Anda di halaman 1dari 67

RINGKESANE

SINAU BASA JAWA

Kangge:
SMA/SMK/MA
Kelas XI-B

- Bambang Santoko -

Sinengkalan:

Mangesthi Tunggal Luhuring Panembah

KACITHAK WINATES
KANGGE SMA NEGERI 1 KARANGREJO
TULUNGAGUNG

SINAU BASA JAWA |XI-B 1


SINAU BASA JAWA |XI-B 2
Ringkesane Sinau Basa Jawa XI-B
Kanggo SMA/SMK/MA Kelas XI Semester 2

Karakit dening:
Bambang Santoko

Kacithak Kapisan, 21 Januari 2019

wewenange panulis ingayoman dening angger-angger kalarang nikelake buku iki


tanpa idin tinulis dening pamedhar, kajaba sajroning pangutipan kanggo
panulisan artikel utawa karangan ilmiah.

SINAU BASA JAWA |XI-B 3


ATUR PANGIRING

Puji sokur alhamdulillah awit saking sih saha nugrahanipun Gusti Allah SWT
ingkang amberkahi tumrap pangrakitipun ringkesane “Sinau Basa Jawa: kangge
kelas XI-B” punika saged kasil karampungaken. Prelu kauningan bilih piwulangan
basa Jawi punika sampun dados mata pelajaran muatan lokal wajib wonten tataran
SD/MI/SDLB-SMP/MTs-SMA/SMK/MA/MAK wonten Jawa Timur ingkang kinayoman
dening Peraturan Gubernur Jawa Timur nomer 19 Tahun 2014. Ringkesan punika
karakit minangka bahan pasinaon kangge tataran SMA/SMK/MA ingkang ngantos
dumugi samenika taksih kirangipun buku-buku ingkang saged damel cepengan para
siswa ing tataran SMA/SMK/MA. Mugi-mugi ringkesan punika saged migunani
tumrap piwulangan basa Jawi. Ing wasana pangrakit nglenggana bilih ringkesan
punika taksih kathah cewetipun, amargi saking cupeting kawruh saha winatesipun
daya pangrakit, pramila pamrayogi saha panyaruwe tansah dipunantu-antu
minangka sumbangsih ingkang tanpa pepindhan.

nuwun

KALANGBRET, 31 DESEMBER 2018


22 JUMADILAWAL 1951 AJ

BAMBANG SANTOKO

SINAU BASA JAWA |XI-B 4


DHAPTAR ISI

Samak 1
Atur Pangiring 4
Dhaptar Isi 5
Sumebare KI-KD Kelas XI Semester Ganep 6
Ngrengrengan Piwulangan lan Pambiji 7
Wawasan Unggah-ungguh Basa Jawa 8
Wulangan 1 Sandiwara Jawa 12
Penilaian Harian 1 19
Wawasan Paramasastra Jawa 25
Wulangan 2 Tembang Macapat 28
Penilaian Harian 2 37
Wulangan 3 Sengkalan 41
Gladhen Penilaian Akhir Tahun 52
Kapustakan 66
Pribadi Binuka 67

SINAU BASA JAWA |XI-B 5


SUMEBARE KOMPETENSI INTI & KOMPETENSI DASAR
KELAS XI SEMESTER GANEP

KOMPETENSI INTI KOMPETENSI DASAR


K1 Menghayati dan mengamalkan ajaran 1.1 Mensyukuri anugerah Tuhan akan
agama yang dianutnya. keberadaan bahasa daerah dan
menggunakan sesuai isi dalam konteks
kebhinekaan.
1.2 Mensyukuri anugerah Tuhan akan
keberadaan bahasa daerah dan
menggunakan sesuai isi dalam konteks
kebhinekaan.
1.3 Mensyukuri anugerah Tuhan akan
keberadaan bahasa daerah dan
menggunakan sesuai isi dalam konteks
kebhinekaan.

K2 Menghayati dan mengamalkan perilaku 2.1 Menunjukkan perilaku tanggung jawab,


jujur, disiplin, tanggungjawab, peduli peduli, dan proaktif dalam menggunakan
(gotong royong, kerjasama, toleran, bahasa daerah untuk memahami dan
damai), santun, responsive dan pro-aktif menyampaikan permasalahan.
dan menunjukkan sikap sebagai bagian 2.2 Menunjukkan perilaku jujur, peduli,
dari solusi atas berbagai permasalahan santun, dan tanggung jawab dalam
dalam berinteraksi secara efektif dengan penggunaan bahasa daerah untuk
lingkungan sosial dan alam serta dalam menyampaikan penjelasan.
menempatkan diri sebagai cerminan 2.3 Menunjukkan perilaku jujur, peduli,
bangsa dalam pergaulan dunia. santun, dan tanggung jawab dalam
penggunaan bahasa daerah untuk
menyampaikan penjelasan.

K3 Memahami,menerapkan, 3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan


menganalisispengetahuan faktual, menganalisis teks drama, prosa atau puisi
konseptual, prosedural berdasarkan rasa sesuai kaidah.
ingin tahu tentang ilmu pengetahuan, 3.2 Mengidentifikasi, memahami,
teknologi, seni, budaya, dan humaniora menganalisis nilai-nilai moral yang
dengan wawasan kemanusiaan, terkandung dalam tembang macapat.
kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban 3.3 Mengidentifikasi, memahami, dan
terkait penyebab fenomena dan kejadian, menganalisis teks aksara Jawa/carakan
serta menerapkan pengetahuan prosedural Madhurâ sesuai kaidah.
pada bidang kajian yang spesifik sesuai
dengan bakat dan minatnya untuk
memecahkan masalah.
K4 Mengolah, menalar, dan menyaji dalam 4.1 Menginterpretasi, menanggapi dan
ranah konkrit dan ranah abstrak terkait memperagakan teks drama, puisi, dan
dengan pengembangan dari yang prosa sesuai isi dengan bahasa yang
dipelajarinya di sekolah secara mandiri, komunikatif.
dan mampu menggunakan metoda sesuai 4.2 Menginterpretasi nilai-nilai moral yang
isi keilmuan. terkandung dalam tembang macapat..
4.3 Membaca cepat teks wacana sastra atau
nonsastra beraksara Jawa/carakan
Madhurâ.

SINAU BASA JAWA |XI-B 6


NGRENGRENGAN PIWULANGAN

Pepanggihan Materi Pokok


Kaping....
I wawasan unggah-ungguh basa Jawa
II Sandiwara Jawa
III Sandiwara Jawa
IV Sandiwara Jawa
V Sandiwara Jawa
VI Penilaian Harian 1
VII Tembang Macapat
VIII Tembang Macapat
IX Tembang Macapat
X Tembang Macapat
XI Tembang Macapat
XII Penilaian Harian 2
XIII Sengkalan
XIV Sengkalan
XV Sengkalan
XVI Sengkalan
XVII Sengkalan
XVIII Penilaian Akhir Tahun

NGRENGRENGAN PAMBIJI
Aspek Kognitif Psikomotor
praktik

produk
proyek
tugas

PAS
PH

Materi Pokok

Sandiwara Jawa
Tembang Macapat
Sengkalan

SINAU BASA JAWA |XI-B 7


WAWASAN
UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA

A. Istilah Unggah-ungguh & Undha-Usuk sarta Panentune


Unggah-ungguh iku sejatine tata aturan panganggone basa Jawa miturut tata
krama. Dene sing diarani undha-usuk (tingkat tutur) iku minangka tata cara
(sistem) basa kang nuduhake tataran/tingkatan kang asipat resmi (formalitas)
lan kanggo ngajeni (menghargai) wong sing dirasakake dening O1 (penutur)
marang wong liya, yaiku O2 (mitra tutur) utawa O3 (wong sing dicritakake)
(Poedjosoedarmo, 1979: 16).Sing nemtokake anane tingkat tutur:
1. Tingkat formalitas hubungan ing antarane O1 lan O2:
a. tingkat keakraban hubungan kalawan O2.
b. tingkat keangkeran (hubungan kulawarga) O2 lan O3.
c. umur O2
2. Status Sosial:
a. kebangsawanan
b. pangkat
c. ekonomi
d. pendhidhikan

B. Ragam Unggah-ungguhing Basa Jawa


Miturut Sasangka (2007: 103-120) cak-cakane basa Jawa bisa kaperang dadi
loro, yaiku:
1. Basa Ngoko
Basa ngoko yaiku bahasane wong kang ora pati ngurmati kang diajak
guneman
Basa ngoko ana rong werna:
1.1 Ngoko lugu
Wujude tembung ngoko lan netral, ora ana tembung kang krama inggil
tumrap wong kang diajak guneman. Yen ana, mung tumrap marang
wong sing digunem.
Kanggone: omongane bocah karo bocah sing kulina (akrab), omongane
wong tuwa karo wong enom, yen lagi ngunandika.
Tuladha:
(1) Aku sesuk dolan menyang jurang senggani
(2) Wingi bengi adhik nonton kembang api menyang Gor Lembupeteng
1.2 Ngoko alus
Basa ngoko kang alus utawa luwih diajeni. Wujude yaiku ora mung
tembung ngoko lan netral bae, nanging uga ana tembunge krama inggil,
krama andhap, lan uga krama. Mung bae ana tembung krama inggil
tumrap wong kang di jak guneman.
Kanggone: ibu marang bapak, adhi marang kangmase utawa mbakyune,
bisa uga kangmas utawa mbakyu marang adhi kang diajeni merga
pangkate luwih dhuwur, anak marang wong tuwa, guru padha guru kang
wis akrab/kulina.

SINAU BASA JAWA |XI-B 8


Tuladha:
(1) Pak dhe Siman mengko arep tindak karo sapa?
(2) Iku ibumu lagi maos koran ning kamar.

2. Basa Krama
Basa krama ana rong werna:
2.1 Basa krama lugu
Wujude tembung krama, madya, netral, lan/utawa ngoko sarta uga bisa
ditambahi tembung krama inggil utawa krama andhap.
Panganggone tumrap bocah karo bocah sing durung kulina, wong tuwa
marang wong enom, nanging ngajeni sawetara tumrap wong kapindho
diganti peprenahan, kabeh dikramakake. Mung panambang -e utawa -
ake tetep ngoko.
Tuladha:
(1) Sing dipilih mas Yudha niku jurusan teknik sipil utawi ekonomi pak?.
(2) Mas Firman pun boten nakal malih sakniki.

2.2 Basa krama alus


Krama inggil iku kang ngajeni banget. Wujude inti yaiku tembung krama,
nanging uga bisa ditambah tembung krama inggil lan krama andhap.
Kaceke panambang -mu owah dadi panjenengan utawa panjenengan
dalem. Tembung aku diowahi dadi abdi dalem, dalem, kawula, kula lan
sapanunggalane. Gunane: kanggo guneman marang wong sing kudu
dikurmati/diajeni, guneman bocah enom marang wong tuwa, wong enom
marang wong enom sing diajeni, sapadhane wong tuwa kang padha
ngajeni, pawongan kang padha-padha ngajeni.
Tuladha:
(1) Aksara Jawi punika menawi kapangku dados pejah.
(2) Para miyarsa, wonten ing giyaran punika kula badhe ngaturaken
rembag bab kasusastran Jawi.

C. Leksikon & Konstruksi


Unggah-ungguh basa bisa gampang disinaoni kanthi mbedakake dhapukane
leksikon lan konstruksi sajroning unggah-ungguh basa Jawa. Intine sing prelu
disumurupi, yaiku tataran leksikon lan tataran konstruksi sing kekarone iku
mau kudu bisa dibedakake ing antarane siji lan sijine.

a. Tataran Leksikon/kata/kosakata/tembung Basa Jawa:


 ngoko
 madya
 krama
 krama andhap
 krama inggil
 netral

b. Konstruksi/Basa Jawa:
 ngoko:
 ngoko lugu
 ngoko alus

SINAU BASA JAWA |XI-B 9


 krama:
 krama lugu
 krama alus

Undha-usuk Basa Jawa

NGOKO KRAMA

ngoko lugu ngoko alus krama lugu krama alus

Ngoko Ngoko krama krama


netral netral netral netral
krama madya krama inggil
krama inggil ngoko krama andhap
krama andhap krama inggil
krama andhap

(Sasangka, 2007: 103-120)

Katrangan:
1. tulisan kacithak kandel kanggo nuduhake tataran konstruksi/basa Jawa.
2. tulisan kacithak tipis kanggo nuduhake tataran leksikon/tembung basa
Jawa.

Wigati:
(*) Tembung/kosa kata/kata/leksikon minangka panentu undha-usuk basa.
(**) Kunci utama kanggo bisa ngecakake unggah-ungguh basa kanthi bener,
yaiku: a). kudu ngapalake leksikon (vocab)/tembung basa Jawa sakakeh-
akehe, b). kudu weruh sapa sing ngajak guneman lan sing digunem.
(***) Pangertene ngoko lan krama kudu ditapsirake rong pangerten, yaiku
ngoko minangka leksikon/tembung lan ngoko minangka konstruksi/basa.
Semono uga pangertene krama uga ana loro, yaiku krama minangka
leksikon/tembung lan krama minangka konstruksi/basa.

D. Peranganing Badan
a. Peranganing Badan Sakojur
 Sirah (kepala)
 Gembung (badan)
 Tangan (tangan)
 Sikil (kaki)
b. Peranganing Driji (Bagian Jari-jari tangan)
 Jenthik (jari kelingking/ jari renik)
 Jenthik Manis (jari manis)
 Panunggul (jari tengah/ jari malang/ jari hantu/ jari mati/ jari
panjang)
 Panuduh (jari telunjuk/ jari syahadat)
 Jempol (jempol)

SINAU BASA JAWA |XI-B 10


c. Leksikon Peranganing Badan (Bagian-bagian anggota badan)
Ngoko Krama/ krama inggil Arti
sirah mustaka/ murda kepala
rambut rikma/ rema rambut
embun-embunan pasundhulan ubun-ubun
unyeng-unyeng panengeran pusaran rambut di kepala
bathuk palarapan dahi
kuping talingan telinga
pipi pangarasan pipi
irung grana hidung
brengos rawis kumis
mata netra/ soca mata
alis imba alis
idep ibing bulu mata
rai pasuryan wajah
lambe lathi bibir
cangkem lesan/ tutuk mulut
ilat lidhah lidah
untu waja gigi
gusi wingkisan gusi
janggut kethekan dagu
jenggot gumbala jenggot
gulu jangga leher
githok/cengel griwa/julukan tengkuk
pundhak pamidhangan bahu
tangan asta tangan
lengen pamenthangan lengan
ugel-ugel pagelangan pergelangan tangan
sikut siku siku pada tangan
driji racikan jari
kuku kanaka kuku
awak badan/ salira badan
dhadha jaja dada
iga unusan iga
geger/gigir pengkeran punggung
weteng padharan perut
wudel nabi/ puser pusar
bokong pocong/bocong pantat
sikil suku/ sampeyan kaki
pupu wentis paha
kempol/kentol wengkelan betis
dhengkul jengku lutut
dlamakan pada telapak kaki
usus jaringan usus
getih rah/ ludira darah
ati manah hati

SINAU BASA JAWA |XI-B 11


WULANGAN 1
SANDIWARA JAWA
Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi
3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan 3.1.1 Mengidentifikasi struktur teks
menganalisis teks drama, prosa atau drama.
puisi sesuai kaidah. 3.1.2 Menganalisis struktur teks drama.
3.1.3 Menganalisis unsur kebahasaan teks
drama.
3.1.4 Menganalisis pesan moral teks
drama.
3.1.5 Menganalisis relevansi isi teks drama
dengan kehidupan.
3.1.6 Menjelaskan teknik penulisan teks
drama.

4.1 Menginterpretasi, menanggapi dan 4.1.1 Mengalihwacana-kan (mengubah)


memperagakan teks drama, puisi, dan teks prosa menjadi teks drama sesuai
prosa sesuai isi dengan bahasa yang kaidah.
komunikatif.
4.1.2 Mendeskripsikan struktur teks drama
dalam rencana pementasan.
4.1.3 Mementaskan teks drama secara
berkelompok.
4.1.4 Memberikan komentar penampilan
teman dalam bermain drama.

SANDIWARA/DRAMA/TONIL

A. Pangertene Sandiwara
Sandiwara ing kene bisa diarani drama/tonil, lumrahe ing basa modheren
saiki ana uga sing ngarani drama naskah utawa sinebut uga sastra lakon.
Tembung sandiwara ing basa Jawa kawitan ditepungake dening P.K.G.
Mangkunegara VII. Tembung sandiwara dumadi saka tembung “sandi” kang
tegese rahasia, lan tembung (we)wara(h) utawa “wara” kang ateges warah
utawa pasinaon.

B. Formula Sandiwara 4 M, yaiku: M1


M 1 : Mengkhayal
M 2 : Menuliskan M4 M2
M 3 : Memainkan
M 4 : Menyaksikan
M3

SINAU BASA JAWA |XI-B 12


C. Hukum Komposisi Sandiwara
Sumber panulisan sandiwara → tabiat manungsa
Warangka sandiwara → action
Dasar action → motif
Hakekat sandiwara → dredah (konflik)

D. Jinis-jinise Drama
a. Tragedi (duka cerita)
b. Komedi (drama ria)
c. Melodrama
d. Dhagelan

E. Jinis-jinise Sandiwara Jawa Tradhisional:


a. Kethoprak (ing laladan Mataraman & Surakarta)
b. Lodrug (ing laladan Surabaya & Madura)
c. Janger (ing laladan Banyuwangi)
d. Srandhul (ing Jawa Tengah)

F. Pigunane Sandiwara
a. Minangka piranti pendhidhikan
b. Minangka piranti pengajaran
(*) Sajroning sandiwara ngandhut: gerak-laku-wirama-apalan (gerak-etis-
religius).
Metodhe Sari-swara (basa-crita-lagu).

G. Cengkorongan (struktur) drama, ing antarane yaiku:


a. Plot (kerangka cerita)
Miturut Gustaf Freytag plot kasusun saka:
 Exposition (pelukisan awal cerita)
 Komplikasi (pertikaian awal)
 Klimaks (titik puncak cerita)
 Resolusi (penyelesaian)
 Catastrophe/ Denoument (keputusan)

TETANDHINGAN STRUKTUR DRAMATIK (DRAMATIC PLOT)


ARISTOTELES GUSTAV FREYTAG
(klasik) (modheren)
I. Protasis (permulaan) ............... Exposition (jejer/pambuka) 1
II. Epitasio (jalinan kejadian) ...... Complication (dredah) 2
III. Catastasis (puncak laku) ......... Climax 3 (pasulayan)
.................................. Resolusi 3A (pangudhare prakara)
IV. Catastrophe (penutupan) ....... Conclusion 4 (dudutan/simpulan)
.............................. Catastrophe 4A (bencana)
.............................. Denoument 4B (rampunge prakara)

SINAU BASA JAWA |XI-B 13


WANGUNANE STRUKTUR DRAMATIK

3 [III]

2 3A
[II]

1
[I] [IV] 4
4A
4B
 suspense : ketegangan/kegawatan
 surprise : kejutan/dadakan

=== inti: dredah (konflik) → krisis → klimaks → penyelesaian ===

b. Paraga (tokoh)
 Jinise paraga adhedhasar peran:
- Paraga antagonis
- Paraga protagonis
- Paraga tritagonis
 Jinise paraga adhedhasar fungsi:
- Paraga sentral
- Paraga utama
- Paraga pembantu

c. Watak (Penokohan)
 Kaanan (keadaan) fisik
 Kaanan (keadaan) psikis
 Kaanan (keadaan) sosiologis

d. Latar/Setting/Landasan:
 Wektu kadadean
 Papan panggonane kadadean
 Warna lokal
e. Dialog (percakapan)
f. Tema → punjering crita (ide pokok cerita)
g. Piweling/Pesen (amanat) pengarang
h. Petunjuk Teknis

SINAU BASA JAWA |XI-B 14


H. Istilah-istilah sajroning Sandiwara:
* protagonis * manager * prolog * adegan * lakon (play)
* antagonis * stage manager * epilog * gestur * naskah (script)
* tritagonis * konflik * improvisasi * mimik
* peran pembantu * plot * solilokui * karakter
* sutradara * dialog * setting * aktor
* produser * monolog * babak * aktris

Alih Wahana (konversi) Teks Naratif  Teks Lakon (Sandiwara)


Alih wahana utawa konversi kang dikarepake ing kene, yaiku ngowahi wujud karangan saka
teks naratif dadi teks lakon (sandiwara). Luwih cethane, saka crita teks naratif wujud
paragraf-paragraf tanpa ana tandha pacelathon diowahi menyang teks lakon kang prasaja
kanthi wujud ukara pacelathon (lumrahe teks lakon).
Tuladha:

Teks Naratif Teks Lakon


Arum iku bocah wadon kang nurut Ing sawijine dina ibu lagi nggoleki
marang dhawuhe wong tuwa, lagak anake wadon, yaiku Arum.
lageyane lan tuture sarwa kalem lan Ibu: Rum....Arum....ndhuk, sampean
sareh, kebak subasita. Saliyane iku nang ndi?
dheweke uga disenengi kanca-kancane Arum: kula buk...., wonten menapa?
amarga tansah ngetrapake kanthi trep Ibu: kae lho ndhuk sampean digoleki
unggah-ungguh basa marang sapa bae. kancamu.
Arum:o....nggih buk, kula supe
kalawingi sampun semadosan badhe
rujakan kaliyan kanca-kanca setunggal
kelas.
Ibu:o...ya wis kana, ndang disiyapne
pisan ubarampene sing arep digawa.
Arum: nggih buk.
Kancane Arum: ayo Rum ndang
budhal bareng-bareng.
Arum: ayo cah....
Kancane Arum: nuwun sewu buk, kula
badhe medal kaliyan Arum rumiyin,
mangga.
Ibu:oya....padha sing ngati-ati ya.

SINAU BASA JAWA |XI-B 15


TUGAS!
Kanthi cara kelompokan udakara 5-6 siswa, owahana crita kewan kang awujud teks naratif
ing ngisor iki dadi teks lakon kanthi becik !

Teks Naratif 1

Pada suatu hari seorang patih di suatu kerajaan menikahkan anaknya seorang wanita cantik
nan cerdas bernama Tantri dengan seorang raja. Pada suatu malam ia berkata kepada sang raja untuk
menghilangkan rasa kantuk dan lelahnya. Lalu ia akan menceritakan suatu cerita. Cerita ini
mengisahkan seorang brahmana bernama Dharmaswami yang bertapa untuk mendapatkan anugerah
Dewata.
Maka sang brahmana Dharmaswami mendapatkan anugerah seekor sapi jantan, bernama
Nandaka. Kemudian sapi itu dimanfaatkannya untuk berdagang kayu-kayu hutan yang dijualnya ke
kota. Selang beberapa lama, kemudian kekayaan sang brahmana Dharmaswami bertambah banyak.
Pada suatu hari, Nandaka kelelahan dan tidak bisa melanjutkan perjalanan panjangnya.
Dharmaswami menjadi sangat khawatir, lalu disuruhnya dua hambanya, ki Sinet dan si Teka
menunggui Nandaka. Sementara itu bagawan Dharmaswami meneruskan perjalanannya. Mereka
diberi pula pesan, apabila Nandaka mati, disuruhnya dibakar mayatnya dan diberikan kepada siapa
pun yang lewat, barang dagangan yang diangkat oleh Nandaka. Syukurlah bila yang lewat adalah
seorang pandita. Tetapi apabila hidup disuruh mengangkat barang dagangan sebisanya saja.
Maka kedua hambanya ketakutan berada di hutan lalu mereka melepas Nandaka dan
membuat api unggun. Asap api unggun ini membubul tinggi dan terlihat sampai jauh supaya dikira
mereka membakar bangkai Nandaka. Lalu ki Sinet dan si Teka bergabung dengan Dharmaswami lagi.
Lalu setelah Nandaka dilepas, ia masuk ke hutan dan merasa berbahagia, ia bisa makan, minum, dan
bercengkrama.

Teks Naratif 2

Tantri kemudian memberi sebuah ringkasan cerita. Di hutan ini, Nandaka akhirnya akan
bertemu dengan bala tentara serigala, bawahan sang raja singa Candapinggala. Candapinggala
akhirnya nanti akan menjadi teman Nandaka. Tetapi mereka berdua akan diadu domba oleh Sambada,
patih sang Candapinggala. Kemudian sang raja memberi pelajaran kepada Tantri yang dilanjutkan
dengan permainan cinta. Keesokan harinya, sang raja memberikan maklumat bahwa beliau tidak ingin
menikah lagi. Hampir setiap malam sang raja meminta kepada Tantri untuk melanjutkan ceritanya.
Maka setelah si sapi Nandaka merasa hidup kembali, ia mengembara di tengah hutan
Malawa. Lalu bala tentara serigala menyerangnya. Tetapi Nandaka bisa membela diri sehingga banyak
yang mati, yang masih hidup lari terbirit-birit melapor kepada sang raja singa Candapinggala bahwa
tujuan mereka mencari mangsa tidak dapat. Sambada patih sang Candapinggala jengkel mendengar
mereka, akhirnya ia tertawa mencibir dan berkata bahwa para tentara serigala Kemudian ia
menceritakan para serigala yang takut akan suara keras.
Suatu ketika Sambada pernah pergi ke medan peperangan di negeri Kusambi setelah habis
perang. Ia sungguh senang berpesta makan mayat-mayat prajurit. Tetapi ada keinginan satu, yaitu
makan suatu hewan yang mengeluarkan suatu suara yang bunyinya keras sekali. Ia menarik
kesimpulan bahwa hewan ini pasti dagingnya banyak sekali. Setelah ditemukan ternyata hewan ini
hanya benda saja yang terbuat dari kayu dan kulit, isinya kosong. Benda ini adalah sebuah genderang.
Jadi seseorang sebaiknya jangan takut kepada sesuatu yang hanya bersuara keras saja.

SINAU BASA JAWA |XI-B 16


Teks Naratif 3

Syahdan di negeri Kusambi ada seorang raja yang bijaksana, maharaja Padipa yang memiliki
empat tanda mantri yang kuat mampu menjaga perbatasan negeri di empat penjuru angin. Maka beliau
meninggal dunia dan digantikan oleh putranya maharaja Druma. Temanteman beliau ingin
menggantikan para empat tanda mantri (sejenis pangkat militer). Akhirnya para tanda mantri yang lama
digantikan oleh teman-teman maharaja Druma. Sementara itu para tanda mantri yang lama
memenggal kepala masing-masing dan menyerahkan segala harta benda milik mereka beserta hamba-
hamba mereka kepada maharaja Druma. Hal ini terdengar oleh musuh mereka dan para musuh
menyerang negeri Kusambi sampai Raja Druma harus melarikan diri ke hutan.
Di hutan beliau menjumpai sebuah rumah pemburu akan tetapi si pemburu tidak ada di rumah,
yang ada hanyalah seekor burung betet. Sewaktu burung betet ini melihat Raja Druma, beliau dimaki-
maki. Akhirnya beliau pergi dan menjumpai sebuah pertapaan yang kosong, di sana beliau ingin
beristirahat tetapi melihat ada burung betet lagi. Karena teringat burung betet sebelumnya beliau ingin
pergi, tetapi ternyata yang ini sangat halus, ia memanggil para tapa untuk menyambut sang Raja.
Akhirnya sang Raja bercakap-cakap dengan para tapa dan diberi penjelasan oleh burung betet akan
perbuatannya yang buruk dan perbedaan antara burung betet yang ini dan yang dulu. Walau masih
saudara kandung tetapi berbeda karena yang dulu senantiasa bersamasama dengan pemburu
sedangkan yang ini senantiasa bersama-sama dengan para tapa.

Teks Naratif 4

Diceritakan ada sebuah danau yang indah bernama Manasasara, tinggal sepasang burung
angsa bernama Cakrangga dan Cakranggi. mereka berteman dengan seekor kura-kura, Durbudi. Maka
suatu saat di musim kemarau, air di danau semakin menyusut dan sepasang burung baka ingin pergi
ke danau lain meninggalkan Durbudi. Akan tetapi Durbudi ingin ikut, akhirnya ia diperbolehkan ikut
burung baka dengan sarana sepotong kayu. Sepasang baka ini akan menggigit ujungnya sedangkan
Durbudi harus menggigit tengahnya dengan diberi peringatan jangan mengucapkan apa-apa.
Maka terbanglah mereka. Suatu saat di atas ladang Wilajanggala, mereka dilihat oleh
sepasang serigala yang mengejek Durbudi. Lalu ia menjadi marah ingin menjawab dan jatuh, dimakan
sepasang serigala ini.

Teks Naratif 5

Alkisah di tempat tidur seorang raja tinggallah seekor kutu bernama Asada. Ia kemudian disapa oleh
seekor kepinding bernama Candila yang tinggal di dinding. Ia amat heran mengapa si Asada terlihat
gemuk dan sehat padahal Candila sangat kurus karena jarang makan. Kemudian si Asada
menceritakan bahwa ia selalu mencari kesempatan yang baik untuk makan, makanya ia gemuk. Ia
bersedia berteman dengan Candila asal Candila juga memperhatikan kesempatan yang baik. Candila
setuju dan mengatakan bahwa ia sifatnya sama juga dengan si Asada, tidak seperti cerita si burung
baka yang loba dan akhirnya mati oleh seekor kepiting (5). Lalu Candila menceritakan cerita ini.

Teks Naratif 6

Di sebuah danau yang indah, alkisah adalah seekor burung baka yang ingin menyiasati ikan-
ikan, ingin makan ikan sedanau. Lalu ia berpura-pura menjadi seorang suci yang tabiatnya sudah
berubah tidak ingin membunuh ikan lagi. Lalu ia menjadi teman ikan-ikan setelaga dan dipercayai oleh
mereka. Setelah sekian lama, ia menangisi semua ikan-ikan di danau itu karena mendengar kabar
bahwa para nelayan akan datang dalam waktu dekat untuk menangkap mereka semua.

SINAU BASA JAWA |XI-B 17


Ikan-ikan menjadi sedih semua lalu bertanya kepada burung baka apakah ia tidak bisa
menolong mereka. Ia setuju menerbangkan mereka, mengungsikan mereka ke danau yang lain. Maka
ini dilaksanakannya sampai habislah ikan setelaga, tinggal seekor kepiting dan tiga ekor ikan. Si
kepiting minta diungsikan pula bersama tiga ekor ikan ini. Si burung baka pertama menolak karena
takut terhadap si kepiting, tapi kemudian bersedia lalu mereka dibawa pergi. Si kepiting memeluk leher
si burung baka dan merasa curiga mengapa ia sekarang gemuk, lalu di atas sebuah batu datar di
gunung ia melihat tulang-tulang ikan bertumpuk-tumpuk berserakan. Ia kemudian marah dan menyupit
leher si burung baka yang langsung mati.

Medhar Kawruh

INGGIH-INJIH

Tembung inggih iku asale saka tembung Kawi utawa tembung


Jawa Kuna inggi kang tegese „ya‟ utawa „iya‟. Tembung Jawa Kuna
inggi (tanpa pungkasan h (/h/) ) kang banjur dadi inggih (mawa
pungkasan h (/h/)) ing basa Jawa saiki mangkono kuwi ora jeneng
aeng jalaran ana tunggale, kayata, gaja dadi gajah „gajah‟, dasi dadi
dasih „batur wadon‟, lan wari dadi warih „banyu‟.
Tembung inggih ing basa Jawa saiki kalebu ewoning tembung
krama, yaiku kanggo ngramakake tembung iya (ngoko). Ing basa
padinan tembung iki asring dicekak dadi nggih, malah ing papan
tartamtu, upamane, ing wilayah Yogyakarta, tembung inggih sok
diucapake injih /injIh/ utawa asring dicekak dadi njih /njIh/ dening
masarakat kono. Tembung inggih kang diucapake dadi injih iku bener
apa luput? Pitakon iki bisa diwangsuli kanthi katrangan mangkene.
Basa Jawa iku darbeke masarakat Jawa.Mesthi wae kang
nemtokake bener lupute utawa mekar tumangkare basa Jawa iya
masarakat Jawa. Sanajan ing sajrone basa iku ana anasir ning
masarakat wis gelem nganggo lan nganggep bener. Pangucape
tembung inggih dadi injih /injIh/iku mung winates ing masarakat
tartamtu lan durung kaprah tumrap sadhengah warganing masarakat
Jawa (masarakat Jawa iku ora mung winates kang dumunung ing
Yogyakarta, nanging uga nyakup warganing masarakat Jawa kang
dumunung ing Jawa Tengah, Jawa Wetan, lan papan liyane). Kanthi
mangkono, pakecapan inggih /inggih/ dadi injih /injIh/ iku kalebu
ewoning pakecapan enggon-enggonan. Mulane, pakecapan mangkono
iku becike ora dianggo ing basa resmi, kayata, sesorah, giyaran radhio,
lan sapiturute.

(Kapethik lan karingkes saka: Puspa Rinonce, 2012: 85-87)

SINAU BASA JAWA |XI-B 18


PENILAIAN HARIAN
1
A. Pilihen Salah Siji Wangsulan kang Paling Bener!

1. Struktur dramatik sajroning naskah lakon, yaiku ....


A. eksposisi, komplikasi, klimaks, resolusi, lan catastrophe
B. eksposisi, klimaks, resolusi, denoumen, lan komplikasi
C. eksposisi, klimaks, komplikasi, catastrophe, lan resolusi
D. komplikasi, klimaks, resolusi, catastrophe, lan eksposisi
E. komplikasi, klimaks, denoumen, eksposisi, lan resolusi

2. Perangan wiwitane crita kanggo nepungake paraga/tokoh, swasana, lan bibit kawit tumuju
crita sabanjure, ing struktur naskah lakon, diarani ....
A. eksposisi/orientasi D. resolusi
B. komplikasi/konflik E. catastrophe
C. klimaks

3. Dumadine dredah (perkara) kang kudu diadhepi dening para paraga (tokoh), ing struktur
naskah lakon, diarani ....
A. eksposisi/orientasi D. resolusi
B. komplikasi/konflik E. catastrophe
C. klimaks

4. Pungkasan rampunge pasulayan/dredah ing antarane para paraga (tokoh), ing struktur
naskah lakon, diarani ....
A. eksposisi/orientasi D. resolusi
B. komplikasi/konflik E. catastrophe
C. klimaks

5. Antagonis, protagonis, lan tritagonis iku perangane ....


A. alur D. watak (penokohan)
B. paraga (tokoh) E. irah-irahan
C. latar/setting

6. Pokok pikiran utawa dhasar sawijining crita uga diarani ....


A. paraga D. alur
B. sudut pandang E. tema
C. setting

7. Sentral, utama, lan pembantu iku perangane ....


A. latar/setting D. watak (penokohan)
B. irah-irahan E. paraga (tokoh)
C. alur
8. ?[bochgunD|lHmLyuziful\, yen katulis mawa aksara Latin, yaiku ....
A. bocah gundhul playune ngidul D. bocah gundhul mlayu ngidul
B. bocah gundhul mlayu mangidul E. bocah gundul playune mangidul
C. bocah gundul mlayune ngidul

9. Ukara iki bener manut panulise, yaiku ....


A. ?Xg[nlemhlr=bzet\, D. ?reg[nXmhlr=bzet\,
B. ?xg[nXmhlr=bzet\, E. ?xg[nXmhlr=vzet\,
C. ?reg[nlemhlr=bzet\,

10. Rengginang rasane legi. Ukara kasebut yen ditulis mawa aksara Jawa, yaiku ....
A. ? x=gin=rs[nXgi. D. ? r_gin=rs[nXgi.
B. ? x=gin=rs[nlegi. E. ? r_gin=rs[nlegi.

SINAU BASA JAWA |XI-B 19


C. ? x=gin=rs[fXgi.
Wacanen Crita ing ngisor iki kanthi setiti !

JODHO AJA DIBURU

(Sri Setya Rahayu)

EMBUH saka ngendi tekane pikiran mangkono kuwi. Nalika sepisanan dikandhakake Jufri,
aku alok ngeget. ‟‟Edan pa!‟‟ Dheweke ngguyu nggleges-nggleges karo nata rambute sing
meh nutupi bathuk. Karo nutup gawane, majalah sing isih gres, dhewke clathu:
‟‟Tenan, Min, karo siji iki aku kok rada percaya, simpati malahan. Dakpikir-pikir cocok karo
awakmu, cocok karo idealmu.‟‟
‟‟Apane wae?‟‟ aku nyela.
‟‟Wah semuanya, pendidikan, hobby, tipe pilihan, kepercayaan, coba delengen dhewe ta….‟‟
Jufri nyedhak, mbukak majalah mau, dibeber ana pangkonku. Setengah mesem aku
nyawang rubrik iku ‟‟Konsultasi Jodoh.‟‟
‟‟Sing endi, Juf?‟‟ pitakonku karo mesem.
Tengen iku lho, nomer 057. Identitase hebat ta? Sing digoleki ya sederhana. Cocok karo
cita-citamu ta?‟‟
‟‟057? E.S,… iki? Sapa ya kira-kira jenenge? Edi Sarwono?‟‟
Aku ngguyu, Jufri ngguyu.
‟‟Ah kedhuwuren Juf, 175 cm kene mung 159 cm, kok.‟‟
‟‟Ora papa.‟‟
‟‟Ning,… ah …edan Juf. Wegah, ah!‟‟
‟‟He iki ora pikiran edan lho, Min. Pikiren, dia membutuhkan pertolongan, kita mengulurkan
tangan. Apa bedane karo penfriendnan ngana kae. Karo maneh, bola-bali Bapak ndangu
aku yen dolan mrana.
‟‟Mini punika kados pundi ta Nak? Bocah kok angel men kandhan-kandhanane. Karepku ki
dang takkon milih kancane salah siji ngono lho. Nanging kok…. Ngantos judheg kula.‟‟
‟‟Wangsulanmu piye?‟‟
‟‟Taksih dereng wonten ingkang cocog kok pak, ngono.‟‟
Aku mesem bae. Aku ora kaget karo pawarta ngono kuwi. Kersane Bapak-Ibu pancen apik,
lha ning piye yen ati iki durung sreg. Karo Jufri iki bae, kancaku paling raket, ora ana rasa
nyleneh ing dhadha. Uga mangkono perasaanku marang Zaenal, Eko lan Agus sing sajak
mambu ati. Persahabatan, titik. Mula yen wis kemrepyeg ana omahku, Bapak bisane mung
gedheg-gedheg. Ora ana maneh. Terkadang dipasangake karo Jufri, aku kepeksa ngempet
guyu. Sebab yen karo Jufri mesthi kumat ndablege. Acarane neka-neka. Kaya sing lagi wae
dikandhakake iki mau.
Ning dhasare aku seneng avontuur. Dina candhake rikala Jufri nodhong-nodhong nggawa
kertas komplit sak amplope lan prangkone karo ngguyu aku mapagake.
‟‟Iki jenenge mburu jodho, Juf.‟‟
‟‟To take and to give antara pria wanita, Min. Sing perlu tujuan kita baik. Aku ya wis duwe
pilihan kok, Min.‟‟
‟‟Kirim nyang konsultasi.‟‟
‟‟Ya, pokoke lembut, keibuan, suka home decoration…..‟‟ dheweke mengengeh, dakgapyuk
majalah.
‟‟Ambumu. Aku kokkon ngancani ya!‟‟
Karepku mung coba-coba. Surat sida dakgawe, cekak wae. Sida si jangkung ES 057.
Langsung daktitipake Jufri, enya kono. Senajan mangkono ya rada dakarep-arep sethithik.
Ning bareng sewulan ora ana kabare aku lali kabeh. Mung Jufri sok mbeda lan
ndakwangsuli ‟‟Edan.‟‟ Dikandhani jare dheweke wis entuk balenan saka pilihane. Aku mung
mesem.
‟‟Pe–ef Juf.‟‟
Terus dibacutake olehe ngethuprus.
‟‟Manise kaya kowe, Min. Ning rambute dawa, lan sajake ora criwis…..‟‟ dheweke ngguyu
SINAU BASA JAWA |XI-B 20
banjur, ‟‟Si 057 mau?‟‟
‟‟E S? Edi Sarwono?‟‟ Iseng!
‟‟Apa….. apa Ery Sugianto ya, Min,‟‟ dheweke nyawang aku.
‟‟Ery Sugianto? Ah, ana-ana wae , Juf, ning ora kok, ora iku. Lan endi buktine, meh telung
wulan lho, Juf.‟‟
‟‟Ha, rak ora sabar.‟‟
Jufri dakgablog. Ning atiku dadi dheg-dhegan krungu tembunge sing keri. Krungu jeneng
Ery Sugianto mau. Embuh atiku dadi ora karu-karuan. Ery, Ery Sugianto, ah muga-muga ora
dheweke.
Tenan sawijining esuk ana surat teka. Stempel pos-e Jakarta. Alamat pengirime : Jl.
Sumatra PT Biro ATA. Jenenge hebat, Edward Siregar. Kojur, batinku, ketemu wong
sabrang. Dakbukak surate, tik-tikane rapi. Aku nggremeng dhewekan
‟‟Kesed. Ning isine familier banget, kepenak diwaca.‟‟
‟‟Mini, trim‟s ya atas perkenalanmu. Daktrima kanthi gembira lan kebak kesyukuran. Mini, ya
ngene nasibe wong sing tansah kijenan, ngathungake tangan ajak memitran. Mini, awakmu
rak ya ora seneng main-main ta? Salam sayang kanggomu lan keluargamu. Balesanmu
daktunggu.‟‟
Surat dakwenehake Jufri, karepku njaluk pertimbangan. Jebul dheweke malah surak-surak
kesenengen.
‟‟Pe-ef, Min,… Pe–ef,…. Iku suatu pertanda baik.‟‟
Aku gedheg-gedheg weruh tingkahe, olehe sak enake kuwi. Banjur pakone:
‟‟Kene, ndang dibalesi. Dakposne pisan.‟‟
‟‟Wegah.‟‟
‟‟Hee…‟‟
‟‟Golek perkara wae.‟‟
‟‟Ah, kuwi pikiran gila.‟‟
‟‟Teneh….‟‟
‟‟Ora duwe prangko, piye?‟‟
‟‟Duwe wae. Ning ah, ewuh lho Juf, ngene iki.‟‟
‟‟Pokoke rak seneng ta?‟‟
Aku ora bisa mangsuli. Terus terang ana rasa seneng nampa balesane iku. Sidanbe aku
nulis maneh nyang Edward, lan durung ganep rong wulan, surat-surat saka Jakarta wis
numpuk lima ana mejaku.
Kabeh tik-tikan rapi lan isine nyenengake. Sing keri dhewe daktampa iki mau awan, ah,
panjenengan kepenmgin pirsa? Gawe goreh bae. Pitakone:
‟‟Mini, kapan kita macak jeneng Miniati lan Edward Siregar ana majalah kesayangan iki?
Kapan?‟‟
Aku lenger-lenger. Ora main-main. Ora sadhar tanganku ngranggeh pangilon, ngilo. O, kowe
Mini, bocah prasaja. Alismu asli, lathimu peni, rambutmu eman kokpotong cendhak. Apa iku
gambarane atimu sing angel digayuh amarga kedhuwuren? Lan saiki ana sing arep nggayuh
maneh, kepriye atimu? Mangka Edward durung tau ketemu, nadyan ta mung foto. Gek kaya
sapa wonge. Kaya Jufri, kaya Zainal apa kaya Eko playboy sing nggantheng kuwi, sing
setengah mati kepengin ngajak menyang omahe kae? Yen ora gek kaya sapa? Apa mirip
Drs. Widya sing diwenehi predikat ‟‟Kakatua‟‟ iku? Ah ora. Edward ora kena kaya Kakatua
iku. Yen ora kaya Eko ya kudu kaya Jufri apa Zainal, simpatik lan ah .. apa, apa…. kaya Ery
Sugianto?
‟‟Oh….‟‟ Aku nggresah. Ery, o kena apa nglantur tekan dheweke. Toh, wis lawas dakpupus.
Ery dheweke ninggal kutha iki kanthi nggawa tatu ati. Salah faham, maneh-maneh
pangerten. Atiku dhewe rojah-rajeh rikala ngucapake forewe !!!Sabanjure dakcathet motto
ana ati No time for love. Dakgaris abang. Miniati kudu duwe tambahan jeneng ana ngarep
apa ana mburine.
Saiki rong taun sawise Ery lunga ana inisial jeneng persis dheweke. ES, Edward Siregar.
Ah, gara-gara Jufri. Ning wis kebacut, ya ta wis dakterusake nganti tamat. Sing perlu wulan
ngarep iki Mini wis dilantik dadi Miniati, BA, sarjana muda sastra.
Temenan aku nekat, mumpung ana alesan tepat. Edward dakjaluk bisoa nekani upacara
SINAU BASA JAWA |XI-B 21
pelantikanku wulan ngarep. Lan edan temenan, wangsulane kepenak .
‟‟Min, aku mesthi teka. Eman rikala pelantikanku, aku durung kenal kowe. Selamat ya. Cium
manja. Drs Edward Siregar.‟‟
Bukan main. Jufri bola-bali alok bukan main, rikala weruh surat iku. Anyel, dakwangsuli, ‟‟Iku
sing dakkarepake ta, Juf.‟‟
‟‟Terang dhong. Janjine suk aku ora susah menehi kadho, lho.‟‟
‟‟O, yen padha edane.‟‟
Dina upacara wis teka. Upacara jam 10.00 esuk. Wiwit jam 08.00 aku wis sibuk, macak,
jaritan, kebayakan, gelungan. Bola-bali sing marahi ewuh ya rambutku. Karo uwat-uwet nata
rambut, pikiranku ngarep-arep wong adoh, Edward. Jufri wis nyiapake undhangan kanggo
dheweke , sebab jarene ana kene dheweke duwe tante. Durung rampung dandanku,
dumadakan :
‟‟O, nak Ery, sugeng , nak. Wah lawas ora ana kabare. Mangga,… mangga. Min,… Min ana
tamu, iki lho nak Ery Sugianto.‟‟
Tanganku mandheg saka nata rambut. Njegreg, apa ora salah kupingku?
‟‟Min, ana tamu nak Ery,‟‟ ngendikane Ibu ana lawang.
‟‟Sapa bu?‟‟ pitakonku lirih.
‟‟Nak Ery.‟‟
‟‟Sapa?‟‟
‟‟Ery, Ery kancamu lawas kae lho. Gek enggal ta!‟‟
Ana kaca katon raiku pucet. Ery Sugianto, apa ora klieru. Tanganku dadi kedher, sikilku,
atiku. Ery, are apa dheweke? Rampung dandan sikilku abot jumangkah. Daksengaja supaya
dheweke ngerti yen aku ana perlu. Yen aku wis mupus kabeh lelakon lawas. Yen Mini saiki
dudu Mini sing biyen, lan, oh muga-muga Edward teka temenan.
Ana ngajengan, aku ora bisa guneman. Ngadeg ana ngarep lawang, dipapag eseme sing
pancen simpatik. Aneh dheweke tetep tenang, malah ngadeg karo celathu :
‟‟Selamat, Min, atas kesuksesannya,” tangane diathungake.
Kaya ditarik magnit, tangane daktampani tanpa komentar. Banjur aku melu lungguh, lagi
bareng adhep-adhepan aku bisa ambegan.
‟‟Arep tindakan?‟‟ pitakone.
Aku manthuk.
‟‟Yudisium?‟‟
Aku manthuk maneh.
‟‟Dakdherekake?‟‟
Aku nyawang arlojiku , wis wayahe mangkat. Dina iki ora ana kancaku, awit Jufri ngerti yen
Edward bakal teka. Apa dheweke cidra? Ah mbokmenawa ana alangan. Weruh aku ora
jenjem, Ery mesem. Batinku misuh-misuh.
‟‟Semayan karo kanca ya? Apa ana sing ngampiri?‟‟
O,… dheweke tetep Ery rong taun kapungkur, sinis lan nganyelake. Nggugu atine dhewe,
lan kandhane maneh:
‟‟Ayo dakdherekake. Aku ya kepengin ketemu kanca-kanca lawas liyane. Rak sukses kabeh
ta?‟‟
Aku ora bisa nulak maneh. Kepeksa. Atiku mangkel marang Edward, marang Jufri gene kok
percaya men karo surat. Ana becak aku wegah guneman. Mung daklirik pacakane setelan
putih kasenengane wiwit biyen. Ah, gayane ora owah. Kenangan lawas biyen kae kaya bali
ana mripatku.
Nganti rampung upacara, ora ana wong anyar sing katon sumliwer ana kampus. Ditakoni
bab Edward, dakwangsuli cekak, preeek! Dioyak Jufri bab Ery, aku meneng wael. Rikala
dikandhakake mbokmenawa Edward kuwi ya Ery, aku mangsuli karo mlaku:
‟‟Mbuh,… mbuh, ya kebeneran yen ngono.‟‟
Mulihe aku tetep meneng, bingung. Mangkelku, Ery malah mesam-mesem wae, lagi ana
becak dheweke klesik-klesik.
‟‟Min……‟‟
Aku mung nglirik.
‟‟Kowe isih nesu?‟‟
SINAU BASA JAWA |XI-B 22
Aku gedheg.
‟‟Geneya meneng wae wiwit mau?‟‟
Aku gedheg maneh. Ewuh pancene. Banjur teruse,
“Janne ora taksengaja mrene lho, Min. Ning aku wis janji lan janji kudu ditepati, demi etika.
Kaya wong nampa surat, kepriye wae ya kudu diwangsuli. Rak ya ngono, ta?‟‟
Aku dadi kaget. Dheweke mesem, nerusake omongan.
‟‟Aku nampa surat saka kancaku, ngakon nyekseni Yudisium Sarjana Mudane.‟‟
‟‟Ery…..‟‟ aku nggujer tangane.
‟‟Eman tekaku ora diajak guneman.‟‟
‟‟Ery,… awakmu, awakmu….‟‟
Dheweke meneng, dakgoyang tangane, ora noleh. Dakgoyang maneh, tetep meneng.
Embuh, wong-wong nyawang apa ora, aku ora perduli. Mung nalika weruh aku membeng-
membeng, dheweke noleh, tangaku ganti dicekel, pitakone mbapaki,
‟‟Ana apa Min, ana apa?‟‟
O, bocah iki. Becak takkon mandheg ana sawijining restoran, aku mudhun terus ngunclug
mlebu. Sepi. Tas lan ijasah dakseleh meja aku ibut ngusapi rai, banjur lungguh thenger-
thenger. Dheweke katon kedhuwung.
‟‟Ana apa?‟‟ pitakone maneh, lirih Aku nggeget lambe, banjur suwaraku kawetu seret,
‟‟Ery ta, sing gawe jeneng Edward iku?‟‟
Sauntara dheweke meneng. Banjur mesem, wangsulan.
‟‟Mbokmenawa!‟‟
‟‟Ana apa mbokmenawa?‟‟
‟‟Dhapur kebeneran , jeneng mau ana ing atarane layang-layang kang daktampa. Dakpikir,
kepriye yen aku bali? Mung aku kuwatir, atimu ora nampa yen aku isih jeneng Ery.‟‟
‟‟Iku ora jujur.‟‟
‟‟Terserah komentarmu. Mung sing terang aku kepengin bali kaya biyen, aku kepengin
ndandani kaluputanku.‟‟
Ana rasa trenyuh krungu kandhane kang pungkasan. Ndandani kaluputan, ah sapa sing ora
kepengin? Edward Siregar ora cidra, dheweke nekani upacara pelantikanku. Biyen kae
pancen padha-padha duwe kesalahan, padha-padha ngukuhi panemune dhewe sing
dianggep bener. Saiki, o kepengin aku nggoleki Jufri, ngandhakake sakabehe. Ora perduli
iki gaweyane.
Metu saka restoran ulatku wis padhang. Mlaku reruntungan. Kabeh bali kaya biyen manis
lan nyenengake. Mula esuke nalika Jufri lan Eko mara, aku ora bisa males naliia digodha.
Kepriye maneh, pancen bener. Jodho ora kena diburu. Yen diburu malah nggemesake.
Rong wulan maneh aku mesthi pindhah menyang Jakarta, amarga ora bisa pisah karo Ery
Sugianto. Si 057 ES alias Edward Siregar. Mung wae aku ora kirim nyang konsultasi jodhoh
supaya jenengku dipacak, Min.

B. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi pener lan bener!

1. Sebutna paraga-paraga kang ana sajroning cerkak kanthi irah-irahan


“Jodho Aja Diburu” ing dhuwur?
2. Sebutna paraga utama sajroning cerkak ing dhuwur!
3. Pungkasaning cerkak ing dhuwur kalebu bad ending apa happy ending?
Coba buktekna!
4. Sebutna setting saka cerkak ing dhuwur mau!
5. Piweling (pesen) apa sing bisa didudut saka cerkak ing dhuwur?

*sugeng makarya* SINAU BASA JAWA |XI-B 23


WAWASAN
PARAMASASTRA JAWA
Paramasastra Jawa iku minangka sawenehing paugeran kang ngrembug bab tata
basa Jawa. Paramasastra iku asale saka tembung parama = linuwih, pinunjul lan
tembung sastra = layang, kawruh. Dadi bisa didudut, paramasastra iku layang (buku)
linuwih utawa kawruh kang pinunjul (Padmosoekotjo, 1979: 17-18).Perangane
paramasastra bisa disetitekake kaya ing ngisor iki.

Titi-swara (fonologi)

Paramasastra Jawa Titi-tembung (morfologi)

Titi-ukara (sintaksis)

Ing kalodhangan iki, kang bakal dirembug ing kene mung mligi titi-swara bae. Titi-
swara iku minangka elmu kang ngrembug babagan swara (kang nduweni teges lan
makna).

Titi-Swara = Widyaswara (Fonologi)


 Vokal /a/ basa Jawa diarani /a/ swara miring.
tuladha:
- aku (aku) - awu (abu) -ora (tidak)
- alu (alat penumbuk padi) - ajur (hancur) - sangu (uang saku)

 Vokal /å/ basa Jawa diarani /å/ swara jejeg.


tuladha:
- apa (apa) - amba (luas) - kuna (kuno)
- ala (buruk) - basa (bahasa) - pira (berapa)

 Vokal /u/ basa Jawa diarani /u/ swara jejeg.


tuladha:
- udan (hujan) - gula (gula) - bisu (bisu)
- upas (bisa/ racun) - tuma (kutu) - garu (alat pertanian)

 Vokal /ů/ basa Jawa diarani / ů / swara miring.


tuladha:
- biyung (ibu) - sarung (sarung) - sumur (sumur)

SINAU BASA JAWA |XI-B 24


- raup (cuci muka) - warung (warung) - siyung (gigi taring)

 Vokal /é/ basa Jawa diarani /é/ swara jejeg utawa /é/ taling.
tuladha:
- eca (enak/lezat) - enak (enak) - wage (nama pekan)
- edan (gila) - tela (ketela) - sare (tidur)

 Vokal /è/ basa Jawa diarani /è/ swara miring.


tuladha:
- estu (sungguh) - enten (ada) - suwek (robek)
- estri (wanita) - gepeng (gepeng) - pamer (pamer)

 Vokal /e/ basa Jawa diarani /e/ pepet utawa swara miring.
tuladha:
- entub (sengat) - emoh (tidak mau) - embuh (tidak tahu)
- entek (habis) - empuk (lunak) - sirep (diam/ hening)

 Vokal /i/ basa Jawa diarani /i/ jejeg.


tuladha:
- wani (berani) - sapi (sapi) - geni (api)
- kali (sungai) - tali (tali) - iwak (ikan)

 Vokal /I/ basa Jawa diarani /I/ miring.


- Ingkang (yang) - sabIn (sawah) - sarIng (saring)
- wIs (sudah) - sakIng (dari) - wahIng (bersin)

 Vokal /o/ basa Jawa diarani /o/ jejeg.


tuladha:
- ponang(si) - pongge(isi duren) - kondhang(terkenal)
- pothel(patah) - bonang - bocah

 Vokal /O/ basa Jawa diarani /Ö/ miring.


- pingpÖng - tembÖng - kÖngkÖn (suruh)
- lÖmbÖk (cabe) - tÖblÖk - tÖgÖg (tokoh wayang)

# Katrangan:
 Diarani swara jejeg amarga unine swara isih asli/wutuh kaya asale.
 Diarani swara miring amarga unine swara wis owah/mingsed saka uni swara
asli/asale sakawit.

Kegiyatan 1:
Tembung-tembung ing ngisor iki golekana jejeg utawa miringe.
1. kedhung : 11. muter :
2. terong : 12. jamur :
3. purun : 13. netra :
4. cemplung : 14. jeglong :
5. sukun : 15. cetha :
6. sisa : 16. krikil :
7. kobong : 17. sedhih :
8. waru : 18. cucur :
9. upah : 19. waluh SINAU
: BASA JAWA |XI-B 25
10. turu : 20. pranyata :

# kanggo ngringkes nulis: Jejeg = (J) lan Miring = (M).


Kegiyatan 2

Golekana tembung-tembung kang kliru panulisane miturut titi-swarane sajroning teks


wacan iki!

Teks 1

Wingi bengi bapak, ibu, adek, lan aku lagi dholan menyang Sengkaling. Sadhurunge
budal, ibu gawe sego, jajan, saklawohe kanggo sangu dholan. Dene bapak mrikso
kendharaane supoyo biso lancer tur ora macet ing dalan. Sawetoro jam 8 esok aku
sakeluwargo podo budal. Atiku seneng banget amargo kepengin weroh objek wisoto
Sengkaling.
Ora sawetoro suwe, aku sakeluwargo teko langsung parkir. Sawise parkir ibu mundhot
tiket kanggo mlebu. Sawise mlebu ing jero, akeh dolanan kang kudu tak cobo. Sawise
rampung njajal dolanan kang ono, aku sakeluwargo podo mangan bareng-bareng. Atiku
seneng banget dino iku rosone marem sawise biso dolan bareng keluwargo.

Teks 2

Sasi Muharam utowo sasi Suro iki akeh deso podo nganakake bersih desa utowo merti
deso. Acoro kang ono ing bersih deso mau werno-werno, salah sawijine yoiku pagelaran
wayang kulit (wayangan). Poro wargo deso podo seneng nonton wayang, wiwit soko
bocah cilik, gede, nganti wong tuwo podo teko kabeh. Saliyane iku, ugo ono pasar
malem kang rame banget amargo akeh sing podo dodolan.

Teks 3

Pak tani podo sambat amargo panen taon iki rodo gagal. Panyebabe yoiku kang
kapisan onone omo pari utowo wereng lan kang kapindho, yoiku ora ono banyu.
Mongso ketigo iki pancen gawe sawah-sawah akeh kang garing, parine dadi gabug-
gabug. Mulo soko iku, poro konco tani podo akeh kang susah krono podo rugi.

SINAU BASA JAWA |XI-B 26


WULANGAN 2
TEMBANG MACAPAT
Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi
3.2 Mengidentifikasi, memahami, 3.2.1 Menganalisis struktur tembang
menganalisis nilai-nilai moral yang macapat/mamaca.
terkandung dalam tembang macapat
3.2.2 Menganalisis unsur kebahasaan
dalam macapat/ mamaca.
3.2.3 Menjelaskan kata-kata sulit dalam
teks tembang macapat/ mamaca.
3.2.4 Menjelaskan pesan moral teks
tembang macapat/ mamaca.

4.2 Menginterpretasi nilai-nilai moral 4.2.1 Menceritakan isi tembang macapat/


yang terkandung dalam tembang mamaca.
macapat.
4.2.2 Mengarang tembang macapat
berdasarkan kaidah.
4.2.3 Membaca titi laras tembang
macapat/ mamaca.
4.2.4 Melagukan tembang macapat
mamaca sesuai titi laras.

A. Pangertene Tembang Macapat


Rikala ana ing kelas X semester 2 taun kepungkur wingi para siswa rak ya wis
tepung apa sing jenenge tembang macapat ta? Saiki materi iki arep disinau maneh
supaya para siswa bisa luwih akrab lan gamben maneh tumrap tembang macapat
minangka warisan para leluwur bangsa Jawa iki. Sadurunge iku, luwih prayoga yen
meruhi kaanane masarakat Jawa anggone nguri-uri tembang macapat ing saben
dinane.
Ing jaman biyen isih akeh ditemoni wong-wong tuwa padha seneng nembang
mbuh iku ing pomahan utawa ana ing sawah utawa tegalan. Ancase mono werna-
werna sing baku kanggo lelipur ati kang sumpeg utawa lagi kesel banjur asosarira.
Sok tinemu anggone nembang kanthi swara kangg lamat-lamat ora pati seru, iku
ngono kena diarani rengeng-rengeng. Wondene ana uga kang anggone
nembangake kanthi swara kang seru cetha, iku ngono diarani ura-ura. Dadi
kekarone bisa dibedakake salah sijine adhedhasar seru (banter) orane anggone
nembang.
Tembang sajrone kasusastran Jawa iku bisa kaperang dadi 2, yaiku tembang
tradhisional lan tembang modheren. Dene, sing bakal dirembug ing kalodhangan iki,
yaiku tembang tradhisional utawa tembang macapat. Tembang macapat iku
SINAU BASA JAWA |XI-B 27
minangka jinis puisi tradhisional sajroning kasusastran Jawa kang isih
kaiket/kacancang dening paugeran/aturan (metrum) kang wis gumathok, yaiku guru
gatra, guru lagu lan guru wilangan. Dene, sing diarani:

a. Guru gatra, yaiku cacahe gatra (baris) saben sapada (bait) [jumlah baris dalam
bait].
b. Guru wilangan, yaiku cacahe wanda (suku kata) saben sagatra [jumlah suku kata
dalam baris].
c. Guru lagu, yaiku dhong-dhinging swara ing pungkasane gatra [bunyi suku kata
pada akhir baris].

Metrum/paugeran/aturan kang kasebut ing ndhuwur mau, pigunane saliyane


kanggo ngatur saben jinise tembang macapat uga nduweni piguna kanggo
mbedakake jinis-jinise tembang siji karo tembang liyane. Saliyane iku, titikane
tembang macapat yaiku ing saben tembang nduweni watak dhewe-dhewe.Ing ngisor
iki bakal diandharake jinis-jinise tembang, paugeran (metrum), lan watake tembang
macapat.

B. Jinis-jinise Tembang Macapat sarta Titikane


a. Maskumambang
Maskumambang nuduhake gambarane manungsa kang isih ana ing alam ruh, kang
manggon ing jero guwagarbane ibu.
Watak : susah, nelangsa, keranta-ranta, kanggo crita kang susah
Paugeran : 12i, 6a, 8i, 8a.

b. Mijil
Mijil nuduhake gegambarane proses laire manungsa. Mijil/ mbrojol/ metu/
mencolot lan njedhul jabang bayi arupa manungsa.
Watak : wedharing rasa prihatin,gandrung
Paugeran : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6a.

c. Sinom
Sinom nuduhake gegambarane bocah enom kang kebak gegayuhan lan
pangangen-angen. Mula mumpung isih enom akeh-akeha anggone ngangsu
kawruh, mumpung isih ana wektu kang cukup.
Watak : seneng, gumbira, malatsih, prasaja
Paugeran : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a.

d. Asmarandana
Asmarandana nuduhake tatarane manungsa kang lagi wancine nandang kasmaran.
Asmara tegese tresna lan tresna iku tuwuh saka prenthuling ati.
Watak : susah, sengsem, kangen, prasaja
Paugeran : 8i, 8a, 8o/e, 8a, 7a, 8u, 8a.

e. Gambuh
Gambuh wiwitane saka tembung jumbuh/ nyawiji kang tegese komitmen kanggo
nyawijekake tresna ing sajrone bale wisma antarane lanang lan wadon.
Watak : mbabar kawruh, cetha, tanpa ragu-ragu, nerangake
Paugeran : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o.

SINAU BASA JAWA |XI-B 28


f. Kinanthi
Kinanthi asale saka tembung kanthi utawa tuntun kang maknane awake dhewe
mbutuhake tuntunan utawa dalan kang bener supaya gegayuhan kita bisa kawujud.
Watak : gandrung asmara, gumbira
Paugeran : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i.
g. Dhandhanggula
Dhandhanggula nuduhake gegambarane urip kang wus tumeka ing tataran urip
kang mapan. Urip kang mulya, cukup sandhang, pangan, lan papan. Nyuda
pepenginan supaya adoh saka utang.
Watak : manis, luwes, sarwa cocog
Paugeran : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a.

h. Durma
Durma minangka wujud rasa sokur kita marang Gusti Kang Maha Kuwasa, mula
kita kudu asring ngamal. Durma asale saka tembung darma/ sedhekah marang
sapadha-padha.
Watak : mongkog, sereng, muring, sugal, galak
Paugeran : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i.

i. Pangkur
Pangkur utawa mungkur tegese nyingkiri hawa napsu angkara murka, nyingkiri
napsu-napsu kang ala sarta tumindak angkara murka.
Watak : prakosa, semangat, kaku
Paugeran : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.

j. Megatruh
Megatruh utawa megat roh tegese pisahe nyawa saka badhan wadhag. Pedhote roh
utawa nyawa tumuju alam kalanggengan.
Watak : susah, karanta-ranta, kuciwa, gela
Paugeran : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o.

k. Pocung
Pocung nuduhake gegambarane manungsa kang wis ditinggal nyawa lan ora bisa
ngapa-apa. Badan wadhag (jasad) kang dibuntel kain mori putih (pocong).
Watak : sapenake, guyon, sembrana
Paugeran : 12u, 6a, 8i, 12a.

(*) Makna filosofi kang kinandhut sajroning urut-urutaning tembang Macapat yen diwawas
saka salah siji crita tutur ing masarakat Jawa, yaiku urut-urutane tembang macapat iku
anggambarake uripe manungsa wiwit saka alam kandhutan (kandungan) nganti tumekaning
pati (siklus daur hidup manusia).

TUGAS MANDHIRI

SINAU BASA JAWA |XI-B 29


Kanthi nggatekake paugeran tembang macapat mau, gawea salah siji jinis tembang
macapat dhewe-dhewe kanthi tema manasuka (bebas) sing baku ora nerak
paugeran apadene subasitane basa.

Wangsulana Pitakonan ing ngisor iki kanthi cetha !

Garapen kanthi cara mandhiri pitakon-pitakon ing ngisor iki !

1. Sebutna padha lan bedane rengeng-rengeng karo ura-ura?


2. Apa sing diarani tembang macapat iku? (miturut panemumu dhewe!)
3. Apa sing diarani guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra iku?
4. Coba sebutna kanthi urut 5 tembang macapat kang nduweni cacahe gatra
paling akeh !
5. Apa sing diarani metrum iku? (miturut panemumu dhewe!)
6. Apa pigunane (fungsi) metrum iku? (miturut panemumu dhewe!)
7. Sebutna makna filosofi saka tembang macapat, miturut salah siji crita tutur?

*sugeng makarya*

Garapan !
Salinen aksara Jawa ing ngisor iki menyang aksara Latin kanthi tumemen !

¦¡¦ dnD=gul ¦¡¦


;1; nzi=[ynSirgegurukki
amilihamnu=sk=vt
ai=k=becikM/tb[tT
s/tk=w(hai=kukum\
k=zibfhlnK=wir=zi
[soku/[ao[lh[w=otp
aiyk=wusM|=kul\
tnMiki/pi[w[whai=l-n\
aikupntesSirgu[ronNnkki
s/t[nkw(hair.
;2;[yog- nirk=prp]jurit\
lmunBissiranulf
fukHi=aunicrit[n
anFelirs=p]bu
ss]bauai=m[asPti
arnPtihsuwnF
XlbuhanNipun\
k=ginel=ut]ip]kr
gunkypurunHi=k=[fnHnTepPi
nu[aonit]hautm.

SINAU BASA JAWA |XI-B 30


;3;[wonTenMlihtuldnP][yogi
st]iyg=unegriai=zX=k
s=kumBk/nar[nN
tu/aikuw/nfitÒÂ
sup][nF[ngyuhautmi
fukWwitP=]z2=k
[fnVf/[batu/
mi=]rkami]hra/j
fsmukt[nKguhai=atu/yekTi
[f[nmu=suhwnr.

;4;[wonTenMlihkin/yplupi
su/yput]n/ptizw=g
lnPenFwtu/kf=[z
lnYyhtu=gilHibu
suwitm]i=s=kurupti
a[n=ng]izsTin
kin/ygulHgul\
m=gl[go[l=oznNi=p]=
b]tyufai=zfegKe[nSnpti
zlgai=kurw .

;5; ankifu=rumekSai=wezi
teguhayuluputTai=lr
luputTbilaik[bh
ji[mStnFtnPurun\
pneluhanTnHnwni
miwhp=g[wal
gunni=[w=oluput\
geniatemhanTi/t
mli=a[fohtnHnzrhai=mmi
gunfufukPnSi/n.

;6; aupm[nspu[fnMesuhai
k=s[ko[l=ogeb _znNi=sf
pinutu=t[zh[co[kL[kK
aikuwujufFi=rukun\
k[ros[nNzifbZifbBi
nzi=[ynWinud/rn\
sf[nwusMwut\
[norgmP=ci[no[kLkKn\
k=m=[ko[nowuju[fFk=ti=glKpTi
ri=kihtu/tnPfy.

;7; xmB|l[nNsumun/nFf/ri
linT=linT=azebegGitw=
pti=g2b-/chy[n
wnCirt]iwusLrut\
sWrazinSu m]ibitMifif\
kygegritMnh
ai=k=nnD=wuyu=
ktmnLrasMr
duhkusumwil=znSzlnKlih
mugiwel sMkul.

SINAU BASA JAWA |XI-B 31


Wedharaning Tembang Sawetara:
Tembang Dhandhanggula cacahe pitu mau ngandhut piwulang kang becik
banget kanggo sangu tumrap dhiri pribadi lan kanggo urip ing masarakat. Piwulang
kang diwedharake werna-werna ing antarane, yaiku ngenani bab konsep milih guru,
konsep keprajuritan, konsep bela negara, konsep prasetya ing janji, konsep tulak
balak, konsep karukunan & persatuan, sarta konsep kasmaran (kayungyun). Kabeh
iku mau saperangan (tembang angka 1, 2, 3, lan 4) kapethik saka serat-serat Jawa
kang adiluhung kaya dene:
1. Serat Wulangreh anggitane Sri Pakubuwana IV ing kraton Surakarta
2. Serat Tripama anggitane Sri Mangkunagara IV ing kraton Surakarta
Tembang kang angka 1 mratelakake konsep anggone milih guru. Ora kabeh
uwong bisa dadi guru, ora sokur uwong bisa diguroni, kudu tansah bisa milah lan
milih endi sing patut lan pantes sapa-sapa kang bakal diguroni. Adhedhasar
tembang mau, guru iku saora-orane kudu bisa njangkepi sarat-sarat kang wis
diandharake ing tembang mau.
Tembang kang angka 2, 3, lan 4 kapethik saka crita wayang. Lumantar
paraga-paraga ing jagading pewayangan, yaiku Suwanda, Kumbakarna, lan Karna
sajroning tembang mau, pranyata ngandhut piwulang kang murakabi kanggo sangu
leladi marang nusa lan bangsa. Tembang angka 2 nggambarake paraga Suwanda,
kang menehi tuladha yen dadi uwong iku kudu nduweni sipat wasis, kendel, lan lila
legawa kanggo ngabdi marang negarane.
Tembang angka 3 nggambarake paraga wayang saka crita epos Ramayana,
yaiku paraga Kumbakarna sanajan wujude raseksa kang katon sugal nanging
nduweni sipat kang luhur bebudene sarta wani tohpati kanggo njunjung drajade
negara, nusa, lan bangsane. Kumbakarna gugur ora amarga mbelani kakange si
Dasamuka, nanging bela pati labuh katresnane marang bangsa lan negarane.
Tembang angka 4 nggambarake paraga wayang saka crita epos Mahabharata,
yaiku Karna utawa Suryaputra, aweh tuladha yen uwong iku kudu tansah ngugemi
sarta setya ing janji. Ing Bharatayudha Suryaputra utawa Karna putrane Dewi
Kunthi karo Batara Surya iku madeg dadi senapati Astina labuh pati tumrap
mitrane, yaiku Duryudana.
Tembang angka 5 nggambarake kapitayane masarakat Jawa bab barang-
barang gaib. Ing tembang kasebut nggambarake tulak balak kanggo kaanan
sawijining wengi supaya bisa uwal saka pangganggu gawene manungsa utawa
dhemit. Miturut crita tutur kang ana ing masarakat Jawa, isih ana sing nggugoni yen
tembang iki bisa nundhung utawa ngusir barang-barang kang kasat mata lan sing
ora kasat mata kang nedya ngganggu gawe.
Tembang angka 6 nggambarake sada (biting) minangka pralambang
individu. Ing tembang kasebut sada yen ijenan ora duwe daya apa-apa kejaba mung
bisa dianggo nggenemi godhong wadhah lelawuhan. Dene, katiyasane sada yen
ginabung dadi siji, ibarate karukunan lan persatuan, bisa kanggo reresik barang
kang reged sarta angel sok sapa bae anggone arep mutungake. Mula, manungsa iku
becik urip rukun lan tansah njaga persatuan lan kesatuane bangsa.
Tembang angka 7 nggambarake wong kang lagi kayungyun nandang
kasmaran. Ing tembang kasebut uga nggambarake lara-lapane wong kang kataman
SINAU BASA JAWA |XI-B 32
asmara. Swasana wengi minangka pralambange ati kang bingung, sedih, lan susah.
Dene, lintang rembulan minangka pralambang panerange wengi, kanthi anane
rembulan lan lintang wengi kang peteng bisa padhang anerangi jagat.

TUGAS

Coba golekana tegese tembung-tembung angel kang ana sajroning tembang macapat mau!

No Tembung Angel Tegese Tembung


1. sira : Kowe
2. :
3. :
4. :
5. :
6. :
7. :
8. :
9. :
10. :
11. :
12. :
13. :
14. :
15. :
16. :
17. :
18. :
19. :
20. :
21. :
22. :
23. :
24. :
25. :

SINAU BASA JAWA |XI-B 33


PENILAIAN HARIAN
2

A. Pilihen Salah Siji Wangsulan kang Bener!

1. Karya sastra Jawa iku akeh banget wujude, salah sawijine karya sastra Jawa kang
awujud puisi Jawa tradhisional, kang isih kaiket dening paugeran-paugeran tartamtu,
yaiku ....
A. kakawin D. geguritan
B. kidung E. tembang macapat
C. suluk

2. Upacara adat tedhak siten, iku kanggo bocah umur 7 lapan utawa ... dina.
A. 40 D. 254
B. 35 E. 245
C. 49

3. Sarat wajib kang kudu ana lan kudu ditindakake dening bakal pinanganten kakung
kalawan putri sajroning upacara manten, yaiku ....
A. siraman D. sungkeman
B. ijab kabul E. kacar-kucur
C. balangan gantal

4. Eyang tindak dhateng Jogja numpak bis, dene bapak nembe rawuh saka Blora. Ing
A B C D E

sajrone ukara kasebut ana tembung-tembung kang durung trep utawa cundhuk kalawan
unggah-ungguh basa, yaiku ....
A. A lan D D. D lan E
B. C lan D E. A, C, lan D
C. C lan E

5. Prasasthi Lawadan minangka dhasar madege kabupaten Tulungagung, yen ditulis


nganggo aksara Jawa, yaiku ....
A. ?p]siQlwfnMi[n=o[kofs/mfegeGkbup[tnÒ|lu=agu=.
B. ?p]siQlwfnMi[n=o[kofs[rmfe[gGkbuptenÒ|lu=agu=.
C. ?p]sSiTlwfnMin=kfs/mfe[gKkbup[tnÒ|lu=agu=.
D. ?p]sSiTlwfnMin=kds/mfe[gGkbup[tnÒ|lu=agu=.
E. ?p]sSiQlwfnMin=kds/mfe[gGkbup[tnÒ|lu=agu=.

6. Sepisan malih kula ambali, bilih kula ndherek bingah saha bombong, awit para siswa ing
kabupaten Tulungagung kasil nyithak rekor ing donya kanthi nggelaraken pasugatan
reyog kendhang Tulungagung ingkang gunggungipun peserta udakara wonten 2.400
siswa. Pramila sampun titi-wancinipun kesenian lan kabudayan lokal wajib dipunuri-uri
supados saged ngrembaka lan kuncara ing saindenging jagad.
Pethikan ukara kasebut minangka perangane tanggap wacana, yaiku perangan ....
A. uluk salam D. atur kasugengan
B. dudutan E. salam panutup
C. pangarep-arep

7. Kala wau bengi ibu tuku jampi kangge gerah untu. Sajroning ukara kasebut ana tem-
A B C D E

SINAU BASA JAWA |XI-B 34


bung-tembung kang durung trep utawa cundhuk kalawan unggah-ungguh basa, yaiku
....
A. A, B, C, lan D D. A, B, lan E
B. A, B, C, lan E E. C lan D
C. B, C, D, lan E

8. Pak Guru ... jalaran para siswa ... ingkang boten ... sekolah.
Ceceg-ceceg sajroning ukara ing ndhuwur yen dijangkepi nganggo unggah-ungguh kang
trep, yaiku ....
A. muring, akeh, mlebu D. duka, kathah, rawuh
B. muring, akeh, dugi E. duka, kathah, mlebet
C. nesu, akeh, mlebu

9. sig]mili/s=[g[qkSin=gbjul\
kwnFsk=j[gni,
ai=z/smiwhai=pu=ku/,
tnNpiai=kn[nKri=,
s=[g[qkLmPhva[lon\,
Aksara Jawa ing ndhuwur mujudake tembang ....
A. Asmarandana D. Pangkur
B. Megatruh E. Mijil
C. Durma

10. Unine Surya Sengkala kang tinulis ana ing regol pendhapa Kabupaten Tulungagung kang
nuduhake taun 1994, yaiku ....
A. ? fWirsekSsinbFrtu. D. ? [j/bsukimw[by.
B. ? fWirse[kSosin[bFortu. E. ? si/nail=ke/tni=bumi.
C. ?[kozsHrumÑ|sumni=[b=os.

B. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi cetha lan bener!

DUDU TUKANG SAMPAH


dening: Ki Setyo Handono, M. Pd

Tangan kiwa tengen blundrah


udan panas tan nggagas wegah
kahanan cumpen hambujung cukup
anetepi wajib ngupaya boga
nadyan ganda bacin, badheg, amis
ganda mau pindha sekar mlathi

sak iki ora jamane gengsi


apa kang ana manpangate nyang apa disiriki
mituhua dhawuhe Gusti
prigela hambudidaya
allah bakal maringi rejeki kang murwat
hayom hayem senadyan mung tukang sampah
pranyata paring barokah

Ponorogo, 29 -Peb-2012
(Kapethik saka: Kalawarti Pendhidhikan Jemparing ed. 14/ 2012)

1. Wacan kanthi irah-irahan “Dudu Tukang Sampah” ing ndhuwur, kena diarani apa?
2. Apa isi lan piweling saka wacan kanthi irah-irahan “Dudu Tukang Sampah”?
Wacanen kanthi setiti tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 3-5.

[wonTenMlihtuldnP][yogi
st]iyg=unegriai=zX=k

SINAU BASA JAWA |XI-B 35


s=kumBk/nar[nN
tu/aikuw/nfitÒÂ
sup][nF[ngyuhautmi
fukWwitP=]z2=k
[fnVf/[batu/
mi=]rkami]hra/j
fsmukt[nKguhai=atu/yekTi
[f[nmu=suhwnr

(Kapethik saka: Serat Tripama anggitane Sri Mangkunagara IV)

3. Tembang Macapat ing ndhuwur kalebu jinise tembang apa?


4. Coba golekana guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu saka tembang mau!
5. Terangna isi lan piweling saka tembang ing ndhuwur miturut panemumu!

?sug_mk/y.

WULANGAN 3
SENGKALAN
Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi
3.3 Mengidentifikasi, memahami, dan 3.3.1 Mengidentifikasi teks aksara
menganalisis teks aksara Jawa/carakan Madhurâ yang
Jawa/carakan Madhurâ sesuai kaidah. memuat angka Jawa.
3.3.2 Menjelaskan tata cara menulis angka
Jawa.
3.3.3 Menjelaskan makna sengkalan
dalam teks aksara Jawa/carakan
SINAU BASA JAWA |XI-B 36
Madhurâ.

4.3 Membaca cepat teks wacana sastra 4.3.1 Menulis kalimat menggunakan angka
atau nonsastra beraksara Jawa.
Jawa/carakan Madhurâ.
4.3.2 Menulis kalimat yang mengandung
sengkalan menggunakan aksara
Jawa/carakan Madhurâ.
4.3.3 Menyalin teks huruf Latin ke dalam
aksara Jawa/carakan Madhurâ.
4.3.4 Membaca cepat teks aksara
Jawa/carakan Madhurâ minimal 15
kata per menit.
4.3.5 Menceritakan isi atau pesan teks
Jawa/carakan Madhurâ.

SENGKALAN (KRONOGRAM)
Ing kalodhangan iki,para siswa diajak tilik marang sistem petungan taun tetilarane para leluwur Jawa.
Ing kene, para siswa kudu titi lan taberi anggone ngematne andharan saka bapa utawa ibu guru supaya bisa
mangerteni dalah nguwasani tata cara pangrakite sistem petungan taun mawa aksara Jawa kang sinebut
sengkalan.
1. 2.

Reca Dwarapala (Reca Penthung) Ganesha Bǻrǻ (Jimbe)


[dwi raseksa sinabda ratu] [hana gana hana bhumi]

Coba Gatekna Cengkorongan Sengkalan iki!

Candra Sengkala Lamba


[Candra Bhumi]
Sengkalan/Kronogram

Surya Sengkala Memet

Sengkalan (kronogram), yaiku angka taun kang ora diwedharake kanthi wujud angka, nanging lumantar
sarana tembung-tembung utawa gambar/pepethan. Tembung-tembung kang digunakake sajroning sengkalan
iku nduweni watak wilangan tartamtu. Sengkalan ing jaman kuna biyen pigunane kanggo: (1) mengeti laire
bocah, (2) mengeti geblage utawa patine sanak sadulur, (3) mengeti adege omah utawa bangunan

SINAU BASA JAWA |XI-B 37


candhi/mesjid, (4) mengeti anane bebaya/kadadean gedhe, (5) mengeti rampunge reriptan (cipta sastra).
Sengkalan tinulis arupa rerangkene tembung kang mawa teges saebab, dene, tetembungan utawa tembung-
tembung kanggo nulisi sengkalan iku tembung-tembung kang mengku watak tetep, wiwit awatak siji nganti
awatak sepuluh. Semono uga gambar-gambar sing kanggo sengkalan memet mung kudu nggambar
tetembungan sing dipigunakake dening sengkalan lamba. Adhedhasar wujude sengkalan bisa kaperang dadi
loro, yaiku (1) Candrasengkala, yaiku adhedhasar petungan rembulan ngubengi bumi (Qomariyah); lan (2)
Suryasengkala, yaiku adhedhasar petungan srengenge (Syamsiyah). Wondene, yen ditilik saka jinise, sengkalan
bisa kaperang dadi 2, yaiku:
a) Sengkalan Lamba
Sengkalan lamba, yaiku candra sangkala kang awujud tembung-tembung utawa ukara.
Tuladha:
 Sajroning Serat Kandha nyatakake, yen rubuhe kraton Majapait iku sinengkalan “sirna ilang kertaning
bhumi”. Saka candra sengkala kasebut bisa diudhal lan ditegesi watak-watake, yaiku: sirna (0), ilang (0),
kertaning (4), lan bhumi (1) = 1400 (tata cara panyusune angka diawiti saka mburi mangarep/ diwalik). Dadi
miturut Serat Kandha rubuhe kraton Majapait taun 1400 Saka utawa kurang luwih taun 1478 Masehi.

b) Sengkalan Memet
Sengkalan memet, yaiku candra sangkala kang awujud gambar, pepethan utawa reca.
Tuladha:
 Pindhahe kutha Tulungagung saka Kalangbret menyang kutha Tulungagung kanthi pepethan reca penthung
sajodho kang manggon ing keblat papat wates kutha. Reca Penthung loro iku minangka candrasengkala
memet kang unine “dwi yaksa sinabda ratu”. Saka candra sengkala memet kasebut bisa diudhal lan ditegesi
watak-watake, yaiku: dwi (2), yaksa (5), sinabda (7), lan ratu (1) = 1752 Saka (tata cara panyusune angka
diawiti saka mburi mangarep/ diwalik). Dadi miturut pirang-pirang sumber nyatakake, yen pindhahe kutha
Tulungagung saka Kalangbret menyang kutha Tulungagung taun 1752 Saka utawa kurang luwih taun 1824
Masehi.

Tembung “candra-sengkala” kadadean saka rong tembung, yaiku: candra + sengkala. Tegese, yaiku
candra = rembulan, wulan, rupa, praceka. Wondene, sengkalan = mangsa. Wasana tembung Candra sengkala
nduweni teges: (1) rembulan mangsa; (2) wulan mangsa; (3) rupa mangsa; lan (4) praceka mangsa. Katitik saka
kanggene, mencoking surasane manggon ing angka (3) lan (4), jalaran “candra sengkala” iku prelune kanggo
“nyandra mangsa” utawa “mraceka mangsa”, salaras karo kaanane.
Ing jaman kunane bangsa Jawa iku nggunakake pranata mangsa surya kanggo petungan olah tetanen.
Mula menawa ditegesi miturut angka (1) lan (2) ora cocog, awit nenanem iku kudu manut lakuning mangsa
surya. Sabab liyane, yaiku sarubuhe kraton Majapait, banjur jumedhuling panguwasa Islam, iku nggawa
tatananing mangsa miturut lakuning rembulan. Para pujangga uga banjur agawe sengkalan manut lakuning
rembulan, tundhone tembung candra sengkala uga ditegesi mangsa rembulan. Wondene sengkalan sing
nyandra taun surya banjur sinebut surya sengkala nganti tumeka saiki. Ing pulo Bali candra sengkala lumrah
sinebut candra bumi, yaiku nggambarake pengetan kadadean tartamtu kang dumadi ana ing bumi.

Pratelan Watak-Watak Wicalan


1. Watak Siji
rupa dhara janma
candra siti eka
sasi budha wak
nabi/ udel roning suta
sasa medi awani
çaça iku niyata
çaça dhara dara tunggal

SINAU BASA JAWA |XI-B 38


Iji wiji juga
weteng buntut gusti
awak badan bumi
hyang buwana jagad
kartika prabu surya

2. Watak Loro
netra ama Mata/mripat
caksu/caksuh locana Tangan/asta
nayana carana lar
sikara karna anembah
buja karni suku
paksa anebah loro/dwi
drasthi talingan penganten

3. Watak Telu
bahni uta utawaka
pawaka ujel kaya lena
siking anamti-namti pujika
guna jatha tiga/tri
dahana wedda uninga
trining rana alagni panas
benter panas murub
padhang geseng sorot

4. Watak Papat
wedang nawa sindu
segara samodra warih
karti jalanidhi dik
suci warna tasik
jaladri toyadi catur/ sekawan
nadi wwahana pat
her waudadi banyu/ tirta
ranu we tlaga
gawe karya cipta

5. Watak Lima
buta sara panca/ gangsal
pandhawa maruta bayu
tata pawana wisikan
gati bana gulingan
wisaya margana lima
indri samirana ditya
yaksa pedhang raseksa
pancabaya jemparing panah
paser hru wil

6. Watak Nenem

SINAU BASA JAWA |XI-B 39


masa karengya mla
sadrasa pangraras nem tikta
winaya tahen kyasa
nggana wreksa dura
retu prabatang sarkara
anggas kilating kanem nem
oyag lona sad
kombang tawon anggang-anggang
naya geger rasa

7. Watak Pitu
hardi biksuka gora
prawata cala muni
turangga himawan swakuda
giri sapta tungganganing gunung
resi pandhita wiku
hangsa swara pepitu

8. Watak Wolu
naga kunjara dirada
panagan gajah bujangga
salira dipangga brahmanastha
basu samadya dipara
tanu manggala liman
murti hesthi ula
astha/ wolu druwa soma (candrama)
sambegana taksaka cecak

9. Watak Sanga
trustha nanda ganda
trusthi wilasita song
muka guwa terusan
gapura rago yeku angka
wiwara ludra babahan
dwara gatra hawa sesanga
sanga/nawa butul manjing

10. Watak Das


boma ing langit maletik/ mletik
sonya ana tan sirneng gagana
gagana windu sagunging das
barakan aneng wiyat kos
adoh widik-widik watak sepuluh
mati sirna ilang
nir mbrastha risak
akasa dirgantara luhur
mumbul muluk kombul
mesat tumenga gegana

SINAU BASA JAWA |XI-B 40


Pangrakite dhapukaning Sengkalan
Panganggene tetembungan ing sengkalan iku ana sing amung dirakit sawantahe bae, ana uga
sing mawa karimbag. Tatacarane pangrimbag kudu ngelingi bab-bab kaya mangkene:
1. Guru dasa-nama
Tegese, yaiku menawa nduweni teges meh padha, irib-iriban utawa padha, kaanggep
padha watake. Kayadene: bumi, siti, lebu, endhut, lan sapanunggalane.

2. Guru sastra
Tegese, yaiku menawa tulisane padha, upama: hesthi, nduwe watak wolu, hasti
(Sanskerta) = liman = gajah; nanging sing kalumrah nduweni surasa: cipta, sedya, surasa
saka tembung isthi (Sanskerta).

3. Guru wanda
Tegese, yaiku menawa pakecapane meh padha, bisa ngowahi tembung sarana disuda,
diowahi, diseseli, upama:
a. hutawaka → huta
wahu dadi → dadi
margana → marga
(*) tembung-tembung kasebut disuda
b. wani → wanita
buja → bujana
leng → celeng
(*) tembung-tembung kasebut ngowahi
c. tata → tinata
guling → gumuling
citra → cinitra
(*) tembung-tembung kasebut diseseli

4. Guru warga
Tegese, yaiku menawa sing nunggal bangsa, upama:
huta = lintah
nahuti = cacing

5. Guru karya
Tegese, yaiku menawa pakartining sawijining tembung, upama:
mripat → mandeng
tangan → nebah

6. Guru sarana
Tegese, yaiku sarana piranti kanggo nindakake tembung kriya, upama:
pancakara → jemparing (bangsane lelandhep)
raos → ilat

7. Guru darwa
Tegese, yaiku tembung kaanan padha karo tembung sing kadunungan kaanan mau,
upama:
latu → banter, ujiwala
toya → tawa, suci
danawa → galak

8. Guru jarwa
Tegese, yaiku tembung kang nduweni teges padha utawa kang saemper, upama:
raos → raras
retu → obah, wayang
basu → sawer

SINAU BASA JAWA |XI-B 41


Penget:
Kajaba pangrimbag kaya ing ndhuwur mau, uga ana tembung sing karimbag kaping pindho
utawa luwih.
Tuladha:
a. “utawaka” karimbag guru-wanda dadi “uta”, banjur karimbag maneh guru-warga, dadi
“ujel, nauti”.
b. “tri” karimbag guru-wanda dadi “estri”, banjur karimbag maneh guru-jarwa, dadi
“rana”.
c. “pancakara” karimbag guru-sarana dadi “jemparing”, banjur karimbag maneh guru-
darwa dadi “lungid”.
Mangkono sapiturute.

Pamrayoga:
Supaya ora agawe petenging surasa, becike nyingkiri tembung-tembung kang nduweni
surasa rangkep.
Upama:
a. “prakara pandhawa brata juda” ditegesi 1852.
Saka ukara kasebut bisa ditintingi maneh, yaiku “prakara” bisa saka “sikara” nduweni
watak loro, uga bisa saka “sarkara” awatak nenem. Tembung “brata” ditegesi wolu,
mirid saka tembung astha-brata, iku durung lumrah. Tembung “yuda” ditegesi watak
siji, iku uga durung kanthi bener, awit yuda iku tegese warna-warna, sing adhakan
dhewe perang tegese awatak telu, “dedamel” awatak lima.

Pratelaning Tembung-tembung kang Lumrah Kangge Sengkalan Kaurutake Adhedhasar


Dentawyanjana

A=H Da La
anauti 3 doh 0 luhur 0
indri 5 dahana 3 lona 6
indriya 5 dara 1 lan ula 8
anatan 0 dura 6 lentangana 2
analagni 3 dirada 8 lindhu 6
anembah 2 drasthi 2 locana 2
anebah 2 dresthi 2 lar 2
uninga 3 dik 4 lir 3
uningeng wiyat 0 dadi 4 loro 2
acala 7 dadiya 4 lek 1
her 4 das 0 ludra 9

SINAU BASA JAWA |XI-B 42


hru 5 dwi 2 luwih 1
ardi 7 dewa 9 lawang 9
urip 1 dwirada 8 lidah 6
artati 6 dwipa 8 lima 5
arum 9 dwipangga 8 liman 8
arga 7 dwija 7 leng 0
iku 1 dwara 9 lungid 5
eka 1 dipara 8 langit 0
akasa 0 dipangga 8
adoh 0 diyu 5 Pa
udan 4 pintu 9
udaka 4 Ta pandhita 7
awak 1 tahen 6 pandhawa 5
udaya 4 tan 0 panagan 8
uta 3 tanu 8 paningal 2
utawaka 3 tanpa 0 prawata 7
osik 6 tri 3 prabu 1
asta 2 trining rana 3 prabata 7
astra 5 tirta 4 prabatang 6
aswa 7 trus 9 paksa 2
astha 8 terusan 9 paksi 1
estha 8 trustha 9 pat 4
esthi 8 trusthi 9 pitu 7
awani 1 turangga 7 putra 1
hawa sesanga 9 teken 3 pawaka 3
awang-awang 0 tekeh 8 pawana 5
ula 8 tikta 6 pujika 3
ilat 6 taksaka 8 papat 4
ilang 0 tata 5 pejah 0
api 3 titihan 7 payudan 1,3,5
apasang 2 tawa 4 panca 5
apyu 3 tawang 0 pamase 1
ajar 7 tlaga 4 panganten 2
ujwala 3 talingan 2 pangrarasing nem 6
ujel 3 toya 4
oyag 6 toyadi 4 Dha
oyig 6 toyas 1 dhara 1
hyang 1 tunenga 0
oncat 0 tiga 3 Ja
ama 2 tebih 0 janma 1
imawan 7 tangan 2 jawata 9
amla 6 tunggal 1 jalanidi 4
ambuka 9 tunggang 7 jladri 4
agni 3 tungganganing 7 jaladri 4
gunung
obah 6 jemparing 5
athi-athi 2 Sa jagad 1
angin 5 sindu 4 jatha 3
angrong 9 suci 4
hangsa 7 sara 5 Ya
angleng 9 sare 5 yaksa 5
anggana 6 sirna 0 yaksi 5
anggagas 6 sirneng gagana 0 ya pipitu 7
anggusthi 8 sarkara 6 yoga 4
anggang-anggang 6 surud 0 yogi 7
anggangsir 9 sarpa 8 yuda 1,3,5

SINAU BASA JAWA |XI-B 43


suka 7
Na surya 1 Ma
naut 3 suku 2 maha 1
nauti 3 sikara 2 mandeng 2
nanda 9 suku loro 2 muni 7
nenem 6 siking 3 marna 4
nir 0 sad 6 manis 6
nekung 1 sudira 1 maruta 5
nadi 4 sadrasa 6 murti 8
nata 5 sat 0 marta 4
nata 1 siti 1 marga 5
netra 2 suta 1 margana 5
nis 0 sasa 1 murub 3
nawa 9 sasi 1 muka 9
nawa 4 swa 7 muksa 0
nala 3 swuh 0 medi 1
naya 6 swara 7 madura 6
nayana 2 swarga 0 madiya 8
niyata 1 swakuda 7 mata 2
nem 6 swiwi 2 matengga 8
nembah 2 suwung 0 masa 6
naga 8 salira 8 masuh 4
nabi 1 slira 8 musna 0
nebah 2 sapta 7 masuk 9
nabda 7 sujanma 1 mesat 0
nenga 0 saya 4 mla 6
suyati 7 muluk 0
Ca sonya 0 maletik 0
candra 1 samirana 5 mletik 0
carana 2 sumur 4 miyat 2
carem 6 semedi 1 manyawak 8
cakra 5 samodra 4 manjing 9
caksu 2 samudra 4 menga 9
caksuh 2 samadiya 8 mangsa 6
catur 4 sempal 0 mangesthi 8
catur juga 4 samaja 8 manggala 8
cala 7 sumber 4
segara 4 Ga
Ra sogata 7 gana 6
ro 2 sagunging das 0 guna 3
ron 1 sabda 7 ganda 9
rana 3 song 9 gandheng 2
rinaras 6 sanga 9 gunung 7
rananggana 3 sungu 2 gora 7
raras 6 giri 7
raksasa 5 Wa gati 5
rudra 9 we 4 gatra 9
rat 1 woh 4 gusti 1
retu 6 wahana impen 4 gawe 4
resa 6 wahana tunggangan 7 guwa 9
rusak 0 waudadi 4 galak 5
rupa 1 wani 1 guling 5
raja 1 windu 6 glinggang 6
rago 9 winaya 6 gulingan 5
rong 9 winayang 6 gapura 9
wening 4 gajah 8

SINAU BASA JAWA |XI-B 44


Ka warih 4 gagana 0
kaeksi 3 wrin 3 gung 7
kanem 6 warna 4
kanthi 2 wreksa 6 Ba
kori 9 warastra 5 bau 2
karna 2 warayang 5 bahni 3
karni 2 wrayang 5 bun 4
karnan 2 wak 1 bana 5
karta 4 wuk 0 benter 3
karti 4 wiku 7 brahma 8
kartika 1 weddha 3 brahmana 8
karaseng 6 weda 3 barakan 0
karya 4 wadana 9 brastha 0
karengiya 6 widik-widik 0 brama 3
kukus 3 wedang 4 bramanastha 8
kuda 7 wisikan 5 biksu 7
katon 3 wasita 7 biksuka 7
katingalan 3 wisaya 5 budi 1
kos 0 wwahana 4 badan 1
kaswareng 7 wiwara 9 budha 1
kusuma 9 wewolu 8 buta 5
kawruh 3 wwalang 0 butul 9
kalih 2 wil 5 basu 8
kilat 6 wulan 1 basuki 8
kilating kanem 6 wilasita 9 buweng 1
kaya 3 walang 0 bolong 9
kayu 6 weling 7 bedah 9
kiyasa 6 wulang 7 buja 2
kayasa 6 wiji 1 bujana 2
kaya lena 3 wiyat 0 bajra 5
kenya 1 wayang 6 bajul 8
kunjara 8 wignya 3 bujangga 8
kembar 2 wangi 9 baya 8
kombul 0 wong 1 bayu 5
kobar 3 wungkul 1 byoma 0
keblat 4 wungkulan 1 bumi 1
boma 0
Nga babahan 9
ngrengga 2 babaya 8
ngles 0
nggana 6
ngabekti 2

Pangetrapane sengkalan kang wis ana ing masarakat Jawa bisa katiti kaya ing ngisor:
Tuladha:

1. si/nail=ke/tni=bumi sirna ilang kertaning 0041→1400 AJ = 1478 AD


bumi
2. fWirsekSsinbFrtu dwi raseksa sinabda ratu 2571→1752 AJ = 1824 AD

3. [kozsHrumÑ|sumni=[b=os kongas arum kusumaning 0991→1990 AD


bangsa

SINAU BASA JAWA |XI-B 45


4. penerusTizlTti=nbi penerus tingal tating nabi 1529 AD

5. genirsf]iy[ak geni rasa driya eka 1563 AD

6. si/[n=ttpnDitsiwi sirneng tata pandhita siwi 1750 AD

7. [s=o[s=o[gorcnF` songsong gora candra 1799 AD

8. wikumemuji[zsQiswiji wiku memuji ngesthi 7781→1877 AJ = 1945 AD


sawiji
9. ni/s[fHsQini=aurip\ nir sad esthining urip 0681→1860 AJ = 1938 AD

10. nemBhmukSpuj=gji nembah muksa pujangga 2081→1802 AJ = 1873 AD


ji
11. si/ntt[asQini=[w=o sirna tata esthining wong 0581→1850 AJ = 1919 AD

12. wikuspT[zsQirtu wiku sapta ngesthi ratu 7781→1877 AJ = 1945 AD

13. luau/tt[zsQint luhur tata ngesthi nata 9581→1859 AJ

14. lwnSsÒ `[zsQimulY lawan sastra ngesthi 2581→1852 AJ = 1922 AD


mulya
15. gpurtu]sG |nni=jnMi gapura trus gunaning 9931→1399 AJ
janmi
16. fWingrstu=gl\ dwi naga rasa tunggal 2861→1682 AJ

17. ngrjanautSu/y naga raja anahut surya 1318 AD

Medhar Kawruh

NAMI KULA TEMEN, PAK

Ukara ing dhuwur iki awujud ukara krama.Yen dingokokake,


ukara iku dadi “Jenengku Temen, Pak”.Dadi, tembung nami ing ukara
mau ngramakake tembung jeneng.
Manut paugeran unggah-ungguhing basa, tembung ngoko
jeneng (utawa aran) iku yen di kramakake dadi nama (krama lugu
utawa krama lumrah) lan asma (krama inggil). Ananging ana
saperangan warganing masarakat sing duwe panganggep yen
tembung nama kuwi tembung krama sing luput, sing durung bener,
temah banjur didandani utawa dibenerake dadi nami.
Satemene tembung nama kuwi minangka tembung krama sing
wis bener, malah kalebu tembung krama sing baku. Yen tembung
sing wis bener iki diowahi kanthi ancas ndandani (awit dianggep
luput), asile malah dadi ora bener. Ndandani tembung sing wis bener,
sing malah ngasilake tembung kang dianggep SINAU luput, diarani46
iku |XI-B
BASA JAWA
hypercorrect (ndandani kang keliwat ing kad utawa keliwat ing wates).
Dadi, tembung name kuwi kena diarani tembung krama hypercorrect
(bener sing kladuk, sing kliwat saka ing wates).
Kajaba nami, tembung krama kang kalebu hypercorrect iku ana
GLADHEN
PENILAIAN AKHIR TAHUN

1. Wacanen kanthi setiti geguritan ing ngisor iki, banjur wangsulana pitakone!
WANITA UTAMA
Sunare kang padhang mawa panas kang makantar-kantar
lambang tekading ati kang greget lan mongkog
aweh pituduh kanggo para kaume
lelabuh marang bangsane
ora sranta angel arep nitik lan ngemperi lelakonmu
mung bisaku muni ing lathi
dhasar wanita utama kang sanyata
bisa njunjung drajad wanita kang sajajar marang pepadhane.
(Kanggo : Kartiniku 24-04-2010)

Isi kang kinandhut sajroning geguritan kanthi irah-irahan “Wanita Utama” kasebut, kajaba
....
A. nggambarake perjuangan sawijining wanita
B. nggambarake tekad lan greget sawijining wanita kang kuwat
C. nggambarake sawijining wanita kang bisa ngangkat drajad para kaume

SINAU BASA JAWA |XI-B 47


D. nggambarake wanita kang ora lelabuh marang bangsane
E. nggambarake sawijining wanita kang mbelani para kaume kang luput

2. Piweling (pesen) kang arep diblakakake dening panggurit sajroning geguritan kanthi irah-
irahan “Wanita Utama”, yaiku ....
A. aja mbedak-mbedakake kanca D. aja gampang ngremehake kanca
B. aja dhemen nggodha wanita E. wanita iku prelu diajeni lan dikurmati
C. aja tumindak kasar karo wanita

Gatekna pethikan crita klasik ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 3-4!
Kocap kacarita Sunan Prawata duwe sadulur wadon nama Ratu Kalinyamat. Iku
banget ora nrimakake sedane keng raka, banjur mangkat menyang Kudus saprelu nyuwun
pangadilan ing Sunan Kudus, sawise kepanggih sarta nyuwun adil. Wangsulanipun Sunan
Kudus: “kakangmu iku wis utang pati marang Arya Penangsang, dadi saiki mung weruh
nyaur bae”.
Ratu Kalinyamat mireng wangsulanipun Sunan Kudus kang kaya mangkono krasa lara
banget penggalihe, banjur mulih. Ing satengahing dalan dibegal utusane Arya
Penangsang, nganti garwane Ratu Kalinyamat disedani. Ratu Kalinyamat sanalika
memelas jalaran mentas kesedanan ing raka, banjur kesedan keng garwa. Dadi tansaya
prihatin banget. Sawise nandang pacoban kang kaya mangkono iku Ratu Kalinyamat
banjur mertapa wuda ing Wukir Danaraja. Tapihe yaiku rikmane kang kaore. Ratu
Kalinyamat prasetya ora gelem nganggo tapih selawase urip yen durung bisa siram jamas
karo getihe Arya Penangsang. Sang Ratu arep ngawula lan sakehing bandha donya bakal
diwenehake kabeh.
(Kapethik mawa owah-owahan saka: Memetri Basa Jawi, 1935: 10)

3. Paraga utama sajroning pethikan crita ing dhuwur, yaiku ....


A. Sunan Prawata D. Arya Penangsang
B. Ratu Kalinyamat E. Danaraja
C. Sunan Kudus

4. Tembung “disedani” sajroning crita ing dhuwur kasebut, tegese ....


A. dipateni D. diseneni
B. dilarani E. disenengi
C. disumpahi

Gatekna pethikan wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 5-6!
SAJEN JENANG-JENANGAN
Sajen jenang-jenangan sajrone ritual Jawa yaiku sesaji utawa sajen kang digunakake
kanggo mengeti prastawa tartamtu. Kayata lairan. Jenang utawa bubur iku minangka
ubarampe kang mesthi ana sajrone upacara lairan. Ubarampe iki dumadi saka jenang
putih, abang, baro-baro, lan pliringan kang siji lan sijine nduweni teges kang beda-beda.
Jenang putih lan abang nduweni teges minangka pralambang uripe manungsa iku
dumadi saka tirta mertane wong tuwane. Mula jenang abang iku nduweni teges ibu lan
jenang putih nduweni teges bapa. Anane jenang abang putih iku uga ora amung minangka
pralambang, uga minangka wujud pralambang kanggo ngurmati wong tuwa.
Saliyane jenang abang lan putih, ana rong jinis maneh jenang kang biasane
digunakake kanggo sesaji nalika upacara lairan, yaiku jenang baro-baro lan pliringan.
Jenang baro-baro iku jenang kang digawe saka bekatul lan ing ndhuwure diwenehi gula
jawa. Ubarampe jenang baro-baro iku ditegesi minangka pangurmatan marang kakang

SINAU BASA JAWA |XI-B 48


kawah lan adhi ari-ari kang metu bebarengan karo bayi lair. Dening leluhur wong Jawa,
kakang kawah lan adhi ari-ari dipercayani minangka sedulur gaib jabang bayi. Banyu
kawah utawa banyu ketuban dipercaya minangka sedulur tuwa, dene ari-ari utawa tembuni
dipercaya minangka sedulur enom utawa cilik. Kajaba minangka simbul sedulur gaib
jabang bayi, ubarampe jenang baro-baro uga kanggo tulak balak.
Jinise jenang paling keri yaiku jenang pliringan. Jenang iki digawe saka beras kang
separo putih lan separo maneh abang. Jenang pliringan kanggo pangurmatan marang
panguwasane dharatan lan segara. Ancase kita minangka manungsa urip ing donya iku
ora mung manungsa thok, nanging uga ana makhluk gaib liyane. Mula kanthi anane
jenang pliringan iki diajab manungsa bisa urip bebarengan karo makhluk gaib minangka
titahing Gusti.
(kapethik saka: http://id.wikipedia.org/wiki/sajen_jenang-jenangan)

5. Gagasan pokok saka wacan ing dhuwur, yaiku ana ing ....
A. paragraf 4 D. paragraf 3
B. paragraf 2 E. paragraf 1 lan 4
C. paragraf 1

6. Dudutan saka wacan ing dhuwur, yaiku ....


A. sajen jenang sing paling penting yaiku jenang putih amarga pralambange uripe
manungsa.
B. sajen jenang mesthi ana ing samubarang kegiyatan sajrone ritual Jawa.
C. sajen jenang akeh sing padha ngarani bubur.
D. sajen jenang sajrone ritual Jawa yaiku sesaji utawa sajen kang digunakake kanggo
mengeti prastawa tartamtu kang jinise warna-warna kayata jenang putih, abang,
baro-baro, lan pliringan.
E. sajen jenang pliringan jenang kang digawe saka bekatul lan ing ndhuwure diwenehi
gula jawa.

Gatekna pethikan wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 7-8!
Omah minangka salah sawijining kabutuhan pokok manungsa, saliyane sandhang
lan pangan. Omah tumrape masarakat Jawa iku nggambarake status sosiale wong kang
nduweni, mligine omah tradhisional. Tegese, menawa omah tradhisional iku nduweni
makna simbolis lan kultural tartamtu. Semono uga karo omah tradhisional Jawa kang
nduweni titikan kang mligi (khusus). Sistem bangunan Jawa bisa kaperang utamane saka
payon lan perangane bangunan kasebut.
Omah tradhisional Jawa bisa kaperang dadi limang bangunan pokok, yaiku
panggang pe, kampung, limasan, joglo, lan tajug. Omah-omah kasebut duwe jinis payon
kang ora padha, kang nuduhake kalungguhane kang duwe omah. Tuladhane kapisan kaya
omah panggang pe, nduweni bangunan dhasar persegi kang paling ringkes. Omah jinis iki
dianggo dening golongan rakyat biasa.
Kapindho, yaiku omah kampung, nduweni bangunan payon rong sisih kang
kagandheng ing ndhuwure bae. Omah jinis iki uga akeh dianggo dening rakyat biasa.
Katelu, yaiku omah jinis limasan, minangka omah asiling pangrembakane (perkembangan)
bangunan omah kampung. Omah jinis iki dianggo dening golongan menengah. Kapapat,
yaiku omah joglo, omah jinis iki satemene mirib karo omah jinis limasan, nanging sajroning
omah joglo dijangkepi saka guru (tiang penyangga utama). Kaluwihane joglo yaiku
manggon ing 4 saka guru (tiang penyangga utama) kang nopang bangunan omah. Omah
jinis iki dianggo dening golongan ningrat.
Kang pungkasan, yaiku omah tajug, omah jinis iki nduweni konstruksi atap kang
lincip. Bangunan jinis tajug akeh-akehe digunakake kanggo mesjid utawa langgar. Saka
sakehing jinis omah Jawa tradhisional mau, sing dianggep nduweni tipe idheal yaiku omah
jinis joglo. Ing omah jinis joglo kaperang dadi 3 perangan pokok, yaiku pendhapa,

SINAU BASA JAWA |XI-B 49


pringgitan, lan dalem. Saliyane iku, omah jinis joglo uga nuduhake status sosiale wong
sing nduweni omah iku dhuwur, yaiku kanggo golongan ningrat.

(Kapethik mawa owah-owahan saka: Basa Jawa kang Nyenengake, SMA/SMK/MA Kelas X)

7. Adhedhasar wacan ing dhuwur, jinis-jinise omah tradhisional Jawa bisa kaperang dadi 5,
yaiku ....
A. panggang pe, kampung, limasan, joglo, lan pendhapa
B. panggang pe, kampung, limasan, joglo, lan pringgitan
C. panggang pe, kampung, limasan, joglo, lan dalem
D. panggang pe, kampung, limasan, joglo, lan gedhong
E. panggang pe, kampung, limasan, joglo, lan tajug

8. Dudutan kang bisa diandharake saka wacan ing dhuwur, yaiku ....
A. omah tradhisional Jawa nuduhake status sosiale wong kang nduweni, dene tipe
omah tradhisional Jawa kang idheal, yaiku omah jinis joglo.
B. omah tradhisional Jawa kaperang dadi 3, yaiku pendhapa, pringgitan, lan dalem.
C. omah Joglo nuduhake status sosiale wong kang nduweni golongan ningrat
D. omah minangka salah sawijining kabutuhan pokok manungsa, saliyane sandhang lan
pangan.
E. omah tajug, omah jinis iki nduweni konstruksi atap kang lincip, bangunan jinis iki
akeh-akehe digunakake kanggo mesjid utawa langgar.

Gatekna pethikan wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 9-10!
Kacariyos wonten satunggaling randha nama Calon Arang ingkang papan
dunungipun wonten ing desa Girah. Calon Arang punika sampun misuwur gadhah ngelmu
paneluhan. Nyi randha anggadhahi putri satunggal kanthi nama Ratna Manggali. Ngantos
dumugi diwasa Ratna Manggali boten wonten ingkang wantun nglamar amargi sami ajrih
kaliyan biyungira ingkang anggadhahi watak sugal, kejem sarta tegan. Kahanan makaten
punika anjalari nyi randha duka yayah sinipi. Nuju sawijining dinten Calon Arang damel
prahara, inggih punika ngawontenaken teluh ing nagari sarta andamel pageblug. Kathah
para warga ingkang sami sakit ing enjing sontenipun pejah utawi sonten sakit enjing pejah.
Sedaya sami tintrim boten saged punapa-punapa.
Mangertosi kahanan punika Prabu Erlangga ing Kadhiri ngutus juru nujum kadhaton
supados madosi sabab musabipun prahara punika. Sang juru nujum angendika bilih
ingkang njalari pageblug punika inggih menika nyi randha saking Girah nama Calon Arang.
Nunten sang prabu Erlangga ngutus para punggawa supados nglurug dalemipun Nyi
randha. Para wadya bala sami kasoran ing jurit anggenipun mengsah Nyi randha.
Kahanan nagari tansaya risak amargi kenging dayanipun teluh nyi randha, sanalika sang
prabu minta saraya dhumateng empu Baradhah kangge musnahaken nyi randha. Kanthi
lelimbangan lan tetimbangan ingkang matis, sang empu pados daya upaya supados saged
ngasoraken nyi randha. Sang empu nuli ngutus empu Bahula minangka siswanipun
supados nggarwa putrinipun Nyi randha inggih punika Ratna Manggali.
Sakdangunipun dados putra mantu dhateng Nyi randha ing Girah, Empu Bahula
madosi sisik melik punapa ingkang dados pethinganipun Nyi Randha, wauta sang Bahula
mangertosi jimat arupa mantra pethinganipun Nyi Randha ngantos salajengipun Nyi
randha saged dipunpejahi dening empu Baradhah. Pejahipun Nyi Randha Calon Arang
adamel jagat ewah padhang njingglang kados ing sakawit, sakathahing teluh sami ical

SINAU BASA JAWA |XI-B 50


tiyang padhesan kathah sami wangsul dhateng griyanipun piyambak-piyambak kanthi suka
parisuka.
(Kapethik saka: Calon Arang-R.Wiradat 1935)

9. Paraga utama sajroning pethikan crita ing dhuwur, yaiku ....


A. Prabu Erlangga D. Ratna Manggali
B. Empu Bahula E. Nyi Randha Calon Arang
C. Empu Baradhah

10. Piweling (pesen) kang kinandhut sajroning crita ing dhuwur, yaiku ....
A. dadi wong iku aja seneng gawe susah lan rusaking liyan
B. dadi wong sing migunani kanggo wong liya
C. elmu iku kudu digunakake kanthi becik
D. dadi wong iku aja mung nguja hawa napsu
E. dadi wong iku kudu sing sareh lan sabar

Setitekna tembang ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 11-14!
PANGKUR
Sing padha wedi mring Allah
(.......................................................................)
kepriye wedine iku
mituhu sadhawuhnya
(.......................................................................)
nyegah sakehing larangan
netepi kang dadi wajib

11. Ganepe cakepan saka gatra-gatra kang rumpang sajroning tembang macapat ing dhuwur
kang trep miturut paugerane, yaiku ....
A. (ingkang nitahake bumi langit) D. (nitahaken langit karo bumi)
(lumantare marang Nabi Rasul) (lantarane para Nabi lan Rasul)
B. (kang nitahken bumi kalawan langit) E. (nitahken bumi kalawan langit)
(kang lumantar mring para Nabi lan Rasul) (kang lumantar para Rasul)
C. (nitahaken bumi langit)
(saranane para Nabi lan Rasul)
12. Isi tembang macapat ing dhuwur mau, yaiku ....
A. nggambarake supaya manungsa tansah njaga kuwajibane dhewe-dhewe marang
Gusti Allah.
B. nggambarake sawijining siksa kang bakal ditampa dening manungsa kang nerak
wewalere Gusti Allah.
C. nggambarake pangajak marang manungsa supaya tansah eling marang Gusti Allah,
kanthi cara ngedohi sak-akehe larangan lan tansah netepi kuwajibane.
D. nggambarake yen manungsa akeh lupute lan asring nerak wewalere Gusti Allah.
E. nggambarake sawijining pituduh (petunjuk) kanggo manungsa supaya mertobat.

13. Intine piweling (pesen) sajroning tembang Pangkur ing dhuwur mau, yaiku ....
A. menehi bebendu marang manungsa kang tumindak mursal (wani mbangkang)
B. menehi pituduh (petunjuk) marang manungsa supaya tansah ikhtiyar marang Gusti
Allah kanthi cara ngedohi sakehing larangan lan nindakake apa kang dadi
kuwajibane.
C. menehi piwulang marang manungsa kang gelem mertobat.
D. menehi pidana marang manungsa kang ora gelem ngayahi kuwajibane.
E. menehi panglipur marang manungsa supaya ora gampang susah ing alam donya.

14. Kasalarasane (relevansi) saka tembang Pangkur ing dhuwur tumrap jaman saiki, yaiku
....
A. manungsa padha akeh sing nglali marang Gusti Allah, padha seneng padudon ing
antarane siji lan sijine arebut benere pribadi sarta kanggo kabutuhane pribadi.
B. manungsa padha akeh sing mertobat marang Gusti Allah, tanpa ana padudon.

SINAU BASA JAWA |XI-B 51


C. manungsa padha ngurusi pakaryane dhewe-dhewe tanpa gelem weweh marang
liyane.
D. manungsa padha pasrah bongkokan marang Gusti Allah.
E. manungsa padha ora gelem nindakake tetulung marang liyan.

Setitekna wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 15-20 !
nzi=[ynSirgegurukki
amilihamnu=sk=vt
ai=k=becikM/tb[tT
s/tk=w(hai=kukum\
k=zibfhlnK=wir=zi
[soku/[ao[lh[w=otp
aiyk=wusM|=kul\
tnMiki/pi[w[whai=l-n\
aikupnTesSirgu[ronNnkki
s/t[nkw(hair

(Kapethik saka: Serat Wulangreh anggitane Sri Pakubuwana IV)

15. Titikane tembang macapat, yaiku isih kaiket dening ....


A. guru gatra, guru wilangan, lan guru swara
B. guru gatra, guru wilangan, lan guru sastra
C. guru gatra, guru sastra, lan guru swara
D. guru gatra, guru sastra, lan guru basa
E. guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu

16. Paugeran saka tembang ing dhuwur mau, yaiku ....


A. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
B. 10e, 10o, 8e, 7u, 9i, 7o, 6o, 8o, 12i, 7o
C. 11e, 10o, 8e, 7u, 9i, 7o, 6o, 8o, 12i, 7o
D. 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
E. 8i, 8a, 8o, 8a, 7a, 8u, 8a

17. Jinise tembang mawa aksara Jawa ing dhuwur mau, yaiku ....
A. Megatruh D. Gambuh
B. Dhandhanggula E. Asmarandana
C. Pangkur

18. Watake tembang sajroning wacan ing dhuwur, yaiku ....


A. prakosa, semangat, kaku D. susah, sengsem, kangen, prasaja
B. susah, keranta-ranta, kuciwa, gela E. mbabar kawruh, cetha, tanpa ragu-ragu
C. manis, luwes, sarta cocog

19. Tembung “sir” saka tembang ing dhuwur mau tegese, yaiku ....
A. kowe D. aja
B. wong E. aku
C. niyat

20. Ukara “tnMiki/pi[w[whai=l-n\ ” saka tembang ing dhuwur nduweni teges, yaiku ....
A. tansah mikirake piwewehe liyan D. tansah ngarep-arep piwewehe liyan
B. tansah mikirake kaanan gurune E. ora ngarepake piwewehe wong liya
C. ora mikirake wong liya

21. Pranatacara yaiku wong kang nduweni jejibahan (tugas) … lakune adicara.
A. nyusun, ngawat-awati lan njaga D. nganakake lan ngawat-awati
B. nyusun, ngatur, lan nganakake E. ngatur lan nganakake
C. nyusun, ngatur, lan nglantarake

SINAU BASA JAWA |XI-B 52


Gatekna teks wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 22-25!
a. Nugraha saha sih wilasanipun Gusti Ingkang Mahaagung, mugia tansah anggung
cumundhuk wonten ing jiwangga kula panjenengan sedaya. Assalamu’alaikum
warahmatullahi wabarakatuh
b. Saderengipun kula ngaturaken sakedhik uneg-uneg kula mliginipun kagem para
kadang kawula mudha, sumangga kula panjenengan sesarengan ngaturaken pudya
pangastungkara dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paring idi saha palilah
saengga kula panjenengan sedaya saged makempal wonten ing adicara punika
kanthi kairing kabagaswarasan.
c. Makaten andharan saking kula, mugi-mugi wonten gina paedahipun ingakathah
mliginipun kagem kawula mudha minangka dados tetungguling bangsa. Jenang sela
wader kali sesondheran apuranta menawi wonten lepat kula, santen toyaning kelapa
cekap semanten atur kula. nuwun

22. Perangan teks wacan a) ing tanggap wacana iku diarani ….


A. aturake jejibahane utawa ayahane D. salam pambuka (uluk salam)
B. wigatining adicara E. salam panutup
C. atur kasugengan, kairing atur panuwun kangge para tamu

23. Perangan teks wacan b) minangka perangan saka ....


A. atur pangapura D. dudutan (simpulan)
B. aturake jejibahane utawa ayahane E. atur puji sokur dhateng Pangeran
C. salam pambuka

24. Dene perangan c) minangka perangan saka .....


A. aturake salam pambuka D. pangarep-arep
B. atur pangapura E. dudutan (simpulan)
C. aturake jejibahane utawa ayahane

25. Tegese tembung “andharan”, sajroning teks wacan perangan c) saka sesorah kasebut,
yaiku ....
A. katrangan kang jlentreh D. penawaran
B. usulan E. pangarep-arep
C. pamrayoga (saran)

26. ? p+hrufinHnkÑÂaisepuh. yen katulis mawa aksara Latin, yaiku ....


A. Fahrudin anak kyai sepuh D. Pahrudin anake kiai sepuh
B. Fahrudin anake kyai sepuh E. Pahrudin anake kyai sepuh
C. Pahrudin anak kiai sepuh

27. Jajane akeh kayata: jenang, jadah, lan roti. Ukara kasebut yen ditulis
mawa aksara Jawa, yaiku ....
A. ? jj[nNa[khkyt:[jn=,jfh,l[nRoti.
B. ?jj[na[khkyt:[jn=,jfh,l[nRoti.
C. ? jj[nNa[khkyt:jen=,jfh,l[nRoti.
D. ? jj[na[khkyt:jen=,jdh,l[nRoti.
E. ? jj[nNakehkyt:[jn=,jfh,l[nRoti.

Wacanen crita klasik mawa aksara Jawa ing ngisor iki kanthi patitis kanggo mangsuli
pitakonan nomer 28-31!
?rtuk=Xmubzet\,

SINAU BASA JAWA |XI-B 53


?kcritai=jmnBi[ynHnrtuk=Xmubzet\autusSnNimBlLidukunK=wi
sMisuwu/pinTe/.bx=duku[nN[sown\s=p]buzenFikm=[k[n;[a,du
kunHp[ko[wbiszusfniai=sun\[ko[wsu
muru[pD[w,slirni=sunB=zet\Xmu[n.[cobausfnn,
supyffikuru.auvJ|[kKdukun\;gusTi,gerhnnFXmPuniksmPunMfl
JmPi;nnFXmB[d[sfai=sXbetTipun\;40;finTenPunik.midzetHuv
J|[kKdukunM=[ko[noaiku,s=p]buke[jo
tP=glih[a,p=znFik[nN;[a,dukun\mnwauvJ|kM|[for,
[ko[wmesQiai=sunPt]pPiaukumPti.dukunM|vJ|kSenFik,bvJ/|m
unF|/.bx=wis\;40;fin,s=p]bu[aor[sf,mu=slir[nffiker.s=p]
buautusSnNimBlLidukunM[nh.bx=dukunWi
[sSown\fizenFiknNim=[k[n;[a,dukun\sm_[ko[ko[wnefai=sunP
t]pPiaukumKiss\am/gkumwnimuvJ|[kFormr=ai=sun\,
?auvJ|[kKdukun\;gusTi,kwuni=zn,gerhnnFXmPunikausfnipu[n
Bote[nWonTenS[ns\kjwinmu=su=kw.midzetHuvJ|[kKdukunM=[ko
[noaiku,s=p]bubzetKxnnHi=p=glih.s=dukunBvJ/|fipri=zigvJ
/rnW/nw/nk=ge[dpzji[n.
(Kapethik mawa owah-owahan sawetara saka: Memetri Basa Jawi, 1979: 10)

28. W acan aksara Jawa ing dhuwur mujudake ....


A. crita modheren D. crita mancanegara
B. crita kewan E. crita wujud tembang
macapat
C. crita lawas wujud gancaran

29. Irah-irahan saka wacan ing dhuwur mau, yaiku ....


A. Ratu kang loma banget D. Ratu kang lemu banget

B. Ratu kang rusuh banget E. Ratu kang tekun banget


C. Ratu kang kuru banget

30. Paraga utama kang ana ing crita kasebut mau, yaiku ....
A. s=ptiih D. prmniÒ`
B. kidukun\ E. prp[zrn\
C. [snptik][ton\

31. Tembung “misuwur” sajroning crita ing dhuwur tegese, yaiku ....
A. kondhang (terkenal) D. tuwa
B. sekti E. enom
C. wengis
Gatekna pethikan wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 32-35!
PRAU WISATA KOBONG ING TELUK JAKARTA
Prau wisata Zahro Express kobong ing teluk Jakarta, ing dina Minggu (01/01/’17),
kang njalari kurban tiwas kehe 23, lan 17 liyane isih ilang. Informasi kang ditrima Badan
Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD) DKI Jakarta, ana 194 penumpang slamet, ujare
Sepli Madreta saka BPBD DKI Jakarta marang BBC Indonesia. Dheweke uga nambahi
ana 9 kurban kang saiki isih dirawat ing Rumah Sakit Atmajaya, Jakarta Utara. “banjur isih

SINAU BASA JAWA |XI-B 54


ana 17 wong sing nganti tumeka saiki durung ditemokake”, ujare Sepli. Manifes data
penumpang nuduhake ana 100 penumpang ing njerone prau Zahro Ekspres, nanging juru
bicara Badan Nasional Penanggulangan Bencana (BNPB) Sutopo Puro Nugroho
nyatakake dhata iku nyata kliru. Diyakini prau iku mau nggawa udakara 230 penumpang.
Sutopo nyatakake pihake lagi nggoleki kurban kang ilang.
Kadadean insidhen kobongan prau iki udakara dumadi jam 09.15 WIB kang adohe 1
Mil saka Pelabuhan Muara Angke, Jakarta Utara, ujare Kepala Dinas Penerangan Armada
Barat TNI AL, Mayor Laut, Budi Amin. “personel TNI AL kang ana ing sacedhake lokasi
langsung nyedhaki prau kasebut lan ngleremake geni,” ujare Budi marang BBC Indonesia.
Miturute, prau kasebut arep tumuju menyang Pulo Tidung, Kepulauan Seribu, kanggo
wisata. Saiki, KM Zahro Express wis dievakuasi menyang dermaga Pelabuhan Muara
Angke, Jakarta Utara. Kapal iku kondhisine angus kobong, durung weruh apa kang dadi
jalarane. Sawenehe lapuran nyebutake geni asale saka hubungan arus pendek (korsleting)
sajroning generator.
(kapethik lan kaolah maneh saka: www.bbc.com)

11. Kang dadi punjere rembug sajroning pawarta ing dhuwur, yaiku ....
A. kapal mabur kobong D. kapal selam kobong
B. prau kobong E. Sepur kobong
C. prau diobong

32. Kapan kadadean musibah sajroning pawarta iku mau ....


A. Minggu (01/01) 2016 D. Slasa (01/12) 2016
B. Minggu (01/12) 2016 E. taun kepungkur
C. Minggu (01/01) 2017

33. Asil tapsiran sawetara kang njalari Prau Zahro Express, yaiku ....
A. kaluwihan penumpang D. prau bocor
B. kaluwihan barang E. korsleting generator
C. mesin rusak

34. Sapa sejatine Sutopo Puro Nugroho, kang nyatakake dhata manifes
penumpang kliru, yaiku ....
A. Syahbandar Muara Angke D. Kepala BPBD DKI Jakarta
B. Reporter BBC Indonesia E. Kepala RS Atma Jaya
Jakarta
C. Kepala BNPB

35. Crita wayang purwa ing tanah Jawa iku asale saka negara India, kang kabesut saka
babone, yaiku kitab ....
A. Mahabharata lan Sutasoma D. Ramayana lan Nagarakertagama
B. Ramayana lan Mahabharata E. Mahabharata lan Nagarakertagama
C. Ramayana lan Sutasoma

Gatekna pethikan wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 37-40!
BIMA BUNGKUS
Raden Bratasena utawa kang sinebut Raden Werkudara iku satriya kang gagah prakosa. Ananging
rikala lair Raden Bratasena awujud bungkusan kang atos. Rama lan ibune Raden Bratasena yaiku Prabu
Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi wis ngupayakake manekawarna kanggo mbedhah bungkus kasebut.

SINAU BASA JAWA |XI-B 55


Nanging pranyatane ora kasil babar blas. Saka kadadeyan iki Begawan Abiyasa paring prentah supaya
bungkus mau dibuwang ing alas Setragandamayit.
Alas Setragandamayit iku alas kang wingit lan isih akeh kewan galake. Kanthi mangkono si bungkus
diajab bisa kabedhah dening kukune lan untune kewan ganas. Nanging pangupaya iku ora kasil, malah akeh
kewan kang kukune lan untune tatas amarga nyoba mbukak bungkus kasebut.
Kanthi rasa prihatin lan tansah memuji marang Gusti Kang Murbeng Dumadi kang ditindakake dening
Prabu Pandhu lan para sentana dalem kraton Astina, gawe krentege para dewa kanggo cawe-cawe
mbedhah bungkus mau. Ringkesing crita bungkus bisa kabedhah dening gajah Sena kang diutus dening
dewa. Saka kadadeyan iki, Raden Bratasena lair lan manjilma dadi satriya kang gagah prakosa.
(Kapethik saka: Modul Pengayaan Bahasa Jawa X)

36. Paraga wayang Bima iku putrane Prabu ....


A. Gajah Sena D. Destarastra
B. Abiyasa E. Madrim
C. Pandhu Dewanata

37. Begawan Abiyasa paring prentah supaya mbuwang bungkus menyang ....
A. Setragandamayit D. Kahyangan para dewa
B. Setragandarasa E. Dwarawati
C. Astina

38. Piweling (pesen) saka lakon crita wayang “Bima Bungkus” ing dhuwur, yaiku ....
A. perjuwangan uripe wong cilik.
B. kuwajiban lan perjuwangane wong tuwa kanggo anak lan kulawargane.
C. sangsarane urip ing alam donya.
D. kuwajiban tansah menehi tetulung marang liyan.
E. manungsa supaya tansah eling lan waspada.

39. Pagelaran lakon wayang bisa dadi salah sawijine sarana panggulawenthah ing babagan
moral lan kautaman, jalaran ....
A. pagelaran wayang kang maneka-warna jinise bisa nambahi kawruh tumrap para
mudha.
B. pagelaran wayang mujudake sarana dramatisasi teks crita wayang saka negara
manca.
C. pagelaran wayang bisa mujudake sarana kanggo nikelake devisa negara.
D. pagelaran wayang ora mung asipat tontonan, nanging uga mujudake tatanan lan
tuntunan tumrap panontone.
E. pagelaran wayang purwa mujudake piwulang agama kang laras karo dhasare
negara.

40. Pak Carik tindak dhateng Jakarta numpak taksi, dene Pak Modin nembe rawuh saka
A B C D E
Ponorogo. Sajroning ukara kasebut ana tembung-tembung kang durung trep utawa
durung cundhuk kalawan unggah-ungguh basa, yaiku ....
A. A, B, lan D D. C lan D
B. A, C, lan D E. C lan E
C. D lan E

41. Ibu ... dhateng Nganjuk ... sepedha montor ... ibu.
Ceceg-ceceg sajroning ukara ing ndhuwur yen dijangkepi nganggo unggah-ungguh kang
trep, yaiku ....
A. kesah, nitih, kaliyan D. tindak, numpak, karo
B. kesah, nitih, karo E. tindak, numpak, kaliyan
C. tindak, nitih, kaliyan

SINAU BASA JAWA |XI-B 56


42. Mas Danang, tulung ulem-ulem iki … bapak Kepala Sekolah. Ceceg-
ceceg ing ukara kasebut bisa trep manut unggah-ungguhing basa,
menawa kaisi tembung ….
A. aturna D. gawakna
B. paringna E. wenehna
C. unjukna

43. Kala wingi sore ibu tumbas jampi kangge sakit padharan. Sajroning ukara
A B C D E
kasebut ana tembung-tembung kang durung trep utawa durung
cundhuk kalawan unggah-ungguhing basa ragam krama alus, yaiku ....
A. A, B, lan C D. A lan B
B. A, B, lan D E. A lan D
C. A, B, lan E
44. Gatekna tembung (leksikon) ing ngisor iki kanthi premati!
1) omah 5) spidhol
2) kursi 6) keris
3) cendhela 7) sega
4) kulkas 8) banyu
Sing kalebu leksikon netral saka tembung-tembung mau, yaiku ....
A. (1), (2), (3), lan (5) D. (1), (3), (6), lan (8)
B. (1), (2), (4), lan (8) E. (1), (6), (7), lan (8)
C. (2), (3), (4), lan (5)

45. Panjenengan yen kersa badhe kula paringi. Ukara kasebut kang bener
miturut unggah-ungguhing basa kang trep, yaiku ....
A. panjenengan menawa kersa ajeng kula sukani
B. panjenengan menawi kersa ajeng kula paringi
C. panjenengan menawa purun ajeng kula sukani
D. panjenengan menawa kersa badhe kula paringi
E. panjenengan menawi kersa badhe kula sukani

46. Gatekna andharan ing ngisor iki kanthi setiti!


1) adhik 5) boten
2) Pak Dhe 6) ora
3) teka 7) sida
4) rawuh 8) siyos
Rerangkening tembung-tembung ing dhuwur, menawa kasusun
adhedhasar unggah-ungguhe basa ragam krama alus sing bener, yaiku ....
A. (1), (6), (7), lan (3) D. (2), (5), (8), lan (4)
B. (1), (5), (8), lan (3) E. (2), (6), (7), lan (4)
C. (1), (5), (7), lan (4)

Wacanen teks tembang ing ngisor iki kanthi patitis, kanggo mangsuli pitakonan nomer 47-
50.

AJA LAMIS
(dening: Ki Nartasabda)
aja sok gampang janji wong manis, yen ta amung lamis

SINAU BASA JAWA |XI-B 57


becik aluwung prasaja nimas, ora agawe cuwa
tansah ngugemi tresnamu wingi, jebul amung lamis
kaya ngenteni thukule jamur, ing mangsa ketiga
aku iki prasasat lara tan antuk jampi
mbok aja amung lamis, kang uwis, dadine banjur ndhridhis
akeh tuladha kang dhemen cidra, uripe rekasa
pilih sawiji endi kang suci, kanggo bisa mukti.

47. Yen ta amung lamis


Tembung kang kacithak kandel kasebut, tegese ....
A. janji D. seneng
B. omong E. blaka
C. lair lan batine ora padha (mblenjani)

48. Isi saka tembang “Aja Lamis” kasebut, yaiku ....


A. nggambarake uripe wong cilik kang lagi nandhang pacoban.
B. nggambarake wong kang seneng nyidrani janji.
C. nggambarake wong kang uripe rekasa.
D. nggambarake uripe wong lumuh.
E. nggambarake wong kang ngenteni jamur ing mangsa ketiga.

49. Piweling saka tembang kasebut, yaiku ....


A. aja seneng mblenjani janji D. aja gampang pasrah ngalah
B. aja gampang ngremehake E. aja seneng menehi janji
D. aja gampang kasmaran
50. Sapa sing ngripta lagon “Aja Lamis” kasebut, yaiku ....
A. Ki Manteb Sudarsono D. Ki Rudi Gareng
B. Ki Anom Suroto E. Ki Enthus Susmono
C. Ki Nartasabda

B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi cetha lan bener!

DUDU RUMUS MATEMATIKA


Esemmu
Kedheping mripatmu kang gilar-gilar
Dhekiking pipi lan ndamising lathi tipismu
Dudu rumus matematika
Kang angel diapalake
Nanging ing kono
Malah angel dilalekake
(Kapethik saka: Kalawarti Pendhidhikan Jemparing ed 07/2012)

1. Apa tema lan isine geguritan kanthi irah-irahan “Dudu Rumus


Matematika”?
2. Sebutna rantaman upacara adat ing adicara panggih manten.
3. Ing jaman saiki akeh owah-owahan kang ana ing sajrone upacara adat
Jawa, ing antarane bisa ditemoni sajroning ubarampe lan sajen. Ing
upacara adat tedhak siten, manekawarna ubarampe nalika si bocah arep
SINAU BASA JAWA |XI-B 58
ngidak jadah pitu kang kudune awerna abang, putih, ireng, kuning, biru,
ungu, lan jambon. Nanging, saiki bahan panggawene mung arupa jadah
putih, dene werna-werna mau mung arupa kertas kang arupa abang,
ireng, kuning, biru, ungu, lan jambon minangka dadi buntel jadah putih
mau supaya dadi manekawarna rupa. Mungguh miturut panemumu,
kepriye kaanan kaya mangkono mau?
4. Apa wae sangune dadi pranatacara iku?
5. Coba gawea ringkesan cengkorongane sesorah sarta peprincene.

?sug_mk/y.

Tembung Becik

CRAH AGAWE BUBRAH


RUKUN AGAWE SANTOSA

(Permusuhan menimbulkan kerusakan, kerukunan


membentuk kesentosaan)
crah = pertikaian, pertengkaran, permusuhan
agawe = membuat, membentuk, menimbulkan
bubrah = kerusakan, kehancuran
rukun = rukun, kerukunan
agawe = membuat, membentuk, menimbulkan
santosa = sentosa, kesentosaan, kekuatan

Unen-unen iku mau ngandhut pitutur utawa wewarah, supaya


wong iku tansah njaga karukunan utawa tansah nyawiji ing
antarane siji lan sijine supaya dadi kukuh bakuh. Bab iki bisa
diupamakake kaya dene sapu korek. Ing endi sapu korek iku
dumadi saka sada-sada kang nyawiji banjur bisa nduweni
kakuwatan sarta piguna utawa paedah kang murakabi, dene
yen sada-sada mau wudhar,sakala dayane surut lan
gampang diputungake.
SINAU BASA JAWA |XI-B 59
(Kabesut saka: Ungkapan Tradisional DIY, 1985: 69)
KAPUSTAKAN

Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. 1985. Ungkapan Tradisional Sebagai


Sumber Informasi Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta. Jakarta:
Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.

Hadiwidjana, R.D.S. 1967. Tata-Sastra. Jogja: UP. Indonesia.

Harymawan, R.M.A. 1986. Dramaturgi. Bandung: Rosda Karya.

Poedjasoedarmo, Soepomo. 1979. Tingkat Tutur Bahasa Jawa. Jakarta:


Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.

Poerwadarminta, W.J.S. 1935. Baoesastra Djawa. Batavia: JB. Woelters.

Prabowo, Dhanu Priyo, lkk. 2010. Ensiklopedi Sastra Jawa. Yogyakarta: Balai
Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta.

Saputra, Karsono H. 2010. Sekar Macapat. Jakarta: Wedatama Widya Sastra.

Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2007. Unggah-Ungguh Bahasa Jawa. Jakarta:
Paramalingua.

Sukarman (edhitor). 2015. Sastri Basa: Kanggo SMA/SMK/MA/MAK Kelas XI.


Surabaya: Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur.

Sutikno.2005. Sinau Unggah-Ungguh Basa Jawa. Tanpa kutha: Kapeka Tunggal.

SINAU BASA JAWA |XI-B 60


Tim. 1953. Candrasengkala: Ringkes Sampurna (Diktat). Madiun: Sriwidjaja.

PRIBADI BINUKA

B
ambang Santoko, lair ing Tulungagung, 1 Januari 1987. Sawise ngrampungake pasinaone
ana ing salah sawijining universitas negeri kang ana ing kutha Surabaya banjur nutugake
anggone ngudi kawruh ana ing salah sawijine universitas negeri kang ana ing kutha Surakarta
lan lulus taun 2014. Pakaryane saiki minangka GTT Basa Jawa ing SMAN 1 Karangrejo
Tulungagung, uga ngrangkep dadi Dosen Luar Biasa ing Jurusan PGSD Fakultas Keguruan lan Ilmu
Pendhidhikan Universitas Muhammadiyah Malang (UMM) wiwit taun 2014-2018 kanthi ngemban
mata kuliah Seni Budaya Jawa. Ing babagan olah kasusastran asil karya guritane uga nate kapacak
ana ing Kalawarti Pendhidhikan Jemparing lan Panjebar Semangat kanthi sesinglon ki demang
sontoloyo. Buku kang wis kasil tinulis [durung kababar] ing antarane yaiku: 1. Cathetan Sawetara
Prasasti ing Jawa Wetan; 2. Bothekan: Antologi Geguritan Jawa; 3. Sastra Kawedhar: Sinau
Kasusastran Jawa Gagrag Anyar; 4. Seneng Basa Jawa X; 5. Sinau Basa Jawa XI; lan 6. Ngerti Basa
Jawa XII.

Alamat : Jl. Kawi 09 Ds. Sidårejå Kec. Kauman Kab. Tulungagung (66261)

HP : 081 333 399 733/081 131 325 95

Email : b.santoko2@gmail.com

SINAU BASA JAWA |XI-B 61


Cathetan:

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

SINAU BASA JAWA |XI-B 62


…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

Cathetan:

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

SINAU BASA JAWA |XI-B 63


…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

Cathetan:

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

SINAU BASA JAWA |XI-B 64


…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

Cathetan:

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

SINAU BASA JAWA |XI-B 65


…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

…………………………………………………………………………………………………

SINAU BASA JAWA |XI-B 66


?m[zsQitu=glÓ|au/ri=pnemBh.

SINAU BASA JAWA |XI-B 67

Anda mungkin juga menyukai