Anda di halaman 1dari 2

Serat Seri Pedalangan Kanthi Lampahan

“PETRUK DADI RATU”

(dodogan srepeg 6 sl)


(suluk ada ada 6)

Petruk : slawase urep iki petruk mung dadi batur ,batur kuwi kawula cilik gedibal
pitulikur .,batur iku panembah ing catur ., ramene peperangan ndoro Priyombodo maling putri
Pustakaweni kroyokaan jimat jamus kalimosodo ,mongko iki mau ceblok mongko tak temok
aku ,wong barang koyok ngeneki jare ampuhe kagila gila neng nyatane aku iki nggowo jimat
kalimosodo mongko rasane koyok ayem tentrem, coro basane sak iki tanpo beban kok seleh
rasane . e cobo koyong opo mbok menowo jere percoyo , dikanteni manembahe gusti seng
nggawe urip . eh tak coba ne

(Dodogan sampak 6 sl)


(suluk ada ada 6 sl)

Joyosantiko : keparat, teko teko lanyo lanyo srogal srogol ., kowe sopo ?
Petruk : genti takon , kowe ki sopo
Joyosantika : mokal yen kowe ora ngerti karo aku . aku nalendro lojithengoro
Petruk : ngratu lojithengoro ?
Joyosantiko : yo,aku joyosantika
Petruk : la seng mburi
Kridomanggolo : takon bali karo aku ,jenengku patih kridomanggolo
Joyosantika : kowe sopo
Petruk : blokosuta iki petruk
Joyosantika : sak ngerti ku kuwe kui punokawan ,punokawane satria kondang raden janaka
Petruk : iya
Joyosantika : tiwas kebeneran ,kowe melok aku
Petruk : lak wes melok kowe
Joyosantika : kowe tak jak nelok ake wong amarto
Petruk : oo la sampean kualek. Malah dino iki kowe karo aku apik apik an aten , seng dadi ratu iki aku
Joyosantika : hus,anggepmu kowe kui sopo ,kowe ki mong batur
Petruk : lo opo terus nek batur ora oleh dadi ratu . ayo dino iki ayok apik apik an aten . aku dadi ratu
kowe dadi kawula
Joyosantika : kakang patih ojo gugu wong edan , rangketen lebok ke aku pakunjaran
(Dodogan srepeg 6 sl)

( sak banjure. Raden Joyosantiko lan Patih Kidomanggolo perang karo petruk, sak wis e perang
Raden Jyosantiko kalah Karo Petruk . Lan sak teruse,,, Petruk Di wenehi palungguan Ratu
lojithengoro kanthi jeneng THONG THONGSONG BEL GEDUEL BEH)

Petruk : la lak ngeneki tobat ,kowe arep wani karo aku seng mbok ndel ke apamu
Joyosantika : nggeh kulo nyuwon pangapunten kilurah
Petruk : ngerti to kasektenku,,,, sak banjure kowe njalok opo
Kridomanggolo : ampun koyo mekaten ki lurah
Petruk : sak iki negaramu dadi nggonku
Joyosantiko lan Kridomanggolo : inggih kilurah
Petruk : sak iki yen aku wes dadi ratu kowe kowe kabeh dadi kawula ku . mbareng aku wes dadi ratu
ono ing lojitengoro ayo tak jak ngrangket negoro ngastino, kowe kowe kabeh kudu sagoh
Joyosantika lan Kridomanggolo : inggih monggo kulo derek aken

(Dodogan srepeg 6 sl)


(Perang ratu bel geduel beh lan prabu duryudana )
(Kawula Ngastino apes dayane ngrangket ratu Bel geduel beh amargo di tundong pusaka
jamuskalimasodo

Anda mungkin juga menyukai