Anda di halaman 1dari 9

Makna Tembang Kinanthi dalam Serat Wedhatama

Pupuh Kinanthi Pada 1


 83.Mangka kanthining tumuwuh,
      Salami mung awas eling,
      Eling lukitaning alam,
      Dadi wiryaning dumadi,
      Supadi nir ing sangsaya,
      Yeku pangreksaning urip.
DALAM BAHASA INDONESIA
Padahal bekal/modal orang hidup,
selamanya waspada dan ingat,
Ingat kepada petunjuk/contoh di alam ini.
Jadi kekuatan hidup,
supaya lepas dari kesengsaraan,
yaitu cara pemeliharaan hidup.
DALAM BAHASA JAWA
Mangka kanggo sanguning urip,
Selawase kudu awas lan eling,
Ing mlaku kudeh ati-ati,
Eling marang pertandani urip,
Supaya adoh sangka sangsara,
Yo ngono carane nglakoni urip.

Pupuh Kinanthi Pada 2


84. Marma den taberi kulup, 
      Angulah lantiping ati,
      Rina wengi den aneda,
      Pandak-panduking pambudi,
      Bengkas kahadaning driya,
      Supaya dadya utami.
DALAM BAHASA INDONESIA
Oleh karena itu rajinlah anakku,
belajar menajamkan perasaan.
Siang malam berusaha,
berusahalah selalu,
menghancurkan nafsu pribadi,
agar menjadi utama.
DALAM BAHASA JAWA
Mula sregepa anak-anakku,
Sinau netepi ati,
Rina wengi den upaya,
Mrasuk ing sajroning ati,
Ngilangake napsu,
Supaya dadi wong kang utama.
Pupuh Kinanthi Pada 3
85. Pangasahe sepi samun,
      Aywa esah ing salami,
      Samangsa wis kawistara,
      Landhepe mingis mingis,
      Pasah wukir reksamuka,
      Kekes srabedaning budi.
DALAM BAHASA INDONESIA
Cara memperdalam/mempertajam didalam sepi (semedi),
jangan berhenti selamanya,
apabila sudah lihat,
tajamnya luar biasa,
dapat untuk mengiris gunung penghalang,
Lenyap semua penghalangnya budi.
DALAM BAHASA JAWA
Ngasah ing alam sepi (semedi),
Aja nganti leren sadurunge ngrasuk ng awak,
Yen wis ketara upaya,
Landhepe luar biasa,
Ngiris gunung gedhe,
Bisa ngilangi pepalangane budi pekerti.

Pupuh Kinanthi Pada 4


86. Dene awas tegesipu,
      Weruh warananing urip,
      Miwah wisesaning tunggal,
      Kang atunggil rina wengi,
      Kang mukitan ing sarkara,
      Gumelar ngalam sakalir.
DALAM BAHASA INDONESIA
Dene waspada kui,
Ngerti kang dadi pepalangani urip,
Sarta kang kuwasa gusti,
Sing nduweni rina wengi,
Sing bisa dikabulna
Kasebar ing sekabihane ndonya.
DALAM BAHASA JAWA
Dene wespada iku tegese,
Weruh apa kang dadi ngalangi urip,
Serta kekuasaan kang Maha Esa,
Kang nduweni rina wengi,
Ora bisa dikabulna,
Bakal mbukak alame ndonya.

Pupuh Kinanthi Pada 5


87. Ayawa sembrana ing kalbu,
      Wawasen wuwus sireki,
      Ing kono yekti karasa,
      Dudu ucape pribadi,
      Marma den sembadeng sedya,
      Wewesen praptaning uwis.
DALAM BAHASA INDONSIA
Jangan lengah di dalam hati,
perhatikan kata-katamu,
disitu tentu terasa,
bukan katamu sendiri,
oleh karenanya bertanggungjawablah
dan perhatikan semuanya sampai tuntas.
DALAM BAHASA JAWA
Aja nganti sembrana ning ati,
Waspada marang pangucapanmu,
Ning kono bakal kerasa,
Ora pangucapane dhewe,
Mula kudu tanggung jawab,
Nganti apa sing desembadaaki tuntas.

Pupuh Kinanthi Pada 6


88. Sirnakna semanging kalbu,
      Den waspada ing pangeksi,
      Yeku dalaning dalaning kasidan,
      Sinuda saka sathithik,
      Pamotahing nafsu hawa,
      Linantih mamrih titih.
DALAM BAHASA INDONESIA
Hilangkan keragu-raguan hati.
Waspadalah terhadap pandanganmu,
Itulah jalan yang baik,
Kurangilah dari sedikit,
Permintaan hawa nafsu,
latihlah agar sempurna.
DALAM BAHASA JAWA
Ngilangaki rasa mamang ing ati,
Den waspada marang pandelengmu,
Mengkono kui dalan kang apik,
Sudanen sangka sithik-sithik,
Kepenginane hawa nafsu,
den latiha supaya sempurna.

Pupuh Kinanthi Pada 7


89. Aywa  mematuh nalutuh,
      Tanpa tuwas tanpa kasil,
       Kasalibuk ing srabeda,
       Marma dipun ngati ati,
       Urip keh rencananira,
       Sambekala den kaliling.
 
DALAM BAHASA INDONESIA
Jangan membiasakan diri berbuat aib,
tidak ada gunanya tidak ada hasilnya.
Terjerat oleh rintangan/gangguan.
Oleh karena itu berhati-hatilah,
Hidup banyak rintangannya,
Godaan harus diperhatikan.
DALAM BAHASA JAWA
Aja kulina tumindak ala,
Tanpa guna tanpa kasil,
Kena marang gangguan,
Mula diati-ati,
Urip kui akeh panggodane.
Panggoda kudu diperhatikna.

Pupuh Kinanthi Pada 8


90.Upamane wong lumaku,
      Marga gawat den liwati,
      Lamun kurang ing pangarah,
      Sayekti karendhet ing ri,
      Apese kasandhung padhas,
      Babak bundhas anemahi.
DALAM BAHASA INDONESIA
Seumpama orang berjalan,
Jalan yang berbahaya dilalui.
Apabila kurang perhitungan,
tentulah tertusuk duri,
paling tidak terantuk batu,
akhirnya terluka.
DALAM BAHASA JAWA
Saumpama wong melaku,
Dalan kang bebaya dilewati,
Yen kurang ati ati,
Bisa kena ri(pepalang),
Apese kya kesandung watu,
pungkasane kelara-lara.

Pupuh Kinanthi Pada 9


91.  Lumrah bae yen kadyaku,
      Atetamba yen wus becik,
      Duwey kawruh sabodhag,
      Yen tan nartani ing kapti,
      Dadi kawruhe kinarya,
      Ngupaya kasil lan melik.
DALAM BAHASA INDONESIA
Yang demikian itu biasa,
berobat setelah terluka,
walaupun punya pengetahuan banyak,
apabila tidak ada gunanya,
sehingga pengetahuannya hanya dipakai,
mencari nafkah dan pamrih.
DALAM BAHASA JAWA
Lumrah wae yen mangkono,
Golek tombo yen bablak,
Sanadyan duwe ilmu akeh,
Yen ora padha karo tujuan,
Kawruh mung dienggo,
Ngupaya kasil lan pamrih.

Pupuh Kinanthi Pada 10


92. Meloke yen arsa muluk,
      Muluk ujare lir wali,
      Wola wali nora nyata,
      Anggepe pandhita luwih,
      Kaluwihane tan ana,
      Kabeh tandha-tandha sepi,
DALAM BAHASA INDONESIA
Terlihat bila berkomentar,
bicaranya muluk-muluk biar dianggap wali,
berkali-kali tidak terbukti.
Menganggap dirinya pandita hebat,
kehebatannya tidak ada,
bukti-bukti tidak nampak.
DALAM BAHASA JAWA
Omongane muluk-muluk
Omongane kaya wali,
Bola-bali ora ana asile,
Anggepe dheweke nduwe,
Kaluwihane ora ana,
Kabeh iku prantarane jiwa kang kesang.

Pupuh Kinanthi Pada 11


93. Kawruhe mung ana wuwus,
      Wuwuse gumaib-gaib,
      Kasliring thithik tan kena,
      Mancereng alise gathik,
      Apa pandita antiga,
      Kang mangkono iku kaki.
DALAM BAHASA INDONESIA
Pengetahuannya hanya ada didalam mulut.
Kata-katanya digaib-gaibkan,
Dibantah sedikit saja tidak mau.
Mata membelalak alisnya menjadi satu (marah),
apa itu pandita palsu,
yang seperti itu anakku.
DALAM BAHASA JAWA
Ngrlmune mung omongan thok,
Omongane digawe-gawe,
Disenggol sitik ora kena,
Muring-muring alise gathik,
Apa kuwi kang diarani pandhita palsu,
Kang kaya kuwi anakku.

Pupuh Kinanthi Pada 12


94. Mangka ta kang aran laku,
      Lakune ngelmu sejati,
      Tan dahwen pati openan,
      Tan panasten nora jail,
      Tan njurungi ing kahardan,
      Amung eneng mamrih ening.
DALAM BAHASA INDONESIA
Padahal yang disebut laku (sarat)
saratnya menjalankan ilmu sejati,
Tidak iri dan dengki,
tidak mudah marah dan jail,
tidak melampiaskan hawa nafsu.
Hanyalah diam agar dapat tenang.
DALAM BAHASA JAWA
Mangka ta sing diarani laku,
Lakune ngelmu sejati,
Ora kena iri/ngurusi liya,
Ora kena panas ati lan jail,
Ora ngelampiasake amung nafsu,
Kang ditindhakake amung anteng.

Pupuh Kinanthi Pada 13


95. Kaunanging budi luhung,
      Bangkit ajer ajur kaki,
      Yen mangkono bakal cikal,
      Thukul wijining utami,
      Nadyan bener kawruhira,
      Yen ana kang nyulayani,
 
DALAM BAHASA INDONESIA
Biasanya budi yang baik itu,
pandai bergaul dengan siapapun anakku,
bila demikian akan tumbuh,
tumbuh benih utama.
Walaupun pengetahuannya benar,
bila ada yang berbeda pendapat
DALAM BAHASA JAWA
Luhure budi pekerti,
Gampang srawung sapa wae,
Yeku bakal thukul ilmu,
Tukul ilmu kang utama,
Nadyan bener ilmune,
Kadang ora ana sing bedha.
Pupuh Kinanthi Pada 14
96.  Tur kang nyulayani iku,
       Wus wruh yen kawruhe nempil,
       Nanging laire angalah,
       Katingala angemori
       Mung ngenaki tyasing lisan,
       Aywa esak aywa serik.
DALAM BAHASA INDONESIA
Lebih-lebih yang berbeda pendapat itu,
kita ketahui bukan pengetahuannya sendiri,
tetapi diluar mengalah,
agar terlihat sesuai.
Hanya menyenangkan hati orang lain,
Jangan sakit hati dan dendam.
DALAM BAHASA JAWA
Kang ngulayani/ngelmu,
Biasane ilmune cethek,
Nanging uripe sing rukun,
Katingala sing becik,
Mung bisa kepenak atine liya,
Aja lara ati lan serik.

Pupuh Kinanthi Pada 15


97.  Yeku ilapating wahyu,
       Yen yuwan ing salami,
       Marga wimbuh ing nugraha,
       Saking heb Kang Maha Suci,
       Cinancang pucuking cipta,
       Nora ucul-ucul kaki.
DALAM BAHASA INDONESIA
Demikianlah saratnnya wahyu,
bila demikian selamanya,
itu jalan menambah pahala,
dari Sabda Tuhan,
diikat diujung cipta,
tidak akan lepas anakku,
DALAM BAHASA JAWA
Yaiku perantarane yen arep entuk wahyu,
Yen lega salawase,
Mula iso entuk anugrah,
Saking sabda Gusti,
Ditali ing pucuke cipta,
Ora ngarah ucul anakku.

Pupuh Kinanthi Pada 16


98. Mangkono ingkang tinamtu,
      Tanpa nugrahing widhi,
       Mamrih ta kulup den bisa,
       Mbusuki ujaring janmi,
       Pakoleh lair batinnya.
       Lir leluhur nguni uni,
 
DALAM BAHASA INDONESIA
Begitulah biasanya,
mendapat anugrah Tuhan.
Oleh karena itu agar anakku agar kau bisa,
pura-pura menjadi orang bodoh terhada orang lain,
hasilnya lahir batin,
iyalah budi yang baik.
DALAM BAHASA JAWA
Kaya kuwi siasane wong urip,
Entuk anugrahe Gusti,
Mula sinau sak bisa-bisane,
Etok-etok ujare manungsa,
Supaya entuk katentremen,
Kaya ngono kuwi budine sing becik.

Pupuh Kinanthi Pada 17


99.  Pantes tinulad tinurut
       Laladane mrih utami,
       Utama kembanging mulya,
       Kamulyaning jiwa dhiri,
       Ora ta yen ngeplekana,
       Lir leluhur nguni uni.
DALAM BAHASA INDONESIA
Pantas jadi tauladan dan diikuti,
cara-cara mencapai kebaikan,
Itu permulaan dari kemuliaan.
Kemulyaan jiwa jiwa raga,
walaupun tidak persis,
seperti nenek moyang dahulu.
DALAM BAHASA JAWA
Pantes dadi tuladha lan ditiru,
Saranane dadi wong kang utama,
Iku kembang kamulyan,
Kamulyane jiwa raga,
Masio ora persis,
Kayata leluhur biyen.

Pupuh Kinanthi Pada 18


100. Ananging ta kudu-kudu,
        Sakadarira pribadi,
        Aywa tinggal tutuladhan,
        Lamun tan mangkono kaki,
        Yekti tuna ing tumitah,
         Poma kaestokna kaki.
 
DALAM BAHASA INDONESIA
Tetapi harus iktiar,
sekedarnya saja,
jangan melupakan tauladan/contoh,
Apabila tidak demikian anakku,
itu berarti rugi hidup ini.
Oleh karena itu jalankanlah anakku.
DALAM BAHASA JAWA
Ananging sira kudu ngupaya,
Miturut kemampuane awake dhewe,
Aja ninggal patuladan,
Yn sira ora nglakoni,
Mati bakal dadi kang rugi,
Mangka lakonana anakku

Anda mungkin juga menyukai