Anda di halaman 1dari 74

RINGKESAN

MODHUL
NGERTI BASA JAWA

Kangge:
SMA
Kelas XII-a

-Bambang Santoko-

Sinengkalan:

JANMA MANEMBAH TANPA KANTHI

KACITHAK WINATES
KANGGE SMA NEGERI 1 KARANGREJO
TULUNGAGUNG

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 1


(kapethik saka: https://teratakemas.com/2017/09/18/tawadhu-rendah-diri/)

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 2


RINGKESAN

Modhul Ngerti Basa Jawa XII


Kanggo SMA Kelas XII Semester 1

Karakit dening:
Bambang Santoko

Kacithak Kapisan, 17 Agustus 2018


Kapindho, 26 Juli 2021

wewenange panulis ingayoman dening angger-angger kalarang nikelake buku iki


tanpa idin tinulis dening pamedhar, kajaba sajroning pangutipan kanggo
panulisan artikel utawa karangan ilmiah.

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 3


ATUR PANGIRING

Puji sokur konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Mahaasih, awit
saking sih saha nugrahanipun ingkang amberkahi tumrap pangrakitipun ringkesan
modhul “Ngerti Basa Jawa: kangge kelas XII-A” punika saged kasil karampungaken.
Prelu kawuningan bilih piwulangan basa Jawi punika sampun dados mata pelajaran
muatan lokal wajib wonten tataran SD/ MI/ SDLB - SMP/ MTs - SMA/ SMK/ MA/
MAK wonten Jawa Timur ingkang kinayoman dening Peraturan Gubernur Jawa
Timur nomer 19 Tahun 2014. Ringkesan modhul punika karakit minangka bahan
pasinaon daring kangge tataran SMA/SMK/MA.

Boten kasupen kangge ngiras pantes gunging panuwun pangrakit aturaken


dhumateng Kepala SMA Negeri 1 Karangrejo ingkang sampun kersa paring idi
pangestu ngantos saged mbabaraken ringkesan modhul punika. Mugi-mugi modhul
punika saged migunani tumrap piwulangan basa Jawi sinaosa kanthi cara daring.
Ing wasana pangrakit nglenggana bilih ringkesan modhul punika taksih kathah
cewetipun, amargi saking cupeting kawruh saha winatĕsipun daya pangrakit, pramila
pamrayogi saha panyaruwe tansah dipunantu-antu minangka sumbangsih ingkang
tanpa pepindhan amrih sampurnaning modhul punika.

PLASAKLATHEN, 24 Juli 2021


14 BESAR 1954 AJ

BAMBANG SANTOKO

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 4


Mangga sami njagi
kasarasan kanthi
nindakaken prokes ….

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 5


DHAPTAR ISI

Samak 1
Atur Pangiring 4
Dhaptar Isi 6
Sumebare KI-KD Kelas XII Semester Ganjil 7
Ngrengrengan Piwulangan lan Pambiji 8
Sangu Bebrayan lan Pasrawungan 9
Wulangan 1 Unggah-ungguh Basa Jawa 10
Wulangan 2 Sandiwara Jawa 17
Wawasan Paramasastra Jawa 22
Wulangan 3 Crita Cekak 29
Penilaian Harian 1 43
Wulangan 4 Anekdot 51
Gladhen Penilaian Akhir Semester 58
Kapustakan 69
Pribadi Binuka 70

SABEGJA BEGJANE KANG LALI ISIH LUWIH BEGJA KANG ELING KLAWAN WASPADA
(BUTIR-BUTIR BUDAYA JAWA, 1996: 42)

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 6


SUMEBARE KOMPETENSI INTI & KOMPETENSI DASAR
KELAS XII SEMESTER GANJIL

KOMPETENSI INTI KOMPETENSI DASAR


K1 Menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang 1.1 Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa
dianutnya. daerah sebagai anugerah Tuhan Yang Maha Esa
untuk meningkatkan pengetahuan dan keterampilan
berbahasa daerah, serta untuk melestarikandan
mengembangkan budaya daerah untuk
didayagunakan sebagai upaya pembinaan dan
pengembangan kebudayaan Nasional.
1.2 Mensyukuri anugerah Tuhan akan keberadaan
bahasa daerah dan menggunakannya sesuai
kaidah dan konteks sosial budaya.
1.3 Mensyukuri anugerah Tuhan akan keberadaan
bahasa daerah dan menggunakannya sesuai
kaidah dan konteks sosial budaya.

K2 Menghayati dan mengamalkan perilaku jujur, 2.1 Mengamalkan perilaku jujur, disiplin, peduli,
disiplin, tanggungjawab, peduli (gotong royong, santun, dan proaktif dalam menggunakan bahasa
kerjasama, toleran, damai), santun, responsive dan daerah dalam komunikasi lisan maupun tulis.
pro-aktif dan menunjukkan sikap sebagai bagian dari 2.2 Mengamalkan perilaku jujur, disiplin, dan tanggung
solusi atas berbagai permasalahan dalam jawab dalam menggunakan bahasa daerah untuk
berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial memahami dan menyusun teks sastra atau non
dan alam serta dalam menempatkan diri sebagai sastra.
cerminan bangsa dalam pergaulan dunia. 2.3 Mengamalkan perilaku jujur, disiplin, dan peduli
dalam menggunakan bahasa daerah untuk
mengapresiasi dan mengekspresikan karya sastra,
seni, dan budaya daerah.

K3 Memahami ,menerapkan, menganalisis pengetahuan 3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis


faktual, konseptual, prosedural berdasarkan rasa penggunaan bahasa lisan dalam berbagai situasi
ingin tahu tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, sesuai tatakrama.
budaya, dan humaniora dengan wawasan 3.2 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis
kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan karya fiksi dan non fiksi secara lisan dan tulis.
peradaban terkait penyebab fenomena dan kejadian, 3.3 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis
serta menerapkan pengetahuan prosedural pada karya fiksi dan non fiksi secara lisan dan tulis.
bidang kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan
minatnya untuk memecahkan masalah.
K4 Mengolah, menalar, dan menyaji dalam ranah 4.1 Melakukan simulasi penggunaan bahasa daerah
konkrit dan ranah abstrak terkait dengan dalam berbagai konteks sesuai dengan tatakrama.
pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah 4.2 Memproduksi dan mempublikasikan karya fiksi
secara mandiri, dan mampu menggunakan metoda (naskah drama, cerita pendek, karya terjemahan).
sesuai isi keilmuan. 4.3 Menyusun dan mempublikasikan karya nonfiksi
(artikel, laporan, opini, anekdot, dan atau kritik)
sesuai kaidah.

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 7


NGRENGRENGAN PIWULANGAN

Pepanggihan
Kaping …. Materi Pokok

I sangune bebrayan & pasrawungan


II unggah-ungguh basa jawa
III unggah-ungguh basa jawa
IV sandiwara jawa
V sandiwara jawa
VI Penilaian Harian 1
VII crita cekak
VIII crita cekak
IX crita cekak
X crita cekak
XI Penilaian Harian 2
XII anekdot
XIII anekdot
XIV anekdot
XV anekdot
XVI Penilaian Akhir Semester

NGRENGRENGAN PAMBIJI
Aspek Kognitif Psikomotor
praktik

produk
proyek
tugas

PAT
PH

Materi Pokok

Unggah-ungguh Basa Jawa


Sandiwara Jawa
Crita Cekak
Anekdot

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 8


SANGUNE BEBRAYAN
&
PASRAWUNGAN

WEJANGAN PADMASUSASTRAN
1. Lumůh ing gawé iku ora béda karo kesed, dadi tuking kapitunane dhewe.
Sanajan sarjana yen lumuh ing gawe iya ilang kuncarane, bali kaya lumrah tur
ora kadhuwitan, saka panggawene dhewe, dipendhem ana ing uwuh kalumuhan.

2. Uni ala lan uni becik padha ngobahake lambe. Yagene kowe dhemen adol uni ala
kang sethithik regane?

3. Uler dadi amane tanduran, ngrikiti godhong nganti pundhes, tanpa welas
marang wit kang nguripi awake. Suprandene bareng mangsane tuwa eling
marang panggawe becik, tobat marang Pangeran, tapa brata nyuwun pangapura,
mung ngisep madune kusuma. Gek kepriye yen manungsa kang duwe kalakuan
ala ora bisa mari nganti tumekaning pati? Apa kalah karo pakartine kewan cilik?

4. Taberi iku tuking kabegjan. Wateke arang lara, rejekine tutut, akeh kang bisa
kecukupan, paribara sugih saka pitulungane Allah.

DHANDHANGGULA/SARKARA/HARTATI
[dening: Drs. Sutikno]

unggah-ungguh guna muna-muni


milah lan milih basa prayoga
mrih prayoga pasrawunge
kang duwe rasa tuhu
tuhu ing wong liya ngajeni
ing natepi tata krama
rumesep ing kalbu
amung ngajeni priyangga
temah mbabar omber watak kang dadi
luhuring kamanungsan

(Jombang, Mei 2005)

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 9


WULANGAN 1
UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA

A. Istilah Unggah-ungguh & Undha-Usuk sarta Panentune


Unggah-ungguh iku sejatine tata aturan panganggone basa Jawa miturut tata
krama. Dene sing diarani undha-usuk (tingkat tutur) iku minangka tata cara
(sistem) basa kang nuduhake tataran/tingkatan kang asipat resmi (formalitas)
lan kanggo ngajeni (menghargai) wong sing dirasakake dening O1 (penutur)
marang wong liya, yaiku O2 (mitra tutur) utawa O3 (wong sing dicritakake)
(Poedjosoedarmo, 1979: 16).Sing nemtokake anane tingkat tutur:
1. Tingkat formalitas hubungan ing antarane O1 lan O2:
a. tingkat keakraban hubungan kalawan O2.
b. tingkat keangkeran (hubungan kulawarga) O2 lan O3.
c. umur O2
2. Status Sosial:
a. kebangsawanan
b. pangkat
c. ekonomi
d. pendhidhikan

B. Ragam Unggah-ungguhing Basa Jawa


Miturut Sasangka (2007: 103-120) cak-cakane basa Jawa bisa kaperang dadi
loro, yaiku:
1. Basa Ngoko
Basa ngoko yaiku bahasane wong kang ora pati ngurmati kang diajak
guneman
Basa ngoko ana rong werna:
1.1 Ngoko lugu
Wujude tembung ngoko lan netral, ora ana tembung kang krama inggil
tumrap wong kang di ajak guneman. Yen ana, mung tumrap marang
wong sing digunem.
Kanggone: omongane bocah karo bocah sing kulina (akrab), omongane
wong tuwa karo wong enom, yen lagi ngunandika.
Tuladha:
(1) Yen mung kaya ngono bae, kowe mesthi ya bisa!
(2) Aku kulina turu awan
1.2 Ngoko alus
Basa ngoko kang alus utawa luwih diajeni. Wujude yaiku ora mung
tembung ngoko lan netral bae, nanging uga ana tembunge krama inggil,
krama andhap, lan uga krama. Mung bae ana tembung krama inggil
tumrap wong kang di jak guneman.
Kanggone: ibu marang bapak, adhi marang kangmase utawa mbakyune,
bisa uga kangmas utawa mbakyu marang adhi kang diajeni merga
pangkate luwih dhuwur, anak marang wong tuwa, guru padha guru kang
wis akrab/kulina.

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 10


Tuladha:
(1) Eyang Kakung mengko arep tindak karo sapa?
(2) Iku bapakmu lagi maos Koran ning kamar.

2. Basa Krama
Basa krama ana rong werna:
2.1 Basa krama lugu
Wujude tembung krama, madya, netral, lan/utawa ngoko sarta uga bisa
ditambahi tembung krama inggil utawa krama andhap.
Panganggone tumrap bocah karo bocah sing durung kulina, wong tuwa
marang wong enom, nanging ngajeni sawetara tumrap wong kapindho
diganti peprenahan, kabeh dikramakake. Mung panambang -e utawa -
ake tetep ngoko.
Tuladha:
(1) Sing dipilih mas Bayu niku jurusan teknik sipil utawi ekonomi syariah.
(2) Bank ngriki pun boten saged ngijoli dhuwit dholar malih.

2.2 Basa krama alus


Krama inggil iku kang ngajeni banget. Wujude inti yaiku tembung krama,
nanging uga bisa ditambah tembung krama inggil lan krama andhap.
Kaceke panambang -mu owah dadi panjenengan utawa panjenengan
dalem. Tembung aku diowahi dadi abdi dalem, dalem, kawula, kula lan
sapanunggalane. Gunane: kanggo guneman marang wong sing kudu
dikurmati/diajeni, guneman bocah enom marang wong tuwa, wong enom
marang wong enom sing diajeni, sapadhane wong tuwa kang padha
ngajeni, pawongan kang padha-padha ngajeni.
Tuladha:
(1) Aksara Jawi punika manawi kapangku dados pejah.
(2) Para miyarsa, wonten ing giyaran punika kula badhe ngaturaken
rembag bab kasusastran Jawi.

C. Leksikon & Konstruksi


Unggah-ungguh basa bisa gampang disinaoni kanthi mbedakake dhapukane
leksikon lan konstruksi sajroning unggah-ungguh basa Jawa. Intine sing prelu
disumurupi, yaiku tataran leksikon lan tataran konstruksi sing kekarone iku
mau kudu bisa dibedakake ing antarane siji lan sijine.

a. Tataran Leksikon/kata/kosakata/tembung Basa Jawa:


▪ ngoko
▪ madya
▪ krama
▪ krama andhap
▪ krama inggil
▪ netral

b. Konstruksi/Basa Jawa:
▪ ngoko:
• ngoko lugu
• ngoko alus

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 11


▪ krama:
• krama lugu
• krama alus

Undha-usuk Basa Jawa

NGOKO KRAMA

ngoko lugu ngoko alus krama lugu krama alus

Ngoko Ngoko krama krama


netral netral netral netral
krama madya krama inggil
krama inggil ngoko krama andhap
krama andhap krama inggil
krama andhap

(Sasangka, 2007: 103-120)

Katrangan:
1. tulisan kacithak kandel kanggo nuduhake tataran konstruksi/basa Jawa.
2. tulisan kacithak tipis kanggo nuduhake tataran leksikon/tembung basa
Jawa.

Wigati:
(*) Tembung/kosa kata/kata/leksikon minangka panentu undha-usuk basa.
(**) Kunci utama kanggo bisa ngecakake unggah-ungguh basa kanthi bener,
yaiku: a). kudu ngapalake leksikon (vocab)/tembung basa Jawa sakakeh-
akehe, b). kudu weruh sapa sing ngajak guneman lan sing digunem.
(***) Pangertene ngoko lan krama kudu ditapsirake rong pangerten, yaiku
ngoko minangka leksikon/tembung lan ngoko minangka konstruksi/basa.
Semono uga pangertene krama uga ana loro, yaiku krama minangka
leksikon/tembung lan krama minangka konstruksi/basa.

krama andhap → krama inggil krama andhap → krama inggil


- kula tumut, panjenengan ndherek - kula dugi, panjenengan rawuh
- kula ngaken, panjenengan ngutus - kula caosi, panjenengan paringi
- kula kesah, panjenengan tindak - kula begta, panjenengan asta
- kula nedha, panjenengan dhahar - kula tengga, panjenengan rantos
- kula tilem, panjenengan sare - kula kendel, panjenengan pinarak
- kula wangsul, panjenengan kondur - kula matur, panjenengan ngendika
- griya kula, dalem panjenengan - kula purun, panjenengan kersa
- kula sumerep, panjenengan pirsa - kula tumbas, panjenengan mundhut

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 12


D. Peranganing Badan
a. Peranganing Badan Sakojur
▪ Sirah (kepala)
▪ Gembung (badan)
▪ Tangan (tangan)
▪ Sikil (kaki)
b. Peranganing Driji (Bagian Jari-jari tangan)
▪ Jenthik (jari kelingking/ jari renik)
▪ Jenthik Manis (jari manis)
▪ Panunggul (jari tengah/ jari malang/ jari hantu/ jari mati/ jari
panjang)
▪ Panuduh (jari telunjuk/ jari syahadat)
▪ Jempol (jempol)

c. Leksikon Peranganing Badan (Bagian-bagian anggota badan)

Ngoko Krama/ krama inggil Arti


sirah mustaka/ murda kepala
rambut rikma/ rema rambut
embun-embunan pasundhulan ubun-ubun
unyeng-unyeng panengeran pusaran rambut di kepala
bathuk palarapan dahi
kuping talingan telinga
pipi pangarasan pipi
irung grana hidung
brengos rawis kumis
mata netra/ soca mata
alis imba alis
idep ibing bulu mata
rai pasuryan wajah
lambe lathi bibir
cangkem lesan/ tutuk mulut
ilat lidhah lidah
untu waja gigi
gusi wingkisan gusi
janggut kethekan dagu
jenggot gumbala jenggot
gulu jangga leher
githok/cengel griwa/julukan tengkuk
pundhak pamidhangan bahu
tangan asta tangan
lengen pamenthangan lengan
ugel-ugel pagelangan pergelangan tangan
sikut siku siku pada tangan
driji racikan jari
kuku kanaka kuku
awak badan/ salira badan
dhadha jaja dada
iga unusan iga
geger/gigir pengkeran punggung

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 13


Ngoko Krama/ krama inggil Arti
weteng padharan perut
wudel nabi/ puser pusar
bokong pocong/bocong pantat
sikil suku/ sampeyan kaki
pupu wentis paha
kempol/kentol wengkelan betis
dhengkul jengku lutut
dlamakan pada telapak kaki
usus jaringan usus
getih rah/ ludira darah
ati manah hati

Kegiyatan 2:

Analisisen ukara-ukara ing ngisor iki miturut undha-usuk basa


kang bener, yen bener wenehana tandha [B], dene yen luput
wenehana tandha [L].

1. Bapak Gubernur Jawa Timur kesah dhateng Jakarta suwene


gangsaldina telung wengi.[ ]
2. Pak Camat nembe tindak dhateng kitha Pacitan saperlu
mundhut sela. [ ]
3. Dhik Minthul mundhut iwel-iwel ing pasar Sendang. [ ]
4. Pak guru duka kaliyan para siswa amargi sami kluyuran
sedaya.[ ]
5. Adhiku maringi bapak sekul kaliyan unjukan.[ ]
6. Aku dicaosi ibu sepedha lan sepatu anyar.[ ]
7. Bu dhe tilem wonten senthong pojok.[ ]
8. Pak guru nimbali para siswa ingkang kasil dados juwara lomba
maos geguritan. [ ]
9. Bapak bupati kalawingi nyukani bebungah kagem para
petugas kebersihan. [ ]
10. Ibu kaliyan bapak radi cekoh, amargi kalawingi sami ngunjuk
es mega mendhung. [ ]

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 14


Kegiyatan 3:
Jodhokna Unggah-ungguhing Tembung Ing Ngisor Iki!

ͦ duka
ͦ supena
turu ͦ ͦ nonton
mangan ͦ ͦ mirsani
omong ͦ ͦ tilem
nyeluk ͦ ͦ wungu
impen ͦ ͦ sare
tangi ͦ ͦ dhahar
ndelok ͦ ͦ nimbali
nesu ͦ ͦ nedha
ͦ ndeleng
ͦ dhawuh
Pacelathon Padinan Mawa Unggah-ungguh
1. Uluk Salam (Ucapan Selamat)
▪ wayah esuk (waktu pagi) : sugeng enjing
▪ wayah awan (waktu siang) : sugeng siyang
▪ wayah sore (waktu sore) : sugeng sonten
▪ wayah bengi (waktu malam) : sugeng dalu
▪ tekane tamu (datangnya tamu) : sugeng rawuh
▪ wayah riyaya (waktu lebaran) : sugeng riyadi
▪ wayah natal (waktu natal) : sugeng natal
▪ budhal lelungan (berangkat bepergian) : sugeng tindak
▪ wayah pepisahan (waktu berpisah) : sugeng pepisahan
▪ Wayah arep turu (waktu mau tidur) : sugeng sare
▪ Wayah ketemu (waktu berjumpa) : sugeng pepanggihan
▪ Wayah mertamu (waktu bertamu) : kula nuwun
▪ Wayah mulih mertamu (waktu pulang bertamu) : nyuwun kepareng
▪ Wayah ngaso (waktu istirahat) : sugeng aso-sarira
Sembarang wayah (netral) :assalamu’alaikum
warahmatullahi wabarakatu

Leksikon Wilangan (Leksikon Bilangan)

Ngoko Krama/ krama Ngoko Krama/ krama inggil


inggil
siji setunggal Patbelas sekawanwelas
loro kalih Limalas gangsalwelas
telu tiga Enembelas enembelas
papat sekawan Pitulas pitulas
lima gangsal Wolulas wolulas
enem enem Sangalas sangalas
pitu pitu Rongpuluh kalihdasa
wolu wolu Selikur selikur
sanga sanga Rolikur Kalihlikur
sepuluh sedasa Telulikur Tigalikur
sawelas suwelas Patlikur Sekawanlikur
rolas kalihwelas Selawe Selangkung
telulas tigawelas Enemlikur Enemlikur
RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 15
Ngoko Krama/ krama Ngoko Krama/ krama inggil
inggil
Pitulikur Pitulikur Sewidak loro Suwidak kalih
Wolulikur Wolulikur pitungpuluh Pitungdasa
Sangalikur Sangalikur Pitungpuluh siji Pitungdasa setunggal
Telungpuluh tigangdasa Wolungpuluh Wolungdasa
Telungpuluh Tigangdasa sangangpuluh Sangangdasa
siji setunggal
Patangpuluh Sekawandasa satus Setunggalatus
Patangpuluh Sekawandasa Satus seket Setunggalatus seket
siji setunggal
seket Seket rongatus Kalihatus
Seket siji Seket setunggal telungatus Tigangatus
sewidak Suwidak patangatus Sekawanatus
Sewidak siji Suwidak limangatus gangsalatus
setunggal

Kagiyatan 4

Coba aranana wilangan ing ngisor iki!

1. [49] : .............................................................................................
2. [57] : .............................................................................................
3. [65] : ............................................................................................
4. [75] : ............................................................................................
5. [84] : ............................................................................................
6. [99] : ............................................................................................
7. [439] : ............................................................................................
8. [695] : ............................................................................................
9. [799] : ............................................................................................
10. [1001] : ............................................................................................
11. [2225] : ..........................................................................................
12. [3524] : ..........................................................................................
13. [4475] : ............................................................................................
14. [5293] : ............................................................................................
15. [7234] : ............................................................................................

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 16


WULANGAN 2
SANDIWARA JAWA
Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi
3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan 3.1.1 Menjelaskan unggah-ungguh basa/
menganalisis penggunaan bahasa onḍhâgghâ bhâsa.
lisan dalam berbagai situasi sesuai
tatakrama
3.1.2 Menjelaskan karakteristik unggah-
ungguh basa/ onḍhâgghâ bhâsa.
3.1.3 Menjelaskan penggunaan unggah-
ungguh basa/ onḍhâgghâ bhâsa dalam
teks drama.
3.1.4 Menjelaskan isi teks drama.

4.1 Melakukan simulasi penggunaan 4.1.1 Menulis teks percakapan sesuai


bahasa daerah dalam berbagai dengan kaidah.
konteks sesuai dengan tatakrama.
4.1.2 Mendramatisasikan teks percakapan
yang telah ditulis.

A. Teks Sandiwara

Teks sandiwara utawa ana uga sing ngarani teks lakon mujudake sarana
pambiyantu kanggo para pawongan kang arep ajar gladhen sandiwara. Maca teks
naskah lakon salah sawijining seni kang ora saben wong bisa nindakake pakaryan
iki. Mbutuhake skill uga gladhi kang ora sedhela supaya nguripake antawacana ing
teks lakon kasebut. Macane kudu nengenake intonasi, volume kanggo
nyengkuyung surasane teks lakon. Semono uga ekspresi lan obahing awak bisa
nambah greget lan jiwa sajroning teks drama kang dipragakake.
Ing perangan iki, para siswa kaajab bisa mangerteni carane naskah lakon
utawa drama jumbuh karo wewatekan sing dikarepake lakon. Mula sadurunge bisa
prigel maca naskah lakon, ana saperangan bab kang kudu digatekake. Bab-bab
kang kudu digatekake yaiku:
1. Nemtokake naskah lakon utawa tema kang bakal diparagakake.
2. Ndhudhah naskah. Bab kang kudu dionceki yaiku babagan unsur-unsur
intrinsik sajrone naskah drama utawa teks lakon. Unsur – unsur intrinsik
sajrone teks lakon bisa kadulu ing ngisor iki:
a. Tema, yaiku pikiran pokok minangka punjering crita lan dijlentrehake
kanthi endah supaya ngasilake crita kang apik. Tuladhane kayata drama
kang nyritakake bab kauripan saben dina, kekancan, katresnan,
kasetyan, history, lsp.
b. Alur, yaiku urut-urutane crita utawa lakune crita awit kawitan tumekane
pungkasan. Alur bisa uga diarani plot. Alur kang dipadhetake kaperang
dadi telu yaiku alur maju, alur mundur, alur campuran.
c. Paraga lan Wewatekane, paraga nduweni teges wong kang mragakake
sajrone teks lakon. Jinise paraga miturut wewatekane kaperang dadi telu
yaiku antagonis, protagonis lan tritagonis.

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 17


d. Dialog, mujudake antawacana utawa pacelathonan antarane paraga siji
lan siine.
e. Tandha Laku utawa Pandum, yaiku pituduh kanggo paraga lan
saperangane juru teknis. Ancase supaya lakune crita luwih bisa urip lan
cetha. Lumrahe tandha laku utawa pandum iku awujud prentah kanggo
paraga, bisa uga babagan wektu, swasa, swara, mlebu metune paraga,
seru orane swarane paraga.
f. Lattar/Setting,
g. Pitutur Luhur, yaiku piwulang kang apik kang ditujukake marang pamaca
utawa pamiarsa.

Sarampunge nemtokake naskah drama lan ndudah unsur-unsur intrinsike, mula


para siswa bakal diajak mangerteni kepriye carane maca naskah drama. Supaya
luwih cetha gatekna andharan ing ngisor iki!

1. Nggatekake wewatekane paraga sing bakal dipragakake.


Ancase mangerteni wewatekane paraga sing bakal dipragakake yaiku
supaya anggne macakae dhialog cetha lan jumbuh karo wateke paraga.
Wewatekane paraga bisa ditonton saka dhialog-dhialoge.

2. Gladhi maca teks lakon nganti lanyah.


Anggone maca teks lakon kudu bisa lanyah. Semono uga kudu mangerteni
logat utawa dialek kang digunakake sajroning teks lakon. Mula artikulasi
kudu cetha.

3. Gladhi maca teks lakon klawan volume lan intonasi


Wis dadi pethine yen maca utawa mragakake teks lakon kudu nganggo
swara kang cetha uga seru. Seru tegese oa kudu bengak-bengok, nanging
kudu migunakake power. Dene nggaldhi power yaiku kanthi olah vokal.
Saliyane seru lan orane swara, bab sing wigati yaiku intonasi. Intonasi yaiku
munggah mudhune nada pacelathonan. Tuladha :
Nunik : Heh! Bisa meneng apa ora? → nganggo intonasi kang
dhuwur.
Mini :Ndhuk, apa pantes? (MENENG SEDHELA) apa pantes awakmu muni
ngono marang ibumu? → nganggo intonasi sing ora dhuwur.

4. Gladhi maca teks lakon nganggo ekspresi


Yen wis lanyah, cetha lan migunakake intonasi sarta volume, bab liyane
sing kudu digladhi yaiku ekspresi lan solahe awak.

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 18


Coba wacanen teks lakon mawa unggah-ungguh basa iki kanthi tumemen!

Sesumbar
(Dening : Nuring Dyah R)

Bu Rosi : Assalamualaikum.
Samiatun : Waalaikumsalam, mangga Bu, mangga. Gubuke kados kandang
sapi Bu. Hehehe (KARO NATA KURSI KAYU)
Desi : Mangga Bu. Piyambakan to Bu?
Bu rosi : Iya Desi. Iki mau bu Rosi dhewekkan wae.
Samiatun : Nggih ngeten niki Bu gubukipun Ingghar. Taksih saking gedheg.
Benten kalih omah-omah sing uapik-apik nika. Hehe.
Bu Rosi : Boten menapa-menapa Bu. Sami mawon.
Samiatun : Wonten menapa Bu. Kok njanur gunung sowan dhateng gubuk
menika?
Bu Rosi : Boten wonten menapa-menapa Bu. Ingkang sepisan anggen
kula sowan mriki nggih namun silaturahmi. Amargi Desi menika
kalebet siswa ingkang pinter. (UNJAL AMBEGAN) ingkang
kaping kalihipun, anggen kula sowan mriki badhe ngaturaken
pawarta bilih Desi menika taksih gadhah tanggungan dhateng
sekolahan.Menawi mboten mundur, benjing menika sampun
wancinipun Ulangan Semester.Desi menika kirangipun ugi radi
kathah, watawis setunggal juta.
Samiatun : (NATA AMBEGAN) Ngeten lho Bu, Desi nggih sampun matur
kalih kula menawi sampun wancinipun mbayar SPP kalih buku.
Ning kula ya ngomong nyang Desi, simbokmu iki ngedena kaya
ngapa ya urung isa yen saiki.Patuta getih wae ya ora metu.
Desi : Kula badhe sowan dhateng dalemipun bu Rosi lho jane. Watawis
bibar maghrib. Nggih matur babagan menika Bu.
Samiatun : Lajeng menawi dereng saged nglunasi dinten menika utawi
benjing dos pundi Bu?
Bu Rosi : Nggih Bu, kula saged mangertosi kahananipun Desi kalih
panjenengan. Umpami benjing menika dereng saged nglunasi
administrasi, ngapuntenipun ingkang kathah, Desi dereng saged
tumut Ulangan Semester.
Samiatun : (NGELAP ELUH) Lajeng dos pundi Bu? Kula nggih mboten
pingin menawi anak kula sing dadi pangarep-arepku mbesok ora
bisa nerusake sekolah. Ning ya piye maneh lho Bu?Kula menika
sampun gadhah daya. Bapake Desi lunga ora bali. (NGELAP
ELUH) paling ya ora bali.
Bu Rosi : Ngapuntenipun ingkang kathah Bu. Menawi kula angsal
mangertos. Kok saged ngoten?
Samiatun : Pamite lunga kerja ning Surabaya. Nanging tekane seprene ya
ora ana kabar.Kira-kira 15 taun. Aku ditinggali anak telu sing isih
sekolah. Dene kerjaku buruh tani, kadhang ning sawah kadhang
ya ora.Sakmenika kula nggih mboten nyambut damel.
Bu Rosi : (NGELUS-ELUS GEGERE DESI). Makaten mawon Bu, benjing
Desi mlebet sekolah kemawon.Mangke kula egohne dhateng

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 19


kepala Sekolah.Lha ngapa kok awakmu ora njaluk keringanan to
Des yen kahanane kaya mangkene.
Desi : Kula niku mboten ngertos lho Bu caranipun kados pundi. Lha ibu
nggih mboten ngertos. Dados nggih mboten wanton badhe
nyuwun beasiswa.
Bu Rosi : Wonten sekolahan menika kathah beasiswa ingkang
katujukaken dhateng para siswa ingkang mboten mampu.
Menawi ngersakaken menika, ampun nengga dipuntimbali Bu.
Dados bu Sumiatun saged nyuwun surat keterangan saking RT
lajeng dhateng kelurahan.
Sumiatun : Inggih Bu, benjing kula tak ngengken mbake Desi supados
ngurus bab menika.
=============================
Sesuke ing sekolahan. Desi rerembugan karo Suci
Suci : Piye Des? Wis beres?
Desi : Beres lah. Aku langsung telfon papahku sing ning Jakarta. Aku
njaluk ditransfer rong yuta.
Suci : Akehmen to? Lha nek didukani ibumu piye we ngko?
Desi : Aku meh tuku HP anyar ki lho. HP ku wis elek. Ora
jaman.Ahahaha.
Mira : Sik tak takon ya, nanging awakmu njawabe kudu blaka.
Desi : Iya. Apa?
Mira : kok nganti kuranganmu akehmen ki piye critane?
Desi : (MESEM) piye ya. Dhuwite ki asline tak enggo jajan karo tuku
klambi ning PCC.Lek ku pingin k iwis suwi lho.
Suci : Ngawur awakmu ki! Tenan.Lha untung awakmu anake Bapak
Ibumu kecukupan. Lha yen aku sing kaya mengkono, entek
diseneni aku.
Desi : Hehehe.
Mira : Eh. Eh bu Rosi rawuh..ssshhh.
Bu Rosi : Assalamualaikum
Bareng-bareng : Waalaikumsalam
Mira : Sugeng enjing bu Rosi.
Bu Rosi : Sugeng enjing (KARO MESEM). Desi, ayo melu bu Rosi. Ditimbali
Pak Kepala Sekolah.
Desi : Wonten menapa lho Bu?
Bu Rosi : Wis ayo, melu wae. Ora ana apa-apa (KARO NGGANDHENG
DESI)
Mira : Desi ki piye to, mosok dhuwit mbayar dinggo jajan.
Mirdayanti : Eh eneng apa wi Desi?
Suci : Ha mbuh. Mau ditimbali Pak Kepala Sekolah kok.Aku pingin dadi
Desi, Bapakke suayang karo bocahe. Dhewekke wis
digawekake omah, saben sasi dicadhong. Iki mau dhewekke
ditransfer ning bapakke nggo mbayar sekolah.
Mirdayanti : Sapa? Bapake?
Suci : Iya lah sapa maneh? Mbah kung e? hahaha. Wong ya ibuke
nduwe toko gedhe lho.
Mirdayanti : Apa toko? (NGEBRUK MEJA)
Mira : Awakmu ki nyapo to? Aneh banget. Yen ora seneng karo Desi
ya aja kaya mengkono.

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 20


Mirdayanti : Awakmu tau to ngerti aku ngomong ora jujur?
Suci : Ora jane (GARUK-GARUK SIRAH LAN MESEM) hehehe.
Mirdayanti : Bapakke Desi kuwi lunga ora bali-bali. Lha omah sing didudohne
ning awakmu kuwi dudu omahe nanging omahe tanggane.
Omahe ki mburine. Lha wong kancane SMP ki tanggaku. Aku
mesakake Bu Suci tenan.
Suci : Heh!! Aku nyapo?
Mirdayanti : Eh salah, bu Rosi.
Mira : Lha iyo, nyapo karo bu Rosi?
Mirdayanti : Dakcritani ya? Bu Rosi wis diapusi Desi bola-bali. Sing sepisan,
bu Rosi ki ngeterne Desi bali. Jebul Desi njaluk diterne ning
omahe Rendi.Ngakune kuwi omahe mbahe. Sing kepindho, bu
Rosi nggoleki omahe Desi wiwit jam sepuluh isuk teka jam loro.
Sidane bu Rosi ning omahe Rendi kuwi mau, njaluk diterne.Jan
Desi ki kok yo ngono.
Mira : Lha kok awakmu ngerti to?
Suci : Iya.
Mirdayanti : Piye to kowe i, aku sing ngancani bu Rosi nggoleki omahe Desi.
Jebul kuwi Desibeda karo apa sing diomongake.

===========================
Ing ruang kepala Sekolah
Kepala Sekolah : Supaya awakmu bisa mangerteni apa kang sing
koktindakake iku ora bener. Awakmu ora bisa melu ulangan semester.Lan
maneh, aja rumangsa cilik atimu lan isin yen kahananmu kaya mangkono.
Kahanan kluwargamu malah kanggo obat supaya awakmu bisa ngangkat drajate
wong tuwa. Kanca-kancamu malah bisa nampa awakmu yen awakmu kebuka.
Pak Kepala Sekolah lan bu Rosi pengin yen awakmu mbesuke bisa dadi wong
sing sukses.

Kegiyatan 1:

Adhedhasar wacan ing ndhuwur, coba wangsulana pitakon-pitakon


kang ana ing ngisor iki kanthi cetha lan runtut!

1. Indhentifikasinen paraga (tokoh) lan pamaragan (penokohan)


kang ana ing wacan ing ndhuwur.
2. Undha-usuk basa kang digunakake sajroning pacelathon ing
wacan kasebut apa bae lan kepriye?
3. Coba tlitinen tata cara panulisan (ejaan) ing wacan kasebut apa
wis bener lan pener?
4. Apa sing dirembug sajroning pacelathon wacan ing ndhuwur?
5. Coba gawea pacelathon mawa unggah-ungguh basa kang trep
kanthi cara kelompokan karo kanca sabangkumu!

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 21


WAWASAN
PARAMASASTRA JAWA
Paramasastra Jawa iku minangka sawenehing paugeran kang ngrembug bab tata
basa Jawa. Paramasastra iku asale saka tembung parama = linuwih, pinunjul lan
tembung sastra = layang, kawruh. Dadi bisa didudut, paramasastra iku layang (buku)
linuwih utawa kawruh kang pinunjul(Padmosoekotjo, 1979: 17-18).Perangane
paramasastra bisa disetitekake kaya ing ngisor iki.

Titi-swara (fonologi)

Paramasastra Jawa Titi-tembung (morfologi)

Titi-ukara (sintaksis)

Ing kalodhangan iki, kang bakal dirembug ing kene mung mligi titi-tembung bae. Titi-
tembung iku minangka elmu kang ngrembug babagan pambanguning tembung.

Titi-Tembung= Widyatembung (Morfologi)


Titi-tembung iku minangka perangan saka ilmu basa kang ngrembug bab
pambanguning tembung. Ing kene bakal diandharake perangane titi-tembung,
yaiku:
▪ Wuwuhan = pamuwuh (imbuhan/afiksasi)

ater-ater (awalan/ prefiks)

seselan (sisipan/ infiks)


WUWUHAN/PAMUWUH
(IMBUHAN/AFIKSASI)
panambang (akhiran/ sufiks)

imbuhan bebarengan (konfiks)

▪ Tembung lingga (kata dasar/ kata asal)


tuladha: omah, pacul, sambel, kulina lsp.

▪ Tembung andhahan (kata jadian)


tuladha: kalen → asale saka tembung kali + an = kalian = kalen
kalenan → kali + an + an (hyperkorek)*
sepaton → asale saka tembung sepatu + an = sepatuan = sepaton
sepatonan → sepatu + an + an (hyperkorek)*
RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 22
(*) Peristiwa bahasa yang mana terjadi ketika memperbaiki suatu kata yang
sudah benar, yang akhirnya menjadi salah.

▪ Wuwuhan = pamuwuh (imbuhan/ afiksasi)


• Ater-ater (awalan/ prefiks)
o ater-ater anuswara = swara irung (nasal) = (sepadan awalan
meng-/ meN-)
tuladha:
m- + paku → maku
n- + thuthuk → nuthuk
ng- + kaplok → ngaplok
ny- + sapu → nyapu

o ater-ater a- (bawa ha) = (sepadan awalan ber-)


tuladha:
a- + pikul → amikul
ma- + karya → makarya
mer- + tamba → mertamba

o ater-ater maA- utawa maN- (ma anuswara)


tuladha:
maA- + tunggal → manunggal

o ater-ater ka- (bawa ka)


tuladha:
ka- + simpen → kasimpen

o ater-ater ke- (sepadan awalan ter-/ prefiks ter-)


tuladha:
ke- + pleset → kepleset

o ater-ater di-/ dipun-


tuladha:
di- + thuthuk → dithuthuk
dipun- + dhahar → dipundhahar

o ater-ater sa-
tuladha:
sa- + cingkir → sacingkir
se- + wulan → sewulan
sak- + iket → sakiket

o pa anuswara (paA-/ paN-/ pa nasal)


tuladha:
pa- + etung → paetung → petung
pam- + panggih → pamanggih
pan- + tuduh → panuduh
pany- + sawang → panyawang
pang- + ucap → pangucap

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 23


o ater-ater pi-
tuladha:
pi- + sungsung → pisungsung

o ater-ater pri-
tuladha:
pri- + bumi → pribumi

o ater-ater pra-
tuladha:
pra- + lambang → pralambang

o ater-ater tar- (sepadan awalan ter-/ prefiks ter-)


tuladha:
tar- + kadhang → tarkadhang ~ terkadhang

o ater-ater bawa kuma (kuma-, kami-, lan kapi-)


tuladha:
kuma- + ayu → kumaayu ~ kemayu
kami- + tuwa → kamituwa
kapi + arsa → kapiyarsa

• Seselan (sisipan/ infiks)


o Seselan -um-
tuladha:
unggah + (-um-) → umunggah → munggah
undur + (-um-) → umundur → mundur

o Seselan -in-
tuladha:
tulis + (-in-) → tinulis
simpen + (-in-) → sinimpen

o Seselan -er- utawa -r-


tuladha:
kelip + (-er-) → kerelip → krelip
kebul + (-er-) → kerebul → krebul

o Seselan -el- utawa -l-


tuladha:
titi + (-el-) → teliti → tliti
kelap + (-el-) → kelelap → klelap

• Panambang (akhiran/ sufiks)


o Panambang -i
tuladha:
jiwit + (-i) → jiwiti
tuku + (-i) → tukui → tukoni

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 24


o Panambang -a
tuladha:
bali + (-a) → balia
turu + (-a) → turua

o Panambang -e/ -ipun


tuladha:
sapi + (-e) → sapie → sapine
gelang+ (-e) → gelange

o Panambang -en
tuladha:
tubruk + (-en) → tubruken
ulu + (-en) → uluen → ulunen

o Panambang -an
tuladha:
tuku + (-an) → tukuan → tukon
suguh + (-an) → suguhan

o Panambang -na
tuladha:
pati + (-na) → patina → patekna
sawur + (-na) → sawurna

o Panambang -ana
tuladha:
pati + (-ana) → patiana → patenana
jaluk + (-ana) → jalukana

o Panambang -ane
tuladha:
tunggu+ (-ane) → tungguane → tunggonane
tabok + (-ane) → tabokane

o Panambang -ake/ -aken


tuladha:
bali + (-ake) → baliake → balekake
cawis + (-ake) → cawisake

• Imbuhan bebarengan (konfiks) kaperang dadi 2, yaiku:


o Imbuhan bebarengan rumaket (serentak)
o Imbuhan ka- -an (bawa wacaka)
tuladha:
ka- + saras + -an → kasarasan
ka- + wigati + -an → kawigatian → kawigaten

o Imbuhan ke(A)- -en (adiguna)


tuladha:
ke- + gedhe + -en → kegedheen → kegedhen

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 25


ke- + panas + -en → kepanasen

kem- + pepet + -en → kemepeten


kem- + undur + -en → kemunduren

ken- + dhingkluk + -en → kendhingkluken


ken- + dlesep + -en → kendlesepen

keng- + etan + -en → kengetanen


keng- + kidul + -en → kengkidulen → kengidulen

keny- + crongat + -en → kenyrongaten


keny- + cangap + -en → kenyangapen

o Imbuhan pa(A)- -an


tuladha:
pa- + sinau + -an → pasinauan → pasinaon
pa- + tegal + -an → pategalan

pam- + wulang + -an → pamulangan


pam- + bibit + -an → pambibitan

pan- + tliti + -an → panlitian → panliten


pan- + tulis + -an → pantulisan → panulisan

pang- + urip + -an → panguripan


pang- + goreng + -an → panggorengan

pany- + cukur + -an → panyukuran


pany- + cucup + -an → panyucupan

o Imbuhan pra- -an


tuladha:
pra- + desa + -an → pradesan
pra- + tapa + -an → pratapan

o Imbuhan bebarengan renggang (tidak serentak)


o Imbuhan A- -i (Anuswara- -i)
tuladha:
m- + pakan + -i → makani
m- + lumpat + -i → mlumpati

n- + tutup + -i → nutupi
n- + senggol + -i → nyenggoli

ng- + kendhang + -i → ngendhangi


ng- + keplak + -i → ngeplaki

ny- + siram + -i → nyirami


ny- + sapu + -i → nyaponi

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 26


o Imbuhan A- -a (Anuswara- -a)
tuladha:
m- + udhun + -a → mudhuna
n- + tangis + -a → nangisa
ng- + garap + -a → nggarapa
ny- + cuwil + -a → nyuwila

o Imbuhan A- -ake (Anuswara- -ake)


tuladha:
m- + bandhem + -ake → mbandhemake

n- + tuku + -ake → nukokake


ng- + ilang + -ake → ngilangake
ny- + susah + -ake → nyusahake

o Imbuhan A- -ana (Anuswara- -ana)


tuladha:
m- + bakar + -ana → mbakarana
n- + thithil + -ana → nithilana
ng- + elus + -ana → ngelusana
ny- + srebet + -ana → nyrebetana

o Imbuhan A- -e (Anuswara- -e)


tuladha:
m- + pati + -e → matine
ng- + ilang + -e → ngilange
ny- + cacad + -e → nyacade

o Imbuhan di- -i
tuladha:
di- + golek + -i → digoleki

o Imbuhan di- -a
tuladha:
di- + tunggu + -a → ditunggua

o Imbuhan di- -ana


tuladha:
di- + warah + -ana → diwarahana

o Imbuhan di- -ake


tuladha:
di- + kumpul + -ake → dikumpulake

o Imbuhan (-in-) -an/ -ake/ -ana


tuladha:
tulis + (-in-)+ -an → tinulisan
kabar + (-in-)+ -ake → kinabarake
tangis + (-in-)+ -ana → tinangisana

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 27


o Imbuhan (-um-) -a
tuladha:
singkir + (-um-)+ -a → sumingkira

o Imbuhan sa- -e
tuladha:
sa- + karep + -e → sakarepe

Kagiyatan 1

Coba udhalen tembung-tembung ing ngisor iki !

1. Katresnan : ....................+........................+........................
2. sumawur : ....................+..................................................
3. kasugihan : ....................+........................+........................
4. kasarasan : ....................+........................+........................
5. tumuli : ....................+..................................................
6. medharake: ....................+........................+........................
7. numusi : ....................+..................................................
8. nglarani : ....................+........................+........................
9. mikuli : ....................+........................+........................
10. mbantingi : ....................+........................+........................
11. sacukupe : ....................+........................+........................
12. sapunen : ....................+........................+........................
13. nyujeni : ....................+........................+........................
14. dipapagi : ....................+........................+........................
15. ngancani : ....................+........................+........................

PUJI, PAKARTI,LAN PANGESTHI KUDU DADI SIJI


(SABDATAMA PITUTUR MANEKAWARNA, 2011: 41)

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 28


WULANGAN 3
CRITA CEKAK
Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi
3.2 Mengidentifikasi, memahami, dan 3.2.1 Mengidentifikasi struktur teks cerita
menganalisis karya fiksi dan nonfiksi pendek (cerkak).
secara lisan dan tulis.
3.2.2 Menganalisis struktur teks cerita
pendek (cerkak).
3.2.3 Menganalisis unsur kebahasaan teks
cerita pendek (cerkak).
3.2.4 Membandingkan karakteristik
bahasa teks cerita pendek (cerkak)
dengan teks sastra lainnya.
3.2.5 Menjelaskan pesan moral teks cerita
pendek (cerkak).
3.2.6 Menerjemahkan teks cerita pendek
(cerkak) dengan ragam bahasa yang
berbeda.

4.2 Memproduksi dan mempublikasikan 4.2.1 Menulis teks cerita pendek (cerkak).
karya fiksi (naskah drama, cerita
pendek, karya terjemahan).
4.2.2 Mempublikasi-kan teks cerita pendek
(cerkak) hasil karangannya.
4.2.3 Menerjemahkan teks cerita pendek
(cerkak) ke atau dari bahasa yang
berbeda.
4.2.4 Membaca teks cerita pendek (cerkak)
hasil terjemahan.
4.2.5 Mempublikasi-kan teks cerita pendek
(cerkak) hasil terjemahan.
4.2.6 Mengunggah cerpen hasil karangan
dan hasil terjemahan ke internet.

A. Pangertene Crita Cerkak


Crita cekak utawa asring diarani cerkak, yaiku salah sawijining asil cipta
sastra Jawa kang awujud rerangkening crita sing anggone ngandharake crita
ora ngambra-ambra, lumrahe isine ora nganggo masalah/prekara kang akeh
nanging mung saebab bae pesthine kanthi nggunakake basa Jawa. Katitik
miturut wujud lan isine, cerkak ing basa Jawa iku wis kena daya saka
pangribawane sastra Indonesia. Mula ora kliru yen crita cekak utawa cerkak
bisa dipadhakake karo cerita pendek (cerpen) utawa short-story ing
kasusastran Inggris.

B. Titikane Crita Cekak


a. Critane ora ngambra-ambra cekak aos (diwaca sapisan langsung tamat)
b. Isine padhet tur mentes
c. Alur mung siji
RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 29
d. Basane prasaja tur gampang dimangerteni
e. Isine crita ngemot pitutur, kritik, piweling lan pasemon

C. Nintingi Unsur-unsur Pambanguning Crita Cekak

Unsur Intrinsik

1. Tema
Tema yaiku pokok masalahe crita utawa lelandhesane/ dasar crita.

2. Amanat (piweling)
Amanat yaiku pepeling kang kinandhut ing crita iku utawa pesen
pangripta marang pamaca. Pepeling/ pesen iku arupa ajaran moral
utawa pandhidhikan.

3. Paraga (tokoh) lan Pamaragan (penokohan)


Paraga utawa kang diceritakake. Paraga iku ana kang sipate
becik lan ana uga kang sipate ala. Dene watake paraga (lakon) iku
bisa kanggo mbedakake lakon siji lan sijine. Dene cara kanggo
nggambarake watake lakon bisa kanthi lumantar ing ngisor iki, yaiku:
a) Katrangan langsung sing diandharake pangripta jroning crita
b) Lumantar caturan/ pirembugan (dialog) ing antarane para paraga
c) Kalakuan, tumindhak, lan kedadean-kedadean sing dialami paraga

4. Padunungan, wektu, lan swasana crita (latar, setting)


Latar yaiku unsur kang ana gegayutane karo panggonan, wektu,
lingkungan sosial, lan swasana kang ndhasari kedadean ing crita iku.
a) Alur crita (plot)
Rantamane crita sing sinambungan mbentuk crita. Alur kebentuk
kanthi urutan kadadeyan saengga mbentuk alur maju, alur sorot
balik (flash back) lan campuran antarane alur maju lan alur sorot
balik.

b) Alur maju yaiku urutane crita saka kedadean kang wis kapungkur
maju ing kedadean saiki

c) Alur sorot balik yaiku urutane crita saka kedadean saiki mundur ing
kedadean kang wis kapungkur. Rerangkene kedadean sing
mbentuk alur dibagi tahap-tahap alur sing diwiwiti saka:
1) Paparane crita (pemaparan)
2) Critane wiwit ana masalah (perumitan)
3) Ana masalah antara paraga (konflik)
4) Masalah luwih gawat (klimaks)
5) Pungkasane crita lan carane nyelesaiake masalah ing
paripurnane crita
6) Happy ending : pungkasane crita nyenengake
7) Sad ending : pungkasane crita ora nyenengake / nyedihake.

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 30


d) Sudut pandang
Sudut pandang yaiku carane pangripta netepake dirine ing crita. Yen pangripta
melu ing sajroning kedadeyan sing dicritakake, tegese pangripta kalebu pamawas
(sudut pandang) wong kapisan : pangripta cerkak bisa uga dadi paraga utama bisa
uga paraga tambahan (sampingan). Menawa pangripta amung nyritakake wong liya
lan dheweke ora dilibatake ing sajroning crita, tegese dheweke nggunakake
pamawas (sudut pandang) wong katelu.
e) Lelewaning basa
Busananing basa yaiku basa sing digunakake pangripta sajroning nyusun crita.
Unsur Ekstrinsik
Unsur Ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun karya sastra saka njaba. Unsur
ekstrinsik iku dumadi saka:
1. Lelandhesane ngripta, yaiku kapan karya sastra kasebut diripta rikala kahanane
masyarakat nalika karya sastra kasebut diripta, yaiku kahanane masyarakat ing
bidhang ekonomi, sosial, budaya, politik.
2. Lelandhesane pangripta.
3. Piweling Sajroning Crita Cekak

Kegiyatan 1:

Garapen kanthi cara mandhiri pitakon-pitakon ing ngisor iki !

1. Sebutna unsur-unsur intrinsik iku apa bae?


2. Apa sing diarani paraga lan pamaragan iku?
3. Apa sing diarani bad ending & happy ending iku?
Njlentrehana kanthi cetha!
4. Sebutna tata cara supaya bisa nggawe crita sandiwara
kang prasaja bae.
5. Sebutna unsur-unsur ekstrinsik iku apa bae?

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 31


Wacan Cerkak 1
PETENG

Gegadhangan, gegayuhan, kekudangan, gegancangan, kekarepan iku kabeh


hamung wujud panyuwune jalma manungsa. Rikala ati ing sajroning ragane
manungsa nembe nggrantes, perih utawa nelangsa, lumrah yen luh kang tumetes
saka netra kiwa apa dene tengen, kasuntak byah bebasan megung ing bumi.
Kosok baline kalamangsane pinaringan rejeki utawa kabungahan kang mbanyu
mili, wus jamake girang gumuyune para manungsa sinandhing ana ing kahanan
alam donya iki.
Hamung wewayangan bebasane, manungsa tinitah lumaku lan jumangkah
amarga ana kang nggarisake. Jiwa ragane manungsa kagiring uga kaobahake
dening kang hakarya jagat. Dhokter umpamane kang kawentar pinunjul ngrukti
lan mbagasake lelara, tangeh lamun nguripake jalma kang wus tilar donya.
Ing ndhuwur mau jlentrehan wiwitaning aturku. Pangemut babagan
kasunyatan anane Pangeran kang nguwasani jagad saisine, yaiku Allah SWT.
Anggonku bebrayan wus nora kena kawastanan saumur jagung, amarga wus
pat belas taun. Ing semono taun, tangising jabang bayi rina klawan wengi tansah
kaimpi-impi kaantu-antu, mbesuk kapan bisa mecah sepining atiku sakloron, aku
lan bojoku. Setaun yen anane dina 365, wus bisa kaetung sepira dawane dina-
dinaku ngetutake lurung-lurunging lelakon anggonku urip. Ing semono taun iku,
kalamangsane katiban bungah amarga katone bisa reruntungan ngalor ngidul
memantenan, amarga durung digondheli buntut. Ananging kang nora kena
kapaido, mesthine uga nora luput saka rintiping coban lan godha, wiwit saka cilik
utawa pacoban entheng nganti wujud prahara bebasan katerak angin lesus.
Ngenani babagan kahanan uripku kang bisa dak cuplikake, menawa bab
pasinaon kaya-kayane aku lan sisihanku nora kebangetan anggone ketinggalan.
Ala-ala senadyan rampung rada sauntara, aku kasil lulus kanthi titel sarjana S1.
Apa maneh sisihanku luwih komplet, anggone klumpuk-klumpuk kulakan titel,
S1, akta IV, uga S2. Dheweke uga kena sinebut pinter, pethel uga trengginas
anggone tumandang samubarange tansah cukat.
Ngenani dedeg piyadeg, nora amarga mbiji luwih marang awake dhewe,
nanging ya rada mrina yen diwastani ala. Kinanthi sangu pasinaon kang cukup,
lumrahe nora kabingungan menawa ngadhepi urip. Ananging kasunyatane urip
mono dudu ilmu matematika, yen loro tambah loro gunggunge papat. Urip
sawijining ilmu kang nora bakal kena kaduga, nora kena kajlentrehake, nora
kena katebak babagan pungkasane crita. Crita kang kawiwitan bungah, ing
madya isih pinaringan bungah, ing pungkasan bisa wae kadunungan nelangsa.
Bali maneh ngenani aturku, 14 taun wareg anggonku kesondhang-
kesandhung, niba-nangi nglakoni critaning urip, dumadakan nora kanyana-nyana
bebasan ketiban ndaru, sisihanku katiti dening dhokter positif ngandhut. Byuh…
mbuncah anggonku nampa bebungah, byuh… makcles garinging telak katetes
banyu saclegukan, byuh… mongkog, bombong lan sapiturute tembung kang
nuduhake kabungahan atiku sakloron.
”Harus istirahat total ya, bed rest…!” ngendikane dhokter, banget anggone
wanti-wanti.
”Ya dokter, kami pasti akan patuhi anjuran dokter…” rebutan anggonku sumaur.

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 32


Bakal jabang bayi iku kaya dene emas gedhe kang sumimpen ing wetenge
bojoku. Emas gedhe kang kudu jinaga ngati-ati ing wiwit byar padhang nganti
tumekaning ngeremake netra.
Saben menit bojoku ngelus-elus wetenge, sinambi ndremimil kayadene lagi
ngejak rerembugan karo bakal anake,
”Dhik, aja nakal ya, kok mancal-mancal ta…? Apa selak kepingin ketemu karo
Pake Buke…?”
Sesasi, rong sasi nganti nem sasi, dhokter ndhawuhi bed rest, dak estokake,
manut. Pokoke manut lan manut. Aku kang kudu leladi. Tangi kudu nangekake,
mlaku kudu alon-alon anggone jumangkah kapapah. Cekake samubarang kudu
diati-ati, banget anggone ngati-ati, kabeh kaluwarga ngesokake sih katresnan.
Ngancik pitu, netepi adat Jawa, dileksanani tasyakuran mitoni. Tansaya
tambah cedhak pangantu-antuning pepinginan momong anak bakal kelakon.
”Mas, yen wus titi wancine diparengake dening dhokter, aku njaluk operasi
caesar wae ya, amarga ngelingi umurku sing ora enom maneh. Dhoktere sing wis
sepuh, sing pengalamane wis akeh ya Mas…,” panjaluke bojoku.
”Iya, wis mantebmu dhokter sing endi aku manut,” cekake sarwa iya, sarwa
manut.
Ngancik umur wolu anggone bojoku nggarbini, tansaya sumringah nglakoni
dina-dinaku. Apa maneh calon eyang-eyange, ya eyang saka aku uga saka bojoku
wus padha katon bungahe, anggone ngantu-antu jumedhule bakal wayahe.
Nyuwun pirsa marang dhokter, yen pengin nglairake normal tanggale
udakara tanggal 25 Maret. Ananging gandheng aku sakloron nduwe panjaluk
bakal operasi caesar, dhokter mertikelake bisa kaleksanan milih kawiwitan
tanggal 11 Maret. Mathuk, operasi katentokake ing tanggal 11 Maret. Mula wiwit
mlebu sasi kasanga, tambah kerep anggone konsultasi lan priksa menyang
dokter. Rong minggu sepisan sanja priksa dhokter.
Tanggal 4 Maret kadhawuhan priksa. Asile priksan dening dhokter
samubarange katiti becik, normal, bobote bayine ing sajroning kandhungan wis
kena diarani cukup, normal.
”Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung,” dhoktere ngendika.
”Ya dokter,” aku sakloron rebutan sumaur maneh.
Tanggal 10 Maret, aku tangi esuk-esuk umun-umun udakara jam papatan.
Jam lima bojoku dakgugah saperlu kareben cepak-cepak. Rada sauntara
anggonku siap-siap, jam enem sida budhal menyang ndhokteran. Jam pitu
tumeka ing ndhokteran, banjur ndaptarake cek laborat karo cek jantung.
Asile kabeh normal apik nora nana kang kudu di was sumelangi. Sawise
perabot lapuran cek darah karo jantung rampung, aku sakloron leren leyeh-leyeh
nyranti rawuhe dhokter kandungan.
Nyantri sauntara, udakara jam 10 dhoktere rawuh, tekan wanci giliranku
karo bojoku tinimbalan mlebu kamar priksan.
”Selamat pagi dokter?” aku sakloron aruh-aruh dhoktere.
”Pagi, silakan! Besok pagi jadi operasi ya? Jam berapa, 11?”
”Terserah dokter saja, silakan jam berapa dokter.”
”Ini darah bagus, tidak perlu ditransfusi, jantung juga bagus… ayo kita lihat
di USG,” dhoktere ndhawuhi bojoku munggah bed saperlu niti pirsa kahanan
kandhungan.

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 33


Wetenge bojoku wiwit diolesi krim mbuh apa jenenge aku ora weruh, sawise
rata banjur ditutul-tutul nganggo alate.
Dumadakan raine dhokter katon pucet, getihe kaya mandheg.
”Lho kok tidak ada denyut jantung.” Dheg, mak jenggirat aku njumbul.
Kringet adhem wiwit tumetes.
Dhoktere katon tansaya tambah bingung, lan pungkasane, ”Bayinya
meninggal”
Glaaaarrrr…. Dumadakan peteng, peteng langite, peteng panyawangku,
kabeh peteng ndhedhet… lelimengan.

Sumber: http://ersitahandayani.blogspot.co.id

Kegiyatan 2:

Garapen kanthi cara mandhiri pitakon-pitakon ing ngisor iki !

1. Sebutna paraga-paraga kang ana sajroning cerkak kanthi


irah-irahan “Peteng” ing dhuwur?
2. Sebutna paraga utama sajroning cerkak ing dhuwur!
3. Pungkasaning cerkak ing dhuwur kalebu bad ending apa
happy ending? Coba buktekna!
4. Sebutna setting saka cerkak ing dhuwur mau!
5. Piweling (pesen) apa sing bisa didudut saka cerkak ing
dhuwur?

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 34


Wacan Cerkak 2

KATRESNAN LINGSIR SORE


(Dening : Tiwiek SA)

PETHEKE Wimbadi bener. Nalika dheweke manyuk regol, njomblak kaget meruhi
latar bank BTPN sing jembar kuwi wis kebak sepedha montor lan mobil. Wimbadi
kangelan arep nyeleh sepedha montore. Tujune juru parkir enggal mrenahake.
Bubar markir sepedha montore gage-gage ngener loket saperlu antri keplek. Oleh
nomer 467! Edian! Njur iki mengko jam pira tekan gilirane. Arepa teller-e ana papat,
yen sing diladeni samono akehe rak panggah mbutuhake wektu suwe!
Wimbadi ndeleng arlojine. Lagi jam 08.45. Isih esuk. Pancen budhale saka ngomah
mau lagi jam 07.15. Ning kok antriane wis tekan nomer 400 punjul. Njur wong-wong
kuwi mau lho, olehe antri keplek wiwit jam pira?
Wimbadi agahan mlebu. Ruwang tunggu BTPN sing jembar kuwi wis kebak para
lansia sing arep njupuk dhuwit pensiun. Lanang lan wadon. Sasat ora ana papan sing
sela. Karo plingukan golek papan, Wimbadi ndeleng angka panggilan digital ing
sandhuwuring meja teller. Lagi tekan nomer 134.
”Nembe rawuh?” pitakone saweneh nom-noman nalika Wimbadi mapan lungguh ing
sandhinge.
”Enggih,” wangsulane Wimbadi.
”Nomer pinten?” nom-noman kuwi takon.
”Kawan atus sewidak pitu! Mangka pun kulakaiti bidhal enjing.”
Nom-noman kuwi mesem.
”Manawi tanggal setunggal pas dinten Setu, napa malih kepalang dinten Minggu
kados ngaten niki, wanci subuh lokete pun bikak.”
”Hloh? Enggih ta?”
”Kula wau pukul nem pun antri. Angsal nomer kalihatus, ” nom-noman kuwi aweh
katrangan.
Wimbadi mlengak.
Wis rong taun Wimbadi pensiun. Maune anggone njupuk pensiunane neng BRI
kecamatan. Cedhak karo omahe. Antrine uga dawa ning ya ora nganti atusan. Sing akeh-
akeh bojone para TKI sing nampa kiriman saka luwar negeri. Rata-rata isih nom.
Pacakane menor-menor, mas-masane nggrembyang. Gunemane dakik-dakik. Wimbadi
risi, rumangsa ora sa-level. Mula banjur pindhah menyang BTPN iki, kang manggone ing
kutha kabupaten. Adoh ora dadi apa. Ngiras plesir. Wong mandhak sesasi pisan bae.
Sejatine ora mung merga risi karo nasabah liya sing ora sa-level. Dheweke pindhah
menyang BTPN merga butuh golek utangan kanggo nukokake sepedha motor ragile sing
kuliyah neng Malang. Tumrap pensiunan kaya dheweke, bank sing cocog kanggo golek
utangan ya BTPN kuwi. Kejaba anakane cilik, BTPN rak pancen bank-e para pensiunan.
”Nuwun sewu, slirane mundhut arta pensiunanipun keng Bapak napa keng Ibu?”
Wimbadi pitakon. Awit cetha ora mungkin nom-noman iku dhewe sing pensiun. Mesthi
makili wong tuwane. Wong umur-umurane lagi telung puluhan.
”O, anu ... makili Bapak. Bapak pun meh setaun gerah strok,” katrangane nom-
noman iku.
”O, ngaten. Wah, mesakaken sanget nggih. Pancen samenika kathah priyantun
ketaman strok Boten mawang tiyang sugih menapa mlarat. Anu ...kok boten keng Ibu
kemawon ingkang mundhut?” Wimbadi nguber.

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 35


”Ibu sampun seda nalika kula nembe minggah semester sekawan. Inggih mergi
dipuntilar Ibu seda menika, Bapak lajeng gerah-gerahen. Kepeksa kula mothol kuliyah
awit wekdal kula telas kangge ngrimat Bapak.”
”Oh, ngapunten. Pitakenan kula nranyak. Boten sapantese kula ngurus-ngurus kados
menika kalawau,” Wimbadi nggetuni anggone wis ngurus-ngurus.
Nom-noman kuwi mesem kecut.
Wimbadi banjur kelingan marang lelakone dhewe. Dirasa-rasa lelakone wong
tuwane nom-noman iku memper karo lelakone. Kuntari, sisihane uga wis suwe ndhisiki
sowan Gusti, nalika Tri Pangesthi si anake ragil lagi klas loro SMA. Wimbadi uga
rumangsa shok lan rumangsa kelangan. Arepa Kuntari iku bojo pilihane wong tuwane,
sing ateges dudu pilihane dhewe. Nanging anggone nyisihi uripe meh 30 taun suwene.
Mung bae Wimbadi bisa mupus, jer pati urip mono wis pinesthi. Kanthi kasadharan
iku Wimbadi mbacutake nggulawenthah anak-anake, utamane si ragil Tri Pangesthi sing
isih mbutuhake wragad. Awit pembarep lan penggulune wis mentas lan mencar.
Rahayune maneh, Wimbadi pinaringan bagas kuwarasan. Nganti wis pensiun iki
kuwarasane tetep prima.
Tau ing sawiji wektu anake mbarep kandha, ‘’Prayogine Bapak krama malih. Bapak
rak tesih sehat. Kula lan adhik-adhik langkung remen manawi Bapak kersa krama
malih.’’
Wektu semana Wimbadi mung mesem. Ora selak, kadidene wong lanang sing normal
lan sehat, dheweke pancen isih butuh wanita. Nanging arep langsung nyetujoni krenahe
anake sajake kok piye … ngono. Ayake kuwatir diarani gaplek pringkilan, tuwek
pethakilan ngana kae.
‘’Keplekipun Bapak kalawau nomer pinten ?’’ nom-noman sandhinge mbuyarake
lamunane.
‘’Kawan atus sewidak pitu,’’ wangsulane Wimbadi karo ngrogoh sake nuduhake
keplek.
”Ngga kulalintoni gadhahan kula ingkang setunggalipun. Nomere langkung awal,”
nom-noman kuwi menehake kepleke. Wimbadi uga banjur nampani. Dideleng nomere
306. Kacek satus seket punjul tinimbang duweke.
”Wah, matur nuwun sanget! Kok slirane saged angsal keplek kalih?”
”Kula pancen ajegan mendhet keplek dhobel. Bibar mendhet ingkang kapisan kula
ethok-ethok medal. Let sakedhap mendhet malih. Satpam ingkang njagi rak boten titen,”
ujare nom-noman iku karo nggleges. Wimbadi katut ngguyu. Ana-ana bae akale. Kapan-
kapan kono Wimbadi kepengin niru.
”Pak, nuwun sewu kula taklenggah ngajeng nggih, menika sampun meh dumugi
giliran kula!” Ujug-ujug nom-noman kuwi menyat. Wimbadi gage menehi dalan. Karo
sepisan maneh kandha matur nuwun dene wis diwenehi keplek kanthi nomer luwih
awal.
Sapungkure si nom-noman, Wimbadi malih amem. Kanca lungguh ing sacedhake
saweneh priyayi kakung wis sepuh banget. Lagi nglengger sare sajak pules. Wimbadi
nyoba melu-melu ngeremake mripate. Lagi rayam-rayam dadak krungu swara pitakon.
”Nuwun sewu, papan menika kosong nggih?”
Pitakon kasebut genah ditujokake marang dheweke. Mula Wimbadi ngelekake
mripate. Byar. Wusana natap bleger ing sacedhake. Bleger wadon sing agawe kagete.
”J...j...jeng ... Rastri?!” panyapane gupuh.
Sing disapa ora kalah kaget. Gage maspadakake luwih premana. Wusana ....
“Mms … Wim …Wimbadi?!”
“Bener Jeng! Aku Wimbadi-mu!”

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 36


Wong loro, lanang wadon padhadene wis lingsir yuswane tumuli sesalaman raket.
Kok umpama ora neng papan rame mesthine malah rerangkulan.
Wimbadi mingset menehi panggonan. Wanita aran Rastri - sing sanajan yuswane wis
nengahi - nanging isih katon ayu lan weweg kuwi gage lungguh njejeri. Trenyeng, dadak
jantunge Wimbadi geter. Wis suwe - saploke ditinggal Kuntari - Wimbadi ora cecaketan
karo wanita. Ora aneh yen jantunge banjur nitir. Apa maneh wanita iki ana cathetane
mligi ing atine.
”Jeng Rastri ya wis pensiun ta?” panlemake Wimbadi kanggo nyabili kumitiring
jantung.
”Pensiun? Ah, njenengan ki ngenyek. Wiwit biyen aku ki mung ibu rumah tangga.
Ora kira entuk pensiun. Sing bener, tekaku mrene iki njupuk pensiun janda.”
”Lhoh?”
”Mas Wijan seda setaun kepungkur merga kecelakaan. Maune olehku njupuk dhuwit
pensiunan ya neng Nganjuk kana. Wis telung sasi iki aku boyong mrene ngancani Ibu
sing tansah gerah-gerahen. Omah kana dienggoni anakku sing ragil.”
”Aku ndherek bela sungkawa, Jeng.”
”Matur nuwun. Lha Mas Wim dhewe wis suwe pensiun?”
”Wis rong taun. Nasibku sajake ya padha karo sliramu. Ibune Eksi uga wis tinggal
donya nalika ragilku isih kelas loro es-em-a.”
”Ha? Yen ngono aku ya ndherek bela sungkawa Mas.”
”Tiba padha-padha Jeng.”
Banjur padha meneng. Nanging batine umyung. Mara-mara lelakon puluhan taun
kepungkur bali gegawangan ing angen-angen. Utamane angen-engene Wimbadi.
Biyen, puluhan taun kepungkur, antarane Wimbadi lan Rastri padha nandur tresna.
Padha prasetya sumedya urip bebarengan. Wektu semana Wimbadi lungguh ing tingkat
pungkasan IKIP Malang. Rastri lagi tingkat loro. Eman, gegayuhan urip bareng kepeksa
punthes. Jalarane, Dewanto kangmase Wimbadi sing ora suwe maneh omah-omah,
tinggal donya kanthi ndadak. Kamangka calon bojone wis kebacut ngandheg. Kanthi
tetimbangan warna-warna, wusana wong tuwane Wimbadi mrayogakake supaya
Wimbadi gelem ngrengkulu calon mbakyune ipe. Abot sejatine. Nanging Wimbadi ora
bisa nduwa kersane wong tuwa. Kepeksa nyandikani dhawuh kang wus rinancang.
Wimbadi sida ngrengkulu calon mbayune ipe, sing ora liya ya Kuntari kuwi. Wusana
anggone sambung katresnan karo Rastri kepeksa pedhot. Nanging anggone kekadangan
ora luntur. Kalebu nalika Rastri omah-omah entuk Wijanarko, Wimbadi uga njagong.
Bubar omah-omah, Rastri pindhah menyang Nganjuk ngetutake sing lanang. Ya wiwit
iku banjur arang ketemu. Malah suwe-suwe kepaten obor.
Wong loro isih amem. Mung atine sing tetep umyung. Ing kalodhangan iku Wimbadi
nyolong nglirik. Kok kabeneran Rastri uga pas nyawang. Pandulu loro tempuk. Banjur
padha mesem. Esem sing ngemu makna!
”Kepleke Jeng Rastri nomer pira?” Wimbadi pitakon.
”Lha iki ta. Sirku mau budhal rada esuk. Dadak gerahe seseg Ibu kumat. Kepeksa
rada kawanen. Iki, entuk antrian nomer limangatus nenem! Ngalamat tekan Asyar iki
mengko.”
”Aja kuwatir, kene dakijolane duwekku. Iki nomere luwih awal,” ujare Wimbadi karo
ngulungake keplek anggone menehi nom-noman mau. Dene dheweke trima nganggo
kepelek anggone antri dhewe mau esuk. Demi Rastri, mulih Asyar ora apa-apa,
mangkono batine.

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 37


”Lha njenengan?” Rastri takon karo nampani keplek nomer urut 306.
”Aku isih duwe siji maneh, anggone maringi kanca,” wangsulane.
Rastri katon bungah. Karo ngenteni giliran panggilan, wong loro mbacutake kangen-
kangenan. Ndhudhah crita lawas. Ijol-ijolan nomer ponsel. Uga banjur wiwit nggepok
senggol bab benang sing wis putus. Kepriye umpama disambung maneh. Najan anggone
Wimbadi kandha ora mlaha, nanging Rastri bisa nangkep. Lan semune Rastri ora
kabotan. Wimbadi banjur janji sajroning ati, sumedya golek kalodhangan sing becik
kanggo mblakakake niyate. Yaiku ngrengkuh Rastri minangka gantine Kuntari. Wurung
prawane kenaa warandhane!
Sore iku bali saka BTPN ulate Wimbadi sumringah, jangkahe gagah. Atine mekrok
amba. Winih katresanan kang nate punthes wiwit trubus maneh.*

sanggar triwida, agustus 2011

Kegiyatan 3:

Garapen kanthi cara mandhiri pitakon-pitakon ing ngisor iki !

1. Sebutna paraga-paraga kang ana sajroning cerkak kanthi


irah-irahan “Katresnan Lingsir Sore” ing dhuwur?
2. Sebutna paraga utama sajroning cerkak ing dhuwur!
3. Pungkasaning cerkak ing dhuwur kalebu bad ending apa
happy ending? Coba buktekna!
4. Sebutna setting saka cerkak ing dhuwur mau!
5. Piweling (pesen) apa sing bisa didudut saka cerkak ing
dhuwur?

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 38


Wacan Cerkak 3

MEJA KURSI

(dening: Nono Warnono)

Kanggone Herman mbangun bale somah ora beda karo wong budhal perang ing
tengah palagan. Mawa jiwa satriya taker nyawa. Dimen kasembadan tumlonjonge ancas
tujuan sing wis dikerek dhuwur.
Nyatane temenan. Nalika kasil ngrengkuh Mujiati, kabeh penjaluke kabeh
disembadani. Eling-eling bojo ayu sing gelem diajak urip tembayatan bungah susah ing
tengah bebrayan mono ora gampang diprangguli. Akeh pepalang. Akeh pacoban sing
kudu diadhepi. Nglenggana ngaurip kadidene perjuangan. Kebak sandhungan. Akeh
pepalang sing kudu diliwati. Urip ora beda sawijining pandadaran.
Nalika sing wadon wola-wola nembung njaluk prabot omah aran meja-kursi, Herman
enggal saguh minangkani senajan dhuwit bayaran during nyukupi. Witekna dadi
andhahan puluhan taun durung kecipratan kamulyan. Kanca-kancane wis padha jigang
nglungguhi maneka jabatan. Dheweke malah ajeg ketleyek kecemplung juglangan nasib.
Kesrimpung maneka paekan kanca nunggal pakaryan.
Urip kuwi kanyatan. Dudu pangimpen. Bungah susah lan maneka masalah dadi sega
jangan. Ora kena nglokro krana isih akeh solusi pilihan. Dhuwit pancen wigati nanging
dudu siji-sijine pilihan. Yen ora duwe isih bisa ngredhit barang lan ngutang ing maneka
lembaga keuangan.
Jebul dudu kuwi sing njalari sirah ngelu. Meja-kursi sing dikarepake pranyata ora
sembarang meja-kursi. Kipa-kipa emoh yen lumrahe meja kursi sing diduwene tangga
kiwa-tengen. Meja-kursi sing dadi angen-angene modhel nyleneh kaya sing diduweni
wong tuwane. Wujud antik. Ukiran remit kanthi kualitas seni manjila. Kualitas kayu jati
pilihan.
Mlebu-metu toko mebel wis ora bisa diwilang. Milang-miling mrana-mrene nganti
kabeh kemput dijingglengi. Nganti ati pegel meksa durung mrangguli meja kursi sing
cakrik lan ukirane ngemperi. Witekna barang sing digoleki pancen klebu aeng lan wis
akeh dadi barang koleksi. Ora saben pawongan bisa nglungguhi, jalaran wis dadi
barang langka.
Wola-wali batine ngresula. Yagene panjaluke sing wadon ndadak sing aeng-aeng.
Prabot meja-kursi wae pilih sing ora lumrah. Kamangka umpama gelem sing modhel
umum ora nganti ndadekake bingung. Wis jamak lumrah yen bale somah dipepaki meja
kursi empuk sing kepenak dilungguhi. Nanging yen njur neka-neka, nyleneh lan emoh
dikembari meja kursine tangga teparo, genah wis nyimpang saka tujuan ngrengga bale
wisma sing samesthine.
Herman klebu siji ing antarane maewu wong lanang sing tumemen anggone
mikukuhi ajining dhiri. Kebukten, nalika antuk kabar saka sing wadon yen meja kursi
wong tuwane kena digawa mulih dheweke nampik kanthi cara alus. Luwih becik
lungguh njogan tinimbang nglungguhi warisan kursi empuk olehe njejaluk. Ngrampog
cara alus. Dilungguhi kara ora kepenak. Nalika lungguh krasa ora jenak. Swara batin
brontak. Urip krasa kelangan saperangan ajining dhiri sing ora kena dikertaaji.
Wiwit ndhisik batine wis janji ora kemba ngadhepi maneka pepalang lan pacoban.
Soroh maneka pangurbanan jiwa-raga ditekadi anggere ora nggadhekake ajining dhiri.

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 39


Ora luru pangalembana. Suthik urip ngangsa-angsa. Kepeksane nungsang njempalik
nglegani karepe sing wadon njejegake bale somah sauger ora adol kehormatan.
’’Piye, Pak!’’ pangatage Mujiati rada meksa.
’’Ora ! Aku emoh kanggonan barang kuwi. Aku kepengen duwe meja-kursi sing
pikolehe kanthi kringetku dhewe. Ora meres kringete liyan. Apa enake ngutang
kabecikane liyan. Ati kurang jenjem.’’
’’Ning barang kuwi paringane wong tuwa, dudu awehe wong liya?’’
’’Apa maneh nglungsuri kagungane wong tuwa. Katon aleman. Ngarep-arep barang
warisan. Kuwi jeneng adol ajining dhiri kanthi sembulih pengaji meja- kursi. Sampeyan
kudu eling Bu. Prabot kuwi isih dibutuhake. Tamu-tamune bapak-ibu luwih pantes
nglungguhi tinimbang awake dhewe sing arang klebon tamu penting. Apa maneh anak
loro ya sik cilik-cilik. Umpama rada sabar sithik, disumenekake kekarepan nduweni
meja-kursi, tak kira luwih becik. Mandar ana wektu kanggo madik-madik barang sing
mutune luwih apik.’’
’’Njenengan ki aneh,Pak. Golek meja-kursi mrana-mrene gagal, diparingi wong tuwa
malah ditampik. Yen perkara meja-kursi njur digathukake karo ajining dhiri rasane kok
kejeron negesi. Mandhiri ya mandhiri, Pak. Ning yen buktine awake dhewe durung
keconggah, kudune ya nglenggana. Wis samesthine wong tuwa melu mikir kahanane
anak. Ora mung kandheg wujud materi thok, ning uga palungguhan ing maneka jabatan.
Akeh contone sing padha kasil nglungguhi jabatan jalaran fasilitas saka wang tuwa.’’
Krungu tembung-tembung mambu panutuh Herman njola. Praupane mbrabak abang.
Sing wadon disawang landhep.
’’Sepisan maneh aku emoh kanggonan paweweh wujud apa wae sing dudu asil
kringetku pribadhi. Aku duwe cara dhewe kanggo ngawekani kabeh masalah iki. Dudu
wong liya. Sampeyan aja nyoba mincing-mancing kanepsonku!’’
’’Aku mung dhapur udhu panemu, Pak. Mbokmenawa ana guna pedahe. Coba ta
dipenggalih maneh. Mikukuhi harga dhiri ya becik ning ya kudu kanthi nyawang sikon.
Ya krana mikukuhi prinsip mau, ing kantor njenengan dadi kurban. Akeh kanca nunggal
pakaryan pada rebut kalodhangan mawa maneka cara, njenengan malah kesimpar terus
dadi andhahan.’’
’’Cukup, Bu! Aku aja terus kok kompori. Atiku wis panas. Dhadhaku krasa kemranyas
jalaran ing ngendi-endi wis kebag geni.’’
’’Ya, wis. Pak. Njenengan turu ngomah wae. Aku tak usaha golek meja kursi.’’
Dhadhane Herman kaya didhodhog wesi gligen. Tembunge sing wadon krasa
nyepelekake. Kadidene wong lanang sing wajib nyembadani butuhe bale somah,
dheweke krasa dikilani dhadhane. Kanepsone arep mbledhos. Kepelan tangan meh
kumlawe ning gelis dicandhet. Eling anake loro isih cilik-cilik. Yen nganti weruh
pasulayan ora apik tumrap jiwane bocah-bocah.
Semparet! Mujiati enggal klepat nginggati. Nggawa rasa sengit. Ngondhok-ondhok
nggembol kacuwan.
Herman lenger-lenger krasa mikir abot. Sirah diregem tangan loro.Kala-kala njambak
rambute sing wis ora tumata. Ana rasa keduwung. Gedhe-cilike wis natoni atine sing
wadon. Kedadeyan sing satemene banget ora dikarepake. Sekawit mung perkara meja-
kursi, ndadak ngambra-ambra tekan bab-bab sing gepok senggol karo rasa-pangrasa.
Luwih-luwih bareng ditintingi, tembung-tembunge sing wadon ora kabeh luput.
Panggresah tambah. Nyerot ambegan landhung. Pikiran uleng. Kagubel pitakon
nggembuleng. Pitakon gedhe ngenani bener-luput prinsip sing ajeg dipikukuhi.
Idhealisme sing wis ora dipaelu bebrayan krana rubuhe pranatan. Pitakon ngenani
cangkriman tanpa batangan ing ngaurip cakra manggilingan.

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 40


Durung rampung ngumbar pangangen ndadak dijugarake swara mobil mandheg
ngarep omah. Kendharaan isi prabot rumah tangga, wiwit piranti pawon nganti barang-
barang kayadene meja-kursi. Ah!! Saiki ing ngendi-endi kena kanggo papan promosi.
Saklebatan Herman nyawang meja-kursi apik-apik memencut ati. Embuh mutune, kuwi
ora wigati. Genah jaman saiki akeh sing mung sengsem bleger ketimbang isi njerone.
Luwih seneng ndeleng gebyar bungkus lan kulite.
Ana rasa mangu-mangu. Mripate blawur. Meja-kursi sing disawang malih wewujudan
nggegirisi. Mawa cakar-cakar landhep siap ngrawus sapa wae. Untune ngisis kaya arep
nglethak. Mripat murub ngobarake geni mangalad. Herman kamiweden.
Rikala mripat diuceg-uceg nganggo tangan, wewujudan ing ngarepe lagi sirna. Ngerti-
ngerti tangga kiwa-tengen wis pathing grudug ngepung dagangan ing ngarep omah.
Genti genten nyedhaki meja kursi. Akeh sing padha ketarik njajal melu nyekel sikilane.
Ngelus-elus ukiran. Ana sing nyoba njunjung sepira bobote. Malah ana sing njajal
lungguh kra empuk lan orane. Ambak mung kursi pranyata akeh sing rebut kepinging
nglungguhi.
Nyipati kanyatan ing ngarepe, Herman gedheg-gedheg. Jebul ora mung bojone dhewe
sing kedanan marang meja kursi. Cilik gedhe enom tuwa sugih mlarat kabeh padha
kedanan. Anehe, padha ora maelu mungguh kepriye becike tetuku meja kursi sing slaras
kambi bale somah. Ora maelu kepriye nata meja kursi sing bener. Lan ora maelu kepriye
tata cara nglungguhi kursi kanthi unggah-ungguh sing samesthine.
Sapungkure bakul barang prabot rumah-tangga lan wong-wong sing padha umyeg
ngrubung dedagangan, Herman ketekan tamu kanca nunggal kantor. Gita-gita nggawa
kabar wigati. Ndadak lerege omong uga ngrembug perkara meja-kursi.
’’Dadi awakmu ki ya melu-melu bisnis prabot ngono kuwi?’’ pitakone Herman
miterang.
Yuwono manthuk.
’’Ning aku mung nampa titipan. Dudu barangku dhewe,’’ sumambunge Yuwono
sinambi nyeleh stopmap ing ndhuwur meja.
’’Njur apa gandheng cenenge karo aku?’’
’’Manut panemuku, pawongan sing pantes lan cocog tuku njur nglungguhi meja kursi
iki mung sampeyan.’’
’’Regane?’’
’’Mung satus yuta.’’
’’Mung satus yuta??’’ Herman kaget semu ora percaya.
’’Yen wong liya bisa ngancik satus seket yuta.’’
’’Edan!!’’
’’Ora perlu edan.’’
’’Maksudku, meja kursi rega semono kuwi rupane barang kepriye?’’
’’Kaya sing mapan ning kantor kae.’’
’’Sing dilungguhi Wisa Marta kae?’’
Yuwono manthuk.
Herman malah plenggang-plenggong. Wong loro banjur adu panyawang. Padha uleng
ngrayang batine sowang-sowang.*

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 41


Kegiyatan 4:

Garapen kanthi cara mandhiri pitakon-pitakon ing ngisor iki !

1. Sebutna paraga-paraga kang ana sajroning cerkak kanthi


irah-irahan “Meja Kursi” ing dhuwur?
2. Sebutna paraga utama sajroning cerkak ing dhuwur!
3. Pungkasaning cerkak ing dhuwur kalebu bad ending apa
happy ending? Coba buktekna!
4. Sebutna setting saka cerkak ing dhuwur mau!
5. Piweling (pesen) apa sing bisa didudut saka cerkak ing
dhuwur?

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 42


GLADHEN
PENILAIAN HARIAN

1) Pilihen salah siji wangsulan kang bener!

1. Anane unggah-ungguh basa Jawa sajroning masarakat Jawa, yaiku kanggo ....
A. ngajeni wong liya D. ngundhakake gengsi
B. ngajeni dhiri pribadi E. pamer
C. golek pangalembana

2. Sing nemtokake anane tingkat tutur, salah sawijine, yaiku kajaba ....
A. pangkat D. umur O2
B. pendhidhikan E. jinis kelamin
C. ekonomi

3. Kang Asep saben dina melu kerja bangunan menyang daleme Pak Raden. Pak
Raden minangka kontraktor kang wis sukses duwe reh-rehan minangka juru
awat-awat, yaiku mandhor Badrun. Si Badrun saben dinane ngawat-awati para
pekerjane kaya dene Kang Asep sakanca-kancane.
Saka kasus kasebut, yen sinawang status sosiale, ing antarane Kang Asep lan
Badrun, dibedakake saka ….
A. umur D. pangkat
B. tingkat keakraban E. kebangsawanan
C. tingkat hubungan keluwarga

4. Leksikon basa Jawa.


1) dhuwit 5) pot
2) komputer 6) keris
3) pulpen 7) beras
4) tv 8) banyu
Sing kalebu leksikon netral saka tembung-tembung mau, yaiku ....
A. (1), (2), (4), lan (8) D. (1), (6), (7), lan (8)
B. (1), (2), (3), lan (5) E. (2), (3), (4), lan (5)
C. (1), (3), (6), lan (8)

5. Yen guneman karo wong tuwa iku aja njengek-njengek sarta sora, nanging kudu
kanthi cara subasita kang becik sarta sabar.
Saka pethikan ukara mau, sing diarani subasita, yaiku ….
A. guneman kanthi riket lan cepet
B. guneman kanthi nggunakake basa kang alus tur sareh
C. guneman kanthi nggunakake basa kang cetha
D. guneman kanthi nggunakake basa kang bregas tur ndakik-dakik
E. guneman kanthi nggunakake basa kang rada kasar

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 43


Gatekna teks wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 6-9!

Kacilakan Nggegirisi Bocah SMP Rider Ninja fi lan


Pasinaon kanggo Wong Tuwa

Bocah SMP ing salah sawijine sekolah swasta kang ana ing kutha
Jogja numpak montor Ninja 250 fi nabrak salah siji mahasiswi pascasarjana
Universitas Swasta kang langsung tiwas ing papan kadadean. Miturut
kancane Dofan, dheweke iku arep ngrayakake ulang taune karo kanca-
kancane menyang Kaliurang. Ing dalan Dofan wis kober dielingake karo salah
sawijine kanca supaya ora rebut banter gas-gasan anggone mbandhangake
sepedhah montore. Nepaki ing dalan Kaliurang Jogja (15/01/’17) ing
sangarepe SPBU Pedak Jakal Km 12 udakara jam 07.30 WIB Dofan kang
numpak Ninja 250 fi nabrak pengguna montor liyane, yaiku Fani salah siji
mahasiswi pascasarjana UII nganti tiwas ing papan panggonan. Ing kadadean
iku, montore Dofan sigar pecah ambyar dadi loro.
Dene, kondhisine Dofan (rider Ninja 250 fi) sawise dirawat ing Rumah
Sakit suwene 4 dina iku banjur nyusul tiwas. Satemene kadadean iki mung
salah sawijine tuladha bae, isih akeh tuladha-tuladha liyane kang prelu
disikapi dening para wong tuwa kang duwe putra-putri kang dina iki isih
durung cukup umure kanggo numpak montor. Prelu kawicaksanane wong
tuwa kanggo migatekake keslametane putra-putrine ing dalan sarta aja
nglirwakake tata aturan lalu lintas kanggo keslametane pengguna dalan
liyane.
(Kapethik lan kaolah maneh saka: widhawati.blogdetik.com)

6. Perangan saka teks wacan ing ndhuwur iku, yaiku kalebu ….


A. wara-wara D. piweling
B. pawarta E. gugon tuhon
C. slogan

7. Sapa sing dadi kurban saka kacilakan mau ....


A. Dofan bocah SMP D. kancane Dofan
B. Pegawai SPBU Pedak Jakal E. kancane Mbak Fani
C. Mbak Fani

8. Kadadean kacilakan kasebut dumadi, yaikurikala tanggal .....


A. 15 Januari 2016 D. 15 Januari 2017
B. 15 Pebruari 2016 E. 15 Januari 2015
C. 15 Desember 2016

9. Papan panggonan kadadean kasebut, yaiku ana ing ....


A. Sangarepe sekolahan D. prapatan Kaliurang
B. Sangarepe kampus E. sangarepe SPBU Pedak Jakal
C. Rumah Sakit

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 44


10. Pak dhe tindak dhateng Bondowoso numpak bis, dene bu dhe nembe rawuh
A B C D
Saka Ngawi kalawingi sonten.
E
Sajroning ukara kasebut ana tembung-tembung kang durung trep utawa durung
cundhuk kalawan unggah-ungguh basa, yaiku ....
A. A lan D D. D lan E
B. C lan E E. A, C, lan D
C. C lan D

11. Kala wingi sore bapak tumbasjampi kangge sakit padharan. Sajroning ukara
A B C D E
kasebut ana tembung-tembung kang durung trep utawa cundhuk kalawan
unggah-ungguh basa, yaiku ....
A. A, B, lan C D. A lan B
B. A, B, lan D E. A lan D
C. A, B, lan E

12. Pak Dhe Dwipangga ... dhateng Pamekasan ... sepedha montor ... Bu Dhe Ratri.
Ceceg-ceceg sajroning ukara ing ndhuwur yen dijangkepi nganggo unggah-
ungguh kang trep, yaiku ....
A. tindak, nitih, kaliyan D. kesah, nitih, kaliyan
B. tindak, numpak, kaliyan E. kesah, nitih, karo
C. tindak, numpak, karo

13. Unen-unen kang endah mawa paugeran tartamtu, kang umume dumadi saka
gatra purwaka (sampiran) lan gatra tebusan (isi/inti), yaiku ....
A. Parikan D. Bebasan
B. Wangsalan E. Cangkriman
C. Saloka

14. Adhedhasar jinise, parikan iku bisa kaperang dadi loro, yaiku ....
A. parikan lawas lan parikan anyar D. parikan kuna lan parikan modhern
B. parikan lamba lan parikan edi peni E. parikan ringkes lan parikan rangkep
C. parikan langsung lan parikan ora langsung

15. Jemek-jemek gula Jawa


Aja … padha ….
Ceceg-ceceg sajroning parikan ing ndhuwur, supaya trep sarta matis yen
dijangkepi nganggo tembung ....
A. ngenyek, kanca D. ngekek, guyonan
B. njengek, wong tuwa E. amek, gela
C. ngepek, wong liya

16. Paugeran (pedhoman) sajroning wawancara bisa kaperang dadi loro, yaiku ....
A. wawancara mandhiri lan wawancara bebarengan
B. wawancara ora terstruktur lan wawancara terstruktur
C. wawancara alami lan wawancara buatan
D. wawancara formal lan wawancara non formal
E. wawancara indoor lan wawancara outdoor

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 45


17. Salah sawijining acara dhiskusi kang ditindakake dening sawijining kelompok
kang nduweni pakaryan kang sajinis kang nduweni tujuwan kanggo mecahake
perkara tartamtu lan kanggo nggoleki solusine, yaiku diarani ....
A. lokakarya (workshop) D. kongres
B. muktamar E. sarasehan
C. simposium

18. abang-abang ora legi


tiwas … ora ….
Ceceg-ceceg sajroning parikan ing ndhuwur, supaya trep sarta matis yen
dijangkepi nganggo tembung ....
A. nembang, disenengi D. nyabrang, ngenteni
B. ngarang, dibiji E. adang, disuguhi
C. dagang, bathi

19. Sawijining jinis dhiskusi kang dianakake kanggo ngrungokake panemu


(pendapat/prasaran) para ahli kang kawogan ngenani sawijine perkara lan
bidang tartamtu kanthi sipat kang ora resmi lan santai (rileks), yaiku ....
A. kongres D. lokakarya (workshop)
B. seminar E. sarasehan
C. muktamar

20. Pemateri utawa narasumber ing sajrone dhiskusi, nduweni jejibahan (tugas),
yaiku kajaba ....
A. nyiyapake lan ngandharake materi kang didadekake bahan kanggo dhiskusi
B. mangsuli pitakonan lan tanggapan peserta dhiskusi lan audiens
C. mimpin lan ngatur lumakune dhiskusi
D. nduweni sikap obyektif, adil, lan ora mihak ing salah siji
E. nguwasani topik dhiskusi

21. Wong kang nduweni jejibahan (tugas) minangka pemimpin sajroning dhiskusi lan
uga kang ngatur lumakune dhiskusi, yaiku ....
A. pemateri/narasumber D. respondhen
B. notulen E. modherator
C. audien

22. Salah sawijining teknik kang digunakake kanggo golek utawa nglumpukake dhata
utawa informasi kanggo tujuwan tartamtu, diarani ....
A. gethok-tular D. presentasi
B. wara-wara E. rembugan
C. wawancara

23. Kang kalebu ancas utawa tujuwane presentasi, yaiku kajaba ....
A. kanggo intimidasi D. kanggo motivasi
B. kanggo informasi E. kanggo panglipur
C. kanggo pangajak

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 46


24. Aksara Jawa ing ndhuwur, yen katulis mawa aksara Latin, yaiku ....
A. Pahrudin anake kyai sepuh D. Fahrudin anake kyai sepuh
B. Pahrudin anak kiai sepuh E. Fahrudin anak kyai sepuh
C. Pahrudin anake kiai sepuh

25. Aja kaya bocah gemblung, yen katulis mawa aksara Jawa, yaiku ....

26. Aksara Jawa ing ndhuwur, yen katulis mawa aksara Latin, yaiku ....
A. Isik esuk babone wis pada nglumpruk D. isih esuk babone wis padha kluruk
B. Isik esuk bakule wus pada nglumpuk E. isih esuk jagone wis padha kluruk
C. Isik esuk bakule wis padha nglumpruk

27. Zarrah wis apal surat Al-Fatikah, yen katulis mawa aksara Jawa, yaiku ....

Setitekna wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 28-31 !

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 47


(Kapethik mawa owah-owahan sawetara saka: Memetri Basa Jawi 1)

28. Wacan aksara Jawa ing ndhuwur mujudake ....


A. tembang macapat D. crita mancanagara
B. crita lawas gancaran E. crita kewan
C. crita anyar

29. Irah-irahan saka wacan ing ndhuwur mau, yaiku ....


A. Ratu Kalinyamat mertapa ing wukir Danaraja
B. Ratu Kalanyamat mertapa ing wukir Nagaraja
C. Ratu Kalanyamat mertapa ing wukir Danaraja
D. Raja Kalinyamat mertapa ing wukir Danaraja
E. Raja Kalanyamat mertapa ing wukir Nagaraj

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 48


30. Paraga kang ana ing crita kasebut mau, yaiku kajaba ....

31. Papan dununge mertapa sang Ratu, yaikuana ing ....


A. Gunung Cilik D. Gunung Kudus
B. Gunung Wilis E. Gunung Danaraja
C. Gunung Nagaraja

32. Aksara Jawa ing ndhuwur yen katulis mawa aksara Latin, yaiku ....
A. Nini durung gawe klasa D. Pini durung gawe klasa
B. Dini duwe gawe teka slasa E. Tini duwe gawe dina slasa
C. Kidi duwe gawe ana klasa

33.

34. Taline pedhot damene ambyar, yen ditulis mawa aksara Jawa, sing bener, yaiku
....

35. Jajane akeh kayata: jenang, jadah, lan roti. Ukara kasebut yen ditulis mawa
aksara Jawa, yaiku ....

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 49


YEN SIRA DIBECIKI ING LIYAN, TULISEN ING WATU, SUPAYA ORA ILANG LAN
TANSAH KELINGAN. YEN SIRA GAWE KABECIKAN MARANG LIYAN, TULISEN ING
LEMAH, SUPAYA ENGGAL ILANG LAN ORA KELINGAN.
(BUTIR-BUTIR BUDAYA JAWA, 1996: 44)
WULANGAN 4
RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 50
ANEKDOT
Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi

3.3 Mengidentifikasi, memahami, dan 3.3.1 Menjelaskan karakteristik teks anekdot


menganalisis karya fiksi dan non fiksi dibandingkan teks lain yang sejenis.
secara lisan dan tulis.
3.3.2 Menganalisis struktur teks anekdot.
3.3.3 Mengidentifikasi ciri bahasa teks
anekdot.
3.3.4 Menjelaskan isi teks anekdot.

4.3 Menyusun dan mempublikasikan karya 4.3.1 Menuliskan sebuah teks anekdot.
nonfiksi (artikel, laporan, opini,
anekdot, dan atau kritik) sesuai
kaidah.
4.3.2 Mempublikas-kan teks anekdot.
4.3.3 Membaca teks anekdot.
4.3.4 Mengunggah teks anekdot ke
internet.

a. Anekdot
Teks anekdot mujudake teks ringkes kang lucu lan bisa nglelipur pamaos
utawa pamirenge sarta asipat nyemoni (nyindhir) tumrap kahanan tartamtu.
Ancase panulis nganggit teks anekdot kanggo nglelipur pamaose utawa
pamirenge kanthi unsur sindhiran ing sajrone teks kasebut.
Isine teks anekdot bisa awujud prastawa-prastawa kang narik kawigaten,
nganyelake, lan sawijine bebener kang luwih umum. Kepriye wujud
patuladhane teks anekdot bisa kokdulu ing ngisor iki.
b. Dhagelan
Dhagelan yaiku lawakan utawa sawijining adhegan kang bisa nuwuhake
banyolan. Pamentasan seni iki ora kaiket karo naskah utawa teks sing
medharake alur crita. Dhagelan bisa dumadi kanthi dadakan (spontan)
awujud improvisasi pacelathon kang ditindakake dening paragane. Banyolan
diupayakake saka solah bawa, cara micara, lan isi pacelathon paragane.
Dhagelan beda karo crita lucu. Crita lucu kuwi dialami tenan dening
paragane. Dene dhagelan dikarang lan digawe skenario, banjur
diparagakake. Tuladhane dhagelan kang disiarake ing TV kayata Ndhoro Bei,
Srimulat, Opera Van Java, lan sapanunggalane.
c. Plesetan

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 51


Plesetan ing basa Jawa diarani cangkriman blenderan. Plesetan sejatine
ukara pranyatan kang bisa gawe bingung yen macane salah. Tuladhane
plesetan kayata, “Macane Arab saka ngendi? Wangsulane bisa saka alas,
bisa saka tengen”.

d. Lelucon
Lelucon lumrahe arupa crita cekak utawa susunan pacelathon kang sipate
lucu. Ana pirang-pirang kategori lelucon, saka lelucon prasaja nganthi lelucon
sing nggunakake sarkasme. Lelucon lumrahe nyenengne kanggo saperangan
wong, nanging lelucon iku uga bisa nglarani kanggo liyane.

Sawise maca teks anekdot kasebut, para siswa diajab bisa mangerteni tata rakite
kang arupa abstrak, orientasi, krisis, reaksi, lan koda. Luwih cethane gatekna
andharan ing ngisor iki.

Tata Rakite Teks Anekdot

Abstrak Orientasi Krisis Reaksi Koda

Katrangan:
(1) Abstrak mujudake perangan wiwitane paragraf sing gunane menehi
gegambaran ngenani isi teks. Padatane nuduhake bab sing unik. Tuladhane
saka teks anekdot ing ndhuwur yaiku: “Sawijining dina Pak Guru ngasta
pelajaran Basa Jawa ing kelas XII.”
(2) Orientasi yaiku perangan sing nuduhake wiwitane crita utawa lelandhesane
prastawa kang dumadi. Orientasi saka teks anekdot “Guru” kasebut yaiku “Ing
patemon kuwi materine ngelmu othak-athik mathuk utawa kerata basa”.
(3) Krisis nuduhake perangan sing narik kawigaten utawa sing ora salumrahe
bisa dumadi. Tuladhane perangan krisis adhedhasar teks anekdot kasebut
yaiku “Leres Pak. Nanging wonten malih kerata basanipun guru”.
(4) Reaksi mujudake perangan kepriye cara panulis utawa paraga ing crita
mungkasi prakara ing perangane krisis. Reaksi saka teks anekdot “Guru”
kasebut yaiku “Apa kuwi, Ti?”.
RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 52
(5) Koda nuduhake perangan pungkasane crita. Perangan iki isine awujud
dudutan ngenani kedadean sing dumadi tumrap paraga crita. Ing perangan iki
kadhang kala tinemokake wujud pitakonan retoris (ora mbutuhake
wangsulan). Tuladhane perangan koda adhedhasar teks anekdot kasebut
yaiku “Diguyu lan ditinggal turu Pak. Leres ta? Menika rak nggih othak-
athik mathuk Pak”.

1. Jinis-jinise Teks Anekdot


Teks anekdot mujudake teks lucu kang asipat nyemoni utawa nyindhir. Apa
wae jinise teks anekdot kuwi, wacanen andharan ing ngisor iki.
a. Teks Anekdot Lisan
Teks anekdot jinis iki diucapake kanthi lisan ing pasrawungan. Kepriye
tuladhane teks anekdot lisan bisa kawaca ing ngisor iki.
 kudis : kurang dhisiplin
 kram : kurang terampil
 SMS : Sistem Kebut Semalam
 galon : gagal move on
 KSO2 : Kelingan Sing Ora-Ora
 lsp
b. Teks Anekdot Tulisan
Teks anekdot tulisan mujudake teks anekdot ing basa tulis kaya tuladha kang
wis diandharake ing perangan sadurunge. Ing ngisor iki tuladhane teks
anekdot tulisan.

UAN

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 53


Sawise mulih sekolah, Jono lan Supri cecaturan sinambi mlaku. Jono bingung
amarga arep ngadhepi UAN.
Jono : “Pri, kowe wis siap UAN?”
Supri : “Uwis lah Jon.”
Jono : “Wah hebat kowe.”
Supri : “Iya lah Jon, UAN rak ya Ujian Angger Ngeping.”
Jono : “Welhadalah.”

Ilmu Kebal
Badrun lan Jojon wis suwe ora ketemu. Nang ngarep konter sinambi ngenteni
angkot, dheweke ngobrol.
Badrun : “Jon, bapakku nate ditembak rampog nanging ora mati.”
Jojon : “Mbok menawa bapakmu duwe ilmu kebal, Drun?”
Badrun : “Ora merga kuwi, Jon.”
Jojon : “Merga apa, Drun?”
Badrun : “Merga ora kena.”
Jojon : “Bisa wae kowe Drun.”

Krudhukan Kresek
Rikala aku isih sekolah, ana kadaden sing ora bisa daklakekake. Kadaden
kuwi biasane dakdadekake gegojegan yen lagi reuni sekolah. Kanca padha
ngguyu jegagakan yen eling kadaden kuwi.
Critane, SMA-ku lumayan adoh saka omah tur ora diliwati jalur bis. Mula
bocah SMA-ku sing omahe sakecamatan karo aku padha numpak sepedhah
montor. Klebu aku dhewe, sanajan ora nggawa sepedhah montor amarga durung
ditumbasake, nanging saben dina dibarengi P sing omahe ngliwati omahku.
Dhasare kanca kenthel awit SMP, mula dheweke apik marang aku.
Budhalku mesthi esuk supaya P ora ngenteni aku. Sungkan yen P sing
ngenteni aku. Wong wis dibarengi mula aku kudu siyap dhisik. Apa maneh dina
kuwi pasaran Wage dadi kudu ngliwati pasar Wage sing lagi rame-ramene. Mula
budhale kudu luwih esuk supaya ora kena macet neng ngarep pasar.
Esuk kuwi jam wis nuduhake angka 06.40 nanging durung ana tandha-
tandha P teka. Kamangka sekolahku mlebune jam 07.00. Ya ngene iki resikone

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 54


ora numpak sepedhah montor dhewe, kudu sabar ngenteni kancane. Ora let
suwe P teka. Dheweke sajake kesusu. Temenan wae, jarene mau isih nggoleki
kunci sepedhah montor sing lali anggone nyimpen.
Sawise aku nyengklak, gage sepedhah montore digas banter. Ora ana
semenit playune wis ngancik 100 km/jam. Aku mung njepiping neng buri amarga
wedi. Teka ngarep pasar Wage playune rada alon. Dumadakan, “Tuluung Dii..
Allohu Akbar! Allohu Akbar!” P mbengok sora. Aku wedi banget awit dakkira arep
tabrakan. Kepara aku arep mencolot saka sepedhah montor nanging ora sida
awit sepedhah montore wis direm banjur mandheg.
“Asem tenan! Kresek semprul!” Panggraitane P. Sawise daksetitekake
jebul helme P wis krudhukan kresek rada gedhe rupa ireng. Jebul ana kresek
sing miber banjur nyangkut ing helme. Daksawang sakupengku wis akeh wong
neng pasar sing nggatekake P lan aku. P banjur ngegas montore banter amarga
isin. Apa tumon wong numpak montor kok krudhukan kresek.

Gara-Gara Mbangkong

Aku iki pancen pawongan kang banget dhemene karo tontonan bal-
balan. Apa maneh bengi kuwi sing tandhing bal-balan klub kasenenganku.
Merga ditayangake langsung saka Eropa, jam tandhinge ya diwiwiti jam siji
bengi ing dhaerahku. Kena dakkira klub kasenenganku menang tenan, aku
seneng banget. Ora krasa nalika nyawang jam wis nuduhake angka telu. Aku
ngantuk banget banjur keturon ing ngarep TV. Nalika tangi, aku kaget banget
amarga srengengene wis cumlorot saka sisih wetan. Bapak lan ibuku dakgoleki
uga wis ora ana, mbok menawa wis tindak pasar wiwit bubar subuh mau.
Tanpa mikir dawa, aku langsung adus kanthi cepet-cepet. Satemene
ibuku wis masak dicepakake ing ndhuwur meja, nanging aku kudu budhal
sekolah supaya ora telat amarga jam kapisan wayahe ulangan Basa Jawa.
Saiba kagete nalika aku tekan sekolah durung ana siswa blas, gerbange uga isih
tutup durung dibuka dening tukang kebone. Mak pleeennnggg, daktapuk
bathukku, aku lagi kelingan yen iki mau dina Minggu. Ya ngene iki wusanane
wong mbangkong kuwi, mula sesuk maneh ora bakal dakbaleni. Gara-gara
mbangkong ora kelingan dina.

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 55


GURU

Sawijining dina Pak Guru ngasta pelajaran Basa Jawa ing kelas XII.
Ing patemon kuwi materine ngelmu othak-athik mathuk utawa kerata basa.
Pak Guru mundhut pirsa marang murid-muride ngenani kerata basa.
Pak Guru : “Toni, apa kerata basane guru?”
Toni : “Digugu lan ditiru Pak.”
Pak Guru : “Siti, bener apa luput wangsulane Toni?”
Siti : “Leres Pak. Nanging wonten malih kerata basanipun
guru.”
Pak Guru : “Apa kuwi, Ti?”
Siti : “Diguyu lan ditinggal turu Pak. Leres ta? Menika rak
nggih othak-athik mathuk Pak.”
Pak Guru : “Ooo... Dadi kowe sing gawene turu neng kelas ya,
Ti?”
Siti : “Boten Pak, nanging guru rak nggih pengalaman
terbaik?”
Pak Guru : “Ya wis kana ndang raup sik yen ngantuk!”
Siti : “Nggih Pak. Nuwun sewu badhe dhateng jedhing,
raup.”

Reques
Sawijining awan ing sasi pasa, penyiar radhio ABCD lagi cecaturan
karo pamidhanget radhio ing omah. Amarga lagi pasa, pamidhanget kepengin
nglalekake rasa ngelak lan luwene kanthi telpon radhio.
Pamidhanget : “Sugeng sonten radhio ABCD FM.”
Panyiar : “Inggih, kaliyan Bapa sinten kula micanten?”
Pamidhanget : “Bapa Mahesa Jenar. Badhe request Mbak.”
Panyiar : “Oh inggih, badhe request gendhing menapa Bapa
Mahesa Jenar?”
Pamidhanget : “Kula nyuwun dipunputeraken adzan maghrib. Kula
sampun boten kiyat menika kepengin enggal-enggal
bikak siyam.”

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 56


Panyiar : “Pangapunten Bapa Mahesa Jenar menika taksih
jam sekawan sonten, adzan maghrib dereng saged
dipungiyaraken.”

Melu Imam
Adhine kancaku sing jenenge Prenggi kuwi pancen bocahe lugu, lucu lan
pinter. Isih sekolah ana TK (Taman Kanak-Kanak) wis bisa nggambar
pemandangan, nulis, lan maca. Senajan maca lan nulise durung pati lancar lan
apik, nanging wis bisa didelok yen bocah iki klebu bocah pinter.
Ing sawijining dina nalika ibune masak ana pawon, Prenggi takon marang
ibune.
“Buk, carane solat Jum’at ki pripun?” pitakone marang ibune.
“Ya solate dina Jum’at awan, mengko solate manut imam.” wangsulane
ibune sinambi repot marut klapa.
Dhasare bocah manutan, nalika wis ngancik wanci luhur, Prenggi budhal
menyang omahe Imam, kancane sekolah. Hla kok ora malah budhal nyang
mesjid, nanging nalika diajak Imam mancing nyang kali kok ya manut bae.
Bubar Jum’atan Prenggi durung mulih. Nalika digoleki Ibune jebul mancing
karo Imam nang kali.
“Hla kok ora Jum’atan ta kok malah mancing?” clathune ibune.
“Ngendikane ibu diutus manut Imam, ta Bu.”
Sanalika ibune ngguyu cekakakan. Apa tumon, dikon solat Jum’at kok
melu Imam mancing nyang kali. Jebul salah tampa. Imam sing dikarepake dudu
Imam kancane Prenggi, nanging imam solat Jum’at. Hehehe....

JUN YEN LOKAK (ORA KEBAK)KOCAK, YEN KEBAK ANTENG.


(BUTIR-BUTIR BUDAYA JAWA, 1996: 64)

GLADHEN

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 57


PENILAIAN AKHIR SEMESTER
A. Pilihen salah siji wangsulan sing bener!
Katresnan jati

(Dening: Zuly Kristanto)

Ah, apa kaya ngene iki rasane wong kangen. Mangan ra enak turu ra jenak. Jan, ra
ngenakake babar pisan, batine Rafi karo nyawangi tanduran jati sing ana pinggir bengawan
iku. Cah nggantheng rambut piyak tengah, sing wis nem sasi iki KKN ing laladan kapencil
ing Sumatra iku saben dina sing dirasakake mung kangen marang tanah Jawa sing
sasuwene iki ditinggalake. Kangene saya ndadra saben nyawang jati sing saiki godhonge
wiwit semi ing mangsa rendheng kuwi.
Tanduran iki ngelingake Rafi marang Retno, kenya ayu asal Solo sing wis telung
taun iki ngrenggani atine. Amarga kudu KKN iki, Rafi lila kanggo sauntara ngempet kangene
marang kenya kuwi. Kenya sing nalika dheweke budhal menehi winih tanduran jati kuwi.
“Mas, kok nglamun terus, ta? Lagi ngadhepi perkara abot, ya? Apa tugas KKN
sampeyan durung rampung?” pitakone Widya sing tanpa dinyana lungguh ing cedhake Rafi.
“Ora kok, Wid. Tugasku wis rampung kabeh, “wangsulane Rafi cekak.
“Kok kaya ana sing sampeyan pikirake?” pitakone Widya maneh.
“Iya, Wid, awakmu bener. Aku lagi mikir kabar kawusanane surat-suratku sing
dakkirim menyang Retno. Kok durung ana balesan,” ujare Rafi.
“Mas, sampeya ora usah sumelang. Retno kuwi kalebu wanita kang setya marang
apa kang dadi pilihane,” ujare Widya ngeyakinake Rafi.
“Muga-muga, ya, Wid. Aku tresna banget marang kancamu kuwi, “ kandhane Rafi.
Dina kanggo ngayahi KKN wis rampung. Rafi ngrasakake rasa kang maneka warna
kang angel digambarake. Ing perangan liya, dheweke ngrasa marem amarga bisa enggal
ketemu karo wanita kang dadi pepujaning ati. Dene ing perangan liya, dheweke ngrasa ana
sing ngganjel ing atine pinuju ninggalake papan kang dadi KKN kasebut.
......................................................................................................................................

Kapethik Saka: Jayabaya No. 21, Januari, minggu ka-IV 2015

1. Manut teks cerkak ing ndhuwur sing ndadekake paraga Rafi tansah ora jenak,
yaiku ...
a. Rafi kangen marang kulawargane
b. Rafi kangen marang kenya sing wis dadi pepujaning atine.
c. Rafi kudu nggarap tugas KKN sing durung rampung.
d. Rafi kudu ninggalake papan KKN.
e. Rafi kangen nalika jamane kuliah.

2. Kenya sing wis telung taun ngrenggani atine Rafi, yaiku ...
a. Rani, kenya ayu saka tlatah Sukoharjo.

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 58


b. Retno, kenya ayu saka tlatah Yogyakarta.
c. Retno, kenya ayu saka tlatah Klaten.
d. Rani, kenya ayu saka tlatah Solo.
e. Retno, kenya ayu saka tlatah Solo.

3. Panyebab pisahe sauntara antarane Rafi karo pepujaning ati, yaiku ...
a. Rafi oleh tugas saka kampus.
b. Rafi nindakake study banding ing Sumatra.
c. Rafi nindakake KKN ing Sumatra.
d. Rafi ketrima kerja ing Sumatra.
e. Rafi kudu ngayahi jejibahan ing luar kota.

4. Babagan sing ndadekake Rafi nduwe rasa sumelang, yaiku ...


a. Surat-surat sing dikirim menyang Retno durung ana sing dibales.
b. Rafi wis arep ninggalake papan panggonan KKN.
c. Ana sing ngganjel ing atine Rafi nalika KKN wis rampung.
d. Rafi kudu pisah karo kanca-kancane nalika KKN.
e. Retno menehi Rafi winih jati.

5. Pralambang saka winih jati sing diwenehake Retno marang Rafi, yaiku ...
a. Tandha welase Retno marang Rafi.
b. Wit jati kuwi regane larang.
c. Wit jati minangka kenang-kenangan nalika Rafi lagi KKN.
d. Supaya sesambungan antarane Retno lan Rafi kayadene wit jati.
e. Supaya menawa Rafi nyawang wit jati banjur kelingan marang Retno.

6. Crita gancaran sing ngandharake kadadeyan saka wiwitan nganti pungkasan


kanthi cekak aos diarani ...
a. Cerkak
b. Novel
c. Geguritan
d. Drama
e. Sesorah

7. Ciri-cirine cerkak, yaiku ...


a. Critane ora dawa, ukurane ringkes, isine padhet nanging basane angel
dingerteni.
b. Critane dawa, isine padhet, basane gampang dimangerteni.
c. Critane cekak, isine padhet, ukurane ringkes, basane gampang
dimangerteni.
d. Critane cekak, isine padhet, basane angel dimangerteni.
e. Critane dawa, isine cekak aos, basane mentes.

8. Ing ngisor iki kang kalebu unsur-unsur intrinsik ing sajroning cerkak, yaiku ...
a. Tema, amanat, dialog, penokohan, alur
b. Tema, amanat, isi, penokohan, latar
c. Tema, amanat, sudut pandang, dialog, alur
d. Tema, penokohan, dudutan, alur
e. Tema, amanat, penokohan, alur, latar

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 59


9. Reroncening kadadeyan kang ana sajroning crita cerkak, yaiku ...
a. Tema
b. Alur
c. Amanat
d. Latar
e. Pamawas

10. Unsure kang ana gegayutane karo wektu, swasana, lan lingkungan sosial ing
crita cerkak diarani ...
a. Amanat
b. Tema
c. Alur
d. Latar
e. Paraga

11. “Rin, kapan kae aku krungu menawa ibumu gerah, apa bener?” pitakone Indah
marang Rinda. Menawa diowahi menyang ukara crita sing trep, yaiku ...
a. Indah takon marang Rinda menawa ibune gerah.
b. Indah takon marang Rinda yen ngerti ibune gerah.
c. Indah takon marang Rinda ngenani babagan bener apa ora yen ibune gerah.
d. Indah kandha marang Rinda menawa ibune gerah.
e. Indah takon marang Rinda kapan ibune gerah.

12. Kowe yen (dikongkon) bapak kudu manut, supaya bapak ora (nesu). Tembung
sing ana jroning kurung krama inggile, yaiku ...
a. Dikengken, muring
b. Diutus, duka
c. Dikengken, duka
d. Diutus, muring
e. Diutus, nesu

13. Ing ngisor iki ukara kang nganggo basa ngoko alus, yaiku ...
a. Ibu midhangetake campursari.
b. Bapak siktas nedha.
c. Mangga dipundhahar sawontene.
d. Rama taksih sare.
e. Muliha saiki wae!
14. Ukara-ukara ing ngisor iki panganggone basa ngoko alus sing trep, yaiku ...
a. Eyang lagi ningali wayang.
b. Adhiku senengane ngunjuk es dhawet.
c. Kucing anggoraku saben dina dhahare daging ayam.
d. Nganti saiki Bulik durung kagungan putra.
e. Saben sore, pitikku nek sare manggon ing kandhang mburi.

15. Nita : Rul, iki dhuwit bageyanmu saka Bu Susan.


Fahrul : .........................................................................

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 60


Nita : Wingi sore nalika mulih sekolah.
Ukara kang trep kanggo wangsulane Fahrul, yaiku ...
a. Kapan olehe menehke?
b. Kapan anggenipun maringnke?
c. Kapan olehe nyaoske?
d. Kapan anggone menehke?
e. Kapan olehe maringne?

16. Kowe sesuk arep dijak ibumu menyang Madiun. Anggonmu matur marang
gurumu saperlu nyuwun ijin, yaiku ...
a. Kula mbenjing kedah panjenengan ijini, amargi kula dipunajak dhateng
Madiun.
b. Kula mbenjing nyuwun ijin, amargi badhe dipunajak ibu dhateng Madiun.
c. Kula mbenjing mboten mlebet, amargi kula badhe tindak dhateng madiun
kaliyan ibu.
d. Dospundi saupami kula mbenjing dipunajak ibu dhateng Madiun?
e. Kula mbenjing ijin, badhe tindak kaliyan ibu wonten Madiun.

17. Sampeyan mbenjing menapa tamtu kesah? Ukara kasebut nggunakake basa
apa ....
a. Krama lugu
b. Krama alus
c. Ngoko alus
d. Ngoko lugu
e. Krama inggil

18. Aku ora sida mulih saiki, amarga wis bengi. Ukara kasebut manawa didadekake
basa krama lugu, yaiku ...
a. Kula mboten tamtu wangsul saiki, amargi sampun dalu.
b. Kula mboten tamtu kondur samenika, amargi sampun dalu.
c. Kula mboten kondur samenika, amargi sampun dalu.
d. Kula mboten tamtu wangsul samenika, amargi sampu dalu.
e. Kula mboten wangsul samenika, amargi samenika sampun dalu.

19. Kowe kudu gelem takon dhewe. Ukara kasebut menawa diowahi menyang basa
krama alus, yaiku ...
a. Panjenengan kedahe purun nyuwun pirsa piyambak.
b. Sampeyan kedahipun kersa nyuwun pirsa piyambak.
c. Panjenengan kedahipun kersa nyuwun pirsa piyambak.
d. Panjenengan kedahe kersa nyuwun pirsa piyambak.
e. Sampeyan kudune kersa taken piyambak.

20. A : Panjenengan rawuh kala menapa, Pak?


B : ..................................................................
Ukara sing trep kanggo mangsuli pitakon ing ndhuwur, yaiku ...
a. Kala wingi sonten anggenipun kula rawuh.
b. Kala wingi sonten anggen kula dhateng.
c. Kala wingi sonten anggen kula teka.

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 61


d. Kala wingi sonten anggen kula rawuh.
e. Kala wingi sonten anggen kula dugi.

21. Dhuwite mau wis digawa apa durung, ta, Mas? Ukara kasebut menawa diowahi
menyang basa krama alus, yaiku ...
a. Artanipun kalawau sampun dipunasta menapa dereng nggih, Mas?
b. Yatrane kalawau sampun diasta menapa dereng, ta, Mas?
c. Artane kalawau sampun diasta menapa dereng nggih, Mas?
d. Yatranipun kalawau sampun dipunbeta menapa dereng nggih, Mas?
e. Artanipun kalawau sampun dipunbeta menapa dereng nggih, Mas?

22. Mbak, kula nyuwun tulung menika mangke panjenengan paringaken Dhik Ayu.
Ukara kasebut menawa diowahi menyang basa ngoko lugu, yaiku ...
a. Mbak, aku nyuwun tulung iki mangke sampeyan paringaken Dhik Ayu.
b. Mbak, kula njaluk tulung iki mengko wenehna Dhik Ayu.
c. Mbak, aku njaluk tulung iki mengko sampeyan wenehke Dhik Ayu.
d. Mbak, aku njaluk tulung iki mengko wenehna Dhik Ayu.
e. Mbak, aku nyuwun tulung iki mengko wenehna Dhik Ayu.

23. Crita sing cerkak, ringkes, lan nduweni kesan sing lucu diarani ...
a. Geguritan
b. Drama
c. Cerkak
d. Sesorah
e. Anekdot

24. Perangan teks anekdot ing purwakane paragraf kang gunane kanggo menehi
gambaran isine teks, yaiku ...
a. Krisis
b. Orientasi
c. Abstraksi
d. Koda
e. Reaksi

25. Perangan saka teks anekdot kang nuduhake prekara utawa klimaks saka crita
diarani ...
a. Koda
b. Krisis
c. Orientasi
d. Abstraksi
e. Reaksi

26. Perangan saka teks anekdot kang nuduhake wiwitane crita utawa mula bukane
kepriye prastawa kasebut dumadi, biasane kanthi pengenalan paraga, wayah,
lan panggonan diarani ...
a. Krisis
b. Abstraksi
c. Orientasi
d. Koda

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 62


e. Reaksi

27. Urut-urutane struktur teks ing teks anekdot sing bener, yaiku ...
a. Orientasi-abstraksi-krisis-reaksi-koda
b. Abstraksi-orientasi-reaksi-krisis-koda
c. Krisis-abstraksi-orientasi-reaksi-koda
d. Orientasi-reaksi-krisis-abstraksi-koda
e. Abstraksi-orientasi-krisis-reaksi-koda

28. Struktur teks anekdot sing diarani reaksi, yaiku ...


a. Perangan kang nuduhake prakara utawa klimaks saka crita.
b. Perangan kepriye carane pangripta ngrampungake prakara kang dumadi ing
perangan krisis, bisa uga reaksi minangka solusi utawa respon.
c. Perangan kang nuduhake wiwitane crita utawa mula bukane kepriye
prastawa kasebut dumadi, biasane kanthi pengenalan paraga, wayah, lan
panggonan.
d. Perangan pungkasan crita. Bisa uga kanthi menehi dudutan saka prastawa
ing sajroning crita.
e. Perangan ing puwakaning paragraf kang gunane kanggo menehi gambaran
isine teks.

29. Struktur teks anekdot sing diarani koda, yaiku ...


a. Perangan kepriye carane pangripta ngrampungake prakara kang dumadi ing
perangan krisis, bisa uga reaksi minangka solusi utawa respon.
b. Perangan kang nuduhake prakara utawa klimaks saka crita.
c. Perangan ing purwakane paragraf kang gunane kanggo menehi gambaran
isine teks.
d. Perangan pungkasaning crita. Bisa uga kanthi menehi dudutan saka
prastawa ing sajroning crita.
e. Perangan kang nuduhake wiwitane crita utawa mula bukane kepriye
prastawa kasebut dumadi, biasane kanthi pengenalan paraga, wayah, lan
panggonan.

Kanggo pitakonan nomer 30-32

Gawe Undang-Undang

Dodi dolan menyang omahe sepupune sing aran Allan. Dheweke manggon
ing kutha. Ing sawijine esuk, Dodi ngajak tuku sarapan. Banjur kekarone numpak
mobil lan Allan sing nyetir. Ing prapatan lampu bangjo lampune abang, nanging Allan
tetep bablas mlaku. Dodi banjur ngomong karo Allan.

Dodi : Lampu abang kok mlaku terus?

Allan : Alah, tenang wae. Ing nagri kene aku bisa gawe Undang-Undang kok.

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 63


Dodi : Kepriye carane? Sing gawe Undang-Undang rak ya DPR karo pamarintah,
ta?

Allan : (minggirake mobile)

Dodi : Geneya kok minggir?

Allan : Arep mangsuli pitakonmu kuwi.

Dodi : geneya kok kudu minggir?

Allan : (mobil mandheg, banjur ngrogoh sak clanane banjur ngetokake dhompet
sing dhuwite kandel banjur diselehke ing ngarepe Dodi) Iki wangsulane!

Dodi : Oh....!!!

Sumber: www.justakbar.wordpress.com

30. Abstraksi saka teks anekdot kanthi irah-irahan “Gawe Undang-Undang”, yaiku ...
a. Dodi dolan menyang omahe sepupune sing aran Allan.
b. Ing prapatan bangjo, nalika lampu abang Allan tetep mlaku.
c. Allan nyopir mobil banjur nindakake pelanggaran.
d. Dodi takon marang Allan kepriye carane gawe Undang-Undang.
e. Allan ngetokake dhompet sing dhuwite kandel.

31. Krisis saka teks anekdot kanthi irah-irahan “Gawe Undang-Undang”, yaiku ...
a. Allan nrobos lampu abang, banjur dodi takon marang Allan, “Lampune
abang, kok mlaku terus?”
b. Dodi takon marang Allan kepriye carane gawe Undang-Undang.
c. Dodi dolan menyang omahe sepupune sing aran Allan.
d. Allan minggirake mobile.
e. Allan ngetokake dhompet sing isine dhuwit kandel.

32. Orientasi saka teks anekdot kanthi irah-irahan “Gawe Undang-Undang”, yaiku ...
a. Allan minggirake mobile.
b. Allan nrobos lampu abang, banjur Dodi takon marang Allan, “Lampune
abang, kok mlaku terus?”
c. Dodi karo Allan budhal tuku sarapan numpak mobil.
d. Allan ngetokake dhompet sing isine duit kandel.
e. Dodi takon marang Allan kepriye carane gawe Undang-Undang.

33. Ing ngisor iki kang kalebu teks anekdot, yaiku ...
a. Akehe cacahe pendhudhuk ndadekake sansaya akehe madeg pomahan,
pabrik, perkantoran, lan sapiturute.
b. Senajan pamarintah wis gawe UU kanggo nglindhungi kewan langka,
ananging tetep wae kewan spesies tartamtu saya punah. Apa maneh saiki
ana jaringan dol tinuku kewan langka antar negara.

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 64


c. Reuni lagi diadani ing sawijine sekolah. Hendra takon marang Rendi kancane
sebangku biyen, “Ren, awakmu saiki dadi pejabat, ya?” takone Hendra. “Kok
ngerti awakmu?” wangsulane Rendi. Hendra banjur kandha, “Ya ngertilah.
Hla, praupanmu kaya dhuwit”. Hendra lan Rendi langsung ngguyu bareng.
d. Macan iku kalebu kewan mamalia. Dhuwure bisa nganti udakara 1,5 meter,
dawane udakara 3,4 meter, lan bobote bisa nganti 300 kilogram.
e. Kabeh wis padha ngerti menawa pendhidhikan formal kuwi wigati. Ananging
pengalaman uga nggawa pangaribawa tumrap kesuksesan saliyane
pendhidhikan formal.

34. Kanggo rembugan karo wong sing luwih dhuwur pangkate, nanging wis raket
nggunakake basa ...
a. ngoko lugu
b. krama lugu
c. krama alus
d. ngoko alus
e. krama inggil

35. Bu Linda : Yen gawe brownis iku bahane apa wae?


Bu Ana : Panjenengan apa arep ..... brownis, ta, Bu?
Bu Linda : Iya, Bu.
Tembung sing bener kanggo njangkepi pitakone Bu Ana saengga dadi basa
ngoko alus, yaiku ...
a. Ngasta
b. Gawe
c. Gawa
d. Mundhut
e. Mbeta

36. Kanggo rembugan ing antarane sapadha-padha ananging kanthi rasa ngajeni
nggunakake basa ...
a. Ngoko alus
b. Ngoko lugu
c. Krama alus
d. Krama lugu
e. Krama

37. Kalungguhane pengarang ing sajroning crita diarani ...


a. Pamawas
b. Latar
c. Tema
d. Tokoh
e. Alur

38. Gagasan utawa pesen kang pengin disampekake dening pengarang ing
sajroning cerkak diarani ...
a. Alur
b. Tema

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 65


c. Amanat
d. Tokoh
e. Pamawas

39. Panjenengan sesuk apa sida tindak menyang Jakarta?


Ukara ing ndhuwur nggunakake basa ...
a. Krama lugu
b. Krama alus
c. Krama inggil
d. Ngoko kedhaton
e. Ngoko alus

40. Ukara-ukara ngisor iki kang bener pangetrapane unggah-ungguh basane, yaiku
...
a. Bapak senengane ningali Ludruk
b. Kakung karemanipun mirsani Ringgit Purwa
c. Ibu senengane nonton Srimulat
d. Pak Dhe karemanipun ningali Kethoprak
e. Bu Lik senenganipun mirsani Layar Tancep

41. Ing ngisor iki bab-bab kang kudu digatekake sadurunge maragaake sawijining
paraga ing drama, kajaba ...
a. Nggatekake blocking nalika ing panggung
b. Nggatekake busana
c. Nggatekake artikulasi
d. Nggatekake intonasi
e. Nggatekake swara/vocal

42. Samubarang iku mesthi mengku karep. Semono uga musyawarah kang mengku
sedya anggayuh ...
a. Pasarujukan
b. Padudon
c. Dredah
d. Beda panemu
e. Pasulayan

43. Tembung-tembung ing ngisor iki kang bener tata panulisane yaiku ...
a. Sikile kesandung watu
b. Omahe Santi cedhak dalan gede
c. Aja dhumeh pinter njur sakarepe
d. Nyebar godhong kara, sabar sawetara
e. Ora kena tumindak nista

44. Ing ngisor iki minangka patraping wong kang wasis micara, kajaba ...
a. Solah bawane nengsemake
b. Swarane gandhes luwes
c. Nglirwaake bakune rembag

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 66


d. Pangangen-angene nalar
e. Mumpuni bab kang karembag

45. Wedharing gagasan manungsa kang kepengin mangerteni/ngaweruhi babagan


apa-apa kang durung disumurupi sinebut ...
a. Ukara lamba
b. Ukara pakon
c. Ukara kandha
d. Ukara crita
e. Ukara pitakon

46. Kanggo mujudake katresnan marang pepujaning ati, sumpahe nganti disekseni
langit bumi. Ukara kasebut nggunakake gaya basa ...
a. Metafora
b. Personifikasi
c. Litotes
d. Hiperbola
e. Pleonasme

47. Ukara-ukara ing ngisor iki kang kadunungan tembung camboran, kajaba ...
a. Rawuh saking Surabaya eyang kakung ngasta randha royal
b. Naga sari pancen wuenak tenan.
c. Ibu nembe dhahar semar mendem wau sonten.
d. Dhasare maling mripate lirak-lirik jelalatan.
e. Adhik diparingi kuping gajah sing rasane gurih.

48. Wiwit cilik uripe wis lara ..... mula wis pancen samesthine yen saiki mung kari .....
wibawane. Ganepe ukara kasebut, yaiku ...
a. Lapa, mukti
b. Laranen, kepenak
c. Nemen, beja
d. Banget, mulya
e. Kelara, kecukupan

49. Basa krama inggile unyeng-unyeng yaiku ...


a. Pamidhangan
b. Kethekan
c. Jangga
d. Pangarasan
e. Panengeran

Gatekna tembang macapat kang ngemu cangkriman ing ngisor iki!

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 67


Bapak pocung, dudu omah dudu panggung
Bunder wangunira
Cagake amung sawiji
Kuwasane nulak udan nulak panas

50. Batangane cangkriman ing tembang kasebut, yaiku ...


a. Omah
b. Klenthing
c. Payung
d. Gajah
e. Jun

KAPUSTAKAN
Darusuprapta, lkk (pengarah). 2003. Pedoman Penulisan Aksara Jawa. Yogyakarta: Yayasan
Pustaka Nusatama.

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 68


Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. 1985. Ungkapan Tradisional Sebagai Sumber Informasi
Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta. Jakarta: Departemen Pendidikan dan
Kebudayaan

Hadiwidjana, R.D.S. 1967. Tata-Sastra. Jogja: UP. Indonesia.

Harymawan, R.M.A. 1986. Dramaturgi. Bandung: Rosda Karya.

Koentjaraningrat. 1994. Kebudayaan Jawa. Jakarta: Balai Pustaka.

Laginem, lkk.1996. Macapat Tradisional dalam Bahasa Jawa. Jakarta: Departemen Pendidikan dan
Kebudayaan.

Poedjasoedarmo, Soepomo. 1979. Tingkat Tutur Bahasa Jawa. Jakarta: Departemen Pendidikan dan
Kebudayaan.

Poerwadarminta, W.J.S. 1935. Baoesastra Djawa. Batavia: JB. Woelters.

Prabowo, Dhanu Priyo, lkk. 2010. Ensiklopedi Sastra Jawa. Yogyakarta: Balai Bahasa Provinsi
Daerah Istimewa Yogyakarta.

Rukmana, Hardiyanti. 1996. Butir-Butir Budaya Jawa. Jakarta: Purna Bhakti Pertiwi.

Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2007. Unggah-Ungguh Bahasa Jawa. Jakarta: Paramalingua.

Sukardi, Mp, lkk (penyunting). 2012. Puspa Rinonce. Yogyakarta: Balai Bahasa Provinsi Daerah
Istimewa Yogyakarta.

Sukarman (edhitor). 2015. Sastri Basa: Kanggo SMA/SMK/MA/MAK Kelas XII. Surabaya: Dinas
Pendidikan Provinsi Jawa Timur.

Sutikno.2005. Sinau Unggah-Ungguh Basa Jawa.Tanpa kutha: Kapeka Tunggal.

Yatmana, Rama Sudi. 2011. Sabdatama Pitutur Manekawarna. Sukoharjo: Cendrawasih.

Kalawarta & Majalah

Kalawarti Pendhidhikan Jemparing

Internet

http://MajalahPanjebarSemangat.com. (kaundhuh dina Rebo, 29 Desember 2016 jam 16.00 WIB).

PRIBADI BINUKA

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 69


B
ambang Santoko, lair ing Tulungagung, 1 Januari 1987. Sawise ngrampungake pasinaone ana
ing salah sawijining universitas negeri kang ana ing kutha Surabaya banjur nutugake anggone
ngudi kawruh ana ing salah sawijine universitas negeri kang ana ing kutha Surakarta lan lulus
taun 2014. Pakaryane saiki minangka GTT Basa Jawa ing SMAN 1 Karangrejå Tulungagung.
Saliyane iku, uga nate ndhapuk Dosen Luar Biasa ing jurusan Pendidikan Guru Sekolah Dasar Universitas
Muhammadiyah Malang taun 2014-2018. Ing babagan olah kasusastran asil cipta geguritane uga nate
kapacak ana ing Kalawarti Pendhidhikan Jemparing kanthi sesinglon ki demang sontoloyo sarta uga
ngregengake antologi bebarengan kalawan para panggurit mudha (milenial) saka tlatah Jawa Tengah,
Jawa Timur, lan D.I.Yogyakarta kanthi irah-irahan: Antologi Geguritan Truntum Gumelar (2019). Buku
kang wis kasil tinulis diwujudake e-book lan bisa kaundhuh ing antarane yaiku: 1. Bothekan: Antologi
Geguritan Jawa (2012); 2. Sastra Kawedhar: Sinau Kasusastran Jawa Gagrag Anyar (2012); 3. Modhul Ayo
Njawa: X, XI, lan XII (2014); 4. Cathetan Sawetara Prasasti ing Jawa Wetan (2013); lan 5. Tilik Sejarah ing
Jawa Wetan: Kraton Kadhiri-Singhasāri-Majapahit (2019).

Alamat : Jl. Kawi 09 Ds. Sidårejå Kec. Kauman Kab. Tulungagung (66261)

WA : 087 726 833 521

Email : b.santoko2@gmail.com

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 70


Mangga tansah
Memayu waspada & jagi
hayuning bawana lingkungan

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 71


Cathetan:

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 72


Cathetan:

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 73


RINGKESAN: MODHUL NGERTI BASA JAWA │ XII-a 74

Anda mungkin juga menyukai