane iya Majapahit iku jênêng sakawit.
(1)

Ing nagara Majalêngka kang jumênêng Nata wêkasan jêjuluk Prabu


Brawijaya.
Ing wêktu iku, Sang Prabu lagi kalimput panggalihe, Sang Prabu
krama oleh Putri Cêmpa, (2) ing mangka Putri Cêmpa mau agamane
Islam, sajrone lagi sih-sinihan, Sang Rêtna tansah matur marang
Sang Nata, bab luruhe agama Islam, sabên marak, ora ana maneh
kang diaturake, kajaba mung mulyakake agama Islam, nganti
njalari katariking panggalihe Sang Prabu marang agama Islam mau.

Ora antara suwe kaprênah pulunane Putri Cêmpa kang aran Sayid
Rakhmat tinjo mênyang Majalêngka, sarta nyuwun idi marang Sang
Nata, kaparênga anggêlarake sarengate agama Rasul. Sang Prabu
iya marêngake apa kang dadi panyuwune Sayid rakhmat mau. Sayid
Rakhmat banjur kalakon dhêdhukuh ana Ngampeldênta ing (3)
anggêlarake agama Rasul. Ing kono banjur akeh para ngulama saka
sabrang kang padha têka, para ngulama lan para maulana iku
padhamarêk sang Prabu ing Majalêngka, sarta padha nyuwun
dhêdhukuh ing pasisir. Panyuwunan mangkono mau uga
diparêngake dening Sang Nata. Suwe-suwe pangidhêp mangkono
mau saya ngrêbda, wong Jawa banjur akeh bangêt kang padha
agama Islam.

Sayid Kramat dadi gurune wong-wong kang wis ngrasuk agama


Islam kabeh, dene panggonane ana ing Benang (4) bawah Tuban.
Sayid Kramat iku maulana saka ing ‘Arab têdhake Kanjêng Nabi
Rasulu’llah, mula bisa dadi gurune wong Islam. Akeh wong Jawa
kang padha kelu maguru marang Sayid Kramat. Wong Jawa ing
pasisir lor sapangulon sapangetan padha ninggal agamane Buddha,
banjur ngrasuk agama Rasul. Ing Balambangan sapangulon nganti
tumêka ing Bantên, wonge uga padha kelu rêmbuge Sayid Kramat.

Mangka agama Buddha iku ana ing tanah Jawa wis kêlakon urip
nganti sewu taun, dene wong-wonge padha manêmbah marang Budi
Hawa. Budi iku Dzate Hyang Widdhi, Hawa iku karêping hati,
manusa ora bisa apa-apa, bisane mung sadarma nglakoni, budi kang
ngobahake.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 97/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Sang Prabu Brawijaya kagungan putra kakung kang patutan saka


Putri Bangsa Cina, miyose putra mau ana ing Palembang, diparingi
têtêngêr Raden Patah.
Barêng Raden Patah wis diwasa, sowan ingkang rama, nganti
sadhereke seje rama tunggal ibu, arane Raden Kusen. Satêkane
Majalêngka Sang Prabu kewran panggalihe ênggone arêp maringi
sêsêbutan marang putrane, awit yen miturut lêluri saka ingkang
rama, Jawa Buddha agamane, yen nglêluri lêluhur kuna, putraning
Nata kang pambabare ana ing gunung, sêsêbutane Bambang.

Yen miturut ibu, sêsêbutane: Kaotiang, dene yen wong ‘Arab


sêsêbutane Sayid utawa Sarib. Sang Prabu banjur nimbali patih
sarta para nayaka, padha dipundhuti têtimbangan ênggone arêp
maringi sêsêbutan ingkang putra mau. Saka ature Patih, yen miturut
lêluhur kuna putrane Sang Prabu mau disêbut Bambang, nanging
sarehne ibune bangsa Cina, prayoga disêbut Babah, têgêse
pambabare ana nagara liya. Ature Patih kang mangkono mau, para
nayaka uga padha mupakat, mula Sang Nata iya banjur dhawuh
marang padha wadya, yen putra Nata kang miyos ana ing
Palembang iku diparingi sêsêbutan lan asma Babah Patah. Katêlah
nganti tumêka saprene, yen blastêran Cina lan Jawa sêsêbutane
Babah. Ing nalika samana, Babah Patah wêdi yen ora nglakoni
dhawuhe ingkang rama, mulane katone iya sênêng, sênênge mau
amung kanggo samudana bae, mungguh satêmêne ora sênêng bangêt
ênggone diparingi sêsêbutan Babah iku.

Ing nalika iku Babah Patah banjur jinunjung dadi Bupati ing
Dêmak, madanani para bupati urut pasisir Dêmak sapangulon, sarta
Babah Patah dipalakramakake oleh ing Ngampelgadhing, kabênêr
wayahe kiyai Agêng Ngampel. Barêng wis sawatara masa, banjur
boyong marang Dêmak, ana ing desa Bintara, sarta sarehne Babah
Patah nalika ana ing Palembang agamane wis Islam, anane ing
Dêmak didhawuhi nglêstarekake agamane, dene Raden Kusen ing
nalika iku jinunjung dadi Adipati ana ing Têrung (5), pinaringan
nama sarta sêsêbutan Raden Arya Pêcattandha.

Suwening suwe sarak Rasul saya ngrêbda, para ngulama padha


nyuwun pangkat sarta padha duwe sêsêbutan Sunan, Sunan iku
têgêse budi, uwite kawruh kaelingan kang bêcik lan kang ala, yen
wohe budi ngrêti marang kaelingan bêcik, iku wajib sinuwunan
kawruhe ngelmu lair batin.

Ing wêktu iku para ngulama budine bêcik-bêcik, durung padha duwe
karêp kang cidra, isih padha cêgah dhahar sarta cêgah sare. sang
Prabu Brawijaya kagungan panggalih, para ngulama sarake
Buddha, kok nganggo sêsêbutan Sunan, lakune isih padha cêgah
mangan, cêgah turu. Yen sarak rasul, sirik cêgah mangan turu, mung
nuruti rasaning lesan lan awak. Yen cêgah mangan rusak, Prabu
Brawijaya uga banjur paring idi. Suwe-suwe agama Rasul saya
sumêbar. Ing wêktu iku ana nalar kang aneh, ora kêna dikawruhi
sarana netra karna sarta lesan, wêtune saka engêtan, jroning utêk
iku yen diwarahi budi nyambut gawe, kang maca lan kang krungu
nganggêp têmên lan ora, iya kudu ditimbang ing sabênêre, saiki isih
ana wujuding patilasane, isih kêna dinyatakake, mula saka
pangiraku iya nyata.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 98/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Dhek nalika samana Sunan Benang sumêdya tindak marang


Kadhiri, kang ndherekake mung sakabat loro. Satêkane lor Kadhiri,
iya iku ing tanah Kêrtasana, kêpalangan banyu, kali Brantas pinuju
banjir. Sunan Benang sarta sakabate loro padha nyabrang, satêkane
wetan kali banjur niti-niti agamane wong kono apa wis Islam, apa
isih agama Budi. Ature Ki Bandar wong ing kono agamane Kalang,
sarak Buddha mung sawatara, dene kang agama Rasul lagi bribik-
bribik, wong ing kono akeh padha agama Kalang, mulyakake
Bandung Bandawasa. Bandung dianggêp Nabine, yen pinuji dina
Riyadi, wong-wong padha bêbarêngan mangan enak, padha sênêng-
sênêng ana ing omah. Sunan Benang ngandika: “Yen ngono wong
kene kabeh padha agama Gêdhah, Gêdhah iku ora irêng ora putih,
tanah kene patut diarani Kutha Gêdhah”.
Ki Bandar matur: “Dhawuh pangandika panjênêngan, kula ingkang
nêkseni”. Tanah saloring kutha kadhiri banjur jênêng Kutha
Gêdhah, nganti têkane saiki isih karan Kutha Gêdhah, nanging kang
mangkono mau arang kang padha ngrêti mula-bukane.

Sunan Benang ngandika marang sakabate: “Kowe goleka banyu


imbon mênyang padesan, kali iki isih banjir, banyune isih buthêk,
yen diombe nglarani wêtêng, lan maneh iki wancine luhur, aku arêp
wudhu, arêp salat”.

Sakabate siji banjur lunga mênyang padesan arêp golek banyu,


têkan ing desa Pathuk ana omah katone suwung ora ana wonge
lanang, kang ana mung bocah prawan siji, wajah lagi arêp mêpêg
birahi, ing wêktu iku lagi nênun. Sakabat têka sarta alon calathune:
“mBok Nganten, kula nêdha toya imbon bêning rêsik”. mBok
Prawan kaget krungu swarane wong lanang, barêng noleh wêruh
lanang sajak kaya santri, MBok Prawan salah cipta, pangrasane
wong lanang arêp njêjawat, mêjanani marang dheweke, mula
ênggone mangsuli nganggo têmbung saru: “nDika mêntas liwat kali
têka ngangge ngarani njaluk banyu imbon, ngriki botên entên carane
wong ngimbu banyu, kajaba uyuh kula niki imbon bêning, yen
sampeyan ajêng ngombe”.

Santri krungu têtêmbungan mangkono banjur lunga tanpa pamit


lakune dirikatake sarta garundêlan turut dalan, satêkane ngarsane
Sunan Benang banjur ngaturake lêlakone nalika golek banyu. Sunan
Benang mirêng ature sakabate, bangêt dukane, nganti kawêtu
pangandikane nyupatani, ing panggonan kono disabdakake larang
banyu, prawane aja laki yen durung tuwa, sarta jakane aja rabi yen
durung dadi jaka tuwa, barêng kêna dayaning pangandika mau, ing
sanalika kali Brantas iline dadi cilik, iline banyu kang gêdhe
nyimpang nrabas desa alas sawah lan patêgalan, akeh desa kang
padha rusak, awit katrajang ilining banyu kali kang ngalih iline, kali
kang maune iline gêdhe sanalika dadi asat. Nganti tumêka saprene
tanah Gêdhah iku larang banyu, jaka lan prawane iya nganti kasep
ênggone omah-omah. Sunan Benang têrus tindak mênyang Kadhiri.

Ing wêktu iki ana dhêmit jênênge Nyai Plêncing, iya iku dhêmit ing
sumur Tanjungtani, tansah digubêl anak putune, padha wadul yen
ana wong arane Sunan Benang, gawene nyikara marang para
lêlêmbut, ngêndêl-êndêlake kaprawirane, kali kang saka Kadhiri
disotake banjur asat sanalika, iline banjur salin dalan kang dudu
mêsthine, mula akeh desa, alas, sawah sarta patêgalan, kang padha
rusak, iya iku saka panggawene Sunan Benang, kang uga ngêsotake
wong ing kono, lanang wadon ngantiya kasep ênggone omah-omah,
sarta kono disotake larang banyu sarta diêlih jênênge tanah aran

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 99/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Kutha Gêdhah, Sunan Benang dhêmêne salah gawe. Anak putune


Nyai Plêncing padha ngajak supaya Nyai Plêncing gêlêma nêluh
sarta ngrêridhu Sunan Benang, bisaa tumêka ing pati, dadi ora
tansah ganggu gawe.

Nyai Plêncing krungu wadule anak putune mangkono mau, enggal


mangkat mêthukake lakune Sunan Benang, nanging dhêmit-dhêmit
mau ora bisa nyêdhaki Sunan Benang, amarga rasane awake padha
panas bangêt kaya diobong. Dhêmit-dhêmit mau banjur padha
mlayu marang Kadhiri, satêkane ing Kadhiri, matur marang ratune,
ngaturake kahanane kabeh. ratune manggon ing Selabale. (6)
Jênênge Buta Locaya, dene Selabale iku dununge ana sukune gunung
Wilis. Buta Locaya iku patihe Sri Jayabaya, maune jênênge kiyai
Daha, duwe adhi jênênge kiyai Daka. Kiyai daha iki cikal-bakal ing
Kadhiri, barêng Sri Jayabaya rawuh, jênênge kiyai Daha dipundhut
kanggo jênênge nagara, dheweke diparingi Buta Locaya, sarta
banjur didadekake patihe Sang Prabu Jayabaya.

Buta iku têgêse: butêng utawa bodho, Lo têgêse kowe, caya têgêse:
kêna dipracaya, kiyai Buta Locaya iku bodho, nanging têmên
mantêp sêtya ing Gusti, mulane didadekake patih. Wiwite ana
sêbutan kiyai, iya iku kiyai daha lan kiyai Daka, kiyai têgêse:
ngayahi anak putune sarta wong-wong ing kanan keringe.
Jêngkare Sri Narendra anjujug ing omahe kiyai Daka, ana ing kono
Sang Prabu sawadya-balane disugata, mula sang Prabu asih bangêt
marang kiyai Daka, jênênge kiyai Daka dipundhut kanggo jênêng
desa, dene kiyai Daka banjur diparingi jênêng kiyai Tunggulwulung,
sarta dadi senapatining pêrang.

Samuksane Sang Prabu Jayabaya lan putrane putri kang aran Ni


Mas Ratu Pagêdhongan, Buta Locaya lan kiyai Tunggulwulung uga
padha muksa; Ni Mas Ratu Pagêdhongan dadi ratuning dhêmit nusa
Jawa, kuthane ana sagara kidul sarta jêjuluk Ni Mas Ratu
Anginangin. Sakabehe lêlêmbut kang ana ing lautan dharatan sarta
kanan keringe tanah Jawa, kabeh padha sumiwi marang Ni Mas
Ratu Anginangin.

Buta Locaya panggonane ana ing Selabale, dene kiyai


Tunggulwulung ana ing gunung Kêlut, rumêksa kawah sarta lahar,
yen lahar mêtu supaya ora gawe rusaking desa sarta liya-liyane.
Ing wêktu iku kiyai Buta Locaya lagi lênggah ana ing kursi kêncana
kang dilemeki kasur babut isi sari, sarta kinêbutan êlaring mêrak,
diadhêp patihe aran Megamêndhung, lan putrane kakung loro uga
padha ngadhêp, kang tuwa arane Panji Sêktidiguna, kang anom
aran panji Sarilaut.

Buta Locaya lagi ngandikan karo kang padha ngadhêp, kaget kasaru
têkane Nyai Plêncing, ngrungkêbi pangkone, matur bab rusake
tanah lor Kadhiri, sarta ngaturake yen kang gawe rusak iku, wong
saka Tuban kang sumêdya lêlana mênyang Kadhiri, arane Sunan
Benang. Nyai Plêncing ngaturake susahe para lêlêmbut sarta para
manusa.

Buta Locaya krungu wadule Nyai Plêncing mangkono mau bangêt


dukane, sarirane nganti kaya gêni, sanalika banjur nimbali putra-
wayahe sarta para jin pêri parajangan, didhawuhi nglawan Sunan
Benang. Para lêlêmbut mau padha sikêp gêgaman pêrang, sarta
https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 100/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

lakune barêng karo angin, ora antara suwe lêlêmbut wis têkan ing
saêloring desa Kukum, ing kono Buta Locaya banjur maujud
manusa aran kiyai Sumbre, dene para lêlêmbut kang pirang-pirang
ewu mau padha ora ngaton, kiyai Sumbre banjur ngadêg ana ing
têngah dalan sangisoring wit sambi, ngadhang lakune Sunan Benang
kang saka êlor.

Ora antara suwe têkane Sunan Benang saka lor, Sunan Benang wis
ora kasamaran yen kang ngadêg ana sangisoring wit sambi iku
ratuning dhêmit, sumêdya ganggu gawe, katitik saka awake panas
kaya mawa. Dene lêlêmbut kang pirang-pirang ewu mau padha
sumingkir adoh, ora bêtah kêna prabawane Sunan Benang.
Mangkono uga Sunan Benang uga ora bêtah cêdhak karo kiyai
Sumbre, amarga kaya dene cêdhak mawa, kiyai Sumbre mangkono
uga.
Sakabat loro kang maune padha sumaput, banjur padha katisên,
amarga kêna daya prabawane kiyai Sumbre.

Sunan Benang andangu marang kiyai Sumbre: “Buta Locaya! kowe


kok mêthukake lakuku, sarta nganggo jênêng Sumbre, kowe apa
padha slamêt?”.
Buta Locaya kaget bangêt dene Sunan Benang ngrêtos jênênge
dheweke, dadi dheweke kawanguran karêpe, wusana banjur matur
marang Sunan Benang: “Kados pundi dene paduka sagêd mangrêtos
manawi kula punika Buta Locaya?”.
Sunan Benang ngandika: “Aku ora kasamaran, aku ngrêti yen kowe
ratuning dhêmit Kadhiri, jênêngmu Buta Locaya.”.
Kiyai Sumbre matur marang Sunan Benang: “Paduka punika tiyang
punapa, dene mangangge pating gêdhabyah, dede pangagêm Jawi.
Kados wangun walang kadung?”.

Sunan Benang ngandika maneh: “Aku bangsa ‘Arab, jênêngku


Sayid Kramat, dene omahku ing Benang tanah Tuban, mungguh
kang dadi sêdyaku arêp mênyang Kadhiri, pêrlu nonton patilasan
kadhatone Sang Prabu Jayabaya, iku prênahe ana ing ngêndi?”.

Buta Locaya banjur matur: “Wetan punika wastanipun dhusun


Mênang (9), sadaya patilasan sampun sami sirna, kraton sarta
pasanggrahanipun inggih sampun botên wontên, kraton utawi
patamanan Bagendhawati ingkang kagungan Ni Mas Ratu
Pagêdhongan inggih sampun sirna, pasanggrahan Wanacatur ugi
sampun sirna, namung kantun namaning dhusun, sadaya wau
sirnanipun kaurugan siti pasir sarta lahar saking rêdi Kêlut. Kula
badhe pitaken, paduka gêndhak sikara dhatêng anak putu Adam,
nyabdakakên ingkang botên patut, prawan tuwa jaka tuwa, sarta
ngêlih nami Kutha Gêdhah, ngêlih lepen, lajêng nyabdakakên ing
ngriki awis toya, punika namanipun siya-siya botên surup, sikara
tanpa dosa, saiba susahipun tiyang gêsang laki rabi sampun lungse,
lajêng botên gampil pêncaripun titahing Latawalhujwa, makatên
wau saking sabda paduka, sêpintên susahipun tiyang ingkang sami
kêbênan, lepen Kadhiri ngalih panggenan mili nrajang dhusun,
wana, sabin, pintên-pintên sami risak, ngriki paduka-sotakên,
sêlaminipun awis toya, lepenipun asat, paduka sikara botên surup,
nyikara tanpa prakara”.

Sunan Benang ngandika: “Mula ing kene tak-êlih jênêng Kutha


Gêdhah, amarga wonge kene agamane ora irêng ora putih, têtêpe
agama biru, sabab agama Kalang, mula tak-sotake larang banyu,

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 101/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

aku njaluk banyu ora oleh, mula kaline banjur tak-êlih iline, kene
kabeh tak sotake larang banyu, dene ênggonku ngêsotake prawan
tuwa jaka tuwa, amarga kang tak jaluki banyu ora oleh iku, prawan
baleg.”.
Buta Locaya matur maneh: “Punika namanipun botên timbang
kaliyan sot panjênêngan, botên sapintên lêpatipun, tur namung
tiyang satunggal ingkang lêpat, nanging ingkang susah kok tiyang
kathah sangêt, botên timbang kaliyan kukumipun, paduka punika
namanipun damêl mlaratipun tiyang kathah, saupami konjuk
Ingkang Kagungan Nagari, paduka inggih dipunukum mlarat
ingkang langkung awrat, amargi ngrisakakên tanah, lah sapunika
mugi panjênêngan-sotakên wangsulipun malih, ing ngriki sagêda
mirah toya malih, sagêd dados asil panggêsangan laki rabi taksih alit
lajêng mêncarakên titahipun Hyang Manon. Panjênêngan sanes
Narendra têka ngarubiru agami, punika namanipun tiyang
dahwen”.

Sunan Benang ngandika: “Sanadyan kok-aturake Ratu Majalêngka


aku ora wêdi”.
Buta Locaya barêng krungu têmbung ora wêdi marang Ratu
Majalêngka banjur mêtu nêpsune, calathune sêngol: “Rêmbag
paduka niki dede rêmbage wong ahli praja, patute rêmbage tiyang
entên ing bambon, ngêndêlake dumeh tiyang digdaya, mbok sampun
sumakehan dumeh dipunkasihi Hyang Widdhi, sugih sanak
malaekat, lajêng tumindak sakarsa-karsa botên toleh kalêpatan, siya
dahwen sikara botên ngangge prakara, sanadyan ing tanah Jawi rak
inggih wontên ingkang nglangkungi kaprawiran paduka, nanging
sami ahli budi sarta ajrih sêsikuning Dewa, têbih saking ahli budi
yen ngantos siya dhatêng sêsami nyikara tanpa prakara, punapa
paduka punika tiyang tunggilipun Aji Saka, muride Ijajil.

Aji Saka dados Ratu tanah Jawi namung tigang taun lajêng minggat
saking tanah Jawi, sumbêr toya ing Mêdhang saurutipun dipunbêkta
minggat sadaya, Aji Saka tiyang saka Hindhu, paduka tiyang saking
‘Arab, mila sami siya-siya dhatêng sêsami, sami damêl awising toya,
paduka ngakên Sunan rak kêdah simpên budi luhur, damêl wilujêng
dhatêng tiyang kathah, nanging kok jêbul botên makatên, wujud
paduka niki jajil bêlis katingal, botên tahan digodha lare, lajêng
mubal nêpsune gêlis duka, niku Sunan napa? Yen pancen Sunaning
jalma yêktos, mêsthi simpên budi luhur. Paduka niksa wong tanpa
dosa, nggih niki margi paduka cilaka, tandhane paduka sapunika
sampun jasa naraka jahanam, yen sampun dados, lajêng paduka-
ênggeni piyambak, siram salêbêting kawah wedang ingkang umob
mumpal-mumpal. Kula niki bangsaning lêlêmbut, sanes alam
kaliyan manusa, ewadene kula taksih engêt dhatêng wilujêngipun
manusa. Inggih sampun ta, sapunika sadaya ingkang risak kula-aturi
mangsulakên malih, lepen ingkang asat lan panggenan ingkang sami
katrajang toya kula-aturi mangsulakên kados sawaunipun, manawi
panjênêngan botên karsa mangsulakên, sadaya manusa Jawi
ingkang Islam badhe sami kula-têluh kajêngipun pêjah sadaya, kula
tamtu nyuwun bantu wadya bala dhatêng Kanjêng Ratu Ayu
Anginangin ingkang wontên samodra kidul”.

Sunan Benang barêng mirêng nêpsune Buta Locaya rumaos lupute,


dene gawe kasusahan warna-warna, nyikara wong kang ora dosa,
mula banjur ngandika: “Buta Locaya! aku iki bangsa Sunan, ora
kêna mbaleni caturku kang wus kawêtu, besuk yen wus limang atus
taun, kali iki bisa bali kaya mau-maune”.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 102/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Buta Locaya barêng krungu kêsagahane Sunan Benang, banjur


nêpsu maneh, nuli matur marang Sunan Benang: “Kêdah paduka-
wangsulna sapunika, yen botên sagêd, paduka kula-banda”.

Sunan Benang ngandika marang Buta Locaya: “Wis kowe ora kêna
mangsuli, aku pamit nyimpang mangetan, woh sambi iki tak-
jênêngake cacil, dene kok kaya bocah cilik padha tukaran, dhêmit
lan wong pêcicilan rêbut bênêr ngadu kawruh prakara rusaking
tanah, sarta susahe jalma lan dhêmit, dak-suwun marang Rabbana,
woh sambi dadi warna loro kanggone, daginge dadiya asêm, wijine
mêtuwa lêngane, asêm dadi pasêmoning ulat kêcut, dene dhêmit
padu lan manusa, lênga têgêse dhêmit mlêlêng jalma lunga. Ing
besuk dadiya pasêksen, yen aku padu karo kowe, lan wiwit saiki
panggonan têtêmon iki, kang lor jênênge desa Singkal, ing kene desa
ing Sumbre, dene panggonane balamu kang ana ing kidul iku
jênênge desa Kawanguran”.

Sunan Benang sawuse ngandika mangkono banjur mlumpat marang


wetan kali, katêlah nganti tumêka saprene ing tanah Kutha Gêdhah
ana desa aran Kawanguran, Sumbre sarta Singkal, Kawanguran
têgêse kawruhan, Singkal têgêse sêngkêl banjur nêmu akal.

Buta Locaya nututi tindake Sunan Benang. Sunan Benang tindake


têkan ing desa Bogêm, ana ing kono Sunan Benang mriksani rêca
jaran, rêca mau awak siji êndhase loro, dene prênahe ana
sangisoring wit trênggulun, wohe trênggulun mau akeh bangêt kang
padha tiba nganti amblasah, Sunan Benang ngasta kudhi, rêca jaran
êndhase digêmpal.

Buta Locaya barêng wêruh patrape Sunan Benang anggêmpal


êndhasing rêca jaran, saya wuwuh nêpsune sarta mangkene wuwuse:
“Punika yasanipun sang Prabu Jayabaya, kangge pralambang ing
tekadipun wanita Jawi, benjing jaman Nusa Srênggi, sintên ingkang
sumêrêp rêca punika, lajêng sami mangrêtos tekadipun para wanita
Jawi”.

Sunan Benang ngandika: “Kowe iku bangsa dhêmit kok wani padu
karo manusa, jênênge dhêmit kêmênthus”.

Buta Locaya mangsuli: “Inggih kaot punapa, ngriku Sunan, kula


Ratu”.
Sunan Benang ngandika: “Woh trênggulun iki tak-jênêngake
kênthos, dadiya pangeling-eling ing besuk, yen aku kêrêngan karo
dhêmit kumênthus, prakara rusaking rêca”.

Ki Kalamwadi ngandika: “Katêlah nganti saprene, woh trênggulun


jênênge kênthos, awit saka sabdane Sunan Benang, iku pituture
Raden Budi Sukardi, guruku”.

Sunan Benang banjur tindak mangalor, barêng wis wanci asar,


kêrsane arêp salat, sajabane desa kono ana sumur nanging ora ana
timbane, sumure banjur digolingake, dene Sunan Benang sawise,
nuli sagêd mundhut banyu kagêm wudhu banjur salat.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 103/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Ki Kalamwadi ngandika: “Katêlah nganti saprene sumur mau


karane sumur Gumuling, Sunan Benang kang anggolingake, iku
pituture Raden Budi guruku, êmbuh bênêr lupute”.

Sunan Benang sawise salat banjur nêrusake tindake, satêkane desa


Nyahen (10) ing kona ana rêca buta wadon, prênahe ana sangisoring
wit dhadhap, wêktu iku dhadhape pinuju akeh bangêt kêmbange,
sarta akeh kang tiba kanan keringe rêca buta mau, nganti katon
abang mbêranang, saka akehe kêmbange kang tiba, Sunan Benang
priksa rêca mau gumun bangêt, dene ana madhêp mangulon,
dhuwure ana 16 kaki, ubênge bangkekane 10 kaki, saupama diêlih
saka panggonane, yen dijunjung wong wolung atus ora kangkat,
kajaba yen nganggo piranti, baune têngên rêca mau disêmpal dening
Sunan Benang, bathuke dikrowak.

Buta Locaya wêruh yen Sunan Benang ngrusak rêca, dheweke nêpsu
maneh, calathune: “Panjênêngan nyata tiyang dahwen, rêca buta
bêcik-bêcik dirusak tanpa prakara, saniki awon warnine, ing
mangka punika yasanipun Sang Prabu Jayabaya, lah asilipun
punapa panjênêngan ngrisak rêca?”

Pangandikane Sunan Benang: “Mulane rêca iki tak-rusak, supaya


aja dipundhi-pundhi dening wong akeh, aja tansah disajeni dikutugi,
yen wong muji brahala iku jênênge kapir kupur lair batine kêsasar.”

Buta Locaya calathu maneh: “Wong Jawa rak sampun ngrêtos, yen
punika rêca sela, botên gadhah daya, botên kuwasa, sanes Hyang
Latawalhujwa, mila sami dipunladosi, dipunkutugi, dipunsajeni,
supados para lêlêmbut sampun sami manggen wontên ing siti utawi
kajêng, amargi siti utawi kajêng punika wontên asilipun, dados
têdhanipun manusa, mila para lêlêmbut sami dipunsukani
panggenan wontên ing rêca, panjênêngan-tundhung dhatêng pundi?
Sampun jamakipun brêkasakan manggen ing guwa, wontên ing rêca,
sarta nêdha ganda wangi, dhêmit manawi nêdha ganda wangi
badanipun kraos sumyah, langkung sênêng malih manawi manggen
wontên ing rêca wêtah ing panggenan ingkang sêpi edhum utawi
wontên ngandhap kajêng ingkang agêng, sampun sami ngraos yen
alamipun dhêmit punika sanes kalayan alamipun manusa, manggen
wontên ing rêca têka panjênêngan-sikara, dados panjênêngan punika
têtêp tiyang jail gêndhak sikara siya-siya dhatêng sasamining
tumitah, makluking Pangeran. Aluwung manusa Jawa ngurmati
wujud rêca ingkang pantês simpên budi nyawa, wangsul tiyang
bangsa ‘Arab sami sojah Ka’batu’llah, wujude nggih tugu sela,
punika inggih langkung sasar”.

Pangandikane Sunan Benang: Ka’batu’llah iku kang jasa Kangjêng


Nabi Ibrahim, ing kono pusêring bumi, didelehi tugu watu disujudi
wong akeh, sing sapa sujud marang Ka’batu’llah, Gusti Allah paring
pangapura lupute kabeh salawase urip ana ing ‘alam
pangumbaran”.
Buta Locaya mangsuli karo nêpsu: “Tandhane napa yen angsal sihe
Pangeran, angsal pangapuntên sadaya kalêpatanipun, punapa
sampun angsal saking Pangeran Kang Maha Agung tapak asta mawi
cap abrit?

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 104/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Sunan Benang ngandika maneh: “Kang kasêbut ing kitabku, besuk


yen mati oleh kamulyan”.

Buta Locaya mangsuli karo mbêkos: “Pêjah malih yen sumêrêpa,


kamulyan sanyata wontên ing dunya kemawon sampun korup, sasar
nyêmbah tugu sela, manawi sampun nrimah nêmbah curi, prayogi
dhatêng rêdi Kêlut kathah sela agêng-agêng yasanipun Pangeran,
sami maujud piyambak saking sabda kun, punika wajib dipunsujudi.
Saking dhawuhipun Ingkang Maha Kuwaos, manusa sadaya kêdah
sumêrêp ing Batu’llahipun, badanipun manusa punika Baitu’llah
ingkang sayêktos, sayêktos yen yasanipun Ingkang Maha Kuwaos,
punika kêdah dipunrêksa, sintên sumêrêp asalipun badanipun,
sumêrêp budi hawanipun, inggih punika ingkang kenging kangge
tuladha.

Sanadyan rintên dalu nglampahi salat, manawi panggenanipun raga


pêtêng, kawruhipun sasar-susur, sasar nêmbah tugu sela, tugu
damêlan Nabi, Nabi punika rak inggih manusa kêkasihipun Gusti
Allah, ta, pinaringan wahyu nyata pintêr sugih engêtan, sidik
paningalipun têrus, sumêrêp cipta sasmita ingkang dereng
kalampahan.

Dene ingkang yasa rêca punika Prabu Jayabaya, inggih kêkasihipun


Ingkang Kuwaos, pinaringan wahyu mulya, inggih pintêr sugih
engêtan sidik paningalipun têrus, sumêrêp saderengipun
kalampahan, paduka pathokan tulis, tiyang Jawi pathokan sastra,
bêtuwah saking lêluhuripun. sami-sami nyungkêmi kabar, aluwung
nyungkêmi kabar sastra saking lêluhuripun piyambak, ingkang
patilasanipun taksih kenging dipuntingali. Tiyang nyungkêmi kabar
‘Arab, dereng ngrêtos kawontênanipun ngrika, punapa dora punapa
yêktos, anggêga ujaripun tiyang nglêmpara. Mila panjênêngan
anganjawi, nyade umuk, nyade mulyaning nagari Mêkah, kula
sumêrêp nagari Mêkah, sitinipun panas, awis toya, tanêm-tanêm
tuwuh botên sagêd mêdal, bênteripun bantêr awis jawah, manawi
tiyang ingkang ahli nalar, mastani Mêkah punika nagari cilaka,
malah kathah tiyang sade tinumbas tiyang, kangge rencang
tumbasan. Panjênêngan tiyang duraka, kula-aturi kesah saking
ngriki, nagari Jawi ngriki nagari suci lan mulya, asrêp lan
bênteripun cêkapan, tanah pasir mirah toya, punapa ingkang
dipuntanêm sagêd tuwuh, tiyangipun jalêr bagus, wanitanipun ayu,
madya luwês wicaranipun.

Rêmbag panjênêngan badhe priksa pusêring jagad, inggih ing ngriki


ingkang kula-linggihi punika, sapunika panjênêngan ukur, manawi
kula lêpat panjênêngan jotos. Rêmbag panjênêngan punika mblasar,
tandha kirang nalar, kirang nêdha kawruh budi, rêmên niksa ing
sanes. Ingkang yasa rêca punika Maha Prabu Jayabaya,
digdayanipun ngungkuli panjênêngan, panjênêngan punapa sagêd
ngêpal lampahing jaman? Sampun ta, kula aturi kesah kemawon
saking ngriki, manawi botên purun kesah sapunika, badhe kula
undhangakên adhi kula ingkang wontên ing rêdi Kêlut, panjênêngan
kula-kroyok punapa sagêd mênang, lajêng kula bêkta mlêbêt
dhatêng kawahipun rêdi Kêlut, panjênêngan punapa botên badhe
susah, punapa panjênêngan kêpengin manggen ing sela kados kula?
Mangga dhatêng Selabale, dados murid kula!”.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 105/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Sunan Benang ngandika: “Ora arêp manut rêmbugmu, kowe setan


brêkasakan”.
Buta Locaya mangsuli: “Sanadyan kula dhêmit, nanging dhêmit
raja, mulya langgêng salamine, panjênêngan dereng tampu mulya
kados kula, tekad panjênêngan rusuh, rêmên nyikara niaya, mila
panjênêngan dhatêng tanah Jawi, wontên ing ‘Arab nakal kalêbêt
tiyang awon, yen panjênêngan mulya tamtu botên kesah saking
‘Arab, mila minggat, saking lêpat, tandhanipun wontên ing ngriki
taksih krejaban, maoni adating uwong, maoni agama, damêl risak
barang sae, ngarubiru agamane lêluhur kina, Ratu wajib niksa,
mbucal dhatêng Mênadhu”.
Sunan Benang ngandika: “Dhadhap iki kêmbange tak jênêngake
celung, uwohe kledhung, sabab aku kêcelung nalar lan kêledhung
rêmbag, dadiya pasêksen yen aku padu lan ratu dhêmit, kalah
kawruh kalah nalar”.
Mula katêlah nganti tumêka saprene, woh dhadhap jênênge
kledhung, kêmbange aran celung.

Sunan Benang banjur pamitan: “Wis aku arêp mulih mênyang


Benang”.
Buta Locaya mangsuli karo nêpsu: “Inggih sampun, panjênêngan
enggala kesah, wontên ing ngriki mindhak damêl sangar, manawi
kadangon wontên ing ngriki mindhak damêl susah, murugakên awis
wos, nambahi bênter, nyudakakên toya”.
Sunan Benang banjur tindak, dene Buta Locaya sawadya-balane uga
banjur mulih. Gênti kang cinarita, nagari ing Majalêngka, anuju
sawijining dina, Sang Prabu Brawijaya miyos sinewaka, diadhêp
Patih sarta para wadya bala, Patih matur, yen mêntas nampani
layang saka Tumênggung ing Kêrtasana, dene surasane layang
ngaturi uninga yen nagara Kêrtasana kaline asat, kali kang saka
Kadhiri miline nyimpang mangetan, saperanganing layang mau
unine mangkene: “Wontên ler-kilen Kadhiri, pintên-pintên dhusun
sami karisakan, anggenipun makatên wau, saking kenging
sabdanipun ngulama saking ‘Arab, namanipun Sunan Benang.
Sang Prabu mirêng ature Patih bangêt dukane, Patih banjur diutus
mênyang Kêrtasana, niti-priksa ing kono kabeh, kahanane wonge
sarta asile bumi kang katrajang banyu kapriye? Sarta didhawuhi
nimbali Sunan Benang.
Gêlising carita, Patih sawise niti-priksa, banjur ngaturake kahanane
kabeh, dene duta kang diutus mênyang Tuban uga wis têka, matur
yen ora oleh gawe, amarga Sunan Benang lunga ora karuhan parane.

Sang Prabu midhangêt ature para wadya banjur duka, paring


pangandika yen ngulama saka ‘Arab pada ora lamba atine. Sang
Prabu banjur dhawuh marang Patih, wong ‘Arab kang ana ing
tanah Jawa padha didhawuhi lunga, amarga gawe ribêding nagara,
mung ing Dêmak lang Ngampelgadhing kang kêparêng ana ing
tanah Jawa, nglêstarekake agamane, liyane loro iku didhawuhi
ngulihake mênyang asale, dene yen padha ora gêlêm lunga
didhawuhi ngrampungi bae. Ature Patih: “Gusti! lêrês dhawuh
paduka punika, amargi ngulama Giripura sampun tigang taun botên
sowan utawi botên ngaturakên bulubêkti, mênggah sêdyanipun
badhe rêraton piyambak, botên ngrumaosi nêdha ngombe wontên
tanah Jawi, dene namanipun santri Giri anglangkungi asma paduka,
pêparabipun Sunan ‘Aênalyakin, punika nama ing têmbung ‘Arab,
mênggah têgêsipun Sunan punika budi, têgêsipun Aenal punika
ma’rifat, têgêsipun Yakin punika wikan, sumêrêp piyambak, dados
nama tingal ingkang têrus, suraosipun ing têmbung Jawi nama
Prabu Satmata, punika asma luhur ingkang makatên punika ngirib-
irib tingalipun Kang Maha Kuwasa, mariksa botên kasamaran, ing
https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 106/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

alam donya botên wontên kalih ingkang asma Sang Prabu Satmata,
kajawi namung Bathara Wisnu nalika jumênêng Nata wontên ing
nagari Mêdhang-Kasapta.

Sang Prabu midhangêt ature Patih, banjur dhawuh nglurugi pêrang


mênyang Giri, Patih budhal ngirid wadya-bala prajurit, nglurug
mênyang Giri. Patih sawadya-balane satêkane ing Giri banjur
campuh pêrang. Wong ing Giri geger, ora kuwat nanggulangi
pangamuke wadya Majapahit. Sunan Giri mlayu mênyang Benang,
golek kêkuwatan, sawise oleh bêbantu, banjur pêrang maneh
mungsuh wong Majalêngka, pêrange rame bangêt, ing wêktu iku
tanah jawa wis meh saparo kang padha ngrasuk agama Islam, wong-
wong ing Pasisir lor wis padha agama Islam, dene kang kidul isih
têtêp nganggo agama Buddha. Sunan Benang wis ngrumasani
kaluputane, ênggone ora sowan mênyang Majalêngka, mula banjur
lunga karo Sunan Giri mênyang Dêmak, satêkane ing Dêmak, banjur
ngêbang marang Adipati Dêmak, diajak nglurug mênyang
Majalêngka, pangandikane Sunan Benang marang Adipati Dêmak:

“Wêruha yen saiki wis têkan masa rusake Kraton Majalêngka,


umure wis satus têlu taun, saka panawangku, kang kuwat dadi Ratu
tanah Jawa, sumilih Kaprabon Nata, mung kowe, rêmbugku rusakên
Kraton Majalêngka, nanging kang sarana alus, aja nganti ngêtarani,
sowana besuk Garêbêg Mulud, nanging rumantiya sikêping pêrang:
1. gaweya samudana, 2. dhawuhana balamu para Sunan kabeh lan
para Bupati kang wis padha Islam kumpulna ana ing Dêmak, yen
kumpule iku arêp gawe masjid, mêngko yen wis kumpul, para Sunan
sarta Bupati sawadya-balane kang wis padha Islam, kabeh mêsthi
nurut marang kowe”.

Ature Adipati Dêmak: “Kula ajrih ngrisak Nagari Majalêngka,


amêngsah bapa tur raja, kaping tiganipun damêl sae paring
kamukten ing dunya, lajêng punapa ingkang kula-walêsakên, kajawi
namung sêtya tuhu. Dhawuhipun eyang Sunan Ngampelgadhing,
botên kaparêng yen kula mêngsah bapa, sanadyan Buddha nanging
margi-kula sagêd dumados gêsang wontên ing dunya. Inggih
sanadyan Buddha punapa kapir, tiyang punika bapa inggih kêdah
dipunhurmati, punapa malih dereng wontên lêpatipun dhatêng
kula”.

Sunan Benang ngandika mêneh: “Sanadyan mungsuh bapa lan ratu,


ora ana alane, amarga iku wong kapir, ngrusak kapir Buddha
kawak: kang kok-têmu ganjaran swarga. Eyangmu kuwi santri mêri,
gundhul bêntul butêng tanpa nalar, patute mung dadi godhogan,
sapira kawruhe Ngampelgadhing, bocah kalairan Cêmpa, masa
padhaa karo aku Sayid Kramat, Sunan Benang kang wis dipuji wong
sabumi ‘alam, têdhak Rasul panutaning wong Islam kabeh. Kowe
mungsuh bapakmu Nata, sanadyan dosa pisan, mung karo wong siji,
tur ratu kapir, nanging yen bapakmu kalah, wong satanah Jawa
padha Islam kabeh. Kang mangkono iku, sapira mungguh
kauntunganmu nugrahaning Pangeran tikêl kaping êmbuh, sihing
Hyang Kang Maha Kuwasa kang dhawuh marang kowe. Satêmêne
ramanira iku siya-siya marang sira, tandhane sira diparingi jênêng
Babah, iku ora prayoga, têgêse Babah iku saru bangêt, iya iku: bae
mati bae urip, wiji jawa digawa Putri Cina, mula ibumu diparingake
Arya Damar, Bupati ing Palembang, wong pranakan buta; iku mêgat

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 107/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

sih arane. Ramanira panggalihe têtêp ora bêcik, mulane rêmbugku,


walêsên kalawan alus, lire aja katara, ing batin sêsêpên gêtihe,
mamahên balunge”.

Sunan Giri nyambungi rêmbug: Aku iki ora dosa dilurugi ramamu,
didakwa rêraton, amarga aku ora seba marang Majalêngka.
Sumbare Patih, yen aku kacandhak arêp dikuciri lan dikon ngêdusi
asu, akeh bangsa Cina kang padha têka ana ing tanah Jawa, ana ing
Giri padha tak-Islamake awit kang muni ing kitabku, yen
ngislamake wong kapir, besuk ganjarane swarga, mula akeh bangsa
Cina kang padha tak- Islamake, tak-anggêp kulawarga. Dene têkaku
mrene ini ngungsi urip mênyang kowe, aku wêdi marang Patih
Majalêngka, lan ramanira sêngit bangêt marang santri kang muji
dhikir, ênggone ngarani jare lara ayan esuk lan sore, yen kowe ora
ngukuhi, mêsthi rusak agama Mukhammad Nabi”.

Wangsulane Sang Adipati Dêmak: “Anggenipun nglurugi punika


lêrês, tiyang rêraton, botên ngrumaosi yen kêdah manut prentahing
Ratu ingkang mbawahakên, sampun wajibipun dipunlurugi,
dipunukum pêjah, awit panjênêngan botên ngrumaosi dhahar
ngunjuk wontên in tanah Jawi”.

Sunan Benang ngandika maneh: “Yen ora kok-rêbut dina iki, kowe
ngênteni surude bapakmu, kaprabone bapakmu wis mêsthi ora
bakal tiba kowe, mêsthi dipasrahake marang Adipati Pranaraga,
amarga iku putrane kang tuwa, utawa dipasrahake marang putra
mantu, iya iku Ki Andayaningrat ing Pêngging, kowe anak nom, ora
wajib jumênêng Nata, mumpung iki ana lawang mênga, Giri kang
dadi jalarane ngrusak Majalêngka, nadyan mati, mungsuh wong
kapir, mati sabilu’llah, patine slamêt nampani swarga mulya, wis
wajibe wong Islam mati dening wong kapir, saka ênggone nyungkêmi
agamane, karo wis wajibe wong urip golek kamuktening dunya,
golek darajat kang unggul dhewe, yen wong urip ora wêruh marang
uripe, iku durung gênêp uripe, lamun sipat manusa mêsthi melik
mêngku praja angreh wadya bala, awit Ratu iku Khalifa wakile
Hyang Widdhi, apa bae kang dikarêpake bisa kêlakon, satêmêne
kowe wis pinasthi bakal jumênêng Ratu ana ing tanah Jawa, sumilih
kaprabone ramamu, ananging ing laire iya kudu nganggo sarat
dirêbut sarana pêrang, yen kowe ora gêlêm nglakoni, mêsthine sihe
Gusti Allah kang mênyang kowe bakal dipundhut bali, dadi kowe
jênênge nampik sihe Allah, aku mung sadarma njurungi, amarga
aku wis wêruh sadurunge winarah, wis tak-sêmprong nganggo
sangkal bolong katon nêrawang ora samar sajroning gaib, kowe
kang katiban wahyu sihe Pangeran, bisa dadi Ratu ana ing tanah
Jawa, murwani agama suci, ambirat ênggonmu madêg Narendra,
bisa ngideni adêgmu Nata mêngku tanah Jawa, bisa lêstari satêruse”.
Akeh-akeh dhawuhe Sunan Benang, pambujuke marang adipati
Dêmak supaya mêtu nêpsune, gêlêm ngrusak Majalêngka, malah
diwenehi lêpiyan carita Nabi, kang gêlêm ngrusak bapa kapir, iku
padha nêmu rahayu.

Adipati Dêmak matur: “Manawi karsa panjênêngan makatên, kula


namung sadarmi nglampahi dhawuh, panjênêngan ingkang
mbotohi”.
Sunan Benang ngandika maneh: “Iya mangkono iku kang tak
karêpake, saiki kowe wis gêlêm tak botohi, lah saiki uga kowe kirima
layang marang adhimu Adipati Têrung, ananging têmbungmu kang
rêmit sarta alus, adhimu antêpên, apa abot Sang Nata, apa abot
sadulur tuwa kang tunggal agama. Yen adhimu wis rujuk adêgmu

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 108/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Nata, gampang bangêt rusaking Majalêngka. Majapahit sapa kang


diêndêlake yen Kusen mbalik, Si gugur isih cilik, masa ndadak
waniya, Patihe wis tuwa, dithothok bae mati, mêsthi ora bisa
nadhahi yudamu”. Adipati Dêmak banjur kirim layang marang
Têrung, ora suwe utusan bali, wis tinampan wangsulane Sang
Adipati Têrung, saguh ambiyantu pêrang, layang banjur katur
Sunan Benang, ndadekake sukaning panggalih, Sunan Benang
banjur ngandika marang Adipati Dêmak, supaya Sang Adipati
ngaturi para Sunan lan para Bupati kabeh, samudana yen arêp
ngêdêgake masjid, lan diwenehana sumurup yen Sunan Benang wis
ana ing Dêmak.

Gêlising carita, ora suwe para Sunan lan para Bupati padha têka
kabeh, banjur pakumpulan ngêdêgake masjid, sawise mêsjid dadi,
banjur padha salat ana ing masjid, sabakdane salat, banjur tutup
lawang, wong kabeh dipangandikani dening Sunan Benang, yen
Adipati Dêmak arêp dijumênêngake Nata, sarta banjur arêp
ngrusak Majapahit, yen wis padha rujuk, banjur arêp kêpyakan
tumuli. Para Sunan lan para Bupati wis padha rujuk kabeh, mung
siji kang ora rujuk, iya iku Syekh Sitijênar. Sunan Benang duka,
Syekh Sitijênar dipateni, dene kang kadhawuhan mateni iya iku
Sunan Giri, Syekh Sitijênar dilawe gulune mati. Sadurunge Syekh
Sitijênar tumêka ing pati, ninggal swara: “Eling-eling ngulama ing
Giri, kowe ora tak-walês ing akhirat, nanging tak-walês ana ing
dunya kene bae, besuk yen ana Ratu Jawa kanthi wong tuwa, ing
kono gulumu bakal tak-lawe gênti”.

Sunan Giri mangsuli: “Iya besuk wani, saiki wani, aku ora bakal
mundur”. Sawise golong karêpe, nglêstarekake apa kang wis
dirêmbug. Sang Adipati Dêmak banjur ingidenan jumênêng Nata,
amêngku tanah Jawa, jêjuluk Senapati Jimbuningrat, patihe wong
saka Atasaning aran Patih Mangkurat. Esuke Senapati
Jimbuningrat wis miranti sapraboting pêrang, banjur budhal
mênyang Majapahit, diiringake para Sunan lan para Bupati, lakune
kaya dene Garêbêg Maulud, para wadya bala ora ana kang ngrêti
wadining laku, kajaba mung para Tumênggung lan para Sunan apa
dene para ngulama, Sunan Benang lan Sunan Giri ora melu
mênyang Majapahit, pawadane sarehne wis sêpuh, mung arêp salat
ana ing masjid bae, lan paring idi rahayuning laku, dadi mung para
Sunan lan para Bupati bae kang ngiringake Sultan Bintara, ora
kacarita lakune ana ing dalan.

Gênti kocapa nagara in Majapahit, Patih saulihe saka ing Giri


banjur matur sang Praba, bab ênggone mukul pêrang ing Giri,
mungguh kang dadi senapati ing Giri iya iku sawijining bangsa Cina
kang wis ngrasuk agama Islam, arane Sêcasena, mangsah mêncak
nganggo gêgêman abir, sawadya-balane watara wong têlung atus,
padha bisa mêncak kabeh, brêngose capang sirahe gundhul, padha
manganggo srêban cara kaji, mangsah pêrang paculat kaya walang
kadung, wadya Majapahit ambêdhili, dene wadya-bala ing Giri
pating jênkelang ora kêlar nadhahi tibaning mimis. Senapati
Sêcasena wis mati, dene bala Cina liyane lang kari padha mlayu
salang tunjang, bala ing Giri ngungsi mênyang alas ing gunung,
sawêneh ngambang ing sagara, mlayu mênyang Benang têrus diburu
dening wadya-bala Majapahit, Sunan Giri lan Sunan Benang banjur
nunggal saprau-layar ngambang ing sagara, kinira banjur minggat
marang Arab ora bali ngajawa.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 109/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Sang Prabu banjur dhawuh marang Patih, supaya utusan mênyang


Dêmak, andhawuhake yen ngulama ing Giri lan ing Benang padha
têka ing Dêmak, didhawuhi nyêkêl, kaaturna bêbandan ing ngarsa
Nata, awit dosane santri Benang ngrusak bumi ing Kêrtasana, dene
dosane santri Giri ora gêlêm seba marang ngarsa Prabu, tekade
sumêdya nglawan pêrang.

Patih samêtune ing paseban jaba, banjur nimbali duta kang arêp
diutus mênyang Dêmak, sajrone ana ing paseban jaba, kêsaru têkane
utusane Bupati ing Pathi, ngaturake layang marang Patih, layang
banjur diwaos kiyai Patih, mungguh surasaning layang. Menak
Tunjungpura ing Pathi ngaturi uninga, yen Adipati ing Dêmak, iya
iku Babah Patah, wis madêg Ratu ana ing Dêmak, dene kang
ngêbang- êbang adêging Nata, iya iku Sunan Benang lan Sunan Giri,
para Bupati pasisir lor sawadyane kang wis padha Islam uga padha
njurungi, dene jêjuluking Ratu, Senapati Jimbuningrat, utawa
Sultan Syah ‘Alam Akbar Siru’llah Kalifatu’rrasul
Amiri’lmukminin Tajudi’l’Abdu’lhamid Kak, iya Sultan Adi Surya
‘Alam, ing Bintara. Ing samêngko Babah Patah sawadya-balane wis
budhal nglurug marang Majapahit, sêdya mungsuh ingkang rama,
Babah Patah abot mênyang gurune, ngenthengake ingkang rama,
para Sunan lan para Bupati padha ambiyantu anggone arêp
mbêdhah Majapahit. Babah Patah anggone nggawa bala têlung lêksa
miranti sapraboting pêrang, mungguh kature Sang Prabu
amborongake kiyai Patih.

Layang kang saka Pathi mau katitimasan tanggal kaping 3 sasi


Mulud taun Jimakir 1303, masa Kasanga Wuku Prangbakat. Kiyai
Patih sawise maos layang, njêtung atine, sarta kêrot, gêrêng-gêrêng,
gedheg-gedheg, bangêt pangungune, banjur tumênga ing tawang
karo nyêbut marang Dewa kang Linuwih, bangêt gumune mênyang
wong Islam, dene ora padha ngrêti mênyang kabêcikane Sang Prabu,
malah padha gawe ala. Kyai Patih banjur matur Sang Prabu,
ngaturake surasane layang mau.

Sang Prabu Brawijaya midhangêt ature Patih kaget bangêt


panggalihe, njêgrêg kaya tugu, nganti suwe ora ngandika, jroning
panggalih ngungun bangêt marang putrane sarta para Sunan, dene
padha duwe sêdya kang mangkono, padha diparingi pangkat,
wêkasane malah padha gawe buwana balik, kolu ngrusak Majapahit.
Sang Prabu nganti ora bisa manggalih apa mungguh kang dadi
sababe, dene putrane lan para ngulama têka arêp ngrusak karaton,
digoleki nalar-nalare tansah wudhar, lair batin ora tinêmu ing nalar,
dene kok padha duwe pikir ala. Ing wêktu iku panggalihe Sang
Prabu pêtêng bangêt, sungkawane ratu Gêdhe kang linuwih,
sinêmonan dening Dewa, kaya dene atining kêbo êntek dimangsa ing
tumaning kinjir. Sang Prabu banjur andangu marang Patih, apa ta
mungguh kang dadi sababe, dene putrane lan para ngulama apa
dene para Bupati kolu ngrusak Majapahit, ora padha ngelingi
marang kabêcikan.

Ature Patih, mratelakake yen uga ora mangêrti, amarga adoh karo
nalare, wong dibêciki kok padha malês ala, lumrahe mêsthi, padha
malês bêcik. Ki Patih uga mung gumun, dene wong Islam pikire kok
padha ora bêcik, dibêciki walêse kok padha ala.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 110/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Sang Prabu banjur ngandika marang patih, bab anane lêlakon kaya
mangkono iku amarga saka lêpate sang nata piyambak, dene
nggêgampang marang agama kang wis kanggo turun-tumurun, sarta
ênggone kêgiwang marang ature Putri Cêmpa, ngideni para ngulama
mêncarake agama Islam. Sang Nata saka putêking panggalihe nganti
kawêdhar pangandikane ngêsotake marang wong Islam: Sun-
suwung marang Dewa Gung, muga winalêsna susah-ingsun, wong
Islam iku besuk kuwalika agamanira, manjalma dadi wong kucir,
dene tan wruh kabêcikan, sun-bêciki walêse angalani”.

“Sabdaning Ratu Agung sajroning kasusahan, katarima dening


Bathara, sinêksen ing jagad, katandhan ana swara jumêgur gêtêr
patêr sabuwana, iya iku kawitane manuk kuntul ana kang kucir.
Sunan, ngulama kabeh ngrangkêp jênêng walikan, katêlah tumêka
saprene, ngulama jênênge walian, kuntul kucir githoke. Sang Prabu
banjur mundhut pamrayoga marang Patih, prakara têkane
mungsuh, santri kang ngrêbut nagara, iku dilawan apa ora? Sang
Nata rumaos gêtun lan ngungun, dene Adipati Dêmak kapengin
mêngkoni Majapahit bae kok dirêbut sarana pêrang, saupama
disuwun kalayan aris bae mêsthi diparingake, amarga Sang Nata wis
sêpuh.

Ature Patih prayoga nglawan têkaning mungsuh. Sang Prabu


ngandika, yen nganti nglawan rumaos lingsêm bangêt, dene
mungsuh karo putra, mula dhawuhe Sang Prabu, yen mapag pêrang
kang sawatara bae, aja nganti ngrusakake bala. Patih didhawuhi
nimbali Adipati Pêngging sarta Adipati Pranaraga, amarga putra
kang ana ing Majapahit durung wanci yen mapagake pêrang, sawise
paring pangandika mangkono. Sang Prabu banjur lolos arsa têdhak
marang Bali, kadherekake abdi kêkasih, Sabdapalon lan
Nayagenggong. Sajrone Sang Prabu paring pangandika, wadya-bala
Dêmak wis pacak baris ngêpung nagara, mula kasêsa tindake.
Wadya Dêmak banjur campuh karo wadya Majapahit, para Sunan
banjur ngawaki pêrang, Patih Majapahit ngamuk ana samadyaning
papêrangan. Para Bupati Nayaka wolu uga banjur melu ngamuk.
Pêrange rame bangêt, bala Dêmak têlung lêksa, balang Majapahit
mung têlung ewu, sarehne Majapahit karoban mungsuh, prajurite
akeh kang padha mati, mung Patih sarta Bupati Nayaka pangamuke
saya nêsêg. Bala Dêmak kang katrajang mêsthi mati.

Putrane Sang Prabu aran Raden Lêmbupangarsa ngamuk ana


satêngahing papêrangan, tandhing karo Sunan Kudus, lagi rame-
ramene têtandhingan pêrang, Patih Mangkurat ing Dêmak
nglambung, Putra Nata tiwas, saya bangêt nêpsune, pangamuke
kaya bantheng kataton, ora ana kang diwêdeni, Patih ora pasah
sakehing gêgaman, kaya dene tugu waja, ora ana braja kang
tumama marang sarirane, ing ngêndi kang katrajang bubar ngisis,
kang tadhah mati nggêlasah, bangkening wong tumpang tindhih,
Patih binendrongan saka kadohan, tibaning mimis kaya udan tiba
ing watu. Sunan Ngudhung mapagake banjur mrajaya, nanging ora
pasah, Sunan Ngudhung disuduk kêna, barêng Sunan Ngudhung
tiwas, Patih dibyuki wadya ing Dêmak, dene wadya Majapahit wis
êntek, sapira kuwate wong siji, wêkasan Patih ing Majapahit
ngêmasi, nanging kuwandane sirna, tinggal swara: “Eling-eling wong
Islam, dibêciki gustiku walêse ngalani, kolu ngrusak nagara
Majapahit, ngrêbut nagara gawe pêpati, besuk tak-walês, tak-ajar

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 111/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

wêruh nalar bênêr luput, tak-damoni sirahmu, rambutmu tak-cukur


rêsik”.
Sapatine Patih, para Sunan banjur mlêbu mênyang kadhaton.
nanging sang Prabu wis ora ana, kang ana mung Ratu Mas, iya iku
Putri Cêmpa, sang Putri diaturi sumingkir mênyang Benang uga
karsa.

Para prajurit Dêmak banjur padha mlêbu mênyang kadhaton, ana


ing kono pada njarah rayah nganti rêsik, wong kampung ora ana
kang wani nglawan. Raden Gugur isih timur lolos piyambak. Adipati
Têrung banjur mlêbu mênyang jêro pura, ngobongi buku-buku
bêtuwah Buddha padha diobongi kabeh, wadya sajroning pura
padha bubar, beteng ing Bangsal wis dijaga wong Têrung. Wong
Majapahit kang ora gêlêm têluk banjur ngungsi mênyang gunung
lan alas-alas, dene kang padha gêlêm têluk, banjur dikumpulake
karo wong Islam, padha dikon nyêbut asmaning Allah. Layone para
putra santana lan nayaka padha kinumpulake, pinêtak ana sakidul-
wetan pura. Kuburan mau banjur dijênêngake Bratalaya, jarene iku
kubure Raden Lêmbupangarsa.

Barêng wis têlung dina, Sultan Dêmak budhal mênyang Ngampel,


dene kang dipatah tunggu ana ing Majapahit, iya iku Patih
Mangkurat sarta Adipati Têrung, njaga kaslamêtan mbokmanawa
isih ana pakewuh ing wuri, Sunan Kudus njaga ana ing kraton dadi
sulihe Sang Prabu, Têrung uga dijaga ngulama têlung atus, sabên
bêngi padha salat kajat sarta andêrês Kur’an, wadya-bala kang
saparo lan para Sunan padha ndherek Sang Prabu mênyang
Ngampelgadhing, Sunan Ngampel wis seda, mung kari garwane kang
isih ana ing Ngampel, garwane mau asli saking Tuban, putrane Arya
Teja, sasedane Sunan Ngampel, Nyai Agêng kanggo têtuwa wong
Ngampel. Sang Prabu Jambuningrat satêkane ing Ngampel, banjur
ngabekti Nyai Agung, para Sunan sarta para Bupati gênti-gênti
padha ngaturake sêmbah mênyang Nyai Agêng. Prabu Jimbuningrat
matur yen mêntas mbêdhah Majapahit, ngaturake lolose ingkang
rama sarta Raden Gugur, ngaturake patine Patih ing Majapahit lan
matur yen panjênêngane wis madêg Nata mêngku tanah Jawa, dene
jêjuluke:

Senapati Jimbun, sarta Panêmbahan Palembang, ênggone sowan


mênyang Ngampel iku, prêlu nyuwun idi, têtêpa jumênêng Nata
nganti run-tumurun aja ana kang nyêlani.

Nyai Agêng Ngampel sawise mirêng ature Prabu Jimbun, banjur


muwun sarta ngrangkul Sang Prabu, Nyai Agêng ing batos karaos-
raos, mangkene pangudaraosing panggalih: “Putuku, kowe dosa
têlung prakara, mungsuh Ratu tur sudarmane, sarta kang aweh
kamukten ing dunya, têka dirusak kang tanpa prakara, yen ngelingi
kasaeane uwa Prabu Brawijaya, para ngulama padha diparingi
panggonan kang wis anggawa pamêtu minangka dadi pangane, sarta
padha diuja sakarêpe, wong pancene rak sêmbah nuwun bangêt,
wusana banjur diwalês ala, seda utawa sugênge ora ana kang
wêruh”.

Nyai Agêng banjur ndangu Sang Prabu, pangandikane: “Êngger!


aku arêp takon mênyang kowe, kandhaa satêmêne, bapakmu tênan

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 112/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

kuwi sapa? Sapa kang ngangkat kowe dadi Ratu tanah Jawa lan
sapa kang ngideni kowe? Apa sababe dene kowe syikara kang tanpa
dosa?”

Sang Prabu banjur matur, yen Prabu Brawijaya iku jarene ramane
têmênan. Kang ngangkat sarirane dadi Ratu mêngku tanah Jawa iku
para Bupati pasisir kabeh. Kang ngideni para Sunan. Mulane nagara
Majapahit dirusak, amarga Sang Prabu Brawijaya ora karsa salin
agama Islam, isih ngagêm agama kapir kupur, Buddha kawak
dhawuk kaya kuwuk.

Nyai Agêng barêng mirêng ature Prabu Jimbun, banjur njêrit


ngrangkul Sang Prabu karo ngandika: “Êngger! kowe wêruha, kowe
iku dosa têlung prakara, mêsthi kêsiku ing Gusti Allah. Kowe wani
mungsuh Ratu tur wong tuwamu dhewe, sarta sing aweh nugraha
marang kowe, dene kowe kok wani ngrusak kang tanpa dosa. Anane
Islam lan kapir sapa kang gawe, kajaba mung siji Gusti Allah
piyambak. Wong ganti agama iku ora kêna dipêksa yen durung mêtu
saka karêpe dhewe. Wong kang nyungkêmi agamane nganti mati isih
nggoceki tekade iku utama.

Yen Gusti Allah wis marêngake, ora susah ngango dikon, wis mêsthi
salin dhewe ngrasuk agama Islam. Gusti Allah kang sipat rahman,
ora dhawuh lan ora malangi marang wong kang salin agama. Kabeh
iki sasênênge dhewe-dhewe. Gusti Allah ora niksa wong kapir kang
ora luput, sarta ora paring ganjaran marang wong Islam kang
tumindak ora bênêr, mung bênêr karo lupute sing diadili nganggo
têtêping adil, lalar-lulurên asalmu, ibumu Putri Cêmpa nyêmbah
pikkong, wujud dluwang utawa rêja watu. Kowe ora kêna sêngit
mênyang wong kang agama Buddha, tandha mripatmu iku lapisan,
mula blero pandêlêngmu, ora ngrêti marang kang bênêr lan kang
luput, jarene anake Sang Prabu, têka kolu marang bapa, kêduga
ngrusak ora nganggo prakara, beda matane wong Jawa, Jawa Jawi
ngrêti matane mung siji, dadi wêruh ing bênêr lan luput, wêruh kang
bêcik lan kang ala, mêsthi wêdi mênyang bapa, kapindhone Ratu lan
kang aweh nugraha, iku wajib dibêkteni. Eklasing ati bêkti bapa, ora
bêkti wong kapir, amarga wis wajibe manusa bêkti marang wong
tuwane. Kowe tak-dongengi, wong Agung Kuparman, iku agamane
Islam, duwe maratuwa kapir, maratuwane gêthing marang wong
Agung amarga seje agama, maratuwane tansah golek sraya bisane
mantune mati, ewadene Wong Agung tansah wêdi- asih lang ngaji-
aji, amarga iku wong tuwane, dadi ora dielingi kapire, nanging kang
dielingi wong tuwane, mula Wong Agung iya ngaji-aji marang
maratuwane. Iya iku êngger, kang diarani wong linuwih, ora kaya
tekadmu, bapa disiya-siya, dupeh kapir Budha ora gêlêm ganti
agama, iku dudu padon. Lan aku arêp takon, apa kowe wis matur
marang wong tuwamu, kok-aturi salin agama? nagarane kok nganti
kok-rusak iku kapriye?

Prabu Jimbun matur, yen durung ngaturi salin agama, têkane


Majapahit banjur ngêpung nagara bae.

Nyai Agêng Ngampel gumujêng karo ngandika: “Tindakmu iku saya


luput bangêt, sanadyan para Nadi dhek jaman kuna, ênggone padha
wani mungsuh wong tuwane, iku amarga sabên dinane wis ngaturi
santun agama, nanging ora karsa, mangka sabên dinane wis diaturi
mujijade, kang nandhakake yen kudu wis santun agama Islam,
https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 113/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

ananging atur mau ora dipanggalih, isih nglêstarekake agamane


lawas, mula iya banjur dimungsuh. Lamun mangkono tumindake,
sanadyan mungsuh wong tuwa, lair batine ora luput. Barêng wong
kang kaya kowe, mujijadmu apa? Yen nyata Khalifatu’llah wênang
nyalini agama lah coba wêtokna mujijadmu tak-tontone”.

Prabu Jimbun matur yen ora kagungan mujijad apa-apa, mung


manut unine buku, jare yen ngislamake wong kapir iku ing besuk
oleh ganjaran swarga.
Nyai Agêng Ngampel gumujêng nanging wêwah dukane. Ujar-jare
bae kok disungkêmi, tur dudu bukuning lêluhur, wong ngumbara
kok diturut rêmbuge, sing nglakoni rusak ya kowe dhewe, iku
tandha yen isih mêntah kawruhmu, durung wani marang wong
tuwa, saka kêpenginmu jumênêng Nata, kasusuhane ora dipikir.
Kowe kuwi dudu santri ahli budi, mung ngêndêlake ikêt putih,
nanging putihe kuntul, sing putih mung ing jaba, ing jêro abang,
nalika eyangmu isih sugêng, kowe tau matur yen arêp ngrusak
Majapahit, eyangmu ora parêng, malah manti-manti aja nganti
mungsuh wong tuwa, saiki eyangmu wis seda, wêwalêre kok-trajang,
kowe ora wêdi papacuhe. Yen kowe njaluk idi marang aku, prakara
têtêpmu dadi Ratu tanah Jawa, aku ora wênang ngideni, aku bangsa
cilik tur wong wadon, mêngko rak buwana balik arane, awit kowe
sing mêsthine paring idi marang aku, amarga kowe Khalifatu’llah
sajroning tanah Jawa, mung kowe dhewe sing tuwa, saucapmu idu
gêni, yen aku tuwa tiwas, yen kowe têtêp tuwa Ratu”.

Banjure pangandikane Nyai Agêng Ngampel: “Putu! kowe tak-


dongengi kupiya patang prakara, ing kitab hikayat wis muni, carita
tanah Mêsir, panjênêngane Kanjêng Nabi Dhawud, putrane anggege
kapraboning rama, Nabi Dhawud nganti kengsêr saka nagara,
putrane banjur sumilih jumênêng Nata, ora lawas Nabi Dhawud
sagêd wangsul ngrêbut nagarane. Putrane nunggang jaran mlayu
mênyang alas, jarane ambandhang kêcanthol-canthol kayu, nganthi
pothol gumantung ana ing kayu, iya iku kang diarani kukuming
Allah.

Ana maneh caritane Sang Prabu Dewata-cêngkar, iku iya anggege


kapraboning rama, nanging banjur disotake dening ingkang rama
banjur dadi buta, sabên dina mangsa jalma, ora suwe antarane, ana
Brahmana saka tanah sabrang angajawa, aran Aji Saka,
anggêlarake panguwasa sulap ana ing tanah Jawa. Wong Jawa akeh
kang padha asih marang Aji Saka, gêthing marang Dewatacêngkar,
Ajisaka diangkat dadi Raja, Dewatacêngkar dipêrangi nganti
kêplayu, ambyur ing sagara, dadi bajul, ora antara suwe banjur
mati. Ana maneh caritane nagara Lokapala uga mangkono, Sang
Prabu Danaraja wani karo ingkang rama, kukume iya isih tumindak
kaya kang tak-caritakake mau, kabeh padha nêmu sangsara. Apa
maneh kaya kowe, mungsuh bapa kang tanpa prakara, kowe mêsthi
cilaka, patimu iya mlêbu mênyang yomani, kang mangkono iku
kukume Allah”.

Sang Prabu Jimbun mirêng pangandikane ingkang eyang,


panggalihe rumasa kêduwung bangêt, nanging wis ora kêna
dibalekake.

Nyai Agêng Ngampel isih nêrusake pangandikane: “Kowe kuwi


dilêbokake ing loropan dening para ngulama lan para Bupati, mung
https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 114/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

kowe kok gêlêm nglakoni, sing nglakoni cilaka rak iya mung kowe
dhewe, tur kelangan bapa, salawase urip jênêngmu ala, bisa mênang
pêrang nanging mungsuh bapa Aji, iku kowe mrêtobata marang
Kang Maha Kuwasa, kiraku ora bakal oleh pangapura, sapisan
mungsuh bapa, kapindho murtat ing Ratu, kaping têlune ngrusak
kabêcikan apa dene ngrusak prajane tanpa prakara. Adipati
Pranaraga lan Adipati Pêngging masa trimaa rusaking Majapahit,
mêsthine labuh marang bapa, iku bae wis abot sanggane”.

 Nyai Agêng akeh-akeh pangandikane marang Prabu Jimbun.


Sawise Sang Prabu dipangandikani, banjur didhawuhi kondur
mênyang Dêmak, sarta didhawuhi nglari lolose ingkang rama, yen
wis kêtêmu diaturana kondur mênyang Majapahit, lan aturana
mampir ing Ngampelgadhing, nanging yen ora kêrsa, aja dipêksa,
amarga yen nganti duka mangka banjur nyupatani, mêsthi mandi.

Sang Prabu Jimbun sarawuhe ing Dêmak, para wadya padha


sênêng-sênêng lan suka-suka nutug, para santri padha trêbangan lan
dhêdhikiran, padha angucap sukur lan bungah bangêt dene Sang
Prabu wis kondur sarta bisa mênang pêrange.
Sunan Benang mêthukake kondure Sang Prabu Jimbun, Sang Nata
banjur matur marang Sunan Benang yen Majapahit wis kêlakon
bêdhah, layang-layang Buddha iya wis diobongi kabeh, sarta
ngaturake yen ingkang rama lan Raden Gugur lolos, Patih
Majapahit mati ana samadyaning papêrangan, Putri Cêmpa wis
diaturi ngungsi mênyang Benang, wadya Majapahit sing wis têluk
banjur padha dikon Islam.

Sunan Benang mirêngake ature Sang Prabu Jimbun, gumujêng karo


manthuk-manthuk, sarta ngandika yen wis cocog karo panawange.
Sang Prabu matur, yen kondure uga mampir ing Ngampeldênta,
sowan ingkang eyang Nyai Agêng Ngampel, ngaturake yen mêntas
saka Majapahit, sarta nyuwun idi ênggone jumênêng Nata, nanging
ana ing Ngampel malah didukani sarta diuman-uman, ênggone ora
ngrêti marang kabêcikane Sang Prabu Brawijaya, nanging sawise,
banjur didhawuhi ngupaya ingkang rama, apa sapangandikane Nyai
Agêng Ngampel diaturake kabeh marang Sunan Benang.

Sunan Benang sawise mirêngake ature Sang Nata ing batos iya
kêduwung, rumaos lupute, dene ora ngelingi marang kabêcikane
Sang Prabu Brawijaya. Nanging rasa kang mangkono mau banjur
dislamur ing pangandika, samudanane nyalahake Sang Prabu
Brawijaya lan Patih, ênggone ora karsa salin agama Islam.

Sunan Benang banjur ngandika, yen dhawuhe Nyai Agêng Ngampel


ora pêrlu dipanggalih, amarga panimbange wanita iku mêsthi
kurang sampurna, luwih bêcik ênggone ngrusak Majapahit
dibanjurake, yen Prabu Jimbun mituhu dhawuhe Nyai
Ngampeldênta, Sunan Benang arêp kondur mênyang ‘Arab, wusana
Prabu Jimbun banjur matur marang Sunan Benang, yen ora
nglakoni dhawuhe Nyai Ngampel, mêsthine bakal oleh sabda kang
ora bêcik, mula iya wêdi.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 115/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Sunan Benang paring dhawuh marang Sang Prabu, yen ingkang


rama mêksa kondur mênyang Majapahit, Sang Prabu didhawuhi
sowan nyuwun pangapura kabeh kaluputane, dene yen arêp ngaturi
jumênêng Nata maneh, aja ana ing tanah Jawa, amarga mêsthi bakal
ngribêdi lakune wong kang padha arêp salin agama Islam, supaya
dijumênêngake ana seje nagara ing sajabaning tanah Jawa.
Sunan Giri banjur nyambungi pangandika, mungguh prayoganing
laku supaya ora ngrusakake bala, Sang Prabu Brawijaya sarta
putrane bêcik ditênung bae, awit yen mateni wong kapir ora ana
dosane.

Sunan Benang sarta Prabu Jimbun wis nayogyani panêmune Sunan


Giri kang mangkono mau.
Gênti kang cinarita, tindake Sunan kalijaga ênggone ngupaya Sang
Prabu Brawijaya, mung didherekake sakabat loro lakune kêlunta-
lunta, sabên desa diampiri, saka ênggone ngupaya warta. Lampahe
Sunan Kalijaga turut pasisir wetan, sing kalangkungan tindake Sang
Prabu Brawijaya.

Lampahe Sang Prabu Brawijaya wis têkan ing Blambangan, sarehne


wis kraos sayah banjur kendêl ana sapinggiring beji. Ing wêktu iku
panggalihe Sang Prabu pêtêng bangêt, dene sing marak ana
ngarsane mung kêkasih loro, iya iku Nayagenggong lan Sabdapalon,
abdi loro mau tansah gêguyon, lan padha mikir kahaning lêlakon
kang mêntas dilakoni, ora antara suwe kêsaru sowanne Sunan
Kalijaga, banjur ngabêkti sumungkêm padane Sang Prabu.
Sang Prabu banjur ndangu marang Sunan Kalijaga: “Sahid! kowe
têka ana apa? Apa prêlune nututi aku?”

Sunan Kalijaga matur: “Sowan kula punika kautus putra paduka,


madosi panjênêngan paduka, kapanggiha wontên ing pundi-pundi,
sêmbah sungkêmipun konjuka ing pada paduka Aji, nuwun
pangaksama sadaya kasisipanipun, dene ngantos kamipurun ngrêbat
kaprabon paduka Nata, awit saking kalimputing manah mudha
punggung, botên sumêrêp tata krami, sangêt kapenginipun mêngku
praja angreh wadyabala, sineba ing para bupati. Samangke putra
paduka rumaos ing kalêpatanipun, dene darbe bapa Ratu Agung
ingkang anyêngkakakên saking ngandhap aparing darajat Adipati
ing Dêmak, tangeh malêsa ing sih paduka Nata, ing mangke putra
paduka emut, bilih panjênêngan paduka linggar saking praja botên
kantênan dunungipun, punika putra paduka rumaos yen mêsthi
manggih dêdukaning Pangeran. Mila kawula dinuta madosi
panjênêngan paduka, kapanggiha wontên ing pundi-pundi ingaturan
kondur rawuh ing Majapahit, têtêpa kados ingkang wau-wau,
mêngku wadya sineba para punggawa, aweta dados jêjimat
pinundhi-pundhi para putra wayah buyut miwah para santana,
kinurmatan sinuwunan idi wilujêngipun wontên ing bumi. Manawi
paduka kondur, putra paduka pasrah kaprabon paduka Nata, putra
paduka nyaosakên pêjah gêsang, yen kaparêng saking karsa paduka,
namung nyuwun pangaksama paduka, sadayaning kalêpatanipun,
lan nyuwun pangkatipun lami dados Adipati ing Dêmak, têtêpa
kados ingkang sampun. Dene yen panjênêngan paduka botên karsa
ngasta kaprabon Nata, sinaosan kadhaton wontên ing rêdi, ing pundi
sasênênging panggalih paduka, ing rêdi ingkang karsakakên badhe
dipundhêpoki, putra paduka nyaosi busana lan dhahar paduka,
nanging nyuwun pusaka Karaton ing tanah Jawa, dipunsuwun
ingkang rila têrusing panggalih”.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 116/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Sang Prabu Brawijaya ngandika: “Ingsun-rungu aturira, Sahid!


nanging ora ingsun-gatekake, karana ingsun wis kapok rêmbugan
karo santri padha nganggo mata pitu, padha mata lapisan kabeh,
mula blero pandulune, mawas ing ngarêp nanging jêbul anjênggung
ing buri, rêmbuge mung manis ana ing lambe, batine angandhut
pasir kinapyukake ing mata, murih picêka mataku siji. Sakawit
ingsun bêciki, walêse kaya kênyung buntut, apa ta salah-ingsun, têka
rinusak tanpa prakara, tinggal tata adat caraning manusa, mukul
pêrang tanpa panantang, iku apa nganggo tataning babi, dadi dudu
tataning manusa kang utama”.

Sunan Kalijaga barêng ngrungu pangandikane Sang Prabu rumasa


ing kaluputane ênggone melu mbêdhah karaton Majapahit, ing batin
bangêt panalangsane, dene kadudon kang wis kêbanjur, mula banjur
ngrêrêpa, ature: “Inggih saduka-duka paduka ingkang dhumawa
dhatêng putra wayah, mugi dadosa jimat paripih, kacancang
pucuking rema, kapêtêk wontên ing êmbun, mandar amêwahana
cahya nurbuwat ingkang wêning, rahayunipun para putra wayah
sadaya. Sarehning sampun kalêpatan, punapa malih ingkang
sinuwun malih, kajawi namung pangapuntên paduka. wangsul karsa
paduka karsa tindak dhatêng pundi?”
Sang Prabu Brawijaya ngandika:

“Saiki karsaningsun arsa tindak mênyang Bali, kêtêmu karo yayi


Prabu Dewa agung ing Kêlungkung, arsa ingsun-wartani
pratingkahe si Patah, sikara wong tuwa kang tanpa dosa, lan arsa
ingsun-kon nimbali para Raja kanan kering tanah jawa, samêkta
sakapraboning pêrang, lan Adipati Palembang sun-wehi wêruh, yen
anake karo pisan satêkane tanah Jawa sun-angkat dadi Bupati,
nanging ora wêruh ing dalan, banjur wani mungsuh bapa Ratu, sun-
jaluk lilane anake arêp ingsun pateni, sabab murtat wani ing bapa
kapindhone Ratu, lan ingsun arsa angsung wikan marang Hongte ing
Cina, yen putrane wis patutan karo ingsun mêtu lanang siji,
ananging ora wêruh ing dalan, wani mungsuh bapa ratu, iya ingsun-
jaluk lilane, yen putune arsa ingsun-pateni, ingsun njaluk biyantu
prajurit Cina, samêkta sakapraboning pêrang, njujuga nagari Bali.
Yen wis samêkta sawadya prajurit, sarta padha eling marang
lêlabêtan kabêcikaningsun, lan duwe wêlas marang wong wungkuk
kaki-kaki, yêkti padha têka ing Bali sagêgamaning pêrang, sun-jak
marang tanah Jawa angrêbut kapraboningsun, iya sanadyan pêrang
gêdhe gêgêmpuran amungsuh anak, ingsun ora isin, awit ingsun ora
ngawiti ala, aninggal carane wong agung.”

Sunan Kalijaga ngrungu dhawuhe Sang Prabu kang mangkono iku


ing sanalika mung dhêlêg-dhêlêg, ngandika sajroning ati: “Tan cidra
karo dhawuhe Nyai Agêng Ngampelgadhing, yen eyang wungkuk
isih mbrêgagah nggagahi nagara, ora nyawang wujuding dhiri, kulit
kisut gêgêr wungkuk. Lamun iki ngantiya nyabrang marang Bali,
ora wurung bakal ana pêrang gêdhe tur wadya ing Dêmak masa
mênanga, amarga katindhihan luput, mungsuh ratu pindho bapa,
kaping têlune kang mbêciki, wis mêsthi bae wong Jawa kang durung
Islam yêkti asih marang Ratu tuwa, angantêp tangkêping jurit,
mêsthi asor wong Islam tumpês ing pêpêrangan.”

Wusana Sunan Kalijaga matur alon: “Dhuh pukulun Jêng Sang


Prabu! saupami paduka lajêngna rawuh ing bali, nimbali para Raja,
saestu badhe pêrang gêgêmpuran, punapa botên ngeman risakipun

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 117/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

nagari Jawi, sampun tamtu putra paduka ingkang badhe nêmahi


kasoran, panjênêngan paduka jumênêng Nata botên lami lajêng
surud, kaprabon Jawi kaliya ing sanes darah paduka Nata, saupami
kados dene sêgawon rêbatan bathang, ingkang kêrah tulus kêrah
têtumpêsan sami pêjah sadaya daging lan manah kathêda ing
sêgawon sanesipun”.

Sang prabu Brawijaya ngandika: “Mungguh kang mangkono iki


luwih-luwih karsane Dewa Kang Linuwih, ingsun iki Ratu
Binathara, nêtêpi mripat siji, ora nganggo mata loro, mung siji
marang bênêr paningalku, kang miturut adat pranatane para
lêluhur. Saupama si Patah ngrasa duwe bapa ingsun, kêpengin dadi
Ratu, disuwun krananing bêcik, karaton ing tanah Jawa, iya sun-
paringake krana bêcik, ingsun wis kaki-kaki, wis warêg jumênêng
Ratu, nrima dadi pandhita, pitêkur ana ing gunung. Balik samêngko
si Patah siya mring sun, mêsthine-ingsun iya ora lila ing tanah Jawa
diratoni, luwih karsaning Jawata Gung, pamintane marang para
titah ing wuri.”

Sunan Kalijaga barêng mirêng pangandikane Sang Prabu, rumasa


ora kaconggah ngaturi, mula banjur nyungkêmi pada, sarta banjur
nyaosake cundrike karo matur, yen Sang Prabu ora karsa nglampahi
kaya ature Sunan Kalijaga, Sunan Kalijaga nyuwun supaya dipateni
bae, amarga lingsêm manawa mêruhi lêlakon kang saru.

Sang Prabu nguningani patrape Sunan kalijaga kang mangkono


mau, panggalihe kanggêg, mula nganti suwe ora ngandika tansah
têbah jaja karo nênggak waspa, sêrêt pangandikane: “Sahid!
linggiha dhisik, tak-pikire sing bêcik, tak-timbange aturmu, bênêr
lan lupute, têmên lan gorohe, amarga aku kuwatir yen aturmu iku
goroh kabeh. Sumurupa Sahid! saupama aku kondur marang
Majapahit, si Patah seba mênyang aku, gêthinge ora bisa mari,
amarga duwe bapa Buddha kawak kapir kupur, liya dina lali, aku
banjur dicêkêl dibiri, dikon tunggu lawang pungkuran, esuk sore
diprêdi sêmbahyang, yen ora ngrêti banjur diguyang ana ing
blumbang dikosoki alang-alang garing.”

Sang Prabu mbanjurake pangandikane marang Sunan Kalijaga:


“Mara pikirên, Sahid! saiba susahing atiku, wong wis tuwa,
nyêkrukuk, kok dikum ing banyu”.
Sunan Kalijaga gumujêng karo matur: “Mokal manawi makatên,
benjing kula ingkang tanggêl, botên-botênipun manawi putra
paduka badhe siya-siya dhatêng panjênêngan paduka, dene bab
agami namung kasarah sakarsa paduka, namung langkung utami
manawi panjênêngan paduka karsa gantos sarak rasul, lajêng
nyêbut asmaning Allah, manawi botên karsa punika botên dados
punapa, tiyang namung bab agami, pikêkahipun tiyang Islam punika
sahadat, sanadyan salat dhingklak-dhingkluk manawi dereng
mangrêtos sahadat punika inggih têtêp nama kapir”.

Sang Prabu ngandika: “Sahadat iku kaya apa, aku kok durung
ngrêti, coba ucapna tak-rungokne”.
Sunan kalijaga banjur ngucapake sahadat: ashadu ala ilaha ila’llah,
wa ashadu anna Mukhammadar-Rasulu’llah, têgêsipun: Ingsung
anêkseni, ora ana Pangeran kang sajati, amung Allah, lan anêkseni,
Kangjêng Nabi Mukhammad iku utusane Allah”.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 118/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Ature Sunan Kalijaga marang Sang Prabu: “Tiyang nêmbah


dhatêng arah kemawon, botên sumêrêp wujud têgêsipun, punika
têtêp kapiripun, lan malih sintên tiyang ingkang nêmbah puji
ingkang sipat wujud warni, punika nêmbah brahala namanipun,
mila tiyang punika prêlu mangrêtos dhatêng lair lan batosipun.
Tiyang ngucap punika kêdah sumêrêp dhatêng ingkang
dipunucapakên, dene têgêsipun Nabi Mukhammad Rasula’llah:
Mukhammad punika makam kuburan, dados badanipun tiyang
punika kuburipun rasa sakalir, muji badanipun piyambak, botên
muji Mukhammad ing ‘Arab, raganipun manusa punika
wêwayanganing Dzating Pangeran, wujud makam kubur rasa, Rasul
rasa kang nusuli, rasa pangan manjing lesan, Rasule minggah
swarga, lu’llah, luluh dados êndhut, kasêbut Rasulu’llah punika rasa
ala ganda salah, riningkês dados satunggal Mukhammad
Rasula’llah, kang dhingin wêruh badan, kaping kalih wêruh ing
têdhi, wajibipun manusa mangeran rasa, rasa lan têdhi dados nyêbut
Mukhammad rasulu’llah, mila sêmbahyang mungêl “uzali” punika
têgêsipun nyumêrêpi asalipun. Dene raganipun manusa punika
asalipun saking roh idlafi, rohipun Mukhammad Rasul, têgêsipun
Rasul rasa, wijile rasaning urip, mêdal saking badan kang mênga,
lantaran ashadualla, manawi botên mêngrêtos têgêsipun sahadat,
botên sumêrêp rukun Islam, botên mangrêtos purwaning dumados”.

Sunan kalijaga ature akeh-akeh, nganti Prabu Brawijaya karsa


santun agama Islam, sawise banjur mundhut paras marang Sunan
Kalijaga nanging remane ora têdhas digunting, mulane Sunan
Kalijaga banjur matur, Sang Prabu diaturi Islam lair batos, amarga
yen mung lair bae, remane ora têdhas digunting. Sang Prabu banjur
ngandika yen wis lair batos, mulane kêna diparasi.

Sang Prabu sawise paras banjur ngandika marang Sabdapalon lan


Nayagenggong: “Kowe karo pisan tak-tuturi, wiwit dina iki aku
ninggal agama Buddha, ngrasuk agama Islam, banjur nyêbut
asmaning Allah Kang Sajati. Saka karsaku, kowe sakarone tak-ajak
salin agama Rasul tinggal agama Buddha”.

Sabdapalon ature sêndhu: “Kula niki Ratu Dhang Hyang sing


rumêksa tanah Jawa. Sintên ingkang jumênêng Nata, dados
momongan kula. Wiwit saking lêluhur paduka rumiyin, Sang Wiku
Manumanasa, Sakutrêm lan Bambang Sakri, run-tumurun ngantos
dumugi sapriki, kula momong pikukuh lajêr Jawi, kula manawi
tilêm ngantos 200 taun, sadangunipun kula tilêm tamtu wontên
pêpêrangan sadherek mêngsah sami sadherek, ingkang nakal sami
nêdha jalma, sami nêdha bangsanipun piyambak, dumugi sapriki
umur-kula sampun 2000 langkung 3 taun, momong lajêr Jawi, botên
wontên ingkang ewah agamanipun, nêtêpi wiwit sapisan ngestokakên
agami Buddha. Sawêg paduka ingkang karsa nilar pikukuh luhur
Jawi. Jawi têgêsipun ngrêti, têka narimah nama Jawan, rêmên
manut nunut-nunut, pamrihipun damêl kapiran muksa paduka
mbenjing.”

Sabdane Wiku tama sinauran gêtêr-patêr.


Sang Prabu Brawijaya sinêmonan dening Jawata, ênggone karsa
mlêbêt agama Rasul, iya iku rêrupan kahanan ing dunya ditambahi
warna têlu: 1: aran sukêt Jawan, 2: pari Randanunut, lan 3: pari
Mriyi.
Sang Prabu andangu maneh: “Kapriye kang padha dadi

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 119/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

kêkêncênganmu, apa gêlêm apa ora ninggal agama Buddha, salin


agama Rasul, nyêbut Nabi Mukhammad Rasula’llah panutaning
para Nabi, lan nyêbut asmaning Allah Kang Sajati?”

Sabdapalon ature sêndhu: “Paduka mlêbêt piyambak, kula botên


têgêl ningali watak siya, kados tiyang ‘Arab. Siya punika têgêsipun
ngukum, tur siya dhatêng raga, manawi kula santun agami, saestu
damêl kapiran kamuksan-kula, ing benjing, dene ingkang mastani
mulya punika rak tiyang ‘Arab sarta tiyang Islam sadaya,
anggenipun ngalêm badanipun piyambak. Manawi kula, mastani
botên urus, ngalêm saening tangga, ngapêsakên badanipun
piyambak, kula rêmên agami lami, nyêbut Dewa Ingkang
Linangkung.

Jagad punika raganipun Dewa ingkang asipat budi lan hawa,


sampun dados wajibipun manusa punika manut dhatêng eling budi
karêpan, dados botên ngapirani, manawi nyêbut Nabi Mukhammad
Rasulu’llah, têgêse Mukhammad niku makaman kubur, kubure rasa
kang salah, namung mangeran rasa wadhag wadhahing êndhut,
namung tansah nêdha eca, botên ngengêti bilahinipun ing wingking,
mila nami Mukhammad inggih makaman kuburan sakalir, roh idlafi
têgêsipun lapisan, manawi sampun risak wangsul dhatêng asalipun
malih. Wangsul Prabu Brawijaya lajêng manggen wontên pundi.
Adam punika muntêl kaliyan Hyang Brahim, têgêsipun kêbrahen
nalika gêsangipun, botên manggih raos ingkang saestu, nanging
tangining raos wujud badan, dipunwastani Mukhammadun,
makaman kuburing rasa, jasanipun budi, dados sipatipun tiyang lan
raos. Manawi dipunpundhut ingkang Mahakuwasa, sarira paduka
sipate tiyang wujud dados, punika dadosipun piyambak,
lantaranipun ngabên awon, bapa biyung botên damêl, mila
dipunwastani anak, wontênipun wujud piyambak, dadosipun saking
gaib samar, saking karsaning Latawalhujwa, ingkang nglimputi
wujud, wujudipun piyambak, risak-risakipun piyambak, manawi
dipunpundhut dening Ingkang Maha Kuwasa, namung kantun
rumaos lan pangraos ingkang paduka-bêkta dhatêng pundi
kemawon, manawi dados dhêmit ingkang têngga siti, makatên
punika ingkang nistha, namung prêlu nênggani daging bacin
ingkang sampun luluh dados siti, makatên wau têtêp botên wontên
prêlunipun.

Ingkang makatên punika amargi namung saking kirang budi


kawruhipun, kala gêsangipun dereng nêdha woh wit kawruh lan woh
wit budi, nrimah pêjah dados setan, nêdha siti ngajêng-ajêng tiyang
ngirim sajen tuwin slamêtanipun, ing têmbe tilar mujijat rakhmat
nyukani kiyamat dhatêng anak putunipun ingkang kantun. Tiyang
pêjah botên kêbawah pranataning Ratu ing lair, sampun mêsthi
sukma pisah kaliyan budi, manawi tekadipun sae inggih nampeni
kamulyan, nanging manawi tekadipun awon inggih nampeni
siksanipun. Cobi paduka-jawab atur-kula punika”.

Sang Prabu ngandika: “Mulih marang asale, asal Nur bali marang
Nur”.
Sabdapalon matur maneh: “Inggih punika kawruhipun tiyang
bingung gêsangipun rugi, botên gadhah kawruh kaengêtan, dereng
nêdha woh kawruh lan budi, asal siji mantuk satunggal, punika
sanes pêjah ingkang utami, dene pêjah ingkang utami punika sewu
satus têlung puluh. Têgêsipun satus punika putus, têlu punika tilas,
puluh punika pulih, wujud malih, wujudipun risak, nanging ingkang

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 120/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

risak namung ingkang asal saking roh idlafi. Uripipun langgêng


namung raga pisah kaliyan sukma, inggih punika sahadat ingkang
botên mawi ashadu, gantos roh idlafi lapisan: sasi surup mêsthi
saking pundi asalipun wiwit dados jalmi.

Surup têgêsipun: sumurup purwa madya wasananipun, nêtêpana


namane tiyang lumampah, sampun ebah saking prênahipun mlêbêt
mbêkta sir cipta lami”.
Sang Prabu ngandika: “Ciptaku nempel wong kang luwih”.
Sabdapalon matur: “Punika tiyang kêsasar, kados dene kêmladeyan
tumemplek wit-witan agêng, botên bawa piyambak, kamuktenipun
namung nêmpil. Punika botên pêjah utami, pêjahipun tiyang nistha,
rêmênipun namung nempel, nunut-nunut, botên bawa piyambak,
manawi dipuntundhung, lajêng klambrangan, dados brêkasakan,
lajêng nempel dhatêng sanesipun malih”.

Sang Prabu ngandika maneh: “Asal suwung aku bali, mênyang


suwung, nalika aku durung maujud iya durung ana apa-apa, dadi
patiku iya mangkono”.
Sabdapalon: “Punika pêjahipun tiyang kalap nglawong, botên iman
‘ilmi, nalika gêsangipun kados kewan, namung nêdha ngombe lan
tilêm, makatên punika namung sagêd lêma sugih daging, dados
nama sampun narimah ngombe uyuh kemawon, ical gêsangipun
salêbêtipun pêjah”.

Sang Prabu: “Aku nunggoni makaman kubur, yen wis luluh dadi
lêbu”.
Sabdapalon: “Inggih punika pêjahipun tiyang cubluk, dados setan
kuburan, nênggani daging wontên kuburan, daging ingkang sampun
luluh dados siti, botên mangrêtos santun roh hidlafi enggal. Inggih
punika tiyang bodho mangrêtosa. Nun!”

Sang Prabu ngandika: “Aku arêp muksa saragaku”.


Sabdapalon gumuyu: “Yen tiyang agami Rasul têrang botên sagêd
muksa, botên kuwawi ngringkês nguntal raganipun, lêma
kakathahên daging. Tiyang pêjah muksa punika cêlaka, amargi nami
pêjah, nanging botên tilar jisim, namanipun botên sahadat, botên
pêjah, botên gêsang, botên sagêd dados roh idlafi enggal, namung
dados gunungan dhêmit”.

Pangandikane Sang Prabu: “Aku ora duwe cipta apa-apa, ora


ikhtiar nampik milih, sakarsane Kang Maha Kuwasa”.

Sabdapalon: “Paduka nilar sipat, botên ngrumaosi yen tinitah


linangkung, nilar wajibing manusa, manusa dipunwênangakên
nampik milih, manawi sampun narimah dados sela, sampun botên
prêlu pados ‘ilmi kamulyaning seda”.
Sang Prabu: “Ciptaku arêp mulih mênyang akhirat, munggah
swarga seba Kang maha Kuwasa”.

Sabdapalon matur: “Akhirat, swarga, sampun paduka-bêkta ngaler


ngidul, jagadipun manusa punika sampun mêngku ‘alam sahir kabir,
nalika tapêl Adam, sampun pêpak: akhirat, swarga, naraka ‘arasy
kursi. Paduka badhe tindak dhatêng akhirat pundi, mangke manawi
kêsasar lo, mangka ênggene akhirat punika têgêse mlarat, saênggen-

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 121/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

ênggen wontên akhirat, manawi kenging kula-singkiri, sampun


ngantos kula mantuk dhatêng kamlaratan sarta minggah dhatêng
akhirat adil nagari, manawi lêpat jawabipun tamtu dipunukum,
dipunbanda, dipunpaksa nyambut damêl awrat tur botên tampa
arta.

Klêbêt akhirat nusa Srênggi, nusa têgêsipun manusa, Srêng


têgêsipun padamêlan ingkang awrat sangêt. Ênggi têgêsipun gawe.
Dados têgêsipun jalma pinêksa nyambut damêl dhatêng Ratu Nusa
Srênggi namanipun, punapa botên cilaka, tiyang gêsang wontên ing
dunya kados makatên wau, sakulawargane mung nadhah bêras
sapithi, tanpa ulam, sambêl, jangan punika akhirat ingkang katingal
tata lair, manawi akhiratipun tiyang pêjah malah langkung saking
punika, paduka sampun ngantos kondur dhatêng akhirat, sampun
ngantos minggah dhatêng swarga, mindhak kêsasar, kathah rajakaya
ingkang wontên ing ngriku, sadaya sami trima tilêm kêmul siti,
gêsangipun nyambut damêl kanthi paksan, botên salah dipunpragat,
paduka sampun ngantos sowan Gusti Allah, amargi Gusti Allah
punika botên kantha botên warna, wujudipun amung asma,
nglimputi wontên ing dunya tuwin ing akhirat, paduka dereng
têpang, têpangipun amung têpang kados cahyanipun lintang lan
rêmbulan, kapanggihe cahya murub dados satunggal, botên pisah
botên kumpul, têbihipun botên mawi wangênan, cêlak botên
panggihan, kula botên kuwawi cêlak, punapa malih paduka,
Kangjêng Nabi Musa toh botên kuwawi mandêng dhatêng Gusti
Allah, mila Allah botên katingal, namung Dzatipun ingkang
nglimputi sadaya wujud, paduka wiji rohani, sanes bangsanipun
malaekat, manusa raganipun asal saking nutfah, sowan Hyang
Latawalhujwa, manawi panggenanipun sampun sêpuh, nyuwun
ingkang enggal, dados botên wongsal-wangsul, ingkang dipunwastani
pêjah gêsang, ingkang gêsang napasipun taksih lumampah, têgêsipun
urip, ingkang têtêp langgêng, botên ewah botên gingsir, ingkang
pêjah namung raganipun, botên ngraosakên kanikmatan, pramila
tumrap tiyang agami Buddha, manawi raganipun sampun sêpuh,
suksmanipun mêdal nyuwun gantos ingkang sae, nglangkungi
ingkang sampun sêpuh, nutfah sampun ngantos ebah saking
jagadipun, jagadipun manusa punika langgêng, botên ewah gingsir,
ingkang ewah punika makaming raos, raga wadhag ingkang asal roh
idlafi.

Prabu Brawijaya botên anem botên sêpuh, nanging langgêng


manggen wontên satêngahipun jagadipun, lumampah botên ebah
saking panggenanipun, wontên salêbêting guwa sir cipta kang êning.
Gawanên gêgawanmu, ngGêgawa nêdha raga. Tulis ical, etangan
gunggunge: kumpul, plêsatipun wêtaha. Ningali jantung kêtêg kiwa:
surut marga sire cipta, jujugipun ingkang cêtha cêthik cêthak.

Punika pungkasanipun kawruh, kawruhipun tiyang Buddha.


Lêbêtipun roh saking cêthak marginipun, kendêl malih wontên
cêthik, mêdal wontên kalamwadi, kentir sagara rahmat lajêng
lumêbêt ing guwa indra-kilaning estri, tibaning nikmat ing dhasaring
bumi rahmat, wontên ing ngriku ki budi jasa kadhaton baitu’llah
ingkang mulya, dadosipun saking sabda kun, dados wontên
têngahing jagad swarganing tiyang sêpuh estri, mila jalma
keblatipun wontên têngahing jagad, jagading tiyang punika guwa sir
cipta namanipun, dipunbêkta dhatêng pundi- pundi botên ewah,
umuripun sampun dipunpasthekakên, botên sagêd ewah gingsir,

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 122/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

sampun dipunsêrat wontên lokhil-makful, bêgja cilakanipun


gumantung wontên ing budi nalar lan kawruhipun, ingkang ical
utawi kirang ikhtiaripun inggih badhe ical utawi kirang bêgjanipun.

Wiwitanipun keblat sakawan, inggih punika wetan kilen kidul ler :


têgêsipun wetan : wiwitan manusa maujud; têgêsipun kulon : bapa
kêlonan; têgêsipun kidul : estri didudul wêtênge ing têngah;
têgêsipun lor : laire jabang bayi, tanggal sapisan kapurnaman, sênteg
sapisan tênunan sampun nigasi. Têgêsipun pur: jumbuh, na; ana
wujud, ma; madhêp dhatêng wujud; jumbuh punika têgêsipun
pêpak, sarwa wontên, mêngku alam sahir kabir, tanggalipun
manusa, lairipun saking tiyang sêpuhipun estri, sarêng tanggalipun
kaliyan sadherekipun kakang mbarêp adhi ragil, kakang mbarêp
punika kawah, adhi punika ari-ari, sadherek ingkang sarêng tanggal
gaibipun, rumêksa gêsangipun elingipun panjanmaning surya,
lênggah rupa cahya, kontêning eling sadayanipun, siyang dalu
sampun sumêlang dhatêng sadaya rêrupen, ingkang engêt
sadayanipun, surup lan tanggalipun sampun samar : kala rumiyin,
sapunika lan benjing, punika kawruhipun tiyang Jawi ingkang
agami Buddha.

Raga punika dipunibaratakên baita, dene suksmanipun inggih


punika tiyang ingkang wontên ing baita wau, ingkang nêdahakên
pandomipun, manawi baitanipun lumampah mangka salah
pandomipun, tamtu manggih cilaka, baita pêcah, tiyangipun rêbah.
Pramila kêdah ingkang mapan, mumpung baitanipun taksih
lumampah, manawi botên mapan gêsangipun, pêjah malih sagêda
mapan, nêtêpi kamanusanipun, manawi baitanipun bibrah, inggih
pisah kaliyan tiyangipun; têgêsipun suksma ugi pisah kaliyan budi,
punika namanipun sahadat, pisahipun kawula kaliyan Gusti, sah
têgêsipun pisah, dat punika Dzating Gusti, manawi sampun pisah
raga suksma, budinipun lajêng santun baitu’llah, napas tali, muji
dhatêng Gusti, manawi pisaha raga suksma lan budi, mrêtitis
ingkang botên-botên, yen tunggal, kabêsaran, tanggalipun botên
surup salaminipun, punika kêdah ingkang waspada, ngengêtana
dhatêng asaling kawula, kawula ugi wajib utawi wênang matur
dhatêng Gusti, nyuwun baitu’llah ingkang enggal, ngungkulana
ingkang lami.

Raganing manusa punika namanipun baitu’llah, inggih prau


gaweyaning Allah, dadosipun saking sabda kun, manawi baitanipun
tiyang Jawi sagêd mapan santun baitu’llah malih ingkang sae,
baitanipun tiyang Islam gêsangipun kantun pangrasa, praunipun
sampun rêmuk, manawi suksma punika pêjah ing ‘alam dunya
suwung, botên wontên tiyang, manawi tiyang punika têrus gêsang,
ing dunya kêbak manusa, lampahipun saking ênem urut sêpuh,
ngantos roh lapisan, sanadyan suksmanipun tiyang, nanging manawi
tekadipun nasar, pêjahipun manjalma dados kuwuk, sanadyan
suksmanipun kewan, nanging sagêd manjalma dados tiyang
(kajêngipun, adiling Kawasa tiyang punika pinasthi ngundhuh
wohing panggawene piyambak-piyambak).

Nalika panjênênganipun Bathara Wisnu jumênêng Nata wontên ing


Mêndhang Kasapta, sato wana tuwin lêlêmbut dipuncipta dados
manusa, dados wadya-balanipun Sang Nata. Nalika eyang paduka
Prabu Palasara iyasa kadhaton wontên ing Gajahoya, sato wana
https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 123/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

tuwin lêlêmbut inggih dipuncipta dados tiyang, pramila gandanipun


tiyang satunggal-satunggalipun beda-beda, gandanipun kadosdene
nalika taksih dados sato kewan. Sêrat tapak Hyang, ingkang
dipunwastani Sastrajendrayuningrat, dados saking sabda kun,
ingkang dipunwastani jithok têgêsipun namung puji thok.

Dewa ingkang damêl cahya murub nyrambahi badan, têgêsipun


incêngên aneng cêngêlmu. Jiling punika puji eling marang Gusti.
Punuk têgêsipun panakna. Timbangan têgêsipun salang. Pundhak
punika panduk, urip wontên ing ‘alam dunya pados kawruh kaliyan
woh kuldi, manawi angsal woh kuldi kathah, untungipun sugih
daging, yen angsal woh kawruh kathah, kenging kangge sangu
gêsang, gêsang langgêng ingkang botên sagêd pêjah. Têpak têgêsipun
têpa-tapanira. Walikat: walikane gêsang.

Ula-ula: ulatana, lalarên gêgêrmu sing nggligir. Sungsum têgêsipun


sungsungên. Lambung: waktu Dewa nyambung umur, alamipun
jalma sambungan, lali eling urip mati. Lêmpeng kiwa têngên
têgêsipun tekadmu sing lêmpêng lair batin, purwa bênêr lawan
luput, bêcik lawan ala. Mata têgêsipun tingalana batin siji, sing
bênêr keblatira, keblat lor bênêr siji. Têngên têgêsipun têngênên
ingkang têrang, wontên ing dunya amung sadarmi ngangge raga,
botên damêl botên tumbas. Kiwa têgêsipun: raga iki isi hawa
kêkajêngan, botên wênang ngêkahi pêjah.

Makatên punika ungêling sêrat. Manawi paduka maibên, sintên


ingkang damêl raga? Sintên ingkang paring nama? inggih namung
Latawalhujwa, manawi paduka maibên, paduka têtêp kapir, kapiran
seda paduka, botên pitados dhatêng sêratipun Gusti, sarta murtat
dhatêng lêluhur Jawi sadaya, nempel tosan, kajêng sela, dados
dhêmit têngga siti, manawi paduka botên sagêd maos sastra ingkang
wontên ing badanipun manusa, saseda paduka manjalma dhatêng
kuwuk, dene manawi sagêd sagêd maos sastra ingkang wontên ing
raga wau, saking tiyang inggih dados tiyang, kasêbut ing sêrat
Anbiya, Kanjêng Nabi Musa kala rumiyin tiyang ingkang pêjah
wontên ing kubur, lajêng tangi malih, gêsangipun gantos roh lapis
enggal, gantos makam enggal.

Manawi paduka ngrasuk agami Islam, tiyang Jawi tamtu lajêng


Islam sadaya. Manawi kula, wadhag alus-kula sampun kula-cakup
lan kula-carub, sampun jumbuh dados satunggal, inggih nglêbêt
inggih jawi, dados kantun sasêdya-kula kemawon, ngadam utawi
wujud sagêd sami sanalika, manawi kula kêpengin badhe wujud,
inggih punika wujud-kula, sêdya ngadam, inggih sagêd ical sami
sanalika, yen sêdya maujud sagêd katingal sanalika. Raga-kawula
punika sipating Dewa, badan-kawula sakojur gadhah nama
piyambak-piyambak. Cobi paduka-dumuk: pundi wujudipun
Sabdapalon, sampun kalingan pajar, saking pajaripun ngantos
sampun botên katingal wujudipun Sabdapalon, kantun asma
nglimputi badan, botên ênem botên sêpuh, botên pêjah botên gêsang,
gêsangipun nglimputi salêbêting pêjahipun, dene pêjahipun
nglimputi salêbêting gêsangipun, langgêng salaminipun”.

Sang Prabu ndangu: “Ana ing ngêndi Pangeran Kang Sajati?”


Sabdapalon matur: “Botên têbih botên cêlak, paduka wayangipun

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 124/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

wujud sipating suksma, dipunanggêp sarira tunggal, budi hawa


badan, tiga-tiga punika tumindakipun; botên pisah, nanging inggih
botên kumpul. Paduka punika sampun Ratu linuhung tamtu botên
badhe kêkilapan dhatêng atur-kula punika”.
Sang Prabu ngandika maneh: “Apa kowe ora manut agama?”

Sabdapalon ature sêndhu: “Manut agami lami, dhatêng agami


enggal botên manut! Kenging punapa paduka gantos agami têka
botên nantun kula, paduka punapa kêkilapan dhatêng nama kula
Sabdapalon? Sabda têgêsipun pamuwus, Palon: pikukuh kandhang.
Naya têgêsipun ulat, Genggong: langgêng botên ewah. Dados
wicantên-kula punika, kenging kangge pikêkah ulat pasêmoning
tanah Jawi, langgêng salaminipun.”

Sang Prabu ngandika: “Kapriye iki, aku wis kêbacut mlêbu agama
Islam, wis disêkseni Sahid, aku ora kêna bali agama Buddha maneh,
aku wirang yen digêguyu bumi langit.”

Sabdapalon matur maneh: “Inggih sampun, lakar paduka-lampahi


piyambak, kula botên tumut-tumut.” Sunan Kalijaga banjur matur
marang Sang Prabu, kang surasane ora prêlu manggalih kang akeh-
akeh, amarga agama Islam iku mulya bangêt, sarta matur yen arêp
nyipta banyu kang ana ing beji, prêlu kanggo tandha yêkti, kapriye
mungguh ing gandane. Yen banyu dicipta bisa ngganda wangi, iku
tandha yen Sang Prabu wis mantêp marang agama Rasul, nanging
yen gandane ora wangi, iku anandhakake: yen Sang Prabu isih
panggalih Buddha. Sunan Kalijaga banjur nyipta, padha sanalika
banyu sêndhang banjur dadi wangi gandane, ing kono Sunan
kalijaga matur marang Sang Prabu, kaya kang wis kathandha, yen
Sang Prabu nyata wis mantêp marang agama Rasul, amarga banyu
sêndhang gandane wangi. (11)

Ature Sabdapalon marang Sang Prabu: Punika kasêkten punapa?


kasêktening uyuh kula wingi sontên, dipunpamerakên dhatêng kula.
Manawi kula timbangana nama kapilare, mêngsah uyuh-kula
piyambak, ingkang kula rêbat punika? Paduka sampun kêlajêng
kêlorob, karsa dados jawan, irib-iriban, rêmên manut nunut-nunut,
tanpa guna kula êmong, kula wirang dhatêng bumi langit, wirang
momong tiyang cabluk, kula badhe pados momongan ingkang
mripat satunggal, botên rêmên momong paduka. Manawi kula
sumêdya ngêdalakên kaprawiran, toya kula-êntut sêpisan kemawon,
sampun dados wangi. Manawi paduka botên pitados, kang kasêbut
ing pikêkah Jawi, nama Manik Maya, punika kula, ingkang jasa
kawah wedang sanginggiling rêdi rêdi Mahmeru punika sadaya kula,
adi Guru namung ngideni kemawon, ing wêkdal samantên tanah
Jawi sitinipun gonjang-ganjing, saking agênging latu ingkang wontên
ing ngandhap siti, rêdi-rêdi sami kula êntuti, pucakipun lajêng
anjêmblong, latunipun kathah ingkang mêdal, mila tanah Jawi
lajêng botên goyang, mila rêdi-rêdi ingkang inggil pucakipun, sami
mêdal latunipun sarta lajêng wontên kawahipun, isi wedang lan toya
tawa, punika inggih kula ingkang damêl, sadaya wau atas
karsanipun Latawalhujwa, ingkang damêl bumi lan langit. Punapa
cacadipun agami Buddha, tiyang sagêd matur piyambak dhatêng
Ingkang Maha Kuwasa. Paduka yêktos, manawi sampun santun
agami Islam, nilar agami Buddha, turun paduka tamtu apês, Jawi
kantun jawan, Jawinipun ical, rêmên nunut bangsa sanes. Benjing
tamtu dipunprentah dening tiyang Jawi ingkang mangrêti.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 125/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Cobi paduka-yêktosi, benjing: sasi murub botên tanggal, wiji


bungkêr botên thukul, dipuntampik dening Dewa, tinanêma thukul
mriyi, namung kangge têdha pêksi, mriyi punika pantun kados kêtos,
amargi paduka ingkang lêpat, rêmên nêmbah sela. Paduka-yêktosi,
benjing tanah Jawa ewah hawanipun, wêwah bênter awis jawah,
suda asilipun siti, kathah tiyang rêmên dora, kêndêl tindak nistha
tuwin rêmên supata, jawah salah masa, damêl bingungipun kanca
tani. Wiwit dintên punika jawahipun sampun suda, amargi
kukuminipun manusa anggenipun sami gantos agami. Benjing yen
sampun mrêtobat, sami engêt dhatêng agami Buddha malih, lan sami
purun nêdha woh kawruh, Dewa lajêng paring pangapura, sagêd
wangsul kados jaman Buddha jawahipun”.

Sang Prabu mirêng ature Sabdapalon, ing batos rumaos kaduwung


bangêt dene ngrasuk agama Islam, nilar agama Buddha. Nganti
suwe ora ngandika, wasana banjur ngandika, amratelakake yen
ênggone mlêbêt agama Islam iku, amarga kêpencut ature putri
Cêmpa, kang ngaturake yen wong agama Islam iku, jarene besuk
yen mati, antuk swarga kang ngungkuli swargane wong kapir.
Sabdapalon matur, angaturake lêpiyan, yen wiwit jaman kuna mula,
yen wong lanang manut wong wadon, mêsthi nêmu sangsara, amarga
wong wadon iku utamane kanggo wadhah, ora wênang miwiti karêp,
Sabdapalon akeh-akeh ênggone nutuh marang Sang Prabu.

Sang Prabu ngandika: “Kok-tutuha iya tanpa gawe, amarga barang


wis kêbacut, saiki mung kowe kang tak-tari, kapriye kang dadi
kêkêncênganing tekadmu? Yen aku mono ênggonku mlêbu agama
Islam, wis disêkseni dening si Sahid, wis ora bisa bali mênyang
Buddha mêneh”.

Sabdapalon matur yen arêp misah, barêng didangu lungane


mênyang ngêndi, ature ora lunga, nanging ora manggon ing kono,
mung nêtêpi jênênge Sêmar, nglimputi salire wujud, anglela kalingan
padhang. Sang Prabu diaturi ngyêktosi, ing besuk yen ana wong
Jawa ajênêng tuwa, agêgaman kawruh, iya iku sing diêmong
Sabdapalon, wong jawan arêp diwulang wêruha marang bênêr luput.

Sang Prabu karsane arêp ngrangkul Sabdapalon lan Nayagenggong,


nanging wong loro mau banjur musna. Sang Prabu ngungun sarta
nênggak waspa, wusana banjur ngandika marang Sunan Kalijaga:
“Ing besuk nagara Blambangan salina jênêng nagara Banyuwangi,
dadiya têngêr Sabdapalon ênggone bali marang tanah Jawa anggawa
momongane. Dene samêngko Sabdapalon isih nglimput aneng tanah
sabrang”. Sunan Kalijaga banjur didhawuhi nêngêri banyu
sêndhang, yen gandane mari wangi, besuk wong Jawa padha ninggal
agama Islam ganti agama Kawruh.
Sunan Kalijaga banjur jasa bumbung loro kang siji diiseni banyu
tawa, sijine diiseni banyu sêndhang. Banyu sêndhang mau kanggo
tandha, yen gandane mari wangi, wong tanah Jawa padha salin
agama kawruh.

Bumbung sawise diiseni banyu, banjur disumpêli godhong pandan-


sili, sabanjure digawa sakabate loro.
Sang Prabu Brawijaya banjur tindak didherekake Sunan Kalijaga
lan sakabate loro, tindake kawêngen ana ing dalan, nyare ana ing

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 126/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Sumbêrwaru, esuke bumbunge dibukak, banyune diambu isih wangi,


nuli mbanjurake tindake, wayah surup srêngenge, wis têkan ing
Panarukan.

Sang Prabu nyare ana ing kono, ing wayah esuk, banyu ing bumbu
diganda isih wangi, Sang Prabu mbanjurake tindake.
Barêng wis wayah surup srêngenge, têkan ing Bêsuki, Sang Prabu
uga nyare ana ing kono, esuke banyu ing bumbung diganda
mundhak wangine, Sang Prabu banjur nêrusake tindake nganti
wayah surup srêngenge, têkan ing Prabalingga, ana ing kono uga
nyare sawêngi, esuke banyune ditiliki, banyune tawa isih enak,
nanging munthuk, unthuke gandane arum, nanging mung kari
sathithik, amarga kêrêp diunjuk ana ing dalan, dene banyune
sêndhang barêng ditiliki gandane dadi bangêr, tumuli dibuwang.
Sang Prabu banjur ngandika marang Sunan Kalijaga: “Prabalingga
ing besuk jênênge loro, Prabalingga karo Bangêrwarih 12 ing kene
besuk dadi panggonan kanggo pakumpulane wong-wong kang padha
ngudi kawruh kapintêran lan kabatinan, Prabalingga têgêse
prabawane wong Jawa kalingan prabawane tangga”. Sang Prabu
mbanjurake tindake, ing pitung dinane, wis têkan ing
Ampelgadhing. Nyai Agêng Ampelgadhing tumuli mêthukake banjur
ngabêkti marang Sang Prabu karo muwun, sarta akeh-akeh
sêsambate.

Sang Prabu banjur ngandika: “Wis aja nangis êngger, mupusa yen
kabeh mau wis dadi karsane Kang Maha Kuwasa, kudu mangkene.
Aku lan kowe mung sadarma nglakoni, kabeh lêlakon wis ditulis
aneng lokhilmakful. Bêgja cilaka ora kêna disinggahi, nanging
wajibe wong urip kudu kêpengin mênyang ilmu”.

Nyai Agêng Ampel banjur matur marang Sang Prabu, ngaturake


patrape ingkang wayah Prabu Jimbun, kaya kang wis kasêbut ing
ngarêp. Sang Prabu banjur dhawuh nimbali Prabu Jimbun. Nyai
Ampel nuli utusan mênyang Dêmak nggawa layang, satêkane ing
Dêmak, layang wis katur marang Sang Prabu Jimbun, ora antara
suwe Prabu Jimbun budhal sowan mênyang Ampel.

Kacarita putra Nata ing Majapahit, kang aran Raden


Bondhankajawan ing Tarub, mirêng pawarta yen nagara Majapahit
dibêdhah Adipati Dêmak, malah Sang Prabu lolos saka jroning pura,
ora karuhan mênyang ngêndi tindake, rumasa ora kapenak
panggalihe, banjur tindak marang Majapahit, tindake Raden
Bondhankajawan namur kula, nungsung warta ing ngêndi dununge
ingkang rama, satêkane Surabaya, mirêng warta yen ingkang rama
Sang Prabu têdhak ing Ampel, nanging banjur gêrah, Raden
Bondhankajawan nuli sowan ngabêkti.

Sang Prabu ndangu: “Sing ngabêkti iki sapa?”

Raden Bondhankajawan matur yen panjênêngane kang ngabêkti.


Sang Prabu banjur ngrangkul ingkang putra, gêrahe Sang Prabu
sangsaya mbatêk, ngrumaosi yen wis arêp kondur marang jaman
kalanggêngan, pangandikane marang Sunan Kalijaga mangkene:
Sahid, nyêdhaka mrene, aku wis arêp mulih marang jaman
kalanggêngan, kowe gaweya layang mênyang Pêngging lan
Pranaraga, mêngko tak-wenehane tandha asta, wis padha narima

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 127/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

rusake Majalêngka, aja padha ngrêbut kapraboningsun, kabeh mau


wis karsane Kang Maha Suci, aja padha pêrang, mundhak gawe
rudahing jagad, balik padha ngemana rusaking wadya-bala, sebaa
marang Dêmak, sapungkurku sing padha rukun, sapa sing miwiti
ala, tak-suwun marang Kang maha Kuwasa, yudane apêsa.”

Sunan Kalijaga banjur nyêrat, sawise rampung banjur ditapak-


astani dening sang Prabu, sabanjure diparingake marang Pêngging
lan Pranaraga.
Sang Prabu banjur ngandika: “Sahid, sapungkurku kowe sing bisa
momong marang anak putuku, aku titip bocah iki, saturun-turune
êmongên, manawa ana bêgjane, besuk bocah iki kang bisa nurunake
lajêre tanah Jawa, lan maneh wêkasku marang kowe, yen aku wis
kondur marang jaman kalanggêngan, sarekna ing Majapahit sa-lor-
wetane sagaran, dene pasareyaningsun bakal sun-paringi jênêng
Sastrawulan, lan suwurna kang sumare ana ing kono yayi Raja Putri
Cêmpa, lan maneh wêlingku, besuk anak-putuku aja nganti entuk
liya bangsa, aja gawe senapati pêrang wong kang seje bangsa.”

Sunan Kalijaga sawise dipangandikani banjur matur: “Punapa Sang


Prabu botên paring idi dhatêng ingkang putra Prabu Jimbun
jumênêngipun Nata wontên ing tanah Jawi?”

Sang Prabu ngandika: “Sun-paringi idi, nanging mung mandhêg


têlung turunan.”
Sunan kalijaga nyuwun sumurup mungguh têgêse araning bakal
pasareyane Sang Prabu.

Sang Prabu ngandika: “Sastra têgêse tulis, Wulan têgêse damaring


jagad, tulise kuburku mung kaya gêbyaring wulan, yen isih ana
gêbyaring wulan, ing têmbe buri, wong Jawa padha wêruh yen
sedaku wis ngrasuk agama Islam, mula tak-suwurake Putri Cêmpa,
amarga aku wis diwadonake si Patah, sarta wis ora dianggêp priya,
nganti kaya mangkene siya-siyane marang aku, mulane ênggonku
mangêni madêge Ratu mung têlung turunan, amarga si Patah iku
wiji têlu, Jawa, Cina lan raksasa, mula kolu marang bapa sarta
rusuh tindake, mula wêkasku, anak-putuku aja entuk seje bangsa,
amarga sajroning sihsinihan di seje bangsa mau nganggo ngobahake
agamane, bisaa ngapêsake urip, mula aku paring piwêling aja gawe
senapati pêrang wong kang seje jinis, mundhak ngenthengake
Gustine, ing sajroning mangun yuda, banjur mangro tingal, wis
Sahid, kabeh pitungkasku, tulisên.”

Sang Prabu sawise paring pangandika mangkono, astane banjur


sidhakêp, têrus seda, layone banjur disarekake ana ing astana
Sastrawulan ing Majapahit, katêlah nganti saprene kocape kang
sumare ana ing kono iku Sang Putri Cêmpa, dene mungguh
satêmêne Putri Cêmpa iku sedane ana ing Tuban, dununing
pasareyan ana ing Karang Kumuning.

Barêng wis têlung dina saka sedane Sang Prabu Brawijaya, kacarita
Sultan Bintara lagi rawuh ing Ampelgadhing sarta kapanggih Nyai
Agêng.
Nyai Agêng ngandika: “Wis bêgjane Prabu Jimbun ora nungkuli
sedane ingkang rama, dadi ora bisa ngabêkti sarta nyuwun idi
ênggone jumênêng Nata, sarta nyuwun pangapura kabeh kaluputane

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 128/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

kang wis kêlakon”.


Prabu Jimbun ature marang Nyai Agêng, iya mung mupus
pêpêsthen, barang wis kêbacut iya mung kudu dilakoni.

Sultan Dêmak ana ing Ampel têlung dina lagi kondur.


Kacarita Adipati Pêngging lan Pranaraga, iya iku Adipati
Andayaningrat ing Pêngging lan Bathara katong ing Pranaraga, wis
padha mirêng pawarta yen nagara Majapahit dibêdhah Adipati
Dêmak, nanging ênggone mbêdhah sinamun sowan riyaya, dene
ingkang rama Sang Prabu lan putra Raden Gugur lolos saka praja,
ora karuhan jujuge ana ing ngêndi, Adipati Pêngging lan Adipati
Pranaraga bangêt dukane, mula banjur dhawuh ngundhangi para
wadya sumêdya nglurug pêrang marang Dêmak, labuh bapa ngrêbut
praja, para wadya-bala wis rumanti gêgamaning pêrang pupuh,
mung kari budhale bae, kasaru têkane utusane Sang Prabu
maringake layang. Adipati Pêngging lan Adipati Pranaraga sawise
tampa layang lan diwaos, layang banjur disungkêmi kanthi bangêt
ing pamuwune lan bangêt anjêntung panggalihe, tansah gedheg-
gedheg lan gêrêng-gêrêng, wajane kêrot-kêrot, surya katon abang
kaya gêni, lan kawiyos pangandikane sêru, kang surasane nyupatani
marang panjênêngane dhewe, muga aja awet urip, mundhak
ndêdawa wirang.

Adipati sakarone padha puguh ora karsa sowan marang Dêmak,


amarga saka putêking panggalihe banjur padha gêrah, ora antara
lawas padha nêmahi seda, dene kaol kang gaib, sedane Adipati
Pêngging lan Adipati Pranaraga padha ditênung dening Sunan Giri,
pamrihe supaya aja ngribêdi ing têmbe buri. Mula carita bêdhahe
Majapahit iku mung dicêkak, ora satimbang karo gêdhene nagara
sarta ambane jajahane, amarga aran ambuka wêwadining ratu,
putra mungsuh bapa, yen dirasa satêmêne saru bangêt. Mula carita
bêdhahe Majapahit sinêmonan dening para pujangga wicaksana,
mangkene pasêmone:

Amarga saka kramate para Wali, kêrise Sunan Giri ditarik mêtu
tawone ngêntupi wong Majapahit.

Sunan Cirêbon badhonge mêtu tikuse maewu-ewu, padha mangani


sangu lan bêkakas jaran, wong Majapahit bubar, amarga wêruh
akehing tikus.

Pêthi saka Palembang ana satêngahing paprangan dibukak mêtu


dhêmite, wong Majapahit padha kagegeran amarga ditêluh ing
dhêmit.

Sang Prabu Brawijaya sedane mekrad.

Banjure pangandikane kiyai Kalamwadi marang muride kang aran


Darmagandhul, kaya kang kapratelakake ing ngisor iki: Kabeh mau
mung pasêmon, mungguh sanyatane, carita bêdhahing Majapahit
iku kaya kang tak-caritakake ing ngarêp. Nagara Majapahit iku rak
dudu barang kang gampang rusake, ewadene bisa rusak mung
amarga dikritiki tikus. Lumrahe tawon iku bubar amarga saka
dipangan ing wong. Alas angkêr akeh dhêmite, bubaring dhêmit yen
alase dirusak dening wong, arêp ditanduri. Nanging yen Majapahit
rusake amarga saking tikus, tawon lan dhêmit, sapa kang ngandêl
yen rusake Majapahit amarga tikus, tawon lan dhêmit, iku
pratandha yen wong mau ora landhêp pikire, amarga carita kang
mangkono mau kalêbu aneh lan ora mulih ing nalar, ora cocog lair

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 129/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

lan batine, mula mung kanggo pasêmon, yen dilugokake jênênge


ambukak wadine Majapahit, mula mung dipralambangi pasêmon
kang orang mulih karo nalare. Dene têgêse pasêmon mau mangkene:

Tikus iku watake ikras-ikris, suwe-suwe yen diumbar banjur


ngrêbda, têgêse: para ‘ulama dhek samana, nalika lagi têkane
nyuwun panguripan marang sang Prabu ing Majapahit, barêng wis
diparingi, piwalêse ngrusak. Tawon iku nggawa madu kang rasane
manis, gêgamane ana ing silit, dene panggonane ana ing gowok
utawa tala, têgêse: maune têkane nganggo têmbung manis, wusana
ngêntup saka ing buri, dene tala têgêse mêntala ngrusak Majapahit,
sapa kang ngrungu padha gawok.

Dene dhêmit diwadhahi pêthi saka Palembang, barêng dibukak muni


jumêglug, têgêse: Palembang iku mlembang, iya iku ganti agama,
pêthi têgêse wadhah kang brukut kanggo madhahi barang kang
samar, dhêmit têgêse samar, rêmit, rungsid, dhêmit iku uga tukang
nêluh. Mungguh gênahe mangkene: bêdhahe nagara Majapahit
sarana ditêluh kalayan primpên lan samar, nalika arêp pambêdhahe
ora ana rêmbag apa-apa, samudanane mung sowan garêbêgan, dadi
dikagetake, mula wong Majapahit ora sikêp gêgaman pêrang,
wêruh-wêruh Adipati Têrung wis ambantu Adipati Dêmak.

Kuna-kunane ora ana praja gêdhe kaya Majapahit bêdhahe mung


saka diêntup ing tawon sarta dikritiki ing tikus bae, apa dene bubare
wong sapraja mung saka ditêluh ing dhêmit.
Bêdhahe Majapahit swarane jumêgur, kêprungu saka ing ngêndi-
êndi nagara, yen bêdhahe saka binêdhah dening putra, iya iku Wali
wolu utawa Sunan wolu kang padha dimêmule wong Jawa, sangane
Adipati Dêmak, kabeh mau padha mbalela mbalik.

Banjure maneh pangandikane kiyai Kalamwadi: Kandhane guruku


Rahaden Budi Sukardi, sadurunge Majapahit bêdhah, manuk kuntul
iku durung ana kang nganggo kucir, barêng nagara wis ngalih
marang Dêmak, kahanan ing dunya nuli malih, banjur ana manuk
kuntul nganggo kucir.

Prabu Brawijaya sinêmonan ing gaib: kêbo kombang atine êntek


dimangsa tuma kinjir, kêbo têgêse ratu sugih, kombang têgêse
mênêng swarane kang mbrêngêngêng, iya iku Prabu Brawijaya
panggalihe têlas nalika bêdhahe Majapahit, kajaba mung kendêl
gêrêng-gêrêng bae, ora karsa nglawan pêrang, dene tuma kijir iku
tumane celeng, tuma têgêse tuman, celeng iku iya aran andhapan, iya
iku Raden Patah nalika têkane ana ing Majapahit sumungkêm
marang ingkang rama Sang Prabu, ing wêktu iku banjur diparingi
pangkat, têgêse oleh ati saka Sang Prabu, wusana banjur mukul
pêrang ngrêbut nagara, ora ngetung bênêr utawa luput, nganti
ngêntekake panggalihe Sang Prabu.

Dene kuntul nganggo kucir iku pasêmone Sultan Dêmak, ênggone


nyêri-nyêri marang ingkang rama Sang Prabu, dumeh agamane
Buddha kawak kapir kupur, mulane Gusti Allah paring pasêmon,
githok kuntul kinuciran, têgêse: tolehên githokmu, ibumu Putri
Cina, ora kêna nyêri-nyêri marang wong seje bangsa, Sang Prabu
Jimbun iku wiji têlu, purwane Jawa, iya iku Sang Prabu Brawijaya,
mula Sang Prabu Jimbun gêdhe panggalihe melik jumênêng Nata,
mulane melik ênggal sugih, amarga katarik saka ibune, dene
https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 130/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

ênggone kêndêl nanging tanpa duga iku saka wijine Sang Arja
Damar, amarga Arja Damar iku ibune putri raksasa, sênêng yen
ngokop gêtih, pambêkane siya, mula ana kuntul nganggo kucir iku
wis karsaning Allah, ora mung Sunan Dêmak dhewe bae kang
didhawuhi ngrumasani kaluputane, nanging sanadyan para Wali
liyane uga didhawuhi ngrumasani, yen ora padha gêlêm ngrumasani
kaluputane, dosane lair batin, mula jênênge Wali ditêgêsi Walikan:
dibêciki malês ngalani.

Dene anane bangsa Cina padha nênêka ana ing tanah Jawa iku
dêdongengane mangkene: Jare, dhek jaman kuna, nalika santri Jawa
durung akeh kawruhe, sawise padha mati, suksmane akeh kang
katut angin banjur thukul ana ing tanah China, mula saiki banjur
padha bali mulih marang tanah Jawa, dadi suksmane bangsa mau,
iku mau-maune iya akeh kang suksma Jawa.

Darmagandhul matur: “kiyai! Kang diarani agama Srani iku kang


kaya apa?”
Kiyai Kalamwadi banjur nêrangake: “Kang diarani agama Srani iku
têgêse sranane ngabêkti: têmên-têmên ngabêkti marang Pangeran,
ora nganggo nêmbah brahala, mung nêmbah marang Allah, mula
sêbutane Gusti Kanjêng Nabi ‘Isa iku Putrane Allah, awit Allah
kang mujudake, mangkono kang kasêbut ing kitab Anbiya”.

Banjure pangandikane kiyai Kalamwadi.


Sultan Dêmak waskitha ing gaib, rumaos kadukan dening Kang
Maha Kuwasa, mula banjur ngrumaosi kabeh kaluputane, nuli
sowan andêdagan ana ing pasareyane ingkang rama, barêng wis
antara têlung dina lawase, kaprênah pusêring kuburan tanpa
sangkan thukul wit-witan warna papat, siji warnane irêng sêmu
abang dalah godhong sarta kêmbange, loro wit sarta kêmbange putih
godhonge sêdhêngan, têlu wit kang godhonge ngrêmbuyut mubêng
kaya payung, papat wit kang godhonge lêmbut sarta mawa êri, lan
wêktu iku sajroning pasareyane Sang Prabu kêprungu ana swara
dumêling, mangkene ujaring swara: “Êntek katrêsnanku marang
anak.

Den enak mangan turu. Ana gajah digêtak kaya kucing, sanajan
matiya ing tata-kalairane, nanging lah eling-elingên ing besuk, yen
wis agama kawruh, ing têmbe bakal tak-walês, tak-ajar wêruh ing
nalar bênêr lan luput, pranatane mêngku praja, mangan babi kaya
dhek jaman Majapahit.”

Sultan Dêmak mirêng swara dumêling kang surasane mangkono iku,


ing batos bangêt kaduwung marang apa kang wis dilampahi, mula
nganti suwe njêgrêg ora bisa ngandika, ngrumaosi klirune dene
nuruti rêmbuge para Sunan kabeh, nganti wani mungsuh ingkang
rama sarta ngrusak Majapahit. Iya wiwit titi masa iku anane wit-
witan warna papat kang padha thukul ana ing kuburan, dadi
pasêmon kabeh, iya iku Tlasih, Sêmboja, Turugajah lan
Gêtakkucing. Mula nganti tumêka saprene wit Sêmboja panggonane
ana ing kuburan, kêmbang Tlasih kanggo ngirim para lêluhur,
godonge Gêtakkucing yen kasenggol banjur obah, godhonge uga
banjur mingkup kaya dene godhong Gêtakkucing.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 131/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Sawise mangkono, Sultan Dêmak banjur kondur, sakondure saka


pasareyane ingkang rama, bangêt panalangsane ing dalêm batos,
tansah ngrumaosi ing kalêpatane.

Sunan Kalijaga uga waskitha ing gaib yen sinêmonan dening Kang
Maha Kuwasa, mula uga bangêt panalangsane sarta ngrumaosi
kaluputane, mula banjur mangagêm sarwa wulung, beda karo para
Wali liyane isih padha manganggo sarwa putih. Kabeh mau ora
padha ngrumasani kaluputane, mung Sunan Kalijaga piyambak
rumaos yen kadukan dening Kang Maha Kuwasa, mula bangêt
mrêtobate, wasana banjur pinaringan pangapura dening Allah,
sinêmonan wiwit anane orong-orong githoke tumêka ing punuk
disêsêli tataling kayu jati, mungguh karêpe: punukmu panakna,
sajatining ‘ilmu iku ora susah maguru marang wong ‘Arab,
‘ilmuning Gusti Allah wis ana ing githokmu dhewe-dhewe,wujude
puji thok, nanging dudu puji jatining kawruh, kang ngawruhi
sajatining urip, urip dadi wayangan Dzating Pangeran, manusa bisa
apa, mobah mosik mung sadarma nglakoni, budi kang ngobahake,
sabda iku mêtu saka ing karêp, karêp mêtu saka ing budi, budi iku
Dzate Kang Maha Agung, agung iku wis samêkta, tanpa kurang tan
wuwuh, tanpa luwih sarta ora arah ora ênggon.

Kiyai kalamwadi nutugake caritane: “Kandhane guruku Rahaden


Budi Sukardi mangkene: mungguh kang katarima, muji marang
Allah iku, iku sindhenan Dharudhêmble. Têmbung dhar iku têgêse
wudhar, ru iku têgêse ruwêt sulit lan rungsit, dene dhêmble têgêse
dhêmbel dadi siji, yen wis sumurup têpunge sarat sari’at tarekat
hakekat lan ma’rifat, iku mau wis muji tanpa ngucap, sarak iku
sarate ngaurip, iya iku nampik milih iktiyar lan manggaota, sari’at
iku saringane kawruh agal alus, tarekat iku kang nimbang lan
nandhing bênêr lan luput, hakekat iku wujud, wujud karsaning
Allah, kang ngobahake sarta ngosikake rasane budi, wêruh ora
kasamaran ing sawiji-wiji. Yen kowe wis ngrêti marang têgêse
Dharudhêmble, mêsthi wis marêm marang kawruhmu dhewe.
Mangan woh kawruh lan budi, sêmbahe kaya wêsi kang dilabuh ana
ing gêni ilang abange mung rupa siji, kang muji lan kang dipuji wis
nunggal dadi sawiji, dhêmble wujud siji. Yen kowe wis bisangawruhi
surasane kang tak-kandhakake iki, jênênge munajad. Saupama
wong nulup manuk, yen ra wêruh prênahe manuke, masa kênaa,
ênggone nulup mung ngawur. Yen kawruhe wong pintêr ora angel
yen disawang, mêtune saka ing utêk”.

Darmagandhul matur, nyuwun ditêrangake bab ênggone Nabi Adam


lan Babu Kawa padha kêsiku dening Pangeran, sabab saka ênggone
padha dhahar wohe kayu Kawruh kang ditandur ana satêngahing
taman Pirdus. Ana maneh kitab kang nêrangake, kang didhahar
Nabi Adam lan Babu Kawa iku woh Kuldi, kang ditandur ana ing
swarga. Mula nyuwun têrange, yen ing kitab Jawa caritane kapriye,
kang nyêbutake kok mung kitab ‘Arab lan kitabe wong Srani.
Kiyai Kalamwadi banjur nêrangake, yen kitabe wong Jawa ora
nyêbutake bab mangkono iku, dene Sajarah Jawa iya ana kang
nyêbutake turun Adam, iya kitab Manik Maya.

Kiyai Kalamwadi banjur ngandhakake: “Sawise buku-buku


pathokan agama Buddha diobongi, amarga mundhak ngrêribêdi
agama Rasul, sanadyan buku kang padha disimpêni dening para
wadya, iya dipundhut banjur diobongi, nalika sabêdhahe Majapahit,
sapa kang durung gêlêm nganggo agama Islam banjur dijarah rajah,

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 132/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

mula wong-wong ing kono padha wêdi marang wisesaning Ratu.


Dene wong-wong kang wis padha gêlêm salin agama Rasul, banjur
padha diganjar pangkat utawa bumi sarta ora padha nyangga pajêg,
mulane wong-wong ing Majapahit banjur padha ngrasuk agama
Islam, amarga padha melik ganjaran. Ing wêktu iku Sunan Kalijaga,
kagungan panggalih, caritane lêluhure supaya aja nganti pêdhot,
banjur iyasa wayang, kanggo gantine kitab-kitab kuna kang wis
padha diobongi. Ratu Mataram uga mangun carita sajarahe para
lêluhur Jawa, buku-buku sakarine, kang isih padha disimpên uga
padha dipundhut kabeh, nanging wis padha amoh, Sang Nata ing
Mataram andangu para wadya, nanging wis padha ora mênangi,
wiwit Kraton Gilingwêsi nganti tumêka Mataram wis ora
kasumurupan caritane, buku-buku asli saka ing Dêmak lan Pajang
padha dipriksa, nanging tinêmu tulisan ‘Arab, kitab Pêkih lan Taju-
salatina apa dene Surya-Alam kang kanggo pikukuh, mula Sang
Prabu ing Mataram kewran panggalihe ênggone kagungan karsa
iyasa babad carita tanah Jawa. Sang Prabu banjur dhawuh marang
para pujangga, andikakake padha gawe layang Babad Tanah Jawa,
ananging sarehne kang gawe Babad mau ora ngêmungake wong siji
bae, mula ora bisa padha gaweyane, kang diênggo pathokan layang
Lokapala, mungguh caritane kaya kang kasêbut ing ngisor iki”.

Wayahe Nabi Adam iya iku putrane Nabi Sis, arane Sayid Anwar.
Sayid Anwar didukani ingkang rama lan ingkang eyang, amarga
wani- wani mangan wohe wit kayu Budi sêngkêrane Pangeran kang
tinandur ana ing swarga. Ciptane Sayid Anwar supaya kuwasane
bisa ngiribi kaya dene kuwasane Pangeran, ora narima yen mung
mangan who Kawruh lan woh Kuldi bae, nanging wohe kayu Budi
kang disuwun. Sayid Anwar miwiti yasa sarengat dhewe, ora karsa
ngagêm agamane ingkang rama lan ingkang eyang, dadi murtat
sarta nampik agamane lêluhure, mangkono uga karsa ngakoni yen
turune Adam sarta Sis, pangraose Sayid Anwar iku dadi saka dadine
piyambak, mung waranane bae saka Adam lan Sis, dadine saka budi
hawaning Pangeran.

Ênggone Kagungan pamanggih mangkono mau diantêpi bangêt,


jalaran mangkene: asal suwung mulih marang sêpi, bali marang
asale maneh. Sarehne Sayid Anwar banjur lunga nuruti karêping
atine, lakune mangetan nganti tumêka ing tanah Dewani, ana ing
kono banjur kêtêmu karo ratuning jin arane Prabu Nuradi, Sayid
Anwar ditakoni iya banjur ngandharake lêlakone kabeh, wusanane
Sayid Anwar diêpek mantu sarta dipasrahi kaprabon, ngratoni para
jin, jêjuluk Prabu Nurcahya, wiwit jumênênge Prabu Nurcahya,
jênênge nagara banjur diêlih dadi aran nagara Jawa. Misuwure,
kang jumênêng Nata, Jawa jawi ngrêti kawruh agal alus. Sawise iku
Sang Prabu banjur nganggit sastra mung salikur aksara, saucaping
wong Jawa bisa kaucap, dijênêngake Sastra Endra Prawata.
Têmbung Jawa, ditêgêsi: nguja hawa, karsane Sang Prabu: bisaa
rowa, saturun-turune bisaa jumênêng Nata mêngkoni tanah Jawa.

Sang Prabu putrane siji pêparab Sang Hyang Nurrasa, uga dhaup
karo putri jin putrane mung siji iya iku Sang Hyang Wênang. Sang
Hyang Wênang uga dhaup karo putri jin, dene putrane uga mung
siji kakung pêparab Sang Hyang Tunggal, krama oleh putri jin. Sang
Hyang Tunggal pêputra Sang Hyang Guru, kabeh mau turune Sang
Hyang Nurcahya, kang padha didhahar woh wit kayu Budi. Sang
Hyang Guru kagungan pangraos yen kuwasane padha karo Gusti
Allah, mula banjur iyasa kadhaton ana pucaking Mahameru, sarta

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 133/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

ngakoni yen purwaning dumadi mêtune asal saka budi hawa nêpsu.
Aran Dewa ngaku misesani mujudake sipat roh, agamane Buddha
budi, mangeran digdayane sarta ngaku Gusti Allah. Sêdya kang
mangkono mau iya diideni dening Kang Maha Kuwasa, sarta kalilan
nimbangi jasane Kang Maha Kuwasa. Dewa iku wêrdine ana loro
têgêse: budi hawa, sarta: wadi dawa, mulane agamane Buddha.
Sêbutan Dewi: têgêse: dening wadining wadon iku bisa ngêtokake
êndhas bocah.

Darmagandhul didhawuhi nimbang mungguh kang bênêr kang êndi,


mangan woh wit kayu Kawruh, apa wit kayu Budi, apa woh wit
Kuldi?
Saka panimbange Darmagandhul, kabeh iku iya bênêr, sênêngan
salah siji êndi kang disênêngi, diantêpi salah siji aja nganti luput.
Yen kang dipangan woh wit kayu Budi, agamane Buddha budi,
panyêbute marang Dewa; manawa mangan woh wit kawruh,
pênyêbute marang Kangjêng Nabi ‘Isa, agamane srani, yen sênêng
mangan woh wit kayu Kuldi, agamane Islam, sambate marang nabi
panutan; iya iku Gusti Kangjêng Nabi Rasul; dene yen dhêmên
Godhong Kawruh Godhong Budi, panêmbahe marang Pikkong,
sarta manut sarake Sisingbing lan Sicim; salah sijine aja nganti
luput. Yen bisa woh-wohan warna têlu iku mau iya dipangan kabeh,
yen wong ora mangan salah sijine woh mau, mêsthine banjur dadi
wong bodho, uripe kaya watu ora duwe kêkarêpan lan ora mangrêti
marang ala bêcik.

Dene mungguh bêcike wong urip iku mung kudu manut marang apa
alame bae, dadi ora aran siya-siya marang uripe, yen Kalifah dhahar
woh Budi, iya melu mangan woh Budi, yen Kalifah dhahar woh
kawruh, iya melu mangan who kawruh, yen kalifah dhahar woh
Kuldi, iya melu mangan woh Kuldi. Dene prakara bênêr utawa
lupute, uki Kalifah kang bakal tanggung. Sarehne diênut wong akeh,
dadi Panutan kudu kang bênêr, amarga wong dadi Panutan iku
saupama têtuwuhan minangka wite. Yen wong ora gêlêm manut
marang kang bênêre kudu diênut, iku kaya dene iwak kang mêtu
saka ing banyu.

Saupama woh ora gêlêm nempel wit, mêsthi dadi glundhungan kang
tanpa dunung. Awit saka iku, mulane wong iku kudu ngelingi
marang agamane kang nurunake, amarga sanadyan saupama ana
salahe, Gusti Allah mêsthi paring pangapura. Darmagandhul matur
nyuwun têrange agama Rasul lan liya-liyane, mungguh kang dadi
bedane apa?

Kiyai Kalamwadi banjur nêrangake beda-bedane, yen saka dhawuhe


kang Maha Kuwasa, manusa didhawuhi muja marang agamane.
Nanging banjur akeh kang kliru muja marang barang kang katon,
kaya ta kêris, tumbak, utawa liya-liyane barang. Kang kaya
mangkono mau ngrusakake agama, amarga banjur mangeran
marang wujud, satêmah lali marang Pangerane, amarga maro tingal
marang barang rêrupan. Wong urip iku kudu duwe gondhelan
agama, amarga yen ora duwe agama mêsthi duwe dosa, mung bae
dosane mau ana kang sathithik lan ana kang akeh. Dene kang bisa
nyirnakake (nyudakake) dosa iku, mung banyu suci, iya iku tekad
suci lair batin. Kang diarani banyu tekad suci iku kang êning, iya iku
minangka aduse manusa, bisa ngrêsiki lair batine. Yen wong luwih,
ora ngarêp-arêp munggah swarga, kang digoleki bisaa nikmat mulya

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 134/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

punjula saka sapadhane, aja nganti nêmu sangsara, bisaa duwe


jênêng kang bêcik, sinêbut kang utama, bisaa nikmat badan lan
atine, mulya kaya maune, kaya nalika isih ana ing alam samar, ora
duwe susah lan prihatin. Lawang swarga iku prêlu dirêsiki, dirêngga
ing tekad kang utama, supaya aja ngrêribêdi ana ing donyane, bisaa
slamêt lair batine. Kang diarani lawang swarga lan lawang nêraka
iku, pancadan kang tumuju marang kabêgjan utawa kacilakan. Yen
bêcik narik raharja, yen ala ngundhuh cilaka, mula pangucap kang
ala, mêsthi mlêbu yomani. Yen bêcik, bisa tampa ganjaran.

Darmagandhul matur maneh, nyuwun têrange, manusa ing dunya


wujude mung lanang lan wadon, dadine kok banjur warna-warna,
ana Jawa, ‘Arab, Walanda lan Cina. Dene sastrane kok uga beda-
beda. Iku maune kêpriye, dalah têgêse sarta cacahing aksarane kok
uga beda-beda. Geneya kok ora nganggo aksara warna siji bae?

Kyai Kalamwadi banjur nêrangake, yen kabeh-kabeh mau wis dadi


karsane Kang Maha Kuwasa. Mula aksarane digawe beda-beda,
supaya para kawulane padha mangan woh wit kayu Budi lan woh
wit kayu Kawruh, amarga manusa diparingi wahyu kaelingan, bisa
mêthik who Kawruh lan woh Budi, pamêthike sapira sagaduke.
Gusti Allah uga iyasa sastra, nanging sastrane nglimputi ing jêro, lan
manut wujud, iya iku kang diarani sastra urip, manusa ora bisa
anggayuh, sanadyan para Auliya sarta para Nabi ênggone nggayuh
iya mung sagaduke. Woh wit Kawruh lan woh wit Budi ditandhani
nganggo sipat wujud, dicorek ana ing dluwang, nganggo mangsi
supaya wong bisa wêruh, mula jênênge dalwang, têgêse mêtu
wangune, mangsi têgêse mangsit, dadi yen dalwang ditrapi mangsi,
mêsthi banjur mêtu wangune, mangsit mangan kawruh, mula jênêng
kalam, amarga kawruhe anggawa alam.

Sastra warna-warna paringe kang Maha-Kuwasa, iku wajib


dipangan, supaya sugih pangrêten lan kaelingan, mung wong kang
ora ngrêti sastra paringe Gusti Allah, mêsthi ora mangêrti marang
wangsit. Auliya Gong Cu kumênthus niru sastra tulisan paringe
Gusti allah, nanging panggawene ora bisa, sastrane unine kurang,
dadi pelon, para Auliya panggawene sastra dipathoki cacahe, mung
aksara Cina kang akeh bangêt cacahe, nanging unine pelo, amarga
Auliya kang nganggit kêsusu mangan woh Kawruh, ing mangka iya
kudu mangan woh wit kayu Budi.

Auliya mau lali yen tinitah dadi manusa. Ewadene mêksa nganggo
kuwasane Kang Maha Kuwasa, anggayuh kang dudu wajibe, kêsusu
tampa panglulu nganggit sastra kang nganti tanpa etungan cacahe,
jênênge sastra godhong. Godhonge wit Budi lan wit Kawruh,
dipêthik saka sathithik, ditata dikumpulake, banjur dianggit kanggo
sastra, mulane aksarane nganti ewon. Auliya Cina kêsiku, amarga
arêp gawe sastra urip kaya yasane Gusti Allah. Auliya Jawa ênggone
mangan woh wit kayu Budi nganti warêg, mula ênggone nganggit
aksara iya dipathoki cacahe.

Auliya Arab ênggone mangan woh wit kayu Kuldi akeh bangêt. Dene
ênggone nganggit aksara iya dipathoki cacahe. Nanging yen sastra
yasane Gusti Allah, dadine saka sabda, wujude dadi dhewe, mulane
unine iya cêtha, sastrane ora ana kang padha.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 135/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Darmagandhul banjur didhawuhi nimbang, mungguh anggitane


para Auliya kabeh mau kang mratandhani asor luhuring budine
kang êndi?

Saka panimbange Darmagandhul, kabeh mau iya bênêr, nanging


anggêr mêtu saka budi. Dene kang gawe aksara mung sathithik,
nanging wis bisa nyukupi, iku mratandhani yen luwih pintêr
tinimbang karo liya-liyane.

Kiyai Kalamwadi ngandika: “Yen manusa arêp wêruh sastrane Gusti


Allah, tulisan mau ora kêna ditonton nganggo mripat lair – kudu
ditonton nganggo mripat batin. Yen mangkono iya bisa katon, Gusti
Allah iku mung sawiji, nanging Dzate nyarambahi sakabehing
wujud. Yen ndêlêng kudu nganggo ati kang bêning, ora kêna
kacampuran pikiran kang warna-warna, sarta kudu kang mêlêng
ênggone mawas, supaya ora bisa kliru karo kanyatane”.

Kiyai Kalamwadi lênggah diadhêp garwane aran Endhang Prêjiwati.


Darmagandhul sarta para cantrik iya padha marak. Kiyai
Kalamwadi paring piwulang marang garwane, dadi nêtêpi jênênge
priya kudu mulang muruk marang rabine. Dene kang diwulangake,
bab kawruh kasunyatan sarta kawruh kang kanggo yen wis tumêka
ing pati, ing wong sêsomahan iku. Kang wadon diupamakake omah,
sanadyan kahanane wis sarwa bêcik. Nanging sabên dinane isih kudu
dipiyara lan didandani. Saka pangandikane Kiayi Kalamwadi, wong
iku yen dipitakoni, satêmêne ragane wis bisa mangsuli, sabab ing
kono wis ana pangandikane Gusti Allah paring piwulang, nanging
ora mêtu ing lesan, mung paring sasmita kang wis ditulis ana
saranduning badan sakojur.

Pangandikane kiyai Kalamwadi: “Sarehne aku iku wong cubluk,


dadi ora bisa aweh piwulang kang endah, aku mung arêp pitakon
marang ragamu, amarga ragamu iku wis bisa sumaur dhewe”.

Banjure pangandika kiyai Kalamwadi kaya ing ngisor iki. Tanganmu


kiwa iku wis anggawa têgês dhewe, lan wis dadi piwulang kang bêcik
lan nyata, kang anuduhake yen ragamu iku wujude kiwa, mung
hawa kang katon. Têmbung ki: iku têgêse iki, wa: têgêse wêwadhah,
ragamu iku di’ibaratake prau, prau dadi ‘ibarate wong wadon, wong
têgêse ngêlowong, wadon têgêse mung dadi wadhah, dene isine mung
têlung prakara, iya iku: “kar-ri-cis”. Yen prau wis isi têlung prakara
iku, wong wadon wis kêcukup butuhe, dadi ora goreh atine. Dene
têgêse kar-ri-cis iku mangkene.

Kar, têgêse dakar, iya iku yen wong lanang wis bisa nêtêpi lanange,
mêsthi wong wadon atine marêm, wusanane dadi nêmu slamêt
ênggone jêjêdhowan.

Ri, têgêse pari, iya iku kang minangka pangane wong wadon, yen
wong lanang wis bisa nyukupi pangane, mêsthi wong wadon bisa
têntrêm ora goreh.

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 136/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Cis, têgêse picis, utawa dhuwit, ya iku yen wong lanang wis bisa
aweh dhuwit kang nyukupi, mêsthi wong wadon bisa têntrêm, tak
baleni maneh, cis têgêse bisa goreh atine.

Kosok baline yen wong lanang ora bisa aweh momotan têlung
prakara mau, wong wadon bisa goreh atine. Tangan têngên têgêse
etungên panggawemu, sabên dina sudiya, sanggup dadi kongkonan,
wong wadon wis dadi wajibe ngrewangi kang lanang anggone golek
sandhang pangan.

Bau têgêse kanthi, gênahe wong wadon iku dadi kanthine wong
lanang, tumrap nindakake samubarang kang prêlu.

Sikut têgêse singkurên sakehing panggawe kang luput. Ugêl-ugêl


têgêse sanadyan tukar padu, nanging yen isih padha trêsnane iya ora
bisa pêdhot. Epek-epek têgêse ngêpek-ngêpek jênênge kang lanang,
awit wong wadon iku yen wis laki, jênênge banjur melu jênênge kang
lanang. Iya iku kang diarani warangka manjing curiga, warangkane
wanita, curigane jênênge wong lanang.

Rajah (ing epek-epek) têgêse wong wadon iku panganggêpe marang


guru-lakine dikaya dene panganggêpe marang raja.

Driji têgêse drêjêg utawa pagêr, iya iku idêrana jiwamu nganggo
pagêr kautaman, wanita iku kudu andarbeni ambêk kang utama,
dene driji kabeh mau ana têgêse dhewe-dhewe.

Jêmpol têgêse êmpol, yen wanita dikarsakake dening priyane, iku


kang gampang gêtas rênyah kaya dene êmpoling klapa.
Driji panuduh têgêse wanita nglakonana apa sapituduhe kang priya.
Driji panunggul, têgêse wanita wajib ngunggulake marang priyane,
supaya nyupangati bêcik.

Driji manis, têgêse wanita kudu duwe pasêmon utawa polatan kang
manis, wicarane kudu kang manis lan prasaja.
Jênthik, têgêse wong wadon iku panguwasane mung sapara limane
wong lanang, mula kudu sêtya tuhu marang priyane.
Kuku têgêse ênggone rumêksa marang wadi, paribasane aja nganti
kêndho tapihe.
Mungguh pikikuhe wong jêjodhowan iku, wanita kudu sêtya marang
lakine sarta nglakoni patang prakara, iya iku: pawon, paturon,
pangrêksa, apa dene kudu nyingkiri padudon.

Wong jêjodhowan yen wis nêtêpi kaya piwulang iki, mêsthi bisa
slamêt sarta akeh têntrême.

Kiyai Kalamwadi banjur paring pangandika maneh, dene kang


dipangandikakake bab pikukuhe wong jêjodhowan. Saka
pangandikane kiyai Kalamwadi, wong jêjodhowan iku pikukuhe
kudu duwe ati eling, aja nganti tumindak kang ora bênêr. Mungguh
pikukuhe wong laki-rabi iku, dudu dunya lan dudu rupa, pikukuhe
mung ati eling. Wong jêjodhowan, yen gampang luwih gampang,
nanging yen angel, angele ngluwihi. Wong jêjodhowan itu luput
pisan kêna pisan, yen wis luput, ora kêna tinambak ing rajabrana
lan rupa. Wanita kudu tansah eling yen winêngku ing priya, yen
nganti ora eling, lupute banjur ngambra-ambra, amargi yen wanita
nganti cidra, iku ugi ngilangake Pangerane wong jêjodhowan, dene
kang diarani cidra iku ora mung jina bae, nanging samubarang kang

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 137/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

ora prasaja iya diarani cidra, mula wanita kudu prasaja lair batine,
amarga yen ora mangkono bakal nandhang dosa rong prakara, kang
sapisan dosa marang kang lanang, kapindhone dosa marang Gusti
Allah, kang mangkono iku mêsthi ora bisa nêmu lêlakon kang
kapenak.

Mula ati, kudu tansah eling, amarga tumindaking badan mung


manut karêping ati, awit ati iku dadi ratuning badan. Wong
jêjodhowan di’ibaratake prau kang gêdhe, lakuning prau manut
satang lan kêmudhine, sanadyan satange bênêr, yen kêmudhine
salah, prau ora bêcik lakune. Wong lanang iku lakuning satang, dene
kang wadon ngêmudheni, sanadyan bêcik ênggone ngêmudheni,
nanging yen kang nyatang ora bênêr, lakune prau iya ora bisa jêjêg,
sarta bisa têkan kang disêdya, amarga kang padha nglakokake
padha karêpe, dadi têgêse, wong jêjodhowan, kudu padha karêpe,
mula kudu rukun, rukun iku gawe karaharjan sarta mahanani
katêntrêman, ora ngêmungake wong jêjodhowan kang rukun bae,
kang oleh katêntrêmaning ati, sanadyan tangga têparone iya melu
têntrêm, mula wong rukun iku bêcik bangêt.

Kowe tak-pituturi, mungguh dalane kamulyan iku ana patang


prakara:
(1) Mulya saka jênêng.
(2) Mulya saka bandha.
(3) Mulya saka sugih ‘ilmu.
(4) Mulya saka kawignyan.
Kang diarani mulya saka jênêng, iku wong kang utama, bisa oleh
kabêgjan kang gêdhe, nanging kabêgjane mau ora mung kanggo
awake dhewe, kapenake uga kanggo wong akeh liyane. Dene kang
mulya saka ing bandha, lan mulya saka ênggone sugih ‘ilmu, lan
mulya saka kapintêran, iku ana ngêndi bae, iya akeh rêgane.

Mungguh dalane kasangsaran uga ana patang prakara:


(1) Rusaking ati, manusa iku yen pikire rusak, ragane mêsthi iya
melu rusak.
(2) Rusaking raga, iya iku wong lara.
(3) Rusaking jênêng, iya iku wong mlarat.
(4) Rusaking budi, iya iku wong bodho, cupêt budine, wong bodho
lumrahe gampang nêpsune.

Kang diarani tampa kanugrahing Gusti Allah, iya iku wong kang
sêgêr kawarasan sarta kacukupan, apa dene têntrêm atine.
Wong urip kang kêpengin bisaa dadi wong utama, duweya jênêng
kang bêcik, kanggo têtuladhan marang wong kang padha ditinggal
ing têmbene”.
Ki Darmagandhul matur lang nyuwun ditêrangake bab anane wong
ing jaman kuna karo wong ing jaman saiki, iku satêmêne pintêr kang
êndi, amarga wong akeh panêmune warna-warna tumrape bab iku.

Pangandikane kiyai Kalamwadi: “Wong kuna lan wong saiki, iku


satêmêne iya padha pintêre, mung bae tumrape wong ing jaman
kuna, akeh kang durung bisa mujudake kapintêrane, mula katone
banjur kaya dene ora pintêr. Ana dene wong ing jaman saiki ênggone
katon luwih pintêr iku amarga bisa mujudake kapintêrane. Wong
ing jaman kuna kapintêrane iya wis akeh, dene kang mujudake iya
iku wong ing jaman saiki. Saupama ora ana kapintêrane wong ing
jaman kuna, mêsthi bae tumrape wong ing jaman saiki ora ana kang

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 138/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

kanggo têtuladhan, amarga kahanan saiki iya akeh kang nganggo


kupiya kahanan ing jaman kuna. Wong ing jaman saiki ngowahi
kahanan kang wis ana, êndi kang kurang bêcik banjur dibêcikake.

Wong ing jaman saiki ora ana kang bisa nganggit sastra, yen manusa
iku rumasa pintêr, iku têgêse ora rumasa yen kawula, mangka uripe
manusa mung sadarma nglakoni, mung sadarma nganggo raga, dene
mobah mosik, wis ana kang murba. Yen kowe arêp wêruh wong kang
pintêr têmênan, dununge ana wong wadon kang nutu sabên dina,
tampahe diiseni gabah banjur diubêngake sadhela, gabah kang ana
kabur kabeh, sawise, banjur dadi beda-beda, awujud bêras mênir
sarta gabah, nuli mung kari ngupuki bae, sabanjure dipilah-pilah.
Têgêse: bêras yen arêp diolah kudu dirêsiki dhisik, miturut kaya
karêpe kang arêp olah-olah.

Yen kowe bisa mangreh marang manusa, kaya dene wong wadon
kang nutu mau, ênggone nyilah-nyilahake bêras aneng tampah, kowe
pancen wong linuwih, nanging kang mangkono mau dudu
kawadjibanmu, awit iku dadi kawajibane para Raja, kang misesa
marang kawulane. Dene kowe, mung wajib mangrêti tataning praja
supaya uripmu aja kongsi dikul dening sapadhaning manusa,
uripmu dadi bisa slamêt, kowe bakal dadi têtuwa, kêna kanggo
pitakonan tumraping para mudha bab pratikêle wong ngawula ing
praja. Mula wêlingku marang kowe, kowe aja pisan- pisan ngaku
pintêr, amarga kang mangkono mau dudu wajibing manusa, yen
ngrumasani pintêr, mundhak kêsiku marang Kang Maha Kuwasa,
kaelokane Gusti Allah, ora kêna ginayuh ing manusa, ngrumasanana
yen wong urip iku mung sadarma, ana wong pintêr isih kalah pintêr
karo wong pintêr liyane, utawa uga ana wong pintêr bisa kasoran
karo wong kompra, bodho pintêring manusa iku saka karsane Kang
Maha Kuwasa, manusa anduweni apa, bisane apa, mung digadhuhi
sadhela dening Kang Maha Kuwasa, yen wis dipundhut, kabeh mau
bisa ilang sanalika, saka kalangkungane Gusti Allah, yen kabeh mau
kapundhut banjur diparingake marang wong kompra, wong kompra
banjur duwe kaluwihan kang ngungkuli kaluwihane wong pintêr.
Mula wêlingku marang kowe, ngupayaa kawruh kang nyata, iya iku
kawruh kang gandheng karo kamuksan”.

Ki Darmagandhul banjur matur maneh, nyuwun têrange bab tilase


kraton Kêdhiri, iya iku kratone Sang Prabu Jayabaya. Kiyai
Kalamwadi ngandika:

“Sang Prabu Jayabaya ora jumênêng ana ing Kêdhiri, dene kratone
ana ing Daha, kaprênah sawetane kali Brantas. Dene yen Kêdhiri
prênahe ana sakuloning kali Brantas lan sawetaning gunung Wilis,
ana ing desa Klotok, ing kono iku ana bata putih, iya iku patilasane
Sri Pujaningrat. Dene yen patilasane Sri Jayabaya ika ana ing daha,
saikine jênênge desa Mênang, patilasane kadhaton wis ora katon,
amarga kurugan ing lêmah lahar saka gunung Kêlut, patilasan-
patilasan mau wis ilang kabeh, pasanggrahan Wanacatur lan taman
Bagendhawati uga wis sirna, dene pasanggrahan Sabda, kadhatone
Ratu Pagêdhongan uga wis sirna. Kang isih mung rêca yasane Sri
Jayabaya, iya iku candhi Prudhung, Têgalwangi, prênahe ing sa-lor-
wetane desa Mênang, lan rêca buta wadon, iya iku rêca kang
diputung tangane dening Sunan Benang nalika lêlana mênyang
Kêdhiri, rêca mau lungguhe madhêp mangulon, ana maneh rêca

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 139/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

jaran awak siji êndhase loro, panggonane ana ing desa Bogêm,
wêwêngkon dhistrik Sukarêja, mula Sri Jayabaya yasa rêca,
mangkene caritane, (kaya kang kapratelakake ing ngisor ini)”.

Ing Lodhaya ana buta wadon ngunggah-unggahi Sang Prabu


Jayabaya, nanging durung nganti katur ing ngarsa Prabu, buta
wadon wis dirampog dening wadya cilik-cilik, buta wadon banjur
ambruk, nanging durung mati, barêng ditakoni, lagi waleh yen
sumêdya ngunggah-unggahi Sang Prabu. Sang Prabu banjur
mriksani putri buta mau, barêng didangu iya matur kang dadi
sêdyane. Sang Prabu banjur paring pangandika mangkene: “Buta!
andadekna sumurupmu, karsaning Dewa Kang Linuwih, aku iku
dudu jodhomu, kowe dak-tuturi, besuk sapungkurku, kulon kene
bakal ana Ratu, nagarane ing Prambanan, iku kang pinasthi dadi
jodhomu, nanging kowe aja wujud mangkono, wujuda manusa, aran
Rara Jonggrang”.

Sawise dipangandikani mangkono, putri buta banjur mati. Sang


Prabu banjur paring pangandika marang para wadya, supaya desa
ing ngêndi papan matine putri buta mau dijênêngake desa
Gumuruh. (11)

Ora antara suwe Sri Jayabaya banjur jasa rêca ana ing desa Bogêm.
Rêca mau wujud jaran lagaran awak siji êndhase loro, kiwa têngên
dilareni. Patihe Sang Prabu kang aran Buta Locaya sarta Senapatine
kang aran Tunggulwulung padha matur marang sang Prabu, kang
surasane nyuwun mitêrang kang dadi karsa-Nata, ênggone Sang
Prabu yasa rêca mangkono mau, apa mungguh kang dadi karsane.
Sang Prabu banjur paring pangandika, yen ênggone yasa rêca kang
mangkono itu prêlu kanggo pasêmon ing besuk, sapa kang wêruh
marang wujude rêca iku mêsthi banjur padha mangrêti kang dadi
tekade wong wadon ing jaman besuk, yen wis jaman Nusa Srênggi.
Bogêm têgêse wadhah bangsa rêtna-rêtna kang adi, têgêse wanita iku
bangsa wadhah kang winadi. Laren (12)

kang ngubêngi jaran têgêse iya sêngkêran. Dene jaran sêngkêran iya
iku ngibaratake wong wadon kang disêngkêr. Sirah loro iku dadi
pasêmone wong wadon ing jaman besuk, kang akeh padha mangro
tingal, sanadyan ora kurang ing panjagane, iya bisa cidra, lagaran,
iku têgêse tunggangan kang tanpa piranti. Ing jaman besuk, kang
kêlumrah wong arêp laki-rabi, ora nganggo idine wong tuwane,
margane saka lagaran dhisik, yen wis mathuk pikire, iya sida diêpek
rabi, nanging yen ora cocog, iya ora sida laki-rabi.

Sang Prabu ênggone yasa candhi, prêlu kanggo nyêdhiyani yen ana
wadyabala kang mati banjur diobong ana ing kono, supaya bisa
sirna mulih marang alam sêpi. Yen pinuju ngobong mayit, Sang
Prabu uga karsa rawuh ngurmati.

Kang mangkono iku wis dadi adate para raja ing jaman kuna. Mula
kang dadi panyuwunku marang Dewa, muga Sang Prabu karsa yasa
candhi kanggo pangobongan mayit, kaya adate Raja ing jaman
kuna, amarga aku iki anak dhalang, aja suwe-suwe kaya mêmêdi,
duwe rupa tanpa nyawa, bisaa mulih marang asale.

Samuksane Sang Prabu Jayabaya, Patih Buta Locaya sarta Senapati


Tunggulwulung, apa dene putrane Sang Prabu kang kêkasih Ni Mas

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 140/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

Ratu Pagêdhongan, kabeh banjur padha andherek muksa.

Buta Locaya banjur dadi ratuning dhêdhêmit ing Kêdhiri.


Tunggulwulung ana ing gunung Kêlut, dene Ni Mas Ratu
Pagêdhongan banjur dadi ratuning dhêdhêmit ana ing sagara kidul,
asmane ratu Anginangin.

Ana kêkasihe Sang Prabu Jayabaya, jênênge Kramatruna, nalika Sri


Jayabaya durung muksa, Kramatruna didhawuhi ana ing sêndhang
Kalasan. Sawise têlung atus taun, putrane Ratu ing Prambanan,
kêkasih Lêmumbardadu iya Sang Pujaningrat, jumênêng Nata ana
ing Kêdhiri, kadhatone ana sakuloning bangawan (3), kêdhi têgêse
wong wadon kang ora anggarap sari, dene dhiri iku têgêse anggêp,
kang paring jênêng iku Rêtna Dewi Kilisuci, dicocogake karo adate
Sang Rêtna piyambak, amarga Sang Rêtna Dewi Kilisuci iku wadat,
sarta ora anggarap sari. Dewi Kilisuci nyawabi nagarane, aja akeh
gêtihe wong kang mêtu. Mula Kêdhiri iku diarani nagara wadon, yen
nglurug pêrang akeh mênange, nanging yen dilurugi apês. Kang
kêlumrah pambêkane wanita ing Kêdhiri iku gêdhe atine, amarga
kasawaban pambêkane Sang Rêtna Dewi Kilisuci. Dene Rêtna Dewi
Kilisuci iku sadhereke sêpuh Nata ing Jênggala. Sang Rêtna mau
tapa ana ing guwa Selamangleng, sukune gunung Wilis.

WUWUHAN KATÊRANGAN.
Kanjeng Susuhunan Ampeldênta pêputra ratu Fatimah, patutan
saka Nyai Agêng Bela. Ratu Fatimah krama oleh pangeran Ibrahim,
ing Karang Kumuning Satilare Pangeran Karang Kumuning. Ratu
Fatimah banjur tapa ana ing manyura, karo Pangeran Ibrahim Ratu
Fatimah pêputra putri nama Nyai Agêng Malaka, katêmokake
Raden Patah.

Raden Patah (Raden Praba), putrane Prabu Brawijaya patutan saka


putri Cêmpa kang katarimakake marang Arya Damar Adipati ing
Palembang, barêng Raden Patah wis jumênêng Nata, jêjuluk Sultan
Syah ‘Alam Akbar Siru’llah Kalifatu’lRasul Amiri’lMu’minin
Rajudi’l’Abdu’l Hamid Kak, iya Sultan Adi Surya ‘Alam ing Bintara
(Dêmak).

Putri Cêmpa nama Aranawanti (Ratu Êmas) kagarwa Prabu


Brawijaya, pêputra têlu:

Putri nama Rêtna Pambayun, katrimakake marang Adipati


Andayaningrat ing Pêngging, nalika jaman pambalelane nagara Bali
marang Majapahit.

Raden Arya Lêmbupêtêng Adipati ing Madura.

Isih timur rêmên marang laku tapa, nama Raden Gugur, barêng
muksa kasêbut nama Sunan Lawu.

Panênggak Putri Cêmpa nama Pismanhawanti kagarwa putrane


Jumadi’l Kubra I, patutan saka ibu Sitti Fatimah Kamarumi, isih
têdhake Kangjêng Nabi Mukammad, asma Maulana Ibrahim,
dêdalêm ana ing Jeddah, banjur pindhah ing Cêmpa, dadi Imam ana

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 141/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

ing Asmara tanah ing Cêmpa, banjur kasêbut nama Maulana


Ibrahim Asmara, iku kang pêputra Susuhunan Ampeldênta
Surabaya.

Dene putra Cêmpa kang waruju kakung, nama Awastidab, wus


manjing Islam, nyakabat marang maulana Ibrahim, jumênêng Raja
Pandhita ing Cêmpa anggênteni ingkang rama, pêputra siji kakung
kêkasih Raden Rachmat. Kang ibu putri Cêmpa (garwa Maulana
Ibrahim), pêputra Sayid ‘Ali Rachmat, ngêjawa nama Susuhunan
Katib ing Surabaya, dêdalêm ing Ampeldênta, kasêbut Susuhunan
Ampeldênta. Cêmpa iku kutha karajan ing India buri (Indo china).

Sayid Kramat kang kasêbut ing buku iki pêparabe Susuhunan ing
Bonang (Sunan Benang).

KATRANGAN:
(1) Kulon kutha Majakêrta lêt +/- 10 km.
(2) Pêlabuhane saiki aran: “Haipong”.
(3) Lor Stasiyun: Surabaya kota “Sêmut”.
(4) Benang = Bonang ing Karêsidhenan Rêmbang.
(5) Tarik.
(6) Kulon kutha Kêdhiri.
(9) Akire Mênang didêgi pabrik gula arane iya pabrik Mênang,
stasiyune ing Gurah antarane Kêdhiri – Pare +/- 7 km. saka Kêdhiri.
(10) Kidul Majaagung lêt +/- 15-16 km. Saiki dicêluk desa Ngrimbi.
(11) Ing sacêlakipun pabrik Mênang, wontên dhusun nama Guruh.
1. mbok manawi ewah-ewahan saking Gumêrah-Gumuruh.
2. Gurah = gusah.
3. ngrêsiki gorokan.
(12) Laren = kalenan.
(13) Bangawan = Brantas.

(20). TAMAT:

Layang WEWADINING RASA iki jangkepane layang JATIMURTI,


kang wis nate katerbitake dening Toko Buku TAN KHOEN SWIE
ing Kediri, seket taunan kapungkur. Wujude cap-capan nganggo
aksara Jawa, saiki katedhak mawa aksara latin, supaya tebane luwih
omber.

Sarehne isine bab RASA, dadi ya wis samesthine yen rinasakake


klawan weninging ati. Mula sadurunge maos buku iki, prayogane
nyatitekake pamrayogane sing yasa layang iki.

Cirebon, 1 Sura 1433 Hijriyah.

27 november 2011

Ttd

Toso Wijaya.D

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 142/143
4/15/22, 5:22 AM MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA | "WONG EDAN BAGU"

(Djaka Tolos/Wong Edan BaGu)

PENGET SAKING INGKANG DAMEL SERAT PUNIKA

Saben nembe kawaos, kasinggahna, sampun kaselehaken saenggen-


enggen.

Sampun kawaos dening sok tiyanga, ngemungna ingkang remen


saestu ngudi kawruh kabatosan.

Ingkang sampun maos, sanajan mangertos sarta remena sampun


kaangge ngendikan kaliyan sadhengah tiyang.

Sinten ingkang kersa netepi pepenget ing nginggil punika, kalebet


nama mundhi utawi ngkuhuraken kabatosanipun piyambak.

PAMRAYOGANE KANG GAWE LAYANG IKI

Dhisike diwaca grambyangan.

Dibaleni saka wiwitan, kanthi alon lan sareh.

Yen wis tamat kapindhone, disinggahake. Pamacane kang kaping


telu sabanjure : ora perlu urut.

Sanajan wis tamat ping telu ping pat, disinggahna. Kanggo sipenan.

Wiwitane ora terang surasane. Nanging yen kerep disinggahake lan


diwaca, titi sarta lestari pamarsudine sangsaya lawas sangsaya
mundhak terange.

Sinengkelan : KAWRUH RARAS RASUKENG TYAS.

8 THOUGHTS ON “ MEMAHAMI FILOSOFI LELUHUR JAWA”

Acep YuliaNto berkata: 27 Oktober 2012 pukul 09:11


Masya Allah…Luas dan dalem.

Minta izin copas untuk kami posting di blog saya.


Nuwun.

Vb.Laste

2 0 Rate This
Balas

djanurgunungciremai berkata: 28 Oktober 2012 pukul 22:14


Di persilahkan saudaraku….moga ada manfaat yg baik dan berkah untuk semuanya…. Salam
Rahayu kanti Teguh Slamet

4 0 Rate This
Balas

https://putraramasejati.wordpress.com/memahami-filosofi-leluhur-jawa/ 143/143

Anda mungkin juga menyukai