Pupuh Pangkur merupakan sebuah tembang bagian dari Serat Wedhatama yang tulis oleh
KGPAA Mangkunegara IV Kesultanan Yogyakarta.
Materi pelajaran bahasa Jawa yang berisi tentang Serat Wedhatama Tembang Macapat
Pupuh Pangkur pada 1 sampai pada 14.
Baca Juga : Pupuh Sinom Beserta Artinya
Paugerane Tembang Pangkur
➥ Guru gatrane ana 7
Tegese saben pada (bait) dumadi saka 7 gatra (baris).
➥ Guru wilangane 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
Tegese Gatra kapisan dumadi saka wolung wanda (suku kata), gatra kapindho suwelas wanda,
gatra ketelu wolung wondo, gatra kaping papat pitung wondo, gatra kaping lima rolas
wondo, gatra kaping nem wolung wondo, lan gatra kaping pitu wolung wanda.
➥ Guru lagune yaiku a, i, u, a, u, a, i,
Tegese guru lagu yaiku tibaning swara ana ing pungkasaning gatra. Gatra kapisan kudu
dipungkasi nganggo tembung kang ndhuweni swara pungkasan (A). Gatra kapindho dipungkasi
swara (I), gatra kaping telu dipungkasi swara (U), gatra kaping papat dipungkasi swara
(A), gatra kaping lima dipungkasi swara (U), gatra kaping nem dipungkasi swara (A), lan gatra
kaping pitu dipungkasi swara (I).
Baca Juga : Pupuh Kinanthi Beserta Artinya
Pupuh Pangkur Pada 1
1. Mingkar mingkuring angkara,
Akarana karanan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,Sinuba sinukarta,
mrih kretarta pakartining ngelmuluhung,
Kang tumrap neng tanah Jawa,
Agama ageming aji.