Anda di halaman 1dari 13

NASKAH SIARAN NGURI-URI KABUDAYAN JAWI ING RRI SURAKARTA

Senin, 29 Desember 2014 & 5 Januari 2015

PITUTUR BUDI LUHUR SALEBETING SERAT SALOKATAMA

Dening:

Drs. Sisyono Eko Widodo, M. Hum

Jurusan Sastra Daerah FSSR UNS Surakarta

A. Pambuka

Para sutresna budaya Jawi, kula ngaturaken pambagya wilujeng, sih rahmat miwah
tentrem rahayu, ingkang pinangkanipun saking Gusti, mugia tansah rumentah dhumateng para
pamiyarsa dalasan kula. Sugeng pinanggih malih wonten ing giaran “Nguri-uri Kabudayan
Jawi” ingkang dipunadani dening Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra dan Seni Rupa UNS
Surakarta, patembayatan kaliyan Radio Republik Indonesia ing Surakarta. Ing titi wanci punika,
kula Sisyono Eko Widodo, M. Hum. badhe ngaturaken sawetawis seserepan ngengingi Piwucal
warisanipun para luhur, ingkang pinanggih ing salebeting Serat Salokata, anggitanipun KGPAA
Mangkunegara IV.

Para sutresna budaya Jawi, nalika tahun 1980 nan, satunggaling antropolog Indonesia,
ingkang asmanipun Koentjaraningrat, ngendika bilih ingkang dados pepalang utawi ingkang
ngreridhu kemajenganing bangsa Indonesia punika ing antawisipun sikap mentalipun.
Salajengipun dipunjlentrehaken, bilih sikap mental bangsa Indonesia punika ingkang kathah
mentalitas menerabas, inggih punika sikap mental remen “jalan pintas”, boten purun melewati
lan menghargai proses, boten purun makarya kanthi adus marus, nanging kepengin ngraosaken
sekeca.

Para sutresna kinasih, punapa ingkang kawedharaken Koentjaraningrat punika ing


wekdal sapunika dados kanyatan saestu. Tuladhanipun kathah ibu-ibu ing wekdal sapunika
sampun boten purun masak, nanging cekap tumbas ratengan, pawadanipun langkung irit,
praktis, lsp. Kathah lare sekolah ingkang kepengin angsal biji ingkang sae, namung boten purun
sinau, cekap kanthi njiplak utawi nyontek utawi pados kisi-kisi kemawon, temahan kathah
siswa ugi mahasiswa ingkang bijinipun sae, inggil, namung komptensinipun kirang. Kathah

1
tiyang ingkang kepengin dados PNS, namung kathi mbayar arta utawi nyogok utawi suap
kemawon, boten mawi uji kompetensi. Temahan sasampunipun dados PNS boten purun
nyambut damel kanthi wekel saha tlaten. Malah, kathah tiyang ingkang kepengin dados
panguwasa, namung boten kanthi ngetingalaken lelabuhanipun dhumateng para kawula dalah
bangsanipun, nanging cekap kanthi mbayar arta, temahan sasampunipun kagungan panguwasa
boten nengenaken kabetahaning para kawula, nanging malah nengenaken kepentingan
pribadinipun, kelompokipun, inggih punika kanthi korupsi. Pramila, trep sanget manawi
Presiden Republik Indonesia Bapak Joko Widodo kagungan program, ing antawisipun revolusi
mental.

Para sutresna budaya Jawi ingkang kinasih, sampun katelah ing akathah bilih tiyang
Jawi punika anggadhahi warisan piwucal bebuden ingkang luhur, ingkang kinandhut ing
salebeting budayanipun. Wonten ing cariyos wayang lampahan lairipun Gathutkaca dipun
cariyosaken, bilih wiwit jabang bayi Si Tetuka dipun jedhi salebeting kawah Candradimuka,
pramila sasampunipun ageng, Raden Gathutkaca punika dados satriyaning nagari ingkang
pinunjul pilih tandhing. Wonten ing lampahan Begawan Ciptaning, Raden Arjuna saget
kadhaupaken kaliyan Dewi Supraba, amargi saget nyirnakaken Prabu Niwatakaca, ingkang
saderengipun Arjuna saget kalis ing panggodha salebeting mrapata wonten ing Guwa Indrakila.
Wonten ing lampahan Dewa Ruci, Sang Bimasena saget pinanggih kaliyan Sang Guru sejati
Dewa Ruci, sasampunipun Sang Bimasena saget nyirnakaken raseksa wonten ing Ardi
Reksamuka saha saget nuweg naga ing madyaning samodra. Sadaya piwucal bebuden luhur
punika nelakaken, bilih sinten ingkang kagungan panjangka kedah jinangkah kanthi laku
ingkang awrat. Sadaya piwucal kasaebat mengku werdi bilih sadaya gegayuhan utawi
panjangka boten saget maujud manawi boten kanthi pambudidaya. Salebeting anggitanipun
KGPAA Mangkunagara IV paring piwucal kados ing sekar Pocung punika:

Ngelmu iku, alakone kathi laku


Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese durangkara

2
Para sutresna budaya Jawi, ngelmu punika kalampahanipun kedah mawi laku. Wondene
patraping lakunipun kedah santosa, tegesipun kiyat, tahan uji, boten gampil semplah, boten
asring sambat. Ingkang langkung wigatos bilih ngelmu punika anggenipun ngecakaken kangge
ngekes dur angkara, kangge nyirnakaken retuning jagad, lan amemayu hayuning bawana.
Pramila kados pundi wedharing piwucal budi luhur salebeting Serat Salokatama, badhe
kaandharaken kados ing ngandhap punika.

B. Pitutur Budi Luhur Salebeting Serat Salokatama

1. Katerangan Sawetawis Serat Salokatama

Para sutresna samangke badhe kula aturaken kadospundi Piwucal budi luhur ingkang
kinandhut salebeting Serat Salokatama. Saloka miturut Insiklopedi Sastra Jawa inggih punika:
Ungkapan dengan menggunakan kata-kata tertentu, yang mengandung perbandingan yang
mengutamakan subjek atau orang. Tuladhanipun: 1. Asu belang kalung wang ‘waja jelek,tetapi
kaya’.2. Kebo kabotan sungu ‘orang tua yang terbeban berat karena banyak anak. Dados, saloka
punika rerangkening tembung ingkang ngemu suraos kahananing manungsa kanthi
nggambaraken kahananing alam saha isinipun. Wondene, tembung tama punika tegesipun
inggih punika utama, sae, luhur. Tembung utama salebeting basa Jawa benten tegesipun kaliyan
utama salebeting basa Indonesia ingkang tegesipun inti, pokok, penting. Dados kautaman
punika tegesipun kasaenan, namung langkung lebet tebanipun, boten namung kasaenan ing tata
lair, namung inggih kasaenan ing tata batin. Pramila kautaman langkung trep tegesipun inggih
kasaenan tumraping budi, dados kaluhuran utawi luhuring budi. Dene serat tegesipun anggitan.
Dados serat salokatama mengku werdi anggitan ingkang ngewrat piwucal kasaenan luhuring
bebuden ingkang kaandharaken kanthi nggambaraken kahananing alam.

Serat Salokatama naskahipun ingkang sinerat ing tulisan Jawa Carik, sapunika taksih
sinimpen wonten ing Perpustakaan Sana Pustaka Karaton Surakarta No. catalog 390 ra. Kajawi
saking punika, Serat Salokatama ugi wonten ingkang sinimpen ing Perpustakaan Reksa Pustaka
Pura Mangkunegaran Surakarta, kanthi No. Katalog C.82, C. 96, lan A.115. Serat Salokatama
ginupit salebeting sekar macapat Mijil ingkang cacahipun 31 pada. Serat Salokatama punika
anggitanipun KGPAA Mangkunagara IV. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya
Mangkunagara kaping 4 punika putranipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya sapisan ing

3
Surakarta. KGPAA Mangkunagara IV punika putra ôngka 7 utawi ôngka 3 kakung. Ingkang
rama putranipun Bandara Radèn Mas Tumênggung Arya Kusumadiningrat, kang wayah
Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, ingkang seda ing Lèpènabu. Dene ingkang ibu putri dalêm
Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping III. Bandara Radèn Ayu Adiwijaya punika putri dalêm
kangjêng gusti kaping 2 saking padmi putri Kasindurêjan. KGPAA Mangkunagra IV
kawiyosakên wontên ing dalêm Adiwijayan marêngi dintên malêm Akat Lêgi, wanci tabuh 11
dalu tanggal kaping 8 wulan Sapar, taun Jimakir, windu Sancaya taun 1738 Jawa. Kawarti
pangêthoking pusêr, kawaja ingkang paman Radèn Mas Tumênggung Arya Kusumadiningrat,
Bupati ing Kadhiri (ing wingking lajêng kondur dhatêng Surakarta, nama Radèn Mas
Tumênggung Arya Jayadiningrat wadana kaparak kiwa) ingkang pinuju têtuwi.

2. Kebodohan dan Mentalitas Menerabas

Wondene ingkang andadosaken KGPAA nganggit Serat Salokatama punika amargi


panjenenganipun mirsani patraping manungsa ingkang amargi kasereng ing kapti, lajeng salah
ton, ngantos milara raganipun, lali wirang, ngantos tilar kaprayitnanipun, temahan dhumawah
salabeting kanisthan. Bab punika saget dipun pirsani wonten ing pada 1, kados mekaten
wedharanipun.

1). Wijiling kang pangripta murwani


Myat ing reh salah ton
Kang milalu milara ragane
Lali wirang kasereng ing kapti
Nir yitnanta dadi
Nistha temahipun
KGPAA Mangkunagara IV rumaos prihatos salebeting penggalih, dene mirsani patraping
manungsa ingkang kareng ing kapti. Para sutresna budaya Jawi, punapa ta ingkang winastan
kasereng ing kapti punika ? Ingkang dipunkajengaken kasereng ing kapti salebeting Serat
Salokatama inggih punika manungsa anggadhahi gegayuhan ingkang kedah kelampahan kanthi
sanalika, utawi sakdeg saknyet kedah kelampahan. Dados, tembungipun sapunika terlalu
berambisi mencapai cita-cita secara instant dengan menempuh jalan pintas. Patrap ingkang

4
makaten ingkang winastan mentalitas menerabas kados ngendikanipun Koentjaraningrat. Para
sutrena budaya Jawi, punapa ta ingkang anjalari dene manungsa gadhah patrap kasereng ing
kapti ? Wonten ing pada kaping 2 Serat Salokatama, Mangkunagara IV paring wedharan kados
makaten:

2). Labet saking mudhadameng budi


Digung lumuh kasor
Gege mangsa medhar kasurane
Pamrihira mung ngulap-ulapi
Mring sanggya kang ngaksi
Denalema punjul
Kasereng ing kapti kalawau estunipun awit saking mudhadameng budi, tegesipun bodho
budinipun. Kajawi saking punika ugi patrap digung lumuh kasor, inggih punika patrap
gumedhe kumalungkung boten purun kawon. Anggenipun gumedhe saha kumalungkung
punika kanthi nggege mangsa medhar kasurane, inggih punika keminter, ingkang estunipun
dereng pinter. Nggege mangsa punika dereng wekdalipun sampun kawedhar. Pamrihipun
namung supados tiyang sanes ingkang sami mirsani punika mblerengi, lan dipun alembana.
Dados, tiyang ingkang bodho budinipun punika dereng pinter sampun keminter, dereng sugih
sampun sumugih, dereng gadhah panguwasa sampun kumawasa. Punika sadaya dipun lampahi
supados angsal pangalembana ing akathah.

Para sutresna budaya Jawi ingkang kinasih, patrap ingkang makaten saestunipun malah
damel kuceming asmanipun. Kados ingkang sinerat wonten ing pada 3 saha 4 makaten

3). Tan wruh lamun akeh kang ngesemi


Pinarayitnan batos
Kang wus asih suda ing resepe
Kang during wruh wus ngrungu pawarti
Ingkang sengit dadi
Sokurireng kalbu
4). Temah kengis watege kang wadi
5
Alane katongton
Sasolahe linumuhan bae
Nora ana kang bares sawiji
Wong jail lan juti
Iku saminipun
Dados tiyang ingkang patrapipun dereng pinter sampun keminter, dereng sugih sampun
sumugih, dereng gadhah panguwasa sampun kumawasa, punika saestunipun kathah ingkang
ngesemi. Tiyang sanes ingkang saderengipun asih malah suda resepipun. Tiyang sanes ingkang
dereng mangertos sampun mireng pawartos, tiyang sanes ingkang sengit malah dados
nyokuraken. Malah saya ketingal watak aslinipun ingkang awon, boten wonten ingkang bares.

3. Hilangnya Kepercayaan atau Trust

Para sutresna kinasih, manawi tiyang sampun kados makaten, lajeng kecalan piandel,
tegesipun boten wonten tiyang ingkang pitados. Para sutresna ingkang kinasih, tiyang gesang
ing jaman sapunika, ingkang winastan “kepercayaan utawi trust” punika minangka pawitan
utawi modal ingkang aosipun nglangkungi bandha donya miwah drajat pangkat. Pramila
manawi tiyang sampun boten dipun pitados, tegesipun sampun boten wonten ajinipun, malah
langkung aji godhong jati aking. Kados kaandharaken ing pada 5 makaten:

5). nadyan mari gung sangga runggi


Tan ana pitados
Wus mangkono manungsa adate
Paranbaya denira baleni
Sapisan dumadi
Nir piandelipun
Tiyang ingkang gadhah patrap kuminter, sumugih, lan kumawasa, punika boten badhe dipun
pitados dening tiyang sanes. Sanadyan, ing salajengipun mari, patrapipun sampun boten
makaten, nanging tiyang sanes tetep kuwatos. Punapa malih manawi patrap makaten
dipunambali mawali-wali. Sapisan kemawon tiyang gadhah patrap ingkang makaten lajeng ical
piandelipun, boten wonten ingkang pitados. Rekaos sanget manawi gesanging manungsa

6
punika boten dipun pitados dening sesaminipun. Sadaya patrapipun namung dipun jubriyani
dening sesami. Sanak kadang tangga tepalih sadaya sami jubriya dhateng sadaya patrapipun.
Sanadyan patrapipun sae, tetep kemawon dipun jubriyani.

4. Pamratobat

Para stresna budaya kinasih, tiyang ingkang ical piandelipun punika angel sanget anggenipun
badhe ngicali, utawi angel sanget manawi badhe dipun pitados ing sesami. Awit saking punika
kangge mangsulaken supados pinitados ing sesami, Mangkunagara IV maringi pitedah, kados
sinerat ing pada 9 saha 13, makaten:

9). Pangruwate dosa sawetawis


Rehne wus kalakon
Tan lyan amung minta aksamane
Mring kang samya sinrikken ing galih
Praptaa pribadi
Maring wismanipun
13). Lan nuwuna apura Hyang Widhi
Tobata ing batos
Rumangsaa driyanta salahe
Memulenen leluhure sami
Kang sira alani
Nulak walatipun
Manungsa ingkang nandhang kalepatan supados pinitados ing sesami inggih punika kedah
ngakeni sadaya kalepatanipun kanthi tulus lair trusing batin. Wondene patrapipun wonten kalih
prekawis. Inggih punika nyuwun apunten dhateng sesami, dhateng tiyang ingkang dipun damel
serik manahipun tuwin mratobat nyuwun apunten dhumateng Gusti ingkang murba gesang.

5. Mawas Diri

Para sutresna budaya Jawi ingkang kinasih, manungsa ingkang ngudi gegayuhan, namung
dereng kalampahan, manungsa kedah mawas diri, kadospundi patraping anggenipun ngudi
7
gegayuhan wau. Mangkunagara IV paring piwucal salebeting Serat Salokatama pada 18,
makaten:

18). Mring kawiryan myang sabarang kapti


Nanging tan kalakon
Wit tan majad kang kinarepake
Tanpa srana lumuh noragi
Tan arsa minta sih
Tamtu tan jinurung
Para sutresna budaya, sekar tigang pada kasebat mratelakaken bilih tiyang ingkang anggayuh
geyonganing kayun punika kedah dipuntraju kaliyan kawontenaning dhiri pribadinipun,
satimbang punapa boten. Tegesipun gegayuhan ingkang dipunudi punika majad punapa boten,
limrah punapa boten. Kajawi saking punika gegayuhan ingkang dipunudi kalawau dipun
sranani punapa boten. Punapa ta srananing ngudi gegayuhan ? Srananipun tan sanes inggih
punika laku anut saturut kaliyan jantraning gegayuhanipun. Wondene laku ingkang langkung
wigatos menggahing tata batin inggih punika kedah linambaran ing reh lembah manah anoraga
alusing budi, tebih saking raos kumalungkung adigang adigung adiguna. Keplasing panggayuh
punika minta sihing Gusti. Pramila mrih kasembadaning gegayuhanipun inggih kedah lantip
raosing batos ngraosaken sasmitaning Gusti.Manawi tiyang ngudi gegayuhan mangka ingkang
ginayuh boten limrah, boten dipun sranani kanthi laku, boten anoraga, boten minta sihing Gusti,
tertamtu Gusti boten paring berkah, gegayuhanipun boten kasembadan.

Wondene, manawi gegayuhan ingkang sinedya punika limrah kemawon, sampun dipun sranani
kanthi laku, sampun anoraga alusinng budi lair trusing batin, sampun minta sihing Gusti,
nanging kok inggih boten kasembadan, sampun ngantos lajeng semplah, nanging malah kedah
lantiping panggraita nampi sasmitaning Gusti. Manungsa gadhah gegayuhan, namung Gusti ugi
kagungan rancangan tumraping gesanging umatipun. Rancananganipun Gusti linangkung endah
tumraping gesaning manungsa ingkang saget saha purun ngraosken. Tegesipun Gusti tartamtu
badhe paring berkah ingkang linangkung sae lan endah katimbang gegayuhan ingkang kaudi
dening tiyang kala wau.

8
19). Lamun majad kang sinedyeng kapti
Mangka tan kalakon
Aja age kaget ing driyan
Salah tampa panglaluning ati
Nguring-uring dhiri
Nutuh amun-amun
20). Tampanana sasmitaning Widhi
Tanjihna ing batos
Umat kabeh iki kekasihe
Yekti nora bineda sadermi
Dene duwe kapti
Teka tan jinurung

6. Berkat Terindah pada Saat yang Tepat


Manawi manungsa lantip pangraitanipun saget nampi sasmitaning Gusti, saget ugi gegayuhan
ingkang dereng kasembadan kala wau, pancen dereng wancinipun. Saget ugi nembe kinarya
lelakon dening Gusti, tegesipun pancen manungsa kedah nglampahi laku jantraning agesang
ingkang tinata kanthi permati dening Gusti. Wonten tembung sanes tanggal kapisan mangsa
kapurnaman. KGPAA Mangkunagara IV paring pitedah makaten:

21). Mbok Manawa kang sira karepi


Ginawe lelakon
Durung wektu iku ing tegese
Ngadatira saniskareng kapti
Yen wus kemba lali
Kono sok jumurung
22). Ngibarate lir duryaneng uwit
Nanging maksih anom

9
Yen pinenek angel pangundhuhe
Dupi kena tan enak binukti
Tiwas anderpati
Wekasan tan urup

23). Pakolehe anyarehken kapti

Andina ywa towong

Anunggoni neng ngisor uwite

Prapteng mangsa jer runtuh pribadi

Gampng dennya ngambil

Tur enak lan tuwuk

Para sutresna budaya ingkang kinasih, KGPAA Mangkunagara IV paring saloka ingkang utama
utawi paring pitutur ingkang luhur tumraping tiyang ingkang badhe anggayuh kamukten.
Nugrahaning Gusti punika kados dene wohing duren ingkang gumandhul wonten ing uwit.
Duren ingkang taksih enom punika taksih mentah boten saget dhawah. Manawi dipun penek
inggih saged, namung angel methikipun, tur raosipun inggih boten eca. Duren ingkang sampun
mateng punika badhe dhawah piyambak, gampil anggenipun mendhet, tur raosipun eca.

Tiyang ingkang kasereng ing kapti utawi ngangsa ing panggayuh punika kadi dene methik
duren inbgkang taksih enom tur mentah, manawi saget kapethik raosipun boten eca. Tiyang
ingkang ngangsa ing panggayuh punika ugi kados makaten, boten sabar nengga ngantos
dumugi wahyaning mangsa kala. Kajawi saking punika inggih boten sabar nglampahi laku
ingkang kedah dipun lampahi. Pramila manawi angsal nugraha, punika boten saking
nugrahaning Gusti, nanging saking eblis. Tegesipun sanes nugraha ingkang saestu.

Wondene pakolehipun tiyang ingkang anyarehaken kapti, punika tiyang ingkang kanthi sabar
tawekal saben dinten siang ratri, sampun ngantos towong, nengga duren wonten sangandhaping
uwit. Duren punika kedah dipuntengga kanthi tawekal supados manawi duren wau sampun
sepuh dhawah boten dipun pendhet ing tiyang sanes. Punika saloka utama, pitutur luhur
tumraping tiyang ingkang badha nggayuh kamukten, kedah sabar tawakal nglampahi laku
ingkang anut saturut kaliyan gegayuhanipun. Kajawi saking punika, ugi kedah saget
10
nyingkiraken sadaya pepalang ingkang ngreridu kasembadaning gegayuhanipun. Sabar tawakal
tegesipun sumendhe wonten ngarsanipun Gusti, kanthi anoraga andhap asoring batos dhedheple
nyuwun palimirmaning Gusti. Manawi sadaya laku saget linampahan, sadaya pepalang,
pacoban, tuwin panggodha saget binerat, saestu dumugi titi wahyaning mangsa kala badhe
nampi nugrahaning Gusti.

C. Dudutan

Para sutresna budaya Jawi, manawi dipun raosaken saget dipun mangertosi bilih patraping
tiyang ingkang kasereng ing kapti, utawi mentalitas menerabas, utawi mentalitas instant punika
boten ing jaman sapunika kemawon, nanging ugi sampun wonten nalika sugengipun KGPAA
Mangkunagara IV. Malah, salebeting Serat Salokatama kawrat bilih anggenipun KGPAA
Mangkunagara IV nganggit Serat Salokatama punika awit KGPAA Mangkunagara IV mirsani
patraping tiyang ingkang kasereng ing kapti utawi mentalitas menerabas kala wau. Wondene
ingkang anjalari wontenipun mentalitas menerabas kala wau inggih awit saking mudhadameng
budi, inggih punika bodho utawi kethuling budinipun.

Pramila, sumangga pitutur luhur saking KGPAA Mangkunagara IV kala wau dados pambereg
tumraping kula sarta para sutresna budaya Jawi, ingkang kagungan panggayuh, sampun ngantos
kasereng ing kapti “mentalitas menerabas mengambil jalan pintas”. Panjangka kelampahanipun
kanthi jinangkah, ngelmu iku kelakone kanthi laku.

11
24). Nora beda wong nggayuh kamuktin

Yen kasreng ing batos

Sinangkanan nglalu pratingkahe

Nguring-uring kang dina lan kardi

Sinengguh tan mikir

Marang awakipun

25). Ngempakaken rerusuh ing batin

Kemate linakon

Estu kena kang kinarepake

Kang mangkono iku wahyu eblis

Ngadat tan lestari

Geng bencananipun

26). Kadya duren kanga nom winuni

Padhaning lelakon

Seje lawan kang wantah lekase

Panedhane saking jro semadi

Kalanireng wengi

Ing lair sinamun

12
13

Anda mungkin juga menyukai