Anda di halaman 1dari 21

SERAT WEDHATAMA

PUPUH KINANTI

Ahdina Sabila Afni


XII IPS 3
03
A. Pengertian

Pupuh kinanthi asale sangka kata “kanthi” kang anduweni


arti nggandeng utawa nuntun.
Watake tembang kinanthi yaiku kemuliaan, tauladan kang
becik, nasihat lan katresnanan.

● Pada : 18 pada
● Guru gatra: 6
● Guru lagu: u, i, a, i, a, i
● Guru Wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8
Tembang kinanthi pada 1

Mangka kanthining tumuwuh,


Salami mung awas eling,
Eling lukitaning alam,
Dadi wiryaning dumadi,
Supadi nir ing sangsaya,
Yeku pangreksaning urip.

Arti tembang kinanthi pada 1 ing basa indonesia:


Padahal bekal/modal orang hidup,
selamanya waspada dan ingat,
Ingat kepada petunjuk/contoh di alam ini.
Jadi kekuatan hidup,
supaya lepas dari kesengsaraan,
yaitu cara pemeliharaan hidup.
Tembang kinanthi pada 2

Marma den taberi kulup,


Angulah lantiping ati,
Rina wengi den aneda,
Pandak-panduking pambudi,
Bengkas kahadaning driya,
Supaya dadya utami.

Arti tembang kinanthi pada 2 ing basa indonesia:


Oleh karena itu rajinlah anakku,
belajar menajamkan perasaan.
Siang malam berusaha,
berusahalah selalu,
menghancurkan nafsu pribadi,
agar menjadi utama.
Tembang kinanthi pada 3

Pangasahe sepi samun,


Aywa esah ing salami,
Samangsa wis kawistara,
Landhepe mingis mingis,
Pasah wukir reksamuka,
Kekes srabedaning budi.

Arti tembang kinanthi pada 3 ing basa indonesia:


Cara memperdalam/mempertajam didalam sepi (semedi),
jangan berhenti selamanya,
apabila sudah lihat,
tajamnya luar biasa,
dapat untuk mengiris gunung penghalang,
Lenyap semua penghalangnya budi.
Tembang kinanthi pada 4

Dene awas tegesipu,


Weruh warananing urip,
Miwah wisesaning tunggal,
Kang atunggil rina wengi,
Kang mukitan ing sarkara,
Gumelar ngalam sakalir.

Arti tembang kinanthi pada 4 ing basa indonesia:


Dene waspada kui,
Ngerti kang dadi pepalangani urip,
Sarta kang kuwasa gusti,
Sing nduweni rina wengi,
Sing bisa dikabulna,
Kasebar ing sekabihane ndonya.
Tembang kinanthi pada 5

Ayawa sembrana ing kalbu,


Wawasen wuwus sireki,
Ing kono yekti karasa,
Dudu ucape pribadi,
Marma den sembadeng sedya,
Wewesen praptaning uwis.

Arti tembang kinanthi pada 5 ing basa indonesia:


Jangan lengah di dalam hati,
perhatikan kata-katamu,
disitu tentu terasa,
bukan katamu sendiri,
oleh karenanya bertanggungjawablah,
dan perhatikan semuanya sampai tuntas.
Tembang kinanthi pada 6

Sirnakna semanging kalbu,


Den waspada ing pangeksi,
Yeku dalaning dalaning kasidan,
Sinuda saka sathithik,
Pamotahing nafsu hawa,
Linantih mamrih titih.

Arti tembang kinanthi pada 6 ing basa indonesia:


Hilangkan keragu-raguan hati.
Waspadalah terhadap pandanganmu,
Itulah jalan yang baik,
Kurangilah dari sedikit,
Permintaan hawa nafsu,
latihlah agar sempurna.
Tembang kinanthi pada 7

Aywa mematuh nalutuh,


Tanpa tuwas tanpa kasil,
Kasalibuk ing srabeda,
Marma dipun ngati ati,
Urip keh rencananira,
Sambekala den kaliling.

Arti tembang kinanthi pada 7 ing basa indonesia:


Jangan membiasakan diri berbuat aib,
tidak ada gunanya tidak ada hasilnya.
Terjerat oleh rintangan/gangguan.
Oleh karena itu berhati-hatilah,
Hidup banyak rintangannya,
Godaan harus diperhatikan.
Tembang kinanthi pada 8

Upamane wong lumaku,


Marga gawat den liwati,
Lamun kurang ing pangarah,
Sayekti karendhet ing ri,
Apese kasandhung padhas,
Babak bundhas anemahi.

Arti tembang kinanthi pada 8 ing basa indonesia:


Seumpama orang berjalan,
Jalan yang berbahaya dilalui.
Apabila kurang perhitungan,
tentulah tertusuk duri,
paling tidak terantuk batu,
akhirnya terluka.
Tembang kinanthi pada 9

Lumrah bae yen kadyaku,


Atetamba yen wus becik,
Duwey kawruh sabodhag,
Yen tan nartani ing kapti,
Dadi kawruhe kinarya,
Ngupaya kasil lan melik.

Arti tembang kinanthi pada 9 ing basa indonesia:


Yang demikian itu biasa,
berobat setelah terluka,
walaupun punya pengetahuan banyak,
apabila tidak ada gunanya,
sehingga pengetahuannya hanya dipakai,
mencari nafkah dan pamrih.
Tembang kinanthi pada 10

Meloke yen arsa muluk,


Muluk ujare lir wali,
Wola wali nora nyata,
Anggepe pandhita luwih,
Kaluwihane tan ana,
Kabeh tandha-tandha sepi.

Arti tembang kinanthi pada 10 ing basa indonesia:


Terlihat bila berkomentar,
bicaranya muluk-muluk biar dianggap wali,
berkali-kali tidak terbukti,
Menganggap dirinya pandita hebat,
kehebatannya tidak ada,
bukti-bukti tidak nampak.
Tembang kinanthi pada 11

Kawruhe mung ana wuwus,


Wuwuse gumaib-gaib,
Kasliring thithik tan kena,
Mancereng alise gathik,
Apa pandita antiga,
Kang mangkono iku kaki.

Arti tembang kinanthi pada 11 ing basa indonesia:


Pengetahuannya hanya ada didalam mulut,
Kata-katanya digaib-gaibkan,
Dibantah sedikit saja tidak mau,
Mata membelalak alisnya menjadi satu (marah),
apa itu pandita palsu,
yang seperti itu anakku.
Tembang kinanthi pada 12

Mangka ta kang aran laku,


Lakune ngelmu sejati,
Tan dahwen pati openan,
Tan panasten nora jail,
Tan njurungi ing kahardan,
Amung eneng mamrih ening.

Arti tembang 12 ing basa indonesia:


Padahal yang disebut laku (sarat),
saratnya menjalankan ilmu sejati,
Tidak iri dan dengki,
tidak mudah marah dan jail,
tidak melampiaskan hawa nafsu,
Hanyalah diam agar dapat tenang.
Tembang kinanthi pada 13

Kaunanging budi luhung,


Bangkit ajer ajur kaki,
Yen mangkono bakal cikal,
Thukul wijining utami,
Nadyan bener kawruhira,
Yen ana kang nyulayani.

Arti tembang kinanthi pada 13 ing basa indonesia:


Biasanya budi yang baik itu,
pandai bergaul dengan siapapun anakku,
bila demikian akan tumbuh,
tumbuh benih utama,
Walaupun pengetahuannya benar,
bila ada yang berbeda pendapat.
Tembang kinanthi pada 14

Tur kang nyulayani iku,


Wus wruh yen kawruhe nempil,
Nanging laire angalah,
Katingala angemori,
Mung ngenaki tyasing lisan,
Aywa esak aywa serik.

Arti tembang kinanthi pada 14 ing basa indonesia:


Lebih-lebih yang berbeda pendapat itu,
kita ketahui bukan pengetahuannya sendiri,
tetapi diluar mengalah,
agar terlihat sesuai,
Hanya menyenangkan hati orang lain,
Jangan sakit hati dan dendam.
Tembang kinanthi pada 15

Yeku ilapating wahyu,


Yen yuwan ing salami,
Marga wimbuh ing nugraha,
Saking heb Kang Maha Suci,
Cinancang pucuking cipta,
Nora ucul-ucul kaki.

Arti tembang kinanthi pada 15 ing basa indonesia:


Demikianlah saratnnya wahyu,
bila demikian selamanya,
itu jalan menambah pahala,
dari Sabda Tuhan,
diikat diujung cipta,
tidak akan lepas anakku.
Tembang kinanthi pada 16

Mangkono ingkang tinamtu,


Tanpa nugrahing widhi,
Mamrih ta kulup den bisa,
Mbusuki ujaring janmi,
Pakoleh lair batinnya,
Lir leluhur nguni uni.

Arti tembang kinanthi pada 16 ing basa indonesia:


Begitulah biasanya,
mendapat anugrah Tuhan,
Oleh karena itu agar anakku agar kau bisa,
pura-pura menjadi orang bodoh terhada orang lain,
hasilnya lahir batin,
iyalah budi yang baik.
Tembang kinanthi pada 17

Pantes tinulad tinurut,


Laladane mrih utami,
Utama kembanging mulya,
Kamulyaning jiwa dhiri,
Ora ta yen ngeplekana,
Lir leluhur nguni uni.

Arti tembang kinanthi pada 17 ing basa indonesia:


Pantas jadi tauladan dan diikuti,
cara-cara mencapai kebaikan,
Itu permulaan dari kemuliaan,
Kemulyaan jiwa jiwa raga,
walaupun tidak persis,
seperti nenek moyang dahulu.
Tembang kinanthi pada 18

Ananging ta kudu-kudu,
Sakadarira pribadi,
Aywa tinggal tutuladhan,
Lamun tan mangkono kaki,
Yekti tuna ing tumitah,
Poma kaestokna kaki.

Arti tembang kinanthi pada 18 ing basa indonesia:


Tetapi harus iktiar,
sekedarnya saja,
jangan melupakan tauladan/contoh,
Apabila tidak demikian anakku,
itu berarti rugi hidup ini,
Oleh karena itu jalankanlah anakku.

Anda mungkin juga menyukai