Anda di halaman 1dari 63

www.alangalangkumitir.wordpress.

com
AAK Culture Library 1

SANGKAN PARAN PARANING DUMADI

Dening
Ki Sondong Medali

SANGKAN PARAN (01)

Wacana ‘Paraning Dumadi’ yang dikirimkan ke saya dan kemudian saya teruskan
kepada para sejawat semua kiranya perlu menjadi perhatian kita semua. Marilah
kita sama-sama menelisik ‘kawruh murni’-nya leluhur kita tersebut dengan
ketulusan demi bisa terwariskan kepada anak keturunan kita sendiri.

Telah kita ketahui bersama, bahwa ‘ngelmu-ngelmu’ Jawa sangat jarang yang
dipaparkan secara tertulis dengan gamblang. Kebanyakan dengan simbul-simbul
yang benar-benar rumit untuk dipahami secara awam. Terlebih-lebih tentang
‘ngelmu- ngelmu’ yang sangat penting dan mendasar sebagaimana ‘Kawruh
Sangkan Paran’.

Kita tidak tahu mengapa hal itu terjadi. Bahkan pemahaman yang terwariskan
kepada kita telah memposisikan ‘ngelmu-ngelmu’ tersebut sebagai ‘sinengker’
yang artinya tidak boleh dibicarakan secara umum. Perlu prasyarat-prasyarat
tertentu yang harus ‘dilakoni’ oleh orang yang berkehendak mempelajari dan
memahami. Maka akibatnya bagi awam terposisikan untuk ‘manut miturut’
mengikuti para ‘sesepuh’ yang diyakini telah mampu menguasai ‘ngelmu-ngelmu
rungsit lungid’ tersebut.

Sinengkernya ngelmu-ngelmu Jawa tersebut menjadikan kebanyakan orang Jawa


awam merasa terjauhkan dari ‘Kawruh Ajaran Hidup’ warisan leluhurnya sendiri.
Kemudian memilih untuk mengikuti ‘Ajaran Hidup’ dari luar yang disebarkan
dengan intensif dan gampang. Bahkan untuk menjadi ‘tokoh’ ajaran hidup yang
dari luar itupun tidak banyak prasyarat yang harus dipenuhi. Oleh karena itu
menjadi wajar ketika ‘nuansa’ Jawa di saat ini terkesan sudah berubah menjadi
“Barat’ dan ‘Timur Tengah’.

Keinginan Ki Djoko Wiro dalam mewacanakan ‘Paraning Dumadi’ membuktikan


bahwa sesungguhnya ada keinginan-keinginan di kalangan masyarakat Jawa
terpelajar untuk bisa memahami ‘Kawruh Ajaran Hidup’ yang asli miliknya sendiri.
Beliau yang telah ‘yuswa’ dan mengenyam asam garam kehidupan nampaknya
‘kurang sreg’ dengan diskripsi ajaran hidup (agama) yang dari luar. Namun menjadi
gamang ketika mencoba mengikuti penekunan spiritual Jawa yang ada (Aliran

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 2

Kepercayaan). Kiranya banyak kadang lajer Jawa yang seperti Ki Djoko Wiro
tersebut.

Ketika saya kepingin ‘urun rembuk’ untuk mengkaji berbagai ngelmu Jawa, maka
kendala yang terjadi ada pada bahasa. Pada kenyataannya memang sangat sulit
menyam-paikan paparan kawruh kejawen dengan bahasa Indonesia. Padahal
bahasa Jawa untuk ngelmu-ngelmu tersebut sudah banyak yang kurang paham
lagi. Serat-serat kapujanggan misalnya, bahasanya sudah jarang dipergunakan
awam pada masa sekarang ini. Lagian disusun dalam bentuk tembang-tembang.
Maka jarang orang paham isinya meskipun ketika berkesenian nembang macapat
begitu fasih melakukan.

Namun demikian, kita hendaknya tidak gampang menyerah. Karena kita, wong
Jawa, masih memiliki bahasa Jawa Ngoko yang secara alamiah terlestarikan dan
masih banyak awam yang memahami. Kebetulan saja bahwa ‘teks’ ngelmu-
ngelmu Jawa banyak yang dipaparkan dengan bahasa Jawa Ngoko itu.
Menanggapi keinginan Ki Doko Wiro dan mungkin para sejawat lain yang senada,
maka saya ingin menyampaikan suatu kajian tentang ‘Kawruh Sangkan Paran’
semampu saya kepada para sejawat. Sumangga ……. Meski yang tertera di banyak
literatur Jawa masih banyak berbau ‘dongeng’, namun bisa menuntun saya
memahami ‘dasar falsafah’ Jawa tentang: teologi, mitologi dan ‘kosmologi’
Kejawen. Landasan atau ‘aras dasar’ utama spiritualisme Kejawen adalah
‘Panunggalan’, atau ‘Manunggal’ yang artinya menerangkan bahwa ‘sistim’ dari
semua ‘yang ada’ merupakan suatu ‘kesatuan yang mutlak kosmis-magis tak
terpisahkan’.

‘Struktur sistim’-nya seperti kesatuan sel yang terdiri ‘inti’ dan ‘plasma’, disebut
dalam istilah Jawa ‘Gusti’ dan ‘Kawula’. Kalimatnya : “Manunggaling Kawula
Gusti”. Untaian kata wewarah Jawa lainnya: ‘kembang lan cangkoke’, ‘sesotya lan
embanan’, ‘sedulur papat kalima pancer’ (dalam konteks rohani manusia), Hyang
Manik lan Hyang Maya; Manikmaya atau ‘Dzat Sejatining Urip’ (rohani jagad
semesta) yang dalam istilah Jawa diberi sebutan: ‘Pangeran’ atau ‘Gusti’.

Kawruh Kêjawèn mengajarkan bahwa tergelarnya jagad raya adalah diciptakan


oleh Sang Hyang Wenang (sebutan lainnya: Sang Hyang Wisesa, Sang Hyang
Tunggal), nama sebutan untuk Sesembahan Asli Jawa. Penciptaannya dengan
meremas (membanting) antiga (benih, wiji, bebakalan) hingga tercipta tiga hal :
a. Langit dan bumi (alam semesta).
b. Teja dan cahya, teja merupakan cahaya yang tidak bisa diindera sedangkan
cahya merupakan cahaya yang bisa diindera.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 3

c. Manikmaya, yaitu “Dzat Urip” atau “Sejatining Urip” (Kesejatian Hidup, Suksma,
Roh).

Menurut Kawruh Kêjawèn, maka seluruh semesta seisinya adalah ciptaan


Sanghyang Wisesa di alam suwung, artinya mencipta di dalam haribaan-Nya
sendiri. Di dalam haribaan-Nya sendiri mengandung maksud bahwa Tuhan murbâ
wasésâ (melingkupi, memuat, serta menguasai dan mengatur) seluruh semesta
dan seluruh isinya.

Di dalam kesemestaan tersebut ada materi (bumi dan langit), ada sinar dan medan
kosmis (cahya dan teja), dan ada Dzat Urip (Manik-mâyâ, Sêjatining Urip,
Kesejatian Hidup) sebagai derivate (emanasi, pancaran, tajali) Dzat Tuhan.
Pandangan Kêjawèn menyatakan bahwa: Dzat Tuhan “tan kênâ kinâyângâpâ",
tidak bisa dihampiri oleh akal, rasa, dan daya spiritual (batin) manusia. Yang
mampu dihampiri akal, rasa dan daya spiritual (kebatinan) adalah Derivate Awal
Dzat Tuhan yang di banyak penekunan kejawen disebut ‘Suksma Kawekas’. Saya
sendiri lebih nyaman menggunakan sebutan Dzat Sejatining Urip, yang kemudian
disebut: Pangèran, Gusti, atau Ingsun.

Kawruh Sangkan Paran merupakan ‘ngelmu’ Jawa yang mengajarkan asal mula
keseluruhan yang ada dan kemana tujuan akhirnya. ‘Ada’ dalam artian ‘Maha
Kesatuan Tunggal Semesta’ adalah langgeng abadi. Maka dengan demikian
‘sangkan paran’ lebih ditujukan kepada ‘ada’ untuk ‘titah urip’ dan lebih khusus lagi
‘manusia’. Titah urip merupakan ‘persenyawaan’ dari tiga unsur : bumi lan langit,
cahya lan teja, serta ‘dzat urip’. Ketiga unsur tersebut bersifat langgeng pada
‘azali’-nya, maka yang tidak langgeng adalah ‘kahanan pernyawaannya’. Sangkan
berarti proses mensenyawa, sementara paran merupakan ‘kahanan’ setelah
mengurai kembalinya pernyawaan tersebut. Berikut saya kutipkan ‘Wedaran Sang
Wiku Djawa Boedi Moerni’ (1934) :

Note :
Sang Wiku adalah ‘sesepuh’ Kejawen yang menjadi ‘guru utama’ banyak tokoh-
tokoh Jawa di jamannya. Tersirat dalam tulisan para siswanya, bahwa saat itu
Sang Wiku sudah sepuh sekali, diatas seratus taun. Sang Wiku menyatakan diri
sebagai orang pelosok (pegunungan) yang jauh dari kota. ‘Cedhak watu adoh
ratu”.

SANGKAN PARAN (02)

Sangkan Paran iku lakone Urip utawa Jiwa kang lagi tumurun saka kana tumeka
ing kene, kang ing maune sira padha durung wikan (mangerti). Maune iku, karepe

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 4

wiwitan utawa kana, dadi sangkane kang mau saka kana, parane mrene. Kosok
baline, saka kene parane mrana. Iku yen mungguh tumraping wong lumaku, sing
mesthi sangkane saka mburi parane menyang ngarep. Sawise tumeka ing paran
(kene iki), yen arep marani sangkane, kudu lumaku ambalik. Ananging patrap kang
mangkono iku rekasa, marga dunung lan dalane wis ora kelingan; rak iya ta? Coba
caritaa sapa kang wus tau weruh, wong tuwa bisa bali dadi bocah maneh, banjur
dadi bayi bali lumebu ing guwa garba, nuli bisa bali dadi jiwa? Iku aran mokal.

Ing mengko sarehning patrap ambalik iku ora bakal bisa kalakon, becike nganggo
patrap lumaku ambanjur bae. Geneya teka mangkono? Iya awit mirid saka
piwulang bab kaanan titahing Suksma, adhapur piwulang kang sajati ngenani
jagad saisine kabeh, bawana iku wujude bunder. Dadi yen lumaku ambanjur, kang
mesthi iya bisa tumeka ing panggonan maune. Awit araning enggon iku mung loro,
kana karo kene. Kosok baline: kene karo kana. Dadi yen saka kana, parane mrene,
lan manawa saka kene parane mrana. Waton lakune mau ora slewengan, utawa
mompar mampir ndadak utang sangu barang, utawa maneh ndadak jajan ana ing
warung, adus ing kedhung, mesthine rak iya bakal tekan ing kana ta?

Mulane padha den ngati-ati lan prayitna sarta kang eling, manawa kene iki akeh
begalane lan akeh sambekalane, apa maneh dhasar gedhe cobane. Iku kang dadi
pangridhu lan pamurunging sedya, kang marakake ora bisa sembada. Mangka
kene iki wawayangane kana, lan kana iku iya wawayangane kene. Papadhane sira
andeleng warnanira ana sajroning pangilon, yen kene tutul, kana iya tutul; kene
lorek, kana iya lorek; kene ireng, ing kana iya ireng, mangkono sapiturute. Ana
dene sakabehing rurupan iku, iya wujuding begalan. Begalan mau kadadeyan saka
kurang pangati-atine mungguh pangreksane marang awake dhewe. Pinangkane
mung saka karem angumbar karep, anuruti hawa napsune. Mangka karep lan
hawa napsu iku, manawa diuja sangsaya makantar-kantar anggegirisi, tutuging
endhon andadekake coba beka, kang mahanani awake dhewe dadi ambuntel,
utawa ambalebet sarta ambabaluhi marang Pak Jiwa. Apa iya ora rekasa lakune
Pak Jiwa mau? Sing mesthi kang amarga kabotan ing babaluh, dadi banjur banget
ing sarentine. Terkadhang durung sapira dohing lakune, nuli karasa sayah, banjur
trima mung mandheg ana ing saenggon-enggon bae. Gek kapan bisane menyang
panggonane lawas? Jalaran saka kang mangkono iku, luwih prayoga manawa
ingsun nyaritakake bab sangkan paran dhisik, lan kapriye sababe dene bisa
tumurun marang ing donya iki. Apa maneh kapriye mungguh perlune kawruh kang
mangkono mau dibutuhake dening manungsa, lan kudu diudi kongsi kapara nyata
nemu buktine, kang kalawan sinaksenan dening lepasing pandulu kita pribadi.
Sarta maneh kumudu angawruhi marang dumadining rereged utawa luput kang
sakawit. Duk nalika tumurun saka kana- kanane, rereged mau ora tinemaha.
Marga kang mangkono mau, banjur ora diarani suci, dening wus anduweni cacat

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 5

lan luput ing wiwitane. Mangka sajatine cacad utawa luput mau, tansah cumepak
angadhang ana ing dadalan, kang diliwati dening kang lumaku saka sangkan (kana
panggonane lawas), marang paran kene iki.

Dadi luput utawa reregede mau iya banjur sangsaya ajujul wuwul. Mulane Urip
utawa Jiwa kang kawuwulan ing rereged iku mau lumrahe banjur diarani ‘kawula’.
Amarga tekane wus kawuwulan dening rereged (kaluputan) kang kongsi
andadekake lemesing dayane Pak Urip iku. Rumangsa kaya kinunjara ana ing
sajroning gedhong wesi. Mulane saya akeh kaluputane, iya sangsaya ringkih uripe.
Iya jalaran saking kandel lan gedhening kaluputane, Pak Jiwa kongsi kena
diandheg ana ing kene watara lawas. Ora uwal utawa ora ucul yen bandhule kang
kasar-kasar mau durung rusak. Dene bandhul utawa balebed kang wis rusak,
diuwalake dening Pak Urip mau, lumrahe diarani mati.

Mungguh salugune Jiwa utawa Pak Urip iku ora bisa mati, ajeg ing salawas-
lawase. Tembung ajeg iku, iya langgeng: apane kang langgeng? Yaiku uripe lan
anane, yaiku Jiwa kang wus oncat saka buntel utawa bandhule. Dene buntel utawa
bandhule kang kaprahe diarani raga, kang asipat kaya dene ragangan, kang ing
tembe mesthi bakal rusak dadi wangke. Sanajan wis bisa oncat saka rereged
utawa raga, suprandene iya isih ana maneh rereged kang ora gampang diuwalake.
Ing ngarep wis ingsun caritakake, yen rereged kang nutupi iku andadekake
pepeteng lan lali, mulane iya ora gampang baline marang sangkan utawa
padunungane lawas. Bisane bali marang panggonane lawas, manawa Pak Jiwa
mung kari anggawa sarira pribadi. Amarga sarirane pribadi mau, asale saka
sangkan lan ora kawoworan apa-apa, mulane diarani suci, bisa luluh lan jumbuh
dadi sawiji, tetep jumeneng Maha Suci, tegese luwih dening suci. Kang wis
widagda angudi mangkono mau, kaprahe diarani nyawarga, tegese sawarga iku,
wus kumpul kalawan wargane (dadi siji). Dadi anane ing kono mung sarwa lega,
iya lega dening wus bisa bali marang poke. Kang ana ing kono mung
panjenengane pribadi, ora kantha ora kanthi, ora warna ora rupa, ora arah ora
pernah, tetep jumeneng Maha Agung lan Maha Luhur, Maha Kawasa lan Maha
Luwih, mulya langgeng tan owah gingsir.

Dene enggone sinebut Maha Agung iku, amarga jagad saisen-isene kabeh,
kawasesa ing Panjenengane. Teteping Maha Luhur iku, jalaran sakehing kaanan,
luwih asor tinimbang Panjenengane. Teteping Maha Kawasa, karana dumadining
kaanan kabeh, kapurba ing Panjenengane. Teteping jumeneng Maha Luwih sebab
sagunging kaanan, antuk palimarma saka Panjenengane. Tetepe Maha Mulya,
dening kaanan kang dumadi ora bisa madha lan ora kawawa anggepok marang
Panjenengane. Tegese langgeng tan owah gingsir iku, wiwit duk samana kongsi
saiki, tumekane ing mbesuk, iya ajeg anane, ora owah lan tanpa cacad.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 6

Kang mesthi Pak Jiwa kang kangelan bali marang panggonane lawas (sangkan)
mau kepengin ambaleni ragangane nanging ora gelem jalaran wus arupa wangke.
Mulane amilaur ngluyur saparan-paran, ngaub ana ing saenggon-enggon. Dadi
tenagane Jiwa iku ora gampang sembadane bisa bali marang panggonane lawas
manawa durung bisa nguwalake rereged utawa kaluputane. Jiwa kang sumanggar
ana ing saenggon-enggon, utawa kang sumandha ing saparan-paran, iku yektine
kena diarani neraka, jalaran kang sabenere kudu bali menyang panggonane lawas
(sangkan), ananging ora bisa tumeka, amarga isih kawoworan rereged kang dadi
babaluh mau. Ana maneh bandhul kang anjalari si Jiwa enggal bali maneh marang
ing donya kene, ngrasuk raga anyar. Bandhul kang anjalari bisa bali ngrasuk raga
anyar mau aran ‘ala utama’ utawa ‘reged apik’. Ing tembe, tumurun ing donya kang
kapindho, lan yen bisa ngrucat sarta nguwalake saliring rereged, iya uga bisa bali
marang panggonane lawas. Dene bandhul becik iku mau, asale saka karep kang
dhemen anggayuh kautaman, angudi marang kang durung bisa andadekake
pamareme. Dadi urip ing donya kang kaping pindho iku, perlune nutugakake kang
digayuh lan diudi mau.

SANGKAN PARAN (03)

Ing mengko ingsun arep amiwiti anyaritakake cethane dhek sadurunge ana apa-
apa, nganti tumeka gumelaring jagad saisine kabeh, lan dumadining manungsa
tumurun ing donya, kongsi bali marang panggonane lawas. Kabeh iku ingsun mung
saderma ngucap, Hyang Suksma Kawekas kang paring dhawuh.

Dadi sarehning saka keparenging Suksma, sariraningsun minangka lelantaran


ambuka, cethane wawarah mau, pangrasaningsun wis aran nugraha (begja
kemayangan). Marmane ingsun kudu matur sewu sembah nuwun marang
Panjenengane, nganggo cara Jawa sakepenake manut sasenengingsun dhewe.
Kabeh kang ingsun enteni lan ingsun senengi, kang mesthi wus kauningan dening
Pangeran Kang Maha Wikan.

HYANG HONG ILAHENG AWIGNA BUDIWA NAWA SANGA, mung Hyang


Suksma Kawekas sasmitaningsun. Niyatingsun miwiti ambuka wedaran kawruh
atas karsaning Suksma:
Durung ana apa-apa, isih suwung wangwung. Suwunge iku dumunung ing ana.
Ana iku langgeng ing salawas-lawase. Pethane kaya sumurat, anyemburat,
nyemprot, kedher ambuwang lan anarik. Kang mangkono iku ajeg salawase, tan
kena owah datan kena winengkang. Iku ‘wit’ utawa ‘babu’ baboning ngadadi, ya

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 7

guruning sakabehing kang ana. Semprotan lan cipratane mau ana kang akeh lan
kang sathithik. Kang akeh iku dadi luwih gedhe tinimbang liyane, sarta banjur
kuwawa dadi ‘wana’ (papan) dunung dhewe-dhewe. ‘Kaanan’ kang luwih gedhe
luwih adoh parane. Sakehing ‘kaanan’ kang dumadi mau tansah wuwuh-wuwuh
dayane saka sorot lan semprotan utawa cipratan ‘adidayane’ Guruning Ngadadi.

Kagawa saka dhewe-dhewening prenahe, dayane sakabehing kaanan mau banjur


ora padha. Kang luwih dhisik dadi iku semprotan kang luwih gedhe, anduweni daya
kedher mubeng anarik meh sairib karo dayane Guruning Ngadadi. Sarehning saka
terange cahyane, kang dadi luwih dhisik sarta katone luwih gedhe (menjila, ksm)
tinimbang ‘kaanan’ liyane, mula becike ingsun arani Pramana Jati.

Kapindhone, ana maneh kaanan kang meh padha gedhene karo Pramana mau,
dayane mungser mubeng sumorot. Saka kuwating ubenge lan kawuwuhan
semburating dayane Guruning Ngadadi banjur duwe daya panas. Saka bangeting
panase kongsi metu sunare kang padhang, iya iku Arka utawa Surya.

Katelune, ana kang memper kayadene Surya, gedhene uga meh padha, dayane
mungser lan sumorot, lan uga tansah oleh wuwuh saka dayane Guruning Ngadadi.
Ananging sarehne prenahe rada cedhak karo Pramana, mangka dayane Pramana
iku anarik utawa nyerot, dadi prenahing Surya uga banjur cedhak karo ‘kaanan
katelu’ mau. Mangka dayaning Surya mubeng sumorot lan panas; panasing sorot
tansah angenani ‘kaanan katelu’ iku. Dadi kaanan kang kaping telu mau tansah
kawuwuhan dayaning Pramana lan Surya sarta Guruning Ngadadi. Mulane kaanan
kang kaping telu iku kurang dayane,
banjur mung adhem lan anteng bae. Nanging iya isih mubeng mungser. Iku ingsun
arani Wulan (Rembulan), awit dadine saka lereming daya tetelu kembul dadi sawiji.

Kaping pat, ana kaanan maneh, sarta akeh banget, gedhene iya meh padha bae
karo Surya, prenahe adoh karo kaanan tetelu mau. Dayane kabeh mung kedher
sumorot. Marga akeh tunggale, becike ingsun arani Kartika (Lintang). Saka
padunungane lintang-lintang mau ana tetelu kang katone gedhe dhewe yen
dineleng saka kene, amarga luwih cedhak tinimbang lintang-lintang liyane.
Pethane kaya dene ngapit-apit dununging Pramana, andadekake pepethan ancer-
ancer pojoking Pramana. Dene dayane lintang tetelu mau kalah karo dayaning
Pramana, tansah kaserot dening dayaning Pramana. Sabanjure semono uga
dayaning Surya lan Rembulan tansah kaserot dening Pramana.
Sakabehing ‘kaanan dumadi’ iku kayadene ngubengi utawa ngrubungi ing
Guruning Ngadadi. Mulane iya banjur kaya pepethan ancering arah utawa keblat.
Wong Jawa kerep padha nganggo tetembungan ‘keblat papat kalima pancer’, iku
karepe mangkene: keblate papat iya iku kaanan dumadi kang gedhe-gedhe,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 8

pancere Guruning Ngadadi. Mungguh kaanan dumadi kang dhisik iku mau kabeh
diarani purwana, tegese panggonan kang wiwitan iya purwane ana dumadi. Dene
gurune kena diarani Guru Purwaka, tegese Guru kang jumeneng dhisik, ora ana
kang andhisiki lan ora ana kang madhani.

Wedaran Sang Wiku yang tersaji merupakan hasil beliau bermeditasi (maneges)
memenuhi permintaan para siswa-siswanya. Maka dalam pengantarnya beliau
berpesan agar para siswanya membuktikan semua yang beliau paparkan dengan
cara bermeditasi (maneges) sebagaimana yang beliau lakukan. Disinilah makna
“Ngelmu iku kelakone kanthi laku” yang ada dalam Wedhatama pupuh Pucung
diterangkan maksudnya. Bahwa dalam hal ‘ngelmu’ Kejawen lebih mengutamakan
‘pembuktian’ kasunyatannya dibanding sekedar menyuruh mempercayai wacana
yang kebanyakan berdasar ‘jarene’,
konon kabarnya.

Barangkali saja karena hal itu maka jarang dijumpai paparan ‘ngelmu’ secara teori.
Yang ditemukan sekedar pokok-pokok pengertian yang umumnya berupa ‘kalimat
wirid’. Misalnya ‘wirid wolung pangkat’ yang banyak dipakai oleh komunitas
penekunan Kejawen. Wirid inipun sesungguhnya merupakan ‘ajaran’ yang
nampaknya berasal dari jaman kuna. Maka konsepnya bisa ditemukan di parwa-
parwa, kavya, dan primbon. Yang terpopuler dan banyak dijadikan acuan laku
teosofi adalah yang ditulis R.Ng. Ranggawarsita, Hidayat Jati. Namun juga bisa
ditemukan dalam Centhini yang lebih tua. Kalimat wirid yang berkaitan dengan
kawruh Sangkan Paran :

Wêjangan pituduh wahananing Pangèran: Sajatiné ora ânâ âpâ-âpâ, awit duk
maksih awang-uwung durung ânâ sawiji-wiji, kang ânâ dhihin iku Ingsun, ora ânâ
Pangèran anging Ingsun sajatining kang urip luwih suci, anartani warnâ, aran, lan
pakartining-Sun (dzat, sipat, asmâ, afngal).

Terjemahan dalam bahasa Indonesia :

Ajaran petunjuk keberadaan Pangeran: Sesungguhnya tidak ada apa-apa, sejak


masih awang-uwung (suwung, alam hampa) belum ada suatu apapun, yang ada
pertama kali adalah Ingsun, tidak ada Pangeran kecuali Aku (Ingsun) sejatinya
hidup yang lebih suci, mewakili pancaran dzat, sifat, asma dan afngal-Ku (Ingsun).
Kalimat wirid tersebut di atas ketika kita hubungkan dengan wedaran Sang Wiku,
maka sebutan Ingsun atau Pangeran adalah sama dengan Guruning Ngadadi atau
Suksma Kawekas. Dalam paparan sang Wiku selanjutnya nanti, menjelaskan
bahwa penciptaan ‘titah urip’ didahuli penciptaan tempatnya lebih dahulu yaitu
bumi lan langit (Tata Surya) serta embanan panuksma yang berupa semua

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 9

dayaning ‘kaanan dumadi’ (sorot semburat kekedher, cahya lan teja). Maka
wedaran Sang Wiku akan jumbuh dengan kalimat wirid berikutnya :

SANGKAN PARAN (04)

Wêjangan pambukâ kahananing Pangèran:


Satuhuné Ingsun Pangèran Sêjati, lan kawâsâ anitahaké sawiji-wiji, dadi ânâ
pâdhâ sanalikâ sâkâ karsâ lan pêpêsthèning-Sun, ing kono kanyatahané
gumêlaring karsâ lan pakartining-Sun kang dadi pratândhâ:
a. Kang dhihin, Ingsun gumânâ ing dalêm alam awang-uwung kang tanpâ wiwitan
tanpâ wêkasan, iyâ iku alaming-Sun kang maksih piningit.
b. Kapindho, Ingsun anganakaké cahyâ minângkâ panuksmaning-Sun dumunung
ânâ ing alam pasênêdaning-Sun.
c. Kaping têlu, Ingsun anganakaké wawayangan minângkâ panuksmâ lan
rahsaning-Sun, dumunung ânâ ing alam pambabaring wiji.
d. Kaping pat, Ingsun anganakaké suksmâ minângâa dadi pratân-dhâ
kauripaning-Sun, dumunung ânâ alaming hêrah.
e. Kaping limâ, Ingsun anganakaké angên-angên kang ugâ dadi warnaning-Sun
ânâ ing sajêron alam kang lagi kênâ kaupa-makaké.
f. Kaping ênêm, Ingsun anganakaké budi kang minângkâ kanya-tahan pêncaring
angên-angên kang dumunung ânâ ing sajêronê alaming badan alus.
g. Kaping pitu, Ingsun anggêlar warânâ (tabir) kang minângkâ kakandhangan
pasèrènaning-Sun.

Kasêbut nêm prakârâ ing ndhuwur mau tumitah ing donyâ, yaiku Sajatining
Manungsâ.

Terjemahan dalam bahasa Indonesia :

Ajaran membuka pemahaman keadaan Pangeran:


Sesungguhnya Aku adalah Pangeran Sejati, dan berkuasa menitahkan sesuatu,
menjadi ada dengan seketika karena kehendak dan takdir-Ku, disitu kenyataan
tergelarnya kehendak dan titah (pakarti)-Ku yang men-jadi pertandanya :
a. Yang pertama, Aku berada di alam kehampaan (awang-uwung) yang tiada awal
dan tiada akhir, yaitu alam-Ku yang masih tersembunyi.
b. Yang kedua, Aku mengadakan cahaya sebagai penuksmaan-Ku berada di alam
keberadaan-Ku.
c. Ketiga, Aku mengadakan bayangan (aura) sebagai panuksma dan rahsa-Ku,
berada di alam terjadinya benih.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 10

d. Keempat, Aku mengadakan suksma (ruh) sebagai tanda kehidupan-Ku, berada


di alam herah (sel hidup).
e. Kelima, Aku mengadakan angan-angan yang juga sebagai warna-Ku berada di
alam yang baru bisa diumpamakan.
f. Keenam, Aku mengadakan budi (gerak) yang menjadi kenyataan berpencarnya
angan-angan yang berada di dalam alam badan halus (rohani).
g. Ketujuh, Aku menggelar tabir (hijab) yang sebagai tempat per-semayaman-Ku.

Tersebut enam perkara di atas tadi tertitahkan di dunia, yaitu Sejatinya Manusia.

Kelanjutan wedaran Sang Wiku :

Ana dene kang bakal dawa caritane, iya iku Pramana.


Pramana iku tansah anyerot dayaning kaanan tetelu mau, kayata surya sinerot
panase, lintang sinerot kedhere, rembulan sinerot adheme. Amarga Pramana
anduweni daya kedher lan mubeng banget santosane, suwe-suwe kumpuling daya
tetelu kang padha sinerot mau, dadi ngringet. Kringete mau saya lawas sangsaya
mundhak, suwe-suwe dadi banyu. Dene banyu iku ingsun arani ‘tirta purwa’, utawa
‘tirta kamandanu’, tegese banyu urip, marga wiwitane saka kumpule daya tetelu.
Tirta kamandanu mau tansah ingubengake lan kinedherake dening Pramana,
suwe-suwe dadi saya kasar.

Sarehning penyeroting Pramana ora ana lerene, dadi banyu mau saya lawas iya
sangsaya mundhak kasare. Amarga saka gedhening banyu mau, kongsi kawawa
ambuntel marang sariraning Pramana mangkono ing sabanjure. Saya lawas iya
sangsaya mundhak akehe lan kasare, wusana banyu kasar kang wus bisa
ambuntel ing sariraning Pramono mau, dadi banget kandele lan banget jembare.
Iku ingsun arani jaladri, karepe banyu luwih kandel, luwih jembar.

Jaladri mau sabanjure tansah ingubengake ing Pramana, kinedherake lan katarik
sarta tansah kawuwuhan dayaning surya, rembulan lawan lintang-lintang satemah
jaladri kang cedhak karo sariraning Pramana, banjur saya luwih kasar, kongsi
anjendhel. Jendhelan mau saya lawas sangsaya kandel, mulane banjur rapet
pambuntele marang Pramana: gampange jendhelan iku ingsun arani ‘pratala’,
tegese wujud kasar dadi dhadhasar, lan tansah raket lan rapet kalawan Pramana,
kongsi ora ana selane.

Dene banyu jaladri mau saking kandele lan jembare, nganti tanpa wates,
gampange ingsun arani jalanidhi. Ing samengko saya kurang lepas (kuwat) daya
panyeroting Pramana, marang kaanan tetelu mau, sarta dayane mubeng lan
kedher mau, kalingan ing pratala. Sarehning pratala iku mau banget cedhake karo

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 11

Pramana dadi tansah kagepok ingubengake lan kinedherake dening Pramana


mau. Saking bangeting sesere, kongsi kaya digosok ajeg tanpa ana lerene. Ing
wekasan pratala mau banjur panas, suwe-suwe kawawa dadi geni, genine awor
karo awak-awaking pratala mau. Saka gedhening geni kang tansah di kedherake
dening Pramana, dadi Pratala mau tansah kaya digarang , jalaran ing njaba ora
pedhot kataman panasing surya.

Saupama ora oleh daya adhem saka rembulan, sarta daya kedhering lintang-
lintang, kang mesthi pratala mau dadi garing, lan jalanidhi dadi asat. Nanging
kedhering lintang-lintang kang sinerot mau nampeg marang bunteling Pramana,
iya iku pratala lan jalanidhi, iku katut kadayan dening kakedher lan ubenge mau.
Mulane kedhering lintang kang sinerot mau uga banjur katut marang lakuning
pratala lan jalanidhi kang kagawa mubeng dening Pramana. Sabab saka
mangkono banjur mahanani daya kang santosa kaya dene nyembur marang ing
pratala lan jalanidhi mau. Dene daya santosa mau gampange diarani maruta.
Karepe daya sinerot kerut (katut) dening ubenging kang anyerot. Maruta mau
amratani sajembaring pratala lan jalanidhi. Mulane pratala mau mung wuwuh akas
lan atos bae, dadi ora garing kabeh. Wusana ana kang banjur nela, bolong pating
cromplong, marga saka tansah kesuk dening lakune geni kang kinedherake dening
Pramana mau.

SANGKAN PARAN (05)

Mungguh bolongan kang saka pratala iku, jebule (njedhule, tembuse) marang
jalanidhi: lakuning geni banjur kadhangan dening jalanidhi, mangka banyuning
jalanidhi orang gampang piniyak (kesuk) ing lakuning geni, jalaran saka kandele,
dadi banyunne mung tansah pating panjelut. Panjeluting banyu mau katampeg ing
maruta, banjur nyempyok ing pratala. Mulane pratala kang kena kasempyok
banyuning jalanidhi mau, padha luntur katut sempyokaning banyu, lunturane suwe-
suwe nglumpuk, banjur dadi punthuk ana ing pratala urut sacedhake jalanidhi.
Dene bolongan kang ora kendhat ngesuk marang pratala kang amarga saka
banget santering geni mau, pratalane banjur muncrat sumembur sumawur
sakubenging bolongan mau. Lawas-lawas saya wuwuh sauwuraning pratala, nuli
dadi punthuk. Punthuk mau uga tansah katampeg lakuning maruta tumamane ora
beda karo diubengake.

Sarehning sawuraning pratala mau saya wuwuh, mangka maruta tansah


angubengake, dadi banjur kaya diglintir, mulane katon bunder lan mundhak
dhuwure. Pratala kang mangkono iku kepenake ingsun arani Ancala, iya iku pratala
kang katon munggul, beda karo pratala kang ora kambah ing bolongan iku. Ancala
mau salawase tansah kataman daya panasing geni, mulane iya banjur saya

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 12

wuwuh kandel. Pratala kang atos sedhak karo lakuning geni iku, anuli dadi
dhasaring ancala, kang angubengi bolonganing geni, mulane gampange iya ingsun
arani padhas, karepe bantala atos, kang dadi dhasaring pratala iku. Ancala iku uga
tansah oleh dayaning surya, lintang lan rembulan, mulane ora bisa dadi panas
kabeh. Sakehing kaanan dumadi iku, lakune tansah mangkono bae ing sabanjure.
Ing mangka kang perlu bakal ingsun caritakake luwih dawa, yaiku Pramana.

Pramana iku sawuse winungkus utawa binuntel dening kaanan pirang-pirang,


kayata: pratala kang isi punthuk lan ancala sarta jalanidhi, dhahana miwah maruta,
ing samengko banjur tetap dadi wana utawa papan, wadhah kang bisa
ngandhegake sarupaning kaanan dumadi, kang asal saka cipratan, semburat
utawa semprotaning gurune. Mulane bareng wus awujud mangkono, nuli kena
diarani bawana. Thukule tembung iku, saka Ba lan Wana. Ba iku wutuhe teba
utawa ghumelar. Wana iku karepe panggonan kang isi dayaning dumadi pirang-
pirang, kang awujud kasar sarta alus, kaya kang kasebut ing dhuwur mau.

Nanging nalika samono, durung ana kang diarani manungsa lan karsa, amarga
durung ganep kang dadi sadhiyan utawa cawisane kang kagungan karsa; dadi
kang kagungan karsa iya durung tumedhak. Kang mangkono iku, sira aja keliru
surup dening dhek mau wis ingsun terangake, guruning ngadadi sarta sakabehing
kaanan dumadi. Iku dhasar wis kaya dene watak ajeg ing salawase. Dadi
Panjenengane ora ngagem karsa, sadurunge kanthi pepak cawisane, kang bakal
kawuwuhan daya saka kaanan dumadi pirang-pirang mau. Apadene kala samaa
durung ana sing diarani hawa. Mangka kang ingsun caritakake mau dumadining
kaanan kang gampang bisa diweruhi. Kaanan kang mangkono iku, wong Jawa
kewuhan anggone ngarani, lan ora saben wong ngerti karepe, lan uga ora saben
wong ngerti kadadeyane.

Mangka sanyatane kaanan iku kang agawe daya kuwat utawa santosa ing
sakabehaning kaanan kang gumelar. Terange mangkene: “sawuse bawana
gumelar isi pratala, punthuk-punthuk, geni ancala lan jalanidhi, wis mesthi daya
panyeroting Pramana saya kurang lepase, nanging lakune lan panyerote isih
ambanjur. Dadi dayaning surya, rembulan, lintang-lintang kang sinerot mau, banjur
bisa kandheg ing sanjabaning pratala lan jalanidhi, tansah mulek muntel kempel
salawase ora wudhar. Apa maneh katurutan saka sorote guruning ngadadi, uga
banjur kumpul karo daya kang kempel mau. Kumpuling daya mau, andadekake
kaanan sanjabaning pratala kang gampang dinulu ing netra karo, nanging iya ora
gampang didemek. Kaanan iku saya lawas sangsaya wuwuh kandele, malah bisa
amuwuhi pambunteling Pramana. Kaanan kang mangkono iku, ingsun aradi udara
(langit). Mungguh karepe tembung udara iku kempeling daya kang ora bisa udhar
(wudhar), amarga saking kandele udhara iku mau. Saupama katona awujud kasar,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 13

amasthi ngundhung-undhung banget dhuwure. Mangkono uga tembung langit, iku


mung anjupuk gampange, iya iku saka tembung langut, tegese luwih dening adoh,
kang ora katon watese utawa pungkasane.

Sawise ana langit, sorot lan semburate Gurune Ngadadi tansah kandheg ana ing
langit kang uga tansah kawuwuhan saka dayaning surya, lintang lan rembulan.
Dadi panyeroting Pramana ing kahanan iku kayadene kesaring ana ing langit kono.
Lan maneh satekane ana ing sacedhakibg pratala, banjur gampang katut ing
lakuning maruta kang ingubengake dening Pramana. Dadi samengko ing
sanjabaning pratala banjur isi ‘kaanan dumadi’ kang uga wadhah bunteling sorot
lan semburat utawa cipratane Gurune Ngadadi. Cpratan (Ind. : pancaran, ksm)
mau ana ing sajroning hawa kono, uga banjur kawuwuhan dening dayaniung
surya, rembulan sarta lintang lan wus sinaring ing langit. Dadi kaanan kang saka
cipratan mau banjur kaya dibandhuli (dibaluhi) dening sakabehing daya hawa kang
ambuntel mau. Lan uga banjur kataman ing panyeroting Pramana sarta dayaning
geni. Lakuniung maruta banjur mahanani‘rerupan’ kang gampang dinulu ing netra
karo, nanging ora seben wong ngerti, marga ora sumurup kedaeyan saka apa
‘kaanan’ kang mangkono iku. Mulane gampange manawa mirid saka wujude banjur
diaranana ‘kilat’ utawa ‘lidhah’ bae. Dene tempuke mau, racake daya kang ing
ndhuwur iku kalah. Tempuking daya mau swarane gumleger utawa gumludhug.
Mulane kaprah wong Jawa mung ngarani ‘gludhug’ bae, jalaran mirid saka
suwarane. Aananging ye n kapinujon kaanan kang saka ing ndhuwur mau
bebarengan aro sorot kang saka Gurune Ngadadi, iku sayekti padha rosane, dadi
karone sampyuh, swarane jumedhor ngaget-ageti. Mirid saka swara lan rupane, iku
uga nuli padha diarani ‘pracalita’ (bledheg) utawa gelap. Mirid saka swara
pambledhaging barang kang luwih gedhe. Gelap saka rupa kang lakune kaya dene
nugelake samubarang kang tinrajang sarta katon rupane kumelap.

Sangkan Paran (06)

Dene kaanan samburat kang saka Gurune Ngadadi mau bareng wus tempuk karo
daya kang saka Pramana banjur padha pecah. Ambyar sajroning hawa ing langit
kono. Pecahing tempukane daya kekarone iku banjur katut lakuning angin kongsi
bisa mratani sajembaring langit awor lan hawa. Mulane iya banjur katon kaya dene
urip (obah). Nanging saupama dinulu karo netra karo, katone rada samar,
ewadene suwe-suwe iya bisa kasatmata. Mungguh kaanan iku mau ora langgeng .
Tandhane yen katatb karo dayaning Pramana, bisa pecah. Dadi kaanan iku ana
sarta nyata, nanging ora ajeg, mulane gampang banjur diarani ‘swasana’. Karepe
tembung ‘swasana’, sawijining kakaanan kang alus awor lawan hawa, sarta ora
bisa ajeg kaya kaanan liya-liyane, kayata: Pramana, Surya, Lintang sarta
Rembulan. Kang mangkono mau sira aja kliru panampa, aja sira sengguh yen

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 14

swasana iku saka tembung ‘su’ lan ‘wasana’, iku ora. Benere kang tinemu nalar iya
iku saka tembung ‘swasa’ lan ‘ana’. Swasa tegese ‘kaanan’ kang ora tetep, ‘ana’
tegese kapara nyata lan bukti sarta melok. Dene swasana bareng wus kataman
dayaning surya lan rembulan, uga banjur mratani langit, katone saya agal,
gampang dinulu sarana netra karo, lan banjur gampang katut dening maruta. Iku
diarani ‘amun-amun’, tegese ‘kaanan’ kang alus lan gampang bisane pecah. Dene
pecahane mu pethane kaya urip, nanging durung urip temenan. Anggoningsun
ngarani durung urip temenan iku marga katitik anggone obah saka sangkan paran,
mung manut lakuning maruta, sunaring surya lan kedhering Pramana. Mung katon
lembak-lembak pating krampul pating krelip.

Dhek mau ingsun wus amratelakake yen pancurat sarta cipratane Guruning
Ngadadi iku ing sabanjure tansah ana. Nanging tempuke karo dayaning Pramana
ora ajeg. Mulane iya ana kala mangsane ora tempuk. Mungguh kang ora tempuk
mau iya tansah kandheg ing Sjroning swasana bae, lan tansahnkasusul
kawuwulan sorot Guruning Ngadadi arta oleh dayaning surya, lintangblan
rembulan. Anuli kabuntel ing swasana kongsi bisa urip ing kono. Nanging uripe
durung duwe karsa amarga nitik saka nyataning kaanan iku. Lakune saka sangkan
menyang paran yen dinulu katon cumlorot kumilatgampang dinulunkanthi netra
karo. Marmane gampang dinulu, sebab wis kawuwulan daya pirang-pirang lan
kabuntel ing hawa tuwin swasana nganti wuwuh-wuwuh bisane magepokan
kalawan amun-amun. Mangka ing ngarep wus ingsun caritakake, yen amun-amun
iku asale saka samburat lan cipratane Guruning Ngadadi kang wis kawuwulan
daya pirang-pirang, lan pecahe saka dayaning Pramana kang wus kamomoran
dayaning pratala, geni, jalanidhi. Dadi sajatining kaanan iku nyatane wus suci,
prayoga dijupuk gampange bae anggone ngarani kaanan iku : “kawula kang ana
ing udhara”. Ana maneh kang ngarani ula tapak angin, iku iya wis bener, marga
badaning kaanan iku katone yan lagi lumaku saka sangkan menyang paran,
cumlorote nganti katon dawa. Saking rosaning pangesuke marang hawa, mangka
kegepok ing lakuning amun-amun kang katut dening maruta, satemah katon
rengkol-rengkol kaya ula.

Ana sorot kang saka Guruning Ngadadi kang durung akeh wuwulane, tekane sorot
iku lumebu ing kandhanging swasana, mangka wus kapapag marang dayaning
Pramana, dadi tempuking sorot iku iya gampang kalahe, marga kaanane luwih
ringkih lan luwih entheng. Mulane banjur kaya tinulak kabuncang utawa kabuwang.
Lakune durung nganti bisa cedhak lan pratala wus ambalik bali marang langit
maneh. Baline sorort mau gampang dinulu sarana netra karo, katon gumebyar,
pernahe luwih adoh lan ora cetha, kaprahe wong Jawa ngarani ‘thathit’. Iku
manawa anjupuki pepiridan kaanane, saka tembung ‘petha’ lan ‘pethit’. Petha iku
katon ana wujude, pethit saking adohe.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 15

Ing saiki ana maneh dayaning surya, lintang lan rembulan kang kawuwuhan saka
daya sorot Guruning Ngadadi, kang salawase mung tansah kandheg ing
sanjabaning hawa lan swasana, ora kegepok ing amun-amun sarta dayaning
Pramana, iku iya saya wuwuh lan banjur mundhak kandele. Sarehning ora bisa
gempur dening lakuning daya kedhering Pramana, sarta maneh ora kegepok
dening dayane pratala, jalanidhi lan geni, satemah saya lawas sangsaya pupul,
nanging ora bisa atos, jalaran ora oleh dayaning geni. Marga daya mau saya
wuwuh-wuwuh kongsi kawawa angubengi ing langit kang isi hawa lan swasana,
sarta kaanan pirang-pirang kang wus ingsun terangake ing ngarep. Saking
kandeling bdaya pupul mau, kongsi kawawa angendheg (angleremake) ciprataning
Gurune Ngadadi kang durung akeh wuwulane.

Nanging bareng wus ana ing sajroning daya pupul, ing kono banjur katutan saka
dayaning surya, lintang lan rembulan, banjur kabuntel ing daya pupul iku, lan
tansah kasusul dening soror Guruning Ngadadi, nganti kaya dene nganggo
bebadan, sarta kawawa urip ana ing kono watara lawas. Dadi ing hawa pupul kono
mau panggonaning andheg-andhegan utawa entunan. Mulane kaparahe wong
Jawa kang wus bisa nggayuh kasunyatane, ing kono banjur bisa ngarani ’sawarga
pangrantunan’. Iya iku saka tembung kumpul padha warga lan papane lega,
panggonan entunan.

Sangkan Paran (07)

Ora saben wong Jawa ngerti lan weruh kasunyatane ‘Swarga Pangrantunan’.
Terkadhang akeh-akehe mung bisa ngucap lan amarga melu-melu utawa tiru-tiru
saka gethok tular bae. Mula ingsun perlu nerangake menawa bebadane utawa
bebakalane urip ana ing Swarga Pangrantunan kono, kang diarani ‘Trimurti’.
Tegese, urip kang nganggo bebadan saka daya telung rupa. Iya iku ‘kaanan’ kang
alus mau. Dadi urip kang wus nganggo badan jujul wuwul, tumpuk undhung nganti
pating salengkrah kaya kang wus kacarita. Mulane kena dibasakake urip ingsun
saiki iki wus ngagem badan kang luwih dening reged, utawa nganggo badan kang
nistha kayadene raganingsun iki.

Bebadan utawa bebakalan urip kang ana ing Swarga Pangrantunan samengko
diarani lamaking ‘Pujangkara’. Tegese gedibal (dhasar kang asor dhewe), yen
tinimbang lan ‘kaanan’ dumadi kang isih murni (durung kamomoran), kang diarani
isih suci, apa maneh katandhing karo ‘Guruning Ngadadi’, wus cetha banget adohe
nganti ora kena diucap. Marga mungguh njupuk kaprahe tembung saiki, kang wus
warata dimangerteni lan didhemeni sarta dianggep dening wong Jawa, Gusti Allah,
iku sejatine iya Panjenengane kang diarani Guruning Ngadadi mau. Utawa

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 16

baboning kaanan kang amurwa sakabehing rerupan. Dene semprotaning Guruning


Ngadadi iya banjur kuwawa sairib kayadene Panjenengane, lan isih kena diarani
suci. Dadi sarira kang suci iku sanyatane kang padha sinebut Allah. Dadi yen kang
disebut ‘Gusti Allah’ iku yen ditimbang karo ‘Allah’ iya luwih dening bagus sarta
luwih dening suci. Mulane disebut Maha Suci, tegese kang suci dhewe ora ana
kang madhani.

Ing ngarep ingsun wus tutur karana kadhung wus saguh aweh katerangan lan
pratelan, sarta aweh pituduh kang minangka lantaran mungguh ‘akal lan pratikele’
utawa ‘patrape’ wong angudi kawruh. Pamintaningsun ing tembe sira uga padha
kasembadan anggayuh kasunyatane. Pamrihe murih sira kabeh padha bisa
mangerteni marang kabeh kang wus ingsun caritakake mau. Dadi ora mung saka
‘anggitan’ bae. Kudu kapara nyata lan bukti melok dinuku lan linakonan ing
sariranira pribadi.

Ing mengko manawa wus sembada, sira lagi bisa mantep anggone ngarani yen iki
kawruh kasunyatan kang sejati. Tegese kawruh kang ana temenan dudu bangsane
anggitan bae. Awit anggitan iku dudu kawruh kasunyatan, nanging kang ana ing
kono iku mung anggit. Mulane bangsaning anggitan iku yen digigit bakal ora dadi.
Tegese yen diungsed temenan dening wong kang krungu utawa kang maca,
anggitane mau, pentoge iya banjur oleh wangsulan tembung kang ambulet utawa
wicara kang wilet; dadi bisa uga mung saka pintere nganggit-anggit bae.
Tekadhang iya uga bisa dadi kamaremane kang ngungsed mau, sarana dituduhi
upama, utawa ancer-ancer lan pralambang, utawa supaya ngrasa dhewe, utawa
mung supaya ngandel lan percaya bae. Kang mangkono iku tumrape marang
ingsun rada wedi yen ta ngangti amuwuhi (nambahi), kang mung metu saka
anggitan kang ora kapara nyata. A,marga ana babasan mangkene : Giri lusi janma
tan kena ingina; sadawa-dawaning dalan sarta kali isih dawa pikiraning manungsa;
sajero-jeroning samudra isih jero atining manungsa; salembut-lembuting banyu isih
lembut rasaning manungsa; sadhuwur-dhuwuring angkasa isih dhuwur bebudening
manungsa. Iku nuduhake manawa manungsa wenang andarbeni ‘isi’ kang kapara
nyata. Iya amarga iku, ingsun carita mangkene iki dhasar iya mung sabenere lan
sagaduge anggoningsun ngudi kawruh. Dene manawa ana kang duwe panemu
kang luwih edhi utawa luwih luhur, luwih luhung tinimbang karo kang wus ingsun
pratelakake iku kabeh, ingsun iya ora bisa aweh katerangan kang andadekake
mareming atine. Mulane pamintaningsun marang sira kabeh, kang sabar lan
narima anggonira angudi kawruh kang ingsun pratelakake iki. Awit manawa orang
magkono, kang mesthi ora bisa cundhuk karo kaanane. Dadi sira kabeh ingsun
purih sabar, supaya ora kasusu ing rembug. Paedahe kang carita aja kongsi
kalimput marang kang bakal dicaritakake.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 17

Manawa kaliwatan, satemah andadekake kurang turute. Yen sira kurang narima,
marga kepengin kudu sanalika sok glogok, iku yekti anjalari sigeging lalakon.
Kajaba kang carita ngrasa ail lesane, kang nampani iya banjur kurang trampil
panggraitane, satemah banjur akeh kang kacecer. Mulane ing saiki blakane ingsun
wus krasa ail, dadi ingsun minta maklumira, ingsun padha lilanana ngasodhisik:
Tiutuge bakal anyaritakake bab pepaking kaanan dumadi, kang dadi isen-isening
bawana, nganti tumedhaking ‘sarira suci’ ana ing arcapada. Lan sabanjure
tumekane kondur ing ‘kraton mulya’ maneh, kaya kang wus kacarita ing ngarep.
Saundurira, sira kabeh padha ingsun sebari sagunging puja hastuti murih yuwana
lestari sembada kang dadi pangesthinira.

Sangkan Paran (08)

Pada wedaran tersaji di atas, merupakan penjelasan ‘awal mula’ (sangkan)


tercipta atau mengadanya semua ‘kaanan dumadi’. Dimulai dengan
beremanasinya Tuhan (tan kena kinaya ngapa) menjadi ‘Guruning Ngadadi’ (Dzat
Sejatining Urip atau Suksma Kawekas). ‘Guruning Ngadadi’ kemudian beremanasi
menjadi 3 (tiga) unsur :
1. dzat urip,
2. cahya lan teja,
3. alam semesta (bumi langit).
Hubungan ketiga unsur tersebut tetap dalam ‘kesatuan tunggal’ yang saling
pengaruh-mempengaruhi (hubungan kosmis-magis, samad-sinamadan).

Pada kejadian awal alam semesta yang mula-mula ada :


Pramana, Surya, Rembulan dan Kartika. Keempat unsur alam semesta ini memiliki
daya masing-masing dan saling pengaruh mempengaruhi. Yang ‘menjila’ (memiliki
kelebihan) adalah Pramana, yaitu ‘planet bumi’ berikut daya keilahiannya yang
bersifat ‘kedher’ (bergetar), ‘mubeng mungset’ (berputar dan berotasi) dan ‘nyerot’
(menarik, menyedot) semua daya unsur yang lain. Surya diserot cahaya dan daya
panasnya, Rembulan diserot ‘daya adhem’-nya, Kartika diserot ‘daya kedher’-nya.
Kumpulan semua daya yang diserot Pramana tadi menghasilkan berbagai ‘kaanan’
yang melingkupi Pramana. Diantaranya berupa: jaladri (samudera), hawa
(atmosfer), pratala (tanah), thathit (kilat), bledheg (guntur/guruh/halilintar), maruta
(angin), amun-amun, umpluk dan lain-lain. Sedemikian rupa percampuran antar
‘dayaning’ kaanan yang di alam semesta (surya, rembulan, kartika) dengan
‘kaanan’ di bumi (Pramana) sehingga ketika menerima pancaran daya dari
Guruning Ngadadi menjadi ‘bebakalan’ atau ‘bebadan’ urip. Yaitu ‘embanan’ untuk
‘panuksma’-nya ‘Urip’ atau ‘Jiwâ’ yang juga derivat dari ‘Guruning Ngadadi’. Hal
tersebut dalam ‘Wirid Wolung Pangkat’ disebutkan dalam wirid ke 3 :

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 18

Wêjangan gêgêlaran kahananing Pangèran:


Sajatining manungsâ iku rahsaning-Sun, lan Ingsun iki rahsaning manungsâ,
karânâ Ingsun anitahaké wiji kang cacambôran dadi sâkâ karsâ lan panguwa-
saning-Sun, yaiku sasamaning gêni bumi angin lan banyu, Ingsun panjingi limang
prakârâ, yaiku: cahyâ, ciptâ, suksmâ (nyâwâ), angên-angên lan budi. Iku kang
minângkâ êmbanan panuksmaning-Sun sumarambah ânâ ing dalêm badaning
manungsâ.

Terjemahan dalam bahasa Indonesia :

Ajaran pemahaman tergelarnya keadaan Pangeran:


Sesungguhnya manusia itu rahsa-Ku dan Aku ini rahsanya manusia, karena Aku
menitahkan benih cacambôran (campuran berbagai unsur) yang terjadi karena
kehendak dan kuasa-Ku, yaitu berasal dari api tanah angin dan air, Aku resapi lima
perkara, yaitu: cahaya, cipta, suksma (nyawa), angan-angan dan budi (gerak).
Itulah yang menjadi cang-kok (embanan) merasuknya suksma-Ku rata menyeluruh
dalam badannya manusia.

Berdasarkan ‘Wedaran Sang Wiku’ dan ‘Wirid Wolung Pangkat’ yang sudah
tersajikan, maka kita bisa mendapatkan gambaran Teologi Jawa dan asal muasal
terciptanya semua yang ada termasuk manusia. Urutannya didahului dengan
tergelarnya ‘tata semesta’ kemudian ‘tata surya’ yang atas percampuran
(cacambôran) antar dayanya melahirkan ‘bebakalan’ (ada yang menyebut
ragangan) sebagai embanan ‘panuksma’ bagi ‘Dzat Urip’. ‘Dzat Urip’ (Suksma
Sejati) merupakan emanasi (derivat) dari ‘Dzat Sejatining Urip’ (Suksma Kawekas).
Dan ‘Suksma Kawekas’ merupakan emanasi (derivat) dari ‘Dzat Kang Murbeng
Sumadi’ (Tuhan) yang ‘tan kena kinaya ngapa’.

Menurut pandangan Jawa, maka semua yang ada merupakan ‘Maha Kesatuan
Tunggal’ yang bersifat abadi tanpa awal dan akhir. Namun dalam keabadian itu
bukan berarti ‘diam’, ada ‘dinamika perubahan’ di dalamnya. Setidaknya bisa kita
ketahui adanya proses ‘menyatu’ antar daya unsur semesta yang menimbulkan
sesuatu menjadi ‘ada’. Kemudian juga ada proses mengurai atau memisahkan diri
dari antar daya yang menyatu tadi kembali ke ‘unsur-unsur azali’-nya. Demikian
pula yang terjadi pada ‘titah manusia’. Bahwa ‘Urip’ sebagai emanasinya ‘Dzat
Sejatining Urip’ bersifat abadi. Berasal dari Guruning Ngadadi dan akan kembali
kepada Guruning Ngadadi pula. Namun proses kembali tidak semudah yang
dipahami manusia pada umumnya. Penyebabnya bahwa ‘Urip’ yang menjalani
hidup di alam madya (dunia) kewoworan (tercemar) oleh ‘percampuran antar daya
dari semua kaanan yang membentuk raga dan embanannya. Di akhir hayatnya
tidak semua manusia mampu menyempurnakan kesucian ‘Urip’-nya. Maka

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 19

kembalinya ‘Urip’ tertahan di suatu tempat (maqam) yang disebut ‘Suwarga


Pangrantunan’. Adalah tempat menunggu untuk kembali menyatu dengan
Guruning Ngadadi atau kembali ke alam madya (dunia) untuk melanjutkan tugas
dan baktinya yang belum selesai di kehidupan sebelumnya.

Sangkan Paran (09)

Ora saben wong Jawa ngerti lan weruh kasunyatane ‘Swarga Pangrantunan’.
Terkadhang akeh-akehe mung bisa ngucap lan amarga melu-melu utawa tiru-tiru
saka gethok tular bae. Mula ingsun perlu nerangake menawa bebadane utawa
bebakalane urip ana ing Swarga Pangrantunan kono, kang diarani ‘Trimurti’.
Tegese, urip kang nganggo bebadan saka daya telung rupa. Iya iku ‘kaanan’ kang
alus mau. Dadi urip kang wus nganggo badan jujul wuwul, tumpuk undhung nganti
pating salengkrah kaya kang wus kacarita. Mulane kena dibasakake urip ingsun
saiki iki wus ngagem badan kang luwih dening reged, utawa nganggo badan kang
nistha kayadene raganingsun iki.

Bebadan utawa bebakalan urip kang ana ing Swarga Pangrantunan samengko
diarani lamaking ‘Pujangkara’. Tegese gedibal (dhasar kang asor dhewe), yen
tinimbang lan ‘kaanan’ dumadi kang isih murni (durung kamomoran), kang diarani
isih suci, apa maneh katandhing karo ‘Guruning Ngadadi’, wus cetha banget adohe
nganti ora kena diucap. Marga mungguh njupuk kaprahe tembung saiki, kang wus
warata dimangerteni lan didhemeni sarta dianggep dening wong Jawa, Gusti Allah,
iku sejatine iya Panjenengane kang diarani Guruning Ngadadi mau. Utawa
baboning kaanan kang amurwa sakabehing rerupan. Dene semprotaning Guruning
Ngadadi iya banjur kuwawa sairib kayadene Panjenengane, lan isih kena diarani
suci. Dadi sarira kang suci iku sanyatane kang padha sinebut Allah. Dadi yen kang
disebut ‘Gusti Allah’ iku yen ditimbang karo ‘Allah’ iya luwih dening bagus sarta
luwih dening suci. Mulane disebut Maha Suci, tegese kang suci dhewe ora ana
kang madhani.

Ing ngarep ingsun wus tutur karana kadhung wus saguh aweh katerangan lan
pratelan, sarta aweh pituduh kang minangka lantaran mungguh ‘akal lan pratikele’
utawa ‘patrape’ wong angudi kawruh. Pamintaningsun ing tembe sira uga padha
kasembadan anggayuh kasunyatane. Pamrihe murih sira kabeh padha bisa
mangerteni marang kabeh kang wus ingsun caritakake mau. Dadi ora mung saka
‘anggitan’ bae. Kudu kapara nyata lan bukti melok dinulu lan linakonan ing
sariranira pribadi. Ing mengko manawa wus sembada, sira lagi bisa mantep
anggone ngarani yen iki kawruh kasunyatan kang sejati. Tegese kawruh kang ana
temenan dudu bangsane anggitan bae. Awit anggitan iku dudu kawruh kasunyatan,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 20

nanging kang ana ing kono iku mung anggit. Mulane bangsaning anggitan iku yen
digigit bakal ora dadi.

Tegese yen diungsed temenan dening wong kang krungu utawa kang maca,
anggitane mau, pentoge iya banjur oleh wangsulan tembung kang ambulet utawa
wicara kang wilet; dadi bisa uga mung saka pintere nganggit-anggit bae.
Terkadhang iya uga bisa dadi kamaremane kang ngungsed mau, sarana dituduhi
upama, utawa ancer-ancer lan pralambang, utawa supaya ngrasa dhewe, utawa
mung supaya ngandel lan percaya bae. Kang mangkono iku tumrape marang
ingsun rada wedi yen ta nganti amuwuhi (nambahi), kang mung metu saka
anggitan kang ora kapara nyata. Amarga ana babasan mangkene : Giri lusi janma
tan kena ingina; sadawa-dawaning dalan sarta kali isih dawa pikiraning manungsa;
sajero-jeroning samudra isih jero atining manungsa; salembut-lembuting banyu isih
lembut rasaning manungsa; sadhuwur-dhuwuring angkasa isih dhuwur bebudening
manungsa. Iku nuduhake manawa manungsa wenang andarbeni ‘isi’ kang kapara
nyata. Iya amarga iku, ingsun carita mangkene iki dhasar iya mung sabenere lan
sagaduge anggoningsun ngudi kawruh. Dene manawa ana kang duwe panemu
kang luwih edhi utawa luwih luhur, luwih luhung tinimbang karo kang wus ingsun
pratelakake iku kabeh, ingsun iya ora bisa aweh katerangan kang andadekake
mareming atine. Mulane pamintaningsun marang sira kabeh, kang sabar lan
narima anggonira angudi kawruh kang ingsun pratelakake iki. Awit manawa orang
mangkono, kang mesthi ora bisa cundhuk karo kaanane. Dadi sira kabeh ingsun
purih sabar, supaya ora kasusu ing rembug. Paedahe kang carita aja kongsi
kalimput marang kang bakal dicaritakake. Manawa kaliwatan, satemah
andadekake kurang turute. Yen sira kurang narima, marga kepengin kudu sanalika
sok glogok, iku yekti anjalari sigeging lalakon. Kajaba kang carita ngrasa ail lesane,
kang nampani iya banjur kurang trampil panggraitane, satemah banjur akeh kang
kacecer. Mulane ing saiki blakane ingsun wus krasa ail, dadi ingsun minta
maklumira, ingsun padha lilanana ngaso dhisik: Tutuge bakal anyaritakake bab
pepaking kaanan dumadi, kang dadi isen-isening bawana, nganti tumedhaking
‘sarira suci’ ana ing arcapada. Lan sabanjure tumekane kondur ing ‘kraton mulya’
maneh, kaya kang wus kacarita ing ngarep. Saundurira, sira kabeh padha ingsun
sebari sagunging puja hastuti murih yuwana lestari sembada kang dadi
pangesthinira.

Sangkan Paran (10)

Sakehing kaanan kang ana ing sajroning jaladri kang uripe sarana nyawa iku cetha
yen bebadane kedadeyan saka banyu udan. Terange mangkene: sakehing banyu
udan iku tumibane wus kawoworan dening dayane kaanan kang ana ing udhara
(langit), tibane ing jaladri iku bisa kumpul karo banyu jaladri, nanging ora bisa luluh

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 21

dadi sawiji, amarga dayane wis ora padha; mula ya mung tansah kandheg ing
sandhuwuring banyu jaladri iku. Ana ing kono banjur kawuwulan banyu udan kang
saka ing dharatan (pratala, pentasan). Mulane banyu udan karone iku marga isih
padha dayane, iya banjur bisa kumpul lan luluh. Tekane banyu udan kang saka
dharatan iku wus katutan reregeding pratala.

Kumpuling banyu udan karone ana ing jaladri kono banjur kataman ing dayaning
geni Pramana kang metu saka pratala dhasaring jaladri sarta tansah oleh sorot
dayaning ‘kaanan tetelu’ kang kagawa dening sorot Guruning Ngadadi sarta wus
kawoworan pirang-pirang dayaning kaanan kang ana ing langit, apa maneh
kekedhering Pramana lan lakuning maruta tansah ora ana lerene. Mulane banjur
kaya diinteri. Suwe-suwe bisa dadi kaya glintiran cilik-cilik kekumpulan
(gegrombolan), iku lumrahe diarani umpluk. Umpluk mau suwe-suwe saya akas,
kongsi kawawa bisa ngendheg sorot Guruning Ngadadi kang tekan kono, banjur
bisa urip sarana bebadan kang ginawa dening hawa kang wus kawuwuhan pirang-
pirang dayaning kaanan kang ana ing langit. Yaiku kang diarani nyawa. Mula
diarani mangkono, sabab iku kedadeyane lan lungane (sonyane) marga saka
hawa. Mula sira padha nastitekna lan catheten ing sajroning kalbunira, eling-
elingen aja kongsi lali lan sira aja kliru tampa sarta kliru surup, pilah-pilahing aran
lan kasunyatane, kayata: raga iku gandhengane karo suksma, badan
gandhengane karo nyawa, urip gandhengane karo jiwa. Iku aja sira gebyugake
bae, marga sabenere iku kaanane dhewe-dhewe. Coba sira ingsun balabari
sathithik: ana tetembungane wong Jawa mangkene: bojone jaka lara iku ing tembe
mesthi ketemu maneh kumpul sawiji. Tuladhane iya kaya kang sun terangake ing
ndhuwur iku mau. Yaiku raga bojone suksma, badan bojone nyawa, urip bojone
jiwa. Kabeh iku selawase mesthi bakal gandheng lan bojone dhewe-dhewe.
Mulane diarani jaka lara iku karepe mangkene : jaka iku arupa lanang kang durung
tau nandukake asmara (saresmi nungal rasa lan wanita), lara iku arupa wanita
kang durung tau saresmi lawan priya (lanang). Mangka kang sun terangake mau,
sanadyan tansah padha duwe bojo dhewe-dhewe, nanging salawase iya isih wutuh
(ora owah), mulane disebut jaka lara. Mara jajal! Sapa kang wus tau weruh raga
randha, suksma dudha? Utawa badan randha nyawa dhudha? Sukur yen ana kang
wus tau weruh urip randha jiwane dhudha !

Iku kabeh ing tembe bakal ingsun terangake mungguh pilah-pilahe. Mula janji sira
padha sabar lan tlaten sarta tumemen anggone padha mersudi sakabehing
wewarah ingsun iki, kaya ora bakal luput, ing tembe sira iya banjur padha anekseni
dhewe lan amumpuni prakara iki kabeh. Dadi ora ngayawara angger bisa carita,
marga ora gampang wong ngaku nekseni iku, yen durung kapara nyata weruh titi
bukti temenan. Iku jenenge saksi dur (goroh). Saksi kang ora nyata iku bisa
andadekake sangsara awake dhewe. Mandheg samene dhisik anggoningsun

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 22

ambleberi marang sira, marga kang perlu ingsun bakal nutugake galuring carita ing
ndhuwur mau. Mengko yen kesuwen anggone nyelani samben lelucon, mundhak
ora kecandhak perlune.

Sarehning umpluk mau tansah kawuwuhan saka daya pirang-pirang, mulane suwe-
suwe banjur duwe bobot. Dadi manawa tinimbang karo boboting banyu jaladri, isih
luwih abot umpluk mau. Marga saka mangkono mau anjalari umpluk banjur padha
kelem kongsi tekan ing pratala dhasaring jaladri. Satekane ing dhasar kono banjur
kawuwuhan reregeding pratala iku, suwe-suwe bisa dadi lumut. Saya lawas lumut
iku mundhak kasar sarta mundhak gedhe banjur mahanani rupa pating slawir lan
siwil-siwil pating cerkakah. Sawuse mangkono banjur duwe daya nyerot. Kang
pating saluwir ing pratala ana ing pratala iku banjur bisa mundhak dawa lan
mundhak gedhe, nlosor sarta nlusup sumawana anggubet ing pratala. Pucuking
saluwiran iku banjur menga utawa bolong lembut banget, kang minangka dalan
dayaning pratala kang wus kawoworan rereged lan kedhering Pramana kang
sinerot dening kaanan iku. Malebuning daya marang babadan iku, gampange
ingsun arani mangan. Mulane ingsun arani mangkono, marga malebuning daya
kang sinerot, liwat wewenganing bolongan iku. Anggone mangan iku tansah ora
ana lerene anjalari panggubete sangsaya kenceng (kukuh).

Mangkono uga siwilan kang ora ana ing pratala, lan ana bolongane ora beda karo
saluwiran kang ada pratala mau. Iku uga piranti kanggo mangan dayaning banyu
jaladri, sarta uga bisa mundhak gedhe lan mundhak dawa. Dene siwilan kang ora
ana ing pratala iku diarani epang sarta epang iku thukul siwil maneh, ana kang
gepeng, ana kang gilig, wangune ana kang bunder lan ana kang lonjong, ana kang
pucuk lancip, lan ana kang lonjong. Siwilan iku uga ana bolongane, luwih dening
lembut. Uga ana pirantine kanggo mangan dayaning banyu jaladri. Siwilane kang
mangkono iku diarani godhong. Mulane diarani mangkono, awit iku sawijining
piranti kanggo nadhahi sarta kanggo nyadhong kang dipangan. Dene saluwiran
kang ana ing pratala, diarani oyot, karepe sawijining kekuwatan kang bisa
angadegake bebadane kaanan iku. Kaanan sajroning jaladri kang mangkono iku
diarani uwit, iku wutuhe saka tembung urip kang sakawit, bebadane uwit mau
diarani kayu, iku mbok manawa wutuhe saka tembung ‘teka’ lan ‘yu’. ‘Yu’ iku
karepe urip kang wus nganggo bebadan sarana nyawa. Dadi tembung ‘kayu’ iku,
karepe urip kang tekane wus nganggo bebadan sarana nyawa. Dene kayu-kayu
mau banjur padha katon pating pruntus utawa pating cringih, ana maneh kang
nyeprok. Thukulan kang arupa mangkono mau diarani kembang. Mulane diarani
mangkono, awit iku kayadene piranti kang kanggo nekem utawa ningkem wiji kang
ing
tembe bisa timbang karo bebadane.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 23

Sangkan Paran (11)

Kembang mau suwe-suwe wangune bisa salin, ana kang gilig, ana kang gilig rada
lonjong, ana bunder kepleng, ana bunder lonjong, ana maneh kang dhempok. Iku
kaprahe diarani uwoh. Ananging sabenere ‘wuh’, karepe urip kang bakal tumuwuh.
Dene sakabehe uwoh mau suwe-suwe bisa uwal karo uwite, amarga bisa luwas,
gantelane utawa sambungane bisa bosok banjur coplok. Uwoh kang wus uwal
saka uwite iki, banjur katutu lakuning banyu jaladri, kongsi bisa tekan ing saparan-
paran. Lan banjur tuwuh utawa thukul, lawas-lawas banjur bisa timbang karo bibite,
iku manawa wus padha pantog lawasing uripe. Dene wit-wit mau, uripe ana ing
babadan ora langgeng. Dadi babadane uga bisa rusak (mati), mangkono ing
sabanjure. Mungguh woh-woh mau ana uga kang banjur kumambang ing banyu
jaladri lan katut lakuning ombak, banjur tumiba ing pratala pinggiring jaladri
(pentasan, dharatan), tibane ing kono ana kang banjur bisa tuwuh, lawas-lawas
uga banjur bisa uwoh lan bisa thukul kayadene kang wus ingsun caritakake mau.
Dene wohe ana ing dharatan kang wus uwal saka wite, iku banjur tiba ana ing
kanan-kiringe wit mau. Ana kang katutnlakuning maruta kongsi adoh parane, iku
uga ana kang banjur bisa thukul; thukulane banjur matuh utawa kulina urip ana ing
pentasan, mulane suwe-suwe rupane banjur beda karo bibite kang isih ana ing
sajerone jaladri.

Saiki ambaleni bab isen-isening jaladri. Sawuse jaladri isi uwit-uwitan (kakayon)
ing jaladri kono banjur katekan lunturaning pratala (pasir) kang katut ilining banyu.
Pasir mau ana jaladri kono, iya banjur mundhak gedhene, ora beda karo pasir kang
ana ing pratala (dharatan). Lawas-lawas uga banjur dadi watu, mung bae rupane
beda karo watu-watu kang ana ing pratala pentasan mau, marga daya sajeroning
jaladri iku beda karo dayaning banyu dharatan utawa dayaning banyu udan, awit
banyu jaladri iku duwe daya asin lan landhep, anjalari watu-watu ing jaladri iku
bolong-bolong pating complong kayadene barang kang wus gerang. Mulane watu
ing jaladri mau wong Jawa lumrahe padha ngarani watu karang. Watu-watu ing
jaladri iku uga ana kang kanggonan jiwa, ora beda karo watu kang ana ing pratala
dharatan. Ing samengko sawise sajeroning jaladri ana kekayon lan watu-watu,
banjur saya kuwat anggone nadhahi cipratane Guruning Ngadadi kang tumurune
awor lan banyun udan; tekane ing banyu jaladri banjur dadi umpluk pating paruntus
cilik-cilik. Bareng kataman soroting surya lintang lan rembulan, sarta maneh
kawuwuhan saka dayaning hawa, sumawana kaaanan pirangt-pirang mau, banjur
bisa duwe daya nyerot lan kedher sarta mubeng, ananging panyerote ora pati
lepas; dadi kang kena sinerot iku mung hawa lan sorote Guruning Ngadadi kang
wus cedhak karo panggonane.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 24

Dene sorot-sorot mau, tekane kayadene wus sinaring ing langit, sarta kawuwuhan
dayaning pirang-pirang kang ana ing sajeroning langit kono; mulane bebadane
soroting Gurunuing Ngadadi mau kawawa urip ana ing kono, lan wuwuh kuwat
sarta bisa wuwuh gedhe, mundhak atos sarta bisa alalapisan. Lapisane telung
rupa, kang jero dhewe kuning semu abang, njabane putih semu abang; kang njaba
dhewe putih utawa abang enom, utawa maneh biru enom. Bareng wus dadi
mangkono, panyerote banjur ora bisa tekan ing njaba, dadi mung nyerot bebadane
dhewe bae, lan banjur polah kedher amubeng. Badane iku tansah kaya digosok,
mulane suwe-suwe iya banjur anget saya anjendhel (akas). Dene bunteling badan
lapisan kang njaba dhewe tansah kataman dening sunaring surya, dadi bebadane
banjur kaya digarang saka njaba lan njero; lapisan kang njaba dhewe iku diarani
cangkang.

Kaanan kang mangkono mau lumrahe diarani ‘antiga’, tegese: urip kang nganggo
bebadan lapis telu. Cangkange mau suwe-suwe kataman daya panasing surya,
satemah anget ing jerone, banjur bisa pecah utawa mlethek. Bareng cangkang
mau pecah, uripe jiwa mau anggone kedher lan nyerot wuwuh rosane, sarta
wuwuh lepase, kongsi kawawa bebadane katutn katut obah, lan tansah gampang
kagepok dening dayaning banyu jaladri lan dayaning surya lintang sarta rembulan.
Saka daya kang mangkono iku, anjalari arupa bebadan sambungan telu.
Panggonane bebadaning jiwa (cipratan) kang kaprenah ana ing jero, nuli dadi rupa
ambendhol, diarani endhas; iku manawa bae kadadeyan saka tembung ‘endhon’
lan ‘tandhas’; sambungane maneh diarani awak utawa gembung. Mulane diarani
mangkono, jalaran iku kang minangka dadi wadhahing hawa kang sinerot. Dene
tembung ‘gembung’ iku, karepe yen hawa mau wus rinegem sajeroning wadhah
iku, banjur katon mlembung. Awak lan gembung iku kadadeyan saka lapisaning
bebadan kang arupa kuning. Dene putihe ambuntel sarta sambungane kang
pungkasan, diarani buntut. Mulane diarani mangkono, jalaran iku bebuntelingt
bebadan kang menawa obah tansah katut.

Sawuse arupa mangkono panyerote wuwuh rosa, ananging iya ora lepas banget.
dadi kang kena sinerot iya mung saliring daya lan kaanan kang ana ing sacedhake
bae. Saka kalumpukane kang sinerot iku, ana ana ing sajeroning gembunge,
sawise nyarambahi ing bebadane, banjur ngesuk golek dalan bisane metu. Saking
rosane daya kang arep metu, suwe-suwe awake banjur banjur bisa mobah sarta
molah. daya kang mangkono mau diarani ‘karep’, tegese tekaning daya iku mau,
yen panuju arep metu. Sarehning ‘karep’ iku pinanghkane saka daya pirang-pirang,
iya iku saka saka dayaning kaanan kang ana ing langit, lan saka dayaning
pramana miwah pratala, sumawana jaladri saisine kabeh, ‘karep’ iku enggone
angobahake bebadaning jiwa lan awake kongsi bisa katut kagawa obah saka ing
pernahe, marani menyangsalah sawijining kaananing sajeroning jaladri kono, kang

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 25

gathuk (cocog) lan dayaning ‘karep’ iku. Saking kulinane anyerot, sarta kang wus
sinerot saking serenge enggone arep metu, suwe-suwe ing perangane endhas
kang kapara ngarep banjur ana bolongane telu cilik-cilik, kang siji kaprenah ana ing
ngarep kapara ngisor, diarani cangkem, kang loro kepara ndhuwur, diarani cungur.

Sangkan Paran (12)

Mulane diarani cangkem, awit iku piranti kang minangka panancang sarta
aningkem sakabehe kang sinerot. Dene cungur iku piranti kang minangka panuduh
utawa mancung marang pernah saliring rurupan kang arep sinerot. Ing pernah
gelitaning endhas lan gembung kang kakapara ngisor, uga banjur ana bolongane
loro, diarani angsang. Mulane diarani mangkono, jalaran iku piranti kang kanggo
anangsangake wetuning daya kang saka njero, kang supaya enggone ngetokake,
bolongane mau ora kongsi kalebon ing banyune jaladri, dadi mung supaya
mandheg utawa nangsang ana ing kono tumuli dinedel bali maneh. Sarta maneh
peranganing endhas kapara ndhuwur ing kanan kiri banjur ana underane cilik-cilik,
rupane bening kaya kaca, nganggo uwer (sèrèd) rupa telu. Rupaning sèrèd iku,
kang tengah titik ireng bening, pinggire abang semu kuning, pinggire maneh abang
semu putih, iya mangkono iku kang diarani mata. Mulane diarani mangkono, awit
iku sawijining piranti kang bisa ngemot saliring rerupan, bisa katata ana ing
sajeroningunderan iku, arane andulu utawa andelok, mula diarani mangkono awit
saranduning bebadan kang ginawa obah dening karepe, banjur bisa nimbang lan
bisa mangerti marang salah sawijining kaanan, kang bakal bisa cocog lan karepe
kang dikira luwih perlu. Dene tembung andelok iku saka tembung ngandel lan
mélok. Mulane mangkonio, awit saliring rurupan kang wus tinata dening underan
mau, dayaning karep banjur bisa ngandel, yen rurupan iku sayekti (mélok).

Bareng wus arupa mangkono, kaanan iku panyerote sangsaya rosa, kongsi
sarupaning kaanan (rurupan) kang ana sacedhake kono bisa katutn kaserot.
Mulane bolonganing cangkeme banjur saya wuwuh amba lan perangan
sacedhaking buntut kapara ngisor, banjur ana bolongane cilik, iya iku piranti
kanggo ambuwang sisaning barang kang wus sinerot kalebu ing gembunge mau.
Sarehning sabanjure tansah mangkono, dadi awake mundhak rosa lan mundhak
gedhe, saya mundhak gedhene sangsaya kuwat panyerote, kongsi sarupaning
kaanan kang kasar-kasar, kang bisa kalebu ing cangkeme, iya katut sinerot. Patrap
anggone anglebokake samubarang ana ing cangkeme iku diarani mangan, awit iku
manawa dineleng, mung maligi malebuning barang ana ing sajerone wenganing
cangkeme tumeka sajerone gembunge, amarga pangane iku dadi butuh dayaning
karep.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 26

Samangsane sacedhake kono pangan sing dibutuhake wus ora nyukupi, serenging
karep banjur ngetog daya kekuwatane kanggo marani (ngupaya) panggonaning
pangan. Suwe-suwe bebadane kaleksanan bisa metu pirantine kang kanggo
anggampangake lakune, kayata: kang ana ing kanan kirine gembung diarani
‘kèpèt’, kang ana ing sandhuwuring gembung diarani ‘siwar’, kang ana ing
samburine bebadane diarani ‘buntut kèpèt’, ing sangisoring bebadane kapara
mburi diaranin ‘siwit’. Bangsane titah sajeroning jaladri kang mangkono iku diarani
‘mina’.

Diarani ‘mina’ mbok manawa bae iya mung dijupuk gampange. Yaiku saka
tembung ‘umi’ lan ‘warna’. Umi iku tegese wadon, amarga sawarnaning bangsa iku
mau kabeh katone wadon; uwong ora gampang bisane ambedakake endi kang
lanang lan endi kang wadon. Bangsane mina iku saya lawas banjur sangsaya
pirang-pirang rupa, ana kang gedhe sarta ana kang cilik, marga keh sathithiking
daya sarta sorot pletikane Guruning Ngadadi ora padha; apa maneh daya
panyerote uga ora padha. bangsane mina iku kabeh uga nangkarake wiji sarana
‘nunggalake rasane’. Ing sajerone gembunge bisa ngandhegbpletikan Guruning
Ngadadi, banjur dadi antiga kaya kang wis ningsun terangake ing ngarep. Suwe-
suwe antigane ikub banjur diwetokake saka ing gembunge, dipernahake ana ing
banyu kang akeh watune, didokokake ana ing sela-selane kono, utawa didokok
ana ing wit-wiwtan lan gegodhongan kang ana ing sajeroning jaladri kono. Ana
maneh kang didokok ana ing umpluking jaladri. Wusanane antiga mau iya banjur
bisa dadi kayadene babone (bibite); suwe-suwe iya banjur bisa rusak lan tininggal
dening jiwane (mati). Dene liyane banyu jaladri, ana maneh banyu ing kali-kali,
tlaga-tlaga lan rawa-rawa, kabeh uga ana isen-isene bangsane mina kang
dumadine uga meh ora beda karo mina ing sajeroning jaladri, mulane ora pati perlu
manwa ingsun terangake. Cukup samene bae enggong ingsun nerangake sangkan
paran, sarta sarasilahe isen-isen sajeroning jaladri.

Sangkan Paran (13)

Ing saiki Ingsun bakal nyaritakake isèn-isèn kang ana ing pratala dharatan, pratala
kang ora kêlêban ing banyu jaladri. Geneya pratala kang ora keleban dening
banyuning jaladri iku diarani dharatan? Iya, jalaran pratala kang ora keleban ing
banyu jaladri iku dadi dhedhasaring udara (langit), warata ing lumahing pratala
kabeh, sanadyan kang legok luwik, kang krowong lan kang bolong, iya warata
kaebekan ing udara. Mulane manawa njupuk gampange, karepe saka tembung
udara lan kawaratan.

Samengko Ingsun nyaritakake banyu udan kang tiba ing dharatan: iku tekane iya
padha kabarengan sorot utawa cipratan Guruning Ngadadi, kang wus kasaring ing

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 27

udara, sarta kang wus kamomoran daya saka kaanan pirang-pirang kang ana ing
udara mau. Dharatan kang katiban ing banyu mau suwe-suwe banjur teles, marga
wrataning banyu udan iku. Ana uga kang ora bisa kambah, iya iku mung
panggonan kang gêrong miring, marga lakuning banyu kaadhangan dening pratala
sakdhuwuring gêrongan iku. Gêrongan kang mangkono mau diarani êrong, kang
gêronge jembar diarani guwa. Mulane diarani mangkono, awit kang mlebu ing kono
iku mung lugu dayaning hawa bae. Iku lumrahe enggone ngarani mau mung padha
njupuk gampange bae.

Saiki Ingsun mbanjurake carita bab dharatan kang teles. Saya akeh udane,
sangsaya nundhak telese, banyune nganti bisa mandheg watara suwe, katon
ngêmbêng (megung), marga dharatan mau ora rata kabeh. Mangka wataking
banyu iku mili, dadi lakune iya ora sabab saka urip lan saka karepe, nanging mung
marani ing papan kang luwih cendhèk. dadi papan kang luwih cendhèk mau iya
banjur kaêbêkan ing banyu, kongsi tembire (pinggire) pratala kang legok mau bisa
jugrug kesuk dening gedhening banyu. Wusana banyu megung mau banjur wutah
liwat tapaking jugrugan iku lan banjur bisa lumaku saparan-parane anut papan
kang legok. Amarga lumahing bawana iki kang endhek dhewe iku jaladri, dadi
lakuning banyu mau suwe-suwe iya banjur tekan jaladri kono. Ana ing jaladri kono
iku banjur kumpul karo banyuning jaladri, mangkono ing sabanjure. Dene dalan
lakuning banyu iku, diarani kali. Enggone ngarani mangkono iku mbok manawa iya
mung njupuk gampange bae, jalaran katone kadadian iku saka kesuk ilining banyu.

Banyu udan liyane kang ora dadi kali, ana uga kang banjur kandheg ing papan
kang nêla luwih amba (lega), dununge ana ing kanan kiringing ancala (gunung),
utawa lambunge ancala. Kang mangkono iku diarani tlaga. Tlaga iku kang akeh
pinggire pratala kang luwih kandel, mulane banget santosane lan ora gampang
jugruge kaya dene pratala kang liya-liyane. Mung bae yen banyune kakehan,
lowahing tlaga mau ora kamot, amesthi banyune iya nganti ngungkuli pinggiring
tlaga iku, temahane banjur lubèr. Lubèring banyu iku iya mili nglumpuk nurut papan
kang legok, suwe-suwe iya banjur dadi kali, terkadang banjur bisa gathuk karo kali
liyane.

Ana maneh padunungan kang ora ana ing kanan kiringing gunung, nanging
dumunung ana ing papan kang rata. Kala-kala ing kono uga ana kang endhek
utawa legok, iku kaisenan ing banyu udan mau, sarta banyune iya uga banjur
ngebeki papan kang legok mau, banjur diarani rawa. Mula diarani mangkono, awit
padunungan iku, bareng wus kaisenan ing banyu, katara agawe buyaring hawa
kang ana ing kono.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 28

Saiki mbaleni pratala kang mung teles bae, lan kang ora kakembeng dening kehing
banyu udan, bareng kataman sorot Guruning Ngadadi, kang tekane ing kono wus
kawoworan dayaning surya lintang lan rembulan, sarta dayaning kaanan pirang-
pirang kang ana ing langit, pratala mau banjur nglumut. Lumute saya lawas
sangsaya wuwuh kandele kongsi kawawa ngandhegake pletikaning Guruning
Ngadadi. Suwe-suwe lumut mau iya banjur dadi wit-witan ora beda wit-witan kang
ana ing sajeroning jaladri. Dene rawa-rawa iku, uga banjur ana lumute, lan lumut-
lumut mau manawa oleh daya sorot Guruning Ngadadi, lan soroting surya lintang
lan rembulan, kang wus kawoworan dayaning kaanan pirang-pirang kang ana ing
langit, suwe-suwe iya uga bisa dadi wit-witan, ananging racake ora pati gedhe lan
ora pati dhuwur kaya dene wit-witan kang ana ing pentasan, utawa kang ana ing
sajeroning jaladri. Sebab wit-witan kang ana ing pentasan utawa kang ana ing
sajeroning jaladri iku peranganing badan kang ngisor nduweni piranti kang kraket
karo pratala, iya iku kang diarani oyod. Dadi dayane pratala iku luwih akeh kang
sinerot dening wit-witan mau. Mulane banjur luwih gedhe lan luwih dhuwur. Beda
karo kang ana ing sandhuwuring banyu rawa, awit babadan lan oyode iku mung
nemplek lan muled marang rereged kang raket karo dhedhasaring lumut mau. Ing
ngisore dhedhasaring lumut iku sanyatane banyu, dadi ora sapirowa olehe daya
saka pratala. Sawuse ing dharatan kang kakembeng ing banyu utawa kang ora
kakembeng wus isi wit-witan (kekayon), wit-witan mau uwoh lan godhonge kang
wus luwas banjur padha coplok uwal saka ing wite, ora beda karo wit-witan kang
ana ing sajeroning jaladri.

Sangkan Paran (14)

Coploking uwoh kang ana ing dharatan iku mung tumiba ana ing sacedhake kono
bae. Dene godhonge kang luwas mau banjur padha bosok, bosokane saya lawas
saya wuwuh akehe, sarta banjur carub karo pratala. Dene kang ana sandhuwuring
banyu rawa uga banjur muwuhi kandeling lumut-lumut kang banjur njalari bisa
tuwuh wit-witan kang cilik-cilik. Ana uga banjur rada gedhe, nanging rupane ora
padha karo wit kang ngruntuhake godhong mau. Tetuwuhan kang cilik-cilik lan
cendhak iku lumrahe diarani suket. Mulane diarane mangkono mbok manawa uga
mung njupuk gampange bae, saka tembung ‘su’ lan ‘caket’. Su tegese luwih, caket
tegese cendhak, dadi karepe tembung suket iku anandhakake yen wit-witan mau
luwih cendhak tinimbang lan liyane.

Saiki wit-witan kang ora ana ing sandhuwuring banyu rawa, iku wohe kang akeh
tiba ana ing sangisoring wite. terkadhang ana kang mung katut dening ilining banyu
bae. Dene kang ora pati akeh bobote bisa katut dening lakuning maruta. Mulane
kongsi bisa adoh padunungane saka lajering wit iku mau. Banjur ana kang thukul
lan rupane ora siwah karo bibite. Dene kang tiba awor karo gegodhongan kang

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 29

wus bosok, marga kataman daya bosokaning godhong mau, lan ora gampang
bisane oleh soroting surya lintang lan rembulan, kang katut dening sorot Guruning
Ngadadi, mulane iya ora gampang bisane thukul.

Sarupaning bosok-bosokan mau bareng kataman ing hawa lan maruta kang wus
kamomoran dening kaanan pirang-pirang kang ana ing langit, kang kagawa dening
cipratane Guruning Ngadadi banjur padha mrentul pating pruntus, wangune gilig
cilik-cilik. Pruntusan mau saya suwe sangsaya mundhak gedhene, dadi banjur
saya kuwat enggone ngandheg sorot lan cipratane Guruning Ngadadi mau, sarta
banjur kataman dening daya kedhering Pramana kang wus katutan dayaning geni
lan pratala. Marga kang mangkono mau banjur njalari bisa urip lan bisa nduweni
babadan kang kasar (agal).

Apamaneh saya akeh dayaning bosok-bosokan lan dayaning kaanan dumadi


pirang-pirang, sumawana cipratane Guruning Ngadadi, mula uripe banjur duwe
daya kedher, mungser sarta nyerot. Katerangane ora beda karo bangsa mina kang
ana ing sajeroning jaladri kang wus diterangake ing ndhuwur mau. Dene lapisaning
buntele kang ing njaba dhewe uga banjur pecah lan bebadane banjur gampang
anggone nyerot. Apamaneh tansah kagepok dening soroting surya lawan
rembulan, lan maneh uga tansah kataman dening hawa kang katut dening lakuning
maruta. Kang mangkono iku, njalari akas lan santosaning bebadan, dadi mundhak
kasar lan wuwuh rosane, mulane banjur bisa obah lan mingser saka padunungane
marang panggonan kang bisa cocok dayane karo bebadane mau. Kang mangkono
iku banjur marakake tuwuh kang minangka dedalane panyerot (mangan).
Pamangane iya padha bae patrape karo bangsaning mina ing sajeroning jaladri.
Saking rosaning pamangane kongsi barang kang kasar-kasar katut dipangan,
kayata: gegodhongan lan wowohan kang padha tiba lan wus bosok ana ing
sacedhaking padunungan kono iku. Amarga saka mangkono iku, banjur njalari
mundhak gedhene lan rosane bebadan kang kasar mau, mulane banjur cetha
banget pirantine, iya iku cangkem kang kanggo mangan lan cungur kang kanggo
ambuwang hawa kang wus katut mlebu; kang kanggo mbuwang barang kasar
sisane kang wus pinangan, iku diarani mburi. Kaanan dumadi kang ingsun
caritakake iki diarani gegremetan. Mulane diarani mangkono, awit bisane obah
saka ing pernah lakune katon nggremet.

Mangkono uga ing sajeroning tlaga utawa rawa, papan kang dumunung ing pinggir
utawa panggonan lumut-lumut uga ana gegremetane lan ana bangsane mina kaya
kang wus diterangake. Malah ana ing sajeroning tetuwuhan (wit-witan), kang ana
minane, awit maune wit-witan iku ana bolongane. Bolongan mau kaisenan ing
banyu kang asale saka banyu udan. Dene wit-witan kang sok kadadeyan
mangkonoo iku, diarani pring. Marga pring iku maune iya endhek lan ana

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 30

bolongane ing ndhuwur kang minangka cangkeme kaya kang wus kapratelakake
ing ngarep. Jalaran saka iku, gampang digremeti dening bangsaning mina, awit ing
kono iku ana banyune, mulane mina mau banjur manggon watara suwe ana ing
kono. Wusana banjur ninggal antiga (endhog). Suwe-suwe endhoge mau netes.
Tetesane banjur bisa kulina urip ana ing kono. Dene bangsane mina kang
mangkono iku diarani urang.

Rupane urang kang ana ing sajeroning pring mau, beda karo urang kang ana ing
banyu. Jalaran urang kang ana ing sajeroning pring iku prasasat ora oleh dayaning
hawa, amarga pring iku saya mundhak dhuwur, saya mundhak gedhene.
Bolongane cangkeme banjur saya lembut, lembuting bolongane njalari kuranging
daya kang sinerot. Sarupaning gegremetan utawa bangsane mina iku kabeh
anggone bisa nangkarake wiji sarana ‘adu dayane nyawa lan uripe sarta jiwane’.
Jumbuhing daya tetelu lan daya tetelu liyane njalari bisa anggendeng pletikan
utawa cipratan Guruning Ngadadi, yaiku kang diarani wiji. Mulane mangkono,
amarga jiwa lan uripe wus kabuntel dening bebadan kang kasar utawa raga,
mulane bebadane iku mau karone iya banjur katut gambuh (puled).

Sawuse mangkono, ing sajroning gembung paningkeme wiji iku banjur dadi antiga.
Ora lawas antiga mau banjur diwetokake didokok dipernahake ing pratala utawa
ing watu, ing gegodhongan sarta wit-witan. Suwe-suwe antiga mau ya banjur
mecah (netes), dadi kayadene bibite mau; mangkono ing sabanjure. Sawuse isi
bangsane gegremetan lan mina, cipratan Guruning Ngadadi (jiwa) kang wus
anduweni bebadan alus sarta wus urip ana udara kang kena kaserot dening
Pramana, banjur padha tiba ana ing pratala. Kang pinuju tiba ing panggonan kang
wus ana bosok-bosokaning gegremetan, ing kono banjur templek karo bosokan
liyane. Bebadane banjur kabuntel dening klumpukaning bosokan iku. Ana ing kono
pancen durung sapirowa kekuwatane lan bobote bebadan mau, mulane gampang
kaplesat (kabuncang) dening daya kekedhering Pramana sarta lakuning geni lan
maruta, nganti ana kang kesanggrok ing panging wit-witan utawa ing
gegodhongan. Dene kang ora kesanggrok iku banjur bisa tekan ing langit maneh,
lan kena kaserot dening Pramana satemah tiba ing bosok-bosokan, utawa ing
bebadaning gegremetan mau.

Sangkan Paran (15)

Saiki ingsun nerangake kang mung tumurun sapisan banjur kesanggrok ing wit-
witan utawa ing gegodhongan; iku banjur kawawa urip ana ing kono amarga uripe
kulina oleh dayaning wit-witan iku. Bareng kataman kedhering Pramana kang
anggawa dayaning geni lan pratala, sumawana kerep kataman dening lakuning
maruta, lan oleh soroting surya, lintang lan rembulan, kang wus kawoworan ing

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 31

dayaning kaanan pirang-pirang ing langit, bebadane mau saya wuwuh santosane
lan saya mundhak kasare. Amarga kang mangkono iku, banjur kawawa ngobahake
bebadane kang kasar mau, sarta gampang bisane oncat (mingser) saka pernahe,
nanging iya mung ana ing wit-witan kono bae. Kang rehning dhek maune kulina
urip ana ing awang-awang (langit) sarta lakune dhek samana bisa clorat-clorot
tanpa sangsaya (pepalang), dadi uripe ana ing wit-witan iku iya mung tansah kudu
kelingan pakulinane dhek maune. Nanging rehning tansah ora bisa sembada
amarga bebadane wus banget kasar lan abote, dadi iya ora kawawa anggawa
lumaku bebadane kaya dene dhek maune; dadi lakune ya banjur mung colat-colot
bae. Suwe-suwe bareng saya rosa pancolote iya banjur sangsaya adoh anggone
mingser saka pernahe. Dene pencolote iku ana kang kadhung (cugag, jugag) ora
bisa tekan wit liyane. Wis mesthi bae banjur tiba ana ing pratala lan banjur kulina
urip ana ing kono.

Saka anggone mancolot iku mau, anjalari gampang bisane kataman dening
dayaning surya lintang lan rembulan kawuwuhan dayaning Pramana geni lan
maruta. Mulane iya banjur mahanani piranti ana ing perangane ragane kang kasar
iku, lan banjur bisa thukul wulu kang anggampangake lakune sarta piranti kanggo
anjaga ragane, banjur ana sikile, suwiwi lan buntut. Bareng wus pepak pirantine,
lakune meh bisa kaya dhek maune sarana ngobahake badane lan ambèbèr elare
dikêbêt-kêbêtaké, banjur bisa ngambara (mabur). Mulane diarani mangkono, iku
mbok manawa saka tembung ngambah udara, dicekak amrih gampange dadi
ngambara. Dene tembung mabur iku njupuk suwara kebeting suwiwi. Sato kang
mangkono diarani bangsa kukila (manuk). Bangsane iku kabeh anggone ngrasuk
rasa ora pati lawas, marga ragane enggal rusak (mati). Jiwane banjur bali awor
hawa lan swasana, sumawana karo urip kang ana ing langit. Dene ragane kang
wus rusak mau, iya banjur gumlethak ana ing pratala, sarta iya banjur bosok, ora
beda karo gegodhongan utawa gegremetan kang wus ingsun terangake mau.

Bosokan iku yen kataman dening soroting surya sarta dayaning pratala, apa
maneh tansah kegepok dening hawa, iya banjur dadi kewan cilik kaya dene
bangsaning gegremetan, diarani sèt. Nanging satemene: ‘sèta’, marga kewan iku
kang akeh rupane seta (putih). Set iku ora suwe banjur bisa salin rupa, katitik saka
perangan utawa pirantine, kayata: endhas, gembung, sikil sarta eklar. Kang
rehning dhek maune tilas bebadaning bangsa iberan, dadi sikile ya ora pati
digunakake, kajaba mung elare bae. Saking kumudu-kudu anggone arep bisa kaya
dhek maune, marmaning Ywang Kang Among Dumadi, iya banjur tinurutan duwe
elar lan iya banjur bisa mabur nanging elare banget bedane yen tinimbang nalika
dhek dadi kukila.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 32

Marga saka kagawa ciliking ragane, yen arep mangan banget rekasane, dadi ora
pati bisa nggunakake cangkeme. Marga mangkono mau, marmaning Pangeran, iya
banjur tinurutan duwe cangkem kang dawa lan cilik, bolongane lembut banget. Iku
samangsa dipigunakake kanggo mangan, bisa metu dayane akas sarta landhep.
Cangkeme kang dawa iku diarani tlale. Kewan kang mangkono iku diarani laler.
Mula diarani mangkono manawa ya mung njupuk gampange bae, marga abur lan
mlakune angler. Bangsane aler iku ana pirang-pirang rupa, nanging ora pati perlu
menawa ingsun terangake siji-sijine. Dene uripe laler iku ana ing ragane ora suwe
(mati). ragane uga banjur tiba ing pratala sarta uga banjur bosok.

Sangkan Paran (16)

Ana maneh kang kedadeyan saka bosokaning gegodhongan utawa saka rereged
kang ana ing banyu meneng (megung) kang ora kawoworan bosokaning kewan.
Iku kedadeyane meh memper laler, diarani lemut. Mula diarani lemut awit patrape
yen arep mangan lakune anggrumut sarta lebuning pangan sarana diamuti
nganggo tlalene. Lemut iku uripe luwih cendhak tinimbang karo laler; uga banjur
mati kaya kang wus sun terangake mau. Mangkono ing sabanjure mungguh
kaanane bangsane iku.

Sawuse mangkono, suwe-suwe ana bangsane mina anggone ngupaya pangan ing
sajeroning banyu jaladri rumangsa kurang. Mulane banjur ana kang mentas ing
dharatan. Kawitane anggone mentas teka sethithik ora pati adoh saka karo banyu
mau. Ana ing kono bisa oleh pangan bosok-bosokan kang ana ing dharatan.
Sawuse mangan tumuli bali marang banyu maneh, suwe-suwe saking butuhe
anggone arep kecukup pangane, lakune saya adoh malah ana kang kongsi ora
bisa bali marang banyu maneh. Dadi suwe-suwe iya banjur bisa mathuh sarta
kulina ana ing pentasan. Mangkono ing sabanjure nganti sak matine ana ing kono.

Sasuwene ana ing dharatan iku, wus mesthi tansah kataman dening hawa sarta
soroting Guruning Ngadadi, kang tekane wus kawoworan dening dayaning surya
lintang lan rembulan, kang wus anggawa dayaning pirang-pirang kahanan kang
ana ing langit. Amarga kang mangkono iku mula suwe-suwe bisa njalari salin rupa
sarta watake. Lan banjur nangkarake wiji ana ing kono. Patrape ora beda karo
kang wus ingsun terangake ing ngarep. Saya lawas turunane banjur sangsaya
beda banget karo rupa lan watake. Malah ana kang banjur thukul pirantine kanggo
njaga karahayoning awake. Yaiku wulu sikil sarta buntut. Kang wus dadi arupa
mangkono iku diarani sato. Karepe tembung kang mangkono iku nandhakake
anggone bisa urip wus nglakoni ing panggonan loro.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 33

Dene sato mau kang akeh sikile papat. Ana kang nganggo driji lan kuku, ana kang
nganggo tracak. Tracake ana kang wungkul ana kang belah. Dene sarupane
atracak belah iku endhase ing perangan ngarep kapara ndhuwur thukul pirantine
kang banget migunani kanggo njaga marang awake. Piranti kang mangkono iku
diarani sungu, karepe tembung mangkono awit manawa migunakake piranti iku
mung yen pinuju nepsune wungu (tangi). Sarupane sato kang anduweni tracak iku
dhek mau-maune nalika ana ing sajeroning jaladri, kang nurunake bangsane mina
kang panganane gegodhongan sajroning jaladri kono. Mula bareng ana ing dharat
karemane iya mangan gegodhongan. Dene kang metu kukune iku dhek maune
kang nurunake mangan banyu jaladri kang wus kawoworan dening sarupaning
rereged, yaiku saka bosok-bosokaning gegodhongan sarta wowohan utawa
bangkening mina. Ana maneh bangkening sato utawa gegremetan sarta kukila
kang kentir dening ilining banyu, bareng wus tekan ing jaladri kono, iya dipangan
dening mina kang lagi ingsun terangake iki. Mulane bareng ana ing dharatan
karemane iya mangan bosok-bosokaning raga kaya dene dhek ana ing sajroning
jaladri maune. Bareng wus turun tumurun (tumangkar), suwe-suwe pakane kurang,
mulane enteking bosok-bosokan iku banjur nyoba mangan bangsaning
gegremetan kang cilik-cilik sarta kang gampang kecekele.

Nanging kang samono iku suwe-suwe iya banjur kekurangan maneh. saking
dening banget serenge anggone arep mangan ing wusana suwe-suwe ketekan
kang dadi pangarep-arepe mau, yaiku banjur duwe daya kuwanen lan wuwuh
karosane. Sawuse mangkono banjur nyoba gelem mangan bangsaning sato kang
cilik-cilik. Samono uga iya isih kurang, mula banjur nyoba arep mangan sato kang
gedhe, ananging bareng kapinujon kang karosane satimbang lan dheweke ya
banjur kuwalahan. Dadi ora bisa kelakon mangan sato kang disedya mau; mula
saya mantheng ing pangarep-arepe. Marga saka kencenging pangarep-arepe iku,
marmaning Ywang Suksma Kawekas anedhakake sihe anekani ing pangestine;
wusana banjur tuwuh piranti kang luwih dening santosa sarta landhep, ana ing
sajroning cangkeme sarta maneh ragane wuwuh karosane. Piranti kang mangkono
iku diarani siyung. Mula diarani mangkono amarga keksining piranti iku ing ngatase
bangsane sato wus kelebu linuhung (linuwih) yen tinimbang karo sato liyane kang
ora duwe piranti iku. Dadi ing samengko banjur bisa katekan ing pangarep-arepe
mau. Tuwuhing daya pangesthi kang anjalari mangkono iku diarani ‘karep’; mula
diarani mangkono amarga tekane mung yen pinuju kegendeng ing daya arep.

Sangkan Paran (17)

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 34

Dadi kang mangkono iku sira aja keliru tampa mungguh kang diarani ‘karep’ iku.
Dhek mau ingsun wis nyaritakake, yaiku tumangkare wiji sarana ‘saresmi’ (rabi);
iku aja sira kayuk bae lan aja sira sengguh yen iku uga kedadeyan saka dayaning
‘karep’ kang mangkono. Sayekti yen ora. Ing tembe sira bakal ingsun wulangake
mungguh mula bukane dene sakabehing ‘jiwaning urip’ kang wus ngrasuk bebadan
iku kabeh banjur padha duwe krengket saresmi. Iku sabenere kaya dene wus
watak (dhasar). Mula ora padha karo dayaning ‘karep’ kang wus ingsun terangake
iki mau, awit iku mung yen ragane lan dayaning ludira sarta rasaning badan isih
madeg (melek). Tandhane dene yen ngantuk utawa turu, karep kang mangkono iku
iya melu meneng. Mara sapa sing wis tau weruh wong turu bisa mangan? Seje
karo rasaning saresmi iku mau, aja maneh sajroning turu, ing sajroning kaalusan
wis ana kang mengkono iku, ing tembe manawa sira wus sambada ing
panggayuhe, mesthi bisa nyatakake dhewe. Ing kono mengko sira lagi pracaya
sarta ngandel temenan. Dadi ora gampang diowahi sarana ujar manis utawa ora
gumingsir dening pepoyok lan pamaido utawa penyedha. Samene dhisik
anggoningsun amblabari marang sira. Saiki prayogane ingsun banjurne dhisik
teruse katrangan ing dhuwur mau kongsi tumedhaking suksma tuwuh ing
marcapada iki, nganti diarani manungsa.

Cethane mangkene :
Dhisike ! Sawuse bawana pepak isen-isene lan wus ana titahing Suksma kang
padha ngrasuk ‘badan alus’ kang urip ana ing langit lan ana ing pangrantunan
sarta maneh kang wus padha ngrasuk ‘bebadan kasar’ urip ana ing pratala utawa
ing sajroning jaladri sarta banyu; titahing Suksma pirang-pirang iku mau pada
daya-dinayan, rasuk-rinasuk; campuring daya iku kawawa anggendheng ‘jiwaning
urip’ kang mentas tumedhak saka sarirane ‘Guruning Ngadadi’ kang isih ana ing
‘jaman siddyam (nêng). Ing kono isih ngagem ‘sarira suci’, ananging kang rehning
klumpukaning daya pirang-pirang kaanan mau, mungguh sabenere iya kanggo
cawisane ‘Panjenengane’ kang lagi tumedhak iku. Mula dayaning pirang-pirang
kaanan mau banjur anuwuhake kang minangka pangegemane ‘Panjenengane’ iku
arupa ‘cahya’ apindha sesotya.

Dhek nalika samana, kaya sira wus ingsun pratelani, yen Panjenengane Guruning
Ngadadi (Ywang Suksma Kawekas) iku langgeng kaanane. Dadi agemane
Panjenengane Suksma kang mentas tumedhak iku banjur katut dening
Panjenengane Gurunuing Ngadadi. Nanging kang rehning ‘kraton siddyam’ kono
ora bisa kalebon saliyane Panjenengane, dadi agemane mau iya banjur kandheg
ing sanjabaning kraton bae. Bareng agemane wus cumawis ana ing sanjabaning
kraton kono, banjur sorot-sinorotan, daya-dinayan karo Panjenengane kang
mentas tumedhak iku. Ing kono Panjenengane kasusul dening tumedhaking
samburating Guruning Ngadadi. Mula kaya binuncang, konus (kendhang) saka ing

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 35

kraton kono, tumeka ing kraton agem-agemane mau, banjur rumasuk ing agem-
agemane iku. Ing samengko Panjenengane wus ngagem sarira kapisan, kang
pinangkane saka pirang-pirang dayaning kaanan. Mula wis wiwit ora suci. Iku sun
arani AD-HAA-MA, mbok manawa kang diarani tembung saiki lumrahe, ADAM.

Sarirane (agemane) kang pindha sesotya mau diarani WAHYU. Mula diarani
mangkono, karepe saka tembung ‘wah’ lan ‘yu’. ‘Wah’ tegese akeh, ‘yu’ tegese
nyawa: mau wus sun terangake yen pinangkane saka dayaning pirang-pirang.
Dene Panjenengane pribadi sarirane duk tumedhak sapisan (isih suci) iku kang
diarani ‘Jiwa”.

Kratone Panjenengane AD-HAA-MA iku diarani ‘Purwa-Pada’. Geneya diarani


mangkono? Iya, marga ‘Purwa’ iku tegese kawitan, ‘Pada’ tegese palerenan utawa
pandhegan. Dadi iku karepe palerenan kang kawitan.

Kang rehning Panjenengane wus ngrasuk sarira kang pindha sesotya mau, mula
rerupan jagad saisine kabeh katawang sarta kalebu ing Panjenengane. Kang
mangkono iku njalari saya ora sucine maneh, temahan gampang bisane kataman
dening dayaning Pramana sarta sakehing kaanan kang urip ana ing pangrantunan
sarta ing langit. Saupama ora kadhangan dening pangrantunan, wis mesthi
Panjenengane gampang katut kaserot dening Pramana. Nanging rehning
panyeroting Pramana kang tekan ing kraton kono ora pati sapira, pramula iya
mung timbang daya kakuwatane. Ing wusana dayaning jiwa kang urip ana ing
pangrantunan banjur kaya diejun. Teka samene bae dhisik ingsun arep
nyumenekake (nglerenake) raganingsun. Dene liya dina manawa sira padha teka
mrene maneh iya ingsun tutugake wewarah iki, wiwit dumadining karsa lan rupa
lanang sarta wadon, kongsi padha tumurun ana ing marcapada kene padha
ngrasuk busana wadhag sarta katrangane garwa.

Sangkan Paran (18)

Pangrumpaka (Dhandhanggula) :
Kadyâ dhandhang munyâ mângsâ agring, dènirarsâ wêruh mring wêwarah, mrih
ywâ kéwran pangruruhé, krâsâ rôsing tumuwuh, wêwêdharan wadining urip, kang
dhihin wikanânâ, wulangnyâ Sang Wiku, ingkang kawahyâ ing ngarsâ, palasthané
kari anggagas kang wuri, rasané dèn karâsâ. (Redaksi Djawa Boedi Moerni).

Kang wus ingsun terangake, panjenengane Adhaama jumeneng ing sajroning


karaton Purwapada. Sarirane tansah katawang ing daya isen-isening bawana
kongsi kalumpuking rupa bisa kalebu ing sarirane, sarta anjalari wuwuh kurang
sucine maneh, lan bisa kataman dayaning bawana saisine kabeh. Ananging marga

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 36

saka banget kandeling pangrantunan mau dadi banjur kaya dene diiyun dening
panyeroting Pramana; tumuli kaceneng bali maneh dening panggendenging
karaton Purwapada mau. Suwe-suwe kalumpukaning jiwa-jiwa mau tansah bisa
anggepok ing sariraning panjenengane kang apindha sosotya iku. Bareng wus
mangkono, kalumpukane dayaning jiwa mau kena kaserot kalebu ing sarirane.
Sarehning jiwa kang lumebu iku mau wus rada akeh woworane, iya iku dayaning
bawana saisine, dadi iya gampang kacenenge maneh sinerot dening Pramana.
Kalumpukaning rupa kang ana ing sarirane mau banjur konus (kadudut) metu,
sarta dadi rupa bebadan kang sairib karo panjenengane, nanging ana cacade. Apa
maneh cahyane iya uga wis ora bisa padha karo panjenengane dhaama mau.
Unusan saka kalbuning sarira mau banjur kawawa urip nunggal ana ing karaton
Purwapada, diarani ‘Kadiwa’. Tegese kadadeyaning sarirane iku miyos saka
panjenengane Adhaama lan saka kalumpukaning dayane jiwa pirang-pirang mau.
mBokmanawa kang saiki lumrah padha diarani ‘Babu Kawa’. Dene sarirane
Kadiwa iku diarani ‘pulung’. ‘Pulung’ iku iya isih pindha sosotya, nanging ora
bening banget kaya ‘wahyu’, marga wus luwih akeh woworane. Ana babasan ing
sajroning layang-layang, utawa para dhalang iya kerep medarake saloka
mangkene:

“Tumuruning cupumanik astagina. Bareng cupu iku kabuka, ing kono isine Hyang
Tanpa Una lan Tanpa Uni. Panjenengane Hyang Tanpa Una banjur jengkar saka
kono, ngasrama (manggon) ing gunung Mahendra jujuluk Bathara Wahyu
Cakraningrat. Dene garwane banjur ngasrama ing gunung Maliawan, sesilih
Bathari Pulungana-wati. Sapa kang bisa tinedhakan ing panjenengane, iku kang
bakal kuwat nurunake ratu.” Saloka iku mbok manawa sira padha durung
ndungkap (durung wikan). Coba sapa kang wus wikan kasunyatane kanthi bukti lan
wani dadi saksi temenan, pratelakna ing ngarsaningsun kene!

Ing tembe saloka kang ingsun tuturake marang sira iki, manawa wus sembada
anggonira anggayuh wawarah ingsun, pangiraningsun ora susah ingsun jereng,
sira banjur bisa padha ngerti dhewe, lan ora kewran anggonira ngudhari sarta bisa
sumurup mungguh pigunane. Mulane aja padha ngira yen rupa lanang iku ing
njaba njerone mesthi lanang, wadon mesthi mulus wadon. Iku ora mangkono, awit
sabenere ing jroning lanang ana wadon, sajroning wadon ana lanange. Ananging
iku lagi katrangan lesan bae, aja sira ugemi yen sira durung wikan kasunyatane,
lan ngerti pilah-pilahe, sarta wus bangkit migunakake. Marga yen sira mung
ngugemi swara, padha bae karo ngawula kumandhang; yen mung ngerti karepe
ora wikan nyatane, iku padha bae karo wong ngawula anggitan; yen wikan nyatane
ora bisa migunakake, iya aran durung mumpuni; iku kabeh aran tanpa guna. Dadi
upama kaya sira darbe barang mung weruh yen apik, nanging ora ngerti kanggone.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 37

Upama barange arupa udheng, apa kena dianggo bebed lan apa lumrah dianggo
kemul, utawa sèmèk turu lan liya-liyane?

Beda karo kang wis mangerti pigunane, amasthi banjur bisa bae migunakake. Iya
mangkono iku tetepe wong kang wus lebda marang kawruh, aran wus mumpuni
kridhaning bawana. Pirangbara bawana kang gumelar kabeh iki, orane iya
bawananira dhewe bae, iku wus lumayan. Manawa bisa mangkono ngger, iku aran
ora muspra anggonira ngudi kawruh. Mulane wong tuwanira iki sok juweh, perlune
sira dimen padha dadi wong kang utama. Amarga ora gampang kang jeneng
utama iku. Samangsa isih gothang utawa isih kuciwa, iku durung aran utama. Dadi
utama iku karepe ‘uninga tataninging Suksma’; mulane iku mau diarani ‘cupumanik
astagina’. Iku dhek kuna-kunane kang ngarani iya wong kang wus mumpuni
marang kawruh, dadi iya banjur wani netepake, marga njupuk rupa lan kaanane
sarta pigunane: mangkene panjupuke: “Cupu iku karepe wadhah (bebadan), manik
tegese sesotya; asta tegese wolu, gina iku iya guna. Dadi karepe bebadan kang
arupa sosotya, isine anduweni daya lan guna wolung parkara. Cukup samene
dhisik bab iki.

Sangkan Paran (19)

Pangrumpaka (Sinom):
Maligi nèng rôning kamal, mulat wulang kang wèh péling, panggiluting kasusilan,
sumilak tanpâ ling-aling, kang angèl sungil-sungil, kinaryâ mêlôk salugu, lalagôn
mrih irâmâ, kang tuman mardikèng budi, wông utâmâ uning tataninging Suksmâ.
(Redaksi Djawa Boedi Moerni)

Sang Wiku:
Ingsun arep ambanjurake gancare carita ing dhuwur mau. Ing sajroning karaton
Purwapada wus kajumenengan jiwa, iya iku panjenengane Adhaama lan Kadiwa.
Sarehning Kadiwa iku pinangkane saka jiwa kang miyos ing sariraning Adhaama,
ing mangka isih nunggal sapanggonan, dadi iya tansah kudu kumpul bae,
ananging tansah ora bisa kalakon. Awit sarirane Kadiwa wis kurang banget sucine,
marga wis kamomoran rereged pirang-pirang, kang maune wus kalebu ing sarirane
Adhaama iku.

Kagawa saka anggone kudu kumpul, daya isen-isening bawana kang kagawa
dening kekedhering Pramana banjur kena kaserot dening panjenengane kongsi
tekan ing sajroning karaton Purwapada kono. Sarehning isine bawana kang akeh
dhewe dayane kang katut iku arupa wit-witan (kayu), dadi ing sajroning karaton
kono mau iya banjur thukul ana kayune sawiji, dumunung ing tengah-tengahing

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 38

karaton iku, diarani ‘kayu sejati’ (Kalbu Diwa Handaru). Mulane diarani mangkono,
awit kayu iku tuwuh ing sajroning karaton, lan salawase ora bisa mati. Dene
enggone diarani wit Kalbu Diwa Handaru, jalaran sangkane kedadeyan saka
kalbune Kadiwa, kongsi bisa andadari (metu) kaanan iku, sarta agodhong mawa
cahya biru, epange diarani pancer papat (keblat papat) salaga langit. Mulane
diarani mangkono, awit dawaning epang iku parane dadi ancering keblat, sarta
angebaki sajembaring langit. Oyode diarani oyod Mimang, jalaran sing sapa ora
murni (suci) mangka liwat nglangkahi oyod iku, wus mesthi mamang (kuwur) pikire,
tambuh paraning sedyane. Godhonge aran Mega Mendhung; awit sing sapa duk
uripe ana ing ngarcapada kene iki mung tansah ngangah-angah utawa murka,
ngangsa-angsa, marang godhonge (sandhang pangan), samangsa tumeka ing wit
kono, mesthi peteng pandulune kaya dene pinepetan ing mega mendhung. Pupuse
diarani Singangsana Wilis, karepe singangsana iku kalenggahaning rasa sakalir,
iya iku: rasa pangenyam, rasaning kalbu lan garayang (rasaning badan raga); wilis
tegese biru (ijo, ksm). Kembange Teja Kukuwung; mulane diarani mangkono, awit
prabaning kembang, lapis pitu apindha teja, tur bunder kaya kuwung. Pentile
Kartika, tegese lintang. Wohe Budi Kawruh (budi sajati) dudu budi pakarti. Kang
enom pindha wulan, kang tuwa pindha surya. Awit tumraping kawruh iku oleh-
olehe yen durung tuwa (durung sembada), mung bisa wikan sawarnane kang
binudi; teranging pandulu mung kaya dene oleh papadhanging rembulan; dene
manawa wus sembada (tuwa), kaya dene oleh papadhanging surya. Kang mesthi
luwih cetha pandulune tinimbang karo pepadhanging rembulan mau. Dene isining
woh iku diarani ‘Anu’; awit isine iku kang dadi lantaran ananing Nu (endon), papan
calon wadhahing (karaton) wiji. Rasaning woh diarani ‘Rasa Asmara Jati’ (rasa
sajati); mulane diarani mangkono, awit rasane iku linuwih saka rasa sakalir.
Tuladhane ing arcapada kene, iya iku ‘rasaning asmara’ (rasane saresmi utawa
salulut).

Talutuhe diarani ‘Sari Kama Irang’; mulane diarani mangkono, awit sari iku ateges
rupa kang luwih dening alus, kama iku rupaning banyu saka kalumpukaning daya
lan rasa asmara; irang karepe ora saben wong bisa meruhi marang sangkan
parane, amarga banyu iku sirna tanpa kumpulan (tanpa dunung), muksa tan kena
ing rusak, uripe ilang manjing marang urip kang sakawit.

Pangkur :
Patut tinâtâ nèng wuntat, pupunthôné têtêpâ dadi bukti, nging yêktinéé yèn tan
putus, dèntâ myat mring Ad-hââmâ, sumawânâa mring Kadiwâ kang winuwus,
wawasan asmârâ tântrâ, pasthi dhahat kôntrang-kantring.

Sangkan Paran (20)

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 39

Dhek samana ing sajroning karaton Purwapada kono, durung ana padhang lawan
peteng, anane sunyaruri, tegese isih sepi, ora padhang orang peteng. Ananging
bareng isi ‘Panjenengane Karo’ (Ad-haama lan Kadiwa) lan ana wit Kayu Purwajati,
sumawana panjenengane tansah kudu kumpul, parmaning Hyang Guruning
Ngadadi (Hyang Suksma Kawekas), ing sajroning karaton kono banjur ana damare
gumandhul tanpa canthelan, sunare madhangi ing sajroning karaton saisine kabeh.
Iku diarani “Damarjati’: mulane diarani mangkono, awit damar iku padhang ora ana
kang nyuled (nyumet), murub tan sarana geni, padhange angluwihi, dalasan
panggonan kang legok luwih, jurang sirung isih kapadhangan dening prabaning
damar mau.

Sawise ana damare, Panjenengane banjur cetha pamriksane kakung lan putrine,
sarta cetha pamriksane ing sajroning karaton kono saisine kabeh. Bareng wis
mangkono, malah sangsaya adreng anggone kudu kumpul maneh dadi sarira
sawiji. Wusana banjur mahanani warana (aling-aling) kang minangka pagering
karaton iku, diarani ‘Pager Ayu’; mulane diarani mangkono, amarga iya iku mau
kang minangka wates utawa wengku sihing Pangeran, kang dumunung dadi
gagandhenganing sih tresna tumrap nyawaning priya lan wanita. Sawuse pepak
paraboting karaton, Panjenengane saya wuwuh anggone kudu kumpul dadi sawiji,
nanging meksa isih durung bisa kalakon, jalaran durung ana lantarane. Ing saiki
ingsun arep nyaritakake mula bukane kang dadi jalaraning ‘Panjenengane Karo’
banjur tumedhak ing arcapada kene:dhek mau ingsun wus nyaritakake nalika
Panjenengane Ad-haama durung miyos saka Guruning Ngadadi, wis ana jiwa
pirang-pirang kang urip ana sajroning pangrantunan, lan ana ing antarane
pangrantunan karo karaton Purwapada. Ing kono iku kang dumadi dhisik dhewe
diarani ‘JAN’. Mulane diarani mangkono, awit iku kang pancen baku dadi
lantaraning ‘Panjenengane Karo’ bisa tumedhak ing arcapada kene iki.

Mangkene gancare: Bareng sarirane Jan tansah katut kaiyun (kaeyun, kebandhul)
banjur tansah bisa anggepok ing sariraning Panjenengane Ad-haama lan Kadiwa
mau. Ing sarehning sarirane Kadiwa kang dhasar wus akeh woworane, kang
dayane uga padha karo dayaning Jan iku, dadi Jan iya banget gampange katut
kaserot lumebu marang sarirane. Bareng ing sajroning sarirane wus kalebon ing
Jan iku, banjur kagungan asmara (sengsem) iku diarani ‘Ayun’; awit anane iku
saka dayane ‘iyunan’.

Nalikane Kadiwa wus kadunungan ‘ayun’, sarirane saya mekar (wuwuh rosa), sarta
banjur jumbuh dadi sawiji lan ‘ayun’-e mau, kongsi kawawa anggendeng kalbune
pribadi nuju marang wohing budi iku. Kang mangkono iku diarani ‘kayun’ (karsa),
awit tekane lan kadadeyane saka kayu sarta iyunan. Dene tembung karsa, iku
saka tembung ‘mekar’ karo ‘arsa’. Samana karsane Kadiwa iku durung bisa

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 40

kaleksanan, awit Panjenengane Ad-haama durung kadunungan ing karsa iku,


amarga sarirane durung sapirowa woworane. Dadi saupama ora kagendeng
enggone tansah kudu kumpul bali dadi sawiji karo Panjenengane Kadiwa mau,
sing mesthi iya ora bakal kadunungan ‘asmara’ lawan ‘karsa’. Ananging saka
anggone kudu kumpul, ing mangka sarirane Kadiwa wis ora suci, dadi iya banjur
anjalari kurang sucine maneh marang Panjenengane Ad-haama iku. Wekasane iya
banjur mung tansah kena kagepok dening sarirane Jan mau, mulane bisa kalebu
ing sarirane kang isih suci iku. Suwe-suwe iya banjur dadi ‘asmara’ sarta uga
kongsi dadi ‘karsa’. Bareng wus kadunungan ‘asmara’ kabeh, banjur sangsaya
wuwuh rosa enggone kudu kumpul. Saking padha rosane iya kalakon bisa kumpul
maneh, nanging ora bisa jumbuh dadi sawiji, amarga sarirane karo wis banget ora
sucine.

Bareng sarirane karo wis gathuk, kang bisa luluh mung karsane bae jumbuh dadi
sawiji. Sumawana sarirane Jan mau banjur jumeneng ing sajroning jumbuhe karsa
mau, wusana andadekake gumolonging karsane, nuju marang wohing budi mau.
saking daya gumolonging karsa, kawawa anggendeng ing who mau, kongsi bisa
kalebu marang sarirane karo, dumunung ana ing sarira kang wus ora suci iku.
Sarehnuing Panjenengane Ad-haama iku durung sapirowa regede, dadi wohing
budi mau iya banjur mung bisa ana ing sarirane kang njaba bae. Dene kang bisa
kandhas lumebune, lan kongsi bisa dumunung ana ing telenging sarira, iya iku
kang marang Panjenengane Kadiwa. Dhek mau wus ingsun terangake, yen wohing
budi iku isine diarani ‘Anu’, rasane sajati. Mulane bareng wus kalebon who mau,
iya banjur kadunungan isi karo rasane who iku (anu asmara rasa sajati).

Sangkan Paran (21)

Bareng sarirane karo (Ad-haama lan Kadiwa) wus kadunungan iku, banjur katara
banget yen ana cacade, sarta sakarone iya padha sumurupe. Cacad iku diarani
‘wada’, iku ateges raketan karo jiwa, sarta salawase ora bisa suda. Kang
mangkono iku anjalari beda karo maune. Sawuse ana wadane, sangsaya kenceng
karsane enggone kudu kumpul, supaya sarirane bisowa jumbuh maneh dadi sawiji,
nanging iya sangsaya ora bisa kalakon, jalaran wus kaling-kalingan wadane mau.
Saka daya serenging kang tansah ora kasembadan mau iku banjur anuwuhake
bobot, sarta malah ora bisa mathuk (jumbuh) karo karatone iku. Mulane banjur
gampang linggare saka sajroning karaton kono, kang satemah banjur bisa katut
dening tumurune sorote Guruning Ngadadi. Mulane Panjenengane kongsi
kabuncang tumedhak marang karaton antarane Pangrantunan lan karaton
Purwapada iku. Dene karaton mau diarani karaton Antarapada. Mulane aran
mangkono, awit dununging karaton mau, ana ing antarane karaton Purwapada
karo Pangrantunan mau.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 41

Panyela saka Redaksi Djawa Boedi Moerni (Mijil) :


Duk winijang nèng sêkar pamijil, jroning tyas tuwajôh, anjajagi mring sangkan
parané, paran êndi ingkang dèn idaki, sangkané sing pundi, lo kôk râdâ éwuh.
Rèhning mêngko wus pâdhâ tan suci, kuciwané katôg, katalikung mring murkâ
kang lèngkèt, paran bâyâ dènira mumulih, mung Sang Budi Murni, kang lêbdâ wèh
tuduh.

Sang Wiku :
Dhek mau wus ingsun terangake, sadurunge Panjenengane tumedhak ing karaton
antara kono, wus ana jiwa kang urip. Dene sarirane jiwa kang urip ana ing kono iku
diarani ‘Andaru’; iku iya isih arupa cahya, nanging akeh banget bedane karo
pulung, luwih maneh karo wahyu. Ewa samono Panjenengane kepeksa kumpul lan
jiwa kang ana ing kono, nanging iya tansah ora bisa mathuk, jalaran beda
kaananing sarirane. Amarga saka kang mangkono iku, suwe-suwe banjur
katedhakan samburate Guruning Ngadadi. Ana ing kono banjur dadi aling-alinge
Panjenengane, lan jiwa kang asarira andaru mau. Wates iku diarani ‘Kalarat Suci’.
Mulane aran mangkono, amarga tekane samburat iku banjur nyelani; samburate
mau bisa ngaling-alingi Panjenengane karo jiwa kang anha ing kono, sarta kang
isih murni saka kang Maha Suci. Dadi sakehing jiwa kang ana ing kono iku mau
ora bisa magepokan karo Panjenengane. Jalaran saka rosaning kalarat mau
kongsi ora ana kang bisa mengkang, kajaba mung kang ‘Jumeneng Suci Pribadi’
bae.

Liya saka dadi aling-aling tumrap Panjenengane lan sakehing jiwa kang ana ing
kono, kalarat iku iya banjur dadi aling-aling tumrap Panjenengane Ad-haama,
enggone marak marang ngarsane kang Maha Suci, kaya dhek nalikane durung
kawoworan. Sawuse ‘Panjengane Karo’ kaling-kalingan dening kalarat iku banjur
rumangsa primpen banget, kongsi ora kena kagepok dening jiwa liyane, dadi iya
saya mantheng anggone anutugake karsa bisane jumbuh dadi sawiji karo garwane
iku. Ewadene iya tansah ora bisa kasembadan bae, anjalari andadekake banget
mathuke karo panjenengane ‘Jan’, kaya kang wus katerangake ing ngarep mau.
Amarga saka mangkono iku, banjur krasan banget ana ing kalbune Kadiwa, kongsi
bisa jumbuh lan karsane, sarta tansah anggendeng asmara marang
Panjenengane Ad-haama. Saking kencenging karsa iku, nganti bisa ambuntel
karsa mau.

Sawuse karsane kebuntel banjur saya wuwuh rosane anggone kudu anunggalake
sarirane, sarta mung tansah guled templek ora uwal-uwal; nanging malah ora bisa
jumbuh, kajaba mung rasane ‘asmara jati’ bae kang tansah bisa jumbuh.
Jumbuhing asmara jati iku, bisa anggendeng kaanan pirang-pirang, sarta bisa

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 42

ngendhegake kekedhere Guruning Ngadadi. Tempuke daya kaanan pirang-pirang


karo kekedher mau, andadekake ‘jêjêr’ (adeg-adeg) ana ing kalbuning Ad-haama,
kang ing tembe bakal amengku sakehing daya ing sajroning kalbu kono.

Sangkan Paran (22)

Bareng wis ana ing sajroning karaton kono, wus wuwuh kadunungan ‘jêjêr’
(wengkuning daya), banjur anjalari wuwuhing bobote. Mulane bareng kataman
dening kekedhere Guruning Ngadadi, iya gampang kabuncange maneh, sarta
tumedhak ing karaton Antarapada kang kapindho, arane ‘dwipada’. Ana ing kono
saya gampang anggone kataman dening dayane kaanan dumadi, kayata: dayaning
Pramana lumebu sajroning kalbu, tempuk lan soroting Guruning Ngadadi sarta
soroting surya, kawawa urip ana ing sjroning jêjêr kono, banjur arupa geni, diarani
‘Pramana Tunggal’. Awit iku mau iya uga pramana nanging tunggal kaanane karo
kalbu kita pribadi, rupane cahya lapis telu, dhasare kang kapisan katon kuning
mancorong. Iku kedadeyan saka sorote Guruning Ngadadi. Dhasaring lapis
kapindho abang mrengangah, iku saka soroting surya. Kang ing njaba warnane
abang semu biru, iku saka soroting Pramana. Pramana Tunggal iku sejatine geni
kang dumunung ana sajroning kalbu kita pribadi, kang nguripi sakehing piranti ing
sajroning kalbu.

Ana maneh kang saka soroting lintang, gathuk karo soroting Guruning Ngadadi,
kawuwuhan daya jiwaning urip kang ana ing Antarapada. Iku uga banjur kawawa
urip ana ing sajroning jejer kono, arupa cahya iya lapis telu. Dhasare ing jero
dhewe kuning enom, lapise maneh ijo pupus, iku kang saka dayaning urip kang
ana ing karaton Antarapada. Kang ing njaba biru, iku kadadeyan saka kedhering
lintang sore. Dumadining kaanan kang mangkono iku diarani ‘wasesa’, yaiku angin
kang dumunung ing kalbu kita pribadi, anjalari dadining ambegan (napas). Mulane
diarani ‘wasesa’, awit iku kang marakake kuwat lan yen ora kabeneran bisa
andadekake rusak.

Ana maneh kang saka kekedhering ‘lintang panjer’, kawuwuhan sorot samburate
uruning Ngadadi sarta dayaning rembulan, uga bisa urip ana ing sajroning jejer
kono. Dene dhasare arupa kuning enom mancorong, lapise maneh kuning kaya
kunir, kadadeyane saka dayaning rembulan, kang ing njaba wungu enom: iku kang
asale saka lintang panjer, yaiku kang diarani ‘jati’, langgeng tan masesa lan tan
amurba, tan kawasesa tan kapurba. Yaiku banyu sajroning kalbu kita pribadi
(banyuning kamanungsan). Mulane diarani mangkono, awit iku kang tansah dadi
ancur (panglengket) pirantining urip kita nalika urip nyandhang raga ana ing
arcapada iki. Iku ora kena diowahi lan iya ora ngowahi. Dununge ora ana ing njaba,
nanging iya ora ing njero, ora ngrusak lan ora kena rinusak. Dene anggone diarani

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 43

‘banyu kamanungsan’, awit iku rupane iya banyu sarta kang dadi lantaraning ‘anu-
asmara-rasa-jati’, dumunung ana ing badan kita iki.

Ana maneh kang kadadeyan saka dayaning ‘Jan’, kawuwuhan saka soroting
‘lintang rena’ sarta dayaning ‘pramana jati’. Iku uga banjur bisa dadi kaanan lan
urip ana ing jejer kono, rupane cahya lapis telu. Dhasare kuning semu abang, yaiku
saka ‘pramana jati’: lapise maneh ijo maya-maya, iku saka dayaning ‘lintang rena’;
kang ing njaba abang semu biru, iku saka dayaning Jan. Kaanan kang mangkono
iku diarani ‘Purba-jati’. Iku kang nguwati sakabehing urip kang ana ing sajroning
kalbu kita pribadi sarta dadi panuntuning kaanan urip iku kabeh. Mulane diarani
mangkono, awit iku kang dayane ngluwihi santosa tinimbang karo dayaning
kaanan urip kang ana ing sajroning kalbu kita iku mau, sarehning rupane luwih
dening alus, ora kena wineruhan dening pamawasing netra karo kang kasar iki.
Mulane iya uga banjur diarani ‘Suksma’. Dene suksma-suksma kang wus ingsun
caritakake iku kabeh, tansah jinatenan dening Guruning Ngadadi. Sawise
kadadeyan mangkono, sarirane Ad-haama banjur gampang katute dening lakuning
sorote Guruning Ngadadi, satemah tumiba ing jroning karaton Pangrantunan. Ana
ing kono banjur kandheg watara suwe sarta kawuwuhan dayaning jiwa pirang-
pirang. Iya ing kono panggonaning rimbagan (cithakan) bakal sarirane kang diarani
wadhag (raga), kang bakal disandhang ing arcapada kene iki, apa dene
dumadining rupa lanang lawan wadon. Samene bae dhisik ngger ! Banjure bakal
kacarita ing mburi lan ingsun nduweni pangarep-arep supaya sira ing tembe padha
bisa mengku kautaman.

Redaksi Djawa Boedi Moerni (Durma) :


Datan mundur nggèn ulun ngudi wêwarah, kang saking Budi Murni, sanajan ing
ngarsâ, luguné wus ngalélâ, saliring wulang wêwêling, mrih ginilutâ, anging kudu
lêstari.

Sangkan Paran (23)

Wiyose, dhek samana ingsun wus nerangake bab karaton pangrantunan, kang
minangka rimbagan calon peranganing badan wadhag (raga), sarta dumadining
rupa lanang lawan rupa wadon. Ing samengko banjur amratelakake bab
dumadining kaanan kang saka karaton pangrantunan mau.

Ana dene dayaning surya lan wohing kayu sajati kang ginendeng dening
asmaraning Ad-haama lan Kadiwa, iku kataman dening kekedhering Pramana
maanani dadining ‘budi pakarti’, iya iku ‘akal’. Iku kang calon bisa nuwuhake piranti
peranganing raga kang alus-alus, kehe ana pitung rupa, kabeh dumunung ana ing
sajroning wadhag kita iki.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 44

Jinem, iku dumunung ana ing sajroning kembang gedhang utawa jantung. Tegese:
anane mung sawiji nanging nduweni daya nenem. Yaiku: pangrasa, pangrungu,
pangambu, pangucap, paningal sarta bibiting lara lan waras. Kang limang rupa ing
ngarep (pangrasa, pangrungu, pangambu, pangucap lan paningal) lumrahe diarani
‘Panca Indriya’, tegese: panca iku lima, indriya iku ati angen-angen. Wondene kang
kaenem (bibiting lara lan waras) iya kang diarani ‘Sanu’ utawa ‘Engetan’. Sanu iku
padunungane ora ngemungake ana ing sajroning kembang gedhang (jantung) bae,
nanging bisa numusi marang sandhuwuring irung, kaprenah ana ing njero,
saantarane netra karo. Mulane padunungane tumusan mau banjur diarani ‘panon’,
karepe ‘papaning anon’.

Dene rupane budi pakarti mau arupa cahya lapis pitu, lan kena dinyatakake
kaanane temenan. Mulane manawa sira padha setya tuhu ing pangudi, manut kaya
satataning patrap kang bakal ingsun caritakake iki, iya wus mesthi bakal padha
mikani (mangerti) marang kasunyatane dhewe-dhewe. Ananging sarehning budi
pakarti mau kagolong wus cedhak banget karo kang bakal wiwit sira udi, dadi iya
ora prayoga ingsun terangake dhisik mungguh rupane, supaya ora anjalari
ketentaning atinira.

Kajaba kang wus ingsun terangake mau, ana maneh kang dadi ganepe warna
pepitu mau, iya iku diarani ‘cipta’ kang dumunung ana ing sajroning ati kang
disebut ‘puat’. Mungguh kaanan rupa pitu ing sajroning kalbu kita mau lumrahe
ginawe ucap-ucapan nganggo pasemon, dielih arane dadi ‘langit pitu’. Dene kang
ngarani kaya mangkono iku iya wis bener nanging aja sira tampa lamba bae, lan
aja sira anggep manawa iku mau langit kang gumelar iki, sanyatane iya langitira
dhewe. Mungguh karepe pasemon kang mangkono iku, ginawe nelakake ora ana
bedane karo langit kang gumelar ing kene iki. Apa maneh tansah rasuk-rinasuk,
tetep-tinetepan, lan saksi-sinaksenan. Yen wus mangkono, sadhengah kang
angudi marang ‘kawruh sajati’, kang oleh-olehane wus timbang karo kaanan isen-
isening jagad, sarta wus nyatakake rasuk-rinasuk, seksen-sinaksen, iya iku kang
wus aran bener temenan. Amarga manawa durung mangkono, tartamtu durung
bisa nandhing marang bener luputing kawruh mau. Dadi yen mangkono, pakolehe
banjur mung nganakake para bantah rebut becik, rebut bener, kongsi kalakon dadi
pasulayan. Mulane mangkono mau jalaran siji lan sijine padha ora ngakoni lupute,
sarta amarga saka durung mikani marang wawatone. Kang mangkono mau,
mungguh ing pamikiringsun, kaya-kaya ora prayoga dilakoni. Jalaran bakal
marakake ora weruh marang luput lan kalirune dhewe. Kang becik dhewe, mung
kudu nyuwun bebeneran marang ‘Kang Among Dumadi’, supaya pinaringan weruh
kaluputane dhewe. Wekasane banjur bisa milah-milah, lan bisa anisihake kang
dadi reribed sarta pepetenge, kang bisa nuwuhake giliging tekade. Manawa wus

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 45

tumeka samono, sanadyan diluputna dening wong sajagad pisan waton Ywang
Suksma Kawekas ora ngluputake, iku sayekti ora ndadekake ciliking ati. Mulane
pamintaningsun marang sira kabeh, ing sabisa-bisanira padha niruwa wawatakan
kang mangkono iku mau. Dene manawa sira ora gelem niru, apa dene ora
anggugu pituturingsun iki kabeh, nyata yen ingsun iki kena diarani dudu gurunira,
dening ora nocogi marang kaanane.

Mangka kang diarani guru iku, sajatine iya wong kang patut digugu pituture, lan
ditiru kalakuwane. Kajaba guru kang awujud kaya ingsun iki, satemene iya ana
maneh gurunira kang sajati, dumunung ana ing sira dhewe, iku wohing kayu sajati,
kang diarani Hyang Guru Budi. Nanging iya isih ana sor-sorane, iya iku ‘Budi
Pakarti’ (akal).

Sangkan Paran (24)

Mungguh panganggepira marang guru iku mau, iya aja bineda karo ingsun iki,
jalaran samangsa ora gelem anggugu marang sarehing gurune iku diarani wong
kang cidra marang awake dhewe, dadi bisa uga anjalari ora tumeka saliring
panedyane, kang amarga tansah nyimpang saka karsaning gurune mau.

Mangkono mau kena diarani kapilut dening panggodhaning iblis, kang tansah
duwe pangarah nasarake marang jiwaning manungsa kang sajati, murih bisowa
dadi kancane. Beda banget karo wong kang ambangun turut, gelem anggugu lan
gelem niru marang gurune, kang mesthi iya bakal nemu wawengan tumrap ing
panggayuhe mau. Sarehning guru iku karepe mung anggelarake kang nyata sarta
kang tinemu ing nalar, dadi muride iya kudu mangkono.

Sang Guru iku sanyatane ora karsa tegelan (mentalan), lan ora sengit marang
sakabehing dumadi, nanging tansah angayomi kalawan tresna asih bae. Tandhane
sanadyan marang wong kang nduweni wawatekan drengki, srei, panasten,
dhahwen, open, jail lan muthakil pisan, iya meksa isih ditresnani lan diasihi.
Mangka sanyatane watak-watak kang mangkono iku mau kabeh, arane nyimpang
saka watak lan karsaning guru, suprandene isih kadunungan sihing guru,
kanggonan panca indriya, sanu, cipta lan liya-liyane.

Ana dene guru iku ora karsa cidra, tandhane sing sapa gelem ngudi sarta
anggayuh kalawan temen-temen marang kang diesthi, wus masthi iya tinemenan.
Sang Guru ora karsa nacad lan ora karsa pameran, awit sasolah bawa sarta
panemuning manungsa iya mung dianggep sarwa kabeneran bae. Sang Guru
ambeg paramarta, nyatane sanadyan marang wong kang banget nyimpange, lan
matumpuk-tumpuk kaluputane, ewadene iya ora nemu duduka utawa pidana.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 46

Sawuse ingsun aweh pemut mungguh kang dadi laku lan bubuhane wong dadi
murid, ingsun ambanjurake maneh gancaring wawarah mau, sarta ora ingsun
wedharake kabeh, supaya ora andadadekake pakewuh lan rekasaning
panampanira. Ing pangarah, supaya aja nganti kaliru surup, utawa kaliru ing
panindakira.

Dhek mau ingsun wus nyaritakake ing sajrone kalbuning Ad-haama, lan kang dadi
papatihe, iya ‘budi’. Saiki ana maneh kadadeyan saka kedhering lintang sarta
prabaning ‘damar jati’, kawuwuhan soroting ‘Pramana’, iku uga dadi perangan kang
alus ana ing sajroning kalbu, satemah kawawa urip sarta maanani bebadan pitu
arupa cahya iya lapis pitu, arane ‘Damarmaya’. Mulane diarani mangkono, amarga
rupane pancen kaya damar, nanging padhange mung maya-maya bae, uripe tanpa
sumbu, iya iku kang amadhangi paningal kita iki. Ana dene calon peranganing
piranti pipitu mau, iya iku: otot alus, diarani ‘ada ini’ iku dadi kekuwatan ‘ada-ada’,
kang bisa maanani piranti gandhenging ‘jagad gedhe’ lan ‘jagad cilik’. Otot rada
alus maneh, diarani ‘nadi’, tegese kena ginawe nata marang kaanan sajroning raga
pribadi. Ana maneh diarani ‘dhuwuran’ (polo utawa uteg), iku sawijining papaning
piranti kang kanggo anggandheng gathuking kaanan ing njaba lan ing njero, iya iku
budi saka rerehane. Banjur ana maneh ‘limpa’ utawa kebuk (paru) kiwa tengen, iku
piranti wadhahing hawa. Kang kiwa minangka wadhah lumebuning hawa saka ing
njaba, kang tengen minangka paleremaning hawa kang diwetokake. Nuli ana
maneh ‘jiling’, iku piranti maligekake lan anglaras supaya bisane mathuk karo
dayaning budi kang banjur diarani kakandhanganing rasa kang saka ing njaba lan
saka ing njero.

Ana maneh kang kadadeyan saka dayaning rembulan, kawuwuhan kalumpukaning


daya kang saka sakehing jiwa, gathuk karo dayaning kaanan pirang-pirang kang
ana ing langit, kayata: swasana, hawa, amun-amun, teluh sarta mega, kawuwuhan
maneh saka dayaning Pramana, iku banjur dadi sawijining kaanan, piranti kanggo
ganeping bebadan: dununge ora ana ing njero kalbuning Ad-haama, ananging ana
ing njero kalbuning Kadiwa. Geneya teka mangkono? Iya, awit dayaning kaanan
pirang-pirang kang dumadi mau, kabeh mathuke karo sarirane Kadiwa. Wruhanira,
yen sajroning kalbune manungsa iku, ana isine lanang lan wadon, iya kang diarani
‘sajatining lanang’ lan ‘sajatining wadon’.

Sangkan Paran (25)

Mulane aja padha sira sengguh manawa sajatining lanang lan sajatining wadon
mau awujud baleger utawa janggerenging rupa, ananging sumurupa yen kaanan
kang mangkono mau ora langgeng lan uga sok sulaya, ora tetep lan iya ora temen.
Tandhane: ana balegering rupa, kang saben wong padha ngarani lanang, nanging

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 47

nyatane ora lanang temenan, jebul ‘wandu’. Ana maneh rupa wadon, ora wadon
temenan, nyatane ‘kedhi’. Saka pangiraningsun saben wong mbok manawa iya
padha sumurup, mungguh kang diarani ‘kedhi’, wadat utawa wandu mau, ewadene
kang dadi jalarane arang kang bisa sumurup.

Mara coba sapa kang wus sumurup sabab-sababe kang mangkono iku, pratelakna
ana ing ngarsaningsun kene, supaya dipiyarsakake dening sadulurira kabeh .
Ananging manawa sira durung ana kang wikan, ing tembe rak iya padha
kasembadan mikani marang prakara iku, angger sira padha temen-temen
pambudinira marang saliring wawarahingsun iki ing sapiturute. Kawruh iku mau,
saka panemuningsun prayoga banget tumrap para mudha, kang padha bakal
anuwuhake wiji (anak). Utamane manawa wus bisa sumurup ing sadurunge darbe
garwa. Dadi ora mung ngugemi marang pitutur utawa pralambang lan pasemon
saka wredha bae, nanging iya kudu sarana ambudi mungguh ing kasunyatane.
Ana unining pralambang mangkene: “Wong anom iku durung kena angguguru,
manawa durung satengah tuwa”. Pitutur iku pancen bener sarta kapara nyata,
nanging aja sira tampa kalawan lamba bae: awit yen miturut unining ukara, pitutur
mau ateges kenane ngudi kawruh iku, ngenteni yen rambute wus putih, utawa
pakulitane wus padha kisut. Mangka manawa ditimbang kang kongsi tinemu ing
nalar, satengah tuwa iku, kang tuwa iya bebudene, kang tuwane mau dhasar tuwa
dhiwasa, marga bebudene wus sarwa santosa, lan ora gampang ginendeng dening
hawa kamurkaning ati. Kosok baline, sanadyan wus kempong perot, rambute
mabluk lan gegere wungkuk, yen atine mung tansah nuruti marang ubaling
angkara bae, iya banjur aran wong tuwa – tuwas, jalaran nyatane mung ragane bae
kang luwas: dadi banjur tetep wong tuna ing budi, dening ora mikani marang rasa
kamanungsane.

Kang mangkono iku mau kabeh, muga padha sumurupana murih dadiya tepa
palupinira, salusuren mungguh bener lan lupute; apa maneh padha tindakna murih
prayoga tumrap marang awakira dhewe. Samengko ingsun banjurake maneh bab
genepe isen-isening kalbu, kang bakal maanani pirantining badan wadhag utawa
raga. Sakabehing rupa kang kasar iku, kadadeyane saka kumpuling daya kaanan
tetelu, kang wus dadi bunteling pramana, iya iku kang diarani ‘pratiwi’. Ana dene
pratiwi iku gampang dinulu, lan minangka wadhah utawa wengkuning kaanan
kabeh, kang ana ing sajroning kalbu kita, mulane iya banjur aran wadhag.
Mungguh wadhag kang ana ing njero iya iku: ginjel, pusuh, jantung, ati, usus,
wadhuk lan paru utawa kebuk. Dene kang ana ing njaba yaiku: wulu, kulit, getih,
daging, otot, balung lan sungsum.

Sawuse pepak calon adon-adon mau, ‘panjenengane karo’ banjur gampang


kaserote dening dayaning ‘pramana jati’, banjur bisa linggar saka ing

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 48

‘pangrantunan’, tumedhak marang ing arcapada kene iki. Aling-alinge kang diarani
‘kalarat suci’, uga banjur katut dening tumedhaking Ad-haama lan Kadiwa mau.
Nalika tumedhaking sarira karo iku, lakune cumlorot kang rikate angluwihi marang
sakabehing titah, nganti anjalari gègèring jiwa-jiwa kang ana ing langit lan ing
pangrantunan kono. Kang cedhak karo panjenengane, padha ngetut marang
tumedhake mau, sarta iya banjur tumuwuh ana ing donya kene. Duk nalika
panjenengane tumedhak, pinethukake dening ‘Hyang Pramana Jati’ kang banget
kedher lan sesere, kaya dene asung pahargyan. Kekedhering pramana mau wus
bisa anggepok marang sarirane karo, kalarat suci banjur (ambyar) sirna padha
sanalika, bali marang pinangkane lawas. Dene ‘panjenengane karo’ banjur padha
tumedhak marang agraning wukir Cakrawala, kapernah ing bawana iring lor. Saiki
negesake gunung Cakrawala. Cakra iku buwengan, wala iku wadhahing babakal
(wiji) dadi Cakrawala mau karepe: sawijining buwengan kang papane katon moncol
dhewe ing sajroning bawana iki, sarta dadi papan padunungan tumuruning wiji
kamanungsan. Sarehning jagad gedhe lan jagad cilik iku kudu timbangm tetep-
tinetepan lan saksi-sineksenan, dadi karo-karone mau iya padha anane lan padha
nyatane, bedane mung kasar karo alus bae.

Sangkan Paran (26)

KSM :
Kuciwa sethithik jalaran ana wedharane Sang Wiku sing ilang (lembar bundhel
kalawarti Djawa Boedi Moerni kasuwek). Senajan ora akeh, nanging sajake kok
penting, yaiku katerangan kang nyaritakake Tumedhaking Ad-haama ana ing
bawana kasar kang kita enggoni iki. Kanggo iku, KSM nyuwun gunging
pangaksama.

Pambuka (Mijil) saka Redaksi Djawa Boedi Moerni:


1. Yèn ngaurip tansah awas éling, lângkâ kang kalakôn, tumâmâ mring pakarti
kang dédé, dadi datan nglirwakkên papali, jêr karsèng Hyang Widi,
sanggyaning tumuwuh.
2. Kinèn ngliling mring ânggâ pribadi, ngruruh karahayôn, pamrihirâ tan kurup
uripé, awyâ mirông mring wawarah jati, jatmikâ ing batin, tatanên saèstu.
3. Lah lalarên gyantâ angulati, tâtâ kang wus matôn, lêgutaknâ ngilangkên
sumlangé, mrih kawêdhar kudhupirèng kapti, satêmah lêstari, tindak kang
tumanduk.

Sang Wiku :
Dhek samana ingsun wus anyaritakake bab purwane ana aran semadi, iya
nalikane Ad-haama kasengsem marang kang adi (edi, endah). Mungguh tembung
semadi iku saweneh ana kang nembungake ‘Sumadi’, kang pinangkane saka

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 49

gerbaning tembung ‘su’ lan ‘sandi’. ‘Su’ ateges luwih, ‘sandi’ iku werdine ora
gampang wineruhan (samar). Dadi wutuhe: ambiyak warana pelenggahaning Kang
Maha Luwih, iku sayekti ora gampang wineruhan. Kacarita Ad-haama wus bisa
kalakon bali marang padunungane lawas, nunggal karo ‘Kang Sandi’ mau
(Guruning Ngadadi). Ananging sanadyan wus mangkono, sarehning kang mau Ad-
haama iku sarirane wus kalakon gegepokan karo unusane, iya Kadiwa iku, dadi iya
isih katempelan daya saka sariraning Kadiwa mau. Jalaran saka kang mangkono
iku, banjur andadekake ora suwe anggone ana ing papan kono. (Katekane ana ing
puncaking semadi utawa ‘luyut’ iku mung sakeplasan, ksm).

Sarehning Guruning Ngadadi iku ajeg enggone kedher, nyiprat, nyoroti sarta
nglimputi, dadi iya kaya mangkono iku enggone maringi ‘urip’ marang para titahe,
dadi sasambungane daya kang saka Ad-haama lan Kadiwa mau. Bareng
dayaning Kadiwa wus arep gathuk karo dayaning Ad-haama, samana Ad-haama
banjur gampang enggone ginendeng dening tumuruning sorot lan kekedhere
Gurunuing Ngadadi. Tumurune ora beda karo dhek nalika isih sinebut cipratan
Guruning Ngadadi, lakune cumlorot tumurun marang ing arcapada maneh.
Sarehning kang ana ing arcapada, lan kang pancen dayane wus gathuk karo Ad-
haama iku mung Kadiwa, dadi paraning Ad-haama mau banjur tumuju marang
padunungane Kadiwa. Nalika samana Ad-haama durung kadunungan daya
panggendeng, mulane satekane ing kono, iya banjur kataman daya
panggendenging Kadiwa mau. Dadi wiwit nalika iku enggone bisa kalakon jumbuh
rasane sarira loro-lorone mau.

Kang mangkono iku banjur dadi pasemon: “Curiga wus dumunung ana ing
arangkane”. Mulane ing samengko banjur genti pangrasuke, iya iku sarirane
Kadiwa banjur dadi agem-agemane Ad-haama. Bareng wus mangkono iku, Kadiwa
banjur sangsaya wuwuh gambirane: anjalari dadi mekar lan kasaring sarirane.
Ananging enggone mangkono iku ora bisa ajeg, amarga wus dumunung ana ing
arcapada. Malah-malah Kadiwa banjur tuwuh karepe, nedya anuruti murih bisane
tansah magepokan karo dayaning rasa kaanan kang wus gumelar ing arcapada iki
kabeh. Mulane karepe mau iya banjur bisa kalakon. Dene nalika samana enggone
nyambung rasane sakabehing kaanan, mung sarana molahake sarirane, iya iku
kedher, seser sarta anyerote. Amarga surya candra lan kartika tansah andayani
marang sarirane, sarta kawuwuhan sumuking pramana, lan tansah kataman
dening uwabing pratala, iku iya banjur maanani daya kang kawasa agawe dadining
babakal peranganing sarira kaya kang wus ingsun terangake ing ngarep.

Sangkan Paran (27)

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 50

Saya suwe sarirane wadhag kang ing njaba banjur dadi arupa wadhag kabeh,
sarta sangsaya mundhak agale, dadi iya saya wuwuh rosa enggone nyerot marang
sarupaning daya kaanan kang gumelar iki. Suwe-suwe citraning sarirane Ad-
haama malih dadi pating pretnol, pating prenggik lan padha bolong-bolong.
Bolongan iku mau kang minangka dalan panyerot lan panyambunging daya
marang sarupaning kaanan kang tumuwuh ing arcapada iki.

Bareng sangsaya banget kasare lan wus ora bisa mathuk dumunung ana ing
Maliawan kono, dadi banjur ngalih marang sukuning gunung Cakrawala kang sisih
wetan, diarani tanah Butan, iya iku panggonan gumelaring hawa. Sawuse kataman
dening dayaning hawa pirang-pirang kang ana ing kono, banjur saya santosa
karepe enggone tansah gandheng dayaning rasa karo sakabehing tumuwuh.
Mungguh karep kang mangkono mau iya bisa kasembadan kabeh, mulane bareng
wus gandheng dayaning rasa mau, suwe-suwe banjur katuwuhan daya
pepenginan kang saka enggone ngumpulake marang sakabehing rasa kang
tumuwuh ana ing pratala kabeh.

Bareng kapengine kang mangkono mau bisa kaleksanan, banjur amuwuhi rereged
kang anjalari dadi saya agal lan kasare marang sakabehing wadane. Mulane ing
samengko banjur dadi titah kang luwih dening apes utawa asor, jalaran sarirane
wus meh ora beda karo bangsaning sato. Iya mangkono iku kang marakake dadi
sangsaya banget ubaling hawa kekarepan lan pepeinginane mau. Bareng wus
suwe enggone ana ing kono, lan ora kasembadan kang dadi kekarepane, tumuli
ngalih marang panggonan liyane, parane ngidul dumunung ana ing sawijining
papan kang diarani ‘SIAK’. Wiwit nalika iku sarirane Kadiwatansah sasrawungan
sarta magepokan karo bangsa tetuwuhan lan bangsa sato. Amarga saka kang
mangkono iku, saya suwe banjur sangsaya ngambra-ambra karepe. Ananging
bareng banget ing kulinane, rasane Kadiwa banjur sangsaya matuh enggone nuruti
marang daya pepinginan kang wus kawedhar iku, bisa maanani bebadan kasar,
kang gampang ginepok utawa ginrayang. Satemene awak iku bisane widada daya
kekuwatane iya amarga saka rasuk-rinasuk rasane karo sakabehing tumuwuh
kang wus padha abebadan kasar utawa awak. Dene sarupaning bebadan kasar iku
kang santosa dhewe enggone padha daya-dinayan karo sariraning Kadiwa, iya iku
mung tetuwuhan sarta kakayon utawa wit-witan. Sarehning sariraning Kadiwa mau
wus kulina tansah daya-dinayan lan gegepokan karo sarupaning titah kang wus
kasar-kasar, dadi bareng kataman dening sunaring surya candra lan kartika,
kawimbuhan dayaning pirang-pirang kang ana ing langit, sarta daya uwabing
pratala, lan kekedhering pramana, sarta maneh sumuking jaladri, iku banjur
anduweni patrap mamangan kayadene patraping bangsaning sato. Malah
pamangane mau ora mung saka dayaning rasane bae, ananging banjur gelem
mamangan marang awak-aweaking tetuwuhan lan gegodhongan. Saya suwe nuli

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 51

gelem mamangan marang papadhaning urip kang arupa sato, mulane banjur tetep
arane dadi tidah kang papa nistha sarta apes, ora beda karo bangsaning sato. Yen
mangkono, kaanane mau dadi luwih papa lan luwih nistha tinimbang lan bangsa
sato. Dene tandha yektine, kadunungan wawatekan tegelan utawa mentalan,
dhemen agawe papati marang papadhaning tumitah. Ora weruh yen iku mau
kabeh kang bisa dadi pitulungan amikuwati marang awake. Apa mangkono ora
tetep aran titah kang papa lan nistha ?

Lumrahe wong urip ana sajroning arcapada iki, wewatekane kang mangkono iku,
wus ora dianggep apa-apa, kepara mung dianggep prayoga lan utama bae.
tandhane ingsun wus kerep ngrungu marang ujaring wong kang pancen
kadunungan watak mangkono iku, manawa manungsa urip ana ing arcapada iki
diwenangake murba masesa lan nguwasani marang sakabehing tumitah. Iya ujare
kang mangkono iku kang banjur dianggep sawijining pasaksen, anetepake yen
manungsa iku titah kang luhur dhewe ana ing arcapada iki.

Ana pitakon, manungsa kang wus andurusi marang kekarepane mangkono mau,
apa iya wus nyata bener, utawa wus cetha panganggepe? Mara sapa kang bisa
nerangake bener utawa lupute? Coba wawaninen anglairake rembug utawa
gagasan kang becik, supaya padha dirungokake marang sadulurira, lan dadi
tuladha sabanjure. Pangiraningsun, teka iya bakal ana kang kasdu anglairake
panemune ana ing ngarsaningsun kene. saiki wiwit gagasen, ingsun enteni ing
sawatara. Ing semu wus rada suwe enggoningsun ngantarakake, durung ana kang
angandharake panemune tumrap marang prakara iku. Kang prayoga putraningsun
pambarep bae, kang ingsun bubuhi medhar gagasane. Mara majuwa lan terangna
ing sagaduging panemunira, aja nganggo ewuh sarta pakewuh. Manawa ana
kekurangane utawa nalisir saka wawaton kang bener, mengko ingsun kang bakal
anyulangake.

Sangkan Paran (28)

Aturipun Siswa Pambajeng :


Kula nuwun Sang Panembahan, kula mundhi dhawuh paduka ingandikakaken
medhar gagasan ing sagadug-gadugipun. Ananging sarehning kula rumaos dereng
jembar ing seserepan, punapa malih dereng lebda dhateng prakawis punika, dados
inggih mboten badhe saged anggamblangaken dhateng para ingkang mirengaken.
Ewadene salebeting manah, kula namung rumaos bingah, sarta mboten
anggadhahi uwas sumelang, denng wonten ing ngarsanipun Sang Panembahan.
Awit lepat leresing wedharan kula wau, badhe lajeng kauningan dening Sang
Panembahan, ingkang malah lajeng saged pikantuk pitedah utawi tinuntun dhateng
leresing seserepan. Anglengkara sanget saupami kula lajeng tampi dudukanipun

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 52

Sang Panembahan, dening kalintunipun wawedharan kula, dhestun namung badhe


angsal papadhang ingkang badhe tumanja dhateng kula sakadang. Makaten
pamanggih kula :

Wiyosipun, menggah watak tegelan dipun anggep dede punapa-punapa, punika


ing sajatosipun namung kabekta saking pakulinan anggenipun anuruti dhateng
ubaling angkara tuwin raosipun kemawon. Amargi saking makaten, lajeng mboten
kengetan manawi wonten ing arcapada punika awakipun inggih titah. Amargi
saking ingkang makaten wau, lajeng saged anuwuhaken raos bilih awakipun
punika sanes bangsaning titah, nanging namung ngrumaosi manawi wontenipun
ing arcapada ngriki punika, mboten mawi sabab punapa-punapa, kajawi namung
lantaran bapa biyung kemawon. Mila lajeng purun angagulaken dhateng
kagunaipun, ingkang adhadhasar badhe nuruti dhateng hardaning manah. Inggih
makaten punika, ingkang lajeng anggadhahi watak ‘nang-nangan’. Wawatekan
ingkang makaten punika, tamtu mboten badhe mikir dhateng susah sarta
sangsaraning liyan, ngantos sirna tepa sariranipun. Ingkang kamanah namung
anggenipun angumbar ubaling angkara, murih sageda menang ing salaminipun.
Awit ing ndalem gagasanipun wau badhe saged anyekapi dhateng raosing manah,
ingkang tinuntun dening hawa kamurkanipun, supados anggadhahana manah
senang sarta marem. Ingkang makaten punika, kula amastani tiyang ingkang tipis
raosing kamanungsanipun, dening tansah kalindhih dening raosing sato. Mila sking
anggenipun kandel dhateng raosing sato, ingkang sampun rumasuk dhateng
awakipun lajeng anuwuhaken watak tegelan utawi mentalan wau. Malah
wawatekan ingkang makaten punika, adhakanipun ingkang binudi namung
sagedipun angasoraken dhateng sasmining manungsa kemawon, murih ing
salebetipun gesang sageda kacekap piyambak. Mila saya dangu mboten
ngemungaken damel asor, sarana prabawaning awak tuwin karosanipun
kemawon, ananging sangsaya mempeng ing pangudi, anggenipun ngawontenaken
pirantos ingkang kamanah saged anjalari tiwasing sesami. Sarehning tumanduking
watak makaten punika, saged adamel girising manah, ngantos titiyang ingkang
pancen mboten gadhah dhadhasar watak makaten, sami lumuh anglampahi sarta
namung ngawon. Sareng sampun kathah ingkang ngawon, titiyang ingkang
kadunungan watak tegelan utawi mentalan wau, lajeng sangsaya gambira
manahipun, rumaos sampun mboten wonten ingkang ngalang-alangi, temah
sangsaya ngrebda angambra-ambra anggenipun ngumbar dhateng angkaranipun.
Leres ingkang makaten wau, tumrap dhateng sasawangan lajeng nama bregas
utawi moncer, ananging sarehning sadaya gesang punika, raosipun sambet
kaliyan sasamining manungsa, dados ingkang mboten teguh ing bebuden, manawi
kataman dayaning raos ingkang makaten wau, mangka lajeng mboten
tinanggulang dening kekiyataning manah emut, punika tartamtu lajeng kapencut
dhateng gelar ingkang katingal birawa wau, satemah lajeng purun tiru-tiru. Saya

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 53

lami lajeng sangsaya saged ngraosaken dhateng raos ingkang makaten wau.
Manawi ingkang kadunungan raos makaten punika sangsaya ngrebda, jalaran kala
rumiyinipun dipun anggep dede punapa-punapa, punika lajeng dados bibiting
pangraos, yen manungsa punika wenang amurba amasesa dhateng sasamining
tumitah.

Ananging sareng kawontenan ing arcapada punika mboten langgeng, dados


ingkang saged angraosaken makaten punika, inggih badhe mboten saged ajeg.
Tandha yektinipun, manawi manungsa punuika sampun sepuh, babasan sampun
wungkuk, untunipun telas tuwin kisut pakulitanipun, punika ingkang taksih namung
kamurkanipun kemawon, ingkang jalaran awakipun sampun mboten kuwagang
nyembadani dhateng hawa kamurkanipun wau. terkadhang dereng ngantos sepuh,
wonten ingkang sampun kataman cuwaning manah, kabekta saking kawontenan
ingkang sadaya tiyang sami remen anglampahi. Amargi saking anggenipun tansah
rebat panguwasa, lajeng anjalari dados pasulayan. Sarehning sami ngrumaosi
sugih kagunan, sarta santosa tuwin birawa, wekasan lumuh ngawon, angangkahi
murih luhuripun. Dados tumrap dhateng pamanah kula piyambak, lampah makaten
wau inggih sampun nama leres, dening kawontenanipun wau namung badhe
kendhak saking sampun wonten tandhingipun piyambak-piyambak. Malah tumrap
dhateng ingkang sampun kandel dhateng raosing kamanungsan, tegesipun
ingkang sami tansah enget sarta ngrumaosi bilih awakipun punika satunggaling
titah ing arcapada, ingkang sampun dados golonganing bangsa apes sarta papa
nistha, punika saupami lajeng purun cawe-cawe dhateng bab ingkang makaten
wau, kula purun amastani lepat. Awit prakawis punika, sayektosipun anuntuni
dhateng pamothahing hawa napsu. dados saking pamanah kula, tinimbang
anggagas dhateng tumangkaring wawatekan makaten wau, aluwung ngupados
mitra ingkang nunggil laras kemawaon, mawi dipun rencangana sabar talatos,
sarana linambaran resiking manah, sarta kanthi anyenyuwun dhateng ingkang
Among Dumadi, pinaringana margi gampil anggenipun darbe sedya ingkang
tumuju dhateng kautamen. (Telas aturipun siswa).

Sangkan Paran (29)

Ingsun ngrungu enggonira medharake gagasan prakara iku, pangrasaningsun


kaya wus ora ana gesehe. Saka pamintaningsun marang sira kabeh, gagasan
kang wus prayoga mau, banjur padha pencarna marang turun-turunira, supaya ora
padha kelu marang wawatekan kang tansah anuruti marang daya ubaling angkara
iku, bisowa ngidak marang dhadhasaring bebuden kang utama. Yen wus
mangkono, banjur tetep aran wong kang kandel rasa kamanungsane. Manawa ing
arcapada kene wus timbang kehe wong kang kebak rasane kamanungsan, karo
wong kang abudi angkara mau, iku wus bisa anjalari dadi tata tentreming rasane

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 54

sagung tumitah. Apa maneh manawa luwih akeh kang kandel rasane marang
kamanungsan, amasthi ing arcapada iya banjur saya wuwuh kukuwunge. Ewadene
sarehning ing arcapada iku bisane pepak lan sampurna, isen-isene kudu timbang.
Tegese, manawa ana titah kang bagus amasthi kudu ana titah kang ala. Yen ana
pratingkah bener, amasthi banjur ana pratingkah kang luput. dadi manawa ana
titah kang anduweni budi angkara murka mangkono mau, iya mesthi ana titah kang
anduweni dhadhasar watak nriman; mangkono ing sabanjure.

Awit manawa ora mangkono, wus masthi bae mbanjur ora bisa ambedakake,
satemah mbanjur ora aran sampurna, dening durung ganep wiwijangane.

Upamane mangkene:
manawa isining ngarcapada iki mung rupa lanang kabeh, kang masthi ora bakal
bisa tumangkar, jalaran ora ana timbangane kang anjalari bisane tumangkar iku.
Manawa ing ngarcapada iki mkung isi titah kang kandel rasane kamanungsan bae,
masthi mbanjur ora ana kang aran candhala murka. dadi titah kang anduweni
wawatekan dhemen anggayuh marang kautaman iku, iya mbanjur ora bisa
mundhak, nanging malah mbanjur sangsaya tapis tanpa tilas, amarga ora bisa
mangerti endi kang aran utama iku. Kadadeyan kang mangkono iku, saka
panemuningsun bener kabeh lan iya becik kabeh, nanging iya mung gumantung
marang kang arep padha nglakoni bae, dening wus padha
bisa ngrasakake dhewe-dhewe, lan kalakone iya ora nganggo larangan saka
Ywang Suksma. Mung sakabehing sedya utawa karep mau, ing tembe bakal
padha anduweni papan dhewe-dhewe. Wong kang lagi tinitah papa, nanging
mbanjur nuju marang kautaman, anduweni watak welas asih marang
sapapadhaning dumadi, iku iya aran wus mulih marang nalare, amarga wus
angiribi marang dhawuhing Guru Sajati. dadi ing tembe iya mrono iku parane, tetep
aran mulih marang kamulane. Kosok baline wong kang tansah anuruti marang
kamurkaning ati, anduweni watak siya marang sapapadhaning urip, iku tetela yen
nyimpang saka karsaning Guru sajati, jalaran kena panggodhaning iblis. dadi
benere iya bakal mrono iku parane, mbanjur tetep aran sasar, marga ora bisa
mulih marang mula-mulane. Ing saiki Ad-haama lan Kadiwa wus tetep dadi
sawijining titah kang tumuwuh ana ing arcapada kene, nanging manawa sinawang
gelare, kang katon mung sarirane Kadiwa. Ad-haama kabuntel dening sarirane
Kadiwa iku, ora beda kaanane karo raganingsun utawa raganira iku. Dene bisane
arupa lanang utawa wadon iku, jalaran duk nalikane ana sajroning pangrantunan,
mung gumantung saka keh-sathithiking daya kang rumasuk marang adon-adoning
sarira mau.

Terange mangkene:

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 55

Kang akeh woworaneing dayane surya lan ciprataning Guruning Ngadadi iku dadi
rupa lanang, kang akeh dayaning rembulan sarta ciprataning Guruning Ngadadi,
iku dadi rupa wadon. Manawa adon-adone daya rong prakara mau bisa timbang
kehe dayaning lintang, iku kang bisa anetepake rupa karo-karone. Nanging yen
kumpuling adon-adon mau ora bisa timbang kehe dayaning lintang, iku anjalari
dadi sulaya karo gelaring rupa. Manawa keciliken dayaning surya lan cipratan
Guruning Ngadadi, iku iya banjur rupa wadon, nanging kedhi.

Dene manawa karo-karone iku kurang kabeh, bisa maanani rupa lanang lan ganep
pirantine, nanging wadat. Ing samengko ingsun perlu anyulangake bab kang
diarani Adhaama lan Kadiwa iki. Dhek kuna-kunane iku bibiting manungsa kang
tumurun ana ing arcapada kang kapisan. Ananging sarehning kaanan kang ana
sajroning jagad cilik iku sayektine kudu timbang, dadi ing jagadira dhewe iku iya
ana Adhaama lan Kadiwane, apa dene iya ana sarasilahe kang ora ana bedane
karo ad-haama lan Kadiwa kang ingsun caritakake iki. Murih cethane, Ad-haama
lan Kadiwanira dhewe iku ing tembe uga bakal ingsun terangake, awit iku kang
luwih perlu padha sira gayuh, dening sanyatane iya iku kang diarani TANPA UNA
lan TANPA UNI. Dene CUPU MANIK ASTA GINA iku sanyatane iya sariraning Ad-
haama duk nalika tumedhake sapisan saka Guruning Ngadadi. Wis samene bae
dhisik, ingsun arep nyambi guguyon sawatara, minangka dadi panglipuing sayah,
mangkene :

Sangkan Paran (30)

Tumuruning Ad-haama marang arcapada kene iki, ing sabenere kudu mathuk
dayane karo kang dadi lantaran enggone bakal tumuwuh. Mungguh Guruning
Ngadadi iku kedher lan sumorote ora mung sapanggonan bae, nanging bisa
maratani salumahing jagad iki kabeh, kongsi sajroning bawana kene iki bisa
kaisenan manungsa. Dene keh-kehing manungsa, ing sajroning bawana iki, ana
kang larikan saka turuning Ad-haama lan Kadiwa mau. Bisane mangkono, jalaran
cipratan Guruning Ngadadi mau tumurune marang arcapada kapinujon ana ing
sawijining panggonan kang pancen ing kono durung isi manungsane, kang ana
mung sawarnaning bangsa sato lan wit-witan bae. Sarehning bangsa sato iku ing
nalika nunggalake rasaning asamara, ing kono ambarengi tumuruning cipratan
Guruning Ngadadi iku, mbanjur ora ana daya liyane maneh kang bisa gegayutan,
kajaba mung iku mau. Dadi cipratan Guruning Ngadadi iku, mbanjur kena sinerot
dening dayaning asmara, mbanjur bisa nunggal rasane lan jumbuh karo jiwane
sato kang pinuju sacumbana mau, mulane iya mbanjur bisa ngrasuk marang
bebadan. bareng bebadan mau saya agal, kang amarga tansah kawuwuhan
dayaning thethukulan lan wowohan kang pinangan dening sato mau, dadi mbanjur
bisa anjalarai dadi awak-awake. Suwe-suwe mbanjur metu saka guwa garbaning

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 56

satu mau, lan iya arupa bayi. Nanging sarehning lantarane awak mau saka sato,
mangka jiwane jinising manungsa, dadi rupane iya mbanjur paron, ragane memper
sato, rupane kaya uwong. Kadadeyan kang kangkono mau ana tengere, nanging
ingsun lumuh amrataelakake marang sira. Coba padha golekana dhewe mungguh
panggonan lan tetengere bab kang mangkono iku mau !

Pangrumpaka saka Redaksi Djawa Boedi Moerni :

Gambuh :
1. Wawasên kongsi gambuh, dèntâ mêlêng mring kang aran wuwul, wuwulané
lilingên kang wola-wali, ywâ wêlèh dimèn kacakup, wikan kêkêraning batôs.
2. Gagaran kang salugu, lêgutaknâ tataning pamuntu, bubukané ywâ ngunggar
angkarèng kapti, kapati titis mring kawruh, wêruh marang panduk ing dôn.

Kinanthi :
1. Kinanthi manungsâ iku, gumlar nèng jânâ puniki, nora pilih papan êmpan, mung
kang dayanirâ tunggil, marmâ yogyâ pârâ mudhâ, mardiyâ tindak utami.
2. Mardi mring wawarah iku, amrih prayogâ ing wuri, dumadining putranirâ,
sinungan ing budi luwih, saranané nglalantihâ, mring sântâ susêtyèng kapti.

Asmaradana :
1. Kasmaran mirênèng kapti, kapati mangulah ciptâ, tataning pakarti batôs, lir
wulang susulangirâ, Sang Wiku kang kawuntat, mrih dadyâ dayaning kayun, sirnâ
sandéyaning driyâ.
2. Sanyatané yèn dèn èsthi, pinathêt panthênging râsâ, pasthi karâsâ sarèhé,
puwârâ warananirâ, ngêblak wrin saniskârâ, jroning trilokâ kakukut, nanging mung
bôrông ing karsâ.

Sang Wiku :
Ing sadurunge ingsun anyaritakake candhake wawarah ing ngarep, ingsun nedya
ambanjurake enggoningsun samben geguyon, kang ana pigunane: manawa padha
sira wigatekake, amasthi iya bakal makolehi. Dene carita mau, bab wong kang
nalurine ora urut sakaAd-haama, kang uga bisa nurunake awor karo wong kang
pancen naluri saka Ad-haama. Ananging mula bukane wong kang mangkono mau,
mung urun wong wadon bae, kang minangka babone. Mulane mangkono, amarga
kang kasinungan budi pakarti (akal) pepak, iku kang jinis naluri saka Ad-haama.
dadi kang kadunungan ubaling angkara luwih dening santer, iku iya kang saka Ad-
haama mau, mbanjur padha anduweni anggep ‘dak-nang’. Sarehning titah kang
ana ing arcapada iki wus padha angrumangsani yen kalah akal budine kalawan
trahing Ad-haama, dadi iya banjur tansah narima kalah bae. Amarga manawa ora
mangkono, amasthi mbanjur winasesa dening nalurining Ad-haama mau. Iya

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 57

mangkono iku, kang anjalari dadi ciliking atine jinis kang dudu nalurine Ad-haama,
lan sakabehing sato kang ana ing arcapada iki. Jalaran saka mangkono para naluri
Ad-haama kang ora condhong, mbanjur ngananake papali tumrap wong kang arep
jejodhowan, kang kangsi saprene isih lasatari akeh kang nalurekake. Dene papali
mau kayata: tembung putra jodhone putri, dewa karo dewi, bathara karo bathari,
raseksa karo raseksi lan sapanunggalane.

Sangkan Paran (31)

Sanadyan mangkono, iya meksa isih binubrah dening nalurining Ad-haama, kang
pancen sugih reka. Bareng prakara mangkono iku tumeka ing tanah Jawa kene,
mbanjur disalini papali, milih salah sawijining tembung patang prakara, iya iku:
bibit, babat, bèbèt lan bobot. Bibit iku ora mawang turun, waton becik kalakuwane.
babat iku turune bangsa luhur kang kaloka ing kadibyane. Bèbèt iku talering
bangsa luhur. Bobot iku kasinungan endah ing rupa utawa sugih bandha. Suwe-
suwe bareng wong Jawa wis ora dhemen nganggo papali kang mangkono iku,
mbanjur ana sawijining bangsa Pandhita kang anduweni panemu, murih padha
becik kadadeyane, sarta supaya ora anjalari dadi neopsuning uwong, mbanjur
nganggit petungan kang diarani ‘panca-suda’, ‘bincilan’, lan ‘pasatuan
(pasatohan)’. Iku kang lumrah isih padha dinalurekake kongsi saprene. Panemu
mangkono iku kabeh ingsun angarani wus becik, ananging ana kang luwih becik
sarta prayoga maneh, iya iku yen wong ing sadurunge jojodhowan, wus gelem
ngudi mungguh kang bakal dadi ‘pepesthening jodhone’ kang dadi titimbangane
nalikane padha urip ana ing arcapada kene iki, amarga mangkono iku meh ora ana
bedane karo kang diarani ‘bojo jaka lara’.

Ewadene wong ing jaman saiki, ing semu wus langka banget kang gelem marsudi
marang kawruh kang mangkono mau. Sanadyan wus padha krungu pasemon
warna-warna, sarta ing saben dhalang wayang purwa utawa madya uga kerep
medharake carita mangkono, ewa samono iya arang banget kang anggatekake.
Mulane sanadyan sira wus padha anduweni jodho dhewe-dhewe, ananging iya isih
luwih prayoga padha angudi, jalaran iku bakal kanggo marang anak putunira.
Malah manwa anggone jojodhowan iku sarana disumurupi dhisik mungguh ing
pepesthene, saka pangiraningsun langka banget kang nemu alangan lan bisa dadi
pegate, kajaba yen mati salah sijine. Awit panemu kang mangkono iku, dhek jaman
purwa utawa madya, padha dipersudi banget kongsi ora bisa aran luput lan ora
aneh. Yen lanange mati, mbanjur wadone bela pati, marga rumangsa ora bisa urip
manawa tininggal kari ana ing arcapada kene. Apamaneh ora bakal kalakon nganti
jojodhowan karo wong lanang liyane. Ana kuciwane sathithik, dene kang setya
banget iku jebul mung wadon bae, prayogane rak iya kudu padha-padha; ananging
sanadyan mangkonowa, iya wus kalebu becik, tinimbang karo kang katon tumindak

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 58

ing jaman saiki. Saupama tumindaking papali kang mangkono iku bisa timbang
lanang lan wadone, mbok manawa wong saiki bisa luhur banget kautamane. Iya
uga ana empere sathithik, mung yen mati salah siji, kang kari banjur ora gelem
jojodhowan maneh. Ewadene sarehning kagawa saka untabing jaman, saya suwe
kang dianggep bener lan apik tumrape wong kang jojodhowan iku, mung angger
wus padha senenge bae. Dadi sabenere pancen wus langka banget
bangsaningsun iki kang murni nalurine. Mulane tumrape marang ingsun, kang
diarani nunggal bangsa iku, iya wong kang wutah getihe wong tuwa-tuwane padha
ana ing kene, nanging ana kang ora tunggal jinise.

Manawa ngelingi kang mengkono mau, aja pisan-pisan sira anduweni watak ewan
sarta panasten, apa maneh drengki lan muthakil, jalaran kang sira mangkonokake
mau, mbok manawa isih tunggalira dhewe. Wis samene bae anggoningsun nyambi
babanyolan, aja kongsi anggendeng marang hawa kang murka. Iki mung minangka
tambaning kemba. Ing samengko ingsun ambanjurake wawarah bab Ad-haama,
kang ana ing awakira dhewe, awit iku banget perlune. Manawa bisa sembada ing
pangudinira, iku kang anggawa awakira lumebu marang marga kang utama. Ing
ngarep wus ingsun terangake, yen ad-haama iku uga sempalan saka Guruning
Ngadadi, malah kinacek tinimbang lan cipratan (sempalan) liyane. Dene
sakabehing jiwa kang ana ing jaman kaalusan, wiwit saka ing purwa tumekaning
pangrantunan, iku iya padha bisa tumitah ana ing arcapada kene iki, lan uga padha
bisa dadi manungsa. Malah kang ana ing sangisoring pangrantunan, iku
terkadhang iya ana kang bisa tumitah dadi manungsa, mung bae kang luwih
dhuwur (luwih mulya) pinangkane, iya mesthi luwih luhur bebudene. Kosok baline
yen kang luwih asor pinangkane, iya luwih asor bebudene. Lumrahe diarani bodho,
iya iku wong kang banget asore watara tikel pindho tinimbang lan pikire kebo
utawa sapi. mangkono iku tembung panyédha kang wis kaprah padha dianggo
dening wong akeh, nanging sanyatane iya ora ana wong kang pikirane nganti
asore padha karo pikirane kebo, kosok baline sapinter-pintere kebo, iya ora ana
kang papak kapinterane karo manungsa. Nanging pituturingsun iki aja sira bantah,
mung padha nyatakna bae, supaya bisa marem rasaning atinira.

Sangkan Paran (32)

Samengko bakal ingsun pratelakake urut-uruting wiji kang wus mencar saka
Guruning Ngadadi, kang bakal tumurun marang arcapada kene. Wiji kang mentas
mencar saka baboning kaanan utawa Guruning Ngadadi iku, bebadane diarani
‘jiwa’. Ananging bareng jiwa iku wus padha pethal saka babone kang sadurunge
tumurun ing arcapada iku padha kandheg ana ing sawiji-wijining panggonan,
manut keh sathithiking (gedhe cilike) bebadane.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 59

Kang bebadane luwih cilik, iku woworane mbanjur saya akeh: saka kehing
woworane, kongsi tikel tinimbang karo manungsa, mulane bareng tumurun ing
arcapada, mbanjur diarani bangsaning sato. Terange mangkene:
wiji kang mulya dhewe, iya iku kang akeh dhewe utawa gedhe dhewe: padha-
padha sempalan Guruning Ngadadi, iku wiji kang bakal dadi manungsa. Dene
liyane iku, iya isih ana maneh wiji kang terkadhang bisa ngrasuk marang raga
kamanungsan, iya iku ‘martiyu’, sangisore diarani ‘teluh braja’, ngisore maneh
diarani ‘antu’. Mungguh pepesthening wiji tetelu mau, yen manut papangkating
panggonan purwane, iku jiwane bangsasato. Ananging enggone mbanjur bisa
tumimbal ngrasuk badaning manungsa maneh iku sawuse diwasa, amarga wus
bola-bali dadi bangsaning sato, lan sajroning dadi sato, wus kabeneran tindake.
Samono uga jiwa kang papancene dadi manungsa, manawa ora kabeneran
tindake, iya bisa uga kuwalik pangrasuke, manjing marang raganing sato. dadi
tetela banget marakake kabeneran utawa kliru iku, iya amarga saka tindake
dhewe: mulane sing sapa tumindak ora manut papesthene, amasthi bakal nampani
siksa saka tindake dhewe mau. Mangkono iku kang diarani wong ora eling, lan ora
narima marang panduming dumadi. Ana dene mungguh tumuruning wiji kang
rumasuke dadi titah ana ing arcapada, kang ora ngrasuk bebadan manungsa
utawa kewan, nanging rumasuk marang bebadan wadhag kang tanpa nyawa, kaya
kang wus ingsun caritakake biyen, samengko bakal ingsun pratelakake maneh,
murih terang babar pisan. Kang kapisan: ‘wahyu’, iku ora saben manungsa jiwane
asal saka ‘wahyu’. Lan iya ora saben manungsa bisa kaserenan wiji wahyu mau,
amarga mapaning wiji iku ora ninggal dayane. Sarehning wahyu mau luwih dening
suci tinimbang wiji liyane, dadi kang bisa kanggonan, iku iya kang timbang sucine
utawa mulyane: mulane wahyu mau ora bisa manjing marang raganing sato,
amarga sato iku ora ana kang bisa nuceni awake utawa rasane kayadene
manungsa. Kang mangkono mau manawa jiwaning wahyu tumurun, kabener ora
ana manungsa kang timbang sucine, iku amasthi mbanjur lumebu marang
sajroning watu, kang bebadane bening, lan banjur anjalari watu mau sangsaya
wuwuh cahyane nganti padha pinilala dening manungsa. Lumrahe watu kang
mangkonio iku, wong Jawa padhangarani ‘watu hernawa’ utawa ‘inten’. Iku
sanyatane saka tembung: ‘her’, ‘ana’ lan ‘jiwa’, werdine watu kang kayadene
kaisen banyu, sarta ana jiwane utawa urip.

Wahyu kang tumurune ngrasuk bebadan manungsa, iku terange mangkene:


manawa ana sawijining manungsa kang banget weninging rasane, sarta kang
mulus atine lan kang luhur bebudene, mangka tansah mangun tapa, anyawijekake
karep ambudi rahayuning jagad, iku dayane bis sumrambah marang saindhenging
bawana. Malah saking lepasing dayane, kongsi bisa anggepok marang jiwa kang
isih ana ing ‘karaton purwa’, temahan unusan (sempalan) Guruning Ngadadi kang
ana ing kono bisa kagendeng dening daya kukuwatane. Bareng sorot Guruning

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 60

Ngadadi tumurun, jiwa mau mbanjur gampang katute; lakune angliwati marang
sakabehing panggonan kang padha ingsun terangake biyen, nanging ora
mandheg-mandheg, amarga ginendeng dening dayaning manungsa kang suci
mau. Mulane lakune iya cumlorot banget rikate, ngungkuli lakuning para titah
kabeh.

Satekane ing arcapada, kang masthi iya mbanjur ngener marang dununging
manungsa suci iku, amarga sajatine wahyu iku durung kadunungan daya
panggendeng, dadi mbanjur kalebu marang sajroning badane manungsa suci mau.

Pangrumpaka Redaksi Djawa Boedi Moerni :

Mijil
1. Yèn ginagas wijiling pamardi, dadi tansah gawôk, wông narimâ mrih laras uripé,
ânâ ugâ kang mung tansah kontit, êndi kang pinilih, lalaran karuhun.
2. Kang kalumrah nrimâ iku bêcik, wit wus aran matôn, nanging lamun ninggal
ikhtiyaré, têtêp aran tan ngulati pasthi, pêthuké pinardi, srânâ kawruh luhung.
3. Jroning wulang mêlôk dadya péling, dènira yun ngrurôh, rah-arahé kang
mangkono kuwé, dènta nglalar ywâ wêlèh angliling, lulungiding wêsthi,
waspadaknâ kulup.

Sangkan Paran (33)

Ana dene manungsa kang katurunan wahyu iku, manawa kabener nyebar wiji
(saresmi karo garwane), mangka garwane mau resik atine lan bening rasane, ing
kono wiji mau mbanjur kawawa urip, kang nuli kawuwuhan dayaning papenginan,
satemah andadekake daya kang bisa angrupakake bebadan. Mulane wong kang
mangkono mau, diarani lagi nyidham kaworan, dening tuwuhing papenginan, ora
amarga saka karepe dhewe, ananging kagendeng dening dayaning jiwa kang wus
urip ana ing sajroning guwa garbane mau. Dadi satemene kang diwori iku
kekarepane, supaya bisa anuju marang samubarang kang bisa jumbuh karo
karepe wiji mau. Kajaba saka mangkono, ing sadurunge wiji mau ngalih
panggonan marang garbaning biyung, lan nalikane isih ana sajroning garbane
bapa, iku wus anduweni daya mangkono. Wiji kang ana ing garbaning bapa mu
lawase mung satus dina, sarta mbanjur tumurun ngalih marang guwa garbaning
biyung. Ananging manawa kang kadhedheran wahyu mau ora nyebar wiji,
dayaning wahyu iku mbanjur bisa ninggal jiwane kang sakawit, mulane bisa
anjalari unggahing darajad kaluhurane, dadi Pandhita Linuwih utawa Ratu.
Wruhanira, sira aja padha kaliru panampa lan aja anduweni pangora, yen ingsun iki
isih ambedak-bedkake marang papadhaning manungsa: o, iku tangeh lamun.
Mungguh sayektine kang jeneng manungsa iku iya ora ana bedane, awit kang ora

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 61

padha iku mung bubudene utawa wateke. Mangka watak lan bubuden kang utama
iku, kang bisa anjalari dadi bedaning rasa kamanungsane. Ana tetembungan
trahing kusuma, rembesing madu, wijiling satriya andana warih, tedhaking wong
mara tapa, iku yektine pancen beda karo turune wong kang mung ngumbar hawa
napsu bae. Saupama kang mangkono iku mbanjur dipadha bae, amesthi Ywang
Suksma aran ora adil, dening kang ora nandur bisa panen. Yen wong kang nuruti
karep angumbar angkarane, jagad iki sedyane arep dirata, mung kenowa sinambi
karo sila bae. Ananging ingsun duwe pangira,kang mangkono iku ora bakal bisa
kalakon. Dadi mbanjur kalebu ing babasan “canthing jali dicidhukna bany sagara,
iya ora bakal bisa ngebaki rawa”. Mulane bab iki dadiya kaca benggala, kang
menawa kanggo ngilo andeleng taninging sarira, ora tansah kaling-kalingan
dening ubaling angkara, iku iya mung katan marang para Panjenengan Nata lan
para Pandhita. Dadi darahe kang isih gelem padha angluluri marang laku kang
utama, mesthi iya isih padha kasinungan nugraha. Balik kang padha ora
mangkono, lan lumuh kasinungan mulyaning ati, iku mbanjur anduweni anggep
yen manungsa iku padha sengguh dumeh sugih bandha guna. Mangkono iku tiwas
ngubal-ubal hawa, tur langka bisane sembada. Malah yen tansah padha dibanjur-
banjurake, ora bakal mundhak derajatira, nanging bakal saya mlarat kakehan.
Mulane ora gampang dadi wong tuwa kang wus sinebut bapa iku, karepe:
panggarbane kudu tepa, dadi kudu ceples karo kaanan kang dumunung ana ing
awake dhewe. Yen wus mangkono, mbanjur kena kanggo mardi (mulang) marang
anak-anake, supaya ing tembe pdha bisowa kaya mangkono, padha rumangsa lan
padha duwe panarima. Dene yen sira padha ngudi undhaking drajat kamanungsan,
kang perlu dhisik sira padha ngulatana, kapriye margane bisa antuk pangawikan
lan kawignyan kang nyata. Panemuningsun padha lambarana ati sabar narima, lan
kang guyub rukun karo sapapadhanira, sarta anyingkirna atinira kang kameren, lan
dahwen. Manawa kang mangkono iku padha sira tindakake kanthitemen-temen,
kang masthi saya suwe sangsaya wuwuh kehe kang padha anduweni kawignyan.
Ora kudu rinebut kalawan hardaning angkara, nanging ing tembe bakal bisa
mundhak dhewe drajating kamanungsane.

Pangrumpaka Redaksi Djawa Boedi Moerni :

Megatruh
1. Pamêgating ruwiyâ kawahyèng ngayun, kayêktèné kang nastiti, titènânâ nganti
putus, pintâ pintaning pambudi, binudiyâ ingkang bôntôs.
2. Tutumanên martaning tyas dimèn tulus, têlêsing ciptâ sajati, sajatiné yèn
pinuntu, tangèh tan kataman ing sih, wahyu nugrahaning Manôn.

Aturipun siswa panggulu :

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 62

“Kawula kapareng matur dhateng Panembahan, nanging manawai wonten


kelintuning atur, mugi tinebihna ing bebendhu. Ing ngajeng Paduka sampun paring
dhawuh ingkang mewahi padhanging manah kula sadaya, namung wonten
sakedhik eweding panampi kula, sarta kados pundi rekanipun anggen kula saged
kalampahan ngindhakaken kawignyan adamel gelar, manawi namung tansah sami
mudheg wonten ing tanah Jawi ngriki kemawon. Kacariyos titiyang Jawi punika
sampun kapengker saking kasagedan bab gelar. Beda kaliyan prakawis
pangawikan sajati, ingkang limrah dipun wastani ngelmu batos; punika sanadyan
gresek-gresek, meksa taksih wonten tilasipun. “

Sangkan Paran (34)

Sang Wiku:
O, iku mung jalaran saka enggonira ketenta lan kurang muluring pamikirira bae.
Coba lalaren kang kongsi ketemu ing nalar, yen sira arep kepingin pinter, golekana
ing endi sumbering kapinteran iku. Murid iku enggone pinter amarga saka wus
sinau (maguru). Gurune iku maune iya murid, marga isih ana gurune maneh, lan
gurune mau iya murid maneh. Lah saiki aranana guru kang wiwitan dhewe iku
muride sapa? Dhek jaman kuna wong isih padha wuda, ing saiki wus padha
nganggo sandhangan, iku sapa ing marahi?

Siswa:
O, yen makaten kula sapunika lajeng mangertos, manawi badan kula punika ngaler
ngidul nurut guru nginthil murid. Mila waton madhep sarta mantep, saya dangu
inggih saya wewah kasagedan kula, mangke dumugi anak putu kula, manawi
taksih sami anglestantunaken, amasthi inggih sangsaya wewah kasagedanipun.
Tandhanipun kula nalika taksih alit, ngangge sinjang seratanipun biyung ingkang
sasat tanpa corek, rumaos kula sampun peng-pengan; nanging samangke sareng
anak kula sinau nyerat ‘semen rama latar pethak’ namung cecekipun kirang lembat
sakedhik kemawon, cariosipun gela sanget, eman dening babaranipun kaleresan
sae. Mangka rumaos kula sampun matikel-tikel saenipun tinimbang kaliyan sinjang
ingkang kula angge kala rumiyin, suprandene taksih dereng
andadosakenpamareming manahipun. Saking pamatawis kula, manawi seratan
ingkang sampun saged andadosaken pamareming manahipun punika, mbok
manawi inggih saya tikel matikel saenipun.

Sang Wiku:
Yen sira wus padha sumurup mungguh sumbering kagunan luwih prayoga mbanjur
padha wiwitana nyebar wiji kang mangkono mau marang sanak kadangira, luwih
maneh marang sapapadhanira, brayan urip ana ing arcapada kene iki. Goleka
kang prayoga tumrap papan kang kaserenan wiji kang utama. Amiliha kang mathuk

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
AAK Culture Library 63

sarta dhasar karem ngudi karahayon, lakune kudu kang bares, ora anduweni
pamrih. Sanadyan duweya pamrih, nanging yen katanjakake marang wong kang
padha mathuke mau, iya bakal bisa lestari dilaluri dening turun-turune. Manawa
kabeh padha bisa sembada kapinterane, iyambanjur padha wuwuh ajine, lan iya
bisa diarani munggah drajate.

Pangrumpaka Redaksi Djawa Boedi Moerni :

Pangkur
1. Ngungkurkên rèhing angkârâ, pangarahé mrih lêbdâ ing pambudi, dadalané
wruh ing dunung, nanangi wêninging tyas, sanityâsâ miyak wahyanirèng kayun,
kang kayungyun kayumanan, lastari tataning batin. 2. Pantês yèn dèn patitisnâ,
ananirâ guru mungguh ing urip, miwah sumbêrirèng kawruh, kang kaprah
ingulatan, nyatanirâ arang ingkang tan pitambuh, êmbuh ngêndi dunungirâ, guru
sanggyaning dumadi.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Mas Maskumitir

Anda mungkin juga menyukai