Anda di halaman 1dari 59

1

Dar

SLAWATAN
LARAS
MADIYO
Petikan Serat Wulangreh
Anggitanipun
Ngarsa dalem, Sampeyan
dalem ingkang
Sinuwun Kanjeng Susuhunan
Paku Buwono
Ingkang IV
Ing
Surakarta Adingrat

SLAWATAN
2

Laras Madiyo

Nama : ………………………………………..
Paguyuban : ………………………………………..
Desa : ………………………………………..
3

Bawa Sekar Winarkara


Dawah Ladrang Puspa Warna
Winarkara purwakaning gending
Bribil bonjok laras slendro pathet sanga
Rinengga gerongan lan sinden
Prandangga muniya umyung
Kendang sikrak sarwa hanyenggaki
Kempul suling hambarung
Bonang penerus pinjalan
Iku mangkana dadi tetunggalan
Rasa tumungkul ing ati, ladrang, bribil winasih.
*witing klapa jawata, ing ngarsa pada
Salugune wong Wanita
*kulo sampun jajah desa ing ngayogya Surakarta
Wauta satitisipun dawah ladrang Puspa warna

Bawa Sekar Canthing Jali


Canthing jail man paman paman
Canthing jail wong mbedang kepalang kali
Putung wote, putung wote
Putung wote tak sengga putung atine

Canthing gleyar man paman paman


Canthing gleyar wong mbedang kepalang
Gedang mandek mangu, mandek mangu
Mandek mangu ngenteni sepine wong
4

Lantaran
PURWOKO
MAPRO
Purwaning atur kawula, para kanca laras madiyo, Dumateng
para rawuh kalawan para miarsa, lan ugi dumateng kang darbe
kaatira, tuwin prasudara ingkang anandangi karya, kangge
kaperluanira, ing wekdal ndalu punika.
2. kapisan matur sukur, dumateng ingkang kuwasa de sampun
sami kersa saged pepanggihan samya, sageda nambahi
rahaping pawong mitra, kaping kalihira matur panuwun
kawulo dene sampun sami kerso merloken rawuhira
3. ping tigo kulo perlu, angaturi kawuningan, slawatan laras
madya ingkang bade kaaturno, minongko tambahan seni-
sening panggihan kenginga ngge tambahan sadanguning
lenggahan, saged kracik raosira kalamun dipungatosna.
4. slawatan laras madya, ukaranipun prasaja, wulanganipun
para tiyang sepuh jaman kina, milanta dumugi samangke
kepiara, amrih sampun sirna pun alap paedahira kenginga
kangge tambahan, slaminya gesang bebrayan
5

5. lagunya tembang jawi ugi naming kang prasaja mrih gampil


dipun tampi dumateng para miarsa, asalnya slawatan laras
madya saking sala, ngantos sapunika sumubar ing jagad raya,
mung semanten atur kula minangka kangge bebuka.
6. sarehning para kanca selawatan laras madya, kang nembe
anggenipun samya miwiti blajaran, milanya lagunya dereng
sae lan sampurna, miwah terbangannya taksih kathah
kuciwanya, kersoa paring sama den wiwiti sapunika.
Bawa Sekar dandang gula Turu Lare
Laras Pelok
Kang ginita lelaguning gending sarayuda
Pambukane sekar dandang gula turu lare
Binarung ing swara rum-ruming raras hamilangoni
Wiramone lampahan mung kinarya kejul
Pepathete lampahan mung kinarya kejul
Pepathete datan oncat wus kina kul
Cakepane datan cicir dawah ladrang dadang gula
Bawa Sekar dadang gulaPadasih
Laras Slendro
Dawah ladrang danfang gula
Anyar kara linagu padasih Laras Slendro pathet ira sanga
Yaiku minangka bawane Dandang gula tibaning ladrang binarung generongan
Mrih hascaryeng kayun *jamuran ya gegetok *jamur apay a gegetok
*jamur gajih mberjiih sagarwa putra wandawa
*sak oro-oro kakang dasih jroning suka
Ingkang mugi kalis sakduka cipta
6

Sekar

dandanggulo
Tiyang Gesang Kedah Ngudi Ngelmu

1. Pamedaring wasitaning ati cumatoko aniru pujonggo,


dahar muda ing batine, nanging kedah ginunggung,
datanwruh yen keh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa
kang kelantur, tutur kang katula-tula tinalaten rinuruh
kalawan ririh, mrih padanging sasmita.
2. Sasmitaning aurip puniki, mapan weruh yen ora weruha,
tan jumeneng ing uripe, akeh kang ngaku-aku,
pangrasane wus udani , tur during wruh ing rasa, rasa
kang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen darapun
sampurna ugi, ing kauripanira.
3. Jroning Qur’an anggonira sayekti nanging kapilih
ingkang utama, kejaba lawan tuduhe, nora kena den
awur, ing satemah tan pinanggih mundak katalanjukan,
temah sasar susur, yen sira yun waskita, sampurnane ing
badanira puniki, siro anggegurua.
4. Nanging yen sira anggeguru kaki, amiliha manungsa
kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh
ing hukum, kang ngibadah lan waringi, sukur oleh wong
tapa. Ingkang wus amungkul tan mikir paweruhing liyan,
iku pantes gurunono kaki sartane kawruhan
5. Lamun ono wong micoreng ngelmi, tan mupakat ing
patang prakara, aja siro age-age anganggep nyatanipun,
saringana dipun beresih, limbangen lan patang prakoro
7

rumukun, dalil khadis lan ijmak, lan kiyase papat iku


salah siji, ana’a kang mupakat.
6. Ana uga kena den antepi, yen ucul saking patang prakara
nora enak legetane, tan wurung tinggal wektu
panganggepe wus angengkaki, aja kudu sembayang, wus
sholat katengsun, banjure mbuwang sarengat, bakal
kharom nora nganggo den rawati, bubrah sakehing tata.
7. Angel temen ing jaman samangkin, ingkang pantes keno
ginuronan, akeh wong njajah ngelmune, lan arang
ingkang manut, yen wong nglemi ingkang netepi, ing
panggawening sarak, den arani luput, nanging ta
asesenengan, nora kena den wor kekarepaneki,
papancene priyonggo.
Bawa Sekar Jati Kusuma
Laras Pelok
Dawah Ladrang Kinanti
Merahing rasa mubah nyang haru Neka deni krani anggang rapuh
Teka nengku kilaring kani hara sak ketar kini gunaning kung
Nonong ming dedagang mrih manguwuh berbara ngrabasih
Kusuma
Mring kuswa rara rum

Bawa Sekar Pritanjala


Rikat lampah ireng rata panantara praptantu kuning
Harga kelam tuminggaling paku bana Srine ndenda kawengga
praja
Puma kang pradangga kuka kakang jadma
Wawarta ndireng putra njanjehi rata
Hamawa bandera tumraplir pritanjala
8

KINANTI
Lampah Dateng Saening Tumindak

1. Pada gulenggan ing kalbu, ing sasmita amrih lantip


aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesti,
pesunen sarira nira sudanen dahar lan guling.
2. Dadiyo laku nireku, cegah dahar lawan guling, lan
aja asuka-suka, anganggoa sawatawis ala watake
wong suka, suda prayitnaning batin.
3. Yen wus tinitah wong agung, aja sira nggunggung
diri, aja roket lan wong ala, kang ala laku nireki,
nora wurung ngajak ajak, satemah anelulari.
4. Nadyan asor wijilipun, yen kelakuane becik, utawa
sugih carita, carita kang dadi misil, iku pantes raket
ana darapun mundak kang ngelmi.
5. Yen wonga nom pan wus tamtu, manut marang
kang ngadepi, yen kang ngadep akeh bangsat, nora
wurung bisa juti, yen kang ngadep keh durjana,
nora wurung bisa maling.
6. Sanadyan tan ora melu, mesti wruh solahing
maling, kaya mangkana sabarang , panggawe ala
puniki, sok weruha mesti bisa, iku panutuning iblis.
7. Panggawe becik punika, gampang yen wus den
lakoni angel yen during linakyan, aras-arasen
nglakoni, tur iku den lakonana, mutangati
badaneki.
9

8. Lan wonga anom-anom iku, kanggo ing mongso


saiki andhap asor dipun simper, umbag
gumunggungig dhiri, obrol umuk kang den gulang,
kumenthus lawan kumaki.

Bawa Sekar Nguswaraga


Laras Slendro
Dawah Ladrang Gambuh

Sri maha jawata katon handaka wulune


Reta jroning nendra gungka epi buja reksa
Kawi wuwus panggya handika Kusuma
Bale nata randan pari
Paran maga niwak mami
Kapiting kang sarbeng rawa
Nguswa raga tan wong ayu

Bawa Retna Asmara


Laras Pelok 6

Duh Kusuma kang tansah asung wardaya


Sun tatanya den ira sing tinutusna kawulanta
Saking tyas mangestu pada mring paduka
Mangayun ayun penggalih
10

*GAMBUH
Pepacuh nindakaken piawon

1. Sekar gambuh ping catur, kang cinatur polah kang


kelantur, tanpa kena tutur, katulo-tulo ketali,
kadaluwarsa kapatuh, katutuh pan dadi awon.
2. Aja nganti kebanjur, barang polah ingkang nora jujur,
yen kebanjur, x2 sayekti kojur tan becik, becik ngupaya
iku pitutur ingkang sayektos.
3. Tutur bener puniku sayektine apantes tiniru, nadyan metu
nadyan metu nadyan metu saking wong sudra pan esti,
lamun becik anggone muruk, iku pantes sira anggo.
4. Ana pocapanipun, adiguno adigang adigung, pan
adigang, pan adigung kidang adigung pan esti, adiguna
ula iku telu pisan mati sampyuh.
5. Sikidang ambegipun, ngendelaken kebat lumpatipun pan
sigajah pan sigajah ngendelaken geng aiinggil, ula
ngendelaken iku, mandine kelamun nyakot.
6. Iku umpaminupun, aja ngendelaken sira iku, suteng nata
suteng nata, iya sapa kumawani, iku ambege wong
digung, ing wekasan dadi asor.
7. Adiguna puniku, ngendelaken kapinteranipun,
samubarang kabisan dipun dheweki sapa pinter kaya
ingsun togging prana ora enjoh.
11

8. Ambeg adigang iku, ngendelaken kasuranipun para


tantang candholo anyanyampahi tinemenan nora pecus,
satemah dadi geguyon.

Bawa Sekar Candra Wilasita


Laras Slendro
Awan katon paku ambalam mer kang acelak laning paran cara
Pakuwon kang urut lepen
Kambatnya kapirangu rangu-rangu kang ngeres nuhi
Wirangrong karong rongan amulet malengkung
Sang dyah ayu rawan waspa kaya paran
Marga ning nggon ingsun panggih nendra ing pangkuran
Bawa Sekar Sudira Warna

Lir sad padeng sun tumiling angulati puspita


Ingkang mendem endah kang warni midering taman
Anon sekar warsiki kumenyut ing tyas bayata jatu karma



Bawa Sekar Langen Asmara

Dahat saking kayun, kayungyun myat sang nata


Jinurung hyang sukma karya hascarying sabumi
*dunya pepanggihan
* sami naris wareng jawi
12

Asmaring tyas dadya sri karongron hangrerangin

PANGKUR
Awon saening lelampahan punika sampun
katitik wonten tuminsakipun

1. Sekar pangkur kang winarno lelabuhan kang


kanggo wong aurip, ala lan becik punika dipun
kadulu, miwah ingkang tata krama, den kaesti
siyang ratri.
2. Deduga lawan prayogo, myang watara elinga away
lali iku perabot satuhu, tan kena tininggala, tangi
lungguh angadeg tuwin lumaku angucap meneng
anendra, duga-duga nora lali.
3. Miwah ta sabarang karya ing prakara kang gede
miwan kang cilik, papat iku aja kantun kanggo
sadina dina, rina wengi negara miwah ing ndusun
kabeh kang pada ambegan, papat iku datan keri.
4. Kalamun ana manungsa anyinggahi dedugi lawan
prayogi, iku watake tan patut, amor lawan wong
katah wong degsura ndalutur tan wruh ing, ngedur,
aja sira cedak-cedak ora wurung neniwasi.
13

5. Mapan watake manungsa, pan ketemu ing laku


lawaning linggih, salah muna-muninipun, pan dadi
panengeran kang pinter kang bodo miwah kang
luhur, kang asor lawan kang mlarat, tanapi
manungsa sugih.
6. Ngulama miwah maksiyat, wong kang kendel tan
api wong kang jirih, durjana bobotoh kaum, lanang
wadon pan pada panitiking manungsa
wewatakipun, apa dene wong kang nyata ing
pangawruh kang wis pasthi.
7. Tinitik ing solah muna, lawan muni ing laku lawan
linggih, iku panengeran agung, winawas ginrahita
pramilane ing wong kuna-kuna iku, yen amawas
ing sujanma, datan amindo gaweni.
8. Ginidang sadina-dina, wiwekane tuwin basa basuki
ujubriya kibiripun, sumunggah tan kanggonan,
mung sumende ing karsanira Hyang Agung, ujar
sirik kang rineksa, kataman olah wadi.

Bawa Sekar Tengahan Lindur


Laras Slendro
Dawah Ladrang Maskumambang

Ririh harja bawana den ranu


Larasing karsa nira dene kenya manis iling ira gusti
Wohing kaman ira ingsun
Esem ira tu’ing uni sidat agung
Ing mardawa sajroning aguling
Pangucaping darma nendra
Suka den supdya lindur
Anke wala katon kang ngasta supdya
14

Bawa Sekar Citra Mengeng

Kembang-kembang kumembang
Wis paku mijil pasrah kang kuwasa
Narima panduming dumadi mring andedawa lara
Dawah ladrang maskumambang

MAS
KUMAMBANG
Sesembahan Ingkang waib sinembah

1. Nadyan silih bapa-biyung kaki-nini, sedulur myang


sanak kalamun muruk tan becik nora pantes yen den
nuta.
Umpak-umpak
Aja dumeh duwe kepinteran akeh marang mitra
katone mung tansah remeh, samubarang rumangsane
pinter kabeh, datan wurung ing tembe mesti kaweleh.
2. Apa kaya mangkono karepeneki, sanadyan wong liya
kalamun watake becik, miwah tindake prayoga.
Umpak-umpak
Saben kumpul sapa wae njur ngrasani, dipun ketik
rehning niki barang wadi, aja kongsi rinunggu liyane iki,
datan becik dadine ing tembe mburi.
15

3. Iku pantes siro tiru watakneki miwah bapa biyung,


amuruk watak kang becik, iku kaki kaestokno
Umpak-umpak
Ana maneh goleh wulangan sing akeh, katon remeh
nyeleneh pamrihe akeh, reko-reko nampik bondo nyengit
Donya, wus tetela barang ala saya ndadra.
4. Wong tan manut pitutur wong tuwo ugi, panemu duroko
ing ndonya praptaning akhir tan wurung kasurang
surang.
Umpak-umpak
Mung batine mesti ana apa-apa ubayane kang kaesti
jroning nala ndriyo, jebul malah nganti tekan ngombro
ombro yen srawungan tansah ngalirik Wanita.
5. Maratani mring anak putu ing wuri, den pada prayitna,
aja sira kumawani, mring bapa tanapi biyung.
Umpak-umpak
Wus tetela ngrusak tata nglebur cara, mula-mula
malah gawe wiji cidra, cidra genah ungkul dadi tuking
congkrah, congkrah bubrah jalaran nungkul wis genah.
6. Ana uga etung-etungane kaki, lelima sinembah dununge
sawiji, sembah lelima punika.
Umpak-umpak
Kahanane manungsa ingkang sayekti, yen siungkul
srawungane saben ari, ing purwane katon rukun rapet
rapi, kang mangkono mesti ora bisa lami.
7. Ingkang ndingin rama ibu kaping kalih, marang mara
tuwa, lanang wadon kang kaping tri, yo marang sedulur
tuwo.
Umpak-umpak
Yen wus bubar golek srawungan sing anyar, antuk
anyar sepasar ya banur bubar, dadi bubar margo ungkul
kanggo dasar, dasar ngasar kesasar tambah mbelesar.
16

8. Kaping pate marang ing guru sayekti, sembah kaping


lima ya marang gustine reki, parincene kawruhana.
Umpak-umpak
Wruh mangkana banjur krasa jroning ati, bisa wruh
mring ungkulira pribadi, datan liya pikantuke nyilakani
tentrem katog mring ungkulira den wruhi.
9. Pramilane rama ibu-ibu den bekteni, kinarya jalaran
anane badan puniki, wineruhken padang hawa.
10. Uripira pinter samubarang kardi, saking ibu rama
ing batin saking Hyang Widi, mulane wajib sinembah.
11. Pan kinarsaken ing Hyang linuwih, kinarya lantaran
aneng Donya puniki, weruh becik lan ala.

Bawa Sekar Bajaran Sari


Dawah Ladrang Megat Ruh

Deni racampuh prang Sri Harjuna Sasara


Lawan raden Sumantri
Hali rupa bawa tan ora kasoran
Mangkana sri narendra
Mangun tiwi krama tedak saking rata
Mrepeki musuh ira jawata ngawiyat ngudanaken kembang
Lumrang banjaran sari.
17

MEGATRUH
Kautamaning tiyang ngawulo

1. Wong ngawula ing ratu luwih pakewuh, nora kena


minggrang-minggring, kudu mantep sartanipun setya
tuhu marang Gusti, dipun miturut sapakon.
2. Mapan ratukinarya wakil Hyang Agung marentahken
hukum adil, Pramila wajib den enut sapa sing tan manut
ugi, mring parentahing Sang Katong.
3. Aprasasat mbadal ing karsa Hyang Agung, mulane bab
uwong urip, sapa sing suwiteng Ratu kudu ekhlas lahir
batin, aja nganti nemu ewuh.
4. Ing wurine yen ati during tuwajuh, angur aja sira ngabdi,
becik ngidunga karuhun aja age-age ngabai yen during
ekhlas ing batos.
5. Angur ngidung wae pan ora pakewuh lan ora nana kang
ngiri, mung mungkul pakaryanipun, ora susah tungguk
kemit soba apan ora nganggo.
18

6. Mung yen ana tontonan metu ing lurung, kemul bebede


sasisih sarwi mbanda tanganipun glindang glinding tanpa
keris, ndodok ing pinggir ing bango.
7. Suprandene jroning tyas anglir Tumenggung mang
kubawat senen kemis, mangkono liripun, nora kaya
wong angabdi wruhing palataran Katong.
8. Lan keringan sarta ana oranipun lan sarta lungguhe ugi
ing salungguh lungguhipun nanging ta dipun pakeling,
mulane Pinardi kang wong.

Bawa Sekar Tepi Kawuri


Laras Slendro
Dawah ladrang Durma
Ulun caos atur yen panujweng karta
Mugi paring kawilan anyekar ing tepi kawuri
Pibeng mantranya sinarung hambarang gending nut irama
Supaya ramya wimbuh suking ndriya
Mbok menawa bisa golong sembadra

Bawa Sekar Bangsa Patra


Dawah Ladrang Durma
Duh Gustiku kang kapindo ratih
Cahya nira sumunu kadya wulan kang purnama sidi
Wong kuning nemu giring
Duh iwengsun paring usada pun kakang laras
Mara esem ira lir gebyaring tathit
19

Weh renyeping wardaya




Sekar DURMA
Pepacuh sampun ngantos maoni tuwin ndumuk
piawoning sanes

1. Dipun sami ambanting sarira nira cegah dahar lan guling,


darapun suda’a, nepsukang ngambra-ambra, lerema ing
tyas reki, dadi sabarang, karsanira lestari.
2. Ing pangrawuh lahir batin aja mamang, yen sira wus
udani ing saliranira, yen ana kang amurba misesa inga
lam Kabir, dadi sabarang, pakaryanira ugi.
3. Bener luput ala becik lawan beja, cilaka mapan saking
ing badan priyangga, dudu saking wong liya Pramila den
ngati-ati sakeh dirgama, singgahana den eling
4. Mapan ana sesiku telung prakara, nanging gede pribadi,
pan iku lir ira ingkang telung prakara, aja anggugung
sireki, kelawan aja nacat kepati-pati.
20

5. Lawan aja memaoni, barang karya, thik ithik memaoni


samubarang polah, tan kena wong kumlebet ing mangsa
kepuniki mapan wus lumrah, pada wasis memaoni.
6. Mung tindake dewe nora winaonan, ngrasa bener pribadi,
sanajan benera, yen tindake wong liya, pesthine ingaran
sisih, iku kang lumrah, nganggo bener pribadi.
7. Nora nana panggawe kang luwih gampang, kaya wong
memaoni, sira ling-ilinga, aja sugih waonan den samya
raharjeng budi, ingkang prayogo, singa-singa kang lali.

Bawa Sekar Pranas Mara


Laras Slendro
Dawah Ladrang Wirangrong
Neng karang dempel leledang
Kyai lurah semar sak pranake miyos kebun
Kebun tegalan leren
Sarwi ngunduh taru pala
Suka sinden sesendonan
Sarwi joget genti genten

Bawa Sekar Rara Bentrok


Dawah Ladrang Wirangrong
Temenana kang den anti gambir sawit during muni
Tur ikuna ramba seni wit nganti saiki
Nadyan sajam muni ping tri srengege during ngendoni
21

Panabuhe tasih uthi tanda demene terus nganti

WIRANGRONG
Pangatos-atosing pangandikan tuwin milih
Pawong mitra

1. Den samya marsudeng budi, weweko dipun waspaos, aja


dumeh-dumeh bisa muwus, yen tanpantes ugi sanadyan
mung sakecap, yen tan pantes pernahira.
2. Kudu golek mangsa ugi, panggonan ingkang miraos
lawan aja age sira wuwus dununge den kaesti, aja age
kawedal, yen durung pantes rowangnyo.
3. Rowang sapocapan ugi kang pantes ngajak celaton aja
sok metua wong celatu, ana pantes ugi rinungu mring
akatah, ana satengah micara.
22

4. Tan pantes akeh ngawruhi, mulane lamun miraos, dipun


ngarah-arah, ywa kebanjur, yen sampun kawijil tan kena
tinunutan, mulane dipun prayitno.
5. Lan meninge wong ngaurip, aja ngakehken supaos iku
gawe reged badanipun, nanging mangsa mangkin, tana
etung prakara, supat aginawe dinan.
6. Den pada gemi ing lathi, aja ngakehken pepisoh cacah
cucuh srengen ngabul-abul, lamun andukani, den
duneling dosanya, mring abdi kang manggih duka.
7. Lawan pada den pakeling, teguhanalahir batos, aja
ngalap randhaning sedulur, sanak miwah abdi koncare
wong saoangan, miwah mring pasanakan.
8. Gawe salah graitaning, ing liyan kang sami anom
sanadyan lila’a kakungipun, kang angrungu elik, ing
batin tan pitaya, mangsa kuranga parawan.

Bawa sekar Suwandana


Laras Pelok
Dawah ladrang Pucung
siang pantara ratri among cipta pukulun
tan ana liyan kang eksi, mula katur kang cunda manik
prasasat rohing ulun kang sinembah
mungweng padata prabu myang kagunganta
singsim sasat sampun prapti katon hasta pukulun
wulat den nara pati rama dewa ningsun
23

pisan den lakoni, aja pisan wani anggegampang, datan


wurung sira ketinggal yen kurang.



PUCUNG
Pepenget tumrap tumindak tuwin rukuning
pasederekan

1. Kamulane 2x), kaluwak nom-nomanipun, pan dadi


satunggal, pucung aranira ugi, yen wus tuwa kaluwake
pisah-pisah.
2. Den budiya 2x), kapriye ing becikipun, aja nganti
pisah, kumpula kaya duk noming, enom kumpul tuwa
kumpul kang prayoga.
3. Aja kaya 2x), kaluwak enome kumpul basa wusana
tuwa, pating selebar pribadi nora wurung bakal dadi
bumbu pindhang.
4. Wong sadulur 2x), nadyan sanak dipun rukun aja
nganti pisah, ing samubarang pakarti, pada rukun
dinulu luwih prayoga.
24

5. Abot entheng 2x), wong duwe sanak sadulur enthenge


yen pisah, pikire tan dadi siji, abotipun yen sabiyantu
ing karsa.
6. Luwih bakuh 2x), yen sugih sugih sanak sadulur, jitus
tandhingira, yen golong sabarang piker kacek uga lan
wong kang tan nduwe sugih sanak.
7. Lamun bener 2x), lan pinter pamomongipun kang
ginawe tuwo, aja nganggo abot sisih, dipun padha
pamengkune mring sentana.
8. Mapan ewuh 2x), wong tinitah dadi sepuh tan kena
gumampang, iya marang saduluring tuwa anom aja
beda traping karya.
9. Kang saregep 2x), kalawan ingkang malincur, padha
den kawruhan, sira alema kang becik, kang malincur
age sira bendanana.
10. Yen tan mari 2x), binendon nggone malincur, age
tinatrapan sira alema sapantese lan dosaning, pan
sentana dimene dadi tuladan.



Bawa Sekar Candra Kusuma


Dawah ladrang mijil
Kang kadisu dama gusti sang sakoka sangan surya
Prabanya sumungsun kaswa
Raros rumining sari-sari
*Samiya manunggal sarira
25

*Sumar manira sukanta


Ujwa lan ira sumunu narbuka candra Kusuma

∞∞∞∞∞

MIJIL
Awon saening panarimah utawi mboten narimah

1. Pomakaki padadipuneling mring pituturingong, sira uga


satriya arane kudu anteng jatmiko ing budi ruruh sarta
wasis, samubarangipun.
2. Sarta nedya prawira ing batin nanging aja katon,
sasabana yen durung mangsane, kekendelan aja wani
mingis, weweka ing batin, den samar den semu.
3. Lan den sami mantep maring becik lahta wekasingong,
aja kurang iya prayitnane, yen wus tinitah maring Hyang
Widhi, ing badan puniki, pan wus pesthenipun.
26

4. Kang narima satitah Hyang Widhi temah dadi awon tan


ana wong narima titahe, ing wekasan iku dadi becik
kawruhana ugi, aja salang surup.
5. Yen wong bodo tan nedya ugi, tetakon titiron anarima
satitah badane iku wong narima datan becik, dene
ingkang becik, wong narima iku.
6. Kaya umpamane wong angabdi, amagang sang katong,
lawas-lawas katekan sedyane, dadi mantri utawa Bupati,
miwah saliyaning, ing tyase panuju.
7. Nuli narima terusing batin, ten rumangsa ing tan
mengeng ing katong tan rumangsa ing kanikmatane,
sihing Gusti te keng anak rabi, wong narima becik kang
mangkono iku.
8. Nanging arang ing mangsa samangkin, kang kaya
mangkono, kang wis kaprah iya salawase, yen wis ana
linggihe satitik, apan nuli lali, ing wiwitanipun



Bawa Sekar Gambir Sawit


Laras Slendro
Dawah Ladrang Asmarandana

Kidung kula sarkara pada sih


Sinarbuka slendro kang pathet sanga
Tetalimangka bawane sabarang wus gedapuk
Dadi gending wastaka nenggih
Gambir sawit sumedang kinen perkang cunda
27

Larki paring kang hambaksa tanggap mangkat


Angruda sampur hamiwis gamyah-gumyak wirama



Asmarandana
Wewarah tumindakipun punggawaning projo

Umpak-umpak
Ibtida’I miwiti ingsun muji ing Alloh kelawan nuwuhi
lilah singir ing kanjeng Gusti mula den singir parasing Nabi.
1. Pada netepana ugi, kabeh parentahe sarak, terusna lahir
batine, solat limang wektu iya, tan kena uninggala, sapa
tinggal dadi gabug yen taksih remen ing ndonya.
Umpak-umpak
Ibtida’i…………..
2. Wiwitana badaniki, iya saka ing sarengat, anane
manungsa kiye, rukun Islam Kang lelima, nora kena
tininggala, punika prabot satuhu, mungguh wong urip
neng ndonya.
28

Umpak-umpak
Ibtida’i………………
3. Kudu uga den lakoni, rukun lelima punika, iya
sakuwasane, nanging aja tan linakyan, sapa tan
nglakonana tan wurung nemu bebendu, pada sira
angestokna.
Umpak-umpak
Ibtida’i…………..
4. Parentahira Hyang Widhi dawuh njeng nabi
Muchammad, ing dalil khadis enggone, aja na pada
sembrana, rasakna den karasa, dalil khadis rasanipun,
dadi padanging tyasira.
Umpak-umpak
Ibtida’I………….
5. Nora gampang wong ngaurip yrn weruh uripira uripe
pada lan kebo, angur kebo dagingira, kalal yen dipangana
pan manungsa dagingipun, yen dipangan mesti kharom.
Umpak-umpak
Ibtida’i……..
6. Poma-poma wekas mami, anak putu aja lena, aja
ketungkul uripe lan aja duwe kareman, marang pepaes
ing ndonya siyang ndalu dipun emut, yen urip manggih
antaka.
Umpak-umpak
Ibtida’i………
7. Lawan aja angkuh bangis, lengus lanas langar lancing
calak ladak cumalonong, aja ngedak aja ngepak lan aja
siya-siya, aja jahil parapadu, lan aja para wadulan
Umpak-umpak
Ibtida’i………….
29

8. Kang kanggo ing mangsa mangkin, priyayi nom kangden


gulang, kaya kang wis muni kuwe, lumaku kukudhung
sarung anjaluk den dhodhokana

Bawa Sekar Maduretna


Laras Slendro
Dawah ladrang sinom

Narpati darma putra nyang danan jaya matur ingkang raka


Nalendra hari murti suka waspoing madya wasana
Nira katur sedaya mring kang reh maduretna

Bawa Sekar Maduretna


Bayata maduretna kang pinastika
Pinusthi dadi Kusuma pepujanku
Kuku wungira kang weh rudaning ndriya
30

Ndriya matrenyuh tis-tis linabong brangta

Bawa Sekar Pengaabsih


Laras Pelok barang
Singa ranu panusulling maguh pupuh baya
Pambantuning grati
Gawe sekar srana tanding kasihing ratu
Mung Kusuma kang maweh usada wuyung
Saking ndriya handege ukara kidung
*sedya kula ngestu pada
*garwa kesna puspa rugi
Mung handika masku kang sun bah rabahing gending

SINOM
Tuladanipun gegayuhan

1. Ambege kang wus utama, tan ngendhak gunaning janmi,


amiguna ing ing aguna, sasolahe kudu bati, pintere den
alingi, bodhone dinekek ngayun pamihe den ina amring
padha-padha ning janmi, sukarila den ina sapadha-padha.
2. Ingsun uga tan mangkana, belilu kang sunalingu kabisan
sun dodok ngarso, isin men yen den arani balilu ing
sujanmi, nanging atiningsun cubluk, paran dene jroning
31

tyas lumaku sinebut wasis, tanpa ngraso pran dene sugih


carita.
3. Turdukaningsun masih bocah, akeh ingkang mituturi
akuning wong kuna-kuna, lelabetan ingkang becik.
Miwah carita ugi, kang kajaba saking ngebuk, iku kanga
ran kojah, suprandene ingsun iki, teka ora ana undak ing
kabisan.
4. Caritanggan ingsun nular, wong tuwa kang momong
ndhingin, akeh kang sugih carita, sun rungokken rina
wengi, samengko isih eling, sawise diwasa ingsun, bapak
kang paring wulang, miwah ibu mituturi, tata krama ing
pratingkah kang raharja.
5. Nanging padha kaestokna, pitutur kang muni tulis, yen
sira nedya rahara anggonen ingkang pasti, nggoningsun
ngeling-eling, pitutur wong sepuh-sepuh, mugi padha
bisoa anganggo pitutur becik, umbreg ati wuruke wong
tuwa-tuwa.
6. Lan aja lali padha, mring leluhur ingkang dingin,
satindake den kawruhan, angurangi dhahar guling
nggone amanting dhiri, amasuh sarinipun, temune kang
sinedya, menggah wong neda ing widi lamun temen
lawas enggale tinekan.
7. Pangeran kang sipat murah, njurungi khajating dasih,
ingkang temen tinemenan, pan iku ujaring dalil, nyatane
ana ugi, iya Ki Ageng ing Tarub, wiwitane nanedha, tan
pedhot tumekeng siwi, wayah buyut canggah warenge
atampa.

Bawa Sekar Sida Rahayu


Laras Slendro
Dawah ladrang girisa
Gemebyar kang sucining mengku prabawa
32

Mula ing kana asale jroning batin dadi rasa tresna asih
Tu’ing batin sumebar ing lerem tentrem
Utamaning gegayuhan yen nganti tumekaning janji
*Ojo nganti kenyut keli
*kasengsem banjur lali
Rasa kaendahan kang tentrem mring karaharjan

Bawa Sekar 7 kenya kediri


Dawah ladrang Girisa
Sapta catur duh Kusama puspa lulut, Tulus awelas mring
dasih
Kalimbagung pandaya tumraping ranu
Kosong saya tansah muwuh ing gung branti
Aduh babu aduh babu sung cur retna iwa ningsun
*bayem arga jenang Sela
*anteng jadmikamrakati
Baya titis ingu dyah ayu kena Kediri

Sekar GIRISO
Wewaler tuwin pandonga dating para putra

1. Anak putu den estokna, warah wuruke sibapa aja na


ingkang sambrana, marang wuruke wong tuwa, ing lahir
batin den bisa, anganggo wuruke bapa teguhana jroning
nala, pada nedya santosa.
2. Aja ana kurang panerima, ing pepesthening sarira, yen
saking Hyang Maha Mulya, nitahken ing badanira, lawan
dipun awas uga unggul asor waras lara, tanapi begja
cilaka, urip kelawan antaka.
33

3. Iku saka ing Hyang Sukma miwah to ing umuriro, kang


cedak lawan kang dawa, wus pinesthi mring Hyang
Sukma, duraka yen maido’a, miwah kurang panarima,
ing lokhil makhfule kana, tulisane panwus ana.
4. Yogya padha ngrawuhana, sireku ning badanira, ing
Hyang ingkang amurba, kang misesa marang sira, yen
sira durung uninga, prayoga tetakona, mring kang pada
wruh ing makna, iku kang para ngulama.
5. Kang wus wruh rasaning kitab, darapun sira weruha
wajib mokhaling Hyang Sukma miwah wajibing kawula,
lan mokhale kawruhana, miwah ta ing tata krama,
sarengat dipun waspada, bakal kharam taka kena.
6. Sunat lan ferdu punika, prabot kanggo saben dina iku
kaki dipun padha, terang ing pitakonira lan aja bosen
jagongan lawan kang para ngulama, miwah wong kang
wus sampurna pangawruhe mring Hyang Sukma.

7. Miwah patrap tata krama, ing tindak tanduk myang basa


kang tumimba marang nistha, tuwin kang tumibeng
madya, tanapi tibeng utama, iku sira takokena, ya
marang wong kang sudjana, miwah mring wong tuwa-
tuwa.
8. Kang padha bisa micara, tuwin kang angolah sastra iku
pantes lakonana, bisa madhangken tyasira, karana ujaring
sastra, utawa teka cerita, ing kinarya gindholan,
amurukken mring wong mudha.

Bawa Sekar Sulanjana


Dawah Ladrang Kinanti
Duh yang sukma tan umatur kang narima aning becik
34

Iku tan dadiya kawruh


Ana ugi mugi paring den kaesti tedak saking rata karurungan
Pada sekar Kinanti arane kang wusana
Kang sinendra-nendra kang wusanani raharja
Cinaturing marga mugi paringana raharja
Bawa Sekar Asmarandana
Dawah ladrang Salawat
Anjasmara ari mami
Masmiranku la’o dasih mutan wurung layon
Aning Kita Purbalingga
Prang Tanding lan uru bisma
Karya Mukti wong ayu
Pun kakang pamit palastra

SOLAWAT
Umpak-Umpak
Gusti Allah amba nyuwun pangapura, ingkang mugi
Alloh paring pangapura
35

1. Duh Gustiku wong bagus ingkang minulya, tanpa


timbang ngungkuli sajagad Raya.
Umpak-umpak
Gusti Alloh…….
2. Duh putraku, tresnaku dumunung sira, ingkang mugi
Alloh paringa lestari.
Gusti Alloh…..
3. Duh Intanku, cahya lir wulan purnama, amadangi
sagunging umat kawula.
Umpak-umpak
Gusti Alloh…….
4. Duh mirahku, suslide umat sedaya, nyupangati mring
umat sajagad Raya

Bawa Sekar Dandang gula Sida Asih


Dawah ladrang Kudangan
Pamintaku nimas sida asih
Antut runtut tansah reruntungan ing sarina sawengine
Datan ginggang sarambut
Lamun adoh cake ting ati, yen cedak tansah mulat
Sida asih tuhu
Pindo mimi lan mintuna, ayo nimas bareng anetepi wajib
Ida asih bebrayan
36



KUDANGAN

Umpak-umpak
Sun miwiti anarik akaling bocah mbok menawa lawas-
lawas bisa mbeneah, bisa mikir bisa mikir bisa ngrasa bisa
nggenah, ngarep-arep kabeh iku mung fadlilah
37

1. Duh Gustiku wong bagus ingkang minulya, calon Nabi


kang pinilih, Aduh Gusti Pangeran kang Maha suci
mugi paring paring mugi paringa lestari.
Umpak-umpak
Sun miwiti…….
2. Mbok menawa ora kurang sandang pangan, njeng
Muchammad Gusti ingwang, berkahe, sapirang-
pirang, tandha yekti tanda yektine wus terang.
Umpak-umpak
Sun miwiti……
3. Sun padosi tebih ngriko tebih ngriki, daradasih nggen
sun ngimpi, inten-inten anakku kang merak ati,
mundhut napa mundhut napa sun turuti.
Umpak-umpak
Sun miwiti anarik, akaling bocah mbok menawa
lawas-lawas bisa mbencah bisa mikir bisa ngrasa
nggenah ngarep-arep kabeh iku mung fadlilah

Bawa Sekar suka retna


Dawah ladrang solawat nabi

Duh sang retna kang maweh miring ning nala


Anglam-lami mesam-mesem sun har surya
Wiragane agawe gawa ing ndriya ndriyas mara
38

Mung murih mucung mring ndriya

Bawa Sekar candra Asmara


Duh nyawa den tan angsung
Pisung-sung sangsangan sari
Sorengsun sru, mar lupa lir pepes bayu ngong atipis
*Sarpa kresna paribasan urang gungkang pari waja
Mung sakthitik cacatipun wong ayu ngungkuraken
tresna.

Solawat

NABI
1. Dasar bagus tuhu luwih…….. kasihing Hyang tanpa
timbang….. kang agung supangatipun kang Agung
39

sukang Agung supangatipun ing ndonya tui ing


ndonya tuwin akherat
2. Ingkang maksih pirang-pirang…. Sira Agung sira
terang…… angungkuli drajatipun, angungkuli
angungkuli drajatipun, yen njeng Nabi-yen njeng Nabi
dutaning Rat
Umpak-umpak
Allohuma soli ngala sayidina ya Muchammad 3x
1. Lumintan pegak kendat berkahe njeng Duta Ning rat,
yeku njeng Nabi Muchammad, agunge ingkang supangat,
yekti njeng Rosulullahi tuhu kekasih ing Alloh.
Umpak-umpak
Allohuma soli ngala sayidina ya Muchammad 3x
2. Kaot lan Nabi kang katah agunging njeng Duta ning Rat
yeku njeng Nabi Muchammad Agunge ingkang
supangat, yekti njeng Rosulullohu tuhu kekasih Alloh.
Umpak-umpak
Allohuma soli ngala sayidina ya Muchammad 3x

Bawa Sekar Langen Ndriyan


Dawah ladrang Ilir-ilir
Sinten mawon mbeten gela tilem mawon ndadak nglilir
Gragapan grayak grayak among pinanggih guling noleh
nganan lan ngiri delek-delek ngekep tiwas-tiwas digagas
jebulane among ngimpi
Mung tujuane wong liya tan pada elinga wose wae
panutipe ilir-ilir
40

Panutup
ILIR-ILIR
1. Ilir-ilir aturanipun ingkang akhir para kanca Laras
Madya dumateng para miarsa, sapunika sampun
rampung andaranya, minangka panutupira ringkesanipun
mangkana kang sapisan tembangipun Dandanggula dene
isinipun wulangan tumrap dating tiyang enem lamun
bade puruwito, milih Guru kang pitaya, lahir dumugi ing
batos.
2. Lajeng gilir tembang Kinanti umilir, nerangaken
paedahnya wonga anom purun pruhita, bisa lantip
mangerti sabarang rasa nora ela-elu kanggo, madeg
meruhi priyonggo tindakira datan tinggal ing weweka ora
anggugu wong liya manut wulange gurune dene lamun
dereng terang becik takon mring wong tuwa, antuk
pepadang sayektos.
3. Gambuh lahir polahe ambalik jungkir, lamun tan antuk
piwulang mung miturut karepira, pambegane rumangsa
wus muncer tenen ora kalah karo tangga mula banjur
cecimprangan, yen kalantur polahe katula-tula nrana-
mrene isih ana wong kang ngungkuli awake, banjur tukul
merinira kepengin kaya weng liya, awake rumangsa asor.
4. Pangkur gilir wulangane yen pinikir, lamun bade
serawungan kudu nganggo tatakrama duga-duga amrih
bisane prayoga, ngajenana mring wong liya, kaya ngajeni
piwulang ingkang prayoga tan gumantung kahane
41

nadyan luhur asorira, apa anom apa tuwa, uger


piwulange maton.
5. Ketir-ketir sekar megatruh gumilir, wong arsa angabdi
Nata among kanggo sak umpama, lamun datan mangerti
marang piwulang karepe tansah sumelang bakal nora
katurutan, ganti tembang Sekar Durma kang kaceta becik
sira ngudiya marang wulange gurune banjur padang
paninggalnya karepira kawruhana, begja cilakane
manggon.
6. Kadi gilir ingkang wirangrong kang gilir, nadyan atur
mung sakecap utawa laku satindak den kawruhi saben
dina dipun titi murih tindake prayoga, nora natoni, wong
liya tembang Pucung piwulanging kautaman, bisa rukun
pawong mitra nora gampang ing congkrahe lamun ana
pakumpulan ngupaya manginira sakanca kita gumolong.
7. Mijil lahir andaranipun sumilir, yen pra muda
wusbinuka, tanpa wulange wong tuwa tansah eling lahir
lawan batinira angudi bisa prayoga, kaya tindak kang
satriya sebalike wong bodo kedadeyannya, nora gelem
tetakonan mung narima ing bodone, nora duwe
kaantepan, sabarang wis anarima, pada wae karo kebo.
8. Genti gilir asmarandana kang lahir piwulange saya cetha
aja pada murang sarak, kang pungkasan tembang Girisa
punika wejanganipun wus nyata lahir batine manunggal,
sampun hening mring pesthine kang kuwasa sunat lan
ferdlu punika prabot kanggo tumindake panutup
Slawatan kita nyuwun pangaksama lahir dumugining
batos.
42

Sekar MACAPAT
Turunan Serat
43

Kondo Cetha

Anggitanipun
R.M DARSOWIGNJO
ING

Surakarta Adiningrat

Sinom
1. Darpeng tyas murweng gitaya, satata mangaruweni,
sayekti among kinarya wewentehan ngaweruhi
gegayuhaning urip supaya ora keliru rasa kena dikerasa
44

krasa ingkang amastani, tata tentrem ing purwa madya


wasana.
2. Mumpung sira masih muda yen bisa ngalonalani, perlune
ora kainan mbesuk tinemune mburi iki pitutur becik sing
lumrah kanggone umum, ana patang perkara, sarengat
kanggo kasiji, ping pindone kang diarani torekot.
3. Kaping telune hakekat, kang kaping pat diarani makripat
kanggo pungkasan, tak tegesi siji-siji, ning aku janji disik
ojo maido kandaku, aku mung kandha blaka kiraku kok
gugu becik, dene ora gugu tan dadi apa.
4. Puluh kowe tak peksoa, tiwas aku kanda crigis yen atimu
durung doyan, mangsa kok lebokna kuping, mangka
kandhaku iki anane gelem pitutur, mbesuk yen kowe
tuwa, aja nganti anglakoni, kaya aku keduwungku ora
jamak.
5. Iki lehku ngura-ura nganggo tembung kawi bares kures
blaka suta, sirku mono aja nganti kangelan lehmu mikir,
mengko mundhak sasar susur marga yen salah tanpa
sanadyan pitutur becik jroning batin panampamu malah
ewo.
6. Terkadang sok ngumpak-ngumpak iya peh bisa nutupi
mbok coba wae sing kanda de’e dewe anglakoni, adat
mangkana kuwi aku wis tau nglakoni yen diwulang
dening ibu tuwin bapa.
7. Diweruhi tatakrama, dedalane bener becik, lahirku iya
iya nanging temene ing batin iya mbok ojo criwis, tak
rewangi nylamur-nylamur, sangsaya anyelku jamak yen
dimori muring-muring mula iki mung tak samba ura-ura.
8. Luwung kanggo ular-ular, yen bisa nggonen kang pasti,
aja peh aku sing kondo, dudu wong sing mimblih
mimblih, wulang ndalem rak muni yen pitutur becik iku,
45

nadyan metua wong sudra siro anggonen kang pasti, karo


maneh aja watak kebrabeyan.
9. Kayata ana kojah, nanging kowe rada getting, menyang
wong sing akojah, kejaba sakranjang gambir kupingmu
kok nutupi, suka ora sudi ngrungu o ngono kuwi wong
salah, dupeh kowe wis getting sakandane kudu ora kok
percaya.
10. Iki durung ati tuwa, wong getting angetarani, kang
mangkono iku aja, niru wong ahli budi, nadyan batinmu
gething, lahir kono yen ketemu, aja nganti ketara,
sasabana tembung manis, sing prayitna aja lali tata
karma.
11. Yen kojah ditanggapana, aja kesusu kok tampik
kowe rak bisa nyurasa mengko rakyo bisa milih, sing ala
disingkiri, sing becik-becik digugu yen bisa linakonan
orane yo dipengeti, ditularna kaya sing arep takkandha.
12. Mungguh kang jeneng sarengat, kalumrahe wong
aurip, kudu nganggo tata cara, nyingkiri larapati, sarana
ngati-ati, amrih slamete awakmu, aja wegah setiyar,
nyambut gawe golek duwit, kajaba ta yen jempo are
papa.
13. Ning nadyan nyambut gawe, duga-duga aja lali
banjur ora ngrembug awak, jalaran kelingan hasil, selak
kanggo nuruti nyang karepe hawa nafsu siya-siya nyang
awak yen kesandhung suker, sakit bebatenmu enten
kanggo tuku tamba.
14. Mula kudu duga kira, sak gaduk-gaduking pikir,
waton tetep ora ndleya, ora ngliwakake wajib, pametu
akeh sitik, gumantung ana awakmu anggere bisa
mernata, sawuda sabilik-bilik gede cilik pada wae ora
beda.
46

15. Blanjane satus rupiah, yen tadhahmu, kok gedheni


nganti luwih saka blanja, ora wurung mesti mringis,
banjur dikosok balik, nadyan setali blanjamu, anggere
bisa mernata butuh cukup rong ketip, mesti menang karo
sing satus rupiah.
16. Mung kalahmu kalah uwah nanging kepenak ing ati,
kowe mesthi menang penak, coba ta yen ngati-ati,
blanjane satus repis, dasar tatanane bagus laiya kuwi
tuladha wose wae akeh sithik, kacukupan saka duga lan
prayoga.
17. Yen wis cukup butuh ngomah banjur salin ganti
mikir butuh marang kalumrahan, karo tangga kanan
kering titinen jroning batin tata carane pirukun, kang
becik kok timbangana aja nganti kalah ati, sanak tangga
ketemu sedulur rena.
18. Tresnoa sapadha-padha, mengko mundhak dicireni,
poma ngalah satitik, yen tinimbang padha padu paedahe
ora ana, munggawe rengkanin ati, ati gela nyudakake
soking tresna.
19. Kowe dewe bisa kandakahanane wong aurip rukun
agawe santosa, mula becik ngati-ati, awit padu mesthi
dadi nyuda santosamu, crah agawe bubrah wekasane
banjur ringkih, sesrawungan kudu nganggo tepa-tepa.
20. Kulup sira mangertiya menyang tembang tepus
kaki, nyiliha rasaning liyan, mungguh aku kaya kuwi,
priye rasaningati mengko bakal bisa ngukur marga padha
manungsa, kaceko ora sanyari, wong degsiya merga ora
weruh tepa.
21. Ungguh tatakrama, iya kudu diweruhi, wong
menehi tata karma ora beda weruh tarip, bisa mangerti
aji, marang kang arep tinuku tumraping sesrawungan,
tata krama iku dadi, pangruwating saru siku lan degsura.
47

22. Sarak sarating amama, aja sok nyulayani awit wis


dipikir dawa, karo para Nabi Wali dene kowe sakiki,
durung kober melu-melu, kaya kang ahli sarak nanging
aja mancahi ndak kawiyak diarani murang tata.
23. Lamun wong persanakan, supaya bisa prayogi
padha reksa rineksa, aja nganti gawe serik pirang mbara
meruhi, butuhe sanak tinuju orane waton aja ngganggu
gawe angrusuhi, nyang darbeke sanak kadang pawong
mitra.
24. Yen kabeh-kabeh dak gelar, sarengate wong aurip,
luwih-luwih sarengat sing kurang mapan aku wegah
anulisi, yo samene wae disik, mung trima luwung
wosipun, isining kawruh sarengat anglakoni bener becik,
tata cara rukune sapadha padha.
25. Saiki salin kandha, angrembuk torekot genti
tinimbang nyatur wong liya, enake tembange salin, dadi
ora mboseni, prakanca sing pada ngrungu, pangkur wae
kepenak, nanging berese bab iki, aja swara surasane
rasakena.

#Pangkur#
1. Kang jeneng ngelmu tarekat, iyo iku naliti lakuning ati
bisane lega atimu, sukur-sukur yen bisa, ayem tentrem
murakabi nyang awakmu, awit tentrem iku beda,
tinimbang leganing ati.
2. Lega iku mung sadela, nalikane kelakon ingkang kok siri
yen kang jeneng ayem iku, ora bedo tanduran, waton
48

ajeg panyirame ledung-ledung nanging yen ketandegan,


godonge alum ngalentrih.
3. Saya yen ketiga ngerak, angeretek uwite memelas asih,
ya kuwi yen arep weruh, ayeme wong kasiram,
sagebyaran nanging yen koncatan banyu uwite kelakon
ngerang, godonge alum ngelentrih.
4. Balik yen tentrem temenan, ambegeg persasat wis
gunung wesi, umpama wit-witan glugu, disiram karo ora
panggeng wae, marga oleh pitulung, kasiram sarining
rasa, malah wohe murakabi.
5. Badan iku mung saderma, anglakoni apa sapokaling ati,
ngetan ngulon ngalor ngidul, susah utawa bungah, ora
liya kabeh saka panggawemu mulane kudu prayitna
menyang karenteging ati.
6. Marga lumrahe manungsa, klebu aku ora anyelaki, sing
akeh sok keblasuk kagawa pancandriya, nepsu lima rebut
ducung barena maju luput metu saka mata iya metu saka
kuping.
7. Luput kuping metu lesan, luput lesan iyo umijiling pirji,
luput perji metu irung, aku nganti kewuhan wong dha
uwong suwe suwe sok kalimput weruh-weruh wis
kesasar, tujune wis rada ngerti.
8. Ngerti yen pencana iya panggawene sipancandriya iki,
gawe rusaking atimu, kang marang katentreman, apes
mblebes bubrah petung, petungan kang sanyata tan kena
den indani.
9. Yen indhaya babar pisan, pancandriya angel nggonmu
angendani, awit bisane anggugut, lehmu mangupo jiwo,
iya saka kersane kanepsonanmu, ana maneh pancamaya
kowe ya uga nduweni.
10. Cahya kang patang perkara, cahya abang ireng,
kuning lawan putih, iku uga manjing nepsu, nepsuning
49

aluamah ngangah-angah, lungguh ana wadhuk,


plawangane ana lesan, cah abang kang nduweni.
11. Amarah watak brangasan, plawangane mawijil saka
ing manik, lungguh ana rempelu, ireng ananing cahya, ye
supiyah watake sarwa kesusu, sugih marang pepinginan,
kang nduweni cahya kuning.
12. Lungguh ana ing limpa, plawangane mawijil, ing
kuping , dene mutmainah iku, sumuci emoh ala, anteng
jinem ana ginjel nggone lungguh, plawangane ana grana,
cahya putih kang nduweni.
13. Kabeh iku mung minangka, kanggo kanthi
kekuwatane getih daging, nanging umpamane akarup,
karepe pancandriya, kang dumadi saka ing angen-
angenmu. Kuwi kok penggak ya ora ya mung anggere
ngendhaki.
14. Demene sok ajak-ajak nyang ragamu yen ora kok
turuti, banjur mrengguk lenggak lengguk yen kok turuti
bungah, yen kesandhung adhuh sambat biyang biyung,
lha mau sing ajak sapa, rakya sing sambat kuwi.
15. Terkadhang sak panca baya, golek bungah malah
nemoni prihatin, yakuwi yen arep weruh, therthering
pancandriyo, ujas ujus tibane yo ora pecus mula jeneng
ora nyata, yen diuja nyilakani.
16. Tumraping pra sarjana, dasar wimbuh
kewicaksananing budi, marang panggawening nafsu, wis
ora kesamaran, kena lali sakeclapan nora mberung,
banjur eling manalongso, nyenyuwun apureng widhi.
17. Ing mburi saya prayitna, saben ana kerentek sajero
ning ati, ora kesusu diturut nganggo dipikir dawa.
Krentek mau saka panggawening nafsu apa panggawe
kang nyata metu saka ati suci.
50

18. Ning iki ya ora gampang kudu ngambah marang sak


bangsane go’ib sapa kang ngereh atimu, iku tansah
waspadakna, sinaua sabra sareh awas emut, iku
minangka kunjara kabeh kanepsoning ati.
19. Panca maya ndriya pancandriya, tobat dening sabra
lan sarehing budi, yen ora ngandel kandhaku, mara coba
takokna, nyang wong pinter mengko rak kaya kandhakku
pangruwate nafsu hawa, ora liya saka kuwi.
20. Saranane ulah napas hening-hening waspada
kelawan eling, kowe aja salang surup, iku mung kanggo
dolanan anenuntun anteng-antenging atimu, supaya sabra
tawakal dudu kang jeneng semedi.
21. Ngawruhi ngelmu kang nyata, liring nyata tetap
osiking ati, yen atimu kandha biru, ya sing biru temenan,
kandha abang iya abang aja dudu, dadi tetep tinetepan,
mangkono ati kang suci.
22. Yaiku dawuhe Sukma kang lumantar saka
banyukang urip, katemon dening rasamu, rasane urip
tenan dudu rasa panggawene hawa nafsu, ye kowe wis
bisa asabar, upama banyu ing beji.
23. Menep bening kaca-kaca, mesti kowe kasinungan
ing patitis, tetes apa saujarmu, ora kelingan hawa, aja
maneh marang krentengin atimu, nadyan karentenging
liyan, rada bisa nyumurupi.
24. Jeneng pinaringan ilham, cilik-cilik ora ketang
mung sathithik, wis kawikan kaya wiku, wikune wong
saomah, tekan kene kiraku wis cukup, ganti ngrembug
chakekot tembange salin Kinanthi.
∞∞∞∞∞
51

KINANTI
Kang jeneng chakekat iku, meruhi rasa sejati awit
rasaning manungsa ora beda kuwih lapis, saja kaya sapsapan,
njaba njero banjur kodim.
Rasa njaba ye didumuk, kerasa ana ing kulit, keri gatel
perih krasa, aja sing jeneng digitik, wong kanginan bae krasa,
sumuk bisa krasa isis.
Nanging yen kesokan setrup, awake rak rasa legi keja
pliket ra ana, awit rasa legi gurih, pait getir iku lidhah rasa
njero kang nduweni.
Bareng kesandhung ing butuh, kowe nandang utang silih,
kang krasa dudu lidhah, apa maneh kulit daging, kabeh ora
apa-apa rasane tinemu ati.
Ya kowe yen arep weruh kang jeneng rasaning kodim
mula aku mau kandha, rasa kaya kuwih lapis kasiyate beda-
beda, sap telu kang dak weruhi.
Rasa kabeh-kabeh iku, kawengku marang sawiji angen-
angen badan sukma, kang ana thelenging ati, ya kang jeneng
bale atma, nggon pakumpulaning urip.
Budi sir cipto rasamu, ana kono kang dinggoni nanging
kowe sumurupa, sejatine kabeh kuwi, kaya dene pora
nggarap, dhawuhe kersaning go’ib.
Katampan dening rasamu, mahanani mobah mosik, raga
kang bakal tumandang, tumandang mikul sarta nyunggi,
apadene pertukangan, kriya greji juru tulis.
52

Rasa iku pamotanmu, kowe ora kena mukir wong wis


kalincak kapetak, yen lara butuhmu mariyen memangan
kurang enak, kowe bisa angarani.
Iki cemplang kurang bumbu, terkadhang yen kurang
asin, kowe njaluk imbuh kecap, rak wis terang ta saiki mung
njaluk enak kepenak utawa leganing ati.
Dadi mituhu rasamu, ananging sajroning ati, ana rasa
kang sanyata, rasaning kang maha Murni, wajibe kudu weruha
ya kuwi rasa kang suci.
Awit ana rasa rusuh, dhemen goroh dhemen lamis, lan
dhemen nyatur ala, dhemen yen ana wong sedih, ora pisan
welas malah para ngisin-isin.
Kalamangsa kadhang tuwuh, akale sing ora becik, ga
tuna apitenah, supaya bisoa dadi sangsarane kana-kana, lha
kuwi rasaning iblis.
Amanjing ana pikirmu, angendhih rasa kang murni karo
coba rasakena, goroh lan lamismu kuwi, mengko rak bisa
rumangsa , ah iki ngisin-isini.
Mulane kok tutup-tutup amarga kowe wis ngerti yen
kuwi oenggawe ala, kiraku kang Maha suci ora kok bisa mirsa
tibake tansah nyatheti.
Kala mangsane awakmu, yen kaweleh kongsi nyungir,
anane wong bisa kandha aku dhewe wis nglakoni, eeee Gusti
Alloh melehke kok le gelis.
Mula sapa sing kajigung dening ing pikiran iki, mesthi
kerep pepetengan, awit rasane kang wening kacampuran nafsu
hawa, mubal regede ngalingi.
53

Supaya terang kandhaku gambling lehmu anampani


tibane rasa kang mulya, pinda saka langit, cumlorot kaya
barleyan, tumiba telenging ati.
Yen atimu suci mulus, banyune lestari bening sasaning
gelas Kristal, dayane anyrambahi, marang swasaning jagad,
seger sumyah lahir batin.
Awit sucining atimu, wis dadi damparing Widhi,
umpamakna bang-bang wetan surem sorot anelahi atinem
sakedhep netra Sang Hyang Harka anelahi.
Ning yen banyu udan mau, tumibane saka langit
ketampan atimu sesat kaya klentong lenga klentik regede
mesthi mubal, dadi pepeting ati.
Mula kerep klira kleru, dudu dalan diwetani kang becik
dikira ala, kanga la dikira becik, nasar nasar ambelesar, wong
kena hukum ing batin.
Mula pangarep arepku, sadulurku kabeh iki, arahen
sabisa-bisa, ngilangi regedhing ati, aja nganti kawoworan rasa
rasane ijajil.
Cikben luputing reridhu kang andadekake sedih pirang
mbara pada bisa, ngulina rasa sejata, kang nggawa tata
raharja, ayem tentrem ing dumadi.
Kasebut ing tembang Pangkur, gejege wis dak turuti. Iya
mung sarining rasa kang gawe tentreming ati mengko yen
tekan makripat kowe bisa nyumurupi.
Dhodok selehing atimu cetha wijang siji, ora mung
ginebyah uyah, dumeh bae pada asin, yen ngono ndak ora
cetha, bingung lehmu anampani.
54

Anane wong anggeguru, sok tumpang suh leh nampani,


iku saka kurang wijang, wijangane siji-siji mula bileng
bilulungan, kaya mendhem donga sepi.
Harak nyilakani kaum, aku wis kok njur ngrasani tekan
tembung kaum barang, luwih becik angur mikir kang jeneng
ngelmu makripat, tembang Pucung bae becik.

##PUCUNG##
Mangukadung, kathik kaya mendem Pucung, lehku
ngarah-arah, arep dak anggo miwiti, nerangake kang jeneng
ngelmu makripat.
Ya mung luwung, kang gawe sing isih suwung tegese
makripat, ameruhi maring urip, kang jarene gandeng karo
Gusti Alloh.
Urip iku jejere ana tetelu, siji urip obah, pindhone urip
osik, kaping telu urip langgeng ora papa.
Rasa iku, mung dadi wadah satuhu, jasat kurungan, yen
isine angoncati, telung dina wae kurungane rusak.
Yen uripmu sikil ish bisa mlaku, tangan bisa nglawat
marga dening osik, osik saka pangereh ing rasa.
Rasa mau, direh panjenenganingsun, ingsun ingsun sapa,
ingsun dzat kang anglimputi, mring kahanan dumunung mring
kago ‘iban.
Biyen aku dek isih demen nggeguru, wis tau diwulang
pungkasan.
55

Awit iku, dzat kang nglimputi anaku, iya kang kuwasa,


nitahake bumi langit, saisine kabeh ora keliawatan.
Malah klebu, triloka jagad tetelu lan betal-betalan ingsun
kabeh kang mengkoni, ora beda wisika ananing edzat.
Nalikengsun, miliki ing betal makmur jumeneng ning
Demak, antarane Dimah manik, jroning manik iku budi banjur
asma.
Asma iku, lugune angen-angenmu banjur maneh sukma,
banjur rasa kono isi, isi ingsun, dzat kang nglimputi kahanan.
Wose ingsun, betal mukarom ya ingsun, kang ana
Mukadas, nutpah mani wadi madi, ana kono liyan ingsun ora
ana.
Golek ingsuh, dak udi setahun betun, bareng wis
kecandhak, durung trima meksa ngudi, ora ngono ingsun,
ingsun kuwi sapa.
Bareng anu, dumadakan ana guru, sing kedugo mejang,
dununge ingsin sejati, iya iku Roch Suci Tirta Prawita.
Yen pinuju, jumeneng ning betal Makmur, madangi
pangrasa, wahanane dadi eling, yen jumeneng ing betal
Mukarom.
Manjing jantung, dadi osiking atimu lan karep kauripan,
saka Tirta Prawita di, yen jumeneng aning Mukadas dadi rasa.
Mula iku, yen cunduk karo rasamu, ingsun wis
manunggal, tunggal sarining trimurti, tirta Marta tumetes dadi
manungsa.
Rasa mathuk, lagi iki bisa antuk, guru pada cetha
dununge ingsun sejati ewa dene meksa aku durung trima.
56

Isih luru Maha Suci kang satuhu, kang sinebut Alloh,


utawa kang gawe urip sing nganakke Roh Suci Tirta Prawita.
Jare iku, luwih cedhak karo aku, langgeng datan owah,
yo koyum bilahi, tanpa owah tan kajero tan kajaba.
Aku tau, ndumuk napa iku dudu, o kuwi rak njaba awit
mung tatining urip, bareng aku mengeng lha iki ta
Jebul nyatus, tiwas lehku kempas-kempis, saiki wis lega
ning yen kowe dak baresi mundhak receh tur kowe mongso
nggugua.
Awit aku, isih butuh mangan turu, butuh dhuwit barang,
kaya lumrahe wong urip, mula mandheg semene sedhengan
bae.
Kari ngrembug, ing pati yen bisa tutug, mbesuk titenana,
aja ngenthengake dhisik, rasakna tembange Asmarandana

∞∞∞∞∞∞∞
57

Asmarandana
Kowe aja pijer kingkin menyang kahananing ndonya.
Ndonya iku rusak kabeh, siji bae ana sing langgeng datan
owah, ya bener manungsa iku kudu ngenggoni sarengat.
Tata caranine wong urip, kudu golek sandang pangan,
wong pitik wae ceceker, aja sing aku manungsa ora ambudi
daya, saben ndina golek butuh nggo nuruti kekarepan.
Ning tibake sok ombang-ambing, karep iku yen diuja wis
ora ana enteke, yen keturutan ya bungah, ora keturutan susah,
sajeg jumleg nganti mbesuk, ya mung bungah karo susah.
Apa sing kok kepingini yen wis bisa kasembadan banjur
isih kurang maneh, luput barange sing rusak, iyo kowe sing
kandha, jarene duwit ra butuh, awit iku iya rusak.
We lha sing alon dhisik, dhuwit ana-a sakranjang iya isih
golek maneh, mula umpama dijiat tinimbang uripe mlarat, ya
luwung sing mubra mubru, ning tentrem iya ora awit tentrem
iku saking, bisa ngendhaleni hawa, bisa nitahke uripe, ndonya
kanggo kalumrahan semune ora sepira, bakal pisah karo aku,
yen mati ora dak gawa.
Mulane wiwit saiki, arahen sabisa-bisa rasa aja nganti
nyakot, menyang kahanan ing ndonya mbesuk mundhak
rekasa yen wis tekan jaman kukut, mandheg mangu ora eklas.
Ora bakal wurung mati, senadyan mandheg mayonga,
wis mesthi sido dibethot, mogoka ya diregadag sok nganti
pendirangan, lha ya kuwi jalukanmu, biyen-biyen ewuh apa.,
bisoa kaya sejaku pangeran paring nugroho.
58

Lha sing aku dewe iki, iya durung kinaruhan yen


panahku bisa mencok, panuwunku saben ndina tumekane ing
pungkasan .bisoa kaya sejaku pangeran paring nugroho.
Mulane mumpung saiki, nanging yen atimu lega, coba
nggonen ngrasakake, besok tumekane jaman, kowe ngguguha
apa, lan sapa sing gelem melu, mbok anak bojone pisan.
Lan sapa sing kok tresnani, mbesuk tekane sekarat jaken
wae aku emoh, ning kowe ya aja gela, aku iki mung kandha,
kanggo seksi ndonya iku kabeh rusak ora ana.
Ning kanggo cah nom saiki, wong mati nganggo diajur
gagas. Iku rak wonag gugon tuhon, ora susah kok rasakno
mbesuk tumekane kodrat, yen wis tekan watesanmu, rak ya
njur gletak palastra.
Angur mikir golek dhuwit kanggo sangu leha-leha, kuwi
sarengat jenenge, beda karo sing dak kandha, iki kawruh
makripat, mikir tanjane uripku sing langgeng tan kena owah.
Mulane ndak tlening-tlening, ting telening kaya boning,
aja cawuh panemune, sareng diwor makripat konang karo
rembulan, wis ora temu tinemu mula sok diya diniya.
Becike pada digladhi, kasebut daliling kitab,
antanukablal maok, sajroning urip matiya, dadi pancen wis
terang, mati kudu disinau mesthi wae ora gampang.
Awit yen dipikir dawa, wong mati kok dikon ajar lha
sapata gurune, apa ajar nyang njaratan, takon menyang wong
wonganya, yen wong mati niku pripun, kulo ajeng njaluk ajar.
Hem rakya diguyu pitiuk ning wong urip, ya sing ajar
harak wae dipaido yen mati kena diajar dijupuk saka nalar,
umpama na didyan murub, kanga rep kasatan lenga.
59

Gejege yen ora lali, aku wis tau nggegulang sida dina
yen uripe, dhek samana sirku nggagas, karo Kyai Sagota,
jebul cek dhel mak belusut, elha Kyai ki sembrana.
Ananging yek kok tatoni, gek rasane kaya ngapa,
sajroning sekarat kae, aku ora bisa kandha, awit wis lali
temenan, ya mung layu kapi layu, tan kena kinaya ngapa.
∞∞≤≤∞≤≤∞≤∞≤

Anda mungkin juga menyukai