Anda di halaman 1dari 16

Teks Piwulang Serat Wulangreh

Pupuh Gambuh
(Perangan 1)

Nama : Nur Lailiyah Imawati, S.Pd Nama : Wahyu Yuli, S.E.


kelas 8 A-G kelas 8 H-J
KOMPETENSI DASAR dan
INDIKATOR

3.2 Menelaah teks piwulang serat


Wulangreh pupuh Gambuh.
 Mengartikan kata kata yang dianggap sulit yang terdapat dalam
teks piwulang (Serat Wulangreh pupuh Gambuh).
 Menjawab pertanyaan bacaan tentang teks piwulang (Serat
Wulangreh pupuh Gambuh) dalam ragam krama.
 Menuliskan pokok-pokok isi teks piwulang (Serat Wulangreh
pupuh Gambuh)

4.2 Menanggapi teks piwulang serat Wulangreh pupuh


Gambuh.

 Menulis pokok-pokok isi teks piwulang (Serat Wulangreh pupuh Gambuh).

 Menyampaikan secara lisan pokok-pokok isi Teks piwulang (Serat Wulangreh


pupuh Gambuh).
I. SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH
A. Tembangna!
(Jangkepe pupuh gambuh ing Wulangreh ana 17 pada.
Iki pada 1 nganti 17)

03
01
Pitutur bener iku,
Sekar gambuh ping catur,
sayektine apantes tiniru,
kang cinatur polah kang kelantur,
nadyan metu saking wong sudra
tanpa tutur katula-tula katali,
papeki,
kadaluwarsa katutuh,
lamun becik nggone wuruk,
kapatuh pan dadi awon.
iku pantes sira anggo.
02
04
Aja nganti kebanjur,
Ana pocapanipun,
barang polah ingkang nora jujur,
adiguna adigang adigung,
yen kebanjur kojur sayekti tan becik,
pan adigang kidang adigung pan esthi,
becik ngupayaa iku,
adiguna ula iku,
pitutur ingkang sayektos.
telu pisan mati sampyoh.
(Jangkepe pupuh gambuh ing Wulangreh ana 17 pada.
Iki pada 1 nganti 17)

05
07
Sikidang umbagipun,
Adiguna puniku,
angendelaken kebat lumpatipun,
ngandelaken kapinteranipun,
pan si gajah angendelken ageng
samubarang kabisan dipundheweki,
inggil,
sapa pinter kaya ingsun,
ula angendelken iku,
togging prana nora enjoh.
mandine kalamun nyakot.
08
06
Ambek adigang iku,
Iku upamanipun,
angungasaken ing kasuranipun,
aja ngendelaken sira iku,
para tantang candhala anyenyampahi,
suteng Nata iya sapa ingkang wani,
tinemenan nora pecus,
iku ambeke wong digung,
satemah dadi geguyon.
ing wasana dadi asor.
(Jangkepe pupuh gambuh ing Wulangreh ana 17 pada.
Iki pada 1 nganti 17)

11
09
Tetelu nora patut,
Ing wong urip puniku,
yen tiniru mapan dadi luput,
aja nganggo ambek kang tetelu,
titikane wong anom kurang wewadi,
anganggoa rereh ririh ngati-ati,
bungah akeh wong kang ngunggung,
den kawangwang barang laku,
wekasane kajalomprong.
kang waskitha solahing wong.
12
10
Yen wong anom puniku,
Dene tetelu iku,
Kakehan panggunggung dadi kumprung,
si kidang suka ing patinipun,
Pengung bingung wekasane pan
pan si gajah alena patinireki,
angoling,
si ula ing patinipun,
Yen den gunggung muncu-muncu,
ngendelken upase pandos.
Kaya wudun meh mencothot.
(Jangkepe pupuh gambuh ing Wulangreh ana 17 pada.
Iki pada 1 nganti 17)

13
Ing wong kang padha gunggung, 15
pan sepele iku pamrihipun, Yen wong mangkono iku,
mung warege wadhuke klimising nora pantes cedhak mring wong agung,
lathi, nora wurung anuntun panggawe juti,
lan telese gondhangipun, nanging ana pantesipun,
ruruba alaning uwong. wong mangkono didhedhoplok.
14 16
Amrih parek kang iku, Aja kakehan sanggup,
yen wus kanggep nuli gawe umuk, durung weruh tuture agupruk,
pan wong akeh sayektine padha tutur nempil panganggepe wruh pribadi,
wedi, pangrasane keh wong nggunggung,
tan wurung nanpa pisungsung, kang wus weruh amelengos.
adol sanggup sakeh ing wong.
(Jangkepe pupuh gambuh ing Wulangreh ana 17 pada.
Iki pada 1 nganti 17)

17
Aja nganggo sireku,
kalakuan kang mangkono iku,
nora wurung cinirenen den titeni,
mring pawong sanak sadulur,
nora nana kang pitados.

(Saking Serat Wulang Reh, angitanipun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana IV)


B. Tegese Tembung-Tembung
Pada 01 nganti Pada 17
Catur : papat, omong
Kalantur :kebacut
Katula-tula katali ; tansah nandhang cilaka
Katutuh : didakwa
Kapatuh : kaaanggep
Pan : jer, rak, nanging, mung
Nora : ora
Kojur : nemahi cilaka, sengsara
Ngupaya : nggolek
Sayektos : sayekti, bener
Sudra : ora duwe
Papeki (papa + iki) : sengsara
Muruk : mulang, ngajari
Pocapan : omongane
Adiguna : ngunggulake kapinterane
Adigang : ngunggulake kekuwatane
Adigung : ngunggulake kaluhurane
B. Tegese Tembung-Tembung
Pada 01 nganti Pada 17
Sampyoh (sampyuh) : bareng
Umbagipun : umuke, sesongarane
Kebat : banter, santer
Sira : kowe
Suteng (suta + ing) : anak, putra
Nata : raja
Asor : ala, elek, nistha
Samubarang : sakabehe
Kabisan : kapinteran, ketrampilan
Dheweki : diaku, diduweni
Ingsun : aku
Togging : jero
Prana : ati
Enjoh : bisa, saged
Kasuranipun : kewanen, kekendelan
Tandang : tumindak
Candhala : tumindak ala utawa elek
B. Tegese Tembung-Tembung
Pada 01 nganti Pada 17
Anyemnyampahi : moyoki
Tinemenan : ditenanani
Pecus : bisa, pinter
Satemah : wusanane
Rereh : sareh, lerem
Ririh : ati-ati, alus
Den : yen, di
Kawangwang : katon, ketok
Waskhita : ngerti
Solahing : tindak-tanduk
Alena : kurang ati-ati
Pandos : mandi, manjur
Patut : pantes
Wawadi : wewadi, barang kang rahasia
Kurang wawadi : kurang ngerti wewadi
Nggunggung : ngalem
Kajalomprong : kejlomprong, kejegur
B. Tegese Tembung-Tembung
Pada 01 nganti Pada 17
Kumprung : bodho banget,gumedhe, sombong
Penggung : bodho
Angoling ; nggoling, kutah
Muncu-muncu : kebak banget,
Wadhuk : weteng
Lathi : lambe
Gondhangipun : gorokane,
Ruruba : paweweh kanggo golek pamrih, ijol
Parek : cedhak
Tan wurung : wekasane
Pisungsung : hadiyah, paweweh
Juti : jahat. Maling, nyolong
Didhedheplok : diplok, dijur
Gupruk : gupyuk, yak-yaka
Nempil : melu nunut, tuku sethithik
Datan wurung : ora wurung
II. NULIS
A. Gladhen/Latihan nulis syair tembang Gambuh

Sadurunge nulis cakepan/syair tembang Gambuh, prayogane kudu


dingerteni paugeran utawa pathokane tembang Gambuh luwih dhisik. Amarga
tembang Gambuh iku kalebu tembang macapat, mula paugerane kudu kaiket
ing wewaton:

Guru Gatra : cacahing gatra/larik/baris ing saben sapada/sabait


Guru Wilangan : cacahing wanda/kecap/suku kata ing saben
sagatra/salarik/sabaris
Guru Lagu : dhong-dhing utawa tabane aksara swara (a,i,u,e,o) ing
saben pungkasaning gatra/larik/baris
II. NULIS
A. Gladhen/Latihan nulis syair tembang Gambuh

Dene pathokane tembang Gambuh yaiku:

1. Saben sapada/sabait ana 5 gatra/larik/baris

2. Guru wilangane ing saben gatra:


a. gatra 1: 7 wanda
b. gatra 2: 10 wanda
c. gatra 3: 12 wanda
d. gatra 4: 8 wanda
e. gatra 5: 8 wanda
II. NULIS
A. Gladhen/Latihan nulis syair tembang Kinanthi

3. Guru lagune:

gatra 1 : guru lagune u


gatra 2 : guru lagune u
gatra 3 : guru lagune i
gatra 4 : guru lagune u
gatra 5 : guru lagune o

Dene yen digabung/gandheng antarane guru wilangan lan guru lagune tembang
Kinanthi dadi : 7u,10u,12i,8u,8o

Saliyane ngerteni pathokane tembang Kinanthi kaya kasebut ing dhuwur, uga perlu
digatekake ngenani surasa/wataking saben tembang, kalebu watake tembang
Gambuh yaiku Sumanak (ramah terhadap siapapun), sumadulur (persaudaraan yang erat),
Mulang (mengajarkan), dan Pitutur (nasehat).

Anda mungkin juga menyukai