Anda di halaman 1dari 33

PITUTUR LUHUR ING TEMBANG MACAPAT

UKBM PASINAON
BAHASA DAERAH

Kanggo Kelas XI
SMA/SMK/MA/SMK
TEMBANG MACAPAT

Mata Pelajaran : Bahasa Daerah

Kelas / Semester : XI/ 2

Nomor UKBM : 03

Panyerat :

Ika Fatmasari, M. Pd

1 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


PURWAKA

Puji syukur panyerat aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah


ingkang Maha Agung, Pangeraning jagad gumelar, ingkang tansah
paring tresnanipun saengga UKBM Basa Jawa punika saged kasusun
kanthi sae. UKBM punika kangge siswa kelas XI
SMA/SMK/MA/MAK kanthi kurikulum 2013 lan kagungan ancas
ngrembug babagan macapat.
Lumantar pasinaon salebetipun UKBM menika, dipunajab para
siswa saged ngrembakaken sipat jujur, andhap asor, disiplin, lan
tanggungjawab. Kaendahan tembang macapat minangka karya asli
susastra Jawa kaajab saged nuntun para siswa kaliyan budi pekerti
luhur kang migunani sanget ing tata pasrawungan bebrayan lokal
minagka bageyan saking bebrayan nasional lan lokal.
Sejatosipun panyerat sampun mbudidaya murih UKBM punika
saged sampurna, nanging awit saking cubluking pangertosan saha
cupeting seserapan pranyata UKBM punika taksih kathah
kekirangan-kekirangipun. Pramila sapa aruh sarta panyaruwe saking
sinten kemawon tansah kaantu-antu murih sampurnaning UKBM
punika. Wasana mugi-mugi UKBM punika wonten gina paedahipun
tumrap rancaging saha kemajenganipun piwucal Basa Jawa. Nuwun.

Tulungagung, Desember 2016

Panyerat

2 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


DAFTAR ISI

HALAMAN SAMPUL

IDENTITAS UKBM......................................................... 1

PURWAKA..................................................................... 2

DAFTAR ISI ................................................................ 3

PAMBUKA..................................................................... 4

KOMPETENSI INTI.......................................................... 6

KOMPETENSI DASAR DAN INDIKATOR PENCAPAIAN KOMPETENSI.. 6

TUJUAN PEMBELAJARAN................................................... 7

PITUTUR LUHUR ING TEMBANG MACAPAT............................... 8

Kagiatan Pasinaon 1 : Jinis lan Paugeran Tembang Macapat.......... 13

Gladhen 1.1...................................... 15

Gladhen 1.2...................................... 20

Gladhen 1.3...................................... 23

Kagiatan Pasinaon 2 : Gladhen 2.1...................................... 26

Gladhen 2.2...................................... 27

Gladhen 2.3...................................... 27

Gladhen 2.4...................................... 27

UJI KOMPETENSI............................................................ 28

DAFTAR RUJUKAN........................................................... 32

3 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


PAMBUKA
Para siswa wis ngerampungake pasinaon sadurunge lan nduweni mupangat

kang becik. Ing babagan iki para siswa bakal sinau ngenani Pitutur Luhur ing

Tembang Macapat. Tembang macapat mono mujudake karya sastra Jawa kang

adiluhung. Tumekaning saiki tembang macapat isih ngrembaka lestari. Akeh sing

padha kasmaran marang tembang macapat.

Ana loro kagiatan pasinaon kanthi rincian, yaiku (1) ngidenifikasi, ngerteni,

lan nganalisis macapat lan (2) maca, ngripta, lan publikasi macapat.

Sajrone E-UKBM iki kaperang dadi enem perangan, yaiku jinise tembang

macapat, ciri-ciri tembang macapat, njlentrehake isi tembang macapat, ngrakit

tembang macapat, publikasi tembang macapat, lan nyritakake isi tembang

macapat karya mandiri.

Supaya E-UKBM iki bisa disinaoni kanthi becik, lajeng kudu digatekake

tatacara pasinaon iki.

1. Sadurunge miwiti nyinaoni E-UKBM, para siswa amrih kudu ngaturake dunga

supaya diwenehi mupangat kang maksimal.

2. E-UKBM iki disinaoni kanggo mangerteni jinise tembang macapat, ciri-ciri

tembang macapat, njlentrehake isi tembang macapat, ngrakit tembang

macapat, publikasi tembang macapat, lan nyritakake isi tembang macapat

karya mandiri.

3. Sajrone nyonaoni saben kagiatan pasinaon, para siswa kudu nggarap gladhen/

tugas sing wis disediakake kanggo ngerteni sapira siswa wis nguasai isi sing

kinandhut ing njerone kagiatan kasebut.

4. Nalika para siswa maca E-UKBM iki, para siswa bakal dinilai ngenani

pamahaman sajrone ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat, sing

kaperang dadi jinise tembang macapat, ciri-ciri tembang macapat,

4 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


njlentrehake isi tembang macapat; uga maca, ngripta, lan publikasi macapat,

sing kaperang dadi ngrakit tembang macapat, publikasi tembang macapat, lan

nyritakake isi tembang macapat karya mandiri.

Muga pasinaon ngenani tembang macapat iki bisa nuwuhake rasa seneng

marang para siswa, amarga pamahaman materi iki gedhe banget mupangate ing

kauripan saben dinane. Para siswa uga saged nglestarikake salah sawijine

kabudayan Jawa. Kanggo mbabar wawasan, para siswa bisa nggoleki informasi

saka sumber liyane, kayata majalah, buku-buku, internet, sarining kasusastran

Jawi, lsp.

Sugeng Makarya!

5 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


Macapat

KOMPETENSI INTI

3. Memahami, menerapkan, menganalisis pengetahuan faktual, konseptual,


prosedural berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan,
teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan kemanusiaan,
kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab fenomena dan
kejadian, serta menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang kajian
yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan masalah.
4. Mengolah, menalar, dan menyaji dalam ranah konkret dan ranah abstrak
terkait dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara
mandiri, dan mampu menggunakan metode sesuai kaidah keilmuan.

KOMPETENSI DASAR DAN INDIKATOR PENCAPAIAN KOMPETENSI

3.6 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis puisi tradisional atau


modern sesuai dengan karakteristik.
3.6.1 Menjelaskan jenis tembang macapat/ mamaca macopat.
3.6.2 Menjelaskan ciri-ciri tembang macapat/ mamaca macopat.
3.6.3 Menjelaskan isi tembang macapat/ mamaca macopat.

4.6 Membaca, mencipta, dan mempublikasikan puisi tradisional atau modern.


4.6.1 Mengarang tembang macapat/ mamaca macopat.
4.6.2 Mempublikasikan tembang macapat/ mamaca macopat hasil
karya sendiri.
4.6.3 Melagukan tembang macapat/mamaca macopat karya sendiri di
depan kelas.
4.6.4 Menceritakan isi tembang macapat/mamaca macopat karya
sendiri

6 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


TUJUAN PEMBELAJARAN

Pengetahuan
1. Setelah menyimak contoh tembang macapat, peserta didik dapat
menjelaskan jenis tembang macapat/mamaca macopat.
2. Setelah menyimak contoh tembang macapat, peserta didik dapat
menjelaskan ciri-ciri tembang macapat/mamaca macopat.
3. Setelah menyimak contoh tembang macapat, peserta didik dapat
menjelaskan isi tembang macapat/mamaca macopat.

Keterampilan
1. Setelah mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis puisi tradisional
atau modern sesuai dengan karakteristik, peserta didik dapat mengarang
tembang macapat/ mamaca macopat.
2. Setelah mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis puisi tradisional
atau modern sesuai dengan karakteristik, peserta didik dapat
mempublikasikan tembang macapat/ mamaca macopat hasil karya sendiri.
3. Setelah mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis puisi tradisional
atau modern sesuai dengan karakteristik, peserta didik dapat melagukan
tembang macapat/mamaca macopat karya sendiri di depan kelas.
4. Setelah mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis puisi tradisional
atau modern sesuai dengan karakteristik, peserta didik dapat
menceritakan isi tembang macapat/mamaca macopat karya sendiri.

7 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


PITUTUR LUHUR ING TEMBANG MACAPAT

Para pujangga ing jaman biyen, menawa kepengin maringi piwulang marang

siswane lan marang masyarakat kang awujud tulisan sarana diripta mawa

tembang. Kanthi nggunakake tembung-tembung lan lelewaning basa kang endah,

pranyata tembang asli reriptane para pujangga jaman biyen nduweni bobot sing

adiluhung, kebak piwulang, lan pitutur luhur. Geneya jaman saiki akeh bocah-

bocah sing ora seneng nembang tur ora bisa nembang? Apa kowe uga kalebu

bocah sing ora seneng tembang lan ora bisa nembang?

Sadurunge, kanggo ngrewangi para siswa lan ngrembakake kompetensi,

coba sinaoni peta konsep ing ngisor iki kanthi patitis.

jinise tembang
macapat

Ngidenifikasi,
ciri-ciri
ngerteni, lan
tembang
nganalisis
macapat
macapat
njlentrehake isi
tembang
PITUTUR LUHUR
macapat
ING TEMBANG
MACAPAT ngrakit
tembang
macapat

Maca, ngripta, publikasi


lan publikasi tembang
macapat macapat

nyritakake isi
tembang macapat
karya mandiri

8 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


Kagiatan Pasinaon 1

Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat


Sawise nyinaoni babagan iki, kowe kabeh dikarepake bisa:

1. njlentrehake jinise tembang macapat

2. njlentrehake ciri-ciri tembang macapat

3. njlentrehake isi tembang macapat

Saiki kowe wis ngerteni ancase nyinaoni babagan iki. Ayo bebarengan

diwiwiti pasinaon ngidentifikasi tembang macapat!

Tembang macapat yaiku salah sawijining tembang kang ngrembaka ing tlatah

Jawa kang nduweni sawenehing paugeran. Paugeran-paugeran ing tembang

9 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


macapat iku cacahe ana telu, yaiku guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan.

Miturut Padmosoekotjo (1953:13) guru yaiku uger-uger, wewaton, paugeran,

pathokan.

Tembang macapat iki ana kang ngarani yen macane papat-papat, kang

dimaksud yaiku macane saben patang wanda (suku kata). Miturut Widada, dkk

(2011:449) macapat tegese tembang sing kalumrah ing layang-layang anyar.

Tembang macapat minangka asil saka kasusastran periodhe sastra Jawa gagrag

anyar.

Tembang macapat iku tetembang klasik jawa kang mula bukane jaman para

wali. Mulane isi lan cerita kang ana ing sakjroning tembang-tebang macapat akeh

kang isine budi luhur, akhlak, lan kabudayaan agung. Tembang macapat kabehe

ana sawelas. Ing tembang macapat, ana istilah guru gatra, guru wilangan, lan guru

lagu. Apa kowe weruh apa iku sing diarani guru gatra, guru wilangan, lan guru

lagu? Mengko, ayo bebarengan ngrembug babagan kuwi kabeh!

Sajrone nyinau tembang macapat, kaajab para siswa ngandelake rasa

syukure marang Gusti Kang Maha Suci. Kanthi ridhane Gusti, wong Jawa

kaparingan sastra tembang macapat kang kebak pitutur luhur. Lelelandhesan

sipat jujur, tresna budaya, disiplin, lan tanggung jawab para siswa diajab bisa

nemokake pitutur luhur mau lan ngecakake piwulang becike ing pasrawungan .

para siswa uga diangkah bisa ngripta tembang macapat, nerangake kaendahan

basa, nyritakake surasana tembang karyane uga nembangake kanthi titilaras lan

trapsila kang becik.

Semaken lan gatekna tembang Pucung ing ngisor iki!

Ngupadi Piwulang

1. Sekar pucung tambane ati kang bingung,

ngupadi piwulang

wewarah ingkang sejati,

10 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


weh pepadhang ambirat ribeding nala.

2. Nadyan ngidung ora mung anggere mbengung,

nggereng nggero sora,

surasane datan isi,

sisip sempir kepara dadi sulaya

3. Lamun ngidung udinen swara kang melung,

wicarane cetha,

ngemu surasa kang edi,

wulang wuruk mrih luhuring budi tama

Kapethik saka: Sekar Sari Kidung Rahayu (kaca:17)

Menawa ngerti isine tembang pucung ing dhuwur, pranyata tembang iku

ngemu pitutur lan wewarah kang becik. Kanggo ngerteni isi sawijine tembang,

luwih dhisik kudu bisa ngerti tegese tembung-tembung kang utama (tembung-

tembung baku).

Ing ngisor iki tegese tembung-tembung baku jroning tembang pucung ing

ndhuwur.

ngupadi = nggoleki; ngudi weh pepadhang = aweh tuntunan

piwulang = wewarah kabecikan mbengung = nyuwara ngung-ngung

wewarah = piwulang; pitutur sisip sambire = kurang-kurang begjane

ambirat = ngresiki; ngilangi budi-tama = tumindhak kang becik

ribeting = ruweting sulaya = geseh; ora cocog; padudon

nala = ati; pangrasaning ati udinen = golekana; budi dayanen

ngidung = nembang; ura-ura melung = mbengkeluk; melot

sora = seru; banter lamun = yen; menawa

surasane = tegese sisip = luput; salah

11 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


datan = ora kepara = malah

edi = endah

Tembang utawa sekar yaiku rumpakan basa kanthi paugeran tartamtu kang

pangucape kudu nggunakake kagunan swara. Mulane ing tembang macapat ana

perangan rasaning swara (titilaras) lan rasaning basa (sastra).

Titi laras dumadi saka rong tembung yaiku titi lan laras. Miturut Widada,

dkk (2011:725), titi tegese sarwa ngati-ati ora ana sing cicir. Laras tegese wis

runtut (cocog) karo swara sing bener tumrap gamelan (Widada,dkk, 2011:422).

Rong teges kasebut bisa didudut yen titi laras iku tegese diati-ati supaya bisa

runtut (cocog) karo swara sing bener tumrap gamelan.

Titi laras miturut Padmosoekotjo (1953:105) yaiku angka kang minangka

sesulihing arane wilahaning gamelan. Titi laras iki ing basa Indonesia biyasane

diarani tangga nada. Tangga nada iki biyasane digunakake kanggo pathokan

sawijining tembang supaya tembang kuwi bisa muni kanthi endah.

Titi laras ing gendhing Jawa iku kaperang dadi loro yaiku ana laras slendro

lan laras pelog. Laras slendro nduweni 5 laras yaiku barang, jangga, dhadha utawa

tengah, lima lan enem. Laras pelog uga nduweni cacahe laras kang padha, yaiku

uga nduweni 5 laras. Ananging jenenge kang beda. Laras-larase pelog yaiku jangga

gedhe, jangga dhadha cilik, dhadha lima gedhe, lima enem cilik, lan enem barang

cilik (Susantina, 2010:18).

Endhek dhuwuring swara kang kanggo lelagoning tetabuhan gamelan diarani

pathet (Padmosoekotjo, 1953:105). Kanggo ngadhahi kabeh lagu swara utawa lagu

gendhing amrih bisa trep lan kepenak, laras salendro lan pelog iku nduweni pathet

dhewe-dhewe. Padmosoekotjo ngandharake yen laras slendro nduweni pathet

warna telu, yaiku pathet nem, pethet sanga, lan manyura. Laras pelog uga nduweni

pathet kang cacahe telu, yaiku pathet bem, pathet nem, lan pathet barang.

12 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


• jinis lan tata paugerane
Rasaning basa
• kawruh basane
(sastrane)
• surasa, pitutur luhure

• titilaras
Rasaning swara • pedhotan
• trapsilane

Jinis lan Paugeran Tembang Macapat

n Tembang macapat iku nduwei paugeran kaya ing ngisor iki.

• ) Tembang
macapat
• Ciri

Is Guru
Guru gatra Guru lagu
wilangan

Guru gatra yaiku cacahe gatra tembang (Susantina, 2010:3). Miturut

Saputra (2001:57) yen guru gatra iku gumantung marang jinise pola sajak utawa

metrum. Saben-saben tembang macapat nduweni paugeran-paugeran kang beda

salah sijine yaiku guru gatra. Tuladha :

13 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


Gambuh

Sekar gambuh ping catur

kang cinatur polah kang kalantur

tanpa tutur katula-tula katali cacahe 5 gatra

kadaluwarsa katutuh

kapatuh pan dadi awon

Tembung wilangan ana gegayutane karo angka. Miturut tegese, wilangan

nduweni teges etungan utawa cacah (Widada,dkk, 2011:782). Tembung guru

tegese paugeran, wewaton, utawa pathokan (Padmosoekotjo, 1953:13). Yen kaloro

tembung kasebut digathukake, bisa ditegesi pathokan utawa paugeran kang

awujud cacah utawa etungan. Miturut Susantina (2010:3) guru wilangan yaiku

cacahe wanda ing gatra-gatrane tembang. Guru wilangan gumantung saka

kalungguhan utawa panggonane larik sajrone pada ing sawijining pola sajak.

Tuladha :

Gambuh

Sekar gambuh ping catur - 7

kang cinatur polah kang kalantur - 10

tanpa tutur katula-tula katali - 12

kadaluwarsa katutuh - 8

kapatuh pan dadi awon - 8

Guru lagu minangka salah sawijining paugeran saka tembang macapat.

Tembang macapat kang cacahe ana 11 tembang, kabehe nduweni paugeran kang

beda-beda. Salah sijine yaiku paugeran kang awujud guru lagu.

Miturut Padmosoekotjo (1953:13), guru lagu iku paugeran dhong-dhingiing

swara ing wekasaning gatra-gatrane tembang. Andharan kasebut dening dening

Saputra (2001:57) yen guru lagu utawa dhong-dhing gumantung marang

kalungguhane larik sajrone pada sawijining pola sajak. Susantina (2010:3)


14 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)
nyengkuyung kaloro andharan kasebut lan ngandharake yen guru lagu yaiku

dhong-dhinge swara ing wekasane gatrane tembang.

Sakehing panemu ngenani guru lagu kasebut kabehe nduweni teges kang

padha. Guru lagu yaiku salah sawijining paugeran tembang macapat minangka

dhong-dhinging swara ing pungkasane gatrane tembang.

Tuladha :

Gambuh

Sekar gambuh ping catur - u

kang cinatur polah kang kalantur - u

tanpa tutur katula-tula katali - i

kadaluwarsa katutuh - u

kapatuh pan dadi awon - o

Tembang pucung pada 1 ing dhuwur yen digoleki guru gatra, guru wilangan,

lan guru lagune kaya ing ngisor iki.

Guru Gatra, Guru


Gatra Cakepan Wilangan, lan
Guru Lagune
1 Sekar pucung tambane ati kang bingung, 12u

2 Ngupadi piwulang 6a

3 Wewarah ingkang sejati, 8i

4 Weh pepadhang ambirat ribeding nala. 12a

Gladhen 1.1

1) Golekana guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang pucung ing pada

2 lan 3 ing dhuwur!

15 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


2) Apa guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune padha persis karo pada 1? Yen

ngono apa dudutan kang bisa kojupuk?

Cacahe tembang macapat iku ana 11 werna, yaiku Maskumambang, Mijil,

Sinom, Kinanthi, Asmaradana, Gambuh, Dandanggula, Durma, Pangkur, Megatruh,

lan Pucung. Saben tembang macapat kasebut nduweni wateg lan kaiket karo

paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Kaandharake ing ngisor iki.

a) Maskumambang

Tuladhane tembang maskumambang:

Klek-klek biyung sira aneng ngendi

Enggal tulungana

Awakku kecemplung warih

Gulagepan wus meh pejah

Maskumambang nggambarake menungsa isih ana ing alam Ruh lan durung

lahir, terus ruh dititisake ana ing gua garbaning ibune awake dhewe. Kumambang

artine kemampul, terapung-apung. Nggambarake menunggo ana ing njero rahim.

Watak tembang iki, umume isine kaya wong kang lagi sambat lara, ketula-tula, lan

sengsara.

b) Mijil

Mijil kuwi artine lahir utawa bahasa inggrise mbrojol. Tuladhane tembang

mijil, yaiku.

Mijil ing donya siniwi ratri

Kabeh durung katon

Amung anjali soca ing tembé

Lelaku alon siniji-siji

Nunggu mring wartaning

Sesotya satuhu

16 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


Tembang ing nduwur nyeritakke “Alhamdulillah awake dhewe lahir ono ing

bumi Pertiwi kang jarene Gemah Ripah Loh Jinawi Tata Tentrem Kerta Raharja

Lir Saka Sambikala, kathah ingkang korupsi, pemimpin ayem rakyate sengsara, lir

mulya kebak durjana”.

c) Sinom

Gambaran menungsa nduwe sipat kang isih enom. Kaya dene bocah cilik

kang lagi ngerti ndonya.

d) Kinanthi

Kinanthi iku salah sijine tembang macapat kang umume kanggo

nggambarake rasa seneng, katresnan, lan kawicaksanan. Kinanthi bisa nduwe arti

gegandhengan tangan lan bisa uga jeneng sawijining kembang. Kinanti saka ukara

kanthi utawa tuntun kang maknane awake dhewe butuh tuntunan utawa dalan

kang bener supaya cita-cita lang pangarep-arepe awake dhewe bisa kawujud lan

kaleksanan.

e) Asmaradana

Tembang Asmarandana umume kanggo wong sing lagi gandrung. Yen

dideleng wantah, Asmarandana dijupuk seka asmara kang artine tresna, lan

dahana kang artine geni. Mula saka kuwi, Asmarandana isine wuyung lan

samubarang kang magepokan karo tresna.

f) Gambuh

Asale saka tembung lingga yaiku jumbuh/ sawiji, dadi siji sing artine

komitmen nyawijikake tresno ana ing kulawarga. Gambuh iki salah sawijining

tembang macapat sing paling gampang, tuladhane tembang gambuh, yaiku:

Sekar gambuh ping catur

Kang cinatur

Polah kang kalantur

Tanpa tutur katula-tula katali

17 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


Kadaluwarsa katutur

Katutuh pan dadi awon

Tembang Gambuh pancèn kebak ing pitutur. Pitutur kang nggiring

manungsa supaya éling marang tumindak-tumindaké. Manungsa dielingaké yènta

kabèh tingkah polah manungsa iku ana akibaté. Adigang, adigung, adiguna, bakal

nyilakaké urip manungsa sing duwé patrap kaya mangkono iku

g) Dandanggula

Gambaran urip kang wis mapan, manis, lan mulya. Cukup sandang, papan, lan

pangan. Dhandhanggula isine pengarepan utawa pengajap kang becik. Dhandhang

iku pengarep-arep. Akeh pitutur becik ana ing tembang iki. Tuladhane tembang

dandhanggula, kang cinipta dening Sunan Kalijaga:

Ana kidung rumeksa ing wengi

teguh hayu luputa ing lara

luputa bilahi kabeh

jin setan datan purun

paneluhan tan ana wani

miwah panggawe ala

gunaning wong luput

geni atemahan tirta

maling adoh tan ana ngarah ing mami

guna duduk pan sirna

h) Durma

Durma kuwi nggambarake kahanan kang wis mapan. Sakwise mapan, aja lali

nindakake Darma (Durma asale saka darma/sedhekah utawa derma).

i) Pangkur

Tembung pangkur asale saka tembung mungkur, ngedohi awisanipun gusti ingkang

maha kuwasa. Tuladhane tembang pangkur, yaiku.

18 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


Jinejer neng Wedhatama

mrih tan kemba kembenganing pambudi

mangka nadyan tuwa pikun

yen tan mikani rasa

yekti sepi asepa lir sepah samun

samangsane pasamuwan

gonyak-ganyuk nglelingsemi.

j) Megatruh

Saka tembung Megat : pisah, Ruh : nyawa / roh. Nggambarake menungsa

kang lagi sakaratul maut. Saka rahim, lahir, dewasa, lan urip mulya, ana ing

pungkasaning cerita menungsa mesthi mati.

k) Pucung

Tembang pucung uga tembang macapat kang gampang ditembangake.

Lumrahe tembang pocung isine cangkriman (tebak-tebakan). Tembang iki

nggambarake sak uwise menungsa mati banjur di-pocong. Kayat ukara ing basa

Arab “Innaka Mayyitun Wainnahum Mayyituuna“, “Sejatine kowe kabeh bakal

mati lan wong liyane mati uga”. Ana uga tembang pocong kang isine pitutur becik,

tuladhane:

Ngelmu iku kelakone kanthi laku

Lekase lawan kas

Tegese kas nyantosani

setya budya pangekesing dur angkara

Tembang pucung nduweni watak kang luwes, ateges bisa kanggo kahanan

apa wae amarga luwes.

19 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


Gladhen 1.2

Coba jangkepana tabel tembang macapat ing ngisor iki!

No. Jinise Tembang Paugeran Watak

1. Pucung 12u, 6a, 8i, 12a Kendho tanpa greget saut

kanggo ing carita kang sajak

mung sakepenake, tanpa

kamempengan.

2. Maskumambang

3. Gambuh

4. Megatruh

5. Kinanthi

6. Asmaradana

7. Mijil

8. Pangkur

9. Durma

10. Sinom

11. Dhandanggula

Kawruh basa ing tembang macapat iku werna-werna. Gumantung marang

pujangga utawa pangriptane. Kabeh mau kanggo nglairake gagasane. Gatekna

bagan ing ngisor iki!

20 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


tembung
kawi

sengka- tembung
lan garba

Tembang
sandhi tembung
asma saroja

bali purwa-
swara kanthi

Tembang Pangkur Gancarane

Eman-eman para muda Eman-eman Manawa wong nom


Lamun tanpa sastra kagunan sepi nganti wuta ing sastra lan sepi ing kagunan.
Nadyan darbe rupa bagus Sanajan darbe rupa bagus
Tur sugih busanarta tur sugih rajabrana pisan,
Nanging lamun tanpa sastra rai samun Manawa wuta ing sastra, raine mesti kujem.
Sekar tepus saupama Pepindane kaja kembang tepus, yaiku :
Amrengangah nora wangi. warnane mrengangah endah, nanging
gandane ora wangi.

21 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


 Tembung kawi, yaiku tetembungan kang cak-cakane winates ana ing
basa endah
 Tembung garba yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji kanthi
nyuda cacahing wandane, lumrahe tinemu ing tembang, minangka
kanggo njumbuhake guru wilangan.
 Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha
tegese banjut digawe bebarengan.
 Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung
kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing saburine.
 Bali swara, yaiku ukara kang diwalik papan panggonane kanggo
nuhoni guru lagu.
 Sengkalan kuwi cara nulis taun sing disandhi nganggo ukara.
 Sandi asma ya iku tetenger kang ora ngegla kang pancen
disingidake, digawé wadi, disandi

Tembang pangkur ing dhuwur nggunakake tembung kawi, lamun, darbe,

sekar, nora. Tembung kawi kasebut digunakake ora mung nambah kaendahan wae,

nanging uga kanggo nyukupi guru lagu, guru wilangan, lan purwakanthi. Buktine ing

pada 2, nggunakake tembung lamun tegese yen. Umpama diganti tembung yen

guru wilangane dadi kurang sawanda: Yen tanpa sastra kagunan sepi (10i).

Purwakanthi ing pangkur kasebut, yaiku eman-eman para muda. Tembung-

tembung kasebut kalebu purwakanthi guru swara a.

Semaken lan gatekna tembang ing ngisor iki!

Sakehing kan dumadi makardi

lir hyang widhi tansah makarya

nguribi jagad tan leren

surya, candra lan bayu,

bhumi tirta kalawan agni

22 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


peparing panguripan

mring amrih wus mungkur

anane nuhoni darma

iku dadya sastra cetha tanpa tulis

nulat lakuning alam

Gladhen 1.3

1) Saka tuladha ing dhuwur, tembang macapat kasebut kalebu jinise tembang

apa? Coba terangna wangsulanmu!

2) Kawruh basa apa wae sing ana sajrone tembang kasebut?

3) Coba gancarna tembang macapat kasebut!

4) Pitutur apa kang ana ing tembang macapat kasebut kanggo panguripan saben

dinane?

23 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


Kagiatan Pasinaon 2

Maca, ngripta, lan publikasi macapat


Sawise nyinaoni babagan iki, kowe kabeh dikarepake bisa:

1. Ngrakit tembang macapat

2. Publikasi tembang macapat

3. Nyritakake isi tembang macapat karya mandiri

4. njlentrehake isi tembang macapat

Ing kagiatan pasinaon 2 para siswa kaajak nggawe lan ngerteni isi, pitutur

luhur kang ana ing tembang macapat. Tumrape para siswa, saliyane sinau tembang

macapat, uga sinau ngripta tembang macapat. Carane ngripta tembang macapat

yaiku kanthi nggatekake paugerane tembang, kayata guru gatra, guru wilangan,

lan guru lagu. Kajaba nggatekake paugeran kasebut uga kudu nggatekake

tembung-tembung kang dadi sasmitaning tembang lan wewatakane tembang

macapat.

Bab-bab kang kudu digatekake supaya gampang anggone ngarang tembang

macapat yaiku.

1. Nemtokna lan nulis ngenani gagasan sing bakal digawe tembang, supaya bisa

mangerteni wewatakane tembang.

2. Nemtokna tembang sing arep digawe.

3. Nulis guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune.

4. Nggawe ukara-ukara sing salaras karo paugerane tembang.

5. Tembung-tembung lan ukara-ukara kang wis digawe mau banjur ditliti maneh.

24 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


Saiki, ayo bebarengan nembangake macapat ing ngisor iki!

PANGKUR
Laras Pelog Pathet Nem

3 5 5 5 5 5 3 3
Ming – kar ming – kur – ing ang - ka - ra

3 5 5 56 1 1 1 1 1 1 1
A- ka-ra- na, ka- re- nan mar- di si -wi

5 6 i i i i 123 i
Si- na- wung res- mi– ning ki-dung

i 6 5 5 5 5 45
Si- nu- ba si- nu- kar- ta

3 5 5 5 6 2 2 2 2 2 32356
Mrih ker- tar- ta, pa- kar- ti- ning ngel- mu lu- hung

2 3 3 3 3 3 3-3
Kang tum- rap neng ta- nah ja- wa

1 2 3 1 2 3 3 21
A- ga- ma a- ge- ming, a- ji

Tembang iku nduweni paugeran baku. Paugeran mau runtut guru gatra, guru

wilangan lan guru lagune. Kang uga perlu diruntutake yaiku surasa utawa artine.

Coba saiki urutna gatra-gatra ing ngisor iki manut paugeran tembang lan

runtut surasa utawa artine!

25 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


Gladhen 2.1

No. Ukara saben gatra Urutane Tembang

1. Pucung (12u, 6a, 8i, 12a) (Tuladha)

Sekar pucung tambane ati kang bingung,


ngupadi piwulang
wewarah ingkang sejati,
weh pepadhang ambirat ribeding nala.

2. Asmaradana (..........................)
Dumunung sadhengah papan

Lumrah tumrap wong ngaurip

Lamun tanpa makarya

Sengara bisa kepthuk

Ngenteni rejeki tiba

Tan ngrasa cukup butuhe

Kang mangkono bundhelana

3. Durma (...............................)

Wisma asri kaeksi


Aja ana kang mangkir
Ayo kanca gugur gunung bebarengan
Pager apik dalan resik
Amrih kasembadan
Latar gumelar
Tujuan pembangunan

4. Mijil (...............................)

Dedalanne guna lawan sekti


Samubarangipun

26 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


Tumungkula yen dipundukanni
Kudu andhap asor
Ruruh sarwa wasis
Wani ngalah dhuwur wekasane

5. Maskumambang (........................)

Anyenyamah gawe susah


Aja pisan kumawani
Marang yayah rena
Dhuh anak mas sira wajib angurmati

Gladhen 2.2

Tembang-tembang kang dirembug ing dhuwur iku wis kapilih kang ngemu pitutur

luhure. Pitutur luhur kasebut gedhe banget guna paedahe tumrap tata panguripan

saben dinane. Sawise kowe ngurutna tembang-tembang macapat ing dhuwur, saiki

bajur golekana pitutur apa wae sing kinandhut sajrone tembang-tembang

macapat kasebut? Terangna wangsulanmu kanthi ringkes!

Gladhen 2.3

Gawea salah siji tembang macapat sing kok senengi, kanthi paugeran lan

wewatakan tembang kang trep!

Gladhen 2.4

1) Sawise kowe nggawe tembang macapat, saiki gawea klompok adhedasar

tembang sing wis dipilih. Umpamane, kelompok gambuh, dhandanggula,

asmaradhana, lsp!

27 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


2) Bebarengan karo kelompokmu, unggahen asil karya tembang macapat lan

gancarane ing internet, bisa lumantar web sekolah utawa blog pribadimu!

3) Sabanjure, tembangna manut titilarase, banjur critakna apa isine!

Uji Kompetensi

Semaken lan gatekna tembang ing ngisor iki!

Aja turu sore kaki,

Ana dewa nganglang jagad,

Nyangking bokor kencanane,

Isine donga tetulak,

Sandhang kalawan pangan,

Yaiku bageyanipun,

Wong melek sabar narima.

1. Tembang ing dhuwur kalebu jinis tembang macapat...

a. Gambuh d. Pangkur

b. Pucung e. Durma

c. Asmaradana

2. Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu tembang macapat kasebut yaiku...

a. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o d. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

b. 12u, 6a, 8i, 12a e. 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i

c. 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a

28 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


3. Pitutur apa kang kinandhut miturut tembang macapat ing dhuwur?

a. Gusti pangeran bakal maringi rejeki kanggo wong kang sabar, tetep ngudi,

lan ora pedhot dongane.

b. Kita ora oleh turu sore amarga bisa cilaka.

c. Dewa kuwi bakal nglanglang jagad saben wayah sore.

d. Bokor kencanane Dewa iku isine donga tetulak.

e. Wangsulan B lan C iku bener.

4. Tembang utawa puisi gagrag lawas kanthi paugeran-paugeran tartamtu

diarani...

a. Pidhato d. Macapat

b. Geguritan e. Pranata cara

c. Sesorah

5. Luwes, resep, lumrahe kanggo bebuka, medharake piwulang, gandrungan, lan

kanggo panutuping karangan kang sinawung ing tembang...

a. Maskumambang d. Durma

b. Dhandanggula e. Sinom

c. Pangkur

6. Grapyak, renyah, kanggo sesorah, mituturi iku wewatakane tembang...

a. Maskumambang d. Durma

b. Dhandanggula e. Sinom

c. Pangkur

7. Galak, muntab, kanggo medharake rasaning ati kang nepsu utawa kanggo ing

carita perang iku wewatakane tembang...

a. Maskumambang d. Durma

b. Dhandanggula e. Sinom

c. Pangkur

29 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


8. Nelangsa, kanggo medharake rasa pangrasa kang ngeres, nggreges, nalangsa

karanta-ranta iku wewatakane tembang...

a. Maskumambang d. Durma

b. Dhandanggula e. Sinom

c. Pangkur

9. Tindhak-tandhuk kang andhap asor kudu dikulinakake wiwit cilik. Tembung

andhap asor kasebut kaleb tembung...

a. Tembung entar d. Tembung kawi

b. Tembung saroja e. Purwakanthi

c. Tembung garba

10. Nayaka praja wis lumebweng ing puri. Tembung lumebweng kalebu tembung..

a. Tembung entar d. Tembung kawi

b. Tembung saroja e. Purwakanthi

c. Tembung garba

11. Tembung becik menawa basa kawi yaiku...

a. Yogya d. Wiyati

b. Yekti e. Rukmi

c. Udrasa

12. Tembung tangis menawa basa kawi yaiku...

a. Yogya d. Wiyati

b. Yekti e. Rukmi

c. Udrasa

13. Tembung kawi mandhala nduweni teges...

a. Bumi d. Srengege

b. Banyu e. Rembulan

c. Angin

14. Tembung kawi maruta nduweni teges...

30 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


a. Bumi d. Srengege

b. Banyu e. Rembulan

c. Angin

15. Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu tembang macapat durma yaiku...

a. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o d. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

d. 12u, 6a, 8i, 12a e. 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i

e. 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a

31 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)


DAFTAR PUSTAKA

Padmosoekotjo, S. 1953. Ngengrengan Kasusastran Jawa. Jilid II. Jogjakarta:


Hien Hoo Sing.

Padmosoekotjo, S. 1978. Suluk Pedhalangan. Surabaya: Citra Jaya Murti.

Purnomo, Bambang, dkk. 2015. Sastri Basa. Surabaya: Dinas Pendidikan Jawa
Timur.

Riyadi, Imam. 2006. Pinter Basa Jawa 1. Jawa Timur: Yudhistira.

Sukendro, Dhita P., dan Triana W.S. 2015. Wiyata Basa. Surabaya: Penerbit
Duta.

http://www.longlifeducation.com/2011/12/tembang-macapat-pangkur.html.

http://kampoengilmu.com/tembang-macapat/

http://www.pelajaran.click/2015/07/mengenal-tembang-maskumambang-
secara.html.

http://sinaunembang.blogspot.co.id/p/tembang-macapat.html

32 | UKBM Pasinaon Basa Daerah (Jawa)

Anda mungkin juga menyukai