Anda di halaman 1dari 12

SERAT WULANGREH

PIWULANG 2 PUPUH DHANDHANGGULA


KELAS IX /1

TUJUAN PEMBELAJARAN :
Melalui proses mengamati, menanya,
mengumpulkan informasi, mengasosiasi, dan
mengkomunikasikan hasil mengolah informasi
dalam penugasan individu, peserta didik dapat
menyimak teks tembang Dhandhanggula
dengan tanggung jawab, mengartikan kata-kata
yang dianggap sulit, menjawab pertanyaan,
mengungkapkan nilai-nilai luhur yang terdapat
dalam tembang macapat Dhandhanggula
Serat Wulangreh mujudaken salah satunggaling
kasusastran ingkang awujud sekar (tembang) macapat
anggitanipun Sri Susuhunan Pakubuwana IV. Tembung
wulang tegesipun ajar, pitutur. Dene tembung reh
tegesipun tingkah laku, pratingkah. Dados Serat
Wulangreh menika mujudaken ajaran ingkang ngatur
babagan pratingkah utawi tingkah laku kangge nggayuh
gesang ingkang ayem tentrem, bagya mulya.
Saben pupuh ngemot piwulang ingkang migunani
tumraping tiyang ingkang maos. Pupuh tembang
Dhandhanggula ing Serat Wulangreh isinipun babagan
caranipun milih guru. Milih guru menika syaratipun milih
tiyang ingkang nyata sae martabatipun, ngertos ing
hukum, ingkang sregep ibadah. Langkung sae malih
menawi tiyang tapa inggih menika tiyang ingkang
sampun nyingkur kadonyan. Pramila kedah ngatos-atos
milih guru supados gesangipun saged sampurna.
Sekar Macapat cacahipun wonten 11 :
1. Maskumambang
2. Mijil
3. Kinanthi
4. Sinom
5. Asmaradana
6. Dhandhanggula
7. Gambuh
8. Durma
9. Pangkur
10. Megatruh
11. Pocung
Kagatosna teks sekar Dhandhanggula saking
Serat Wulangreh menika kanthi tumemen!
Serat Wulangreh
Pupuh Dhandhanggula
1. Pamedhare wasitaning ati,
cumanthaka aniru pujangga,
dahat mudha ing batine,
nanging kedah ginunggung,
datan wruh yen akeh ngesemi,
ameksa angrumpaka,
basa kang kalantur,
tutur kang katula-tula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh,
mrih padhanging sasmita.
2. Sasmitaning ngaurip puniki,
mapan ewuh yen nora weruha,
tan jumeneng ing uripe,
akeh kang ngaku-aku,
pangrasane sampun udani,
tur durung wruh ing rasa,
rasa kang satuhu,
rasaning rasa punika,
upayanen darapon sampurna ugi,
ing kauripanira.
3. Jroning Qur’an nggoning rasa yekti,
nanging ta bilih ingkang uninga,
kajaba lawan tuduhe,
nora kena den awur,
ing satemah nora pinanggih,
mundhak katalanjukan,
temah sasar susur,
yen sira ayun waskitha,
sampurnane ing badanira puniki,
sira anggugurua.
4. Lamun sira angguguru kaki,
amiliha manungsa kang nyata,
ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing kukum,
kang ngibadah lan kang wirangi,
sokur oleh wong tapa,
ingkang wus amungkul,
tan mikir pawewehing liyan,
iku pantes sira guronana kaki,
sartane kawruhana.
5. Lamun ana wong micareng ngelmi,
tan mupakat ing patang prakara,
aja sira age-age,
anganggep nyatanipun,
saringana dipunbaresih,
limbangen lan kang patang,
prakara rumuhun,
dalil kadis lan ijemak,
lan kiyase papat iku salah siji,
anaa kang mupakat.
6. Ana uga kena den antepi,
yen ucul saka patang prakara,
nora enak legetane,
tan wurung tinggal wektu,
panganggepe wus angengkoki,
aja kudu sembahyang,
wus salat katengsun,
banjure mbuwang sarengat,
batal karam nora nganggo den rawati,
bubrah sakehing tata
7. Angel temen ing jaman samangkin,
ingkang pantes kena ginuronan,
akeh wong jaya ngelmune,
lan arang ingkang manut,
yen wong ngelmu ingkang netepi,
ing panggawening sarak,
den arani luput,
nanging ta asesenengan,
nora kena den wor kakarepaneki,
pancene ing priyangga.
8. Ingkang lumrah ing mangsa puniki,
mapan guru ingkang golek sabat,
tuhu kuwalik karepe,
kang wus lumrah karuhun,
jaman kuna mapan si murid,
ingkang padha ngupaya,
kudu angguguru,
ing mengko iki ta nora,
kyai guru naruthuk ngupaya murid,
dadia kanthinira.
(Kapethik saking Serat Wulangreh anggitanipun Sri Susuhunan
Pakubuwana IV)
Kapadosana tegesipun tembung ing ngandhap menika ngangge
basa ngoko utawi krama!
• pamedhare : ………………………………………………
• wasitaning : ………………………………………………
• cumanthaka : ………………………………………………
• ginunggung : ………………………………………………
• angrumpaka : ………………………………………………
• kalantur : ………………………………………………
• rinuruh : ………………………………………………
• ririh : ………………………………………………
• sasmita : ………………………………………………
• udani : ………………………………………………
• upayanen : ………………………………………………
• satuhu : ………………………………………………
• darapon : ………………………………………………
• katalanjukan : ………………………………………………
• waskitha : ………………………………………………
• wirangi : ………………………………………………
• rumuhun : ………………………………………………
• legetane : ………………………………………………
• yekti : ………………………………………………
• ayun : ………………………………………………

Anda mungkin juga menyukai