Anda di halaman 1dari 2

 

Catheten materi ing ngisor iki ana ing bukumu banjur tindakna apa kang dadi
Gladhene!
Serat Wulangreh
Yaiku karya sastra awujud tembang macapat. Anggitanipun/ karangane Raja Surakarta,
Sri Susuhunan Pakubuwana IV nalika taun 1788 nganti 1820. Naskah Wulang Reh
disimpen ing Museum RadyaPustaka ing Surakarta.
Tembung Wulang Reh saka tembung Wulang lan Reh.
Wulang tegese pitutur/nasehat
Reh tegese laku utama/tumindak becik.
Wulang Reh yaiku ajaran kanggo nggayuh sawijining bab, yaiku laku utama/sampurna.
Serat Wulang Reh boten kathah nggunakake Basa Jawa Kuna saengga gampil
anggenipun maos lan mahami isine.

Struktur Serat Wulang Reh

Struktur Serat Wulang Reh dumadi saka 13 tembang (pupuh), kanthi cacah pada/bait
sing benten yaiku:
 Dhandhanggula = 8 pada/bait.
 Kinanthi = 16 pada/bait.
 Gambuh = 17 pada/bait.
 Pangkur = 17 pada/bait.
 Maskumambang = 34 pada/bait.
 Megatruh = 17 pada/bait.
 Durma = 12 pada/bait.
 Wirangrong = 27 pada/bait (DUDU TEMBANG MACAPAT).
 Pocung = 23 pada/bait.
 Mijil = 26 pada/bait.
 Asmaradana = 28 pada/bait.
 Sinom = 33 pada/bait.
 Girisa = 25 pada/bait (DUDU TEMBANG MACAPAT)

2. Paugerane/aturane tembang macapat pupuh Gambuh

Tembang Macapat nduweni paugeran guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.

Tegese guru gatra, guru wilangan lan guru lagu, yaiku.


1. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik saben sapada/satembang (satu bait).
Guru gatrane tembang Gambuh iku ana 5 gatra.
2. Guru wilangan yaiku cacahing wanda/kecap-kecapan (suku kata) saben
sagatra/salarik (satu larik). Guru wilangane tembang Pangkur yaiku 7, 10,
12, 8, 8. Gatra kapisan dumadi saka 8 wanda, gatra kapindho dumadi saka 11
wanda, lan gatra-gatra sabanjure uga mengkono
3. Guru lagu yaiku tibaning aksara swara(vokal) ing pungkasan gatra. Guru lagu
tembang Pangkur yaiku u, u, i, u, a. Tegese gatra kapisan kudu dipungkasi
ngganggo swara urip (huruf vokal) “a”, gatra kapindho dipungkasi swara “i”,
lan gatra-gatra sabanjure uga kaya mengkono.
Gambuh

1. Sekar gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kalantur,


tanpa tutur katula-tula katali,kadaluwarsa katutuh, kapatuh pan dadi awon.
2. Aja nganti kabanjur, sabarang polah kang nora jujur, yen
kabanjur sayekti kojur tan becik,becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos.
3. Pitutur bener iku, sayektine apantes tiniru, nadyan metu
saking wong sudra papeki, lamunbecik nggone muruk, iku pantes sira anggo.
4. Ana pocapanipun, adiguna adigang adigung, pan adigang kidang adigung
pan esthi, adigunaula iku, telu pisan mati sampyoh.
5. Si kidang umbagipun angandelken kebat lumampatipun pan gajah
ngandelaken geng ainggil,ula ngandelaken iku, mandine kalamun nyakot.
6. Iku upamanipun, aja ngandelkaken sira iku, suteng nata iya sapa ingkang
wani, iku ambege wong digung, ing wusana dadi asor.
7. Adiguna puniku, ngandelaken kapinteranipun, samubarang kabisan
dipundheweki, sapapinter kaya ingsun, tuging prana nora injoh.
8. Ambeg adigang iku, ngandelaken ing kasuranipun, para tantang candhala
anyanyampahi,tinemenan nora pecus, satemah dadi guguyon.
9. Ing wong urip puniku, aja nganggo ambeg kang tetelu, anganggoa rereh
ririh ngati-ati, denkawangwang barang laku, den waskitha solahing wong.
10. Dene katelu iku, si kidang suka ing patinipun, pan si gajah alena
patinereki, si ula ingpatinipun, ngandelken upase mandos.
11. Katelu nora patut, yen tiniru mapan dadi luput, titikane wong anom
kurang wawadi, bungahakeh wong anggunggung, wekasane kajalomprong.
12. Yen wong anom puniku, kakehan panggunggung dadi kumprung, pengung
bingungwekasane pan angoling, yen dengunggung muncu-muncu, kaya wudun meh
mecothot.
13. Ing wong kang padha nggunggung, pan sepele iku pamrihipun, mung
warege wadhukkalimising lathi, lan telesing gondhangipun, ruruba alaning uwong.
14. Amrih pareka iku, yen wus kanggep nuli gawe umuk, pan wong akeh
sayektine padha wedi,tan wurung tanpa pisungsung, adol sanggup sakehing wong.
15. Yen wong mangkono iku, nora pantes cedhak mring wong agung, nora
wurung anuntunpanggawe juti, nanging ana pantesipun, wong mangkono
didhedheplok.
16. Aja kakehan sanggup, durung weruh tuture angupruk, tutur nempil
panganggepe wruhpribadi, pangrasane keh wong nggunggung, kang wis weruh
amalengos.
17. Aja nganggo sireku, kalakuan kang mangkono iku, datan wurung tinitenan
dencireni, mringpawong sanak sadulur, nora nana kang pitados.

Anda mungkin juga menyukai